Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 296–394), Vreede, 1884, #1870

Judul
Sambungan
1. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 001–097), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 097–196), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 197–296), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 296–394), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 394–495), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 495–582), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 18-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Dipun caritakakên.

Wau ta Prabu Bagawan Sapwani, sarêng mirêng aturipun Radèn Jayadrata, kêdah adrêng suwita ratu ing Ngastina, mêngkana pangudasmaraning driya ingkang botên kawijil. I i ya jagad dewa bathara, baya wis pinasthi Si Jayadrata dadi mungsuhing Pandhawa, ana wong wis disurupake bakal lêlakoning Kurawa dadak mêksa, yèn ora tak turutana, sangsaya bingung atine bocah iki, saking kagebang manising basa, melik arabi kadanging Ratu Ngastina.

Sinigêg dipun suluki sanga.

Sêkar Swandana lampah 20. Dan sêmbah nirèng ulun kapurba ring Sang Murbèng Rat saana nikang | nikanang sihing dasih mawèh boga sawêgung masih ring dêlahan | dyan kanang mamujwèng ari jêng nayakaning rat dutèng rat kotama [ko...]

--- 2 : 297 ---

[...tama] | mangguha manugraha lèn siswanta sagotra tang uwus minulya ||

Sang prabu ngandika.

Ya kulup, apa diucap manèh, yèn wis dadi antêping pikirmu, nanging aku ora kapara katutuh gonku pitutur ing kowe, ora liwat aku mung mamuji muga-muga kêlakona ing sêjamu, lêstaria sihe Sinuhun Ngastina.

Aturipun Jayadrata.

Manawi sampun kaparêng ing karsa, kangjêng rama kula amit madal pasihanira jêng kangjêng rama, mangiha suka ing sawingking kula, amargi dhawuhipun kangjêng Sinuhun Ngastina, kula dipun antosi gènipun badhe ngarak dhatêng nagari Mandraka.

Pangandikanipun sang prabu.

Iya kulup, aturna pangistuku bae mênyang Sinuhun Ngastina, ing saiki aku durung bisa seba anak prabu, ing têmbe sêdhêng rampung ing gawe manawa bisa aku seba marang Ngastina, muga-muga kowe katona kêmbang capaka sawakul.

Găngsa mungêl ayak-ayakan. Jayadrata nguswa pada lajêng mangkat, Prabu Bagawan Sapwani ngadhaton. Jayadrata kalampahakên sawatawis kèndêl lampahipun. Găngsa dipun jantur, dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau satriya ing Banakêling, sampun kalilan dening kang rama, dènira arsa suwita, kalangkung sukaning wardaya, katongton waruju Ngastina, mila sinêngka ing lampah, daya-daya dumugia Ngastina, sêmana sampun lêpas lampahe Radèn Jayadrata, kapungkur nagari Banakêling, sampun ngancik ing nagari Ngastina, mangkana pangudasmaraning driya Radèn Jayadrata, ya jagad dewa bathara, pangrasaning [pa...]

--- 2 : 298 ---

[...ngrasaning] atiku ngupaya pasuwitan ngêndi, masa anaa kaya Sinuhun Ngastina, dhasar ratu gêdhe băndha bandhu santana, kangjêng rama pami ora parêng gonku suwita, kalakon wurung dhaup karo Rêtna Drusilawati, tak kira mati aku, sapa bae dulu wong wadon mêngkana yèn ora banjur kudu mêngku.

Ayak-ayakan mantun kajantur, Jayadrata lajêng lumampah sawatawis, kajêng katancêbakên têngah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sardulawikridita, lampah 19. Kilwan sêkari kang tatama narêpat rèhnya bale kancana | soma brama hêning pawal natarikang rok mutyaara raras | we durya marani labapraning pagêr tungjung mahantên lumêng | munta bintênikang gopura macawintên surya katon jwala ||

Dipun caritakakên.

Sinigêg lampahe satriya ing Banakêling, inggale kang murwa ing kawi, prak ginawe adoh, ingkang adoh dipun cêlakakên. Gênti kocapa nagari Ngastina, Kurawa sami gambira, kadya singa binasahan.

Mungêl gêndhing Kêncèngbarong, ngadêg Ratu Ngastina, ingkang ngadhêp pawongan kalih, Jayadrata prapta nguswa pada, lajêng lênggah ing ngarsa, Kartamarma Durmuka, gêndhing dipun jantur, dipun caritakakên.

Anênggih nagari pundi ingkang gênti kocapa, nagari ing Ngastina, Prabu Kurupati lênggah ing pandhapa, sapraptane satriya ing Banakêling tinimbalan manjing karaton. Pêpak para kadang Kurawa, ingkang cakêt ing ngarsa Radèn Durmuka kalih Radèn Kartamarma, cinarita Prabu Kurupati, saangkatipun Radèn Arya Sangkuni sampun lêkas amangun karya, salêbêting kadhaton sampun paripurna uparêngganipun, [upa...]

--- 2 : 299 ---

[...rêngganipun,] namung Prabu Kurupati ngajêng-ajêng dhatênge Radèn Sangkuni, tuwin Radèn Jayadrata, mila sarêng satriya ing Banakêling prapta lajêng tinimbalan, têbih dèn awe, cêlak rinakêtakên, rupèpèh-rupèpèh pindha sata manggih krama, prapta anguswa padaning narendra, rinangkul lungayane, anulya lênggah cakêt ngarsa nata, tumungkul amarikêlu, kaya konjêma ing bantala wadanane satriya ing Banakêling, mangkana pangudasmaraning driya Prabu Kurupati. E lah dene bali têmênan adhiku Si Jayadrata, iba sumurupa panjaluke putri Mandraka.

Gêndhing kaunggahakên, sawatawis kasuwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ning prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nora kamuk | irika sa-Korawa ngrêbut mangambuli sarawarèng Dananjaya nangsêh | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya guru putra lèn kurukula ||

Ratu Ngastina ngandika.

Yayi padha raharja lakumu seba ing paman Prabu Sabwani, apa bisa anjênêngi ing têmbèk pangarakku marang nagara Mandraka, apamanèh paman aji apa wis sarju ing panggalih si adhi anunggal ana nagara Ngastina.

Aturipun Jayadrata.

Kula nuwun inggih, angsal pangistunipun ingkang sinuhun, raharja ing lampah kula, sarêng kula matur dhatêng kangjêng rama, yèn kula nyuwun pangistu suwita ingkang Sinuhun Ngastina, kangjêng rama inggih mangayubagya kimawon, namung sapunika [sa...]

--- 2 : 300 ---

[...punika] dèrèng sagêd sowan. Ing têmbe yèn sampun bibaring damêl, kaangkah sowan ing kangjêng sinuhun, atur pangistunipun paman jêngandika sinuhun ing Banakêling.

Prabu Kurupati mangsuli.

Iya adhi Jayadrata, wis dadi ubayaku, yèn dhasar si adhi lêstari ana Ngastina, besuk bubar gawe iki, gênti kowe tak paringi jodho kadangku wuragil Si Rara Drusilawati, ing mêngko tampanana ubayaku marang kowe adhimas.

Sinigêg dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwa padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mahatnya ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, satriya ing Banakêling, sarêng miyarsa pangandikaning Prabu Kurupati, kinèn nampèni ubayaning narendra, sabibaring karya, pinaringan jodho Rêtna Drusilawati, kamanisên sabda nata, têmahan barêbêl wijiling waspa, apratignya jroning tyas. I i ya jagad dewa bathara, apa ingkang tak walêsake sihe Sinuhun Ngastina, tak tatêdha yèn nêmu karya, suka aku têkana ing pati, anglabuhi Sinuhun Ngastina, dadia bêbantêning prang.

Dipun caritakakên.

Mangkono ubayane Radèn Jayadrata, sinauran gêtêr patêr muni jagad lor wetan [we...]

--- 2 : 301 ---

[...tan] kidul kulon, sami nêksèni sadaya, sinigêg kasaru praptane Radèn Arya Sangkuni kalih satriya ing Madukara tuwin rêpat punakawan, dèn awe dening sang prabu.

Găngsa mungêl ayak-ayakan sanga, Jayadrata ngalih lênggah wurining nata, Parta prapta ngabêkti, lênggah ngarsane narendra, Sangkuni wurining Arjuna gènipun lênggah, tumuntên Sêmar Nala Garèng Petruk. Găngsa dipun jantur nuntên dipun caritakakên.

Wau ta Prabu Kurupati, sarêng prapta Radèn Arjuna, lir angganing mina kasatan ing mangke manggih toya, kalangkung suka ing driya. Namung Radèn Jayadrata, aningali ing satriya Madukara, botên kêdhèp-kêdhèp, nganti mata-walangên, saking pangungunipun, mangkana pangudasmaraning driya. I i ya jagad dewa bathara, salawasku durung sumurup, manungsa mêngkene baguse, wis ora kêna diwaoni, layak dadi ojat. Iba-iba wong wadon-wadon kae, dulu wong mangkene iki, tak kira akèh kang padha kedanan. Mangkana para sata Kurawa, sami pirsa yèn Radèn Pamadi sampun prapta sami wijah-wijah, cipta yèn nuntên mangkat ngarak dhatêng Mandraka. Para kênya ing kadhaton Ngastina, sami jêjêl aningali kaya jêbol-jêbola jandhelaning prabasuyasa, wanita ingkang sami nyanggi karya aningali wontên taratag paringgitan, kongsi uyêl-uyêlan. Dene Rêtna Drusilawati, sarêng mirêng yèn ingkang rayi Radèn Pamadi sampun prapta, lajêng busana angiras sêsaji punapa dhahare kang rayi Madukara, manjing mêdal ing padalêman karadènayon, kadya sata mèmèti solahe Rêtna Drusilawati.

--- 2 : 302 ---

Ayak-ayakan mantun kajantur, sawatawis dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Astina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirar Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Prabu Kurupati ngandika ing Parta.

Pamadi, bagea satêkamu ing nagari Ngastina, padha raharja ing lakumu, dene ora barêng para kadang-kadang Pandhawa, apa mung kowe dhewe Janaka, apa isih durung têka bae.

Arjuna matur ing Ratu Ngastina.

Kawula nuwun inggih dhatêng anuhun, pangistunipun kakang prabu raharja ing lampah kula, kakang prabu andangu rayi-rayi sampeyan, botên sagêd sowan, amargi sampun karumiyinan dipun timbali rama jêngandika uwa prabu ing Mandraka, yèn ta sampuna paman Arya Sangkuni tumuntên dhatêng ing Ngamarta, sampun kalajêng sami mangkat dhatêng Mandraka, rèhning parlu timbalanipun kakang prabu, mila kula ingkang parlu dikakakên sowan ing sampeyan. Ing wasana pangabêktinipun, rayi sampeyan kakang Prabu Ngamarta sapara kadang Pandhawa sadaya katur ing sampeyan.

Ratu Ngastina ngandika.

Iya Pamadi, bangêt panrimaku, pangabêktine yayi Prabu Ngamarta, utawa para kadang-kadangmu kabèh, ananging cuwa têmên atiku Janaka, wis tak pêsthèkake [pêsthè...]

--- 2 : 303 ---

[...kake] yèn bisa têka yayi Prabu Ngamarta, wêkasan mung kowe dhewe, witning kowe oraa têka kêpriye bae, iba susahku, marga putri Mandraka yèn aku ngarak kudu jaluk patah lanang wadon, kang bisa ngungkuli wong saknagara Mandraka, iki bakal patah kowe lan Si Drusilawati.

Parta amangsuli atur.

Kula nuwun kakang prabu, botên sanès cuwanipun ing panggalih, sadaya rayi-rayi sampeyan ing Pandhawa, inggih sami cuwa manahipun. Mila namung nyuwun pangaksama ing kakang prabu, bokmênawi ing têmbe wontên karsanipun kakang prabu nimbali sagêt sowan sadaya.

Ratu Ngastina ngandika ing Parta tuwin nêmbrama ing Sêmar.

E iya ta, masa sapisana iki bae ora, isih akèh gawene ing buri. He buri iku si kakang Sêmar, bagea satêkamu ana ing ngarêpku kowe padha bêcik kakang.

Aturipun Sêmar.

Inggih dhatêng anuhun, timbalanipun kangjêng sinuhun kula pundhi ing kuncung.

Sang prabu ngandika ing Nala Garèng.

Nala Garèng bagea satêkamu ana ing ngarêpku, kowe padha bêcik.

Aturipun Nala Garèng.

Kula nuwun inggih dhatêng anuhun, timbalanipun kangjêng sinuhun, kadahat ingkrik ongkrok-ongkrok.

Sang nata ngandika dhatêng Petruk sarwi gumujêng.

I hêng hah ha hah, Petruk bagea satêkamu ing ngarêpku, kowe padha bêcik.

--- 2 : 304 ---

Aturipun Petruk.

Kulunun inggih, timbalanipun sang aji kapundhi kados gêmbili, têdhanipun kang abdi, brêkat mêkakata kang kantun.

Sang Prabu Ngastina dhawuh ing Patih Sangkuni.

Paman Arya Sangkuni, pakênira banjur pradangdana lan para kadang manira Kurawa, saparo manira gawa, saparo tunggua nagara, tuwin bocah prajurit. Saparo milua ngarak, saparo jagaa kadhaton, lan bocah srati dhawuhana mlanani titihan manira dwipangga si jayadênta, dene anak pakênira ing Banakêling anindhihana prajurit kraton, kang padha ngampil kaprabon utawa rumaksa jêmpana tunggangane Si Drusilawati, mungguh gone lumaku ana cakêt saburining dwipangga, dene patah jalu wanudya tunggala manira anunggang dwipangga, yèn wis rampung angkat manira ing sadina iki, manira busana marang kadhaton, utawa pamit ing kangjêng ibu.

Aturipun Sangkuni.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, sampun rampung timbalanipun ingkang sinuhun. Kula kalilan andhawuhakên pradangdosan rayi-rayi sampeyan Kurawa.

Dhawuhipun Ratu Ngastina.

Ênggèh paman botên mêkas manèh. Jayadrata, kowe milua banjur pradangdana, aku banjur ngarak marang Mandraka, dene lakumu nindhihana bocah kraton ingkang ngampil kaprabon.

Aturipun Jayadrata.

--- 2 : 305 ---

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Sang prabu ngandika ing Radèn Arjuna.

Ayo Pamadi lumêbu ing kadhaton. Kowe Sêmar saanakmu padha milua marang dhatulaya.

Aturipun Pamadi.

Kula nuwun inggih dhatêng sumaga.

Găngsa mungêl ayak-ayakan sanga, Ratu Ngastina, Parta, parêkan, tuwin Sêmar Nala Garèng Petruk sami dhatêng kadhaton. Sangkuni, Jayadrata, Durmuka, Kartamarma, sami mêdal dhatêng pagêlaran. Kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk tanpa pathêtan.

Dipun ucapakên.

Sinigêg ingkang wontên kêdhaton para kênya, kathah palara-lara.

Mungêl gêndhing Lara-lara, ngadêg Rêtna Anggandari, kalih Rêtna Drusilawati, parêkan pêpak. Gêndhing kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih salêbêting kadhaton ing Ngastina, kusumaning ayu Rêtna Anggandari, punika sang ratu ibu, lênggah ing prabasuyasa, angrakit badhe pangarake ingkang putra, tuwin ingkang putra Rêtna Drusilawati, punika sampun sami busana, dhasar wanudya endah warnane, kadanging nata dinama-dama, kondhang sapraja Ngastina, sampun miyarsa yèn ingkang rayi satriya Madukara sowan dhatêng Ngastina, mila Rêtna Drusilawati ngayang dènira bêbraèn. Mangkana sri bupati kondur angadhaton, pinêthuk ing ratu ibu, parêkan sami sumingkir.

Găngsa mantun kajantur, sang nata lênggah, Radèn Pamadi pinarak ing ngandhap,

--- 2 : 306 ---

Dèwi Anggandari jajar pinarak, Rêtna Drusilawati lênggah ngandhap ajêng-ajêngan lan Sang Parta, Sêmar saanakipun sami ngadhêp ing wuri, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sardulawikridita, lampah 19. Lênglêng ramya nikang sasăngka kumênyar, mangrangga rumning puri | mangkin tanpa siring halêp nika ngumah mas lir murub ing langit | têkyan sarwa manik cawinya sinawung saksat skarni suji unggyan | banoti ya na mrêma langên mwang Nata Duryodhana.

Dèwi Anggandari ngandika.

Priye kaki prabu, apa wis katêmu condhonging rêmbug, bakal pangarakmu besuk apa.

Aturipun Ratu Ngastina.

Inggih ibu, gèn kula badhe ngarak sadintên punika, rayi sampeyan pun paman Arya Sangkuni sampun kula dhawahi pradangdosan, tuwin para kadang-kadang kula, sapalih kantun têngga nagari, ingkang sapalih kula bêkta, dene pundhutan patah, putra sampeyan pun Drusilawati, kalih putra sampeyan pun Pamadi, mila punika kula bêkta manjing kadhaton, kula badhe busana, tuwin kula angluwari punagi, nalika ngupados liman seta, sintên ingkang angsal, kula jak kêmbul nadhah, punapadèntên lêlungsèn pun Pamadi sowan ing kangjêng ibu.

Dèwi Anggandari ngandika ing Radèn Pamadi.

Kulup Pamadi, bagea radèn satêkamu ing kadhaton Ngastina.

Aturipun Parta.

--- 2 : 307 ---

Kula nuwun inggih dhatêng anuhun, sih panakramanipun kangjêng uwa ratu, kula tampèni asta kalih, dahat kalinggamurda, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja rad daging kayuwanan, kapundhi kados jimat paripih, amêwahana têguh kayuwanan kula.

Dèwi Anggandari ngandika.

Buri iku wong lawas, Sêmar bagea satêkamu ana ing sajroning kadhaton.

Aturipun Sêmar.

Inggih nuhun timbalanipun kangjêng ratu ingkang adhawuh dhatêng pun Sêmar, kula pundhi ing kuncung.

Dèwi Anggandari ngandika dhatêng Nala Garèng.

Nala Garèng bagea satêkamu ana kadhaton ing Ngastina.

Aturipun Nala Garèng.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika candhik ala, timbalanipun kangjêng ratu ibu.

Dèwi Anggandari ngandika ing Petruk.

Petruk bagea satêkamu ana sajroning kadhaton.

Aturipun Petruk.

Kula nun inggih kapundhi kasuwuk timbalanipun kang dhawuk sampun tuwuk nêdha nrima.

Rêtna Drusilawati ngandika.

I ambakna wong padha sêmbrana, punakawan têlu iku ora dimarèn-marèni,

--- 2 : 308 ---

mulane sok ngangêni yèn lawas ora katon. Pamadi bagea satêkamu, tobil ora kenjik-kenjik, nganti mata-walangên gonku ngarêp-arêp.

Aturipun Arjuna.

Kula nuwun inggih, timbalanipun kakang bok kula tampèni asta kalih, kapêtêk ing jaja, tumanêma kulunging manah, andagingana satampèl, anggêtihana satètès.

Prabu Kurupati ngandika.

Ibu, sumaga sami bujana, kakêmbulan kalih putra-putra jêngandika pun Pamadi pun Drusilawati, angluwari punagi kula, uwin[1] pun Sêmar saanakipun kaparingana têdha, punika tumut angsal damêl. Nalika pun Pamadi ngupados liman, yèn sampun bujana kula lajêng pradangdosan mangkat dhatêng Mandraka, pun Drusilawati kula bêkta.

Rêtna Anggandari mangsuli.

Iya ki prabu, wis tak sadhiyani busanamu, apadene ing bale pambujanan, samasa ana karêpmu mangkat ngarak wis padha rakit kabèh.

Prabu Kurupati matur.

Inggih ibu, suwawi sami bujana, Pamadi utawa kowe Drusilawati, ayo padha kakêmbulan mangan.

Dèwi Anggandari tuwin Prabu Kurupati, Parta, Drusilawati, sampun dhatêng bale pambujanan, parêkan tuwin punakawan sami umiring, kajêng katancêpakên têngah dipun suluki grêgêt saut sanga.

--- 2 : 309 ---

Sêkar Sardulawikridita, lampah 19. Kilwan sêkari kang têtaman narêpat rèhnya bale kancana | soma brama hêning pawal natarikang rok mutyaara raras | we durya marani labapraning pagêr tungjung mahantên lumêng | munta bintêni gopura macawintên surya kanto jwala ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Kurupati, sarêng sampun bujana lajêng ngrasuk busana, sagung wasiyat karaton sampun dipun agêm sadaya, wusing purna dènnya busana, pamit ing ibu rama sampun ngabêkti, Rêtna Drusilawati tuwin Radèn Janaka, ngabêkti ing Prabu Dhêstharata tuwin Rêtna Anggandari, sampun sami pamit linilan. Prabu Kurupati, Rêtna Drusilawati, tuwin Radèn Pamadi sapunakawanipun, sami mijil saking kênyapuri.

Găngsa mungêl plajêngan srêpêgan tanggung sanga, Ratu Ngastina, Rêtna Drusilawati, Radèn Pamadi, rêpat punakawan tiga, sami kalampahakên mêdal saking prabasuyasa dhatêng pandhapi. Sinigêg, ngadêg Sangkuni, Dursasana, Durmuka, Durmagati, Kartamarma, Jayawikatha, Jayasusena, Carucitra, Surtayu, Surtayuda, găngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Pancala raja dulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Dursasana matur.

--- 2 : 310 ---

I hik Paman Arya Sangkuni, wontên dhawuh punapa miji dhatêng putra jêngandika ing Banjarjungut. Kula noknon, i hêng hêng hah ha hah.

Wangsulanipun Sangkuni.

Arya Dursasana, mulane kowe tak timbali, sumurupa, ing saiki pamundhute patah ngiras banjur maèsi pangantèn, wis olèh, kang lanang adhimu Madukara, patahe wadon adhimu Si Drusilawati, karsane kakangamu anak prabu, ngarak ing sadina iki, kadangmu Kurawa, saparo kari tunggu kadhaton, ingkang saparo dhèrèk marang Mandraka.

Dursasana matur.

Inggih man inggih, kakang prabu nitih punapa paman. Punapadèntên rayi kula ing Banakêling punapa inggih dhèrèk, punapa kantun têngga nagari, tuwin pun Drusilawati numpak punapa.

Arya Sangkuni ngandika.

Arya Dursasana, kangjêng sinuhun nitih gajah, patah lanang wadon nunggal ana ing palana, dene Si Arya Jayadrata dikakake nindhihi ampilan karaton. Parnahing laku ana burining titihan liman, ingkang nunggal dadi sapangkone adhimu ing Banakêling, mantri kêbondharat tuwin jêmpana tunggangane Si Rara Drusilawati.

Sangkuni ngandika ing Kartamarma.

Kulup Kartamarma, undhanga pradangdan. Para Kurawa kang saparo dhawuhana kari, lan prajurit dhawuhana sadhiya apa sagêgamane, titihane sinuhun gajah si jayadênta kon mirantèni plana, bakal kagêm karo patah lanang wadon. [wa...]

--- 2 : 311 ---

[...don.] Prajurit karaton mantri kêbondharat utawa mantri nandhu kon miranti jêmpana, yèn wis samapta banjur sadhiyakna, angêntèni tindake kangjêng sinuhun.

Aturipun Kartamarma.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, rampung timbalan sampeyan paman.

Dhawuhipun Sangkuni.

Iya kulup, wis ora nana dhawuh manèh.

Radèn Kartamarma mêdal dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Nagabănda, lampah 18. Umyung swaraning wadya wus samapta munya kêndhang gong bèri | arêbut papan ing sajuru-juru tan ana liru prênah | Rêkyana Patih Udawa minăngka cucuking wira kuswa | sang sinisuta mahambêg sudira ring prang wira tumangguh ||

Kartamarma undhang-undhang.

He he, adhi-adhiku Kurawa, padha pradangdana, karsane kangjêng kakang prabu ngarak marang Mandraka ing sadina iki, kang sagolongan kari tunggu nagara, apadene prajurit dangdana, sikêpa sagêgamanmu, lan mantri karaton, tuwin mantri kêbondharat padha sadhiyaa jêmpana bêdhol samantri nandhu.

Aturipun ingkang dhinawuhan.

Inggih dhatêng sêndika sêndika.

Karo kănca srati dikakake mlanani titihane kakang prabu gajah si jayadênta, yèn wis banjur saosna ing pagêlaran.

Aturipun ingkang dhinawuhan.

--- 2 : 312 ---

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, punika sampun rampung sadaya radèn, samasa-masa bidhal sampun samapta.

Radèn Kartamarma wangsul dhatêng ngarsanipun Patih Sangkuni, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Enjing nêmbang têngara sagunging pra Kurawa samapta busana bra | pindha surya umijil mungup pucak aldaka awra arsa madhangi | umyang sru swaraning kang têtêg kêndhang gong bèri lir bêlah bumi kambah | risang anindya mantri lèn Arya Dursasana ingkang mangka manggala ||

Kartamarma matur.

Kawula nuwun paman, kawuningana ing sampeyan, sampun kula andhawuhakên pradangdosan, putra-putra jêngandika Kurawa, sapalih ingkang dhèrèk ngarak dhatêng Mandraka, tuwin para prajurit sadaya sampun rampung, titihan liman sampun dipun planani, samasa-masa bidhal sadaya sampun rakit.

Arya Sangkuni ngandika ing Radèn Dursasana.

Arya Dursasana, mara banjur budhalna prajurit panganjuring laku, tatanên saurute, aku kang ngaturi wuninga, titihane kakangamu sinuhun. Prajurit karaton sapanunggalane ampilan, grêbyêk tindake anak prabu, lan bocah kapatihan iku mungkasi laku.

Aturipun Dursasana.

Inggih paman arya dhatêng sêndika.

Găngsa mungêl srêpêgan tanggung manyura, Kurawa sami kalampahakên manêngên, [manêngê...]

--- 2 : 313 ---

[...n,] prampogan katindhihan Kurawa, lampahipun ganti-ganti, lajêng Prabu Kurupati, Pamadi, Rêtna Drusilawati, kadhèrèkakên Jayadrata, Sangkuni, Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Dwipangga sampun sinaosakên, sang prabu, Rêtna Drusilawati, tuwin satriya Madukara, sampun nitih dwipangga, ginarbêg ing prampogan, kalampahakên. Sêmar saanakipun sami jajari, nuntên prampogan bêkta kajêng pinindha jêmpana kothong, kang nindhihi Radèn Jayadrata, lajêng Arya Sangkuni kalampahakên nindhihi prampogan, nuntên găngsa kasirêp dados ayak-ayakan manyura, Prabu Kurupati tuwin patah jalu wanudya tunggil mungging rêngganing èsthi kèndêl lampahipun. Sêmar saanakipun tan têbih, găngsa dipun jantur, dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau sampun budhalan, prajurit tuwin sata Kurawa, sajuru-juru, orêg janma sapraja Ngastina sami ningali, tuwin tatiyang ing padhusunan, warna-warna panarkane, kinira yèn Rêtna Drusilawati lajêng kadhaupakên kalih satriya Madukara, dene dènnya nitih liman dadya saplana, sadaya janma ingkang sami nonton, datan liya ingkang sinawang namung patah, dene antuk sisihan. Pami jawata lan widadari, namung satriya ing Banakêling ingkang agung ewa ing galih, kinira yèn Rêtna Drusilawati botên lama dhatêng sariranipun. Saistu awrat katrêsnanipun dhatêng satriya Madukara, mila Radèn Jayadrata gènipun lumampah gondhèl wangunipun loyop, saking bêbêging tyas, botên tahan pirsa pacanganipun lênggah jajar kalih satriya Madukara anèng nginggiling èsthi sasêmbèn pagujêngan, mangkana laju lampahipun, dwiradha.

--- 2 : 314 ---

Găngsa mantun kajantur, sawatawis lampahan, kajêng dipun tancêpakên têngah, găngsa kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru narar gya Krêsna laku | sirang Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sampun laju lampahe Prabu Kurupati, kapungkur nagari ing Ngastina, sinigêg gênti kocapa ing nagari Madura, kathah janma ngrarêpi sêkar pucung.

Mungêl gêndhing Pocung, ngadêg Radèn Narayana, kalih Rêtna Subadra, parêkan pêpak. Gêndhing dipun jantur, kacaritakakên.

Anênggih nagari pundi ingkang gênti kocapa, ing nagari Madura, sintên ingkang lagya pinarak ing paringgitan, punika satriya ing kadipatèn, akêkasih Radèn Narayana, kalih ingkang rayi Rêtna Wara Subadra, mangkana salamine Sinuhun Madura angêdêgi karya dhatêng ing Mandraka, ingkang têngga nagari namung Radèn Narayana, salêbêting dhatulaya ingkang pinasrahan Rêtna Wara Subadra, para bupati sami tugur ing pagêlaran. Rêkyana Patih Udawa sakancanipun ing kadipatèn tugur ing srimanganti, mangkana kasaru lêbêtipun Rêkyana Patih Pragota ingkang saking nagari Mandraka.

Găngsa minggah, Pragota dhatêng, sawatawis dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

--- 2 : 315 ---

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaka mring sang rèh madurêtna ||

Narayana nêmbrama ing Pragota.

Kowe Pragota, bagea satêkamu, apa kowe diutus kakang prabu, apa ta gawemu dhewe.

Aturipun Pragota.

Kula noknon inggih dhatêng anuhun, sih panakramanipun gusti kula ingkang adhawuh, katampèn asta kêkalih, dahat kalinggamurda, kacangcang pucuk rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, rad daging kayuwanan, kapundhi kados jimat paripih, amêwahana têguh kayuwanan kula, pangabêktinipun pun Pragota katura gusti kula ing kadospatèn.

Radèn Narayana mangsuli.

Iya Pragota, pangabêktimu marang aku bangêt ing panarimaku.

Pragota matur malih.

Kula noknon, lampah kula kautus ing raka jêngandika kangjêng sinuhun, maringakên pangistu dhatêng ing gusti kula ing kadipatèn, tuwin dhatêng rayi sampeyan ing Banoncinawi, kula noknon.

Pangandikanipun Radèn Narayana.

Pragota, pangistune kakang prabu, sadurung sauwise tak tampani tangan roro, tak pêtêk ing mastaka, lumèbèra marang pranaja, dadia jimat muwuhana kayuwanan.

--- 2 : 316 ---

Aturipun Pragota.

Kula noknon, ingkang kaping kalih, kula kautus maringi wuninga, yèn ing sapunika putri Mandraka gènipun badhe jatukrama kalih Sinuhun Ngastina, purun kadhaupakên, nanging darbe paminta, pangaraking pangantèn mawia patah jalu wanudya ingkang sami endah warnanipun, sagêda ngungkuli tiyang saknagari Mandraka, sarta patah wau lajêng maèsana pangantèn. Punika gusti kula ing Banoncinawi dikakakên nusul dhatêng nagari Mandraka, badhe dipun lêbêtakên patah, sagêda mangkat ing sadintên punika.

Sêkar Bramarawilasita, lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira mirmala[2] mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwilêmbana mahagnya ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Radèn Narayana, dupi miyarsa aturing Patih Pragota, yèn Rêtna Banuwati mundhut patah jalu wanudya ingkang endah warnanipun, mangkana pangudasmaraning driya. I astaga dhulaya salikur dina, saksat ditampik yayi Prabu Ngastina, sapa ora sumurupa, yèn wong Ngastina siji ora nana kang mratoin.

Wasana Radèn Narayana ngandika dhatêng Rêtna Subadra.

Lara Bratajaya, kowe ditimbali kakang prabu, dikakake nusul marang Mandraka, parlu arêp disumbangake dadi patah dhaupe yayi Prabu Ngastina, yèn kowe wis saguh Subadra, dikakake mangkat saiki.

Rêtna Wara Subadra mangsuli.

--- 2 : 317 ---

Iya kakang, aku kêduga nusul kakang prabu mênyang nagara Mandraka, nanging têrna dhewe.

Radèn Narayana mangsuli.

Priye rara yèn aku angatêrna ing kowe, wong aku ora seba paman Prabu Salya, aku kêduga angatêrake lakumu, ananging laku ora banjur lumêbu marang pasanggrahan. Kowe tak êtêrake mêtu ing dalan tatêrusan bae.

Rêtna Wara Subadra aturipun.

Kakang, iya sanadyan balia ing dalan, jangji wis cêdhak nagara gonmu ngatêrake aku ya gêlêm. Yèn pakewuh kakang mêmanukana bae lakuku yèn wis ngancik nagara, aku yèn ora kowe dhewe ingkang ngatêrake ora kêduga nusul marang Mandraka kakang.

Radèn Narayana ngandika ing Pragota.

Wis Pragota, karia tunggu nagara, karo Si Udawa, aja kowe mulih saka ing patuguran sadurungku têka, tak ngatêrake bandaramu Si Subadra, manawa dadi pangajêng-ajênge kakang prabu, rèhning wis dungkap dhaupe yayi Prabu Ngastina.

Aturipun Patih Pragota.

Kula noknon inggih dhatêng sêndika, kawula andhèrèkakên raharja tindakipun gusti kula dhatêng nagari ing Mandraka.

Radèn Narayana ngandika dhatêng Rêtna Wara Subadra.

Lara Subadra, ayo padha mangkat, supaya tumulia têka ing nagara Mandraka.

--- 2 : 318 ---

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Subadra mangkat kalih Radèn Narayana, tanpa kanthi, mêdal ing alun-alun pungkuran, sawatawis lampahan, Subadra Narayana kèndêl. Găngsa dipun jantur, kacritakakên.

Wau ta Rêtna Wara Subadra, kalih ingkang raka satriya ing kadipatèn, Radèn Narayana, mêdal saking praja Madura, turut margi têrusan, sumêja dhatêng nagari Mandraka anusul ingkang raka Prabu Baladewa, rèhning anyamur lampah, mila kathah ingkang kasamaran, datan anyana yèn punika kadanging narendra.

Găngsa mantun kajantur, Narayana, Subadra sami kalampahakên. Sawatawis lampahan găngsa kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura, kajêng katancêpakên têngah.

Sêkar Sasradhara Kawêkas lampah 20. Mèh raina sêmu bang hyang aruna kadi netraning angga rapuh | sabdaning kokila ring kanigara sakêtêr kinidung ning akung | lir wuwusing pinipanca papêthaking ayam wanèh ring pagakan | mrak manguwuh bramara ngrabasa kusuma ring wara baswara rum ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sampun lêpas lampahe Radèn Narayana kalih ingkang rayi Rêtna Wara Subadra, kapungkur nagari Madura, sampun ngancik jajahan nagari Mandraka, sinigêg ingkang lagya lumampah, gênti cinarita, nagari ing Tasikmadu, sami midih kumbala.

Mungêl gêndhing Capang, ngadêg Prabu Partasudarma, cèthi kalih ngadhêp ing wuri, ingkang cakêt ing ngarsa, Patih Jayalugita, gêndhing dipun jantur, dipun caritakakên.

--- 2 : 319 ---

Anênggih nagari ing pundi ingkang gênti kocapa, ing nagari Tasikmadu, Mahaprabu Partasudarma, ingkang pinarak ing pandhapa, ingkang cakêt ing ngarsa Rêkyana Patih Jayalugita, cinarita ing pagêdhongan Prabu Partasudarma, saangkate caraka ingkang kautus mundhi pustaka, nglamar dhatêng nagari ing Mandraka, ing wuri sri bupati anggêgabah prajurit. Agung angsung dana ing kawula mantri bupati, waradin dugi pakathik, sami tinuwukan dana boja, nuju miyos ing pandhapa, sang prabu sampun ngrasuk busana, kasaru sowanipun Patih Jayalugita, mangkana pangudasmaraning driya Prabu Partasudarma.

Kadingarèn si bapa Jayalugita, seba ora tak timbali, baya ana gawene apa.

Gêndhing kaunggahakên, sawatawis dangu nipun[3] suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Pancala raja dulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Sang Prabu Ngandika.

Bapa Jayalugita, ana pawarta apa ing paseban pagêlaran, dene kowe lumêbu marang kadhaton ora tak timbali.

Aturipun.

Kawula nuwun nuwun. Mila pun Jayalugita sowan ing ngarsa sang prabu angaturi uninga, kawula nampèni aturipun Lurah Wijamantri, yèn bupati yaksa

--- 2 : 320 ---

ingkang mundhi pustaka dhatêng nagari Mandraka, sami kapara ing tiwas, angaturakên duta panglawung.

Sang prabu andangu.

Jayalugita, ature Si Wijamantri, duta kongkonan, panglawung pêpati, ana rajapati apa lakune bocah bupati buta, apa wis katampan layang kang katur rama Prabu Salya.

Aturipun Jayalugita.

Kawula nuwun gusti, ingkang dados raja pêjah abdi paduka raksasa, punggawa tiga sami pêjah wontên jajahan nagari Ngastina, băndayuda kalih satriya Madukara awasta Radèn Pamadi, dene sêrat panglamar dèrèng katur, punika kabêkta wangsul, katura ing gusti kula.

Sinigêg dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Prabu Partasudarma, dupi miyarsa aturing rêkyana patih, yèn caraka pêjah wontên ing margi, pustaka kabêkta wangsul katur ing sri bupati, sanalika kaya sinêbit talingane, kalangkung dukane, jaja bang mawinga-winga, netra andik imba sirung, idêp mangada-ada, kumêjot padoning lathi, waja gathik anggigit lathi, sangking ardaning bêndu, aningali manungsa, mung katon sajêbug gêdhene, sarira anggaluga, yèn sinabêta ing mêrang, kaya bêl mijila dahana, tan liya paraning bêndu marang satriya Madukara.

Dipun suluki grêgêt saut manyura alit.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana anuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar [gê...]

--- 2 : 321 ---

[...lar] ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwiradha mangundha dhêndha ||

Sang prabu ngandika.

I i ya jagad dewa bathara, dhuh babo bapa Jayalugita, dene sabêne bupati yaksa padha têguh wantala, ora pasah tapak paluning apandhe, ing saiki padha apês ing yuda, anake padha gêntèkna, aja owah ing kabupatène. Lan kowe undhanga pradangdan, aku sumêja budhal marang nagara Mandraka alaku dhustha, kowe sakancamu bupati utawa bocah prajurit, padha mêmanukana lakuku baris sajabaning praja Mandraka, yèn kêna tak alus putri Mandraka, ora kênane sêja tak rêbut ing prang, aku dhewe kang lumêbu marang kadhaton ing Mandraka, sajroning aku laku dhustha, mung angin-angina warta ana têpis wiringing nagara Mandraka, kowe banjur budhala ing sadina iki, aku mêtu ing jumantara bae.

Aturipun patih.

Kula nuwun nuwun. Inggih dhatêng sêndika, sampun rampung timbalanipun gusti kula ingkang adhawuh, pun Jayalugita nyuwun idi pangistu, kula kalilan lajêng bidhal sakănca sadaya.

Dhawuhipun sang prabu.

Iya Jayalugita, dhawuhna bocah bupati kabèh, padha mangkata saiki, aku banjur mangkat saka kadhaton mêtu ing gêgana.

Aturipun patih.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

--- 2 : 322 ---

Găngsa mungêl kêrêpan manyura tanggung, patih mêdal. Sang prabu ngadhaton, Jayalugita prapta pagêlaran ngawe para bupati, majêng Tumênggung Juwalbita, kalih Tumênggung Jayasudirga, tiga Tumênggung Jayawiladaka, sakawan Tumênggung Jayapanigas. Sasampunipun tata lênggahan, găngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Nagabănda lampah 18. Umyang swaraning wadya wus samapta munya kêndhang gong bèri | arêbut papan ing sajuru-juru tan ana liru prênah | Rêkyana Patih Udawa minăngka cucuking wira kuswa | sang sinisuta mahambêg sudira ring prang wira tumangguh ||

Tumenggung Jayasudirga matur.

Kula nuwun kakang adipati, wontên dhawuh punapa, animbali rayi-rayi sampeyan.

Rêkyana patih mangsuli.

Mulane si adhi padha tak timbali, sumurupa karsane gustimu tindak marang Mandraka, andhustha Rêtna Banuwati, aku sakănca bupati mantri tuwin prajurit, dikakake mêmanuki, baris ana têpis iringing nagara Mandraka, yèn Rêtna Banuwati ora kêna didhustha, karsa dirêbut ing prang, dene ingkang sinuhun tindake marga ing gêgana, mulane konca kabèh yèn wis pradangdan, dikakake mangkat saiki.

Aturipun ingkang dhinawuhan.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika sêndika.

Patih dhawuh malih.

--- 2 : 323 ---

Adhi Tumênggung Jayapanigas, dhawuha prajurit padha pradangdana, sikêpa sagêgamane, bakal budhal marang Mandraka ing sadina iki, kêrigan aja na kang kari.

Aturipun Jayapanigas.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, rampung timbalanipun kakang adipati, kula kalilan mêdal andhawuhakên pradangdosan.

Patih ngucap.

Iya adhi banjur undhanga, wis ora nana dhawuh liyane manèh adhi.

Tumênggung Jayapanigas mundur, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Enjing budhal gumuruh sangking ing Dwarawati sagunging balakuswa | abra busananira Kyana Patih Udawa myang Radèn Wrêsniwira | sang narpatmaja samya nindhihi wadyanira kang sumambung pragota | lèn prabawa sumagup mangrusak gêlarira wil wira pancatnyana ||

Jayapanigas undhang-undhang.

He he bocah ing Tasikmadu, sarupaning mantri tuwin prajurit padha pradangdana, mangkat marang nagara Mandraka ing sadina iki, padha sikêpa gêgaman ing prang, aja kurang pangati-ati, sadhiya obat mimis aja nganti kurang, yèn wis pradangdan, nglumpuka ngêntèni unining têngara, bêndhe sapisan dangdan, bêndhe kaping pindho nglumpuk, bêndhe ping têlu bodhol.

Aturipun ingkang dipun dhawuhi.

Inggih dhatêng sêndika sêndika, mara kănca padha pradangdana, sadhiya obat mimis [mi...]

--- 2 : 324 ---

[...mis] aja kakurangan. Kawuningana punika sampun sami samapta, samasa-masa bidhal sampun ngalêmpak sadaya.

Tumênggung Jayapanigas wangsul, dipun suluki grêgêt paut[4] manyura.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangungsir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Jayapanigas mamarsa matur.

Kawuningana ing sampeyan, punika sadaya punggawa mantri tuwin prajurit sampun sami pradangdosan, samasa-masa mangkat sampun sami arakit.

Rêkyana Patih ngandika.

Nêdha kănca dawêg umangkat.

Găngsa mungêl kêrêpan tanggung manyura, para bupati mangkat, prampogan kalampahakên rumiyin, nuntên para punggawa ganti-ganti, lampahipun manêngên. Patih mlampah kantun piyambak, sami ginarbêg prampogan. Sasampunipun patih lumampah Prabu Partasudarma ngadêg. Găngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Pancala raja dulur | Nirbinta mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Dipun caritakakên.

--- 2 : 325 ---

Wau ta Prabu Partasudarma sampun angrasuk busana kaprabon. Gêlung sinupit urang, tur kinancing ing rêtna, anting sotya, sumping kancana pinindha gubahan surèngpatih,[5] sangsangan kêbo mênggah, kêlatbau naga măngsa, binggêl maniking toya, supe tajug kanan kering, kroncong sarpa raja, kampuh limar wilis, paningsêt renda gubêg, lancingan cindhe gubêg, kinancing sotya, sêmbulihan sumampir ing warăngka ladrang, landheyan tunggak sêmi, kandêlan kamalon rêta, dhuwung tinatah tinaturêngga, badho[6] giwangkara, praba kancana tinatrapan sotya, sawusing angagêm sagunging pusaka, inggal mêdal saking prabasuyasa, arsa mêdal ing dirgantara, kinêncêngakên tali badhonge, nênga gêgana, dêdêl pratiwi, kêbat kadi kilat, kêsit kadi thathit.

Găngsa mungêl kêrêpan tanggung manyura, Prabu Partasudarma kalampahakên ing gêgana, sawatawis lampahan găngsa dipun suwuk. Kajêng katancêpakên têngah, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning yahning talaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma ya sumawur | lumrang ingkang sari kadi jaladdha ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Partasudarma mahawan ing jumantara, dangu miling-miling anjangkung midêr kaèdêran, anjajah paningale, kêmput sawawêngkoning praja Tasikmadu, katingal untabing para prajurit sajuru-juru, tuwin katingal lampahing para punggawa anggrêgut. Agênging dêdamêl anglangkungi, ciptaning tyas Prabu [Pra...]

--- 2 : 326 ---

[...bu] Partasudarma, sapa kêlar anglawan yudane prajurit ing Tasikmadu. Sawusing suka girang-girang ing driya, inggal maniyup ngèmpèr dènnya lumampah ing bumantara, sinigêg ingkang lagya lumampah, gênti kocapa ing kadipatèn Mandraka, tan pêgat dènnya cêcarita.

Mungêl ladrangan Kăndhamanyura, ngadêg Burisrawa, kang ngadhêp ing ngarsa Patih Tuhayata, găngsa dipun jantur kacaritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, ing kadipatèn Madyapura Radèn Burisrawa, lagya pinarak ing pandhapa, abusana kasatriyan. Dhasar Radèn Burisrawa agêng inggil sarira pupuk sêmbada, kulit nêmbaga sinangling, muka pindha yaksa, tutuk cawak ajatha, imba sirung netra pêndul, ulat galak, godhèg bris kumbala capang, rema bontit dèn ore, sinêmbadan busanane, ajamang mas susun tiga, sumping kêncana pinindha sêkar bêndha kumlèwèr dhawah pamidhangan, anting sotya, sangsangan gandhowara, lur-ulur naga rangrangan, kêlatbau naga măngsa, gêlang kana, kroncong awak sarpa, kampuh bèrêm pinarêmas, paningsêt cindhe wilis, calana cindhe puspita gubêg, uncal wastra uncal kancana, sêmbulihan nutupi wangkingan. Cinarita Radèn Burisrawa, miyarsa yèn ingkang rayi ing Tanjunganom sampun prapta saking Ngastina, nulya nimbali Rêkyana Patih Tuhayata, mangkana dupi prapta ing ngarsa Patih Tuhayata, têbih dèn awe, cêlak rinakêtakên, rupèpèh-rupèpèh kadya sata manggih krama, laju lênggah ing ngarsa tumungkul amarikêlu, pindha konjêma ing bantala mukane, mangkana panglocitaning wardaya Patih Tuhayata, kadingarèn gustiku ing kadipatèn nimbali ing aku.

--- 2 : 327 ---

Găngsa mantun dipun jantur, sawatawis dangunipun kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sasradhara Kawêkas lampah 20. Mèh raina sêmu bang hyang aruna kadi netraning angga rapuh | sabdaning kokila ring kanigara sakêtêr kinidung ing akung | lwir wuwusing pinipanca paptaking ayam waga ring pagakan | mrak manguwuh bramara ngrabasa kusuma ring para aswana rum ||

Aturipun Tuhayata.

Kawula nuwun anggèr, wontên karsa punapa animbali dhatêng pun Tuhayata.

Pangandikanipun Burisrawa.

Bapa Tuhayata, mulane kowe tak timbali, priye lakune bandaramu adhi mas ing Tanjunganom, mênyang Ngastina, dhawuhake wuwuhe pundhutan patah lanang wadon, apa sinuhun Ngastina nyaguhi bapa.

Aturipun Tuhayata.

Kula nuwun anggèr andangu wangsulanipun raka jêngandika Kangjêng Sinuhun Ngastina, sêndika kapundhutan wêwah patah jalu wanudya, dene pangarakipun inggih samasa-masa sampun angsal patah.

Radèn Burisrawa ngandika.

Bapa, yèn mêngkono kowe banjur sadhiyaa, kancamu bupati, anampanana dhayoh punggawa Ngastina utawa Ngamarta, ing jaba aku bodho mênyang kowe, dene Kurawa ingkang dipatah nêmoni bandaramu ing Tanjunganom, utawa Si Nangkula Si Sadewa, kaya wis cukup ing samasa-masa pangantèn têka ing Mandraka.

--- 2 : 328 ---

Aturipun Patih Tuhayata.

Kawula nuwun inggih anggèr dhatêng sêndika, sampun rampung timbalanipun gusti kula ingkang adhawuh, pun Tuhayata kalilana wangsul dhatêng ing pakajangan.

Radèn Burisrawa mangsuli.

Iya Tuhayata, wis balia marang pakajangamu, aku tak seba marang pasanggrahane kakang Prabu Madura, manawa katungka têkaning pangantèn, aja nganti dadi kagète kakang prabu.

Gongsa mungêl ayak-ayakan manyura, Patih Tuhayata mêdal dhatêng alun-alun. Radèn Burisrawa kalampahakên manêngên, badhe dhatêng pasanggrahan Madura. Sinigêg ngadêg Rêtna Subadra, kalih Radèn Narayana, găngsa dipun jantur, dipun ucapakên.

Wau ta lampahipun Rêtna Wara Subadra, kalih satriya ing kadipatèn, Radèn Narayana, sampun dumugi watêsing praja Mandraka, kathah janma sêsarêngan lumampah sangking padhusunan paminggiring nagari, sami manjing praja, sêja tumingal badhe dhaupe Rêtna Banuwati, samarga-marga anglur tan ana pêdhote, sadaya janma ingkang kapapagan tuwin sarêngan lumampahing Rêtna Wara Subadra kalih Radèn Narayana, sami kagawokan anon warnane kusuma Banoncinawi, kalih ingkang raka Radèn Narayana, ana ingkang narka yèn pangantèn anyar, badhe ningali pangantèn ing Ngastina, têmahan janma jalu wanudya sami ngiringakên lampahe satriya ing kadipatèn Madura kalih ingkang rayi Rêtna Wara Subadra, sarêng dungkap dumugi salêbêting praja, Radèn Narayana kèndêl, karsane badhe wangsul, Rêtna Wara Subadra piyambak tinuduh laju dhatêng pasanggrahan Madura.

--- 2 : 329 ---

Găngsa mantun dipun jantur, sawatawis dipun suwuk, dipun suluki sastradatan manyura alit.

Sêkar Swandana lampah 20. Atap para apsari tumonton ing sang dwija kadyage wor jiwa | kagagas ing tyas dahat kewraning karyanira datanpantuk samya | myang rêngganing aldaka roning kadhêp kumêdhap kadya pangawening | sang dwija lunging gadhung malêngkung katiyup ring maruta kawuryan ||

Radèn Narayana ngandika.

Rara Bratajaya, iki wis têka sajroning nagara kowe banjura marang pasanggrahane kakang prabu dhewe, aku tak bali, yèn kakang prabu dangu kang ngatêrake iya matura yèn aku, nanging bali ing dalan.

Wangsulanipun Wara Subadra.

Kakang, yèn kowe arêp bali ing kene bae, aku durung wani lumaku dhewe, najan kowe ora milu banjur lumêbu ing pasanggrahan, iya mêmanukana têka kadohan bae, yèn aku wis lumêbu ing pasanggrahan, kowe balia kakang.

Radèn Narayana mangsuli.

Lo rak gèsèh Subadra karêpmu, wong wis têka nagara wong lumaku sêpirang-pirang sing kok wêdèni bae apa, karodene mêngko yèn wis cêdhak pasanggrahan, la rak ya ana wong Madura salah siji kang kêna dikon ngatêrake lakumu, lan banjur mêtua lawang butulan jujug ing buri, aja mêtu plataran. Iki dêlênge wis dungkap gawening pangantèn, pasthine kakang prabu akèh rewange ingkang padha mêngku gawe.

--- 2 : 330 ---

Rêtna Subadra aturipun.

Kakang, yèn kowe ora gêlêm ngatêrake manuki lakuku têkan pasanggrahane kakang prabu, kudu bali mulih têka kene, aku milu bali bae kakang, bêcik wis têkan kene oraa, aku ora gêlêm lumaku dhewe.

Radèn Narayana mangsuli.

Olèhmu dhangkal iku ora kira-kira Subadra, apa tumon wis têka kene arêp milu bali mulih, apa mrene ming jaga-jaga nglêmêsake sikil, apa kliling bae, ayo ta lumakua dhingin tak manuki saka kadohan, mêngko kowe têka pasanggrahan aku bali.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Subadra lumampah rumiyin, lêt têbih Radèn Narayana mangkat, sangsaya kantun, lampahe Wara Subadra gancang, kapêthuk ing Radèn Busrisrawa, Rêtna Subadra kèndêl. Burisrawa lajêng marpêki, sami kèndêl satata, ayak-ayakan dipun jantur, kacaritakakên.

Wau ta kusuma Wara Subadra, kandhêk dènnya lumampah kapêthuk ing Radèn Burisrawa, satriya ing Madyapura, sarêng miyat ing kusuma Banoncinawi, kagèt agora wêkasan, nulya marpêki, dupi parêk sapandurat datan angandika, pangudasmaraning driya têka mangkana i i ya jagad dewa bathara, iki bocah wadon ing ngêndi, dene anyar katon. Tak kira dudu janma manungsa, apa baya pêri parayangan. Tansah dipun sawang-sawang, raosing tyas Radèn Burisrawa kadya kataman ing guna dhêsthi, kongsi kamitênggêngên, netra [ne...]

--- 2 : 331 ---

[...tra] mandêng kumêdhèp kaca, tutuk mangap lathi doblèh, ilêr têlês janggut jaja blèbèr ing paningsêt botên kraos.

Sinigêg găngsa mantun dipun jantur, sawatawis dipun suwuk, dipun suluki sastradatan, manyura alit.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mahagnya ||

Burisrawa têtanya.

Mêngko ta mandhêga lakumu rara, aku arêp takon, kowe iku bocah ing ngêndi sapa jênêngmu, aja kowe tanbuh, aku satriya ing kadipatèn Madyapura, aranku Radèn Burisrawa.

Rêtna Subadra sumaur.

Aku bocah Madura, aranku Subadra, kowe apa karêpmu radèn dene ngadhangi lakuku.

Radèn Burisrawa gumujêng sumaur.

I i hêng hah hah hah, Subadra, walèh-walèh apa nimas. Mulane aku marpêki lakumu wong ayu, ayo kowe tak gawa mulih ing kadipatèn, lêganing atiku bêbanaa, ingkang ana tanbuhana, ingkang ora nana takokna aku ingkang minangkani, babo mirahe si kakang dhewe, suwawi kula ban sabuk, suwawi kula ban ojong.

Dipun caritakakên.

Wau ta Rêtna Wara Subadra, sarêng miyarsa pangandikane satriya ing kadipatèn, [kadipatè...]

--- 2 : 332 ---

[...n,] sapandurat datan angandika, kaya sinasag sarirane, sarta sarêng dipun rungrum, kasangsaya kamigilan, kesah arawat waspa, gumêtêr sarira sadaya, Radèn Burisrawa tut wuri sarwi motha-motha, sarêng pisah Rêtna Subadra jêrit lumajêng wangsul dhatêng panggenanipun Radèn Narayana.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Radèn Burisrawa pirsa Rêtna Subadra jêlih lumajêng, asambat kakang jaluk tulung, kèndêl pambujêngipun cangcut. Găngsa dipun suwuk tanpa suluk.

Radèn Burisrawa ngucap.

I bok Badra, dene lumayu bali, lumuh ginawe bêcik, apa ingkang kojaluk, mlayu mênyang ngêndi kowe, tak tut saparanmu, sapa ingkang kêduga kok ungsèni, mandhêga bok Badra tambanana laraning atiku nimas.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Burisrawa nututi lumajêng. Sinigêg, ngadêg Radèn Narayana, Wara Subadra lumajêng prapta tawan tangis, lajêng ngrangkul kang raka, găngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Sang Krêsna mangadêg musthi cakranira anguwuh-uwuh | hèh sang apandhita sun lêpasi cakra sira dèn yitna | risang wara Bisma miyat ing Sri Krêsna mangayat cakra | sru suka turira agya kamayangan tuwan nguntapna ||

Dara Subadra tawan tangis matur.

Kakang kêtiwasan, tujune kakang kowe ijèh ana kene, yèn wisa kowe bali sapa ingkang tak jaluki tulung.

Radèn Narayana kagèt têtanya.

--- 2 : 333 ---

Ana apa rara, dene kowe lumayu kapiandhêm atawan tangis.

Rêtna Subadra matur.

Kakang, aku lumaku iki mau kapêthuk satriya ing kadipatèn Madyapura, pangakune jênênge Radèn Burisrawa, ngadhangi gonku lumaku, banjur takon aran lan pinangkaku, aku tutur apa ing satêmêne, aku banjur dipotha-potha, aku lumayu dibêburu, kakang aku ora suka ora lila.

Sinigêg Radèn Burisrawa nguwuh-uwuh.

Bok Badra mandhêga nimas. I hêng hah hah hah, babo mirahe si kakang dhewe, puk puk nang clèrèt cêngèr, dhas kalong apêruntus êmbèk, wog wog kêthêkur wog wog kêthêkur wog.

Sinigêg Radèn Narayana ngandika.

Lo rara kae apa wonge kaya barongan bubrah rupane, mara sumingkira karêpe têka kene, Burisrawa prapta, dipun suluki grêgêt saut manyura, Rêtna Subadra sumingkir.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Pancala raja adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Radèn Burisrawa ngucap.

Hèh kowe wong ngêndi sapa jênêngmu pantèn.

Radèn Narayana sumaur.

Kowe takon aku abdi truna rakêt ing Madura, jênêngku Kenthol [Kentho...]

--- 2 : 334 ---

[...l] Trunawăngsa, kowe sapa jênêngmu, apa karêpmu krêmbyah-krêmbyah marpêki gonku lumaku ulatmu jlalatan.

Burisrawa sumaur.

Bihik wurung wong idicêprot, clathune dene daya-daya anggêre gêlêm. Apa ora sumurup yèn aku putra Mandraka satriya ing kadipatèn Madyapura aku Radèn Burisrawa, mulane aku marpêki gonmu lumaku arêp jaluk buronku.

Radèn Narayana nauri.

Wong iku apa kawitane, lah dene pangakumu prayayi atmajaning nata, dene polahmu krêmbyahan kalung cindhe bêngak-bêngok cikrak-cikrak gumuyu nganti ngablak kaya jambal nyarap pancing, apa katênta yèn ngreyok, nganggo sondhèr apa sok nopèng lènggèr, karo ora nana kidang manjangan. Kowe jaluk buronmu apa, apa pandêlêngmu ing kene katon alas ana grumbule.

Burisrawa sumaur.

Hah dudu kidang manjangan buronku, wong wadon bok Badra kang ana burimu iku tak jaluk, najan arêp nusul marang pasanggrahan Madura iya barênga karo aku, sokur banjur gêlêm jujug ing kadipatèn. Aku kang matur kakang prabu, dene kowe Trunawăngsa jaluk apa tak wènèhi, aja kowe ngukuhi tak eman. Yèn kowe miturut tuturku, ora-orane kurang kamulyan. Ingkang bakal tumiba ing kowe, lan ora-orane dadi dukane kakang prabu, aku ingkang nanggung.

Radèn Narayana mangsuli.

--- 2 : 335 ---

Apa ana satriya mêngkono wicaramu, dadi tak tutake doh Madura têkan kene kok anggêp bêburonmu, aja brêgudung balia yèn kêna, najan kowe pyayi aku dudu baturmu, wêdi gustiku dhewe, yèn kowe arêp paripaksa, mara cobanên, yèn kowe arêp ngicipi tangane Kenthol Trunawăngsa.

Sinigêg dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Radèn Burisrawa, dupi miyarsa wuwusing Radèn Narayana, mamirang amêmiringi, madêg suraning driya, jaja bang mawinga-winga, idêp ngada-ada, netra angantirah, kumêjot padoning lathi, waja gathik anggung ginigit, kumbala ngadêg, sarira kumukus, saking ardaning duka, sinabêta ing mêrang, kaya bêl mijila dahana.

Dipun suluki grêgêt saut manyura,

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah nikang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nura kamuk | irika sa-Korawa ngrêbut mangambuli sara warèng Dananjaya nangsêh | makamuka sang dwijendra krêpa Karna Salya guru putra lèn kurukula ||

Burisrawa ngandika.

I lah lah lah ambêke wong Madura Lurah Trunarakêt bae têka wani mancah marang aku, yèn ora kok ulungake aku wis prasêtya ora nêja rabi yèn ora mêngku bok Badra, maka arêp kok alang-alangi, apa nganti kowe kêtiban tanganku.

--- 2 : 336 ---

Radèn Narayana sumaur.

Lah bok kok coba, jaba glundhungan murdane Trunawăngsa kowe bisa gêpok Rêtna Wara Subadra, yèn isih urip aku, kaya ora klakon karêpmu iku Burisrawa.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Burisrawa nubruk dipun sarêngi tinêbak jajanipun dhawah sumaput, dinugang gumlundhung, wungu lajêng prang buwang-binuwang, Burisrawa sor titih, Radèn Narayana tinêbak milar Burisrawa dipun têpak pasunipun kantaka, lajêng dipun candhak binuwang sumêbrung, dhawah taksih galoyoran, èngêt lajêng narik curiga, găngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Bayak-bayak ingkang wêtuning sanjata | Nrêpati Mandraka mêmpêng sru sarosa | kroya gya mênthang langkap ingkang pinusthi | căndhabirawa gêng kusumawicitra ||

Radèn Burisrawa mangucap.

I lah nyata yèn prawira, ora mambu cilik, tangane kaya gayung wêsi, tak arani pêcah pasuku, hèh apa kang katon iki.

Radèn Narayana sêsumbar.

Arêbutên, iki Kenthol Trunawăngsa, Burisrawa iku kang kanti rasa, yèn kêna mundura aja kowe ngudung, kowe narik curiga, arêp nibani gêgaman, mara tibakna, kaya bocah jèdhèng kok wêdèni gêgaman, mara pêdhaka mrene, ora kudu tak lawani narik curiga, mara sabudimu Burisrawa, tak èpèk-èpèk bae rampung.

--- 2 : 337 ---

Radèn Burisrawa mangsuli.

I babo bok aja ngêndêlake wulêding kulite Trunawăngsa katiban gêgamanku, aja nganti pêcah kulitmu, kêbrèbèta bae tak kira ora kêna digrayang bathangmu.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Burisrawa mangsah prang dangu, Radèn Narayana pinarjaya wanti-wanti datan tumama, nulya dipun rangsang jinambak. Sirah tinungkulakên, nulya tinêpak pilingane niba gumuling siti lajêng dipun idak-idak, cinandhak dipun ungsêb-ungsêbakên ing siti, wadanane Radèn Burisrawa gêgubras tlethong, busana gupak lêbu, jamang malêsat, rema dhawul-dhawul, sarira sadaya ngêmu rah, lajêng binucal dhawah têbih taksih bêbanyaki, èngêt lajêng lênggah, gosa[7] dipun suwuk, tanpa dipun suluki, Burisrawa ngucap.

Hèh Trunawăngsa, bêcik têmên. Iya tak aturake kakang Prabu Madura, ora suka ora trima, tak suwun ukummu, aja oncat bae lêganing atiku.

Radèn Narayana mangsuli.

Mara matura karo setan bêlang, ora-orane tak tinggal lumayu.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Burisrawa wangsul nêja dhatêng pasanggrahan Madura. Sinigêg ngadêg Prabu Baladewa, cèthi kalih ing wuri, ingkang cakêt ing ngarsa Rêkyana Patih Prabawa, găngsa dipun jantur, lajêng dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, ing pasanggrahan Madura Prabu Baladewa [Bala...]

--- 2 : 338 ---

[...dewa] ingkang lagya pinarak ing mandhapa, animbali rêkyana patih Patih Prabawa, mangkana ing pagêdhongan. Sinuhun Madura dènnya mangku karya badhe dhaupipun Rêtna Banuwati, sadaya rêrakiting sugata, tuwin badhe pakurmataning pangantèn sampun sami rinakit. Ingkang sampun rawuh ing Mandraka sinuhun ing Ngamarta, Prabu Baladewa anganti-anti dènnya nimbali ingkang rayi kusuma Banoncinawi, badhe dipun sumbangakên patah wanudya, ciptaning wardaya badhe utusan jujul lampahe Patih Pragota.

Găngsa mantun kajantur, sawatawis dangunipun kasuwuk. dipun suluki manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Lêlawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah | yèn bisaa muwus pagene Pandhawa tan ana tumut | ri pati aminta prajanta sêpalih sêkaring tangjung | ruru ambalasah lêsah kadya susah ngêsah kapisah ||

Prabawa, dene lawas lakune Si Pragota angundang bandaramu Si Subadra, yèn ora bisa lumaku mrene bênêre anaa tuture, apa ingkang dadi sababe, nganti saiki durung têka, yèn kadhinginan têkaning pangantèn Ngastina priye.

Aturipun Prabawa.

Kula nuwun gusti, kados yèn rayi jêngandika ing Banoncinawi botên sagêd sowan dhatêng Mandraka, saistu sampun wontên aturipun pun kakang Pragota, manawi rêmbênipun wau saking lampahipun gusti kula ing Banoncinawi, dhasar têbih ing Madura dumugi Mandraka.

Dhawuhipun Ratu Madura.

Manawa Si Subadra ora têka ing sadina iki, kowe sesuk muliha marang

--- 2 : 339 ---

Madura, inggalna gustimu Si Subadra, mangkata barêng satêkamu, aja nganti kadhinginan pangantèn Ngastina.

Aturipun Prabawa.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Sinigêg dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Prabu Baladewa, eca imbal wacana, kasaru praptane satriya ing Madyapura, lajêng ngrungkêbi pangkoning sang prabu asambat-sambat.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, sasampunipun Burisrawa dhatêng ngrungkêbi pangkon, găngsa kasuwuk, dipun grêgêt sauti manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Dyan Seta umangsah krodhanira dening patining ari kalih | tumanduk sabala galak lir sardula sêdhêng măngsa kumêrut | prawira Wiratha umangsah mangukih lir buta măngsa daging | Seta Senapati gumrit ratanira mênthang langkap nglêpasi ||

Burisrawa sêsambat.

I hi kakang prabu pêjah kula, botên suka botên lila, kula dipun pilara ing tiyang Madura, badan kula ngêmu rah sadaya, kakang prabu kula nyuwun adil ing sampeyan.

Prabu Baladewa têtanya.

Lho priye adhi mas mara matura, apa mulane kowe nganti salin sipat mêngkono, rambutmu kreyaban, jamang busanamu padha rusak, awak wadanamu gupak lêbu utawa tlethong, iku mau priye, sapa ingkang wani milara ing kowe.

--- 2 : 340 ---

Burisrawa umatur.

Mêngkatên kakang prabu, kula punika wau badhe sowan ing sampeyan, wontên margi prapatan kilèn punika kapêthuk ing rare èstri, kula takèni saking Madura, badhe nusul kakang prabu, kula jak sarêng rare èstri botên purun, nuntên lumajêng wangsul, lajêng kula tutakên, kantun-kantun dipun tutakên tiyang jalêr taksih neneman. Kula pitakèn pangakênipun Lurah Trunarakêt ing kadipatèn Madura, namane Kenthol Trunawăngsa, pun Subadra kula têdha botên suka, kula lajêng dipun pilara, i hih hih kang prabu pêjah kula dipun ungsêb-ungsêbakên ing tlethong, kula nyuwun adil kakang prabu, kula pratignya, botên purun rabi yèn botên jatukrama kalih bok Badra.

Sinigêg dipun caritakakên.

Prabu Baladewa, sarêng miyarsa aturipun Radèn Burisrawa, sampun andugi yèn ingkang rayi Radèn Narayana ingkang ngakên Trunarakêt, wasana angandika.

Adhiku adhiku Burisrawa, ingkang milara ing kowe iku wong kadipatèn Madura, layak rada mêndêm. Yèn ora mêndêm iku suda èngêtane, dene wani ing kowe, labêt winêkas bandarane angiringake Si Subadra, saiki ana ngêndi, lan sêpira gêdhe dhuwure, dene kowe kasoran, kaya apa rupane yayi.

Burisrawa matur.

I hih hih hih, kakang prabu, botên labêt wuru tuwin ewah èngêtanipun, [èngêtanipu...]

--- 2 : 341 ---

[...n,] tiyang ingkang wasta Kenthol Trunawăngsa dhasar ngeja purun wantah kimawon, wujudipun tiyang andhap alit, kulitipun cêmêng, sapunika inggih taksih wontên ing margi agêng.

Prabu Baladewa mangsuli.

Wis arya karia aja lunga-lunga, tak paranane mêngko tak ukume.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Prabu Madura mangkat anututi Wara Subadra, Radèn Burisrawa Prabawa sami kantun. Radèn Narayana, Rêtna Wara Subadra sampun panggih kalih Prabu Baladewa, saantawis gongan, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Prabu Baladewa ngandika.

Padha raharja lakumu Narayana, utawa kang padha kari ana Madura.

Aturipun Radèn Narayana.

Kula nuwun inggih, ingkang sami kantun ing nagari Madura, tuwin lampah kula, angsal pangistunipun kakang prabu, sami manggih raharja.

Ratu Madura ngandika.

Rada tak arêp-arêp, aku watir yèn kadhinginan têkaning pangantèn, marga adhimu Si Subadra arêp tak aturake dadi patah, kabênêran iki pangantèn durung têka, tak arani dudu kowe dhewe ingkang ngatêrake Si Subadra.

--- 2 : 342 ---

Aturipun Radèn Narayana.

O tujunipun kakang prabu kula piyambak ingkang ngatêrakên rayi sampeyan pun Subadra, yèn ta dipun atêrna pun Pragota saistu manggih susah sadaya, punapa wontên pun Burisrawa sumêrêp rayi sampeyan, tingkahipun calunthangan lunjak-lunjak kerogan kados tiyang ewah dipun kumadhuh, dados ragi kula papali punika wau.

Pangandikanipun Prabu Baladewa.

Iya, sumurupku yèn adhimu Si Subadra wis têka, marga tugure Si Burisrawa, wis ta adhimu banjur tak aturake marang kadhaton bae.

Narayana matur.

Kula nuwun inggih sumaga, namung kula lajêng nyuwun pamit wangsul mantuk dhatêng Madura.

Sri Baladewa mangsuli.

Iya Narayana, apa kowe ora tatêmu bakayumu bok Ratu Erawati, utawa milu seba paman aji Mandraka, mupung durung pangantèn têka.

Aturipun Radèn Narayana.

Kakang prabu rêbat inggaling lampah, nagari Madura sangêt sêpênipun, namung kakang prabu kagalih benjing punapa konduripun, utawi rayi sampeyan pun Subadra punapa yèn bibar pangantèn kaantukakên rumiyin, punapa sarêng konduripun kakang prabu.

Ratu Madura mangsuli.

Adhimu Si Subadra Narayana, besuk barêng ulihe bok ratu bubar sapasaring [sa...]

--- 2 : 343 ---

[...pasaring] pangantèn, Si Pragota sakancane kon mêthuk marang Mandraka.

Radèn Narayana matur.

Inggih dhatêng sêndika. Rara Subadra, karia, aku mulih marang Madura.

Rêtna Subadra mangsuli

Kakang iya, aku jumurung raharja, manawa aku ora mulih barêng kakang prabu bae kowe dhewe ngatêrna aja ngamungake Si Pragota bae.

Găngsa mungêl ayak-ayakan. Prabu Baladewa, Rêtna Subadra, lajêng dhatêng kadhaton, Radèn Narayana mumbul ing jumantara kondur dhatêng Madura, sami kalampahakên gantos-gantos. Kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Kilayunêdhêng, lampah 22. Nêmbang têngara mungdur sawadyane nêja kondur maring jroning puraya | wraha palwaga samya amarigi kang katrajang gigirira karowak | sangsaya sangêt palayuning bala kapya rêbut dhucung sampun atêbih | prapta jroning pura sang nata sineba pêpak punggawa lir kilayunêdhêng ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Radèn Narayana, sampun wangsul mahawan jumantara, nêja kondur dhatêng Madura, Prabu Baladewa, kalih Rêtna Wara Subadra, sami laju manjing ing kadhaton. Sinigêg gênti cinarita salêbêting kadhaton Mandraka, bang-bang wetan janma sami ngangkak karya.

Mungêl gêndhing Sumirat, ngadêg Prabu Salya, Ratu Madura, Ratu Ngamarta, Radèn Bratasena, sami jajar pinarak. Ingkang ngadhêp ing ngandhap Radèn Rukmarata,

--- 2 : 344 ---

Radèn Nakula, Radèn Sadewa, cèthi kalih mungging wurining nata, gêndhing dipun jantur, nundên[8] dipun caritakakên.

Anênggih gênti kocapa, ing salêbêting kadhaton Mandraka, sintên ingkang lênggah ing pandhapa, Mahaprabu Salya, kalih Prabu Baladewa, sami manggihi tamu kang sampun prapta, ingkang putra ratu ing Ngamarta sapara kadangipun. Radèn Bratasena, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, namung panêngah Pandhawa ingkang botên dhèrèk. Mila sakathahing janma ing kadhaton sami cuwa dènnya ningali, dene satriya Madukara botên umiring, mangkana Narapati Salya pangudasmaraning wardaya, lah iki anakku Ki Arya Palguna dene ora nana apa wadine.

Ratu Mandraka angancarani ing Ratu Ngamarta, mangkana pangandikanipun.

Anak prabu ing Ngamarta, sumaga kula aturi majêng gèn sampeyan pinarak.

Aturipun ratu ing Ngamarta.

Inggih uwa aji, kula amit pasang paliman tabe, kasabêta ing ila-ila dina, mugi lêpata ing tulah sarik tuwin sapudhêndhaning jawata, dene kula jajar pinarak ing paduka.

Prabu Salya mangsuli.

Anak prabu, sampun mawi sumêlang ing panggalih, kula ingkang tanggêl lêpata dhêndhaning dewa.

Gêndhing kainggahakên, sawatawis dangunipun kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura.

--- 2 : 345 ---

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Kilwan sêkari kang têtaman arêpat rèhnya balekancana | somabrama hêning pawal natarikang rok mutyaara raras | we durya marani labapraning pagêr tungjung mahantên lumêng | munta bintêni gopuranya macawi tang surya kanto jwala ||

Ratu Mandraka nêmbrama.

Anak prabu ing Ngamarta, katuran panakrama sarawuh sampeyan wontên nagara Mandraka.

Aturipun Ratu Ngamarta.

Kula nuwun inggih dhatêng anuhun, panakramanipun kajêng wa aji, katampèn asta kêkalih, ing sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, kacangcang ing rema, kapêtêk ing jaja, tumanêma kulunging manah, rad daging kayuwanan, kapundhi kados jimat paripih, amêwahana bagya kayuwanan kula.

Ratu Mandraka nêmbrama ing Sena.

Kulup Bratasena, bagea satêkamu ing nagara Mandraka.

Bima mangsuli atur.

Iya uwa prabu, ing pambagemu sadurung sauwise bangêt panarimaku.

Prabu Salya nêmbrama ing Radèn Nakula.

Kulup Nakula, bagea satêkamu ing nagara Mandraka.

Nakula umatur.

Kawula nuwun inggih dhatêng anuhun, timbalanipun kangjêng uwa aji ingkang adhawuh, sadèrèng sasampunipun, dahat kalinggamurda, kacadhong asta kêkalih, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra dhatêng pranaja, rad daging kayuwanan,

--- 2 : 346 ---

kapundhi kados jimat paripih, amêwahana têguh yuwana, kawula nuwun nuwun.

Ratu Mandraka nêmbrama ing Radèn Sadewa.

Kulup Sêdewa, bagea satêkamu ing nagara Mandraka.

Aturipan Sadewa.

Kawula nuwun inggih dhatêng anuhun, timbalanipun kangjêng uwa aji ingkang adhawuh, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, kacadhong asta kêkalih, kacangcang pucuking rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing jaja, rad daging kayuwanan, kapundhi kados jimat paripih, mêwahana têguh yuwana, kawula nuwun nuwun.

Ratu Mandraka matur ing Ratu Ngamarta.

Anak Prabu Puntadewa, rayi sampeyan pun Pamadi pundi, dene botên katingal, punapa taksih dèrèng dhatêng kimawon, punapa pancèn botên dhèrèk.

Aturipun Prabu Puntadewa.

Kangjêng uwa aji dangu pun Pamadi, gènipun botên sarêng sowan punika kawuningana, putra sampeyan pun Pamadi dipun timbali kakang Prabu Ngastina, badhe kadamêl patah, dados sowanipun sarêng kalih pangantèn, angiras pandamêlanipun.

Prabu Salya gumujêng ngandika.

I hêng hah ha hah, sokur bage sèwu anak prabu yèn pun Pamadi ingkang dados patahipun jalêr, anjawi damêlipun dados patah, sayêktosipun [sayektosi...]

--- 2 : 347 ---

[...pun] manah kula cuwa yèn wontên pasamuan pun Pamadi botên wontên, pangraosing manah kula sêpên. Mara priye Rukmarata kowe, apa ya padha rasaning atimu kaya aku mêngkono.

Rukmarata matur.

O inggih dewaji, botên sanès, salêrêsipun pangandikanipun kangjêng rama punika, pasamuan yèn rayi kula Madukara botên wontên, raosing manah, upami kados wadari tanpa puspita, inggih saistu samun tanpa gănda.

Ratu Mandraka ngandika ing Ratu Madura.

Anak Prabu Madura, punapa saèstu ngaturi pasumbang patah wanudya.

Aturipun Ratu Madura.

Inggih paman aji saèstu, putra sampeyan pun Subadra sampun dhatêng, kula lajêngakên dhatêng dhatulaya, ing têmbe manawi patahipun èstri dèrèng wontên, sampun ngantos kadho panggihipun pangantèn, sadaya sampun sami rumantos.

Ratu Mandraka ngandika.

Kulup Nakula utawa kowe Sêdewa, têkaning pangantèn padha têmonana kakang-kakangmu Kurawa, dadia kanthine Si Rukmarata, padha jakên bujana ing srimanganti.

Aturipun Nakula Sadewa.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Sinigêg dipun caritakakên.

--- 2 : 348 ---

Lah ing kana ta wau, eca imbal wacana Sinuhun Mandraka, kasaru gumuruh swaraning janma myang swaraning têngara, kasauran suraning pakurmatan.

Ratu Mandraka ngandika.

Anak prabu, punika pangantèn dhatêng, kula sumaga anak Prabu Madura, utawa kowe kulup Rukmarata, kanthinên adhimu Si Nakula Si Sêdewa.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Ratu Madura, Radèn Rukmarata, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, sami mêdal mêthuk pangantèn. Ratu Ngamarta, Bratasena ngalih lênggah wurinipun Prabu Salya, Prabu Kurupati kerit ing Ratu Madura, patah Rêtna Drusilawati kalih Radèn Pamadi lumampah sangajênging pangantèn. Jayadrata ngampil kunca, Sangkuni kampuh sindur tumut manjing kadhaton. Kurawa kèndêl ing srimanganti sadaya, Ratu Ngastina sampun kasadhiyan palênggahan jajar kalih Ratu Madura, patah nguswa pada, lajêng lênggah ngajêng piyambak, wontên ngandhap. Sangkuni Jayadrata lênggah wurining Prabu Kurupati, găngsa kasuwuk dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Astina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirang Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Ratu Mandraka nêmbrama ing Ratu Ngastina.

Anak prabu ing Ngastina, katuran panakrama sarawuh sampeyan ing nagari Mandraka.

Aturipun Ratu Ngastina.

--- 2 : 349 ---

Inggih paman aji dhatêng anuhun, sih panakramanipun paman aji, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, katampèn asta kêkalih, kacangcang ing rema, kapêtêk ing pranaja, tumanêma kulunging manah, kapundhi kados jimat paripih, dadosa rad daging kayuwanan, amêwahana bawa lêksananipun putra jêngandika ing Ngastina.

Ratu Madura nêmbrama ing ratu Ngastina.

Yayi prabu ing Ngastina, kaaturan sêgan panakrama sarawuhipun yayi prabu wontên ing kadhaton êng[9] Mandraka.

Ratu Ngastina mangsuli sabda.

Inggih kakang prabu ing Madura, pasang pambage sadèrèng sasampunipun kalangkung ing panuwun kula, mugi dadosa cahya mor cahya.

Ratu Mandraka ngandika ing Rêtna Drusilawati.

Rara Drusilawati, bagea satêkamu ana ing Mandraka, kowe padha raharja.

Aturipun Rêtna Drusilawati.

Kula nuwun inggih dhatêng anuhun, timbalanipun kangjêng sinuhun ingkang adhawuh, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, kacadhong asta kêkalih, kacangcang ing rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, kula pundhi kados jimat, amêwahana basuki kawiryan kula.

Ratu Mandraka ngandika ing Parta.

Kulup Pamadi, bagea satêkamu ana nagara Mandraka.

Aturipun Arjuna.

--- 2 : 350 ---

Kawula nuwun inggih dhatêng anuhun, timbalanipun kangjêng uwa prabu ingkang adhawuh, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, kacadhong asta kêkalih, kacangcang ing rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, rad daging kayuwanan, kapundhi kados jimat paripih, amêwahana têguh kayuwanan kula.

Ratu Ngastina matur ing Ratu Mandraka.

Paman prabu, sowan kula angaturakên pamundhutipun patah radèn ayu, patahipun wanudya pun Drusilawati, patahipun priya rayi kula pun Pamadi, manawi sampun katampèn patah wau, sagêda tumuntên dhauping pangantèn, benjing punapa karsanipun paman aji.

Ratu Mandraka amangsuli.

Inggih anak prabu, sampeyan maringakên patah jalu wanudya, ingkang sampun dados pamintanipun rayi jêngandika pun Banuwati, inggih sampun kula tampèni, mênggah lajêng dhaupipun anak prabu, dangu punapa ingkang dipun antosi, mapan sadaya sampun sami mirantos, namung ngêntosi gènipun maèsi pangantèn. Ing sapunika pun Drusilawati kalih pun Pamadi, dados sampun manjing tiyang ing Mandraka.

Aturipun Ratu Ngastina.

Inggih paman aji, saistu makatên. Patah sakêmbaran punika kula sumaga ing sampeyan, punapa sadamêl-damêlipun, tuwin punapa sakarsanipun putra ijêngandika rayi kula Dèwi Banuwati, sanajan kapataha pandamêlan ingkang awrat, inggih sami anglampahi.

Prabu Salya ngandika.

--- 2 : 351 ---

Kulup Pamadi, utawa kowe Rara Drusilawati, lumêbua ing kadhaton. Bakyumu banjur paèsana, utawa kakangamu anak Prabu Ngastina iridên marang prabasuyasa, yèn wis paripurna gone padha busana banjur dhaupna pisan, matura marang uwakmu bok ratu, aku sulih kowe bae, masa bodhoa ing kadhaton.

Aturipun patah kalih.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Ratu Mandraka matur ing Ratu Ngastina.

Anak Prabu Kurupati, lajêng kula aturi manjing kadhaton, sampun mawi sumêlang ing panggalih, kula dugèkakên bujana ing pandhapa kalih kadang-kadang sampeyan Pandhawa.

Aturipun Ratu Ngastina.

Inggih paman prabu dhatêng sêndika, kula nyuwun idi pangistunipun paman prabu.

Prabu Kurupati kairit patah kalih, dipun suluki sastradatan manyura alit.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanungsan kasrêpan ing ti- | ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | makadi Narpa Salya Bisma Karpa sang dwijanggêh guru ||

Dipun caritakakên.

Wau ta Prabu Kurupati, manjing kadhaton, asta kanan Radèn Pamadi, asta kiwa Rêtna Drusilawati, sami anganthi manjing kadhaton. Tatiyang kang sami

--- 2 : 352 ---

ningali uyêl-uyêlan, sawênèh sami rêrasan, pantêsing pangantèn kalih patahipun, kadya Kumajaya Kumaratih nganthi Bathara Bayu, namung satriya Banakêling agung bêbêg ing manah miyat satriya Madukara agung gigit waja, yèn ta sampuna cawêngah nuju kangge patah, kaya sinuduka gapyuk, miyat lèjême Rêtna Drusilawati sêja campuh sami patah.

Ratu Mandraka ngandika.

Arya Sangkuni, anak-anakmu Kurawa, padha pirsanana gone bujana ana ing srimanganti, aja ana taha, dupèh aku ora nana, wakilku Si Rukmarata, Si Nakula, Si Sêdewa, wis gawenên roroning tunggal, ya Ngastina ya nagara Mandraka.

Aturipun Sangkuni.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Ratu Mandraka dhawuh ing pawongan.

Bocah wadon, dhawuhana si kakang Nayataka saanake, kon banjur padha lumêbu marang karadenayon.

Aturipun parêkan.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, parêkan mêdal dhawuhakên dhatêng Lurah Sêmar saanakipun, sami manjing kadhaton. Para ratu kabêdhol, Radèn Arya Sangkuni kalih Radèn Jayadrata sami dhatêng srimanganti. Sinigêg, ngadêg Prabu Kurupati, Parta tuwin Rêtna Drusilawati, găngsa kasuwuk tanpa pathêtan.

--- 2 : 353 ---

Ratu Ngastina ngandika ing Radèn Pamadi.

Pamadi, bêcike kowe dhisika matura bibi Ratu Sêcawati, bakyumu Si Banuwati busananana, rèhning ngarêp dhawuhe patah yèn wis têkan Mandraka banjur maèsi pangantèn. Apa bakyumu Si Drusilawati prayoga kang maèsi, apa kowe ingkang maèsi.

Rêtna Drusilawati matur.

Kakang prabu, yèn kula piyambak dhatêng kêradenayon botên purun, tiyang dèrèng kang wong kalih wriyantun ing Mandraka, kalih malih mangke diarani patahe namung sêtunggal, rak inggih sae kula kalih rayi sampeyan pun Janaka sami dhatêng karadenayon tiyang kalih.

Prabu Kurupati ngandika.

Priye ta, lah rewangku sapa, ana kene dhewe kaya wong dirès, wis ta kowe bae Janaka sebaa bibi ratu dhisik. Yèn bakyumu Si Drusilawati ditimbali, aku golèkna rewang lungguhan, aja thênguk-thênguk ijèn mêngkene priye, sing bisa Pamadi, aku rewang-rewangana, aja nganti Si Banuwati montro-montro.

Mungêl gêndhing Montro, Arjuna laju dhatêng karadenayon. Kurupati Drusilawati kantun, ngadêg Rêtna Sêcawati, Rêtna Erawati, Rêtna Banuwati, Rêtna Subadra, para cèthi pêpak. Gêndhing dipun jantur, kacaritakakên.

Anênggih salêbêting kadhaton Mandraka, sintên ingkang lênggah ing dalêm karadenayon. Pramèswari Mandraka, akêkasih Dèwi Sêcawati, ingkang lênggah

--- 2 : 354 ---

jajar punika atmajanipun pambayun, akêkasih Dèwi Erawati, dene ingkang lênggah ing ngarsa kapara ngandhap, atmaja ingkang badhe pinangantèn, kusumaning ayu Rêtna Banuwati, jajar pinarak kalih kusuma Banoncinawi Rêtna Wara Subadra, mangkana sakathahing êmban inya cèthi sami pêpak andhèr, Rêtna Banuwati sadangunipun pangantèn ing Ngastina dèrèng prapta tansah udrasa, ciptaning tyas lumuh yèn kagarwa Ratu Ngastina, mila tansah mêmpên wontên ing padalêman karadenayon. Dèwi Sêcawati tansah ngimur sungkawaning putra, sami pinarak ing padalêmanipun Rêtna Banuwati, sarêng Dèwi Erawati prapta bêkta Rêtna Wara Subadra ragi wontên lêjaring panggalih, langkung malih sarêng rawuh pangantèn Ngastina, yèn ingkang dados patah wanudya Rêtna Drusilawati, patahipun priya satriya ing Madukara, lajêng bèmbrèng purun lênggah ngarsaning kang ibu, nanging dipun jak dhatêng prabasuyasa Rêtna Banuwati botên karsa, kêdah wontên ing kradenayon kimawon. Mangkana pangudasmaraning driya Rêtna Banuwati, iya jagad dewa bathara, ya Hyang Yuwati, mugi nyêmbadanana kula sampun ngantos pisah kalih rayi kula pun Pamadi, ing endraloka ariloka.

Gêndhing minggah sawatawis dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Lênglêng ramya nikang sasangka kumênyar myang rêngga rumning puri | mangkin tanpa siring halêp nikang umah mas lir murub ing langit | têkyan sarwa manik cawinya sinawung saksat sêkarning suji | unggyan Banowati ya na mrêma langên mwang Nata Duryodhana ||

Dèwi Sêcawati ngandika.

Bok Ratu Erawati, iki pangantèn wis têka, dene kangjêng sinuhun durung paring [pa...]

--- 2 : 355 ---

[...ring] uninga, utawa ora dikakake maèsi adhimu Si Rara Banuwati, apa durung karsa didhaupake saiki.

Aturipun Dèwi Erawati.

Bokmanawi ibu, kagalih sumêne dhaupipun pangantèn, sêdhêng sami sagêd angsal anglêrêmakên sarira, yèn rumantosipun pundhutan patah jalu wanudya, pamirêng kula patah sampun katampèn, ingkang kaladosakên dados patah wanudya pun Drusilawati, patahipun priya putra sampeyan ing Madukara.

Sinigêg wontên cèthi umatur.

Kula nuwun gusti kawuningana, punika Sinuhun Ngastina sampun manjing ing dhatulaya, kadhèrèkakên patah, Rêtna Drusilawati kalih Radèn Pamadi, sami kèndêl ing galdri sakiduling prabasuyasa.

Dèwi Sêcawati ngandika.

Ayo bok ratu padha marang prabasuyasa, Rara Banuwati, iki Sinuhun Ngastina wis rawuh, kowe banjur tak busanani, samasa ana karsane wong atuwamu kowe didhaupake saiki sok wis aparipurna, aja nganti dadi dukane kangjêng sinuhun.

Rêtna Banuwati matur.

Kula nuwun kangjêng ibu, kula botên dhèrèk dhatêng prabasuyasa, kalih najan pangantènipun sampuna dhatêng yèn patah dèrèng lumêbêt kadhaton, sampun kangjêng ibu kasêsa ing panggalih, rumiyin kula sampun darbe atur, patah punika yèn sampun dhatêng lajêng maèsi pangantèn. Yèn kula botên dipun [dipu...]

--- 2 : 356 ---

[...n] turuti kapaèsan patah sakêmbaran, kula nuwun kimawon, botên saèstu dados pangantèn sampun kula têmah.

Dèwi Erawati matur.

Kula nuwun ibu kula dhatêng prabasuyasa, sumaga gènipun amaripurna pun Banuwati.

Ingkang ibu mangsuli.

Iya bok ratu masa bodhoa kowe lan adhimu Wara Subadra ing ngarêpan. Sinuhun Ngastina aturana busana ing galdri kiduling prabasuyasa, patahe banjurna marang kradenayon.

Aturipun Dèwi Erawati.

Inggih ibu dhatêng sêndika, ayo Subadra marang prabasuyasa.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Dèwi Erawati kalih Rêtna Subadra mundur, parêkan sami ngiring, anuntên Arjuna dhatêng, Sêmar saanakipun sami ngiring, prapta ngabêkti nguswa padaning pramèswari, nulya lênggah ajêng-ajêngan kalih Rêtna Banuwati, găngsa dipun suwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mahagnya ||

Dèwi Sêcawati nêmbrama ing Parta.

Kulup Pamadi, bagea satêkamu ing kadhaton, kowe padha raharja.

Aturipun.

--- 2 : 357 ---

Kawula nuwun inggih dhatêng anuhun, sih panakramanipun kangjêng wa pramèswari, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, kacadhong ing asta kêkalih, kacangcang pucuking rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, rad daging kayuwanan, kapundhi kados jimat paripih, amêwahana têguh kayuwanan kula.

Dèwi Sêcawati ngandika ing Sêmar.

Kakang Sêmar, bagea satêkamu ana ing sajroning kadhaton, kowe padha raharja.

Aturipun Sêmar.

Inggih dhatêng anuhun timbalanipun kangjêng ratu kapundhi ing kuncung.

Pramèswari ngandika ing Nala Garèng.

Nala Garèng, bagea satêkamu ing kadhaton.

Aturipun Nala Garèng.

Kula nuwun inggih dhatêng anuhun, dhawuhipun kangjêng ratu sami-sami.

Petruk gumuyu mamoyok dhatêng Nala Garèng.

Na[10] Garèng kuwe dadi padha karo pramèswari, dadi garwane prabu sapêpatut-patute, e lah dadi garwane raja i[11] tanah sabrang prabu êncik bengkok, nagarane pacikêran.

Nala Garèng sumaur.

Yang Truk rak ya lumrah wong lagi kliru, besuk nèk dibagèkake manèh diati-ati.

Dèwi Sêcawati ngandika dhatêng Petruk.

--- 2 : 358 ---

Petruk kowe bagea satêkamu ing kadhaton, kowe padha raharja.

Aturipun Petruk.

Kula nuwun inggih dhatêng anuwun, pangistunipun kangjêng ratu, inggih sakalangkung gumun.

Nala Garèng mêlèhakên.

Ora bênêre Petruk ature nganti gumun.

Rêtna Banuwati ngandika.

Janaka kowe bagea satêkamu, kathik ora barêng yayi Prabu Ngamarta geneya.

Aturipun Arjuna.

Iya kakang bok, pambagemu bangêt panuwunku, mulane aku ora barêng kakang Prabu Ngamarta, dikakake dadi patah mênyang Ngastina, jare kowe mundhut patah.

Rêtna Banuwati gumujêng nauri.

Dadi wis muput wong Ngêstina kuwe, golèk sasrahan ngrêsaya, ngladèni patah nyambat, adèna kowe kathik gêlêm disambat, bok bèn milihi santanane dhewe, rayi-rayi dalêm kae karêpe dipilihi, andèk sêdulure pirang-pirang jinah.

Parta umatur ing Dèwi Sêcawati.

Kula nuwun kangjêng uwa pramèswari, kula kautus ing kangjêng sinuhun, matêdhani uninga, yèn kakang prabu Ngastina sampun rawuh, ingkang kaladosakê- [kaladosakê...]

--- 2 : 359 ---

[...n] patah kula kalih kakang bok Drusilawati, sapunika kangjêng uwa pramèswari kadhawuhan maripurna kakang bok Banuwati, yèn sampun gènipun maèsi lajêng dikakakên dhaupakên. Ing mangke kakang Prabu Ngastina sampun manjing kadhaton, kula antun wontên galdri kidul prabasuyasa, kula sumaga ing kangjêng uwa pramèswari.

Dèwi Sêcawati ngandika.

Kulup Pamadi, aku masa bodhoa gonmu maèsi bakayumu, rèhne kowe kang dadi patah, manawa uwis iya banjur dhaupna, aku marang prabasuyasa, mêngko yèn wis paripurna kakangmu Sinuhun Ngastina aturana pirsa.

Aturipun Arjuna.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Pramèswari dhatêng prabasuyasa, dipun suluki sastradatan manyura alit.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mahagnya ||

Arjuna matur ing Rêtna Banuwati.

Kakang bok, ayo tak paèsi, mêngko banjur tak dhaupake.

Banuwati sumaur.

Didhaupake priye Janaka, aku blakan suthik didhaupake karo wong Ngastina, aku gêlêm dadi pangantèn yèn dhaup karo patah.

Radèn Pamadi matur.

--- 2 : 360 ---

Suthik priye kakang bok, ana jaluk gajah wis ditêkani, jaluk patah dituruti, saiki arêp ora gêlêm dadi pangantèn. Apa idu didilat manèh, karo saiki wis padha marèn, sêdulurmu liya dadi sêdulur, aku wis pasrah kakang Prabu Ngêstina, iku kang tak ladèkake, kowe kudu nglakoni, ayo tak paèsi.

Arjuna ngandika dhatêng punakawan.

Kakang Sêmar saanakmu, aturana kakang bok Drusilawati, kowe angadhêpa kakang Prabu Ngastina.

Rêpat punakawan sami kesah, Drusilawati dhatêng, Rêtna Banuwati ngrangkul ing Radèn Pamadi, dipun tangisi, Parta nglênggêr, dipun suluki tlutur barang miring.

Sêkar Swandana lampah 20. Atap para apsari tumonton ing sang dwija kadyage wor jiwa | kagagas ing tyas dahat kewraning karyanira datan antuk samya | myat rêngganing aldaka roning kadhêp kumêlap pindha pangawening | sang dwija lunging gadhung malêngkung katiyup ring maruta kawuryan ||

Rêtna Banuwati ngandika ing pawongan.

Bocah wadon, padha singkirna bêrsihan karo kaca kuwe, aku ora kudu poas-paès.

Aturing cèthi.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Rêtna Banuwati ngandika arawat waspa.

--- 2 : 361 ---

Priye Janaka, aku yèn dipaksa dhaup karo wong Ngastina, wis ta aturana matèni bae kangjêng rama marang aku, sêpuluh dadia pramèswari Pamadi, wong ratune blêgêr mêdèni, tobil wêtênge nobatake, nganti kaya kuburan diurug anyar, karo olèh sasrahan ya kowe sing ngupaya, dudu wong Ngastina, bênêre ya kowe pangantène.

Parta sumaur.

O kakang bok, mêngkono karêpmu iku saksat kowe arêp matèni aku, ayo ta tak busanani, kowe wêlasa ing aku kakang bok.

Parta matur ing Rêtna Drusilawati.

Kakang bok, dika matur kakang Prabu Ngastina, kula aturi ngêntosi, mangke yèn sampun gèn kula busanani bakyu jêngandika kakang bok Banuwati kula aturi lajênga dhatêng kradenayon.

Rêtna Drusilawati mangsuli.

Iya Janaka, karo gone maèsi bae priye, wong wis lumuh kakang bok ora gêlêm mêngkono, wis ta karia Pamadi, tak aturane ngêntèni kakang prabu.

Rêtna Drusilawati kesah dhatêng prabasuyasa, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Kilwan sêkari kang têtaman arêpat rèhnya bale kancana | soma brama hêning pawal natari kang rok mutyaara raras | we durya marani lapawraning pagêr tunjung mahantên lumêng | muntap bintêni gopura macawintên surya kato jwala ||

Rêtna Banuwati ngandika.

--- 2 : 362 ---

Pamadi, wis ta matura bae mênyang kangjêng rama, aku mopo yèn didhaupake karo wong Ngastina, najan awèh sasrahan ya kowe kang ngupaya, patahe ya dudu bathange Kurawa, yèn kowe wêdi aku dhewe kêduga tak pratelakne aturku.

Arjuna mangsuli.

O kakang bok, aku ora wêdi sapa-sapa, sing tak wêdèni adhimu kakang Prabu Ngamarta, iba-iba dukane, ora ketung kanggoa sapadang sapanginang jangji kowe wis kalakon dhaup karo kakang Prabu Ngastina, dadi ora nusahake wong akèh.

Dipun caritakakên.

Wau ta kusumaning ayu Rêtna Banuwati, taksih gulêt dhatêng Radèn Pamadi, luhipun tan pêgat umili, sarêng mirêng aturing Radèn Pamadi, kêdah pinrih nglampahi jatukrama, tan ketang namung kangge sapadang sapanginang, ciptaning wardaya badhe mituruti, kadugi nglampahi dhaup, nanging minta prajangji ing satriya Madukara, mangkana pangandikanipun.

Pamadi, iya tak turuti karêpmu, aku gêlêm kok dhaupake karo Ratu Ngastina, nanging jangji kowe aja lali ing aku, karo jangji pangantèn lair bae, aku ana Ngastina pama jarit ana sampiran, ingkang nyampirake kowe, disêndhala sawayah-wayahe, aja na wong ngaru-biru, yèn kowe saguh aku jaluk prasêtyamu.

Parta sampun nyagahi panêdhanipun Rêtna Banuwati, Rêtna Banuwati pinondhong binêkta dhatêng patirtan, dipun suluki sastradatan manyura agêng.

--- 2 : 363 ---

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning dhahning[12] talaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma ya sumawur | lumrang ingkang sarang kadi jaladha ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Rêtna Banuwati lajêng dipun sirami dhatêng satriya Madukara, sasampunipun dènnya maèsi Rêtna Banuwati binêkta dhatêng prabasuyasa, saking dangune dènnya ngarih-arih, purune Rêtna Banuwati dipun paripurna, ing mangke dungkap surup hyang diwangkara, Rêtna Banuwati sampun kasrah ing pramèswari, lênggah ngajênging pajangan, Radèn Pamadi lajêng ngaturi ingkang raka ratu Ngastina.

Găngsa mungêl ayak-ayakan, ngadêg Kurupati, Drusilawati, Sêmar, Petruk, Nala Garèng, găngsa dipun suwuk tanpa pathêtan, Kurupati ngandika.

Rara Drusilawati, apa wis rampung adhimu Si Pamadi gone busanani pangantèn.

Aturipun Rêtna Drusilawati.

Kakang prabu rampung malih, tiyang kakang bok siram mawon dèrèng, botên purun dipun paèsi, dipun arih-arih kangjêng ibu pramèswari ngantos mutung kakên panggalihipun, dipun tilar dhatêng prabasuyasa, rayi sampeyan pun Pamadi ngantos mêlèhakên. Makatên wicantênipun: Priye kangbok, apa ana wong idu didilat manèh, jaluk sasrahan gajah wis ditêkani, jaluk patah dituruti, geneya kathik kowe arêp pugal mopo pinrih dhaup karo kakang Prabu Ngastina, apa kowe ora wêlas marang aku,

--- 2 : 364 ---

wangsulanipun kakang bok makatên: Kathik aku idu tak dilat manèh, ngênèhi gajah sing ngupaya iya dudu Ratu Ngastina, patahe sambatan Pandhawa, mulane aku ora gêlêm didhaupake karo wong Ngêstina.

Prabu Kurupati ngandika kalih ngusap jaja.

Hêm priye ngono kuwe, kale iki wis wayah mene, tênèh sêlak wêngi.

Petruk nyêlani pitakèn dhatêng Nala Garèng.

Kang Garèng, pêngantèn têmu kuwe, apa kaya bocah bayi lair kae, nganggo angitung wayah, ana julungane.

Nala Garèng sumaur.

Julungane priye, durung krungu yèn pangantèn ditêmokake nganggo itung julungwangi, julungcaplok, sing lumrah têmuning pangantèn kuwe iya sabên wayah suruping srêngenge mau, jarene manut wayah surup iku, patêmoning wêngi lan rina.

Pangucapipun Petruk.

Dadi iki rada kliwat, yèn bayi lair julungcaplok, pangantèn têmu mono jênênge julungdidhahar, malah bêcik ditêmokna mêngko wayah bangun bae, dadi ora sumuk.

Rêtna Drusilawati matur.

Punika wau kakang prabu, wêlingipun rayi sampeyan pun Pamadi, sampeyan dipun aturi ngêntosi, mangke yèn sampun rampung gènipun busanani, kakang prabu dipun aturi.

--- 2 : 365 ---

Arjuna prapta, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanungsan kasrêpan ring ting- | kahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèhe | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn uwanggêh paman | makadi Narpa Salya Karpa Bisma sang dwijanggêh guru ||

Prabu Kurupati ngandika.

Pamadi, priye bakyumu apa wis gonmu maèsi.

Aturipun Arjuna.

Punika kakang prabu sampun kakang bok kula busanani, ing sapunika sampun kula bêkta dhatêng prabasuyasa, kakang prabu sumaga lajêng kula aturi manjing kênyapuri.

Prabu Kurupati ngrangkul Radèn Pamadi kalih ngandika.

Janaka, wis ta aku rewangana rabi, jangji bisa klakon aku dhaup. Priye pocapane pangantèn wis diarak têkan kadhaton ngantia wurung, kowe karo Si Drusilawati aja pisah karo aku utawa aja pisah karo Si Banuwati, aku pangarihana, masa wurunga jugar yèn ora nganggo pangarih kowe karo Si Drusilawati, sabab durung kulina, pasthi rikuh gunême, lan cêpak akèh girase.

Aturipun Pamadi.

Kula nuwun inggih kakang prabu, kula sampeyan dhawahi dados pangarih inggih sêndika, nanging kakang prabu sampun rikuh dhatêng kula.

Ratu Ngastina ngandika.

--- 2 : 366 ---

O wis aja sumêlang Janaka, nalar mêngkono yèn aku sănggarunggi ing kowe, suka bêdhèlên atiku yèn ana ingkang grantês, mung jangji bisa klakon aku dhaup. Sanajan sêpira lawase aku ana Mandraka, kowe lan Si Drusilawati, isiha dadi pangarih, ayo padha seba bibi ratu.

Aturipun Parta.

Inggih sumaga.

Găngsa mungêl ayak-ayakan, Kurupati, Parta, Drusilawati sarêng manjing suyasa. Rêtna Sêcawati pinarak kalih Rêtna Banuwati, sarêng Ratu Ngastina rawuh tuwin Rêtna Drusilawati kalih satriya Madukara, Rêtna Banuwati mundur, găngsa kajantur, Dèwi Sêcawati matur ing Ratu Ngastina.

Anak Prabu Kurupati, kula ngaturakên juru padang, pun bibi namung titip daging sakrêp.

Ratu Ngastina matur.

Inggih bibi ratu, sangêt ing panuwun kula, pintên banggi kula sagêd anampèni sihipun bibi ratu.

Dèwi Sêcawati ngandika ing Parta.

Kulup Pamadi, utawa kowe Rara Drusilawati, kakangamu anak prabu banjur aturana marang pêpajangan.

Aturipun Arjuna.

Maga kakang prabu kula dhèrèkakên dhatêng pajangan.

Găngsa mantun kajantur, Kurupati, Drusilawati, Pamadi, sami nyêlak dhatêng pajangan, kajêngan kapêtha pajangan, katancêpakên sisih têngên. Rêtna Banuwati [Banu...]

--- 2 : 367 ---

[...wati] sampun manjing pajangan, inêp kontên. Prabu Kurupati, Parta, Rêtna Drusilawati, sampun sami prapta ngajênging pajangan. Găngsa kasuwuk, Ratu Ngastina minta kori.

Banuwati, Banuwati, êngakna lawangmu, aku kang têka, kakangmu ing Ngastina Prabu Kurupati, arêp seba ing kowe, atur pati urêp sajroning jinêmrum, drêma aku siniwaka nagara Ngastina, kowe ingkang duwèni.

Rêtna Banuwati ngucap.

Ora bocah wadon juru pasarean iki padha ana ngêndi, kucinge yang-ngeyong kuwe padha gêsahên. Yèn durung dipakan pakanana karêpe mênêng, karo kadingarèn bêngi-bêngi akèh gagak padha ngalup, wis krungu wis krungu, jagalan akèh balung.

Prabu Kurupati ngandika ing Parta.

Pamadi, priye kiye rêmbugmu, aku wis manut apa pratikêlmu bae.

Parta umatur.

Inggih kakang prabu, sampeyan ngêntosi jawi ngriki, kula manjing kalih rayi sampeyan kakang bok Drusilawati, mangke yèn kakang bok sampun kilêm, sampeyan kula aturi lumêbêt ing pasarean.

Prabu Kurupati mangsuli.

Iya Pamadi, apa karêpmu wis aja sumêlang.

Parta nguwuh kalih thèthèk-thèthèk kori.

Kakang bok kakang bok, êngakna lawange, aku karo bakyu Drusilawati arêp seba kowe.

--- 2 : 368 ---

Rêtna Banuwati sumaur.

Kaya adhiku Si Jan[13] jaba kuwe, tak ngani nèk ora nganggo lanangan liyane.

Arjuna sumaur.

Ora kathik lanangan manèh-manèh, ta nuli wêngakna, wis wêngi sêlak aripe ora kira-kira.

Banuwati mêngakakên kori, Parta Drusilawati sarêng lumêbêt pajangan, Ratu Ngastina kantun, dipun suluki sastradatan manyura agêng.

Sêkar Swandana lampah 20. Atap para apsari tumonton ing sang dwija kadyage wor jiwa | kagagas ing tyas dahat kewraning karyanira datan antuk samya | myat rêngganing aldaka roning kadhêp kumêdhap kadya pangawening | sang dwija lunging gadhung mantêlung katiyup ing maruta kawuryan ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Rêtna Banuwati, sarêng Radèn Pamadi sampun lumêbêt ing pêpajangan kalih Rêtna Drusilawati, lajêng sami ngapit-apit. Rêtna Drusilawati ing kering dènnya sêsarean, Radèn Pamadi sêsarean kananipun Rêtna Banuwati, sarêng sampun antawis dangu, Rêtna Banuwati sampun sare, Rêtna Drusilawati jiniwit ing Radèn Pamadi, kinèn mêdal angaturi ingkang raka Sinuhun Ngastina, Rêtna Drusilawati mêdal angaturi ingkang raka Sinuhun Ngastina, Rêtna Drusilawati mêdal matur ing raka Prabu Kurupati.

Kakang prabu, sampeyan lumêbêt ing pakajangan, punika kakang bok sampun [sa...]

--- 2 : 369 ---

[...mpun] sare, nanging kang alon mawon sampun ngantos ngagèt-gèti, nanging kakang prabu jujuga kiwanipun kakang bok.

Ratu Ngastina dangu kalih glayêm-glayêm angop, sampun karaos arip.

Drusilawati, apa wis suwe bakyumu gone turu, mêngko gèk kagèt, o aêm, dingarèn mata iki aripe ora kira-kira, sabêne ora mêngkene rasane, wis ta Drusilawati kowe turua galdri kulon kono bae karo adhimu Si Janaka, yèn ora ngasoa mênyang kradenayon bae, adhimu Si Janaka jakên.

Aturipun Rêtna Drusilawati.

Inggih kakang prabu, mangke yèn rayi sampeyan pun Pamadi sampun mêdal mriki punapa sakajêngipun rayi sampeyan gènipun ngaso.

Ratu Ngastina mangsuli.

Iya wis ngantia ing kene, aku tak lumêbu pajangan.

Ratu Ngastina manjing pajangan dipun caritakakên.

Lah ing kana ratu ing Ngastina manjing pasarean, dipun irih-irih gènipun mapan sare ing kasur, Radèn Pamadi astanipun dipun unus ingkang katindhihan jangganipun Rêtna Banuwati, bawane sangêt Prabu Kurupati wulanguning driya, dadya uswa kumrangsang arêbut dhucung, Rêtna Banuwati nglilir grayahi ing kering kraos yèn dede Rêtna Drusilawati, Rêtna Banuwati jêrit.

I Pamadi kêtiwasan, ana gêndruwo apa maling, Pamadi tangia maling maling.

--- 2 : 370 ---

Sinuhun Ngastina mlorot saking pasarean inggal-inggal mêdal, nunjang bangku wadhah dhaharan lan patehan gumrombyang, Arjuna angrangkul api kagèt.

Lo ana apa kakang bok.

Banuwati sumaur.

Ana gêndruwo maling, gêdhene ora kaprah, tak arani Si Drusilawati, jêbul maling, dhèngêra tak patrêm mak brol layak wêtênge gêndruwo mau.

Arjuna sumaur.

Kakang bok Drusilawati lagi sêni mênyang patirtan, aku iki mau lagi layap-layap, layak ora nana apa-apa, wis ta kakang bok sarea, tak tunggoni.

Prabu Kurupati panggih Rêtna Drusilawati taksih mênggah-mênggah ngandika.

Hêh hêh tiwasan rara, o lah babak garêsku nunjang bangku, e rokok mawut-mawut.

Drusilawati matur.

Wau mila rak kula wêkas sing alon mawon, lah punika kagèt sangsaya gène giras. O o garêse kakang prabu bênggol abuh makatên.

Rêtna Banuwati lajêng sare malih, winantu sirêp dening Radèn Pamadi, ngorok asêngsênggoran, dêlasan Prabu Kurupati wontên ing jawining pakajangan tumut kenging sirêp angantuk. Radèn Pamadi matur saking lêbêting pajangan, kakang prabu kakang prabu, kula aturi lumêbêt mriki, punika kakang bok sampun kapati gènipun tilêm.

--- 2 : 371 ---

Prabu Kurupati ngandika.

Apa wis suwe ta Janaka, mêngko kagèt manèh, iki garêsku durung mari nunjang bangku saking kêsusune gonku lumayu.

Pamadi matur.

Sapunika sampun kapati saistu gènipun kilêm kakang bok.

Ratu Ngastina manjing pêpajangan, tumut sare ngorok sênggoran, Radèn Pamadi mêdal, panggih Rêtna Drusilawati, Rêtna Drusilawati ngandika.

Pamadi priye kakang prabu, apa wis sare apa isih wungu.

Pamadi mangsuli.

Kangbok, kakang prabu banjur padha sare bae, lah iku oroke sênggoran, tak kira bangêt sayah arip, dhasar iki wis wayah gagat bangun rina, ayo ta padha ngaso mênyang kradenayon bae.

Sauripun Drusilawati.

Iya ayo Pamadi, aku ya wis krasa arip arêp turu.

Găngsa mungêl ayak-ayakan, Parta mondhong Rêtna Drusilawati binêkta dhatêng kradenayon. Sinigêg, ngadêg Arya Jayadrata, găngsa dipun jantur, dipun caritakakên.

Wau ta satriya Banakêling, Radèn Arya Jayadrata, ingkang mundur saking pasamuan, pamit ing Radèn Arya Sangkuni, sêngadi kraos wuru dènnya nginum waragang, sajatine saking runtiking driya, badhe anyidra ing satriya Madukara. Ciptaning tyas satriya ing Banakêling, yèn isih urip Si Pamadi, ora wurung Si Drusilawati dipilaur dhaup karo Si Pamadi, saiki bae durung dadi jatukramane [ja...]

--- 2 : 372 ---

[...tukramane] wis kaya bojo panganggêpe, jaba tak cidrane bae, kiraning atiku jajimatku Kyai Nagaslira iki bisa nêdhasi ing Si Pamadi.

Găngsa mantun kajantur, sawatawis dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah nikang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nura kamuk | irika tasa Korawa ngrêbut mangambuli sara warèng Dananjaya nangsêh | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya guru putra lèn kurukula //

Radèn Jayadrata ngucap.

Ngêndi panggonane Si Pamadi, ora lêga rasaning atiku yèn ora krasa dening tanganku, dene ora jamak-jamak gone madonakên wong sajagad. Iya sok kapranggula bae, sida katiban wasiyat ing Banakêling.

Wau ta Radèn Jayadrata, sumêja ngupaya ing Radèn Pamadi dhatêng karadenayon, amasang sirêp wewe putih lan beganănda, nulya lumumpat ing pagêr banon manjing kadhaton.

Găngsa mungêl ayak-ayakan. Jayadrata lumumpat manjing kadhaton, kalampahakên wontên salêbêting kadhaton, sampun dipun jajah salêbêting kadhaton. Ing gênthan lèr kidul sêpên kimawon, lajêng lumumpat ing gapura manjing dhatêng kradenayon. Sinigêg gênti cinarita Prabu Partasudarma linampahakên ing gêgana, găngsa kasuwuk. Prabu Partasudarma

--- 2 : 373 ---

tumurun jujug kiduling sanggar pamêlêngan, karsanipun jêjêp ngupaya panggenane Rêtna Banuwati, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana manuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwipangga manguntha dhandha ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Partasudarma, sampun dangu dènnya jangkung sanginggiling kadhaton Mandraka, nilingakên panggenane Rêtna Banuwati, sarêng sampun tatela Rêtna Banuwati sampun dhaup kalih Prabu Kurupati ing mangke sami nendra wontên ing pêpajangan. Prabu Partasudarma lajêng marpêki ing pêpajangan, sêja ngambil Rêtna Banuwati, mangkana pangandikanipun.

I ya jagad dewa bathara, Banuwati sasêkaripun kakang dhewe, babo ora nyana yèn wis didhaupake, yèn ora inggal tak gawa katiwasan.

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Partasudarma lajêng dhodhog wiwaraning pasareanipun pangantèn sakalihan. Rêtna Banuwati wungu kagèt, anggrayang Radèn Pamadi sinalusur kawistara yèn Ratu Ngastina, Rêtna Banuwati jêrit mêdal, lajêng tinampèn ing Prabu Partasudarma, sagêbyaran winastan Satriya Madukara, Prabu Kurupati wungu kagèt, wuninga kang garwa mêdal lajêng dipun tutakên. Rêtna Banuwati sarêng pirsa yèn ingkang rinangkul dede Radèn Pamadi, lajêng [la...]

--- 2 : 374 ---

[...jêng] jêrit minta tulung, Pamadi aku tulungana katiwasan, iki sapa maling maling.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Prabu Kurupati lajêng nututi pinapagakên tinêpak dening Prabu Partasudarma, Sri Suyudhana kantaka ing ênggon. Prabu Partasudarma sêsumbar.

Aja kari kelangan, Dèwi Banuwati takgawa.

Prabu Kurupati bingung, găngsa dipun suwuk, pangandikanipun Prabu Duryudhana.

I priye, Janaka, Drusilawati padha ana ngêndi, mau tak kon ngaso ngèmpèr kene, tulung tuhung[14] maling maling.

Prabu Kurupati madosi Parta Drusilawati, găngsa mungêl plajêngan manyura. Sinigêg ngadêg Pamadi, Drusilawati, sami wungu sare wontên made kradenayon, kagèt mirêng alok duratmaka mung sakêdhap. Mila Radèn Janaka wungu, Rêtna Drusilawati taksih dipun pangku, găngsa dipun suwuk.

Radèn Pamadi ngandika.

Kakang bok, mêngko mudhuna têka ing pangkon, taktilikane kakang prabu, kaya krungu swarane alon duratmaka, prênah panggonane kakang prabu, kok banjur sêpi bae ora alok manèh.

Rêtna Drusilawati gendholi ngandika ing Parta.

Ora biyang wis cikbèn, ayak wong nglindur, mula mung bêngok sapisan banjur mênêng, karo kok lêgan gawe tandang maling, aèng di ana kêdhaton ana kaling, [ka...]

--- 2 : 375 ---

[...ling,][15] sing dipèk apa, angur nutugna turu isih bangun rak sih olèh saliliran.

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Radèn Arya Sindurja, sampun dangu pangintipipun ing dalêm kradenayon, waspada paningale, yèn Radèn Pamadi wungu mêntas tunggil nendra Rêtna Drusilawati taksih pinangku, inggal narik katga, Radèn Pamadi jinangkah kang kaparwasa walikatipun kanan.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Arjuna kantaka ing ênggèn, Drusilawati anjrit alok pandung, Jayadrata lumajêng malumpat pagêr gapura kradenayon, ngidak-idak Sêmar Nala Garèng Petruk. Găngsa dipun suwuk.

Sêmar ngucap ing suta.

E thole Nala Garèng Petruk, sapa ngidak-idak iki mau.

Nala Garèng sumaur.

O aku ora wêruh rama, êmbuh anakmu Si Petruk iku yèn wêruh.

Petruk sumaur.

Olehku tangi kari, olèhku diidak ya kari, bok aja dinggo ancik-ancik malumpat, wêtêngku nganti sênêp. Digêgojog lumayu ora ngarah-arah, karo saklebatan kaya wis tau srawungan aku karo kang ngidak-idak iki mau.

Sêmar mangsuli.

Lo sing ati-ati, aja clewa-clewo, nèk ana barang kang akèh pangajine [pangaji...]

--- 2 : 376 ---

[...ne] kang ilang kêmalingan mêngko blai kowe, ayo padha nglayat bandaramu Dèwi Drusilawati jêrat-jêrit kae sing digawa maling apane.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Sêmar saanakipun dhatêng, Dèwi Drusilawati ngrungkêpi layoning Arjuna, găngsa kasuwuk, dipun suluki tlutur barang miring.

Sêkar Rini lampah 17. Lêlawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah | yèn bisaa muwus pagene Pandhawa tan ana tumut | ri pati aminta prajanta sapalih sêkaring tangjung | ruru ambalasah lêsah kadya susah ngêsah kapisah ||

Rêtna Drusilawati sambat-sambat.

Adhiku dhi adhiku Pamadi, ora bisa kari aku, sapa ingkang mawa gawe, dosane apa sêdulurku wong bagus sêdulurku wong sigit. Kaya apa rupane maling sidikrocok wadhuke dipênthang ngathang-athang, diolor-olor gagak ususe, kêsêngitan apa karo sêdulurku.

Sêmar saanakipun lajêng sami ngambul nangis, tangisipun Sêmar.

Lae bapa bandaraku, adhuh gustiku priye Nala Garèng Petruk, bandaramu dene kaya mêngkono, sapa sing kaningaya, lae.

Tangisipun Nala Garèng.

Uk, uk, dara lae dara uwa uwa, ning ning sapa kaningaya uwa uwa.

Tangisipun Petruk.

Biyung hung hung, i yang masa wurunga sing mlayu ngidak-idak wong turu mau, wis lawas gone plerak-plerok, biyung priye sapa sing awèh têgêsan srutu.

--- 2 : 377 ---

Dipun caritakakên.

Sinigêg, Prabu Kurupati ingkang mêntas alok duratmaka bêkta kusumaning ayu Rêtna Banuwati, lajêng madosi patah, sarêng mirêng panjrite Rêtna Drusilawati, Sri Kurupati inggal lumajêng murugi kang rayi.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Kurupati prapta ngrangkul Arjuna, găngsa kasuwuk, dipun suluki tlutur barang miring.

Sêkar Mêdhang Miring lampah 23. Atari pêjah nikang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nura kamuk | irika tasa Korawa ngrêbut mangambuli sara warèng Dananjaya nangsêh | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya guru putra lèn kurukula ||

Prabu Kurupati ngandika.

Adhiku Janaka adhiku, priye iki mau Drusilawati, kêna apa adhimu iki mau.

Rêtna Drusilawati matur.

Punika wau kakang prabu, rayi sampeyan pun Pamadi sami kilêm kalih kula, kagèt mirêng swaranipun tiyang alok duratmaka, namung sakêdhap ingkang alok kèndêl. Sawêg rêraosan pundi lêrêsipun ingkang alok-alok, nuntên rayi sampeyan pun Pamadi dipun prajaya saking wuri, lajêng andhawah botên mawi sêsambat, sarêng kula alok duratmaka lajêng lumajêng mêdal, ngidak-idak pun uwa Sêmar saanakipun.

Prabu Kurupati ngandika ing Sêmar.

--- 2 : 378 ---

Priye Sêmar, apa kowe sumurup wujude ingkang nyidra Si Pamadi dene nganti ngidak-idak gonmu padha turu.

Sêmar matur.

Kula botên sumêrêp, jawi pun Petruk, punika saklebatan pirsa.

Sinuhun Ngastina dangu dhatêng Petruk.

Priye Petruk, apa nyata kowe sumurup ingkang nyidra bandaramu.

Aturipun Petruk.

Saklebatan kula inggih pirsa, nanging tiyang tanpa tăndha yêkti.

Ratu Ngastina ngandika.

I ya jagad dewa bathara, êng tiwas Drusilwati, saiki sida kêblaèn aku, bakyumu Si Banuwati ilang didhustha duratmaka, tak tututi maling aguna oncat dêdêl ing jumantara, aku ngupaya kowe lan adhimu Si Pamadi, ing galdri ora nana, banjur aku ngrungu panangismu iki mau, priye Sêmar, sapa ingkang takjaluki tulung.

Sêmar jêlih matur ing Ratu Ngastina.

Adhuh lae kadospundi sinuhun, kula botên sagêd kantun, prayogi matur kangjêng Sinuhun Mandraka, dene wontên pandung rambatan makatên.

Ratu Ngastina ngandika.

Wis Drusilawati, adhimu Si Pamadi gawanên mênyang paseban kidul, Sêmar saanakmu padha rampanên bandaramu, najan aku matur paman Prabu Mandraka yèn wis padha rêmbug sasanakku kabèh.

--- 2 : 379 ---

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Kurupati kalampahakên rumiyin, lajêng Parta dipun rămpa Rêtna Drusilawati tuwin punakawan, kabêkta mêdal dhatêng pasowan kidul. Ganti cinarita, găngsa kasirêp dados ayak-ayakan manyura, ngadêg Arya Sangkuni, Radèn Jayadrata, Arya Dursasana, Kurawa pêpak. Găngsa kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih ing pasowan kidul, para sata Kurawa tuwin satriya ing Banakêling, sami ngayap ingkang paman Radèn Arya Sangkuni, cinarita sabibaring kasukan, para Kurawa anglêmpak ing pasowan kidul, sami cêcadhang yèn wontên karsanipun Prabu Kurupati amangun suka, namung Radèn Apatih Arya Sangkuni ingkang botên kacupêtan wiweka, sampun darbe cipta, gènipun jatukrama Prabu Ngastina botên sagêd carêm lan Rêtna Banuwati tumuntên, langkung malih Rêkyana Patih Sangkuni, sumêrêp sêmune satriya Banakêling dhatêng Radèn Pamadi, katingal ewa ing manahipun.

Ayak-ayakan mantun kajantur, Prabu Kurupati rawuh, Sangkuni sadaya Kurawa Radèn Jayadrata sami tata dènnya lungguh, găngsa kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangungsir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Ratu Ngastina ngandika ing patih.

Paman arya, kêtiwasan, ing kadhaton kalêbon duratmaka, anak [a...]

--- 2 : 380 ---

[...nak] pakênira Si Banuwati sirna kagawa ing maling aguna, manira tubruk duratmaka mumbul ing gêgana, lan anak pakênira ing Madukara kapara ing tiwas kacidra ing duratmaka, tanpa sêsambat, kapisanan ing ênggon.

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Arya Sangkuni tuwin para Kurawa, sarêng mirêng pangandikaning Prabu Kurupati, sami suka ing batin, kalairan apisungkawa, langkung malih Radèn Jayadrata, angêlus-lus kumbala, ciptaning tyas têka mangkana, masa jaluka banyu katiban wasiyat Banakêling.

Wasana Arya Sangkuni matur ing Ratu Ngastina.

E lah punika kadospundi, dene maling ajak-ajakan. E sapa sing wani nyidra anak mas Madukara, apa mêntas jupuk putri banjur nyuduk, apa nyuduk dhisik jukuk putri kari, ora jamak-jamak ampuhe gêgamane. Lah kadospundi yèn punika matura putri ical, prakèwêt tiyang anak prabu awor sare, tamtu katêmpah ing sampeyan.

Ratu Ngastina ngandika.

Mulane paman manira bangêt susah, yèn boya matia Si Pamadi, kêna manira kon jujul duratmaka kang bisa ngambah jumantara, ora wurung manira saksat suduk gunting tatu roro, wis adhi-adhiku Kurawa padha pradangdana, apadene paman pakênira budhalna icir aja ngatarani.

Aturipun Arya Sangkuni sêndika.

Găngsa ayak-ayakan manyura, Kurawa sami mundur, kantun Arya Sangkuni

--- 2 : 381 ---

kalih Jayadrata, Drusilawati dhatêng, ngrămpa Radèn Pamadi, Sêmar saanakipun sami nangisi, Rêtna Drusilawati taksih sambat-sambat, sarêng sampun layonipun Radèn Pamadi dipun sèlèh ngarsaning sang prabu, găngsa kasuwuk, dipun suluki tlutur raras barang miring.

Sêkar Maesabayangan lampah17. Sirêm surêm diwangkara kingkin lir manguswa rarasing | kadya bela mring sang pralayèng prang wadananira landhung | kumêl kucêm rah amaratani marang sariranira | dene ilang ing mêmanisipun gêgana bang sumirat ||

Rêtna Drusilawati sêsambat.

Adhiku Pamadi adhiku, dene tega tinggal aku, ora sapa sing nyidra adhiku wong bagus, dadia mati bok sing ala ya kuwe, e tak tatêdha sapa sing nganiaya adhiku, muga dikaya rasaning atiku mêngkene, kasêngitan apa sidirampok wadhuke, sidikrocok nganti bosok, ditanjir kicir-kicir, sidipênthang jêrkangkang, bathange sidisambêr gêlap êndhase nganti mawut polone, bok aja nyuwani atiku.

Arya Sangkuni ngrêrapu.

Wis ta rara mênênga, wong wis pasthine adhimu elinga, masa kênaa kok palangi, angur dipikir kang bêcik, sing tatu bae apane, dene ampuh têmên gêgamane, wis ta aja kok rangkul, lah rak wis sinêbut mungguh uriping manungsa lan bêja cilakane duwèni pêpancèn dhewe-dhewe.

Radèn Jayadrata matur ing Sangkuni.

Kalih malih paman, tiyang pêjah masa gêsanga dipun tangisi botên. Aluhung [A...]

--- 2 : 382 ---

[...luhung] dipun paripurna, botên katingal gilang-gilang layonipun, sok wontêna tiyang punika nyaur, inggih sampun utang.

Rêtna Drusilawati sumaur kalih nangis.

O layak paman dika bisaa clathu mêngkotên, jêr dika dede sanake Si Pamadi, ampun dika padha milu clathu, wong dede kulit daging dika, mangke mundhak kula sosotake, layak malah padha bungah adhi kula kêtiwasan mêngkètên iki, dhasar wong padha ala gêdhohane, wong iku apa wandane, sidisambêr gêlap atine.

Arya Sangkuni sêdhakêp ngucap.

E lah kojur, adèna cangkêm iki mau kudu clêkathu, o mundhak olèh blêdhèg.

Petruk ngangsuli.[16]

Bok gih kajênge kyai disambêr gêlap mawon ngarah napa, andèk dika êmpun tuwa, besuk kula têrake yèn digawa têng kubur.

Sinigêg Prabu Kurupati ngandika.

Rara Drusilawati, mara tilikana apa tatune adhimu, dene ora nana mêtu gêtihe, lan pira kabèhing kang pinarjaya ing duratmaka, dadia aku matur paman prabu yèn wis gênah, lan padha digawa kuwandane adhimu supaya kawruhan yayi Prabu Ngamarta.

Dipun ucapakên.

Lah ing kana ta wau, satriya Madukara lajêng dipun grayang sadaya dhatêng Rêtna Drusilawati, katingal walikat kanan kang gosong.

--- 2 : 383 ---

Rêtna Drusilawati matur.

Kakang prabu, punika ingkang katingal gosong walikatipun ingkang têngên, botên pasah mila botên mêdal rahipun.

Prabu Kurupati dhawuh malih.

Mara kabèh awake adhimu pirsanana, yèn ana liyane tatune ing walikat ingkang ora pasah iku.

Aturipun Rêtna Drusilawati.

Inggih sêndika, punika kakang prabu grayangi pun rayi sampeyan sangsaya angêt, kalih guwayanipun taksih dèrèng ewah, pangraos taksih mèsêm.

Sinigêg dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, kusuma Drusilawati, dhokoh gènipun nalusur sarirane satriya Madukara, paningsêt dipun salusur mubêng ngantos têpung lajêng mangandhap cêthik, pocong inggih ngantos têpung, sarêng dumugi prênahing pakèndêlan, asta mampir nuwèni, pinuju ingkang gadhah griya nglilir, Radèn Pamadi gêrêng-gêrêng ngrangkul, Rêtna Drusilawati gumujêng ngandika. Kalih ngêbruki dhatêng satriya Madukara.

I i ehe adhiku Pamadi urip têmênan, kakang prabu mulya rayi sampeyan, wis bisa ngrangkul, nya Pamadi nginanga, iki wis tak mamahake.

Sinigêg, Radèn Jayadrata datan tahan pirsa Rêtna Drusilawati rinangkul Radèn Pamadi sarta lolohan gantèn, lajêng kesah, Arya Sangkuni tumut mêdal. Găngsa ayak-ayakan, Arjuna wungu, Prabu Kurupati ngrangkul, Rêtna Drusilawati suka-suka, lendhotan ing Radèn Pamadi, Sêmar saanakipun [sa...]

--- 2 : 384 ---

[...anakipun] sami cikrak-cikrak. Găngsa kasuwuk, dipun suluki sastradatan manyura agêng.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwang lêmbana mahagnya ||

Prabu Kurupati gumujêng ngandika.

I hêng hêng hah hah hah, adhiku adhiku Pamadi sapa kang nyidra ing kowe, lan apa ingkang katon sajroning kowe palastra, ora nyana yèn bisa mulya manèh.

Aturipun Arya Palguna.

Kakang prabu dangu raosing manah kula, kados kilêm kimawon, dene ingkang marjaya dhatêng kula, kula botên sumêrêp, panyidranipun saking wuri, kula lajêng dhawah sumaput botên èngêt purwa duksina.

Prabu Kurupati ngandika.

Kêtiwasan Pamadi, bakyumu Si Banuwati digawa duratmaka, tak rêbut aku ditêbak ambruk. Maling aguna oncat mumbul ing gêgana, priye Pamadi, tiwas aku yèn ora kok mrinani, karo aku prajangji ing kowe, kasêksèna bantala akasa, utawa kasahidana ing Si Drusilawati, si kakang Sêmar saanake, jangji bisa katêmu Si Banuwati, aku wis lila marang kowe, lungguhku mung dêrma gadhuh kowe ingkang duwe wajib.

Aturipun Pamadi.

Punika têmên pangandika sampeyan makatên.

--- 2 : 385 ---

Sauripun Prabu Kurupati.

Pamadi srêbi yèn aku goroh ing kowe, kasêksèna jawata nawa ingkang misesa ing titah, nêkakake dalajat Pamadi yèn ratu cidra ing wasanane.

Aturipun Radèn Pamadi.

Inggih kakang prabu, kantuna pinarak, kula jujule pandung aguna ingkang bêkta kakang bok.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Arjuna nêmbah mêdal lajêng mumbul ing gêgana, Prabu Kurupati, Rêtna Drusilawati, lajêng sami dhatêng pasamuwan. Arya Sangkuni Jayadrata sami ngiring, Radèn Pamadi kalampahakên dêdêl ing gêgana, găngsa dipun sudhuk,[17] dipun caritakakên.

Lah ing kana satriya Madukara, sarêng sampun inggil mahawan ing dirgantara, mawas paningale, katingal Prabu Partasudarma lumampah ing gêgana alon-lonan. Inggal satriya Madukara niyup marpêki, Rêtna Banuwati binopong Prabu Partasudarma kalampahakên kalih ngungrum.

Babo mirahe si kakang dhewe Banuwati, lêga rasaning atiku, baya mati yèn ora bisa dhaup lan kowe.

Rêtna Banuwati sêsambat.

Udhuna maling aguna aku udhuna, adhiku Janaka ora kok tututi.

Prabu Partasudarma ngucap.

O Banuwati jaluk mudhun priye, diupaya tak rewangi toh nyawa wis kêna jaluk mudhun, e lah masa parênga rakamu.

Kusuma Banuwati pirsa kang rayi Madukara jrit minta tulung, Prabu Partasudarma

--- 2 : 386 ---

nolih, Rêtna Banuwati rinêbut ing Sang Parta, Prabu Partasudarma dipun jêjêg dhawah mangandhap. Găngsa mungêl kêrêpan manyura, sarêng sampun dhawah Prabu Partasudarma găngsa kasuwuk, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Pancala raja dulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Prabu Partasudarma ngucap.

I babo, sapa gêndhak sikara ing aku, apa dewa dene bisa mêtu jumantara.

Arjuna sumaur.

Aja tanbuh, iki satriya Madukara, ora kulak warta tuku pangrungu, maling aguna nututa tak bănda.

Prabu Partasudarma sumaur.

E lah dalah, ulungna Pamadi êndi gêgawanku tak jaluk, aja kowe gêndhak sikara tak eman. Ratu Ngastina ingkang dadi jatukramane adhiku Si Banuwati ingkang tak ajap nututana lakuku, tak kêmbarane padha ijèn, aja kowe murina ngrêbut dudu bojomu.

Arjuna sumaur.

Manawa isih urip Janaka masa ngantia kowe gêpok kuncane kakang Prabu Ngastina, aku ingkang saguh mocok utamanggamu, mara nututana lêganing atiku, padha kantaran bau, tandhing padha prawira.

--- 2 : 387 ---

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Ratu Tasikmadu nusul mumbul ing gêgana, Rêtna Banuwati sampun dipun lêbêtakên ing supene Sang Parta, lajêng prang sami wontên jumantara, dangu kuwêl dhawah ing ngandhap, sarêng sami ngêdalakên pangabaran, Prabu Partasudarma tansah kasoran, lajêng mumbul malih, Arjuna nututi, Prabu Partasudarma kêni cinandhak ing Sang Parta, lajêng dipun bêkta mumbul malih, sarêng sampun silêm ing dharatan, lajêng dipun sawatakên mangandhap, atêbih tan kantênan dhawahipun. Radèn Pamadi lajêng wangsul sêdya dhatêng Mandraka, kajêng katancêpakên têngah, găngsa kasuwuk, dipun caritakakên.

Lah ing kana satriya Madukara dangu dènnya băndayuda kalih Prabu Partasudarma, sarêng ngabên pangabaran Sinuhun Tasikmadu anggung kasoran, sumêja prang rukêt, mumbul ing jumantara, sarêng kenging cinandhak binuwang datan kantênan dhawahipun. Radèn Pamadi lajêng wangsul dhatêng Mandraka, sinigêg gênti kocapa, pabarisaning wadya ing Tasikmadu, swaraning prajurit kadya mliwis nungsung ranu.

Mungêl ladrangan Ricik-ricik, ngadêg Patih Jayalugita, Tumênggung Juwalbita, Tumênggung Jayawiladaka, tuwin Tumênggung Jayapanigas. Găngsa dipun jantur, dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, ing pabarisanipun wadya ing Tasikmadu, Apatih Jayalugita sapara bupati prajurit pêpak andhèr pindha robing jaladri, sadaya sami ngarsa-arsa rawuhing sang prabu dènnya manjing ing kadhaton Mandraka sêja andhustha Rêtna Banuwati, mila sami prayitna para punggawa, ciptaning tyas badhe rêmbag sumusula manjing praja Mandraka, sinawang para punggawa Tasikmadu sami gambira sura pindha manjangan katawan, anggrêgut mangajap karya.

--- 2 : 388 ---

Găngsa mantun kajantur, sawatawis dipun sêsêgakên lajêng kasuwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirang Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karyang sang bupati ||

Patih ngucap.

Adhi-adhiku bupati kabèh padha ngati-atia, dene tindake gustimu wis lawas durung rawuh, sêpi ora nana pawartane, ewadene yèn si adhi-adhi ana ingkang olèh pawarta, apa kaanane ing nagara Mandraka.

Aturipun Tumênggung Juwalbita.

Kakang adipati dangu pawartos salêbêting nagari Mandraka, aturipun têlik kula, ing sapunika sinuhun Mandraka andhaupakên atmajanipun ingkang nama Rêtna Banuwawi,[18] jatukrama kalih Ratu Ngastina, kathah para ratu ingkang sami rawuh, liya kabar pangantèn punika ing Mandraka sêpên botên wontên pawartos punapa-punapa.

Patih Jayalugita ngucap.

Yèn mêngkono adhi pawartane ing Mandraka, gustimu durung sagêd manjing ing kadhaton. Ing kale ingkang dikarsakake putri Mandraka ingkang aran Rêtna Banuwati iku, ing samêngko kawarta yèn wis jatukrama, kagarwa Ratu Ngastina, prayoga padha disusul adhi tindake ingkang sinuhun, manawa kumêdhèp kasèp, adhi sapa ingkang kelangan.

--- 2 : 389 ---

Juwalbita matur ing rêkyana patih.

Anjawi karsa sampeyan kakang adipati, yèn lajênga dipun jujul sakănca sadaya, punika angagèt-gèti, bêbasan pandung pajar wulan bêkta obor, dèrèng sagêd babah sampun kauyak-uyak, kang saistu lajêng gègèr nagari Mandraka, sami cipta kadhatêngan parangmuka, prayogi dipun antosi, manawi sinuhun botên rawuh ing sadintên punika, sanajan sami nusula para bupati kimawon sami anyamur lampah, bêkta prajurit ingkang sasêliran, dipun lampahakên icir, supados sampun katawis kakang adipati.

Jayalugita mangsuli sabda.

Iya adhi bênêr rêmbugmu, padha milihana prajurit kang sakira kêna digawe andêling kewuh, yèn kangjêng sinuhun ora rawuh sadina iki, aku dhewe adhi ingkang sumusul marang praja Mandraka.

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, eca imbal wacana Patih Jayalugita tuwin para punggawa ing Tasikmadu, kasaru tibane Prabu Partasudarma cumalorot, tangginas rêkyana patih anyăngga, para bupati kagèt sadaya.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Prabu Partasudarma dhawuh sampun katampèn ing rêkyana patih lajêng lênggah, rêkyana patih sakancanipun lajêng sami ngabêkti, găngsa kasuwuk dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Rini lampah.[19] Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sadasawadana manuduh punggawa wira drumaksa | mangrusak ing gêlar

--- 2 : 390 ---

ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah awahana èsthi mangundha dhandha ||

Patih Jayalugita umatur.

Kawula nuwun anggèr pangabêktinipun pun Jayalugita katura ing gusti kula ingkang sinuhun.

Prabu Partasudarma amangsuli.

Iya Jayalugita, kowe ngabêkti ing aku sadurung sauwise tak trima, kowe padha raharja sakancamu kabèh.

Aturipun Patih Jayalugita.

Kawula nuwun inggih, saking pangistunipun kangjêng sinuhun, sadaya wadyabala sami raharja, kawula nuwun kadospundi tindakipun gusti kula, dèntên paduka dhawah saking jumantara, katujunipun ingkang abdi sumêrêp, upami ngantosa kangjêng sinuhun dhawah ing bantala dados punapa, dene ingkang abdi nampèni punika wau wantêripun kados dipun sawatakên.

Sang prabu ngandika.

Iya bapa, lakuku mèh katiwasan, ingkang mau Si Banuwati wis kêna tak gawa, marga kênane pinuju dadi ngantèn dhaup karo Ratu Ngastina, satêngahe nendra ana pajangan banjur tak rêbut wani, Ratu Ngastina mêtu nututi têngah dhadhane tak têbak banjur aku mumbul ing jumantara, wis suwe antarane gonku gawa Si Banuwati, tak kira wis ora bisa nututi Ratu Ngastina, ora antara kadange Ratu Ngastina kaparnah nom arane Radèn Pamadi, iku nututi ing aku, Si Banuwati dirêbut kêna, banjur băndayuda karo aku padha

--- 2 : 391 ---

ijèn, ananging Si Banuwati wis ora katon, êmbuh gone ngumpêtake, wasana aku kêna dicandhak banjur digawa dêdêl ing jumantara, nganti êntèk pandêlênging bumi ora katon, aku banjur disawatake tiba iki mau, dene Si Pamadi êmbuh parane.

Jayalugita matur.

Yèn makatên botên kenging dipun kintên-kintên, dene tiyang Mandraka ingkang wasta Pamadi sagêd mêdal gêgana, kados gusti kula, kalih dèntên malih inggih pun Pamadi satriya ing Madukara punika ingkang mêjahi abdi yaksa ingkang kautus anglamar rumiyin.

Prabu Partasudarma ngandika.

Iya Jayalugita, kaelingan aku, kang matèni kongkonaku Si Pamadi, wis Jayalugita, undhangna mangkat saiki marang Mandraka, ayo diurugi bathang sèwu, padha dibranang api nagara Mandraka, banjur rusakên manawa durung ngaturake Si Banuwati, tumpêsên sipat lanang.

Aturipun rêkyana patih.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, para bupati budhal, prampogan rumiyin, nuntên para punggawa gêntos-gêntos kalampahakên. Rêkyana patih ing wuri piyambak, Prabu Partasudarma nitih grêbong dèn ayap prajurit pinilih, sasampunipun kêbut sadaya wadyabala, kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. tatkala narpa ceda mati [ma...]

--- 2 : 392 ---

[...ti] nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Pancala raja dulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Prabu Partasudarma, sampun budhalakên wadya prajurit, nglurug dhatêng Mandraka, samarga-marga prajurit sami ngrêrayah, desa kang kamargan gêmpur sami kagegeran. Dene datanpa pawarta dhatênging muka angagètakên. Sinigêg wadya ing Tasikmadu ingkang lagya lumampah, gênti kocapa ing nagari Mandraka, tansah èngêt dènnya kasukan.

Mungêl ladrangan Eling-eling, ngadêg Ratu Mandraka, Ratu Madura, Ratu Ngamarta, Ratu Ngastina, Bima, sami jajar pinarak. Ingkang ngadhêp ing ngandhap, Rukmarata, Arya Sangkuni, Jayadrata, cèthi kalih mungging wurining narendra, găngsa kajantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, sajroning kadhaton ing Mandraka, Mahaprabu Salya pinarak ing pandhapa, manggihi para putra ingkang sami sinêdhahan karya, ratu ing Madura kalih Ratu Ngamarta, tiga satriya ing Munggulpawênang, sami andrawina wontên ing pandhapa, anutug dènnya kasukan. Samana ing praja Mandraka abalabur sêkul ulam panganan, saênggon-ênggon kawula bala sami suka-suka nginum waragang sakayunira datan cawêngah, mantri bupati sami bujana ing pakajangan. Sata Kurawa sami kasukan ing srimanganti, sabibaring Kurawa dènnya kasukan, Radèn Rukmarata lajêng sowan ingkang rama, Prabu Salya sampun anampèni aturipun pramèswari yèn ing kadhaton [kadha...]

--- 2 : 393 ---

[...ton] kalêbêtan duratmaka, inggal sri bupati miyos ing pandhapi malih taksih pêpak para ratu, datan pantara Prabu Kurupati rawuh, ingkang dhèrèk Arya Sangkuni kalih Radèn Jayadrata, mangkana sri bupati ing Mandraka pangudasmaraning wardaya.

I lah iki anak Prabu Kurupati, apa nyata pawartaning duratmaka, maling apa ingkang dikarêpake, dene Si Janaka ora katon.

Gêndhing mantun kajantur, sawatawis dipun suwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah nikang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nura kamuk | irika sa-Korawa ngrêbut mangambuli sarawarèng Dananjaya nangsêh | makamuka sang dwijendra Karna Kapa Salya guru putra lèn kurukula ||

Prabu Salya matur ing Ratu Ngastina.

Anak Prabu Kurupati, dèntên mêdal ing pandhapi piyambak, rayi sampeyan pun Pamadi pundi, dene botên dhèrèk ing sampeyan, prayogi anak prabu pinarakan ing kênyapuri kimawon, kasukana kalih ingkang garwa, tuwin bibi jêngandika bok ratu.

Ratu Ngastina matur ing Ratu Mandraka.

Inggih paman aji, mila kula sowan dhatêng pandhapi, angaturi uninga ing sampeyan. Kula wau dalu katiwasan, kalêbêtan duratmaka, ingkang dipun bêkta ing dhustha, putra sampeyan pun Banuwati, sarêng kula tubruk pandung aguna oncat mumbul ing jumantara, botên antawis kula mirêng jêritipun putra [pu...]

--- 2 : 394 ---

[...tra] sampeyan pun Drusilawati alok pandung, sarêng kula dhatêng, rayi kula pun Pamadi ingkang kacidra ing duratmaka, botên pasah nanging kantaka, walikatipun kanan ingkang gosong, botên dangu sarêng dipun pulasara dhatêng pun Drusilawati pun Pamadi sagêd mulya.

Ratu Mandraka ngusap jaja ngandika.

E lah kadospundi anak prabu, dene ngantos wontên raja mangkatên botên tumuntên anak prabu suka uninga ing kula, ing sapunika rayi sampeyan pun Pamadi pundi.

Ratu Ngastina matur.

Dene sapunika putra sampeyan pun Pamadi lajêng kula pasrahi sirnanipun pun Banuwati, rèhdèntên kula botên sagêd mahawan jumantara, mila kula borong dhatêng pun Janaka, sok sagêda pinanggih, kula sampun botên rumaos gadhah, pun Pamadi inggih lajêng sagah ngupadosi, mangkat mahawan jumantara, kula lajêng sowan paman prabu punika wau.

 


tuwin. (kembali)
nirmala. (kembali)
dipun. (kembali)
saut. (kembali)
surèngpati. (kembali)
badhong. (kembali)
găngsa. (kembali)
nuntên. (kembali)
ing. (kembali)
10 Nala. (kembali)
11 ing. (kembali)
12 yahning. (kembali)
13 Janaka. (kembali)
14 tulung. (kembali)
15 maling. (kembali)
16 mangsuli. (kembali)
17 suwuk. (kembali)
18 Banuwati. (kembali)
19 Seharusnya lampah 17. (kembali)