Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 01-12)


Sêrat Lokapala

Anggitanipun Radèn Ngabèi Sindusastra, saking dhawuh dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Purubaya (akiripun lajêng jumênêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. VII. ing nagari Surakarta).

Bêbukanipun sêrat punika anyariyosakên sajarah ing tanah Jawi tuwin Ngarab, wiwit saking Kangjêng Nabi Adam, dumugi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. VII. Sarta badhe kalajêngakên ngantos dumugi cariyosipun Bathara Rama Wijaya, angadoni pêrang dhatêng nagari Ngalêngka, ngantos konduripun dhatêng nagari Ngayogya, sambêt-sumambêt sabên wêdalipun almênak. Nanging mugi sampun dados cuwaning galihipun para maos, dene têlas-têlasanipun Sêrat Lokapala punika adhapur jugag, ugi makatên benjing wiwitan sarta pungkasanipun sambête almênak taun ngajêng sapiturutipun, inggih sami adhapur jugag, awit ing pangangkah manawi kathah ingkang rêmên sêrat punika wau, satamating cariyosipun lajêng kenging kadamêl sêrat agêng, mila sambête pel-pelan jilidanipun angkaning kaca kula urutakên kemawon, ingkang supados sabên sawêdalan kenging kapêthil lajêng kadadosakên satunggal kalihan ingkang sampun.

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

1. Dhandhanggula

1. Rêbo Êpon panitraning manis | Jumadilawal Jimawal warsa | enjang ping wolu likure | kanêm ing Julungpujut | sri tumurun anuju dadi | paningron Sang Hyang Yama | ijrah nabi sèwu | rongatus wandasa gangsal | sinêngkalan wiku misik swara tunggilSengkalan: wiku misik swara tunggil (Rêbo Êpon, 28 Jumadilawal 1757 A.J., Rabu, 25 November 1829 A.D.). | nèng barisan pijenan. ||

2. Kangjêng Gusti Pangran Adipati | Purubaya nagri Surakarta | mangun wasita karsane | aluraning lêluhur | kang linalar linuri-luri | kinurmat pinusaka | sinawung ing kidung | sajarahing tanah Jawa | lan sajarah Ngarab sagung para nabi | winangun ing sarkara ||

3. kang amarna sajarah ing Jawi | lan amarna sajarah ing Ngarab | datan pae sufangate | samya ngluri lêluhur | ingkang sinung kamulyan sami | abdinya mantrimukya | kang kinèn mangapus | Angabèi Sindusastra | pangriptane pinurwa duk Kangjêng Nabi | Adam Pitratulullah ||

--- 4 ---

4. Nabi Adam pêputra Nabi Sis | Jêng Nabi Sis putra Sayid Anwas | Sang Sayid Anwas putrane | Sultan Kinan ranipun | Sultan Kinan putra Mahlail | Mahlail putra Sultan | Barat asêsunu | Jêng Nabi Idris pêputra | nama Sultan Mutawasal kang sêsiwi | anama Sultan Lamah ||

5. Sultan Lamah putra Nabi Shakhib | Nabi Shakhib Nuh jêjulukira | nulya Sayid Sam putrane | Sayid Sam putra prabu | Sang Irfaksad putra Sang Salih | pêputra Sayid Ngabar | putra Sultan Rangu | Rangu putra Saruh Raja | putra Sayid Nakur putra Patih Tarih | jêjuluk Patih Najar ||

6. apêputra Jêng Nabi Ibrahim | nulya Nabi Ismangil putranya | Nabi Ismangil putrane | Sayid Kedar ranipun | apêputra Sayid Lès nênggih | Sayid Lès apêputra | Jamil namanipun | apêputra Sayid Imyak | Imyak putra Sayid Udaya sêsiwi | anama Sayid Ngudnan ||

7. Ngudnan putra Sayid Mangad nênggih | putra Sayid Nujar putra Malar [Ma...]

--- 5 ---

[...lar] | Sang Sayid Malar putrane | Sayid Ilyas ranipun | Ilyas putra Madrikah nênggih | putra Sayid Katijah | Kajimah sêsunu | anama Sayid Kinanah | nulya putra Sayiddinalar namèki | Kurès jêjulukira ||

8. Sayid Kurès putra Sayid Malik | Sayid Malik putra Sayid Fahar | Sang Sayid Fahar putrane | Sayid Galib ranipun | putra Sayid Lawe namèki | pêputra Sultan Khangab | Khangab asêsunu | Sayid Marah apêputra | Prabu Khalab putra Sayid Kasa nuli | pêputra Ngabdul Manab ||

9. Ngabdul Manab putra Bagendha Sis | Sayid Ngabdul Muntalib putranya | nulya Ngabdulah putrane | Ngabdulah putranipun | Sayidina Mulana Khati | Munabiyi Mukhamad | ya Rasulullahu | Mustafa nayakaning rat | Salallahu Ngalei Wasalam nênggih | putra Siti Fatimah ||

10. krama paman Sayidina Ngali | Sayid Siti Fatimah pêputra | Kusèni Sayid namane | Sayid Kusèn sêsunu | Maolana

--- 6 ---

Jenal Ngabidin | putra Molana Jenal | Ngalim namanipun | pêputra Molana Jenal | Kabir nulya putra Sèh Najêmudinil | Kabir nulya pêputra ||

11. Sèh Najêmudinil Kobra nênggih | putra Sèh Samangun apêputra | Sèh Khasan nulya putrane | NgaldullahNgabdullah asêsunu | namanira nênggih Sayidin | Ngabdurahman pêputra | Maolana Mahmut | Dinil Khabir apêputra | Maolana Mahmudinil Kobra nênggih | putra Molana Iskhak ||

12. pêputra Sèh Wali Lanang nênggih | apêputra Sang Prabu Sètmata | Sunan Giri Kadhatone | pêputra Sunan Kidul | yèku Giri kang kaping kalih | putra Pangeran Saba | puniku kramantuk | nênggih Nyai Agêng Saba | putranira kang èstri kagarwa dening | Ki Agêng Pamanahan ||

13. putra Panêmbahan Senapati | putra Sunan kang Seda ing Krapyak | Jêng Sultan Agung putrane | sumare Têgalarum | putra Pangran Pugêr Dipati | jumênêng [jumê...]

--- 7 ---

[...nêng] Kartasura | anama Sinuhun | Pakubuwana kapisan | putra Sunan Prabu Amangkurat nênggih | pêputra Jêng Suhunan ||

14. Pakubuwana kang kaping kalih | nulya Jêng Sunan Pakubuwana | Kangjêng Suhunan putrane | Kangjêng Suhunan Bagus | Waliyollah Yasèng Cêmani | Sunan Pakubuwana | ingkang kaping catur | krama putri Pamêkasan | kangjêng ratu kadipatèn apan naming | putra kakung satunggal ||

15. Sunan Pakubuwana kang kaping | gangsal ingkang ibu sasedanya | kinarangulu arine | jêng ratu agêng namung | putra ingkang sugêng kêkalih | ingkang sêpuh wanodya | Jêng Ratu Pambayun | nulya Jêng Pangran Dipatya | Purubaya turun sanga likur saking | Kangjêng Nabi Mukhamad ||

16. pangiwane nênggih kang winarni | sajarahe ratu tanah Jawa | Jêng Nabi Êsis putrane | mung kalih kang kalêbu | ing bab dening panêngênnèki | pan iya Sayid Anwas | kang wus kocap wau | pangiwane Sayid Anwar | kang nurunkên ing sagung para narpati | Bênggala [Bêng...]

--- 8 ---

[...gala] lan ing Jawa ||

17. Sayid Anwar duk anèng dewani | ngalih jêjuluk Sang Hyang Nurcahya | Sang Hyang Nurasa putrane | Sang Hyang Wênang Sêsunu | Sang Hyang Tunggal namanirèki | Sang Hyang Tunggal pêputra | Hyang Bathara Guru | pêputra Bathara Brama | apêputra Brama Saddhara namèki | putra Brama Sadtapa ||

18. Sang Tri Trustha pêparabirèki | nulya pêputra Sang Parikênan | Manumanasa putrane | Sakutrêm namanipun | apêputra Bagawan Sakri | Sakri nulya pêputra | Palasara Prabu | apêputra Abiyasa | putra Prabu Pandhu Dewanata nênggih | pêputra Dananjaya ||

19. apêputra Bimanyu anuli | Prabu Parikêsid ing Ngastina | Sri Yudayana putrane | Yudayana sêsunu | Prabu Yudayaka sêsiwi | Sang Prabu Gêndrayana | nulya putranipun | Sang Aprabu Jayabaya | pan angalih kadhaton anèng Kadhiri | putra Jayamijaya ||

20. nulya Jayamisena mungkasi | ing Kadhiri

--- 9 ---

putra Sri Kusuma- | wicitra Pêngging kithane | nulya pêputra Prabu | Citrasoma namanirèki | pêputra Pôncadriya | nulya Nglingdriyèku | mêkasi Pêngging anulya | putra Prabu Suwelacala Narpati | kutha Mêndhangkamulan ||

21. putra Sri Mapunggung asêsiwi | Kandhiawan mungkasi ing Mêndhang- | kamulan nulya putrane | nama Rêsi Gathayu | iya Lêmbu Subrata nuli | Subrata apêputra | Lêmbu Amiluhur | ya Prabu Dewakusuma | putra Panji Marabangun amungkasi | nagari ing Jênggala ||

22. nulya Kuda Laleyan angalih | kuthanira anèng Pajajaran | Banjaransari putrane | ran Mundhingsari Prabu | apêputra Sri Mundhingwangi | nulya Prabu Pamêkas | mungkasi puniku | Pajajaran apêputra | nênggih Jaka Sêsuruh ing Majapait | putra Prabu Taruna ||

23. nulya Prabu Adaningkung nênggih | yèku Brawijaya kang kapisan | nulya namane putrane | Sang Prabu Hayamwuruk | Brawijaya kang kaping

--- 10 ---

kalih | pêputra Brawijaya | ingkang kaping têlu | Lêmbu Amisani nama | nulya Prabu Bratanjung putranirèki | sri nata kang kaping pat ||

2. Sinom

1. Brawijaya kang kaping pat | Prabu Bratanjung sêsiwi | nama Prabu Brawijaya | kang kaping gangsal mungkasi | nagari Majapait | Brawijaya asêsunu | Radèn BodhankêjawanBondhankêjawan | Lêmbu Pêtêng Tarub nênggih | apêputra Ki Agêng Gêtaspandhawa ||

2. pêputra Ki Agêng Sela | anulya Ki Agêng Ênis | apêputra Pamanahan | iya Ki Agêng Matawis | pêputra Senapati | Ngalaga nulya Sinuhun | kang Seda ing Karapyak | anulya putranirèki | Sultan Agung pêputra Sunan Mangkurat ||

3. ingkang sumare ing Têgal | pêputra Sri Narapati | Pakubuwana kapisan | anulya putranirèki | Prabu Mangkurat nênggih | apêputra Jêng Sinuhun | kang sumare Nglawiyan | Pakubuwana ping kalih | nulya putra Sinuhun Kangjêng Susunan [Su...]

--- 11 ---

[...sunan] ||

4. Pakubuwana ping tiga | anulya putranerèki | Sinuhun Kangjêng Susunan | ingkang ayasa Cêmani | sumare ing Magiri | iya Jêng Suhunan Bagus | Pakubuwana ping pat | ratu ambêg wali mukmin | apêputra Pangran Dipati Purbaya ||

5. jumênêng kolonèl usar | kang sinatriya gêng nagri | Surakarta Adiningrat | apan sampun turun kaping | sawidak saking Sayid | Anwar ing pangiwanipun | dene panêngênira | saking Sayid Anwas nênggih | sampun turun kaping pitung dasa tiga ||

6. mila kathah kaotira | lawan pangiwanirèki | ingkang mawi Sayid Anwar | kongsi praptèng jaman Nabi | Ibrahim dèrèng rabi | maksih bantêr tapanipun | prapta ing jaman kitrah | kramantuk putrining êjin | mèh praptaning jamanira Nabi Musa ||

7. kunêng malih kang winarna | sajarah Wiratha nagri | kumpule lawan Ngastina | putranira Hyang Pramèsthi | Bathara Wisnumurti | apêputra [apêpu...]

--- 12 ---

[...tra] nama Prabu | Basurata Wiratha | nulya Prabu Basupati | nulya Prabu Basukèsthi apêputra ||

8. nama Sri Basukiswara | nulya Prabu Maswapati | pêparab Sri Durgadana | putrane wuragil èstri | nama Dèwi Otari | kagarwa Radèn Bimanyu | patutan Sri Ngastina | Maha Prabu Parikêsit | wontên malih kadange Sri Durgadana ||

9. kagarwèng Sri Palasara | nama Dèwi Durgadini | apêputra Abiyasa | dadya kumpul kaping kalih | kunêng sajarah nagri | Mandraka ingkang winuwus | saking Manumanasa | putrane jalu kêkalih | ingkang sêpuh Sakutrêm nulya rinira ||

10. Radèn Sri Ata namanya | pêputra Prabu Artati | jêjuluk Môndrakusuma | Môndrakusuma sêsiwi | Artadriya Narpati | nama Môndradipa Prabu | putra Narpati Salya | arine ran Dèwi Madrim | pan kagarwa dening Pandhu Dewanata ||

11. kunêng malih kang winarna | nagari ing Ngatasangin |

--- 13 ---

tanah nagari Bênggala | mila pinurwa ing kawi | dene têdhakirèki | lan trah Brama dadya campur | putra Hyang Girinata | Bathara Bayu sêsiwi | pan anama nênggih Bathara Sumarma ||

12. pêputra Bathara Tôntra | nulya Hyang Gurêtna nênggih | pêputra Rêtna Sêmbawa | anulya putra Sang Rêsi | Mintabasa sêsiwi | Kuntadruwasa ranipun | Rêsi Kuntadruwasa | putra Bathara Basuki | putranira nama Sang Prabu Maruta ||

13. putra Prabu Baratmêja | nagarine Ngatasangin | putra Bambang Kumbayana | Pandhita Druna namèki | kunêng malih winarni | sajarah Cêmpala Prabu | saking Ngatasmaruta | putra Bathara Basuki | ingkang anèm anama Prabu Sêngara ||

14. pêputra Prabu Dupara | Prabu Dupara sêsiwi | nênggih Sang Prabu Drupada | kunêng kang winarna malih | trah Sayid Anwas nênggih | campure lan têdhakipun | kang rayi Sayid Anwar | Prabu Samud kinarya wit | têdhakira kang marang nagri Bênggala ||

--- 14 ---

15. Prabu Samud apêputra | Prabu Kadir putra Ngabid | pêputra Sang Prabu Asab | pêputra Prabu Ngabidin | nulya pêputra Nabi | Salèh nulya putranipun | nama Sapyani Raja | Sapyani pêputra nabi | nênggih Nabi Kantalah nulya pêputra ||

16. anama Prabu Nirkana | Kantalimut putranèki | nulya Prabu Ramud putra | Ramlamat nulya sêsiwi | nama Prabu Jamtanis | apêputra Prabu Salup | pêputra Saduk Raja | Saduk apêputra Sadik | apêputra Prabu Japrani namanya ||

17. pêputra Targani Raja | madêg Bênggala Narpati | putra Sri Sang Ngadik nama | nulya putra Sang Maharsi | Wimasucôndra nênggih | krama Dèwi Tunjungbiru | apatutan sakawan | Rêsi Kalasuma Rêsi | Sumaraja warujune Dasarata ||

18. pêputra Bathara Rama | Ramabadra asêsiwi | Sang Prabu Ramabadlawa | apêputra Prabu Kunthi- | boja Mandura nênggih | apêputra Prabu Basu- | kunthi nulya akrama | antuk Dèwi Bandondari [Bando...]

--- 15 ---

[...ndari] | Rajaputri Wiratha nulya pêputra ||

19. nama Prabu Basudewa | Basudewa asêsiwi | Sang Aprabu Baladewa | lawan Prabu Dwarawati | putranira wuragil | wanodya ayu pinunjul | nama Wara Sumbadra | krama nak-sanak sang putri | pan kagarwa ing satriya Dananjaya ||

20. kunêng malih kang winarna | sajarah ing Maèspati | Bathara Maya pêputra | Bathara Surya sêsiwi | Hyang Rawi atmajèki | Hyang Karaba putranipun | Dewangkara pêputra | Dewanggana asêsiwi | Dewasana ingkang anèm Dewatama ||

21. Dewatama apêputra | Rêsi Gotama sêsiwi | Subali lawan Sugriwa | têtiga Rêtna Anjani | Dewasana kêkalih | putranira ingkang sêpuh | nama Prabu Hèriya | kang taruna Wisanggêni | Rêsi Wisanggêni kalih putranira ||

22. Suwôndagni ingkang tuwa | kang taruna Jamadagni | samya pandhita utama | Suwôndagni asêsiwi | nama Radèn Sêmantri |

--- 16 ---

dene Sang Hèriya Prabu | pêputra Kartawirya | Prabu Kartawirya nênggih | apêputra Prabu Arjunawijaya ||

23. pêparab Arjunasasra | Ratu Agung Maèspati | siniwi ing garwa dhomas | sadaya putri linuwih | Sang Prabu Maèspati | sinêmbah ing ratu sèwu | kunêng malih winarna | sajarah Manggada nagri | kinawitan Prabu Targani Bênggala ||

24. pan kêkalih putranira | kang sêpuh Prabu Sangadik | gumanti Ratu Bênggala | kang anèm Sang Prabu Jisis | madêg Manggada nagri | putra Citradarma Prabu | putra sêpuh wanodya | nama Dèwi Citrawati | pan kagarwa ing Prabu Arjunasasra ||

25. putra kang waruju nama | Dyan Citragada gumanti | karaton nagri Manggada | kunêng kang winarna malih | sajarahira nagri | Lokapala kawitipun | putra Hyang Girinata | Bathara Sambo sêsiwi | Sang Hyang Sambo pêputra Sri Sambodhana ||

26. Sambodhana apêputra | anama Èsthi Jumili | apêputra Rêsi Mula- [Mu...]

--- 17 ---

[...la-] | sidhi nulya asêsiwi | Dherodhana Narpati | pan kêkalih putranipun | ingkang sêpuh Wasistha | karêm dadya pandhita di | ingkang anèm nama Prabu Dhanurdhana ||

27. gumantya ing Lokapala | pêputra Andanapati | apêputra Lokawana | putrane sajuga èstri | nama Dèwi Lokati | Rêsi Wasistha rumuhun | apêputra Pulastha | Pulastha nulya sêsiwi | Rêsi Padma pêputra Rêsi Wisrawa ||

28. pandhitambêg sinatriya | dhasar warnanira pêkik | krama putri Lokapala | Kusuma Dèwi Lokati | panggih darah pribadi | mung siji patutanipun | gumantyèng Lokapala | nama Prabu Dhanapati | kang mungkasi sarkaraning Lokapala ||

3. Dhandhanggula

1. kunêng ingkang winursita malih | sajarahirèng nagri Ngalêngka | pinêndhêt jêjêre bae | Hyang Brama putranipun | kang wanodya nama Brêmani | krama Bramana Raja | nulya putranipun | Brêmaniwati namanya | pan akrama Sang Prabu Banjaranjali |

--- 18 ---

yaksendra ing Ngalêngka ||

2. apêputra Prabu Jatimurti | apêputra Sri Brahmanakôndha | Gêtah Banjaran putrane | Gêtah Banjaran Prabu | pêputra Brahmana Tamèki | putra Prabu Puksara | nulya asêsunu | Yaksendra Sumali Raja | putra sêpuh wanodya Dèwi Sukèsi | pêputra Dasamuka ||

3. kunêng sajarahing tanah Jawi | miwah sajarahirèng Bênggala | winangsulan caritane | Sayid Anwar rumuhun | sami-sami putrèng Nabi Sis | langkung gêng budinira | murtat tan nêdya nut | ing kadang miwah sudarma | pangancabe ngungkulana wong sabumi | sabarang kang sinêdya ||

4. ayya luput tinêkana sami | dening Suksma lawan ayya pêjah | kadya kang wus eyangane | nêkani budinipun | dènira mrih amurwèng bumi | wus kesah saking praja | nêdyandon anglangut | panuntuning dajil lanat | Sayid Anwar linantur sasarirèki | pan wus karsaning Suksma ||

5. pundi tanah ingkang angkêr wêrit | wus jinajah myang saliring [salir...]

--- 19 ---

[...ing] tapa | pan wus linampahan kabèh | tapa jro samodra gung | miwah tapa sajroning bumi | tapa sadhuwur mega | tapa gêni murup | wus linampahan sadaya | nuksmèng agal nuksmèng alêmbut wus bangkit | saking matênging tapa ||

6. lawan linantur dening Idajil | pan jinurung ing sasêdyanira | dadi barang saciptane | wus pirang-pirang taun | dènirandon tapèng wanadri | mangetan tanpa sêdya | nut paraning suku | duk samana lampahira | Sayid Anwar kèndêl nèng pulo Dewani | matapamartapa jroning guwa ||

7. pulo Dewani kayanganing jin | kang jumênêng ratu trahing Êjan | cinatur jin sajarahe | Marijan purwanipun | pêputra Jan anulya Êjin | Êjin nulya pêputra | Andajali Prabu | ajêjuluk Sri Dewata | arine Andajali nama Idajil | iya sang dajil laknat ||

8. anurunkên setan lawan bêlis | panêluhan dhêmit brêkasakan | saking Idajil kawite | Sang Andajali wau | putra [pu...]

--- 20 ---

[...tra] Prabu Wênus namèki | jêjuluk Ôndakara | nulya asêsunu | anama Prabu Palija | kadang wolu likur nanging kang winarni | namung pitu kewala ||

9. Prabu Palija sêpuh pribadi | panênggake ran Patih Parwata | amatihi mring arine | Dewata Sang Aprabu | apêparab Raja Rawangin | rinya Nuradi nama | ing Dewani Prabu | Prabu Nuradi arinya | Patih Amir amatihi ing Dewani | nulya Maranis rinya ||

10. warni yuyu anama Sadari | akayangan sajroning samodra | datan winarna kang akèh | mangkana kang winuwus | ing Dewani Prabu Nuradi | darbe putri satunggal | ing sapraja punjul | piningit kaliwat-liwat | mring kang rama panêngran Dèwi Nurini | cahya nuksmèng sasôngka ||

11. anglangkungi samining putri jin | cinarita ing dalu sang rêtna | duk lagya sakeca sare | supêna sang dyah ayu | ana kaki-kaki prapta ngling | hèh nini jatukrama- | nira pan wus rawuh | martapa sajroning guwa | apan tusing atapa putrèng Nabi [Na...]

--- 21 ---

[...bi] Sis | anama Sayid Anwar ||

12. besuk sira sinung putra nini | lanang siji pêkik warnanira | ing têmbe anurunake | sagunging para ratu | ing Bênggala lan tanah Jawi | tan liyan saking sira | ingkang darbe turun | ngungun ing sawungunira | sang dyah matur ing rama Prabu Nuradi | saliring supênanya ||

13. garjitèng tyas Sang Prabu Nuradi | cipta tuhu supênaning putra | animbali mring patihe | Patih Amir ranipun | arining Sang Prabu Nuradi | praptèng ngarsa tur sêmbah | dhinawuhan sampun | ngruruh supênaning putra | kyana patih sandika tur sêmbah mijil | sapraptanirèng jaba ||

14. lajêng mêsat marang awiyati | keblat sakawan kang tiningalan | suwung tan ana tandhane | amung sukuning gunung | wontên tejanira awêning | niyup ki patih prapta | sêsukuning gunung | ilanging teja katingal | lawang guwa ki patih lumêbêt aglis | katingal kang atapa ||

15. munggèng sela gêgilang alinggih | maksih sidhakêp asuku tunggal [tung...]

--- 22 ---

[...gal] | ki patih eram tingale | kang tapa cahyanipun | lir basônta sêdhêng dhadhari | tinon tuhu manusa | ki patih tumundhuk | kang tapa amudhar asta | amanggihi têtamu wus tata linggih | ki patih alon turnya ||

16. pun paman anggèr anilakrami | tapèng guwa anyar katingalan | saking pundi pinangkane | sintên kêkasihipun | Sayid Anwar alon nauri | nutur pinangkanira | miwah namanipun | ki patih suka miyarsa | dene èstu ingkang kasupênèng putri | alon ing aturira ||

17. kula punika anggèr tinuding | dening rama panduka sang nata | Prabu Nuradi kang angrèh | wadya jin kang amêngku | inggih nagri Dewani ngriki | nimbali mring paduka | kula patihipun | dening ramanta sang nata | mila anggèr sampun sumêlang ing galih | kados rama paduka ||

18. badhe damêl arja mring sang pêkik | Sayid Anwar alon aturira | inggih paman kula dhèrèk |

--- 23 ---

tinimbalan ing ratu | ingkang darbe nagari ngriki | samôngsa lêngganaa | yêkti duraka gung | nadyan kinarsakna pêjah | marang ratu paran ta gène sumingkir | ki patih sukèng driya ||

19. sampun mêdal saking guwa kalih | kyana patih lawan Sayid Anwar | kunêng ing marga lampahe | wus prapta jro kadhatun | kagyat mulat Prabu Nuradi | ing cahyane kang prapta | tumeja ngênguwung | sasat wimbaning basônta | tinakonan pasaja aturirèki | lamun Nabi Sis putra ||

20. langkung suka sang aprabu dening | èstu ingkang kasupênèng putra | datan winarna solahe | pinanggihakên sampun | Sayid Anwar lawan sang putri | prasamya sih-sinihan | anèng jro kadhatun | tan pêgat karon asmara | duk samana Sayid Anwar kramanèki | anuju jaman kitrah ||

21. mèh praptaning jaman Kangjêng Nabi | Kalamollah iya Nabi Mungsa | Sayid Anwar ing sawuse | krama ngalih jêjuluk | Hyang Nurcahya namanirèki [na...]

--- 24 ---

[...manirèki] | kang garwa sampun wawrat | praptèng mangsanipun | babar jalu putranira | langkung pêkik ing rama sinung kêkasih | nênggih Sang Hyang Nurasa ||

22. diwasane tapa anglangkungi | datan pae lawan ingkang rama | miwah guna kasêktène | jisim rokhani sampun | Sang Nurasa ibu putri jin | sanadyan ingkang rama | pan wus badan alus | tinêdha saking ing tapa | luput pati kasêmbuh krama putri jin | dadya lus wadhagira ||

23. wus mangkana Sang Prabu Nuradi | pan sumèlèh ing karatonira | marang ing putra mantune | wadya jin sih sumuyut | marang Sang Hyang Nurcahya dening | Sri Nuradi Bagawan | ngadhaton nèng gunung | arine kinèn amonga | mring kang putra sira Kyana Patih Amir | kinanthi ngrèh ing praja ||

4. Kinanthi

1. nahan kang wus madêg ratu | Hyang Nurasa kang winarni | ing dalu kesah sing pura | tan matur ing yayah bibi | lêlana jajah wanarga | wus lami lampahirèki [lampahi...]

--- 25 ---

[...rèki] ||

2. anut saparaning suku | tan ana sinêdyèng galih | murang marga grêng sinêrang | ngambah jurang ngiring-iring | prapta ing pulo Dewata | kèndêl amartapèng wukir ||

3. ya ta wontên kang winuwus | ratu jin Prabu Rawangin | ngratoni pulo Dewata | angrèh sagunging wadya jin | darbe putri yu sajuga | anama Dèwi Rawati ||

4. kasub ing sapraja punjul | diwasa dèrèng akrami | mangkana sang lir kusuma | ing dalu dèrèng aguling | anèng pasareyanira | ana kaki-kaki prapti ||

5. saking ngawiyat lon muwus | hèh nini wruhanirèki | jatukramanira prapta | atapa pucaking wukir | anama Sang Hyang Nurasa | kusuma jin trah Nabi Sis ||

6. besuk nini sira sinung | nugraha putra kêkalih | pêkik-pêkik warnanira | karo nurunakên benjing | sagunging kang para raja | Bênggala lan tanah Jawi ||

7. kaki tuwa wusnya tutur | muksa marang awiyati | langkung ngunguning wardaya | Kusuma

--- 26 ---

Dèwi Rawati | wangsitira kaki tuwa | tansah ginagas ing galih ||

8. enjang sang rêtna umatur | ing rama Prabu Rawangin | sawangsite kaki tuwa | ingaturkên sadayèki | kang rama ngungun miyarsa | sigra nimbali mring patih ||

9. apan ta kadange sêpuh | ingkang kinarya pêpatih | anama Patih Parwata | sasat narpati kêkalih | patih kadang sinung wênang | masesa pangrèhing nagri ||

10. praptèng pura sinungan wruh | aturing putra sang putri | sawangsite kaki tuwa | winartakkên mring apatih | umatur yèn makatêna | kawula kesah ngulati ||

11. ingkang nêdhaki puniku | mênawi Hyang Ujyalati | sung nugraha jatukrama | ing putra sang rajaputri | Prabu Rawangin ngandika | ya kakang mangkata aglis ||

12. kyana patih sigra mundur | mêsat marang awiyati | dhasare patih prawira | wasis waskitha ing wèsthi | titih putus ing wêweka | wignya ulahing arêmpit ||

13. pucaking kang gunung-gunung | kang winawas mring apatih [apa...]

--- 27 ---

[...tih] | sawêngkon nagri Dewata | sêpi mung saloring puri | pucaking wukir Dewata | wontên tejane awêning ||

14. ki patih mrêpêki gupuh | ilanging teja kaèksi | nênggih ingkang tapa nendra | anèng sapucaking wukir | munggèng sela sumayana | warnanira langkung pêkik ||

15. lan mawa cahya ngênguwung | ki patih eram ing galih | wau ingkang tapa nendra | wungu pungun-pungun aris | wruh lamun wontên dhatêngan | alon dènnya ngacarani ||

16. ki patih sigra tumundhuk | sawusnya tata alinggih | ki patih dêkung têmbungnya | anggèr kula nilakrami | ing wingking pundi pinôngka | lan sintên sinambat ing sih ||

17. lan punapa jinisipun | manungsa utawi êjin | punapanggèr kang sinêdya | atapa pucaking wukir | dene langkung dèrèng môngsa | subrata amati ragi ||

18. malah luwih saking wiku | yoga bratane sang pêkik | Hyang Nurasa duk miyarsa | pasaja saurirèki | lamun [lamu...]

--- 28 ---

[...n] putra Sang Nurcahya | kawayah dening Nabi Sis ||

19. jinising jin saking ibu | rajaputri ing Dewani | alêlana tanpa sêdya | mung anut sêdyaning ati | ki patih angrangkul sigra | dhuh wayah ingsun sang pêkik ||

20. kawula kadange sêpuh | dening eyangta Dewani | eyang paduka Dewata | sundhulanipun tumuli | prasamya pêpatih kadang | pamatahirèng sudarmi ||

21. kadya Dewani ri prabu | pêpatih pun yayi Amir | anggèr ing lampah kawula | kapanggih lawan sang pêkik | sayêkti lamun dinuta | ing eyangta sri bupati ||

22. ing Dewata kang amêngku | wadya jin Prabu Rawangin | amondhongi mring paduka | tuduhing Hyang Ujwalati | yèn paduka jatukrama | lan putrining eyangta ji ||

23. putrine eyangta prabu | sajuga ayu linuwih | jinodho lawan paduka | pakèning Hyang Udyalati | tinuturakên sadaya | nalikanira sung wangsit ||

--- 29 ---

24. mila pun kaki ingutus | amondhongi ing sang pêkik | Hyang Nurasa dhêku lingnya | inggih kawula umiring | sampun kang kinarya arja | yèn karsane sri bupati ||

25. nadyan kinarsakna lampus | ing ratu kang darbe nagri | paran ta gène lênggana | ki patih suka miyarsi | sampun kiring lampahira | kalih mudhun saking wukir ||

26. prapta sajroning kadhatun | ing ngarsa Prabu Rawangin | duk lênggah nèng palataran | kagyat dènira ningali | praptane rêkyana patya | ing wuri ana umiring ||

27. maksih taruna abagus | cahyanira anêlahi | sasat wimbaning basônta | garjitèng tyas sri bupati | têdhak saking ing dhêdhampar | tumundhuk rêkyana patih ||

28. umatur lamun saèstu | kang asung wangsit ing latri | anggèr punika kang wayah | dènira Kangjêng Nabi Sis | kapanggih duk tapa nendra | wontên sapucaking wukir ||

29. jinising jin saking ibu | putrane Dèwi Nurini | putrine

--- 30 ---

rayi paduka | Dewani Prabu Nuradi | kagarwa mring Sang Nurcahya | putranipun Jêng Nabi Sis ||

30. mung satunggal patutipun | inggih putranta puniki | panêngêran Sang Nurasa | tilar praja mangun tèki | Sri Rawangin duk miyarsa | kang wayah rinangkul aglis ||

31. adhuh babo wayah ingsun | tunggak rone angalingi | kalingane kulup sira | wayahe Prabu Nuradi | kulup dèn têtêp tyas sira | kene prajanta pribadi ||

32. mangkana pan sampun tamtu | tyas sira Prabu Rawangin | nut wangsite kaki tuwa | ing bawahan tan winarni | pinanggihakên saksana | Sang Nurasa lan sang putri ||

33. agung dènnya karon lulut | kalihe anèng jro puri | wusira antara lama | sira Sang Prabu Rawangin | linggar mawiku mring arga | karaton Dewata nagri ||

34. sinrahkên mring putra mantu | Sang Nurasa madêg aji | mêngku nagari Dewata | kang rama ngadhaton wukir | Rêkyana Patih Parwata | tinilar [tini...]

--- 31 ---

[...lar] mêksih matihi ||

35. wadya jin samya sih lulut | marang ratune kang mangkin | dènnya pêkik tanpa sama | ambêg santa sih ing dasih | cahya nuksmèng ôndakara | trahing nabi andanani ||

5. Asmaradana

1. mangkana Dèwi Rawati | cinarita sampun wawrat | dupi prapta ing mangsane | babar jalu putranira | pêkik kadya kang rama | cahyane wênês sumunu | nama Sang Hyang Darmajaka ||

2. diwasanira nglangkungi | subrata amati raga | datan winarna lamine | ingkang ibu malih wawrat | praptèng mangsane babar | mijil priya putranipun | pêkik cahyane gumawang ||

3. ramèbu suka tan sipi | sinung nama Sang Hyang Wênang | Sang Hyang Wênang pêparabe | dene wêninging kang cahya | luwih saking kang raka | diwasa sru tapanipun | pan wus pirang-pirang warsa ||

4. atapa sajroning bumi | tapa sajroning dahana | tapa jroning samodra rob | myang tapa sumangsang wrêksa | tapa [ta...]

--- 32 ---

[...pa] luhuring mega | tapèng guwa wana gunung | têlas saliring atapa ||

5. mila tapane pinati | kang sinêdya ngungkulana | saisining jagad kabèh | ayya na ingkang mêmadha | ing guna sêktènira | lan sakarsa-karsanipun | jinurunga tinêkana ||

6. dhasare kusumaning jin | trah nabi kapati brata | mantêp ngantêpi tapane | Hyang Suksma asipat rahman | saciptane tinêkan | kasêktènira tinutug | malah asêsilih nama ||

7. jêjuluk Hyang Udipati | iya Hyang Suksma Kawêkas | Sang Hyang Wênang pangancabe | mindha ingkang murbèng jagad | sinêbuta ing titah | sasar nasare linantur | duk samana Sang Hyang Wênang ||

8. kesah lêlana nglangkungi | ing wana gunung sadaya | nèng wukir Kêling kèndêle | anggêlar kasêktènira | amrih pinangerana | marang wong sadayanipun | tuwin kang darbe nagara ||

9. anyipta kaswargan dadi | munggèng saluhuring mega | gumantung datanpa canthèl [ca...]

--- 33 ---

[...nthèl] | wisma mas parabot rêtna | saking doh katingalan | murub prabane ngênguwung | ya ta wontên kang winarna ||

10. kang ngratoni nagri Kêling | apan ta jin kamanungsan | samya saking jan kawite | Prabu Ari namanira | sutaning jin Sarômba | dening Sang Sarômba iku | kadang jin Prabu Palija ||

11. kang madêg ratu ing Kêling | nguni manungsa kajinan | Prabu Sangadik namane | Prabu Wisadi namanya | kesah saking Bênggala | nèng Kêling umadêg ratu | kasor ngabên kasêntikan ||

12. kalawan Sang Prabu Ari | Raja Wisadi srah praja | lan ngaturakên putrane | Dèwi Wisawati nama | apan lajêng kagarwa | marang ing Sang Ari Prabu | patutan èstri satunggal ||

13. warnanira yu linuwih | diwasa dèrèng akrama | Dèwi Saoti namane | mangkana Sang Ari Raja | apan sampun miyarsa | yèn pucaking wukiripun | wontên anyar anênêka ||

14. anyipta kaswargan dadi | wisma mas luhuring [lu...]

--- 34 ---

[...huring] arga | Hyang Udipati namane | mindha Hyang Lata wal Ujya | wong ing Kêling sadaya | kang cêlak wukir samya nut | ngastuti mring kang nênêka ||

15. langkung duka Prabu Ari | sumêdya angayonana | mring kang nênêka sêktine | ing dalu mêsat mring arga | ngungkuli luhurira | kaping tiga tiba kantu | sor barang kasêktènira ||

16. dadya anut Prabu Ari | ngastuti mring Sang Hyang Wênang | sarta ngaturkên putrane | Dèwi Saoti kagarwa | wadya Kêling sadaya | manut marang ratunipun | ngalih sêbute sadaya ||

17. nêbut Sang Hyang Udipati | cinipta Sang Hyang Lata wal | Ujya tuhu panuksmane | kayangan pucaking arga | mangkana Sang Hyang Wênang | têtêp ngadhaton nèng gunung | agung dènnya mong asmara ||

18. lan garwa Dèwi Saoti | rêroncène tan winarna | cinatur cêndhake bae | sang kusuma sampun wawrat | praptèng mangsane babar | pêkik cahyane sumunu | sinung nama Sang Hyang Tunggal ||

19. lan [la...]

--- 35 ---

[...n] kang rama wus tan kalih | pêkik miwah cahyanira | agung lêlana karême | duk samana Sang Hyang Tunggal | lêlana jro samodra | jajah jroning samodra gung | ya ta wontên kang winarna ||

20. kang kayangan ing jaladri | Sang Prabu Rêkathatama | trahing Jin Dari kawite | putrane nama Jin Mênak | pêputra Minangkara | sadaya pan warni yuyu | Minangkara apêputra ||

21. Sang Yuyutama namèki | pêputra Rêkathatama | samya warni yuyu kabèh | kayangan nèng jro samodra | Prabu Rêkathatama | ngratoni sakèhing yuyu | kapithing mimi rajungan ||

22. kingking pong-pongan myang kijing | kang gumrêmêt ing samodra | sabangsane yuyu kabèh | prasamya angratu marang | Prabu Rêkathatama | puniku ingkang cinatur | darbe putri yu sajuga ||

23. nama Dyah Rêkathawati | warnanira kadya wulan | duk samana sang lir sinom | ing dalu sakeca nendra | supêna wontên prapta | saking awiyat tumurun |

--- 36 ---

rupa kaki-kaki tuwa ||

24. katon ki tuwa lon angling | hèh ta nini wruhanira | mêngko wus cêdhak ênggone | iya jatukramanira | lêlana jro samodra | Sang Hyang Tunggal namanipun | bagus tur misih taruna ||

25. kusuma jin saking Kêling | ing besuk sira sinungan | iya anak lanang loro | nurunakên para raja | Bênggala lan ing Jawa | kaki tuwa wusnya tutur | musna marang ôntariksa ||

26. Kusuma Rêkathawati | sawungune saking nendra | pungun-pungun sru ngungune | pan namung supênanira | kang kèsthi ing wardaya | kaki tuwa wangsitipun | sung nugraha jatukrama ||

27. sang kusuma marêk aglis | nungkêmi padaning rama | sarwi karuna ature | ngaturkên supênanira | wangsite kaki tuwa | kang rama suka gumuyu | wus birai putraningwang ||

28. wis aja sira anangis | yèn tuhu Lata wal Ujya | marang sira pamangsite | sung nugraha jatukrama | yêkti gampang kewala | praptane ki bakal [ba...]

--- 37 ---

[...kal] mantu | sun têdhane lawan puja ||

29. sayêkti prapta pribadi | nora susah angupaya | wis nini muliha age | marang Môndhakiyanira | Prabu Rêkathatama | sigra mring pidikanipun | anungku ing puja môntra ||

30. panêdhaning Ujwalati | ingkang kasupênèng putra | yèn nyata jatukramane | kang anama Sang Hyang Tunggal | praptaa prajanira | kunêng kang lagya manungku | ing puja ngukurkên putra ||

6. Pangkur

1. ya ta wau kang winarna | ingkang lagya lêlana jro jaladri | Sang Hyang Tunggal lampahipun | sayah kapati nendra | anèng sela Sang Hyang Tunggal lir jinumput | dening Hyang Lata wal Ujya | tinibakakên jro puri ||

2. puraning Rêkathatama | pan katrima panêdhaning sêmadi | cumlorot kadya andaru | tibane Sang Hyang Tunggal | nèng pidikan pan maksih sakeca turu | Rêkathatama garjita | linuwar dènnya sêmadi ||

3. angrasa yèn tinarima | panêdhane dening Hyang Ujyalati [Ujya...]

--- 38 ---

[...lati] | tibane kang badhe mantu | winungu kang anendra | Sang Hyang Tunggal wungune apungun-pungun | waune nendra nèng sela | ing mangke nèng dalêm puri ||

4. tur anèng sanggar pamujan | lawan wontên yuyu gêng gêgilani | Rêkathatama lingnya rum | gèr teja sulêksana | ulun tanya punapa ta jinisipun | êjin utawi manungsa | pinangkanipun ing pundi ||

5. lawan sintên kang sinambat | dene dhawah wontên pidikan mami | Sang Hyang Tunggal langkung ngungun | de yuyu basa janma | anauri pasaja ing sauripun | yèn sira takon maringwang | satuhu lamun jinis jin ||

6. trah Nabi Sis mulanira | ibu putri Kêling Dèwi Saoti | tinuturakên sadarum | nama myang asalira | awit ingkang eyang-eyang pan kamantu | dening ratuning jin samya | Dewata lan ing Dewani ||

7. miwah kala nis lêlana | jajah gunung myang wana-wana nuli | jajah jroning samodra gung | sayah kapati

--- 39 ---

nendra | anèng sela mangkya têmah nèng kadhatun | tan wruh purwane wak ingwang | lah yuyu apa sirèki ||

8. dene bisa basa janma | Sri Rêkathatama alon nauri | kulanggèr sajatosipun | jinis jin lir paduka | taksih darahipun eyangta pukulun | Dewani lan ing Dewata | kawula trahing Jin Dari ||

9. arine eyang paduka | ing Dewani karsaning Ujyalati | ing saturun-turunipun | prapta dhatêng kawula | apan maksih ginanjar awarni yuyu | ngratoni sadayanira | yuyu isining jaladri ||

10. miwah ta eyang paduka | Natèng Kêling inggih Sang Prabu Ari | pan maksih darah pukulun | inggih lawan kawula | amba matur ing sayêkti-yêktènipun | milane paduka dhawah | wontên ing pamujan mami ||

11. pan saking panuwun amba | tinurutan dening Hyang Ujyalati | anggèr kasupênèng dalu | dening anak kawula | nini putri Rêkathawati ranipun | winangsiting kaki [ka...]

--- 40 ---

[...ki] tuwa | lamun pêsthi jatukrami ||

12. anggèr kalawan paduka | tur winêca têmbe pêputra kalih | pêkik-pêkik warnanipun | nurunkên para raja | tanah Jawa lawan ing Bênggala besuk | tur kèdhêp saisining rat | sasat Sang Hyang Ujyalati ||

13. Sang Hyang Tunggal duk miyarsa | mèsêm ing tyas alon dènnya nauri | ya liwat tarimaningsun | sihira yuyu raja | nêdya ngambil mantu mring sariraningsun | apan durung arsa krama | maksih karêm mangun tèki ||

14. sanadyan nêdya akrama | môngsa dadak arabia kapithing | liwat saking nora patut | wruhanta yuyu raja | pan wus akèh ratuning jin kang sêdya tur | putri mring sariraningwang | tan ana kang sun tampani ||

15. pan saking tyas ingsun dahat | adoh mulat maring wanodya maksih | karêm lêlana anglangut | subrata mati raga | Sri Rêkathatama miyarsa gumuyu | ing wuwuse Sang Hyang Tunggal | alon dènira nauri ||

16. inggih anggèr

--- 41 ---

tingalana | ing warnane anak amba rumiyin | dene yèn botên panuju | inggih wontên punapa | Sri Rêkathatama sigra dènnya nuduh | pawongan nimbali putra | yuyu cèthi mêsat aglis ||

17. praptèng pura ngarsaning dyah | cèthi matur anggèr ngandikan aglis | ing rama paduka prabu | dhatêng sanggar pamujan | kinèn mulat marang ing têtamunipun | bagus tur maksih taruna | kusuma jin saking Kêling ||

18. namanipun Sang Hyang Tunggal | kawula gèr langkung eram ningali | sang têtamu pêkikipun | yayah sirna kinêdhap | mawa cahya tejane sumunar mancur | singga banguning kartika | paduka kinèn manggihi ||

19. sang kusuma duk miyarsa | turing cèthi kumêpyur jroning galih | dene wontên èmpêripun | lan ingkang kasupêna | sang têtamu tejane sumunar mancur | sang dyah wus kering pawongan | praptèng ngarsaning rama ji ||

20. tumungkul dènira lênggah | mulat marang têtamu èsmu isin | dene tan siwah sarambut [sara...]

--- 42 ---

[...mbut] | lan ingkang kasupêna | pêkik miwah kêkuwunge maksih wutuh | Sang Hyang Tunggal duk tumingal | warnane sang rajaputri ||

21. kenyut sadalêming driya | pan kaduwung dènira matur nampik | dene ta putrining yuyu | sakêthi nora nyana | lamun warna putri jin ayu pinunjul | sêmbadaning cahyanira | ngasorkên rêsmining sasi ||

22. Sang Prabu Rêkathatama | wruh kalamun Sang Hyang Tunggal tyasnèki | kaduwung panampikipun | dadya ngandikèng putra | hèh ta nini sira sêsajia gupuh | apan iki kadangira | kusuma jin saking Kêling ||

23. putranipun Sang Hyang Wênang | patutira lawan Dèwi Saoti | Sang Hyang Tunggal namanipun | maksih darah lan sira | putri Kêling hèh nini kakangirèku | sayah mêntas alêlampah | sira sêsajia nini ||

24. sang dyah mundur palarasan | ingkang rama gumujêng pan sarya ngling | anggèr pan inggih puniku | warnane arinira | sangêt kidhung wêdalan jro samodra gung | dhasare lare ugungan [ugunga...]

--- 43 ---

[...n] | gungane anglêlangkungi ||

25. paran ta anggèr ing karsa | punapa ta sênêng dhatêng kang rayi | punapa botên panuju | anggèr dipun pasaja | Sang Hyang Tunggal dhêku dènira umatur | dhuh sang nata aksamanta | dene kula purun nampik ||

26. ing sih paduka kang sarta | tuduh pakènira Hyang Ujyalati | ingkang aparing satuhu | nugraha jatukrama | pan ing mangke kawula sumanggèng kayun | paran ta gène nampika | nugrahaning Ujyalati ||

27. Sang Prabu Rêkathatama | langkung suka ing solah tan winarni | putra pinanggihkên sampun | kalawan Sang Hyang Tunggal | sih-sinihan anèng sajroning kadhatun | anggung dènnya mong asmara | Sang Hyang Tunggal lan sang putri ||

28. lamine datan winarna | sang kusuma cinatur wus garbini | praptèng mangsanira sampun | babar wawratanira | nanging nora mijil bayi putranipun | apan ta warni antiga | cinandhak arsa binanting ||

29. antiga mumbul ngawiyat | Sang Hyang Tunggal ngungun ing tyasira [tya...]

--- 44 ---

[...sira] glis | mêsat ing gêgana nusul | saparaning antiga | kadya daru nèng wiyat prabane murub | kunêng kang nututi putra | gantya kang winarnèng manis ||

7. Dhandhanggula

1. kang kahyangan anèng wukir Kêling | Sang Hyang Wênang saungkuring putra | ing wuri wawrat garwane | praptèng samayanipun | mijil priya kalangkung pêkik | tan kalih lan kang rama | cahyane umancur | ramèbu kalangkung suka | wus sinungan nama aran Sang Hyang Êning | diwasa sru tapanya ||

2. duk samana Sang Hyang Wênang lagi | alêlana nganglangi wanarga | miwah pulo sadayane | lêlampah samodra gung | prapta kèndêl nèng pulo Jawi | mulat ana gumêbyar | ngawiyat lir daru | tan dangu cumlorot tiba | nèng ngarsane tinadhahan asta kalih | tinon warni antiga ||

3. gya binanting dadya jabang bayi | pêkik-pêkik kalih kadya kêmbar | prasamya mancur cahyane | Sang Hyang Wênang wus wêruh | lamun iku wayahirèki | mangkana praptanira | Sang Hyang Tunggal wau | ingkang [ing...]

--- 45 ---

[...kang] nututi antiga | dupi tibèng bantala sirna tan kèksi | ningali ingkang rama ||

4. sarwi ngadhêp jabang bayi kalih | Sang Hyang Tunggal sigra marêk nêmbah | mangraup pada kalihe | kang rama ngandika rum | lawas têmên kulup mring ngêndi | gènira alêlana | kang putra umatur | ngaturkên solahe kala | alêlana jajah sajroning jaladri | sayah kapati nendra ||

5. lir pinêndhêt dening Ujyalati | ulun tiba wontên jroning pura | botên uninga purwane | lajêng pinêndhêt mantu | dhatêng ingkang darbe nagari | Prabu Rêkathatama | warti darahipun | dening jêng eyang Dewata | Sri Rawangin miwah jêng eyang Dewani | Prabu Rêkathatama ||

6. darbe putri pinunjul sabumi | dhinaupakên lawan kawula | datan antara wawrate | praptèng samayanipun | babar botên warni bêbayi | apan warni antiga | mawi cahya mancur | antiga kawula candhak | dupi arsa kawula banting ngoncatci [ngonca...]

--- 46 ---

[...tci]ngoncati | mêsat dhatêng gêgana ||

7. pan kawula punika nututi | botên dangu wau icalira | kados ing ngriki dhawahe | kang rama ngandika rum | iya tiba ing ngarsa mami | cumlorot saking wiyat | sun sidhêp andaru | sun sôngga têmah antiga | ingsun banting dadi jabang bayi kalih | iyèku ngarsanira ||

8. dadi iki wayah ngong pribadi | iku besuk luwih saking sira | ing guna myang kasêktène | miwah budine punjul | saking sira lan saking mami | besuk kèdhêp ing jagad | sutanira iku | kabèh eyang-eyangira | sakarsane miwah ing sasêdya mami | kang durung kalampahan ||

9. putuningsun kang nutugkên benjing | amurwani kabèh tanah Jawa | nganani isine kabèh | lan nurunakên besuk | sagung ingkang para narpati | Bênggala lan ing Jawa | lan saisinipun | kabèh padha amangeran | marang sutanira pan inganggêp kadi | Sang Hyang Lata wal Ujya ||

--- 47 ---

10. Sang Hyang Wênang ngling mring jabang bayi | hèh ta putuningsun kang atuwa | putihing êndhok dadine | sun paringi jêjuluk | ya Bathara Maya ing benjing | manuta arinira | kuninging dhok iku | putuningsun kang taruna | sun paringi jêjuluk Bathara Manik | ingsun idini sira ||

11. amurwani tanah Jawa iki | anutugna barang karsaningwang | nganakna isine kabèh | dadya ling-aling ingsun | akaryaa sira ing benjing | swarga lawan naraka | lan saisinipun | apa saisining jagad | timbangana ing saciptanira dadi | lawan anêdhakêna ||

12. para ratu tanah Jawa iki | besuk sira pan jinodho marang | têdhaking Bagendha Salèh | winênang iku besuk | anurunkên para narpati | dadya timbanganira | pan wus pêsthinipun | sanadyan tanah Bênggala | besuk padha mangeran marang sirèki | lah wis sira kariya ||

13. ingsun mulih mring kahyangan mami | tanah Jawa nuli lêksanana | nganani isine

--- 48 ---

kabèh | Hyang Wênang wusnya muwus | muksmamuksa marang ing ngawiyati | kalawan Sang Hyang Tunggal | mangkana kang kantun | Sang Bathara Manikmaya | antuk sabdanira Sang Hyang Udipati | sakala diwasanya ||

14. nanging datan winarna ing kawi | dènnya murwani ing tanah Jawa | nganani isine kabèh | dening ta wus kawuwus | pra pujôngga ing nguni-uni | marna srat Manikmaya | tunggil kang dhinapur | sami murwèng tanah Jawa | duk dinadi barêng lan Bathara Manik | ya Sang Hyang Girinata ||

15. Sang Hyang Nilakôntha lawan malih | Sang Hyang Guru Hyang Jagad Pratingkah | tugu wasesa parabe | èstu jinodho sampun | lawan trahing Bagendha Salih | nama Bathari Uma | gangsal patutipun | cinaturakên kewala | putranira Hyang Guru kang mijil saking | nênggih Bathari Uma ||

16. Sang Hyang Sambo kang sêpuh pribadi | panênggake Sang Bathara Brama | Sang Hyang Endra panêngahe | nulya Bathara Bayu | Sang Hyang Wisnu kang muragili | lyan saking [sa...]

--- 49 ---

[...king] Dèwi Uma | kathah putranipun | dening ta Bathara Maya | cinarita sadasa ingkang rumiyin | ran Bathara Bongkokan ||

17. panênggake Hyang Têmburu nuli | Hyang Kuwera nulya arinira | Sang Hyang Mahyati namane | anulya arinipun | Sang Hyang Siwah arine malih | nama Bathara Surya | nuntên arinipun | anama Bathara Côndra | arinira Bathara Yamadipati | nuntên Hyang Kamajaya ||

18. Dèwi Darmanasti kang wuragil | jangkêp sadasa putrèng Hyang Yama | winangsulan caritane | anênggih putranipun | Sang Hyang Darmajaka ing nguni | ingkang sêpuh wanodya | Dêrmani ranipun | kang rayi nama Darmana | nênggih Sang Hyang Dwijaya parabirèki | nulya Sang Hyang Triyatra ||

19. Sang Hyang Caturkênaka sumêndhi | apêputra Bathara Narada | Sang Hyang Tunggal sasampune | krama putrining yuyu | nulya krama Dèwi Drêmani | antuk putraning uwa | tiga patutipun | Hyang Darmastati kang tuwa | arinira ran [ra...]

--- 50 ---

[...n] Bathara Dewanjali | nulya Bathara Lodra ||

20. kunêng ingkang winursitèng kawi | trah Hyang Guru kang jinêjêr kôndha | Bathara Sambo putrane | Sambodhana ranipun | apêputra Èsthi Jumili | putra Rêsi Amula- | sidhi namanipun | pêputra Sang Dherodhana | Dherodhana pêputra jalu kêkalih | kang sêpuh namanira ||

21. Sang Wasistha dadya pandhita di | ingkang anèm Prabu Dhanurdhana | ing Lokapala prajane | Dhanurdhana sêsunu | nama Prabu Andanapati | pêputra Lokapala | Lokapala Prabu | pêputra èstri sajuga | punjul ing rat anama Dèwi Lokati | dening Rêsi Wasistha ||

22. apan karêm dadi pandhita di | apêputra Bagawan Pulastha | Rêsi Pulastha putrane | Rêsi Padma ranipun | Rêsi Padma putranirèki | nama Rêsi Wisrawa | warnane abagus | punika ingkang winarna | luwih saking bapa kaki dènira mrih | subrata mati raga ||

--- 51 ---

8. Asmaradana

1. sirnaning bapa myang kaki | Rêsi Padma lan Pulastha | dadya jawata kalihe | sira Bagawan Wisrawa | pinati tapanira | anulya pinundhut mantu | marang Prabu Lokapala ||

2. puniku purwanirèki | Wisrawa jumênêng nata | karaton saking garwane | Rajaputri Lokapala | Dèwi Lokati nama | kasub ing jagad pinunjul | kadya rarasati swarga ||

3. diwasa tan arsa krami | kathah para raja prapta | anglamar ngêbun-bun sore | wangsul tinampik sadaya | ratu siji tan ana | ingkang dadya sênêngipun | amung Bagawan Wisrawa ||

4. kang dadya tyase sang putri | dhasare wus pawong mitra | lawan kang rama lamine | Sang Aprabu Lokapala | wus ngalap kawruhira | mangkya dadya sênêngipun | kang putra anawan krama ||

5. mila tan sangsayèng galih | pinanggihakên saksana | Wisrawa lawan putrine | sih-sinihan kalihira | agung karon asmara | tan lami antaranipun | Prabu Lokapala [Lo...]

--- 52 ---

[...kapala] seda ||

6. putrèstri namung sawiji | tan adarbe putra priya | kang gumantya karatone | mantu Bagawan Wisrawa | mêngku ing Lokapala | pra santana sih sumuyut | tuwin sagung pra bupatya ||

7. sapraja samya jrih asih | cinatur ing Lokapala | tan patya gêng karatone | nanging kèringan ing mônca | dènnyambêg budi darma | narapati maha wiku | bagus sudira ing tapa ||

8. ing jaya kawijayanti | putus ing prang môndraguna | nanging sinimpên dibyane | namung tyase kapandhitan | nênggih ingkang kinarya | dènnya mrih yuning kaprabun | luhuring prabawanira ||

9. kanan kering prasamyering | sagung para raja-raja | samya bathara anggêpe | mring Narapati Wisrawa | miluta ngêla-êla | pinundhi sinêpuh-sêpuh | sanadyan diyu rasêksa ||

10. ditya gandarwa samya jrih | dènnya prabune wus kêna | mèt mitra ngalap kawruhe | sanadyan para pandhita | maharsi dwijawara |

--- 53 ---

kontaping tapa myang kawruh | kèh samya mrih piwulangnya ||

11. lagya patutan sawiji | Wisrawa lawan sang rêtna | jalu tur pêkik warnane | nama Radèn Wisrawana | langkung pinuja môntra | mèh praptèng diwasanipun | ingkang ibu nulya seda ||

12. langkung wimbuhirèng galih | Sri Naradipati Srawa | têmah sèlèh karatone | ing putra Rahadèn Wisra- | wana yekang gumantya | mêngku ing Lokapala wus | kang rama linggar mring arga ||

13. nêtêpi mawiku malih | ambantêr ing kasutapan | mrih luhura darajate | putra kang madêg narendra | Rahadèn Wisrawana | anom prawira dibya nung | môndraguna ing ayuda ||

14. limpat pasang tyas undhagi | ambêg sadu parikrama | putus ing kapandhitane | punggawa ing Lokapala | tuwin kang môncapraja | sadaya suka sumuyut | dènnya Prabu Wisrawana ||

15. ambêg pinandhita maksih | tan pae lawan kang rama | miwah guna kadibyane | pêkik [pêki...]

--- 54 ---

[...k] pindha Hyang Asmara | susila sih ing bala | pasanging wêweka putus | nimpuna saliring sastra ||

16. karatone angungkuli | lan jênêngane kang rama | ing mangkya kathah wêwahe | bupati kang môncapraja | myang bupati nagara | saking bumintara kasub | Prabu Anom Lokapala ||

17. jêjuluk Sri Dhanapati | sinêksi para jawata | binathara karatone | maharsi sewasogata | suka mangayubagya | ngèstokkên karatonipun | Wisrawana Prabu tama ||

18. Bathara Suman prajurit | rêsêp ngambil pawong mitra | myang dewa-dewa sih kabèh | dènnya sru rumêksèng jagad | maharja mring kanang rat | mêmayu yuning tumuwuh | winuwuh prabawanira ||

19. bacingah balanirèki | paron ditya lan manungsa | nadyan wil seje ambêge | lamun ditya Lokapala | samya ambêg raharja | manut ing rèh prabunipun | tuwin kang bala manungsa ||

20. ingkang kinarya pêpatih | mêngkoni bala

--- 55 ---

rasêksa | Patih Banendra namane | putus ngingêrakên praja | prakoswa môndraguna | wontên malih punggawa gung | nama Wira Wisnungkara ||

21. kang sumosor ing pêpatih | môngka dining Lokapala | ing aprang pilih bobote | gung luhur sasat prabata | wontên malih punggawa | agêng kabupatènipun | anama Ditya Gohmuka ||

22. môndra prakosèng ajurit | Gohmuka wil bijaksana | wontên malih sosorane | punggawa nama Rugmuka | lawan Ditya Gurmuka | kalih prakoswèng prang pupuh | dening punggawa manungsa ||

23. ingkang minôngka pêpatih | nama Arya Citrayuda | lan Citracapa sisihe | kalih samya môndraguna | wontên malih punggawa | Citrajaya namanipun | kalawan Citrasudirga ||

24. Citraguna Citrasêkti | kathah lamun cinatura | ing Lokapala andêle | tuwin bupati ngamônca | kèh samya môndraguna | mangkana ingkang winuwus | Maha Prabu

--- 56 ---

Dhanaraja ||

25. lagya wiyoga ing galih | nalika miyarsa warta | saking Banendra ature | yèn Buminata Ngalêngka | Prabu Sumali nama | yêksendrambêg maha wiku | darbe putri yu utama ||

26. pêparab Rêtna Sukèsi | tan môntra putrining ditya | sor rarasati citrane | pinacak sayêmbara prang | dene ta kang kinarya | bêbantêning aprang pupuh | santana dining Ngalêngka ||

27. anamarya Jambumangli | gung luhur prakosèng yuda | yaksendra patêmbayane | sapa kang kuwawa nyêmpal | baune kering kanan | sayêkti kalamun jatu- | krama lan putri Ngalêngka ||

28. mangkana sri narapati | duk myarsa warta mangkana | drêng arsa tumêdhak dhewe | sayêmbara mring Ngalêngka | ngundhangi wadyanira | sakapraboning prang pupuh | nêdya kêkanthèn ngayuda ||

9. Kinanthi

1. nahan gantya kang winuwus | yekang mawiku ing wukir | Sri Maha Rêsi Wisrawa | wus kadya praja angalih | asrining pratapanira [pratapa...]

--- 57 ---

[...nira] | tan pae lawan jro puri ||

2. ingkang ayasa rumuhun | Bagawan Amulasidhi | pratapan mindha kadhatyan | ing mangkya winangun malih | sanggar pamêlênganira | akik ijo kang kinardi ||

3. sarasah miwah bêbatur | pan sadaya akik wilis | botrawi kinambang toya | kinubêng ing pancak suji | pancak suji sinaroja | dêg-adêge akik wilis ||

4. lis pita gêgapit wungu | lir kêkuwung angawêngi | wangunaning kêmbang-kêmbang | ingkang jinêmbangan sami | pinêtha sapôntha-pôntha | pêpanthaning sarwa sari ||

5. pêpêthetane pinatut | nut têpi pangapit-apit | sapa pan pininta-pinta | pêpintaning taru tiris | sinungsun sapasang-pasang | pasanging gapura akik ||

6. pinindha candhi cêmpurung | akik ijo kang ingukir | cinawi lawan sêsotya | prasamya sêsotya wilis | kabèh rêngganing gapura | pucak jumêrut sacêngkir ||

7. saking mandrawa ngênguwung | kêkuwunge nawung [na...]

--- 58 ---

[...wung] wilis | lir teja ngêmu sudama | rênyêp-rênyêp tinon asri | wukir gêng ing Lokapala | atusan para maharsi ||

8. ingkang amartapèng ngriku | kèh tilasing satriya di | kang tapa myang tilas raja | sadaya samya akardi | padhepokan sowang-sowang | samyakik ingkang kinardi ||

9. akik dadu miwah wungu | biru irêng ijo kuning | seta rêta kapurônta | wiku kang tilas narpati | sadaya mawi gapura | miwah paseban mangapit ||

10. pindha rakiting kadhatun | cinatur Lokapala di | tan ana timbanganira | gêng luhur asrining wukir | myang isèn-isèning arga | pêthetan mawarni-warni ||

11. sadaya kêkayonipun | samya wiwitan swarga di | wowohan di-adi samya | kêmbang-kêmbange mêpêki | tan ilang tinakokêna | myang sato sining wanadri ||

12. buron alas manuk-manuk | kèh kang bisa basa janmi | myang tapa kadi manungsa | sawêngkon Lokapalardi | selane [sela...]

--- [0] ---

Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 01-12): Citra 1 dari 2
Prabu Dhanaraja, Bagawan Wisrawa

--- 59 ---

[...ne] akik sadaya | dene sapucaking wukir ||

13. karikil nila jumêrut | mila sagung kang maharsi | tuwuk ing sakarsanira | ngrêngga pratapane sami | mas rêtna sêsotya ana | miwah intên lan widuri ||

14. dene sapucaking gunung | gèn karangan widadari | kinarya timbanging swarga | tan kêna kambah ing janmi | sinêngkêr dening jawata | mung wakêt lambunging wukir ||

15. gèn pratapan para wiku | nahan ta asrining wukir | Sri Maha Rêsi Wisrawa | pan sampun miyarsa warti | yèn kang putra sri narendra | siyaga kaprabon jurit ||

16. enjing badhe budhalipun | marang Ngalêngka nagari | nêdya amrih sayêmbara | Rêsi Wisrawa nulya glis | tumurun saking pratapan | dalu manjing jroning puri ||

17. panggih putra sang aprabu | apan sampun dèn aturi | lênggah ing sanggar pamujan | kang rama mèsêm lingnya ris | pitambuh dènira tanya | kaki Prabu Dhanapati ||

18. dene ngundhangi wadya gung | siyaga kaprabon [kapra...]

--- 60 ---

[...bon] jurit | apa kang dadi karsanta | kang putra matur wotsari | pukulun kawula arsa | dhatêng Ngalêngka nagari ||

19. amrih sayêmbaranipun | yaksendra Prabu Sumali | darbe putri yu utama | angupaya jatukrami | pinacak sayêmbara prang | anama Dèwi Sukèsi ||

20. pun Banendra aturipun | warnane Dèwi Sukèsi | tan môntra putrining ditya | ngêsorkên rêsmining sasi | sasat absari sawarga | dene ta ingkang kinardi ||

21. bêbantêning aprang pupuh | anamarya Jambumangli | patêmbayaning yaksendra | sintên kang kuwawa banting | ing aprang miwah anyêmpal | ing baune kanan kering ||

22. sayêkti kalamun jatu- | krama lan Dèwi Sukèsi | sampun kathah para raja | prapta Ngalêngka nagari | samya mrih ing sayêmbara | nanging tan wontên kuwawi ||

23. nadhahi wuking prang pupuh | mring prawira Jambumangli | mila mangke kawularsa | inggih nindaki pribadi | malêbèng sayêmbara prang | mring Ngalêngka mamrih putri ||

24. pan kawula

--- 61 ---

mèh pukulun | mangkat lawan pun apatih | sowan dhumatêng pratapan | pamit sarta tur udani | kang dados lampah kawula | mrih sayêmbara ngajurit ||

25. ing mangkya paduka rawuh | kawulèstu nuwun pamit | budhalan ing benjang enjang | tuwan jurung ing sêmadi | ayuning lampah kawula | kadya ta sampun pinasthi ||

26. karsane sang jawata gung | yèn kawula jatukrami | lan Rajaputri Ngalêngka | dene duk miyarsa warti | raosing manah kawula | botên ketang yèn rasêksi ||

27. kapati nahên wulangun | ing prang nêdya toh nagari | yèn botên kalampahana | amondhong Dèwi Sukèsi | mantuka aran kewala | suka lêburèng ajurit ||

28. kang rama mèsêm lingnya rum | kaki Prabu Dhanapati | bênêr rasane tyas sira | kasmaran dening pawarti | rajaputri ing Ngalêngka | sayêkti punjul ing bumi ||

29. tan môntra putrining diyu | ngasorkên rêsmining sasi | isining Endrabawana [Endrabawa...]

--- 62 ---

[...na] | Ratih lawan Rarasati | kabèh pantês anyèthia | marang Kusuma Sukèsi ||

30. ingsun sakêthi jumurung | kalakona sira kaki | anggarwa putri Ngalêngka | karana Dèwi Sukèsi | trahing Hyang Bathara Brama | Ngalêngka mancêri èstri ||

31. Sang Hyang Brama putranipun | kang wanodya ran Bramani | akrama Bramana Raja | pêputra Bramaniwati | krama yaksendra Ngalêngka | Sang Prabu Banjaranjali ||

32. Banjaranjali sêsunu | aran Prabu Jatimurti | pêputra Bramanakôndha | anulya sutanirèki | ran Prabu Gêtah Banjaran | Gêtah Banjaran sêsiwi ||

33. Bramanatama sêsunu | Prabu Puksara namèki | pêputra Sumali Raja | turun ping sapuluh lagi | saking Hyang Bathara Brama | Kusuma Dèwi Sukèsi ||

34. lan maninge ibunipun | Sukèsi putri Mantili | trahing Bathara diwêja | namung pêputra kêkalih | kang sêpuh Prabu Danuja | jumênêng anèng Mantili ||

35. wanodya [wa...]

--- 63 ---

[...nodya] warujunipun | aran Dèwi Danuwati | kalap ing Sumali Raja | iya patutan kêkalih | waruju Arya Prahastha | pambarêp Dèwi Sukèsi ||

36. mulane ingsun jumurung | nanging lamun kaki aji | dènnya mrih putri Ngalêngka | nganggo dêdalan ngajurit | sayêkti ingsun tan rêmbag | karana Prabu Sumali ||

37. wus pawong mitra lan ingsun | lan iku ingkang kinardi | bêbantêning sayêmbara | wil prawira Jambumangli | pulunane sang yaksendra | kadange ingkang sêsiwi ||

38. Sang Prabu Malyawan sêpuh | buwah Ngalêngka nagari | patine Prabu Malyawan | iya Sang Prabu Sumali | kang gumanti ing Ngalêngka | lan ingsun iya wus bêcik ||

39. kaya ngapa kanthanipun | sira nêmahana jurit | dene karone wus mitra | Malyawan miwah Sumali | balik yèn nêmoni karya | wajib labuhana pati ||

40. miwah lamun kaki prabu | nêmu pakewuhing jurit | aturana pasthi prapta | yaksendra Prabu Sumali | anggêpe pêsthi

--- 64 ---

tan beda | mring sira lawan ing mami ||

41. yèn sêmbada kaki prabu | sun têmonane pribadi | buminata ing Ngalêngka | sun têmbunge saking aris | putrine kalamun kêna | aja marga nganggo jurit ||

42. lagi ing wataraningsun | yèn Prabu Sumali maksih | eling labêting mêmitran | kaya-kaya lamun gampil | putrine kalap ing sira | sang anom matur wotsari ||

10. Sinom

1. pukulun yèn makatêna | gèn kawularsa ngadêgi | ing sayêmbara punika | prayogi kèndêl rumiyin | ngantosi lamun kenging | paduka têmbung ing alus | dene yèn maksih kêkah | tyasipun Prabu Sumali | putranipun kinarya tohing ayuda ||

2. punika sêdhêng kawula | inggih nindaki pribadi | ngadêgi sayêmbara prang | singa tiwasa ngajurit | kang rama ngandika ris | iya sakarsanirèku | kalamun wus karuwan | kaki prabu laku mami | amung rewangana nênêdha ing dewa ||

3. muga-muga ginampangna [gina...]

--- 65 ---

[...mpangna] | kênane Dèwi Sukèsi | kaki jinodho lan sira | aja kalawan ngajurit | kang putra matur aris | lamun makatên pukulun | tuwan nuntên tindaka | dene ta ingkang umiring | pun Banendra sakancanipun sadaya ||

4. kang rama alon ngandika | mundhak kalorean kaki | sun arsa namur kewala | jumujug sajroning puri | aja na kang udani | panggih ngong lan yaksa prabu | nêmbunga nora cuwa | yèn padha têmu pribadi | aja kongsi kajarwa marang ing bala ||

5. karana durung karuwan | yèn tinampan laku mami | rèhning putri wus kinarya | sayêmbara ing ajurit | nanging panduga mami | kaya-kaya nora luput | Rajaputri Ngalêngka | kênane marang sirèki | wus mangkana Sri Maha Rêsi Wisrawa ||

6. mêsat saking jroning pura | tan mawi mampir ing wukir | lampahe lajêng kewala | ingkang kari jroning puri | Sang Prabu Dhanapati | anggung dènira mangun kung | anèng sanggar langgatan | anungku puja sêmèdi | ya

--- 66 ---

ta wau lampahe Rêsi Wisrawa ||

7. ing marga datan winarna | cinêndhak pan sampun prapti | nênggih nagari Ngalêngka | jumujug ing tamansari | tan ana kang udani | kaparêng sang yaksa prabu | nèng taman Ngargasoka | kalangênan lan parèstri | kagyat mulat praptane Rêsi Wisrawa ||

8. gupuh-gupuh pamêthuknya | cinandhak astanira ris | kinanthi binêkta lênggah | munggèng singasana rukmi | yaksendra ngandika ris | dhuh kakang sadulur ingsun | dene ta kamayangan | onêng kawula tan sipi | mring paduka saking lami tan pêpanggya ||

9. punapa sami raharja | ingkang tinilar ing wingking | putra atanapi garwa | Rêsi Wisrawa nauri | inggih sami basuki | yaksendra gumujêng guguk | sarwi nyawang kang raka | dhuh kakang kula mèh pangling | mring paduka busana cara pandhita ||

10. sun sidhêp wiku kewala | praptane tan gawa kanthi | nauri Rêsi Wisrawa | yayi prabu pan sayêkti | gèn paduka mastani [masta...]

--- 67 ---

[...ni] | kawula sampun mawiku | putra pun Wisrawana | kang gumantya narapati | nguni yayi prabu lêlana mring arga ||

11. kampir nagri Lokapala | putranta pan maksih alit | ing mangkya sampun diwasa | sêdhêng mêpêk ing birai | yaksendra duk miyarsi | kang raka rinangkul gapyuk | sarwi gumujêng suka | nora lidok tangguh mami | duk rawuhe sun sawang wangun pandhita ||

12. dene sênêning kang cahya | sumunu wênês awingit | pantês cahyaning atapa | beda kalawan duk maksih | ngrèh bala mêngku nagri | inggih kawula jumurung | kakang prabu karsanta | kalangkung saking utami | tilar pura putra kang gumantya nata ||

13. wong tuwa sêdhêng bagawan | dumunung ing gon kang sêpi | mungkul botên kawoworan | pamêlêngirèng sêmèdi | amrih wêkasing pati | mêlanging tyas kawula mung | kanèmên dèrèng môngsa | putranta madêg narpati | inggih pintên umure pun Wisrawana ||

14. dêstun mung kacèk sawarsa | lan arine pun Sukèsi | ginege [gi...]

--- 68 ---

[...nege] madêg narendra | wantuning anèm mênawi | kirang amoting budi | sanadyan wus tamèng kawruh | adrêng yèn darbe karsa | sukaning tyas dèn tutugi | botên sagêd ngêngah kalamun dêduka ||

15. nauri Rêsi Wisrawa | yayi prabu pan sayêkti | saking pangèstu paduka | ing putranta kang pinundhi | adêgipun narpati | tan wontên sangsayanipun | wus wignya mong ing bala | ulah pangapura titi | botên kirang saking adil palamarta ||

16. dhêdhasar ambêg raharja | botên wit gunggung ing siwi | nungkuli saking kawula | putranta dêgipun aji | kanan kering samyering | sagung para ratu-ratu | runtut amawong mitra | maharsi suka samya sih | dènira nom karêm ulah puja môntra ||

17. sinêksi para jawata | adêgipun narapati | binathara Dhanaraja | bacingah balanirèki | manungsa kang sapalih | sapalih rêksasa diyu | pêpatih punggawanya | pinangkat-pangkat sinami | pan kapara kaarsa bala rêksasa [rê...]

--- 69 ---

[...ksasa] ||

18. sang yaksendra duk miyarsa | mèsêm sarya ngandika ris | sukur yèn pun Wisrawana | sampun wignya ngrèh nagari | among wadya marta sih | kawula langkung kapencut | mawiku lir paduka | dèrèng pracaya ing batin | yèn pasraha kaprabon mring pun Prahastha ||

19. sangêt dènnya mudhèng sastra | tan môntra-mantrèng nagari | beda lan pun Wisrawana | ginulang sakaning alit | ing krama olah niti | milanenggal tamèng kawruh | dhêdhasar bijaksana | beda lan arine ngriki | pun Prahastha sangêt mudha punggungira ||

20. kalamun mijila priya | putra tuwan pun Sukèsi | mèmpêr lan pun Wisrawana | limpat pasanging lêlungit | wasis pratamèng kawi | saliring lukita putus | tatas titining sastra | emane mijil pawèstri | alit mila dènnya karêm ulah sastra ||

21. pan ing mangke diwasanya | dadya lok liyan nagari | kathah para raja-raja | kang prapta

--- 70 ---

ngêbun-bun enjing | wangsul samya tinampik | putranta pratignyanipun | benjing purun akrama | lamun antuk satriya di | tuwin para ratu kang sagêd narbuka ||

22. artine kang Sastra Cêtha | Harjendra ayuning bumi | malah ta prasêtyanira | sêksi ing para maharsi | kinarya pasanggiri | yèn antuk ratu pinunjul | ingkang sagêd narbuka | wahananing kang sastra di | prasêtyane wadat datan arsa krama ||

23. katêtah mangke putranta | pulunan pun Jambumangli | nanggulang karya pêpalang | ing sagung para narpati | arine pan kinardi | sayêmbara aprang pupuh | kramanira antuka | ratu kang prawira sêkti | kêlar nôngga ing aprang prakosanira ||

24. dadya ing mangke kalingan | patêmbayane ni putri | katon mung sayêmbara prang | pokale pun Jambumangli | kadi-kadi darbèni | melik dhatêng arènipun | nanging ajrih nêmbunga | mring kawula kaping kalih | tan kadugi narbuka artining sastra ||

25. nglalu tyas sira

--- 71 ---

satêmah | karya riwuking para ji | ngadêgkên sayêmbara prang | nguni wontên ratu prapti | madyantara prajèki | Sri Wisamarta dibya nung | lan ing simbar manyura | kaloka labêting jurit | angayoni malbèng sayêmbara aprang ||

26. pêjah ratu kalih pisan | binanting madyaning jurit | rame rok silih prabawa | kalawan pun Jambumangli | kongsi praptèng samangkin | giris para ratu-ratu | mila cipta kawula | kadya têmah nini-nini | putra tuwan pun Sukèsi botên krama ||

27. sang pandhita duk miyarsa | apingungun ngandika ris | yayi prabu ing Ngalêngka | yèn makatên tanpa kardi | prapta kula puniki | sayêkti lamun ingutus | ing putra pun Dhanendra | ngaturkên prajanirèki | mring paduka srah jiwa amanakawan ||

28. yèn parêng panuwunira | putra tuwan nini putri | ngadhatona Lokapala | siniwia jroning puri | mila kula lampahi | pun Dhanendra aturipun | botên cipta akrama [akra...]

--- 72 ---

[...ma] | mung suka mong angêmbani | pan inganggêp paringing Hyang Jagadnata ||

29. ing nguni lamun mirsaa | wus kinarya tohing jurit | supaya lamun puruna | nênuhun ing yayi aji | sintên ingkang kuwawi | nadhahi wuking prang pupuh | yèn wus mêtu krodhanya | pun Jambumangli ing jurit | nadyan dewa suralaya jrih sadaya ||

30. kajawi saking punika | ngungun kawula puniki | dene ta botên kadosa | putra tuwan nini putri | sintên ta kang marahi | panêdhanira puniku | Sastrajendra Yuningrat | minôngka wadining bumi | pan sinêngkêr dening Hyang Jagad Pratingkah ||

31. tan kenging singa ngucapna | siniku ing bathara di | sanadyan para pandhita | kang samya mandhirèng wukir | awis ingkang ngawruhi | yèn dede pandhita punjul | kula matur pasaja | mring paduka yayi aji | kang tinêdha ing nini putri punika ||

32. Sastrajendra Hayuningrat | pangruwat barang sakalir | kapungkur sagung rêrasan | ing kawruh tan wontên [wontê...]

--- 73 ---

[...n] malih | wus kawêngku sastra di | pungkas-pungkasaning kawruh | ditya diyu rêksasa | myang sato sining wanadri | lamun wêruh artine kang Sastrajendra ||

33. rinuwat dening bathara | sampurna patinirèki | atmane wor lan manungsa | manungsa kang wus linuwih | yèn manungsa udani | wor lan dewa patinipun | jawata kang minulya | mangkana Prabu Sumali | duk miyarsa tyas sira andhandhang sastra ||

11. Dhandhanggula

1. jog tumêdhak Sang Prabu Sumali | saking palênggahan nawa rêtna | angrêpèpèh nèng ngarsane | arsa mangraup suku | sang pandhita gupuh nêdhaki | pan sarwi kipa-kipa | nyandhak astanipun | dhuh yayi Prabu Ngalêngka | sampun-sampun paduka arsa punapi | anguncupakên asta ||

2. aturnya lon Sang Prabu Sumali | saking sukane manah kawula | amiyarsa pituture | ing tyas langkung kapencut | nugrahanên kakang pun yayi | Sastrajendra Yuningrat | pangruwating diyu | pun yayi liwat [liwa...]

--- 74 ---

[...t] druhaka | tinitah wil sato padhane nèng bumi | pae lawan manungsa ||

3. sampun tanggung gèn paduka asih | ing kaswasih benjang ariloka | cangkingên wor ing dhèwèke | prasêtyamba pukulun | sampun mênggah Nini Sukèsi | nagari ing Ngalêngka | lan saisinipun | jro pura katur sadaya | nadyan pêjah gêsang tan ngraos darbèni | langkung karsa paduka ||

4. Rêsi Wisrawa ngandika aris | inggih mangke dèn aris kewala | môngsa lêpata karsane | yèn tuhu yayi prabu | mahyun tama wruh ing sastra di | suwawi mring pamujan | kang rêmpit gonipun | Sastrajendra wadining rat | botên kenging kawruhan sato kumêlip | sakutu walang taga ||

5. sang yaksendra sigra kèn ngrêsiki | sanggar langgatan pinaripurna | pêpak sasarat-sarate | dupanira kumutug | madu pala kang wangi-wangi | winor kalawan dupa | sang pandhita sampun | minggah ing sanggar langgatan | lan sang ditya raja sagunging parèstri [pa...]

--- 75 ---

[...rèstri] | kinèn nêbih sadaya ||

6. tan winuwus pamisikirèki | sang pandhita mring sang yaksa dipa | pan wus tamat sadayane | sarasaning sastra yu | langkung suka Prabu Sumali | cipta sèwu nugraha | dènira sampun wruh | sastra ugêring agêsang | kasampurnaning titah titining pati | patitising kamuksan ||

7. wus mangkana Sang Prabu Sumali | animbali marang putranira | Rêtna Sukèsi nulyage | prapta ing tamansantun | ingkang rama ngandika aris | dhuh babo putraningwang | saosa sirèku | wus kêna ing sayêmbara | ingsun nini wus tinetesan sajati | apan ta kari sira ||

8. aja taha-taha tyasirèki | mring sang wiku ing Lokapalendra | apan wong tuwamu dhewe | iku darma ingutus | mring putrane Sri Dhanapati | Narpati Dhanèswara | taruna dibya nung | lagya turun ping sadasa | lan Hyang Guru putra kang sêpuh pribadi | Hyang Sambo namanira ||

9. apêputra Sambodhana [Sa...]

--- 76 ---

[...mbodhana] nuli | Rêsi Èsthi Jumili putranya | Amulasidhi namane | pêputra nama Prabu | Dherodhana putra kêkalih | kang tuwa ran Wasistha | dadya pandhita gung | kang anèm Sang Dhanurdhana | apêputra Sang Prabu Andanapati | pêputra Lokawana ||

10. apêputra mung sajuga èstri | pan kagarwa ing Rêsi Wisrawa | Dèwi Lokati namane | mung siji patutipun | iya bakal lakinirèki | Sang Prabu Dhanaraja | warnane abagus | dene Sang Rêsi Wisrawa | turun saking Rêsi Wasistha anuli | putra Rêsi Pulastha ||

11. Rêsi Pulastha nulya sêsiwi | Rêsi Padma anulya pêputra | iya Sang Wisrawa kuwe | tunggal dhapuranipun | lan garwane Dèwi Lokati | padha trah Dherodhana | Lokapala Prabu | têdhake Hyang Girinata | payo nini sun aturkên ing sang yogi | wruha jatining sastra ||

12. sang kusuma tan lêngganèng kapti | wus ingaturkên ing sang pandhita | nanging

--- 77 ---

mangke pamulange | ngantosi lamun dalu | sang yaksendra kondur mring puri | mangkana cinarita | duk nalikanipun | Rêsi Wisrawa amêdhar | rahsaning kang sastra mring sang ditya aji | sumuk mring suralaya ||

13. gara-gara rèh kagiri-giri | lir ginonjing ing Jonggringsalaka | myang kawah wuwuh umobe | lubèr balabar lêbur | kêkaranganing widadari | kagyat Hyang Jagadnata | wus graitèng kalbu | yèn Rêsi Wisrawa ingkang | karya gara-gara ambuka wadining | Sastrajendra Yuningrat ||

14. Sang Hyang Guru rêngune tan sipi | nulya têdhak marang madyapada | godha Wisrawa karsane | Bathari Durga tumut | pan sakêdhap lampahe prapti | jro pura ing Ngalêngka | jujug tamansantun | marêngi duk pamulangnya | Sang Wisrawa marang Sang Rêtna Sukèsi | sigra Hyang Jagadnata ||

15. sumurup ing sang pandhita dening | Bathari Durga manjing sang rêtna | wus awor atma kalihe | kawilêt ing tyasipun | kalihdene [kalih...]

--- 78 ---

[...dene] ingkang nyurupi | Sang Pandhita Wisrawa | tyasnya rangu-rangu | tumonton putri Ngalêngka | tuhu lamun pinunjul hyang-hyanging bumi | supe lamun dinuta ||

16. marang putra Prabu Dhanapati | mulat manise ingkang wadana | sawang sitangsu gêbyare | sêdhêp jatmika ruruh | tingal lindri jait alungit | sang rêtna ya mangkana | kagiwang tyasipun | mulat ing Rêsi Wisrawa | cahya wênês bagus sêmu jatmikani | sang pandhita waspada ||

17. lamun tutug tyas sira sang putri | sinawang wus mêngani wingitnya | nora was ing pamawase | tan darana tyasipun | gya sinambut Rêtna Sukèsi | linut dening pangrêpa | rinoban pangrungrum | yayah rêmpu ing wardaya | sang juwita sru mêmpênge sêmu wani | wantuning dyah diwasa ||

18. winasesa ing mêngsah ningsêti | tan kuwasa nanggulang ing karsa | dadya sumarah sarèhe | ripu mrêpêk mamrih rum | ngrurah sari-sarine maksih | kincip sru rinabasa | dening brêmana rum [ru...]

--- [0] ---

Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 01-12): Citra 2 dari 2
Dèwi Sukèsi, Bagawan Wisrawa

--- 79 ---

[...m] | sêrunging sari sinêrang | sêkar mêkar kêkêran tan ana kari | parangmuka tumêka ||

19. kori Ngalêngka mêksih kinunci | winasesa dinuwa wus mênga | manjing jro sru pangamuke | mêkar wikrama mimbuh | jroning pura binosah-basih | mêngsah sayah mèh lêsah | sumèlèh lir luluh | maras aris undurira | sang kusuma yayah murcita ing rêsmi | ngungun sawungunira ||

20. sarira nglês lir kêna sumampir | kalih rumôngsa yèn kênèng coba | sinung salah ing solahe | mupus ing tyas sira wus | sang pandhita lawan sang putri | anggung karon asmara | anèng tamansantun | katur ing sang yaksa raja | ing solahe kang putra lawan sang yogi | wus samya nunggal karsa ||

21. langkung ngungun Sang Prabu Sumali | mupus yèn wus karsaning jawata | sigra ngundhangi balane | sayêmbara sinuwuk | lamun putranira wus kêni | marang Rêsi Wisrawa | pamulang sastra yu | mangkana duk amiyarsa | Arya Jambumangli kurdhane tan sipi [si...]

--- 80 ---

[...pi] | nêdya ngrabasèng taman ||

22. para santana samya gendholi | tuwin punggawa kang tuwa-tuwa | maripih amrih arise | nanging tan kêna keguh | wus lumampah mring tamansari | krura samarga-marga | ngajrihi dinulu | sêsumbar anggrêng gurnita | praptèng taman gègèr sagunging pawèstri | miwah sajroning pura ||

23. mar gumêtêr parêkan myang cèthi | Rêtna Sukèsi tanbuh solahnya | yaksendra utusan age | marang ing tamansantun | sang pandhita pinrih sumingkir | saking ing Argasoka | ngungsiyèng kadhatun | nanging sang wiku tan arsa | nguncatana sêdya lumawan ing jurit | sigra pamit ing garwa ||

24. langkung marma sang raja pinutri | sang pandhita wus ngrasuk busana | mijil nyangking gandhewane | prapta ing jawi pangguh | yun-ayunan lan Jambumangli | marpêki ngundha kunta | hèh bagya sirèku | manglaga aywa ge suka | mondhong putri tadhahana kunta mami | iyèki kang minôngka

25. pêpanggile ariku Sukèsi [Sukè...]

--- 81 ---

[...si] | kuntanira lagya mèh lumêpas | Rêsi Wisrawa nulya ge | nyandhak sanjatanipun | wus lumêpas kunta kang pinrih | tikêl kabuncang sirna | sigra nyandhak limpung | mèh lumêpas sinanjata | limpung punggêl nyandhak trisulanira glis | ingayat mèh lumêpas ||

26. sinanjata trisulanya kêni | narik côndrasa sinipat kêna | sigra nyandhak nanggalane | mèh lumêpas tinuju | ing sanjata nanggala sêbit | anyandhak cakranira | jinêmparing rampung | wignyane Rêsi Wisrawa | salin-salin gêgamane prang tan kongsi | ucul saking astanya ||

27. langkung merang Arya Jambumangli | mangkrak krura mamrih prang rumumpak | galak angundha gadane | marma kang sami dulu | wil punggawa Ngalêngka sami | kinèn baris kalangan | jaba tamansantun | yaksendra munggèng panggungan | giris mulat solah bawaning ajurit | wau Rêsi Wisrawa ||

28. wus amusthi sanjata linuwih | linêpaskên lir kilat lumarap | cumundhuk [cumundhu...]

--- 82 ---

[...k] munggèng janggane | Wil Jambumangli rampung | pan gumêbruk lir ruging ardi | suka kang sami mulat | ingkang baris kêpung | ingundhangan parêng bubar | ya ta wau Kusuma Dèwi Sukèsi | pan wus ngaturan wikan ||

29. ing pêjahe Arya Jambumangli | sigra mêthuk rawuhe kang raka | tundhuk kinanthi astane | binêkta mring jinêmrum | wus tan ana winalanggalih | wisunaning tyas sirna | tulus amêmangun | rarasing tyas karasikan | sang pandhita agung anungku ing rêsmi | kunêng gantya winarna ||

30. nênggih Maha Prabu Dhanapati | wus miyarsa kêlamun kang rama | antuk karya ing lampahe | Rêtna Sukèsi sampun | kêna saking sayêmbarèki | Wil Jambumangli pêjah | madyaning prang pupuh | nanging ingkang rama cidra | Dyah Sukèsi mangkya ingalap pribadi | marga pamulangira ||

31. Sastra Harjendra ayuning bumi | anèng taman witing wanuhira | sang prabu langkung kurdhane | ciptanya wus tan kogug | rumusaking tapa mrih pati | môngsa ta malatana [ma...]

--- 83 ---

[...latana] | wong tuwa laku dur | sigra angundhangi bala | kinèn samya sawega kaprabon jurit | karsanya Sri Dhanendra ||

32. nagri Ngalêngka pinrih ginitik | ngukumêna cidrane kang rama | kala wus samêkta kabèh | kapraboning prang pupuh | sagung ingkang para dipati | saos nèng pagêlaran | wau ta sang prabu | minggah mring sanggar langgatan | Sri Dhanendra anungku puja sêmèdi | durmane kang tinêdha ||

12. Durma

1. wus tumurun titihanira puspaka | nênggih saking swarga di | myang kapraboning prang | makutha nawa rêtna | miwah sanjata linuwih | kunta baswara | pamunahing ajurit ||

2. mijil orêg ing jawi sampun samêkta | sagunging pra dipati | jêjêl pagêlaran | sakapraboning aprang | wadyanira glar ing jawi | manungsa ditya | tan kêna wor kang baris ||

3. ngalun-alun wadya jêjêl jro sadaya | busana warni-warni | Ki Patih Banendra | parentah wus mêmatah | mring sagunging pra dipati |

--- 84 ---

anindhihana | ing balanira sami ||

4. bala ditya pinangku ngarsaning nata | manungsa munggèng wuri | têngara wus budhal | panganjuring ngayuda | manggala pangirit baris | Ditya Gohmuka | gumrah wadyanira tri ||

5. patang kêthi ditya balane Gohmuka | goragodha samya ngrik | gumuruh gurnita | surak amangap-mangap | kumêbul dahana mijil | saking tutuknya | tuhu ngebat-ebati ||

6. banderane lêlayune agni samya | kentar drêsing kang angin | mulat ngalat-alat | Gohmuka mugèngmunggèng rata | makutha bêlah bukasri | ngundha badhama | ngarab-arab ngajrihi ||

7. ing wurine sumambung bala Rukmuka | kumêrut gêgirisi | punggawa Rukmuka | jiglag munggèng dipôngga | bêdhat mêta ngolang-aling | tulalenira | ngadêg angundha piling ||

8. mawur-mawur wadyane kang rêbut marga | kasrêg bêdhating èsthi | sumambung wurinya | Ditya Kala Gurmuka | nut marga mangkrak krura ngrik | rong kêthi ditya |

--- 85 ---

gumuruh gêgêtêri ||

9. punggawane Gurmuka munggèng dipôngga | ngundha dhêndha ngajrihi | makuthanira bra | balanira Gurmuka | araga solahing jurit | wuri balanya | wis nungkara nambungi ||

10. pitung kêthi gumrah samya singa nabda | gurnitaning ditya ngrik | gêlapnya gumupak | prabawa nut ing swara | mawa prahara gumêrit | lesus sasaran | mêsês kang angin-angin ||

11. sru kumitir bandera kentar maruta | gêtêre gêgêtêri | kêdaling daludag | kêlabing tunggul kadya | pinutêr kentir mawêrdi | Sang Wisnungkara | jênggarang munggèng wuri ||

12. nitih rata guthaka agêng rinêngga | ing rêtna manik-manik | lir lintang sumêbar | abyor gêbyaring rata | makutha gêng binuka sri | murub prabanya | lir baskara nêngahi ||

13. ngundha limpung anglela gêngnya sêmbada | tulya kala mangalih | wuri balanira | Kyana Patih Banendra | sumambung wil sangang kêthi | pêtha pêpanthan | kanthaning wil lumaris ||

14. busananing bala

--- 86 ---

wor lan laraping kang | nênggala palu piling | musala trisula | lir mega ngêmu teja | sinalimut kilat thathit | Patih Banendra | nitih rata rinukmi ||

15. angadhangkrang makutha gêng ginapura | rinênggèng sêsotya di | badhong gandhowara | kêlatbau winarna | ing mas rêtna anting-anting | garudhanira | binintang ing hèr gêni ||

16. ujyalaning sarira srining busana | lir prabata rinukmi | gilaping makutha | yayah ngayuh ngawiyat | ngayati kang baskara tis | têlasing bala | ditya ingkang nambungi ||

17. prajurit jro kang pinangku munggèng ngarsa | nom-anom pitung kêthi | myang kang munggèng wuntat | samya wahana kuda | gumêrgut lampahing baris | ngarsaning Nata | Kakartala ngajrihi ||

18. lir ginapit turôngga rapêt arampak | rikat arakit-rakit | asrining busana | marwata kêmbang-kêmbang | myang kang munggèng kanan kering | mantri pramuka | Sang Prabu Dhanapati ||

19. pan anitih puspaka saking sawarga | sarwa rêtna rinukmi [ri...]

--- 87 ---

[...nukmi] | singup sinasotya | rinumpakèng pakaja | kinatirah mantên wilis | wijil pêpujan | myang kudastha angirit ||

20. cinamara suri rinawis-rawis mas | kadyandaru sêsiring | sumorot srawungan | wor rêngganing puspaka | saingga wintang ariris | tuhu sêmbada | dêdêge sri bupati ||

21. apidêksa pêkik pindha Hyang Asmara | ngadoni jayèng jurit | mubyar makuthanya | kadya basônta mimba | nganglangi rêsmining bumi | bala gung wuntat | dhêdhêt ngampak-ampaki ||

22. pra dipati prasamya wahana rata | pangkat-pangkat tulya sri | lampahirèng bala | busana warna-warna | lir wona-wona kabêsmi | bandera abra | kababar ngobar-abir ||

23. umbul-umbul lir kuwung-kuwung kawangwang | sinawang amuwuhi | wanguning busana | kêlabing kang kakôndha | apindha laban lumindhih | tunggul daludag | dadya srining lumaris ||

24. Arya Citrayuda lawan Citracapa | ing lampah kang mungkasi | samya munggèng rata | ing warna kadi kêmbar | kalihe

--- 88 ---

apêkik-pêkik | miwah dibyanya | prawiraning prang sami ||

25. kunêng marga lampahing bala pangarsa | cinêndhak sampun prapti | jajahan Ngalêngka | gègèr paminggir desa | gugup ditya samya ngungsi | agraning arga | atrajang gunging baris ||

26. katur marang bupatènira kang jaga | tampinganing pasisir | anama Marica | punggawa wil taruna | sudira prakosèng jurit | krodha miyarsa | dening baris kang prapti ||

27. arsa gitik marang nagari Ngalêngka | Marica angundhangi | wadyabalanira | samêkta ing ayuda | têngara budhalira glis | angalang marga | wau praptanirèki ||

28. ditya bala panganjuring prang Gohmuka | mulat pinêthuk jurit | sarêng dènnya mangsah | kumrutug mamrih mêngsah | Marica panggah nadhahi | kuwêling aprang | rame rok silih-ungkih ||

29. pan kajêjêl praptane bala gung wuntat | ambruk parêng ngêbyuki | kêkalèn upama | balanira Marica | mungsuhe bêngawan banjir | dhadhal [dhadha...] ||

--- 89 ---

[...l] kewala | kêlêm ngasmarèng jurit