Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 42
18–19 dari 206
174–183 dari 2.057
| 3. Asmaradana | |
| 03.001 | kunêng ta Kyai Satomi | Nyai Satompi[1] nèng guwa | amujar nadha[2] dewane | sakalangkung manting raga | mita[3] karaton Jawa | wontêna têtidhihipun[4] | ayya jongjit kang buwana || |
| 03.002 | tinarima dewa luwih | ya ta na syara kapirsa | hèh Satomi dipun age | kentara balia ngilyan | ing kono ana nata | manjinga alas ing Galuh | ing kono na nata wignya || |
| 03.003 | kèringan rat tanah Jawi | tur asakti mahabara | angadêg karsane dhewe | abodhan[5] jlêg tanpa sangkan | ratu abêk sudarma | trus kusuma rêmbês madu | iya Galuh kuthanira || |
| 03.004 | mêngko wus jumênêng aji | nanging durung madêg nata | nganti wadya panjujunge | nanging nora nana wikan | benjang wruh têmu dadya | sapa angarani ratu | yèn nura pamuji wadya || |
| 03.005 | iku patut kabaktini | wruhanira iku benjang | anurunkên para katong | turun ping pat nuli rêka | panjênêngan mangetan | wis lumakua dèn gupuh | taka[6] Galuh asebaa || |
| 03.006 | nadyan têngahing wanadri | yèn wis patang puluh dina | amasthi katon kuthane | besuk sira dadya wraka[7] | sakèh nak putunira | dadya nayaka sadarum | saturun-turuning nata || |
| 03.007 | sira ikang momong bènji[8] | wis poma aja pêpeka | kagyat Ki Satomi age | lan garwa mijil sing guwa [[f. 22r]] | ngulona murang dalan | wus wus prapta alas ing Galuh |[9] têka seba têngah wana || |
| 03.008 | kêta[10] sadhupuh awêdi | lir kadi pepe naledra[11] | alêrêsi[12] satêngahe | waringin kurung gèn lênggah | lan garwa nora obah | yèn dalu akèh karungu | nanging nora piniyarsa || |
| 03.009 | wus kauningan sang aji | jangkêp kawan dasa dina | wus kawadaka kuthahne[13] | nagari Galuh katingal | jêmbar lun-alunira | wringin midêr têpinipun | rata rêsik sinaponan || |
| 03.010 | singasanane angapit | sitigil[14] binata pêthak | asangkêp têtandurane | basal[15] pangrawit wus ana | ngêndhêng kang bagêr[16] bata | wantilan gêdhogan agung | gajah jaran sami pêpak || |
18–19 dari 206
| 1 | Satomi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.1.2). (kembali) |
| 2 | nêdha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.1.3). (kembali) |
| 3 | minta (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.1.5). (kembali) |
| 4 | têtindhihipun (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.1.6). (kembali) |
| 5 | ambondhan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.3.4). (kembali) |
| 6 | têka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.5.7). (kembali) |
| 7 | wrăngka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.6.4). (kembali) |
| 8 | benjing (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.7.1). (kembali) |
| 9 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus prapta alas ing Galuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.7.6). (kembali) |
| 10 | têka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.8.1). (kembali) |
| 11 | nalendra (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.8.2). (kembali) |
| 12 | anglêrêsi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.8.3). (kembali) |
| 13 | kuthane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.9.3). (kembali) |
| 14 | sitinggil (dan di tempat lain). (kembali) |
| 15 | bangsal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.10.4). (kembali) |
| 16 | pagêr (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 3.10.5). (kembali) |