Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
130 dari 170
582–583 dari 856
5.818–5.827 dari 8.560
130.032 ikang putra ingandikan enjing | malah lisir dènira winulang | duk samya lugyèng panêpèn | Nitipraja winangun | tuwin Jayalêngkara surti | solahing astha brata | kang kinarya wuruk | ing paniti wantya-wantya | nisthani[1] kang prabu myang madyaning rèki | kaping tri utamanya ||
130.033 sang atmaja winardyèsmu tangis | tan kawêdal sadalêming driya | anêrka yèn sang ramajèng | sampe ing yusyanipun | ikang putra nêmbah dyan mijil | sapraptanirèng [[f. 503v]: saprapta...nirèng] luwar | kadipatèn rawuh | ya ta ing alama-lama | gênti warsa nata grah luntak rah sigih | praptèng antakanira ||
130.034 apan sampun karsaning Yyang Widi | gêrahira tan kêna ngusadan | sapta dina ing sedane | nuju ing dina Saptu | ing Kaliwon Dumadilakir | wayah sirêping raryya | tanggal tiga likur | taun Alip kang lumampah | sêngkalane ardi kalih rasa tugil |[2] otêr wong Kartasura ||
130.035 ing jro pura gumêrah kang tangis | Jêng Pangeran Dipati sawadya | kinêrig sagêgamane | kabèh sanjatanipun | baris anèng ing Srimanganti | pratiwa jro samoa | lumêbèng kadhatun | kang layon wus siniraman | soring nata Ratu Kancana nukêmi | myang Ratu Kulon samya ||
130.036 mugyèng dagan Pangran Adipati | tuwin wayah prasamya nèng dagan | sampun kinapan layone | tangis abata[3] rubuh | abdi dalêm Kaparak sami | capuri ingubêngan | binarisan tugur | ing dalu datan winarna | wusing enjang wau Pangran Adipati | lugyèng pintu kapisan ||
130.037 ikang wadya kadipatèn sami | pêpêk anèng Srimênganti samya | sarta lawan gêgamane | Pangran Dipati wau | paregolan dèn pinaraki | ing jawi kawarnaa | wadya myang gumuruh | sagunging para pratiwa | myang pra Anung-anung anèng [[f. 504r]] Păncaniti | andhèr saos ing karsa ||
130.038 wong pasisir lan măncanêgari | pan sadaya mugèng panangkilan | tuwin pangran katigane | Ki Sumabrata matur | marang Kanjêng Pangran Dipati | igih rama panduka | katiga yun awruh | ing layonipun kang raka | Pangran Pugêr lan Pangran Arya Mêtawis | katri Pangran Panular ||
130.039 ngandika lon Pangran Adipati | sakarsane malêbu ing pura | wong arêp wruh ing sadulure |[4] Dyan Sumabrata mêtu | sampun kerid pangeran katri | Pangran Pugêr ing têngah | ri Arya Matarum | inganthi mugèng ing kanan | ri Pangeran Panular mugèng ing kering | sapraptanirèng pura ||
130.040 wau Kanjêng Pangeran Dipati | apan maksih anèng paregolan | ikang paman katigane | ngaturan kanjêng ratu | ugyanikang layon narpati | sigra nukngêmi pada | pangran kalih wau | Pangran Pugêr duk sêmana | aningali kang raka kadya duk urip | nungkêmi ngaras-aras ||
130.041 kalanangan ikang dèn sukêmi | pan kacatur pangadêging kalam | apan kadya duk gêsange | mangsane arsa pupul | lan pawèstri mugèng jinêm mrik | Pangran Pugêr sêmana | ebat jroning kalbu | paningalira pangeran | pucuk kalam ana cahya anêlahi | gêdhene samarica ||
582–583 dari 856

 


nisthaning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.32.9). (kembali)
Tanggal: Saptu Kaliwon (Sêtu Kliwon) tiga likur (23) Dumadilakir (Jumadilakir) Alip: ardi kalih rasa tugil [tunggil] (AJ 1627). Tanggal Masehi: Minggu 4 November 1703. Perbedaan satu hari (Sêtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.4–9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.34.4–9; gora padha otêr wong (AJ 1627) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.9). (kembali)
ambata (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.178, Pupuh 130.36.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.38.4). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong arêp wruh sadulure (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.39.3); arsa wruh ing sadulure (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.39.3). (kembali)