Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
130 dari 170
582–583 dari 856
5.815–5.824 dari 8.560
130.029 | dèn abêcik gènira akrami | lawan arinira Kapugêran | isun iki [[f. 503r]: i...ki] kaya êmèh | ana karsa Yyang Luhur | pamit isun saukur mami | mring Kang Amaha Mulya | aja kongsi kuwur | ing panjênênganira nata |[1] lêstaria aja na kang bècèng[2] pikir | lan kadang warganira || |
130.030 | poma sutèng ulun ki dipati | pamanira dhimas Kapugêran | lan si adhi ing Sampange | kulanana satuhu | dèn awanti gènira mèt sih | wong roro iku uga | minăngka wêwêngku | jêjête Dipati Sampang | yèn têtampah jêjêt wêngku dèn kalisi | măngsa dadia wadhah || |
130.031 | isun iki liwat saking watir | yèn tigala kaprabon ing sira | durung pracaya jatine | marma sun mandhêg mangu | yèn tan sira ngowah-owahi | saliring solahira | besuk sutèng ulun | rêpit prakaraning praja | akèh liring ratu măngka drêsananing | jalaraning Yyang Sukma || |
130.032 | ikang putra ingandikan enjing | malah lisir dènira winulang | duk samya lugyèng panêpèn | Nitipraja winangun | tuwin Jayalêngkara surti | solahing astha brata | kang kinarya wuruk | ing paniti wantya-wantya | nisthani[3] kang prabu myang madyaning rèki | kaping tri utamanya || |
130.033 | sang atmaja winardyèsmu tangis | tan kawêdal sadalêming driya | anêrka yèn sang ramajèng | sampe ing yusyanipun | ikang putra nêmbah dyan mijil | sapraptanirèng [[f. 503v]: saprapta...nirèng] luwar | kadipatèn rawuh | ya ta ing alama-lama | gênti warsa nata grah luntak rah sigih | praptèng antakanira || |
130.034 | apan sampun karsaning Yyang Widi | gêrahira tan kêna ngusadan | sapta dina ing sedane | nuju ing dina Saptu | ing Kaliwon Dumadilakir | wayah sirêping raryya | tanggal tiga likur | taun Alip kang lumampah | sêngkalane ardi kalih rasa tugil |[4] otêr wong Kartasura || |
130.035 | ing jro pura gumêrah kang tangis | Jêng Pangeran Dipati sawadya | kinêrig sagêgamane | kabèh sanjatanipun | baris anèng ing Srimanganti | pratiwa jro samoa | lumêbèng kadhatun | kang layon wus siniraman | soring nata Ratu Kancana nukêmi | myang Ratu Kulon samya || |
130.036 | mugyèng dagan Pangran Adipati | tuwin wayah prasamya nèng dagan | sampun kinapan layone | tangis abata[5] rubuh | abdi dalêm Kaparak sami | capuri ingubêngan | binarisan tugur | ing dalu datan winarna | wusing enjang wau Pangran Adipati | lugyèng pintu kapisan || |
130.037 | ikang wadya kadipatèn sami | pêpêk anèng Srimênganti samya | sarta lawan gêgamane | Pangran Dipati wau | paregolan dèn pinaraki | ing jawi kawarnaa | wadya myang gumuruh | sagunging para pratiwa | myang pra Anung-anung anèng [[f. 504r]] Păncaniti | andhèr saos ing karsa || |
130.038 | wong pasisir lan măncanêgari | pan sadaya mugèng panangkilan | tuwin pangran katigane | Ki Sumabrata matur | marang Kanjêng Pangran Dipati | igih rama panduka | katiga yun awruh | ing layonipun kang raka | Pangran Pugêr lan Pangran Arya Mêtawis | katri Pangran Panular || |
582–583 dari 856
1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing panjênêngira nata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.29.8); ing jênêngira narendra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.8). (kembali) |
2 | bèncèng (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.29.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.29.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.9). (kembali) |
3 | nisthaning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.32.9). (kembali) |
4 | Tanggal: Saptu Kaliwon (Sêtu Kliwon) tiga likur (23) Dumadilakir (Jumadilakir) Alip: ardi kalih rasa tugil [tunggil] (AJ 1627). Tanggal Masehi: Minggu 4 November 1703. Perbedaan satu hari (Sêtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.4–9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.34.4–9; gora padha otêr wong (AJ 1627) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.9). (kembali) |
5 | ambata (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.178, Pupuh 130.36.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.38.4). (kembali) |