Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
130–131 dari 170
584–585 dari 856
5.839–5.848 dari 8.560
130.053 pan sampun madêg nata pribadi | Pangran Pugêr lakung dènnya merang | tanpa duka ing isthane | sadalêming tyas muwus | atêngawud sajroning galih | ya Alah ngudubilah | paran wus amuwus | rêrêp sadalêming driya | jêng pangeran wus lugyèng nugil kang rayi | Pangran Arya Mataram ||
130.054 kang umiyat samya marmèng galih | Sumabrata dyan masah manêmbah | ing pada sang prabu anom | gantya para tumênggung | pan sadaya samya ngabêkti | tuwi[1] măncanêgara | samya ngaras suku | miwah Adipati Sampang | Surabaya agantya pangeran katri | samya asêsalaman ||
130.055 tan adangu kondur sang nrêpati | ginarêbêg de para biyada | yèn tinon lakung asrine | wus prapta ing kadhatun | sakathahe wong dalêm puri | amêthuk sri narendra | syaranira umung | sang nata lajêng pinarak | Prabayasa ikang ibu dèn aturi [[f. 506r]] | Jêng Ratu Kulon prapta ||
130.056 sang aprabu taruna ngundhangi | marang sagunging wong dalêm pura | yèn ratu agêng ibune | sampun mupakat wau | ing sagunge wong dalêm puri | yèn Ratu Kulon ika | asilih jêjuluk | Ratu Gêdhe namanira | pan kacatur putra nata mung sasiki | garwa lyan tan pêputra ||
130.057 atanapi ikang para sêlir | pan kacatur yèn kala awawrat | jangkêp ing tigang wulane | yèn Ratu Kulon wau | amiyarsa wawrat kang sêlir | anulya pinaranan | sinanjan wismèku | dukmadak[2] wawratan ilang |[3] iya saking Ratu Kulon ajampèni | dursila jroning driya ||
130.058 ya ta ngandika sri narapati | mring parêkan sira dhawuhêna | timbalanisun dèn age | mring Si Sumabratèku | sakathahe para bupati | padha makajangana | yèn wis pitung dalu | sidhêkahe kanjêng rama | iku padha muliha para dipati | ngukurna[4] panangkilan ||
131. Pangkur
[Pangéran Puger dipunbethèki ing alun-alun déning sang nata Kartasura. Kanjeng ratu Mangkurat ngungsi dhateng gunung Kidul. Radèn Suryakusuma malik tingal badhé ngendhih kedhaton.[5]]
131.001 parêkan tur sêmbah mêdal | sapraptane wau ing Păncaniti | dyan dhinawuhakên gupuh | marang Ki Sumabrata | pan sandika Sumabrata aturipun | apan sampun ingundhangan | sakathahe pra dipati ||
131.002 datan winarna sêmana | praptèng dina Soma nata tinangkil | kang wadyabala supênuh | andhèr ing panangkilan | wong Kaparak tan kaliru pêrnahipun | ugyanira sowang-sowang | kadya wiyosan [[f. 506v]: wiyo...san] duk syargi ||
131.003 sang nata mugèng dhêdhampar | angandika marang rêkyana patih | hèh Si Sudama sun jujung | luguhe saking ngandhap | apan isun sêngkakakên ing aluhur | pan isun karya wêdana | wêdanane wong Panumping ||
131.004 lawan sun paringi nama | Si Ariya Mandurarêja nênggih | Sumabrata nêmbah matur | jumurung karsa nata | watên abdinira kadipatèn iku | apan paranakan Cina | têtiyang saking Sêmawis ||
584–585 dari 856

 


tuwin (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.180, Pupuh 130.54.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.59.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.54.6). (kembali)
dumadak (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.57.8). (kembali)
Bandingkan: duk madak wawrat tan ilang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.181, Pupuh 130.57.8). (kembali)
ngungkurna (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.181, Pupuh 130.58.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.58.10). (kembali)
Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.182. (kembali)