Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-23, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 18, Rê Wa, 30 Dulkangidah Wawu 1865, 6 Marêt 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [277] ---

Ăngka 18, Rê Wa, 30 Dulkangidah, Wawu 1865, 6 Marêt 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakèn sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Londhon - Mudha Wanita - Pasulayanipun Itali lan Ethiopie - Bab Kasarasan tuwin Panjaginipun - Paduka Tuwan A.W.F. Indenburg Seda - Pêpanggihanipun Petruk + Ki Yudaprayitna - Kabar warni-warni - Wêwaosan.

Londhon

[Grafik]

Sawangan griya-griya gêdhong ing kitha Londhon nagari Inggris.

--- 278 ---

Jagading Wanita

Mudha Wanita, Rêmbagipun Rara. St. lan Ibunipun

St. Bu, bu, panjênêngan badhe tindak dhatêng pundi, kok dhawuh nyawisakên busana.

Ib. Arêp kumpulan ngetan mrono. Layange ulêman kowe rak ya milu maca, ta.

St. La punapa botên kalihan bapak, bu.

Ib. Ora, Bapakmu mung ngêtêrake bae, iki pakumpulan mung kanggo golongan ibu, wong lanang ora kêna.

St. Bok kula kaparênga andhèrèk inggih, bu, malêm Minggu kemawon, benjing-enjing botên sêkolah.

Ib. He, ora kêna, kowe bocah cilik durung mangsane. Besuk yèn wis tuwa kaya ibu, iya kêna. Karo manèh sing ngêloni adhimu Suhardi sapa.

St. Inggih kang mas ta, ingkang ngêloni, kula maos ulêmanipun kok kapengin badhe mirêng rêmbagipun kasêbut: agendhah nomêr 3 lan 4, inggih punika bab panggulawênthah putra lan panindaking kabêtahan padintênan.

Ib. Kang masmu bocah lanang dikon ngêloni, masa sabara, abot mripate dhewe. Karo manèh kowe miluwa, iya dibalèkake, awit isih cilik. Wis ya, dhuk, adhine dikêloni, mêngko yèn nglilir diêplèk-êplèk. Engga ta bapakne, wis wayah ngene jare isih ngenak-enak.

Bp. Ngenak-enak kêpriye, rumasamu aku iki nganggur apa, la wong lagi korèksi pirang-pirang tumpuk ngene.

Ib. Lo, botên, sing ngenak-enak kula. Engga ta, êmbok ênggih ditinggal sadhela, mangke dilajêngake. Mangke rampung korèksi, sêdhêng jam 1, banjur nganguk-anguki kula.

Bp. Mêngko dhisik ta, sadhela êngkas.

Ib. He, la wong wiwite wis kari 10 mênit ngene jare.

Bp. Nganggo piyamah ngene bae rak ya wis kêna ya bune. Kadar mung dadi batur bae.

Ib. La ênggih kenging-kenging mawon, malah kaya pak grêma ngêngon ingon-ingone.

Bp. He, iya, iya. Mêngko dhisik dak bêbêdan. Blangkone sing cara Sala cêpakna, bune, karo jase pisan.

Enjingipun.

Ib. Dhuk, dhuk, adhi-adhine nèk wis didusi,

--- 279 ---

disalini klambi sing rêsik, rêgêd-rêgêdan diklumpukake, karêbèn diwasuhi biyang Sura, sabune dicawisi sacukupe, aja nganti kurang. Yèn uwis, dang blănjaa butuh mênyang warung, karo bapakmu tukokna dhahar sarapan, adate yèn Minggu malah sok mundhut sarapan, dupèh ora nyambut gawe, jarene malah enggal luwe. Aja lali iwak brutu krêsanane bapakmu.

Pangudaraosipun Rara St. Salêbêtipun Lumampah.

[Maskumambang]

Kadya sarah kumambang têngahing warih | de aku tinitah | dumadi bocah pawèstri | prabeda lan para priya ||

bab prakara ngudi kawruh kèh kang sami | sabên dina lunga | tan nate towong saari | lêlumban mring pamulangan ||

kuwajiban ing ngomah yêkti tan sami | wit aku sanajan | durung bênum kaum bibi | isih klêbu kolêm bocah ||

nging wus kudu tumindak saari-ari | nyêkêl bale omah | anjaga lan angopèni | adhi-adhi mrih waluya ||

kaya kang wis dhinawuhkên ibu iki | aku kudu bisa | nyakup sakabèhing kardi | kang ditindakke wong tuwa ||

sinauku ing ngomah sasat dak sambi | lagi wiwit bukak | tas buku sumêdya ngambil | pagawean pamulangan ||

dumadakan katungka adhiku nglilir | yu, yu, kêlonana | dak sêlani ngisik-isik | hèh gêndhuk tataa dhahar ||

lah wedange apa uwis diilingi | dang enggal cawisna | bapak wis ngarêpke mulih | tan têlas yèn dak andharna ||

[Pangkur]

tan nêdya nyingkir parentah | sakabèhe pakone yayah wibi | sayêkti dak junjung dhuwur | wit kabèh iku srana | panuntune ibu marang awak ingsun | supaya ing têmbe bisa | dadi ibu kang sajati ||

têtela kaum wanita | wiwit mudha kaya awakku iki | uwis praktik dadi ibu | tumindak pagawean | samubarang kang dèn tindakake ibu | ngrêmbug kabutuhan omah | gulawênthah bocah cilik ||

mula payo para mudha | aja dupèh isih sinêbut cilik | aja sungkan ngudi kawruh | panggulawênthah miwah | nyêkêl bale griya lan nindakke butuh | sing sapa anglirwakêna | yêkti tuni têmbe buri ||

nora susah benjang-benjang | ing saiki uwis kalêbu rugi | wit tindake sarwa kidhung | tan cakêp tuna dungkap | nora bisa nyakup saprentahing ibu | payo pra mudha wanita | padha bêbarêngan ngungsi ||

ing kawruh mring para lêbda | kang minulya gêrakan kaum bibi | dhangana paring sêsuluh | mring kula para rara | bab panggulawênthah myang nindakkên butuh | wit racak kula pra mudha | kêdah pratik sabên ari ||

pangandhar kula ing muka | amung tumrap kula wanita Jawi | kang cingkrang sadayanipun | saking kumêdah-kêdah | kêdhungsangan anututi jaman maju | sokur bage bisa jajar | botênipun waton ngancik ||

sun tutup pangandhar amba | asru nyuwun dhatêng pra nupiksani | mugi-mugi karsa muwung | nglubèrna pangaksama | tloncang-tloncong tumrap basa lan tumpang suh | wus amba dhaku sadaya | datan nêdya anyelaki ||

Rara S.T.

--- 280 ---

Pawartos Sanès praja

Pasulayanipun Itali lan Ethiopie.

Mênggah kawontênanipun Itali kalihan Ngabêsi (Ethiopie) punika dipun wastanana pasulayan utawi pêrang, dèrèng kenging, nanging manawi dipun wastani botên punapa-punapa, nyatanipun sampun katingal asêsulak badhe pasulayan.

[Grafik]

Gambar laladan Aprikah Wetan.

Ing ngajêng sampun kawartosakên, bilih tindakipun Itali ingkang tumuju dhatêng Ngabêsi katingal sêrêng, malah salajêngipun, Itali saya mêpak wadyabala kangge sadhiyan manawi wontên punapa-punapa. Wontênipun makatên, cêkakipun Itali tansah nyaramakên dhatêng Ngabêsi. Tamtunipun tumrap Ngabêsi, tindakipun Itali ingkang raos sujana wau inggih dipun walês kados makatên, mila lajêng saya katingal bilih nagari kêkalih wau namung tansah pandêng-pandêngan, ingkang wohipun namung badhe anjalari botên sae.

Tumrap Ngabêsi ugi katingal sêrêng, nanging ugi katingal anggèning gadhah rêrigên murih pinanggih rukun, saha ing bab punika angsal pambiyantu kalihan utusan Inggris ing Ngabêsi ingkang ugi suka rêmbag prayogi. Malah ing bab raos pasulayanipun nagari kêkalih wau, tumrap Ngabêsi gadhah usul supados dipun rêmbag wontên ing Polkêmbon.[1] Dados pancènipun sampun botên kêkirangan ing bab anggèning ngudi wilujêng sadayanipun.

Mênggah sababing pasulayan, Ngabêsi gigat dhatêng Itali ing bab anggèning Itali tansah ngangsêg watês, nanging kosokwangsulipun, Itali inggih gêntos nyêrêg anggèning Ngabêsi nêrak prajanjian ing taun 1896 amargi Ngabêsi nglêbêtakên daya Jêpan wontên ing ngriku, ing bab nanêm kapas.

Ing bab pasulayanipun, Itali tuwin Ngabêsi wontên ing watês, punika saya dipun cêthakakên dening satunggiling ahli babagan barang kina băngsa Itali, ingkang nuju ngudi kawruh wontên ing Ngabêsi. Mila Itali lajêng saya anggrêgut.

Nanging mênggahing sajatosipun, botên namung Itali [I...]

--- 281 ---

[...tali] piyambak ingkang anggadhahi kawigatosan, sanadyan tumrap Prancis tuwin Inggris, inggih lajêng sami tumut gugup, awit sami gadhah laladan ingkang tapêl watês nagari Ngabêsi, kuwatosipun Prancis manawi Itali andhêsêg laladanipun. Makatên ugi Inggris inggih lajêng nyêthakakên watês-watêsing laladanipun.

[Grafik]

Wadyabala Inggris nalika ambêkta dêdamêl tèng saking Kaero dhatêng Ismailia, wontên ing susukan Suez.

Sayêktosipun Ngabêsi punika anggèning gadhah raos sujana sampun wiwit kala taun 1925, inggih punika jalaran saking anggènipun Inggris damêl margi sêpur tanpa mawi cariyos.

Mênggah cêthanipun anggèning Itali saya agêng anggèning anggadhahi laladan wontên ing ngriku punika makatên: ing sabibaripun pêrang donya, Itali ngrumaosi botên sênêng, amargi tumraping golonganipun, ingkang manggih kabêgjan agêng, punika namung Inggris kalihan Prancis, laladanipun lajêng kathah wêwahipun, dene Itali botên angsal punapa-punapa, mila Itali nêdya nyulayani prajanjian. Ingkang punika Prancis lajêng ngêngimur Itali sarana nyaèni watês-watês ing antawisipun Tripoli tuwin Algiers, dene Inggris saya kathah anggènipun mêmulih Itali inggih punika nyukani laladan Joeba tuwin saperangan laladan Soedan.

Nanging tindak ingkang kados makatên punika mêksa dèrèng damêl marêmipun Itali. Ing bab punika Prancis ugi tansah ngudi murih pulih manahipun Itali, saha lajêng kalampahan, nalika utusan Prancis dhatêng Itali nyukani pasitèn 111.400 km pasagi ing Lybia tuwin saperangan pasitèn Somali laladan Prancis. Salajêngipun, Itali sagêd damêl palabuhan wontên ing laladan ngriku, ingkang sagêd agêgayutan lampah layaran dhatêng sagantên Indhia. Kajawi punika Itali dipun wênangakên tumut tumbas andhiling sêpur Addis Abeba dhatêng Dzijboeti. Dados, Itali lajêng sagêd manggih pamarêm.

Dene tuwuhing pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi, jalaran saking pandhêsêking barang-barang Jêpan ingkang malêbêt dhatêng Ngabêsi, rêrêgèning barang sakalangkung mirah, Itali ngantos rumaos botên [botê...]

--- 282 ---

[...n] angsal papan, saha salajêngipun Jêpan sagên[2] anglêbêtakên pawitan, sagêd ulah siti nanêm kapas wontên ing ngriku, măngka bab babagan tanêman wau ingkang sakalangkung agêng sangêt dayanipun, dening dados kabêtahan ing donya. Katêmahanipun ugi dados pamanahaning nagari sanès.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên bilih Itali botên gadhah sêdya badhe pasulayan kalihan Ngabêsi, anggèning ngangkatakên wadyabala namung prêlu kangge nyantuni wadyabala lami. Nanging ing bab punika botên sagêd ngicalakên pangêntining ngakathah, saya manawi ngèngêti ombyaking para anèm ing Itali ingkang sami kaangkat dados prajurit, botên mèmpêr manawi Itali botên anggadhahi kajêng ingkang wigatos.

Ing salajêngipun wontên raos sanès ingkang anggêpok dhatêng Itali, inggih punika ing bab pawartos, wontên wadyabala Yaman bidhal numpak kapal, Itali badhe ambiyantu wadya Itali dharatan ing Somaliland. Ingkang makatên punika nuwuhakên panggrayangan, bilih kala pasulayanipun golongan Yaman kalihan Saodi, punika Itali ambiyantu Yaman, dados anggènipun sapunika wadya Yaman ambiyantu Itali dhapur malês, utawi pancèn sampun sarêmbag nêdya bantu-binantu. Ing bab punika lajêng nuwuhakên botên sênêngipun Inggris.

Manawi makatên, babagan pasulayanipun nagari kêkalih wau, ugi badhe anggayut nagari sanès-sanèsipun. Sukur manawi lajêng rukun yêktos.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 2055. Karangan ingkang badhe kangge buku taman pustaka, dipun priksa rumiyin wontên ing kantor Bale Pustaka, kenging utawi botênipun kawêdalakên. Manawi dipun tampèni ingkang ngarang angsal pituwas murwat.

[Grafik]

Sawangan ing sacêlakipun kitha Bêtawi.

--- 283 ---

Bab Kasarasan

Bab Kasarasan tuwin Panjaginipun.

Kawontênan ingkang katingal gumêlar ing ngalam donya punika, manawi dipun sawang kalihan saèstu utawi dipun yêktosi, kadadosan-kadodasanipun maujud kemawon sampun anggumunakên.

1. Kados ta, tanêman klapa katingal mêdal sêkar utawi manggaripun, kintên-kintên 2 minggu manggar wau sampun dados baluluk alit lajêng dados kalapa agêngipun sasirah tiyang, ing nglêbêt isi daging klapa lan toya. Klapa wau yèn sampun garing utawi kiring sagêd dhawah, manawi dipun kèndêlakên sawulan utawi kalih wulan kemawon, klapa wau sagêd thukul (trubus), trubusan wau sangsaya agêng salêbêtipun sawatawis wulan sampun dados cikal utawi bibit wit kalapa, bibit wau yèn dipun tanêm ing salêbêtipun 6-7 taun sampun sagêd sêkar, bluluk lan dados klapa, yèn sampun kiring dhawah lajêng sagêd thukul dados bibit kalapa malih, makatên salajêngipun.

2. Ayam nigan: Tiganipun dipun êngrêmakên salêbêtipun 3 minggu utawi sawulan kemawon tigan wau sagêd nêtês dados kuthuk, kuthuk yèn sampun agêng dados ayam babon utawi sawung, babon utawi ayam èstri nigan dipun êngrêmakên malih lajêng dados kuthuk, kuthuk dados ayam makatên salajêngipun.

3. Tiyang èstri mêtêng, dumugi mangsanipun nglairakên jabang bayi, sakawit jabang bayi wau namung sagêd nangis, nguyuh, ambêbucal lan nêsêp biyungipun, yèn sampun umur 4-5 wulan sampun sagêd mèsêm utawi gumujêng, ngancik umur 6-7 wulan ngawiti sagêd ambedakakên bapa biyung utawi tiyang sanès, salajêngipun bayi punika sagêd miring mêngkurêb, lami-lami sagêd anjênggèlèk, linggih lajêng ngesot, ambrangkang rambatan, yèn sampun umur sataun lajêng sagêd mlampah kêthumuk-kêthumuk, lan sagêd wicantên pelo, yèn sampun agêng umur 2-3 taun utawi langkung limrahipun sampun gênah wicantênipun botên pelo malih.

Kadadosan-kadadosan punika wau sadaya saking kodrat, ingkang tiyang botên sagêd damêl utawi botên mangrêtos.

Manawi wontên pitakenan: kadospundi tiyang ingkang nama saras punika.

Jawabipun botên sagêd gumathok utawi botên sagêd sami kalihan jawabanipun tiyang ingkang dipun pitakèni. Kados punapa, tiyang èstri ingkang dipun wastani ayu punika. Mila makatên awit satunggal-satunggalipun tiyang gadhah pamanggih utawi raos piyambak-piyambak botên sami.

Makatên ugi satunggal-tunggaling perangan ing salêbêting badan botên mêsthi ajêg lampahipun, mêsthi wontên ingkang rêndhêt utawi ewah sawatawis lampahipun, nanging ingkang gadhah badan botên kraos, [kra...]

--- 284 ---

[...os,] kajawi manawi ewahipun wau sampun ragi sangêt inggih punika sakit, samăngsa saperangan ing lêbêt badan wontên ingkang ewah sawatawis, perangan sanès ingkang gandhèng kalihan perangan ingkang ewah wau, lajêng sagêd mitulungi utawi biyantu supados sagêd runtut lampahipun.

[Grafik]

Klapa ingkang sampun mêdal trubusipun.

Langkung sakêdhik ewahipun, langkung gampil utawi enggal runtutipun, inggih langkung sakeca utawi saras raosing badanipun.

Ing Eropah ngawontênakên Polkênbon, punika pikajêngipun botên damêl ada-ada kangge nyirêp pêpêrangan, nanging ngudi lan ngupadosi sabab-sababipun ingkang anjalari thukulipun pêpêrangan wau, sasampunipun pinanggih sabab-sababipun lajêng dipun rêmbag lan dipun tata murih icaling pasulayan wau.

Yèn tiyang kataman sêsakit ingkang nular punika ing salêbêting badan prasasat wontên pêpêrangan agêng, inggih punika wontên wisa utawi wiji sêsakit ingkang lumêbêt ing badan (êrah) tiyang, wiji wau lajêng ngêdalakên rêrêgêd (wisa) ingkang sagêd ngrisak êrah (dat ingkang abrit) nanging datipun pêthak lajêng kados dipun gugah, amêngsah nêdya nyirnakakên, nêdha utawi nyêrot wisa wau. Samăngsa dat pêthak kêwalahên anggènipun nandangi wisa wau, badan lajêng sakit.

Pêpêrangan dat pêthak kalihan wisa punika botên wontên kèndêlipun, wisa wau kados gadhah aji căndhabirawa, dening tansah tumangkar awêwah-wêwah balanipun, samantên ugi dat pêthak inggih tansah ngêdalakên kêkiyatan kangge nanggulangi mêngsahipun. Sadangunipun dat pêthak têtandhingan kalihan wisa, badan sampun sakit, manawi dat pêthak unggul juritipun, badan sagêd saras wisa ingkang kawon wau sagêd ical babarpisan utawi kawêdalakên saking badanipun tiyang ingkang sakit, tiyang ingkang ngêdalakên wisa sêsakit wau dipun wastani gezonde bacillendrager, wisa-wisa ingkang kawêdalakên punika kangge piyambakipun wau botên ambêbayani, nanging kangge tiyang sanès ingkang dèrèng nate kataman sakit punika ambêbayani sangêt. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 285 ---

Paduka Tuwan A.W.F. Idenburg Tilas Gupêrnur Jendral Tanah Ngriki Seda.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn kapêngkêr, kala dintên Jumuwah tanggal 1 wulan punika, wontên pawartos saking nagari Walandi lumantar kawat, bilih Paduka Tuwan A.W.F. Idenburg, tilas gupêrnur jendral ing tanah ngriki seda, jalaran gêrah jantung.

Suwargi A.W.F. Idenburg punika miyosipun wontên ing Rotterdam nalika tanggal ping 23 Juli 1861, dados dumugi sedanipun sampun yuswa 74 taun. Mulabukanipun suwargi Idenburg punika ngasta padamêlan wontên golongan militèr. Inggih punika sasampunipun tamat sêkolah H.B.S. lajêng sinau wontên ing sêkolahan militèr akadhemi lan ing krihsêkul, apdhèling I ing Bredhah (1877), sasampunipun tamat taun 1882 lajêng dhatêng tanah ngriki, dados militèr, dumugi pangkat kaptin Genie, wusana panjênênganipun dados pangajênging kabinèt (kantor) lègêr komandhan. Nalika samantên panjênênganipun kaangkat dados warga 2e kamêr ing nagari Walandi, taun 1901. Botên lêt dangu panjênênganipun katêtêpakên dados ministêr jajahan, ngantos kaping kalih, inggih punika taun 1902–1905, lan ing taun 1908–1909, ing antawising taun wau panjênênganipun jumênêng gupêrnur ing Suriname.

[Grafik]

Tilas gupêrnur Jendral A.W.F. Idenburg.

Ing wêkasanipun taun 1909 panjênênganipun kapilih dening Sri Bagendha Rajaputri katêtêpakên dados gupêrnur jendral wontên ing tanah ngriki, anggêntosi Gupêrnur Jendral van Heutsz, ngantos dumugi wulan Marêt 1916, nalika samantên nuju pêrang Eropah. Sasampunipun taun 1918–1919 panjênênganipun katêtêpakên malih dados ministêr jajahan ingkang kaping tiga ing nagari Walandi. Ing taun 1920–1923 dados warga 1e kamêr, lajêng dados ministêr pan sêtat, dados wiwit taun 1924 dumugi sedanipun dados lid rad pan sêtatê, inggih punika satunggiling parlêmèn juru panimbangipun Sri Bagendha Maharaja.

--- [286] ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Pêpanggihanipun Petruk kalihan Ki Yudaprayitna

II.

Petruk: Tak banjurne, Kang Garèng, cêcritanku ing bab anggonku nêmoni Ki Yuda Prayitna. Kajaba kaya sing wis dak caritakake ing ngarêp, aku iya duwe pitakonan manèh, yaiku ing bab panêmune Ki Yuda mau tumrap agama. Sabab panjênêngane mau jarene nganggo mêjang nyang para warganing pakumpulan barang, kuwatirku mêngko gèk ngakoni jumênêng nabi ragil.

Garèng: Nèk dipikir tênan, kêkuwatiranamu kuwi pancèn iya ana èmpêre. Awit ing tanahe dhewe kiyi wis kacêluk ing saindênging bawana, diarani nagara kang sugih ... kaanan sing mokal-mokal, mara, pandhingên karo nagara ing ngêndi-êndi, masa anaa kamokalan sing tinêmu kaya ana ing kene kiyi, ingatase dikon ngêncêngi sabuke nganti bangkekane mung kari têlung prapat kurang, ewasamono mêksa ora ana sing padha ngalup. Mulane mungguhing aku, ing bab kamokalan, ing kene ora prêlu kalah karo nagara liya, sanajan karo Amerikah pisan. Jalaran saka iku, yèn ing Amerikah ing wiwitane abad 19, ana wong jênêng Jozef Smith ngaku-aku dadi nabi, mêjang agama anyar, kang ing wusana banjur akèh sing padha kelut sarta mlêbu ing agama mau nganti tumêkane saiki, yaiku kang sinêbut agama mormun (mormonisme) sarta kang saikine dumunung ana ing: Salt-Lake-City ing Amerikah kang sisih lor, genea ing kene ora bisa kalakon sing mêngkono mau. Malah saupama agama mormun mau kalakon obral ana ing kene, wèh, aku mêsthi mlêbune, Truk, wong miturut agama mormun iki, iya kêna-kêna bae, sanajan têkan 17 malah 20 pisan… bojomu.

Petruk: E, hla, wong sêmbrana têmênan, gêlême mlêbu agamane mung dupèh kêna anduwèni bojo kang tanpa watêsan. Nalika Ki Yuda Prayitna mau tak takoni panêmune ing bab agama, wangsulane mangkene:

Sadaya agami punika tamtu saenipun, kadar punika ingkang dados tataranipun makluk anggèning badhe nyêmbah dhatêng Ingkang Kuwasa. Amila ingkang kula bèbèrakên dhatêng warga, malah dhatêng sadaya tiyang kemawon ingkang krêsa mirêngakên, dede agami, nanging kawruh limrah (gewone wetenschap) lan kawruh winadi (geheime wetenschap). Cêkakipun tiyang kenging pitakèn ing bab punapa kemawon, kula sagah amangsuli.

Garèng: Wah, saupama băngsa Eropah mêngkono, kiraku ya wis sinêbut: guruning propesor, sabab têka anyaguhi marang kabèh pitakonan. Sabênêre mono aku iya wis maca buku karangane jilid kang kapisan, mulane aku iya ora ngandêl, yèn panjênêngane kanthi têmênan anggone kagungan kasaguhan kaya sing kok kandhakake mau, yaiku: saguh mangsuli pitakonan apa bae, awit ing bukune [bu...]

--- [287] ---

[...kune] kono, ing kaca 44, ana piwulange panjênêngane dhewe, kang muni mangkene: Aja sok jubriya, elinga manungsa iku kaya apa kapintêrane lan kaluhurane, mêksa tansah kêna ing godha, lara, sangsara lan apês.

Petruk: Kowe aja kaliru tămpa, Kang Garèng, Ki Yuda Prayitna nyaguhi mangsuli sarupaning pitakonan kuwi ora kêna yèn banjur kok arani gèsèh karo piwulange, manusa ora kêna jubriya mau. Ing kono mula iya nyata saguh mangsuli sakabèhing pitakonan, nanging ing sarèhning panjênêngane mau isih jênêng makluk, têgêse: isih kagadhuhan bênêr lan kaliru, sarta manusa kuwi beda-beda panêmune, têmtune panjênêngane iya ora bisa nêmtokake, apa wangsulane kuwi bênêr lan anglêgakake ati, nanging saguh si saguh.

[Grafik]

Garèng: Ngrêti aku, Truk, dadi padhane kaya nalikane kowe arêp ngalap Mas Ajêng Rèki kae, kala samono kowe rak calathu mangkene: êndhuk, yèn kowe têmênan gêlêm mèlu aku, cêkake aku saguh nyukupi kabutuhanamu kabèh. Lo, samono kasaguhanamu nyang mas ajêng mau, ing wusana apa kowe bisa anglêgani atine, upamane bae sarana: ngêwèhi suwêng blong, pêniti rèntèng, suk kondhe ngawe-awe lan sapiturute, lha, kiyi êmbuh ora wêruh, nanging saguh si saguh, sèh.

Petruk: Wiyah, kok warna-warna mêngkono, Kang Garèng. Wis saiki tak banjurne. Aku nuli pitakon manèh mangkene: Mênggah kawruh ingkang panjênêngan bèbèrakên punika, mêndhêt pathokan saking pundi.

Wangsulane: saking buku mawarni-warni, kados ta: kitab sukci Alkor'an, Wedhatama, Samkok lan taksih kathah malih tunggilipun, nanging namung kula pêndhêt sarinipun.

Garèng: Iki pancèn nyata têmênan, sing sapa dhêmên maca, anggêre gêlêm bae, ambok arêp dadi apa, ngudi kawruh apa mêsthi bakal kalakon.

--- [288] ---

Kowe dhewe rak iya têpung, ta, karo Mas Bèi Sănta Mrêceka kae, anggone bisa dadi pokrul pring pêtung, sarta wicarane titis, kuwi ora liya iya mung saka anggone maca, tur mung dijupuk sarine isining buku. Dene buku-buku sing diêmat-êmatake mau, yaiku: lêlakone: Robinson Kriso, lêlakone Jaidin, cêritane Andhe-andhe Lumut, Damarwulan,…

Petruk: Buku-buku kiyi rak ora cocog karo apa kang dadi kabutuhane wong sing arêp dadi pokrul bambu.

Garèng: Lo, aku rak kăndha mung dijupuk sarine. Kaya ta: lêlakone Robinson, kuwi yèn dijupuk sarine: ingatase mung sêndhiri, jun ana ing pulo, tanpa ana rewange, têka ora banjur nglalu, nanging malah cancut taliwonda, tanpa wêgah-wêgih banjur tumandang ngudi murih slamête, ing wusana iya slamêt têmênan. Banjur sarining carita Andhe-andhe Lumut. Wong duwe panggayuh (ing kene Klêting Kuning) kuwi aja wêgah mênyang kangelan, rêkasa, lan aja wêdi nglakoni nalăngsa (nalikane disiya-siya ing bokne, nanging iya kudu bisa maprasi hawa nêpsune (ing kene awujud Si Yuyu Kakang).[3] Banjur sarining layang Damarwulan, wah, iki nèk diandharake, kiraku masa rampunga sêlapan dina punjul sêtêngah karung, e, nas, jêbul kêtrucut nyang tadhahe bêras batihku ing sajêroning sêlapan dina. Ora, Truk, saiki aku tak takon, mungguh panêmumu dhewe, wong kowe wis adu arêp karo Ki Yuda Prayitna, kawruh sing dibèbèrake kuwi kêpriye, apa iya pancèn bêcik.

Petruk: Aku tak ngomong sabênêre, ya Kang Garèng, nèk mungguhing aku, kawruh sing diwêjangake kiyi mula iya bêcik, bênêr, murakabi, tur iya maton, mung bae iya tumraping kawruh Jawa kuna.

Garèng: Nèk wêjangane mau: bêcik, bênêr, sarta manèh murakabi, kuwi aku ngandêl bangêt, awit aku mula iya pitaya têmênan, yèn sing diudi mau ora kêna ora mêsthi kaslamêtan, luhuring budi, lan sapêpadhane. Mung bae apa kawruhe mau maton, lha kiyi aku rada sêmang-sêmang, sabab panêmune wong ing bab iki beda-beda, tur ora ana kitabe sing kanggo wêwaton. Dadi iya gèsèh saupama dipandhing karo kawruh petung (wiskunde), lo, kuwi tumindake nganggo wêwaton sing diarani theorema, axioma lan sapadhane, ahli pangadilan, iya nganggo pathokan sêtatsêblad anu, artikêl anu, ahli agama Islam, iya nganggo pathokan Alkor'an lan Hadis. Seje karo kawruh Jawa kuna, kiyi ora duwe pathokan kang maton, siji-sijining para ahli padha duwe panêmu dhewe-dhewe. Kayadene anane Pandhawa lêlima, kuwi ana băngsa ahli kang nyurasa: gêgambarane păncadriya, nanging uga ana băngsa ahli sing nêgêsi minăngka gêgambaran umur-umuraning manusa.

Petruk: Yah, nèk dipikir kaya ngono mula wong iku karêpe mung arêp anggèsèhi bae. Buktine, agama Islam kuwi wis ana pathokane, ewasamono wong Islam padha wong Islam iya akèh bae sing padha gèsèh panêmune.

--- 289 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Ki Hajar Dewantara ing Radio. Wiwit sapunika sabên malêm Jumuah Ki Hajar Dewantara sêsorah wontên sangajênging zoonder "Vadera". Katingalipun sêsorahipun dipun wigatosakên dening bangsa Walandi ing Ngayogya.

[Grafik]

Pêpisahanipun Dr. G.W.J. Drewes kalihan punggawa kantor ing Balai Pustaka. Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ingkang sampun kapêngkêr. Dr. G.W.J. Drewes katêtêpakên dados guru wontên ing pamulangan luhur pangadilan. Dene gambar nginggil punika nalika Dr. G.W.J. Drewes sêkalihan nyonyah ngawontênakên pêpanggihan, saha sêsorah ing bab kawilujêngan wontên sangajênging punggawa ing kantor Balai Pustaka.

Ambabadi wana pajatosan. Ing sakiwa-têngênipun Walikukun, wontên wana pajatosan gupêrmèn ingkang dipun babad ngantos rêsik cacah 7 bau. Kasumêrêpanipun bab wau sawêg punika. Ing salajêngipun sampun wontên tiyang 80 dipun tahan, kalêbêt wontên juru-juru jagi wana.

Nyonyah Gupêrnur Jendral rawuh ing sêkolahan Jatim. Nyonyah Gupêrnur Jendral mêntas rawuh ing sêkolahan Jatim Muhammadiyah Tanah Abang tuwin Sêkolahan Jami'at Geer, ugi tanah Abang, Bêtawi. Rawuhipun kapapag dening comite. Wontên ing ngriku mriksani kawontênan warni-warni, buku-buku tuwin sanès-sanèsipun. Wakil Gupêrnur ingkang andhèrèkakên mêdhar sabda, supados lare-lare ing têmbe sampun nyambut damêl sangsal-angsalipun.[4] Wontên ing Jami'at Geer dipun panêmbrama lagu Arab sakalangkung sakeca, saha mriksani padamêlan tangan wanita.

Sawung Madura ing Raad Kawula. Ing ngajêng ingkang Bupati ing Bangkalan sampun kapilih dados warga Raad Kawula wêwakil Madura, nanging botên karsa. Ing sapunika ing Madura wontên golongan kêkalih sami ngajêngakên sawung, supados kapilih dening parentah, satunggal R. Sosrodanukusumo, satunggalipun Tuwan Tabrani.

Griya pagantosan pêtêng. Ing dhusun Bumiayu, Malang, wontên griya pagantosan pêtêng kadêngangan ing velppolitie. Griya pagantosan wau pamêndhêting sarêman sadintên 4%. Barang-barang ingkang dipun gantosakên ing ngriku ingkang kathah barang asli kadurjanan.

Karampunganipun ingkang wigatos. Ing Surabaya wontên satunggaling firma Walandi ngèndêli hoofdkassier tuwin pambantu kasier bangsa Tionghoa, kanthi dipun sukani blanja sawulan. Ingkang dipun kèndêli sami milênggahakên prakawis, wusana karampunganipun residentie-racher ing Surabaya, anggèning ngèndêli wau botên miturut anggêr, amargi tiyang kalih wau kalêbêt punggawaning firma agêng ingkang limrahipun dipun tindakakên dening bangsa Eropa, piyambakipun gadhah hak tampi Blanja 4 wulan. Ing sapunika pakêmpalaning among dagang ngudi katrangan bab wau, saha manggih katrangan bilih kasier punika limrahipun botên dipun tindakakên dening bangsa Eropa.

Mulyakakên pasareanipun Kangjêng Sunan Kalijaga. Awit saking dhawuh dalêm sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana ing Surakarta, aparing dhawuh dhatêng pangagêng parentah kraton, maringi arta dhatêng R. Sunardi Sastroatmojo, juru kunci ing Kadilangu, kathahipun f 3000.~, pêrlu kangge andandosi pasarean ing Kadilangu, pasareanipun Kangjêng Sunan Kalijaga.

--- 290 ---

Palapuran Arbeidsbemiddeling Surakarta. Miturut palapuran saking Arbeidsbemiddeling Surakarta, ing salêbetipun taun kêpêngkêr wontênipun tiyang ingkang pados padamêlan: bangsa Walandi jalêr 192, èstri 32; tiyang siti jalêr 2012, èstri 118; bangsa Tionghoa jalêr 19, èstri 1. Gunggungipun sadaya wau sami kalihan taunipun kêpêngkêr. Indhaking tiyang pados padamêlan sami kalihan taun kêpêngker. Indhaking tiyang pados padamêlan taun 1932 wontên 2017, angsal padamêlan 49, taun 1933 wontên 2425, angsal padamêlan 91.

Sêsakit malaria ing Priyangan. Ing dhusun Ciburial, prênah sawetan Bandung, tuwuh sêsakit malaria. Tuwahipun[5] wau kakintên jalaran kêtularan saking têtiyang ingkang gadhah sêsakit wau, asli mêntas sami nyambut damêl saking bawah Bantên. Dhusun ingkang wontên sêsakit wau inggilipun 1400 meter, cêlakipun Ujungbrung. Salajêngipun sampun kapriksa dening pangagêng pakaryan kasarasan ing Bandung, saha kajagi sampun ngantos tumular dhatêng Bandung.

Parêpataning para bupati. Miturut pawartos saking Bogor, parêpataning para bupati, tumrap Magêlang wontên tanggal 4 April, Bondowoso 9 April tuwin Bogor tanggal 26 april ngajêng punika.

Sêpeda Jêpan mèrk Inggris. Ing Bêtawi kasumêrêpan wontên sêpeda damelan Jêpan. Dhatêngipun ngriku dèrèng mawi ciri, nanging sampun ngawontênakên plaat ciri pabrik Inggris ingkang misuwur. Plaat wau sagêd katèmplèkakên ing sêpeda kalayan gampil. Bab punika lajêng dados papriksan.

Assurantie sêpeda. Ing Ngayogya badhe wontên pakêmpalan assurantie sêpeda. Sintên ingkang malêbêt warga, ing sabên taun kapurih ambayar f 0.50. Manawi sêpedanipun risak, dipun dandosi lêlahanan. Sabên wulan sêpeda wau dipun titipriksa. Dene manawi wontên pirantos ingkang risak lajêng dipun santuni, kêdah tumbas piyambak.

[Grafik]

Parade wadyabala India. Ing nginggil punika gambar wadyabala India nuju parade mèngêti adêgipun nata wanita Ratu Victoria marentah ing India kala 17 Januari 1858, dumugi sapunika sabên taun kawontênakên parade pèngêtan.

Tatanan S.S. Miturut tatanan lampah sêpur S.S. ingkang kaewahan ing tanggal 1 Mèi ngajêng punika, badhe botên kathah ewahipun. Tumrap Jawi Kilèn, Express Eendaagsche saking Bêtawi utawi Bandung~Surabaya tuwin kosok-wangsulipun, botên ewah. Tumrap Jawi Wetan badhe mêwahi lampahing sêpur snel gangsal rambahan saking Surabaya dhatêng Malang, kadadosakên nêm rambahan.

Pangiridan ing S.S. Miturut sêrat sêbaran saking Hoofdinspectuur S.S. andhawuhakên 1 klerk ingkang botên sagêd basa Walandi, katêtêpakên dados commis, ingkang jalaran botên sagêd nyambut damêl madêg piyambak. 2 Klerk ingkang panyambutdamêlipun sampun 8 taun, utawi langkung, ingkang katimbang kalorot pangkatipun; tumrap klerk sanadyan kirang 8 taun manawi kakintên kasagêdipun basa Walandi botên sagêd kaajêng-ajêng indhakipun.

Hawa bêntèr damêl karisakan. Pasabinan ing sakiwa-têngênipun Pamanukan sami botên kamêdalan, jalaran saking kêkirangan toya, sampun dangu botên jawah, sitinipun sami garing tanêmanipun pêjah sadaya.

EROPA.

Ambidhalakên wadyabala. Kapal api "Contee Biansamano" saking Itali bidhal dhatêng Messina ambêkta upsir 100, saradhadhu 3600 tuwin pirantos pêrang 3000 ton. Kintên-kintên ing tanggal 5 wulan punika ambidhalakên malih 15.000, mêndhêt wadya ing Peloritana tuwin 7500 ing Gavinana, sami dhatêng Aprika sisih Wetan.

ASIA.

Tiyang minggah kaji saking Algirie. Wontênipun tiyang ingkang badhe minggah kaji saking Algirie ing mangsa punika wontên 5000. Kajawi punika ugi wontên ingkang saking Tunis. Ing bab punika dipun wigatosakên dening paprentahan Prancis. Minister Jajahan ngrêmbag ing bab punika, awit ingkang ninggah[6] kaji wau langkung saking padatan.

--- 291 ---

Wêwaosan

Sugih atindak mlarat.

7

Nonah Janèt: O, pangiramu iku luput, Hènri. Măngka tinêmune, ing sawise kowe lunga, akèh bangêt wong kang mêling kompor, nganti andadèkake gêdhening pabrik. Dene pangiraku lan tuwan, ora liya mêsthi saka rekadayamu, awit ora ana wong kang ngidêrake manèh kajaba kowe. Upama dhèk samana kowe banjur bali, mêsthi olèh ganjaran gêdhe.

Tuwan Hènri lajêng èngêt dhatêng lêlampahanipun sadaya, tuwin inggih gadhah pangintên bilih majênging pabrik kompor wau saking rekadayanipun ingkang wêkasan, nanging sarèhning kamajênganipun wau mawi sarana nêrak prasêtya, mila botên dipun lajêngakên. Wangsulanipun: Iya Janèt, nanging iku rak mung pangira bae, nyatane ora ana, lan upama nyata aku ka[7] anjalari ajuning padagangan, iku ora liya iya saka kowe, awit kabisanku mau margane saka pitulunganmu. Dadi rak wis têtela, kang olèh pangalêmbana iku kowe, lan sarèhne tinêmune warta iku ana ing kene, aku kang wajib anglairake panarima ana ing ngarêpmu, muga kowe lulusa pinayungan karahayon, awèta tak sawang.

Nonah Janèt ngantos kraos anjanggirat ing manah dening kataman ing têmbung ingkang raos ambêlèr. Wangsulanipun: Hènri, pangiraku yèn kowe dudu wong sêmbarangan, iku wis dhèk biyèn mula, saya barêng saiki aku krungu kêdaling ucapmu kang arasa manis, iku saya mantêp, angarani yèn kowe iku dudu kuli sakulia.

Tuwan Hènri: Wah, wah, iku jênêng angombèni wong urip-uripan, saupama aku dudu kuli têmênan, banjur koarani kuli apa, apa kuli bandara, harak anèh. Tumraping têmbung bêcik, iku rak ora mung tuwuh ana para wong kang ketok, sanadyan kuli, yèn bisa, iya bisa bae. O, satêmêne aku wêlas mênyang kowe, eman bangêt yèn kowe nganti duwe panganggêp bêcik mênyang unining kuli kang kaya aku.

Nonah Janèt: Hènri, yèn aku ngladènana unimu, mung bakal dadi gunêm kang ngêlantur tanpa wêkasan. Balik ing saiki kowe nyambut gawe apa.

Tuwan Hènri: Dhèk biyèn kuli, saiki kuli, besuk iya kuli.

Nonah Janèt: Aku wis ngrêti, kuli apa.

Tuwan Hènri: Yèn saiki kapetung dadi kuli mardika, têgêse kuli kang tanpa pagawean.

Nonah Janèt: Ah, mêmêlas. Bok uwis, kowe balia nyambut gawe mênyang gone tuwan pabrik kompor bae, mêsthi ditampani.

Tuwan Hènri: Upama aku iki dadi kuli saèn, pancèn kapenak anggugu pituturmu, awit pitutur kang mêtu saka ucaping wong kang prasaja kaya kowe, mêsthi bakal ora ngloropake. Nanging wis, aku nrima golèk pagawean liyane bae. Kowe bae kang wis krasan nyambut gawe ana kana, lêstarèkna.

Nonah Janèt: O, Hènri, satêmêne aku wis mêtu saka kana, ing saiki dadi wong angguran.

Tuwan Hènri: Elo, mungguh jalarane apa, Janèt.

Nonah Janèt: Tumrap panganggêpe kana pancène iya apik, nanging aku nganggêp ora. Tuwanku iku pancèn ngeman bangêt mênyang aku, akèh piwulange kang tak anggo. Nanging jêbulane aku ditari arêp dipèk bojo, aku êmoh.

Tuwan Hènri: Iladallah, babo, babo.

Nonah Janèt: Elo, unimu kuwi têgêse apa.

Tuwan Hènri: E, karêpku, genea kowe ora gêlêm. Măngka mungguhing nalare, tumrape awakmu makolèhi bangêt, upama golèka, arang bisa olèh uwong kang wêwatêkane kaya lurahmu mau, bêbudène alus, bisa momong mênyang sapadha-padha, cêkake aku ora bisa maoni. Saya manèh yèn tak gathukake karo wêwatêkanmu, iku wis mathis bangêt, awit kowe iku iya duwe dhêdhasar kang sairib kaya lurahmu. Cêkake arêpa disamantakake mênyang sapa bae, mêsthi mathuk upama kowe kêlakon diwêngku tuwanmu mau.

Nonah Janèt: Kowe iku crita apa andongèng, lan kowe iku apa niyat mulang mênyang aku. Satêmêne kowe iku tak anggêp wong gunêman kang mu[8] waton mêtu, ora nganggo mikir mênyang kêbutuhaning liyan, apa iya tumrape wong jêjodhoan iku ora nganggo lêlambaran katrêsnan. Upama kowe dhewe kapriye, apa gêlêm jêjodhoan karo wong kang ora dadi panujuning atimu, măngka mungguh ingatasing jêjodhoan, iku manawa ora kêbênêran pamawase, manawa nganti nêmoni sabab ing têmbe buri, yaiku sabab kang ora gawe katêntrêmaning uripe, tinêmune mung dadi wong kêduwung kang anyăngga siksa ing salawas-lawase, awit mungguhing tatakrama, ora ana wong jêjodhoan kang mungarah,[9] yèn ora sênêng banjur pêpisahan.

Tuwan Hènri: Iki jênênge kaya wong padon têmênan. Nanging kang mangkono mau rak saka durung kopikir, yèn butuhing wong iku lumrah mung golèk kaluhuran, kawibawan, cêkake sarwa kapenak ta: wis. Nah saiki arêp golèk apa manèh.

--- 292 ---

Nonah Janèt: Rêmbugmu iku dudu rêmbuging wong kang nêdya jêjodhoan ngarah katêntrêman. Apa kowe durung tau ngrungu dêdongengan, utawa wêruh lêlakoning wong luhur lan wibawa, kang tinêmune ing salakirabi mung tansah ora têntrêm, malah sanadyan wong iku ambutuhake băndha, durung mêsthi yèn wong kang kabandhan iku anjalari têntrême anggone jêjodhoan.

Tuwan Hènri anggèning rêrêmbagan wau rumaos kapranan sangêt, tuwin ing batos ngalêmbana dhatêng Nonah Janèt, sadaya rêmbagipun mapan. Sayêktosipun Tuwan Hènri ngrumaosi bilih anggèning ginêman wau ragi kêladuk, awit botên mèmpêr ingatasing tiyang ingkang drajatipun namung sapiyambakipun (ing kala punika), têka ngrêmbag ing bab babagan salakirabi. Makatên ugi tumraping Nonah Janèt ugi saya karaos ing manah tuwin gadhah pangintên, bilih Tuwan Hènri punika sanès tiyang sêmbarangan, cocog kados pangintênipun nalika nyumêrêpi sakawit, nanging lajêng nama tiyang kadospundi, nyatanipun purun tumindak ing damêl asor makatên, manawi pancèn nyata tiyang sagêd, tamtunipun botên purun anglampahi, dene tumrap panggrayangan, bilih Tuwan Hènri punika tiyang sugih, minggahipun dhatêng miliyonèr, botên babarpisan. Măngka mênggahing salugunipun, Tuwan Hènri punika pancèn kirang ingatasipun dhatêng sastra, tuwin sampun kanyatan nalika nyambut damêl, nanging mênggahing kanalaran, Tuwan Hènri punika botên kawon kalihan tiyang pangajaran, tuwin ugi sampun kanyatan anggèning sagêd ngrêgêm para sagêd, ingkang tuwuh saking dayaning donyanipun.

Nonah Janèt anglajêngakên wicantên: Pitakonku mau durung kowangsuli, apa iya tumraping awakmu yèn arêp mêngku jatukrama ora nganggo anjêmbarake wawasan dhisik.

Tuwan Hènri: Mêsthine ya mêngkono. Janèt, satêmêne aku ngalêmbana mênyang tekadmu kang ngarah mênyang bêbênêran mau, nanging wong rak wajib anguruni rêmbug, lan mêsthine kowe ngrêti yèn rêmbugku mau dudu rêmbug balondrongan. La, sawise mangkono, mêsthine nyambut gawemu banjur ora sênêng.

Nonah Janèt: Mula aku banjur anjaluk lèrèn anggonku nyambut gawe.

Hènri: Mêmêlas. Saiki kowe nyambut gawe apa.

Janèt: Isih nganggur bae.

Hènri: Mêmêlas. Janèt, wêlasku kang dhisik, iku mêlasi mênyang tuwan tilas lurahmu, iku atine mêsthi kêrasa-rasa bangêt, awit, mungguh kasarane, anggonmu lèrèn iku rak têgês nampik. Măngka wong ditampik iku, wah, ora ngênês iku: bêgja.

Janèt: Gunêmmu iku, upama kêprungua ing kana, kowe mêsthi olèh ganjaran, tujune ana ing ngarêpku, dadi gunêmmu mung tak anggêp lucon kang ora angguyokake.

Hènri: Wong iku yèn lagi ora kabênêran, apa unine mung gawe kaluputan. Janèt, wêlasku kang kèri, iku mênyang kowe. Kapriye dene kowe banjur lèrèn saka pagawean, mêsthine wong kang wis tau nyambut gawe, iya krasa ngongkang. Kowe apa wis olèh padikan pagawean.

Janèt: Durung, Hènri. Iya jalaran saka anggonku durung olèh pagawean iki, kang andadèkake susahing atiku, awit satêmêne uripku iki kêna diarani sarwa kêkurangan, aku ora ewuh nglairake kaananku ing sabênêre mênyang kowe, awit kajaba wis kulina, aku iya wis wêruh mênyang kaananmu, têgêse anggonku ngandhakake kaananku mau ora ana ngarêping wong sugih, dadi bakal ora ana panggrayangan duwe pangarah apa-apa.

Tuwan Hènri mèsêm ngêcêmut anyêlani wicantên: Nanging sapa ta kang wêruh, yèn seje dina aku dadi wong sugih, awit kabêgjan iku ora kurang marga, sesuk tuku lotre, êmbène wis dadi wong sugih. Yèn kalakon mangkono kapriye.

Janèt: Kuwi rak panêmune wong kang dhêmên ngumbar gagasan, mêmêtha kang ora-ora. Lan yèn nyata kowe dadi wong sugih têmênan, mêsthine aku iya êmoh pakulinan karo kowe.

Hènri: Kowe kuwi pancèn gila karo wong sugih, e ana wong lagi anggagas kapengin sugih bae wis disirik uwong. Nanging Janèt, rak ya ana sih katrêsnan kang tumiba mênyang wong sugih ta.

Janèt: Mêsthine ya ana.

Hènri: Iya. Dadi sih iku tumibane ora pilih-pilih ta, ana kang tumiba wong mlarat, iya ana kang tumiba mênyang wong sugih. Nanging padha-padha nibakake sih, yèn bisa rak aluwung tumiba mênyang wong sugih. Besuk tak dadi wong sugih hae ah.

Janèt: O, rupamu.

Ginêm pêprênesanipun Tuwan Hènri kalihan Nonah Janèt saya adamêl sêngsêm, araos kados sami kèrêm wontên ing sagantên kanikmatan, supe bilih sami nandhang kasangsaran. Wusana Nonah Janèt lajêng ngadêg saking palinggihan angacungakên tangan tuwin wicantên: Wis, Hènri, ayo padha pêpisahan, padha amburu urip dhewe-dhewe. Aku anglairake prasêtya mênyang kowe, ora niyat mêdhot anggonku mêmitran karo kowe. Anggonku sangsara kaya ngene iki, dadia pangeling-eling, elingku mênyang kowe.

Tuwan Hènri mangsuli kamithotholên, a-aku, sugih ya ora. Janèt, aku samono uga. Anggonku têtêmonan ing dina iki, dadia pangeling-eling ing salawase. Wis ayo pêpisahan padha amburu urip.

Nonah Janèt tuwin Tuwan Hènri salêbêtipun rêrêmbagan wau taksih sami cêcêpêngan tangan, wusana andhawahakên tabik ingkang wêkasan, raosipun gumèndhêl têrus ing manah.

Nonah Janèt têrus lumampah, sakêdhap-sakêdhap nolèh kalihan anglawèkakên tangan sinarêngan tilar èsêm ingkang adamêl rêmuking manah. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

Pès Ayam

Karanganipun Dr. Subrata

Pès ayam punika satunggiling sêsakit ayam, sumrambahipun ing saindênging jagad watawis ing taun 1925, ugi tanah Indiya ngriki, adamêl pêpêjah maèwu-èwu, ngantos adamêl gumuning para dhoktêr kewan. Dene sêsakit wau anggènipun nitipriksa ngantos kasumêrêpan beda-bedanipun kalihan sêsakit sanèsipun, sapriki dèrèng dangu.

Kathah kemawon para juru ngingah ayam ingkang bingung anggènipun badhe mastani sêsakit wau, wusana saking kêlintuning panampi dipun wastani sêsakit kolerah ayam, inggih punika sêsakit ingkang sabên-sabên ugi adamêl pêpêjah kathah, măngka sabab-sababipun sêsakit mau botên sami.

Gêgandhengan kalihan rikat lan gampiling panularipun, sarta kathahipun ayam ingkang pêjah jalaran sêsakit wau, prêlu para têtiyang sami nyumêrêpi lan sagêd ambedakakên sêsakit wau kalihan kolerah ayam utawi kolerah pêksi.

Pès ayam punika ngrêbdanipun rikat sangêt, sakêdhap kemawon sagêd adamêl pêjah pintên-pintên, nanging manawi kolerah ayam botên makatên, sagêdipun tumular yèn ayam ingkang sakit sêsrawungan kalihan ayam ingkang saras, sarta ngrêbdanipun botên rikat.

Sêsakit kalih warni wau asalipun beda-beda, sêsakit kolerah dumados saking basil, ingkang sagêd katingal yèn dipun tingali mawi kaca praksana, dene sêsakit pès ayam punika asalipun sêsakit racun, dipun tingali mawi pirantos punapa kemawon inggih botên sagêd katingal. Wisa wau dumunung ing ilu utawi rahipun ayam ingkang sakit, lajêng kasuntikakên ing ayam ingkang saras, ingkang wusananipun inggih lajêng sakit.

Sêsakit kalih warni wau tăndha-tandhanipun mèh sami, nanging yèn dipun titipriksa saèstu saking wiwitan dumugi wusananipun, gampil anggènipun ambedakakên.

Ayam ingkang katrajang ing sêsakit pès utawi kolerah wiwitanipun katingal pucêt, lajêng linglung lan nglêmpuruk, botên purun nêdha, wulunipun surêm anjêgrag sarta bêbêlên, botên dangu lajêng mèncrèt. Nanging tumrap sakit kolerah mèncrètipun langkung sangêt tinimbang manawi sakit pès. Wontên malih bedanipun, yèn ayam wau katrajang ing sêsakit pès, tăndha-tandhaning sêsakit langkung enggal gilir gumantosipun. Sakit kolerah punika pungkasanipun têmtu mèncrèt, badanipun kêra, ananging manawi sakit pès, badanipun kakên.

Pêthikan saking VOLKSALMANAK DJAWI 1935.

Volksalmanak isi kawruh warni-warni, rêginipun namung f 0.64.

Tumrap ingkang mundhut Volksalmanak sadèrèngipun tanggal 30 April 1935 dipun sadhiyani ganjaran arta f 3000.-

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ăngka 22, Rê Pn, 14 Bêsar Wawu 1865, 20 Marêt 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [341] ---

Ăngka 22, Rê Pn, 14 Bêsar Wawu 1865, 20 Marêt 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingking kantor palis tilpon nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pahargyan ing Binjèi - Patilasan Kyai Baki - Pèngêtan Adêging Rad Kabupatèn Pêkalongan Jangkêp Gangsal Taun - Kawontênan ing Grinkênlan - Adpêrtènsi - Bab Kabêtahaning Biyung tuwin Calon Biyung - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Pahargyan ing Binjèi

[Grafik]

Pahargyan ing nali[10] mahargya dhawahing kawandasa dintênipun putra Sultan Langkat, ingkang dipun wastani toeroen kesoengai.

--- 342 ---

Tanah Dalah Tiyangipun

Patilasan Kyai Baki.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 21

Lajêng sapunika dêdongenganipun tiyang sêpuh satunggal kalih ing dhusun Baki, ingkang mêningi têrang jaman akiripun Sinuhun kaping VII - VIII ing karaton nagari Surakarta, nyariyosakên bilih cakalbakalipun Kyai Baki anggènipun ngadani dhusun Baki wau, tumrap sacakêting kitha Surakarta mila pancèn kawical sêpuh sarta dadosipun padhusunan inggih kalêbêt agêng piyambak, kadugi rikala jamanipun karaton nagari Mataram, dhusun Baki wau sampun dumados gêmah ripah, tata têntrêm miwah botên kêkirangan sandhang bukti.

Kyai Baki sugêngipun kawical tani yutun, suci murni panggalihanipun, sagêd momong sarta dhangan atêtulung dhatêng têtiyang sawêwêngkonipun ing padhusunan ngriku ingkang kêpêtêngan manah, sukêr sakit sasaminipun. Panggêsanganipun sabrayat kulawarga ngêmungakên anggarap sabin, sêmbènipun nanêm ing patêgalan, karangkitri sapanunggilanipun. Saya lami padhusunanipun sangsaya agêng tangkar-tumangkar sakubênging dhusun, jiwanipun tansah wêwah-wêwah gunggung kêmpalipun dados ewon. Kyai Baki kawical botên wontên kalangkunganipun ingkang elok-elok, nanging salaminipun tansah dipun suyudi ing tiyang kathah, ingaji-aji sawêwêngkonipun padhusunan ngriku, agêng alit sêpuh anèm botên nate wontên ingkang tukar pabên, cêcêngilan sasaminipun, langkung malih băngsa lampah kadurjanan, saya botên wontên babarpisan, nanging salaminipun tansah ayêm têntrêm.

Wêkdal ngajêngakên murudipun ing jaman kasidan jati, Kyai Baki suka wêling dhatêng brayat tuwin warga anak putu sadaya makatên: besuk têmbe sapungkurku, padhukuhan kene sakukuban iki, bakal bisa kêcêdhak karo karaton dalêm ing tanah Jawa, mangkono manèh wong cilik sarta tanêm tuwuh ing desane, uga ana kang bisa kagêm prêluning karaton, sok uga padha jujur pikire nglakoni panggawe bênêr bêcik, êmbuh enggal lawase pirang taun êngkas, nanging mêsthi kalakon.

Rancaging dongèng, sasurudipun Kyai Baki, karaton dèrèng pindhah dhatêng Kartasura, nanging dhusun Baki lêstantun gêmah ripah, tata têntrêm. Anak putunipun Kyai Baki ingkang sami andumugèkakên ngamisêpuhi padhusunan Baki sakukuban.

Nalika karaton pindhah saking Kartasura dhatêng Surakarta, padhusunanipun ing sakilèn bênawi inggih namung dhusun Baki wau, sêsanggènipun siti gunggung pintên-pintên bau, kala samantên namung kawêdalakên pajêg sukêt, gabah, dhêdhak, kangge têdha kapal-kapal kagungan dalêm karaton. Tiyang alit kapiji nyanggi ladosan bau baris kaprajuritan sabên [sa...]

--- 343 ---

[...bên] kalamăngsa kados cariyos ngajêng lêstantun sapriki, dados tètès pangandikanipun Kyai Baki.

Lêt sawatawis taun, karaton sawêg nindakakên sêsanggènipun siti tanah Laban sawetan bênawi cakêt, nanging namung mligi ladosan pajêg sukêt têdhan kapal, botên mawi ladosan baris kaprajuritan kados ing dhusun Baki.

Layonipun Kyai Baki sakalihan Nyai Baki, sami kasarèkakên ing dhusun Baki ngriku. Dêdongengan bab mulabuka wontênipun sumur kawak kasêbut nginggil, punika susulan, dados botên gêgayutan kalihan Kyai Baki, amargi dumadosipun sumur kawak kangge ngalap barkah tiyang pados palarisan wau, sampun lêt pintên-pintên dasa taun saking surudipun Kyai Baki, kadospundi nalaripun sakawit ing dêdongengan sami kirang gumathok. Namung samantên cacriyosan bab patilasan Kyai Baki. Wusana kirang langkungipun nyuwun pangaksama para maos.

P. K. 585.

Wara-wara.

Ngaturi uninga bilih sawatawis dintên êngkas, administrasi badhe ngintunakên bêlangko pos wissêl tumrap pambayaran kuwartal II ing ngajêng punika. Dene tumrap para prayantun, ingkang sampun kagungan pambayaran kangge wulan April utawi ngantos Mèi, benjing manawi sampun dumugi titimangsanipun, badhe dipun kintuni piyambak.

Pangajêng-ajêngipun administrasi, mugi para ingkang nampi kintunan wau, lajêng kêparêng anggalih ing saprêlunipun, mumpung taksih ombèr.

Administrasi.

Pengêtan Adêging Kabupatèn Pêkalongan Jangkêp Gangsal Taun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 21.

4e. Padamêlan.

Para warganing rad anggènipun nyambut damêl ngêtingalakên kawajibaning warga sampun kacêtha ing nginggil. Para punggawaning rad kabupatèn inggih dipun katogakên. Kajawi nyambut damêl ingkang dados kabêtahanipun, ugi ngladosi kabêtahanipun kawula ingkang sami dhatêng kantor mitêrang ingkang dados kabêtahanipun piyambak-piyambak, sêlur sabên dintên botên wontên pêdhotipun, sarta botên gadhah manah minggrang-minggring malih, upaminipun:

Mitêrang bab yêyasan griya, pawon, sapanungilanipun, kantor dhirèktur ingkang ngladosi. Babagan panyuwunan palilah badhe arak-arakan sarta damêl têtingalan sapanungilanipun dhatêng kantor sèkrêtarisan. Babagan tumpakan sarta pêkên-pêkên dhatêng kantor Commies boekhounder. Sadaya wau enggal dipun ladosi mawi dipun têrang-têrangakên cêtha.

5e. Wohing padamêlan.

Rad Kabupatèn Pêkalongan sampun amarnèkakên [amarnè...]

--- 344 ---

[...kakên] griya sakit pitulungan wontên ing Kajèn, sawênèhing tuwan tanah ingkang manggèn ing Kajèn ngriku, tumut ambiyantu wragad dhatêng adêging griya sakit wau. Radin-radin tiyang ingkang sami dhatêng jêjampi sabên taunipun 3000.

Andandosi margi agêng Pêkalongan - Warungasêm, ingkang jalaran jugrug dening bêna.

Andandosi krêtêg agêng ing Karanganyar ingkang pêdhot dening bêna.

[Grafik]

Nalika pahargyan adêging rêgènsêhap[11] Pêkalongan 5 taun I Ingkang Bupati Pekalongan, II III warga Gecommitteerden.

Mindhah margi kêsesi - Bodhèh, andandosi krêtêg ing Kêdhungjaran. Andamêl papan pamragad rajakaya. Sarta ugi mêwahi malih pêkên rajakaya. Ambantu utawi yasa piyambak dhatêng adêging pêkên-pêkên ing dhusun.

Paring darma dhatêng kawula ingkang manggih kasangsaran kabêsmèn, utawi kêkirangan têndha.

Ambantu bab kawontênanipun ilèn-ilèn toya kangge têtanen sarta ombèn.

Kala-kala para warga sami dipun acarani darmawisata sêsarêngan kalin[12] panjênênganipun pangarsa, sêlur ngantos gangsal utawi nêm motor, nyatakakên pakaryan ingkang sampun dipun tindakakên sae.

Pakaryan sêratan, salêbêtipun 5 taun rad Kabupatèn Pêkalongan adamêl pranatan ngantos isi 55 lêmbar kathahipun, ngêwrat:

a. Pranatan pajêg,
b. Pranatan retributie,
c. Pranatan yêyasan,
d. Pranatan kasusilan,
e. Pranatan misaya ulam sagantên.
f. Pranatan pajêg Administrasi tuwin kabêtahanipun dhusun-dhusun.
g. Pranatan katabêrèn. Sarta ugi bab sae tumindaking punggawa masjid.

Sêrat kancingan, ingkang saking karampunganing rad kabupatèn 313 lêmbar. Ingkang saking karampunganipun Madjelis Gecommitteerden wontên 1638 lêmbar.

Kangge cihna kawilujênganing rad Kabupatèn Pêkalongan salêbêtipun gangsal taun, para warganing rad lajêng sami sayuk damêl bêbadan komite sukadarma sakaparêngipun, kangge marnèkakên palu parêpatan [parê...]

--- 345 ---

[...patan] ingkang mawi ciri-ciri atêgês ingkang wigatos, kapisungsungakên dhatêng rat Kabupatèn Pêkalongan, kados ingkang sampun kacêtha ing nginggil. Ing ngandhap punika pratelaning ciri-cirinipun palu wau:

1e. Palu wau ingkang dipun damêl kajêng cêndhana, amrêdèni: ing pangangkah supados gandaning rad Kabupatèn Pêkalongan amrik wangi pindha gandaning kajêng candhana.

2e. Ing iring nginggil kacêtha gambar surya sumirat, mahanani yèn rad Kabupatèn Pêkalongan sampun ambukani ambabarakên sunaripun, nadyan dèrèng nama sampurna.

3e. Sangandhaping gambar surya sumirat, wontên sêratanipun aksara latin têtêmbungan Jawi, mêdharakên: misungsung mèngêti adêging rad Kabupatèn Pêkalongan pănca warsa.

4e. Ing ngandhaping sêratan wau wontên ungêl-ungêlan: tataning guna maharjèng praja, ingkang atêgês: saking dayaning kawaskithan sagêd adamêl arjaning praja. Ingkang ugi dados tăndha surya sangkala taun 1935.

5e. Rainipun palu kiwa têngên pinalut ing kêncana mrêdèni: rad kabupatèn ing Pêkalongan tansah mitongtonakên pasêmon ingkang wêning, botên mawang dhatêng sintên kemawon, nanging awatak bakoh lan kukoh (santosa) botên gampil keguh ing rêmbag ingkang sinuyudan, saèmpêr kados dayaning kêncana, purun ing bêntèr, tahan in asrêp.

6e. Raèning palu wau kalih pisan mawi dipun cirèni bathik sidaluhur tuwin sidamukti, mèngêti yèn pangupajiwaning kawula Pêkalongan kathah ingkang nêngênakên dhatêng bathik.

7e. Sacêlaking cirèn bathik wau wontên gambar dhuwung ligan kalih kêtingal sami abên pucukipun, agês:[13] yèn nuju parêpatan, para warga tansah ngêtingalakên lungiting pamanggihipun, botên ulap dhatêng sintên kemawon. Pêpuntonipun adamêl marêming para pangrêmbag.

8e. Garaning palu sinlongsong ing salaka pêthak, apasêmon: sadaya pirampunganipun ingkang karêmbag ing parêpatan adhêdhasar: wêning sarta sucining manah.

9e. Ing garaning palu wau mawi dipun cirèni gambar wulèn pantun sadaminipun, mrêdèni: rad kabupatèn tansah ngêmên-êmênakên ulah kridhaning têtanèn, jêr punika ingkang dados dhasar panggêsanganing kawula.

Wusana tutuping cariyos, kula andhèrèk sêsanti: mugi-mugi widada miwah santosaning rad Kabupatèn Pêkalongan salajêngipun sêpên ing sambekala, nyèplêsi dhawuh pangandikaning satunggiling pangagêng: nagari tansah ambudidaya mrih rakêt lan sihing kawula dhatêng ingkang mêngku, botên kados êmban lan momonganipun, nanging ngantos kados bapa lan anakipun. Amin, amin, amin.

Martayuwana.

--- 346 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Grikênlan.

Sumubing kanêpsonipun golongan ambalela ing Grikênlan kados ingkang sampun kacariyos ing Kajawèn katingal saya anggêgirisi, pundi laladan ingkang katrajang, têtiyangipun lajêng katut tumut ambalela, mila kasantosanipun tansah mindhak-mindhak kemawon.

[Grafik]

Patilasan griya kina ing Grikênlan.

Ingkang punika tumrap golonganing parentah kêpêksa inggih lajêng tumandang yêktos, botên sagêd nganggêp namung kados rèwèling lare alit. Parentah lajêng mêpak wadyabala gêgana, mriyêman, kapalan tuwin wadyabala dharatan limrah. Lampahing wadyabala parentah wau ngêtut lampahing ura-uru ngalèr ngetan, sadumugining Saloniki wadya parentah lajêng nglêpasakên mriyêm tumuju dhatêng golongan rêrêsahing Makidhoni, inggih ing ngriku punika ingkang dipun anggêp campuh kapisanan. Wadya gêgana tansah kalêpêran ngul-ulatakên[14] lampahing mêngsah kanthi andhawahakên bom.

Ing ngriku golonganing rêrêsah dèrèng katingal suda kanêpsonipun, malah miturut pawartos saking Sopiyah, wadya rêrêsah wau sagêd anjarah kapal silêm 6, kapal pangusung barang 20 tuwin sagêd nunggilakên wadyabala parentah ing laladan ngriku. Dene kapal pêrang Averoff lampahipun [la...]

--- 347 ---

[...mpahipun] dumugi Kavalla, pinanggihipun ura-uru lajêng saya andados, malah wontên pawartos bilih golongan rêrêsah wau ugi botên kêkirangan waragad, cêkap kangge waragad ambalela, anggadhahi wadya bala 100.000.

Ing bab punika Presidhèn Lamis lajêng anindakakên rêrigên angrêndhêtakên lampahing arta gêgayutanipun kalihan among dagang. Rêrigên makatên wau èstunipun inggi[15] tansah dipun jori ing golongan sanès, nyatanipun wontên bang-bang ing kitha Drama tuwin Kawalla ingkang ambiyantu arta dhatêng golongan rêrêsah pintên-pintên yuta. Kakajawi[16] punika tumraping parentah, ugi saya nyantosani pajagên wadyabala ing watês Grikênlan.

[Grafik]

Kapal dagang Inggris, dèrèng dados pandamêlipun.

Ing kala punika golonganing rêrêsah saya agêng ing manah tuwin anggadhahi panganggêp tamtu badhe unggul, awit miturut wawasan, dêdamêlipun golongan rêrêsah pinanggih langkung sae tinimbang dêdamêl parentah. Nanging pangintên tuwin pamawas ing salêbêtipun lêlampahan ingkang kados makatên punika gampil sangêt ewah gingsiripun utawi trêkadhang namung saking tuwuh ilon-ilonên, makatên malih ing salêbêtipun taksih kados makatên punika inggih namung tansah ginêntosan asor unggul, tandhanipun lajêng kênyatan, golongan rêrêsah lajêng kenging dipun angsêg ing wadyabala parentah ngantos kaplajêng dumugi parêdèn, nanging lajêng sadumugining parêdèn wau lajêng manggih papan ingkang sakalangkung sakeca tuwin santosa, dados ingriku wadyabala parentah ingkang gêntos unggul.

Tumraping nagari sanès, ugi sami atindak rêrigên, anjagi katêntrêmaning rakyatipun ingkang sami manggèn wontên ing laladan Grikênlan, kados ta ling[17] bab gêgayutanipun among dagang tuwin sanès-sanèsipun. Inggris wau lajêng matah kapal pêrang anjagi wontên ing lautan têdhah.[18] Kajawi punika tumrap Prancis ugi makatên, malah nagari [naga...]

--- 348 ---

[...ri] kalih wau inggih mirantos saupami wontên damêl paridamêl, lajêng angêmori pêrang.

Bab ura-uru wau saya dangu katingal saya andados, anggèning badhe ngêlar panguwaos tansah dipun tanggulang dening wadya parentah, ing ngajêng golongan rêrêsah sagêd nêsêgi kitha Kavalla, Drama, Serres, tuwin Damihissar saha sagêd ngêbroki kitha-kitha wau, nanging kawusananipun kenging dipun rêbat dening wadyabala parentah malih. Wontên golonganing tiyang rêrêsah, 3000 sami dados tawanan, upsir-upsiripun sami oncad, tuwin wadya pitulungan saking panêdhanipun golongan rêrêsah lajêng sami nungkul dhatêng wadyabala parentah.

Tumrap ing babagan lautan, lampahing kapal pêrang jarahan, inggih punika kapal parentah ingkang dipun inggatakên dening golongan rêrêsah, lampahipun tansah lajêng sagêd manggih unggul, nanging sarêng dipun tandangi yêktos dening wadya parentah inggih lajêng kêthetheran sayêktos, kapal pêrang Helli ingkang kabandhang ing mêngsah lajêng pasrah bongkokan, dene upsir-upsiripun sampun sami oncad ing sadèrèngipun. Dene kapal pêrang Averoff ingkang ugi dados bandhanganing golongan ambalela, manggih karisakan kathah, senapatining kapal pêrang wau sampun oncad kanthi lampah nyalamur.

Ing salajêngipun, miturut pawartos, rêrêsah wau lajêng sagêd sirêp.

Wontêning rêrêsah ingkang pinanggih sirêp punika, tumrap ingkang pinanggih wontên ing laladan sisih lèr, dene tumraping pulo Kretah tuwin kanan kèringipun, sanadyan nyatanipun pinanggih wontên sêsulakipun kasoran, nanging wantuning sumêbaripun golongan rêrêsah kenging dipun wastani sampun waradin, tumraping parentah inggih mêksa nindakakên kasantosan yêktos. Dene ingkang dipun pindêng sayêktos punika ing bab oncatipun para upsir, punika botên sande tamtu namung badhe dados panuntuning rêrêsah, mila para upsir ingkang kacêpêng, sami badhe apriksa wontên sangajênging pangadilan militèr ingkang dipun mijèkakên.

Ingkang bab sêdyanipun golongan ambalela ingkang dipun pangagêngi dening Venixelos, punika sanadyan miturut pawartos sampun sagêd ngêdêgakên republik piyambak, nênging mêksa rêkaos anggènipun badhe ngadêg kanthi katêntrêman, sagêd-sagêdipun santosa namung manawi tansah dipun biyantu ing golongan ebah-ebahan, dados nama kasantosan ingkang badhe botên têtêp adêgipun.

Saya malih manawi ngèngêti bilih Grikênlan punika satunggiling praja ingkang sampun kêkancuhan kalihan praja sanès kanthi prajanjian, tumrap adêging republik enggal botên badhe sagêd mardika yêktos, dening kawontênanipun ing ngriku punika winêngku kêkiyataning nagari sanès, inggih punika Itali, Turki tuwin Inggris, tamtunipun botên badhe nêmbadani dhatêng adêging republik wau. Manawi makatên, republik enggal wau nama andhandhang[19] karisakan.

Nanging sanadyan rêrêsah punika sampun katingal wontên sêsulakipun badhe sirêp, tumraping nagari Grikênlan inggih kêpêksa badhe ngawontênakên tatanan enggal.

--- [349] ---

[Iklan]

--- 350 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kabêtahaning Biyung tuwin Calon Biyung

III.

Biyang Garèng: Krungu ora kowe pakne, dhi Petruk dhewe wis ngakoni, yèn wong wadon kuwi ora sathithik anggone urun daya kêkuwatan kanggo nyampurnakake kamulyaning donya. Mara, dipikir bae, wiwit bocah wadon diwasa, sabên sasi wajib anglakoni, iki pirang kati bae kakuwatan sing dibuwang, sanajan dikandhakake: ha iya wis lumrah, wong wadon kudu mangkono. Nanging wêruha, nalikane lagi mêngkono kuwi, bocah wadon badane cape, bisa dadi ringkih, malah bisa lara barang. Hara, apa iki ora wis jênêng kurban, banjur yèn wis omah-omah pinujune ngandhut, apa iya ora wis rêkasa têrus-têrusan. Kajaba awake dadi ringkih saka anggone mêtêng mau, kudu tansah anjaga supaya atine bisaa têtêp antêng, aja nganti kêna ing sambekala, aja nganti kagèt utawa katuwuhan rasa kang kurang prayoga, awit iki bisa ngowahake lakuning gêtih kang gêgayutan karo kaanane jabang bayi.

Garèng: Mula iya mangkono, wong wedok kuwi pancèn tansah langganan rêkasa, apa manèh yèn lagi mêtêng, rêkasane mula iya dhèbêl[20] - tripêl - ma - suk, e, nas, nganti tom-tomên le sêlikuran. Mara, gagasên bae, Truk, wong ingatase isih ana ing wêtêngan, sing dadi biyung kuwi têka ya wis kudu ngêmong, wis kudu nuruti apa kêkarêpane. Luwih manèh nalikane prunanmu Koniyêm diwêtêngake, saka wêlasku nyang bakyumu, mataku rèmbès têrus-têrusan, wong iya kêpriye, saka anggone arêp nuruti marang sing lagi dikandhut lo, kuwi mangan bae iya kudu dikêpêli lan kudu ditutul-tutulake ing pêtis… pitik.

Biyang Nala: Ora prêlu tak gape, rêmbugane wong ora gênah. Tak tutugne, ya dhi Petruk, ing bab rêkasane băngsa wanita anggone arêp nyampurnakake kaanane ana ing dunya kiyi. Nalikane mêtêng, kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp wong wadon mung rêkasa thok bae, luwih-luwih yèn tumêkane nglairake jabang bayi, si biyung saya ngêtog daya kêkuwatane. Măngka racak-racake wong wadon anglakoni kaya ngene kiyi jarene kurang luwih sajêroning têlung puluh lima taun.

Biyang Kamprèt: Malah, bakyu, Dèn Ayu Darma nika, umure êmpun kawandasa taun, sêpriki ênggih taksih pênthêlas-pênthêlis mawon.

Biyang Nala: Ha iya kuwi, ta, dhi, andèkna ora, wong wadon mung arêp dirèmèhake bae. Mara, sajêrone manak-mènèk mau, pirang kati bae kêkuwatane wong wadon sing ilang. Kuwi kabèh măngka durung kapetung tumandange anggone ngobètake kacukupaning omah, manggulawênthah lan pamardining anak, têtêpa dadi biyung, dadi bojo ...

--- 351 ---

Petruk: Aku mula iya ngandêl bangêt bakyu, dadi wong wadon kuwi pancèn ora jênêng rèmèh, ora jênêng asor, ora kalah karo wong lanang, nanging diarani mênang, luwih luhur, luwih unggul katimbang wong lanang, iya ora kêna. Mulane lanang wadon kuwi padha bae, sing beda mung wujude. Ing sarèhne wujude beda, rak iya mêsthi bae, ta, yèn kuwajibane iya beda.

Garèng: Kuwi dhinês Truk apa bae, sanajan padha, nèk wujude beda, kuwajibane iya mêsthi beda. Kayadene kursi lan dhingklik, iki mula padha bae jênêng papan kanggo lungguh. Nanging ing sarèhne beda-beda wujude, kuwajibane iya beda-beda. Iya iku: kursi kanggo palênggahane: ndara priyayi, dhingklik kanggo… bakul saoto.

[Grafik]

Petruk: Anggonmu gawe pêpandhingan kuwi jênêng: mung rada mèmpêr bae, Kang Garèng. Tak balènane omongku ing ngarêp, ing sarèhne wong lanang lan wong wadon kuwi beda wêwujudane, kuwajibane iya kudu beda. Ana kuwajibane wong wadon sing wong lanang ora bisa nglakoni ...

Garèng: Upamane bae ora bisa mêtêng.

Petruk: Wiyah, iya ora prêlu dikandhakake kiyi. Kosokbaline, iya ana kuwajibane wong lanang sing wong wadon ora bisa nindakake. Kang mangkene kiyi loro-lorone kudu padha ngrumasani. Nèk bisa padha ngrumasani, kiraku ora banjur padha ngalap mênang.

Biyang Nala: Lo, nèk wong wadon kuwi rak mêsthi wis ngrêti mênyang kuwajibane. Ora kaya

--- 352 ---

wong lanang, umume padha ora anduwèni rasa-rumasa, anggêre wis nêtêpi kuwajibane le buruh, wis cukup, sabanjure mung banjur kanthi sakkarêpe dhewe. Kluyuran, kloyongan, royal-royalan ...

Petruk: O, dadi wong lanang anggone sok sakarêp-karêp kuwi, kang anjalari wong wadon banjur rumasa asor, ing măngka sabênêre asor luhuring sipat, kuwi ora anggone jinurung bisa sakarêp-karêp mau. Apa iya anggone bisa sakarêp-karêp kiyi, sing dikêpengini. Sanyatane anggêre wis dirumasani, wis dingrêtèni, sarta kaparsudi, adat sing kaya mangkono kuwi mêngko rak bakal ilang dhewe.

Biyang Nala: Iya, nanging iya barêng bangsane dhewe akèh padha sing olèh pangajaran kulon kiyi, banjur padha ngrêti, banjur padha rumasa, yèn wong wadon kuwi ora kêna kanggo sêmbarangan, ora kêna yèn arêp mung dianggêp kayadene bêkakas bae. Mulane aku cocog bangêt, saupama wanita bangsane dhewe iki disinaokake kawruh kulonan sing nganti matêng.

Petruk: Mupakat, bakyu, anggêre mung têkan pamardining pikiran, pintêr, landhêp, moncèring kanalaran, nanging aja nganti kandhas têkan rasa sing ngênani dhêdhasaring wetanan. Sabab iki mêngko bisa anjalari akèh para wanita bangsane dhewe ing rasane nyelaki kawujudaning wadon, sarta banjur kêpengin kawujudaning lanang tumindak ing sajabaning ngomah. Ing wusana banjur padha karo wanita băngsa kulonan, yaiku padha anduwèni panêmu: apa bae anggêre wong lanang bisa nindakake, wong wadon iya mêsthi bisa.

Garèng: Pungkasane ing kene iya bisa kaya tanah kulonan, yaiku: banjur nganakake papan pamulasaraning bocah kang ora karuwan… bapakne.

Biyang Kamprèt: Wiyah, Mas Nala ki nèk ngêndika le sok ora mèmpêr. Napa lare èstri lajêng diajari: prèt-prètan.

Garèng: Lo iya ora diajari prèt-prètan mêngkono. Nanging nyara agamane, jarene wong lanang lan wong wadon ditakdirake ana ing dunya kuwi, mula dibedakake sêkabèhane, kuwi supaya bisa nêtêpi jêjêre anggone dadi lanang utawa wadon. Dalasan watak isin bae iya dibedakake bangêt. Tumrap wanita watak isin kuwi jarene tikêl matikêl luwih kuwat katimbang watak isine wong lanang. Hla, watake wanita sing kaya ngene kiyi kudu tansah dijaga, aja nganti saya tipis nganti padha karo watake isin wong lanang.

Nèk kiyi mêngko nganti padha bae, ing sarèhne wong lanang kuwi umume sok rai gêdhèg, mêngko rak bisa kalakon, sabên-sabên ana satriya takon bapa.

Petruk: Wiyah, Kang Garèng kuwi kok banjur kêjêron rêmbuge mêngkono. Ora, bakyu, ing sarèhne sêsambungane lanang wadon jêjodhoan kuwi rapêt bangêt, kiyi dadi sarana kang luwih prêmati kanggo anutugake gêgayuhan kasampurnaning urip, mulane iya kudu bisa ngêtrapake wajib wênang: nêtêpi gêndhon-rukon, gotong-royom, mong-kinêmong, rêksa-rumêksa anggone arêp ngrancagake lakuning kamajuan.

--- 353 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès.

TANAH NGRIKI.

Griya sakalangkung mirah. Satutupe pabrik gêndhis ing Sumpyuh, griya-griya ing ngriku sami dipun sadèni, tumrap griya ingkang rumiyin yasan wragad f 10.000.~, namung dipun sade rêgi f 600.~, punika taksih kenging kacicil salêbêtipun 2 taun. Dene tumrap barang sanès-sanèsipun, kados ta ril lori sampun kathah ingkang dipun bêjati.

R.M. Sukarjo kaukum kunjara sataun. Pangadilan kraton ing Ngayogya mêntas ngrampungi prakawisipun dakwa R.M. Sukarjo, prakawis damêl ungêl-ungêlan samar ing sêrat, ingkang araos ngojok-ojoki damêl botên têntrêm. Dakwa kaukum sataun kacêngklong tahanan. R.M. Sukarjo punika rumiyin tilas matrus Marine.

Wadhuk agêng ing Brêbês. Ingkang wajib gadhah sedya badhe ngadani damel wadhuk ing lèpèn Kabuyutan, Brêbês, sagêd isi toya 60 yuta meter kubik. Manawi kasêmbadan wadhuk wau badhe sagêd ngoncori toya dhatêng pasitèn-pasitèn ingkang padatan botên angsal toya. Kajawi punika, sarèhning kabudidayan Kêtanggungan inggih badhe angsal toya, inggih badhe tumut urun waragad. Waragading pandamêl kintên-kintên f 600.000.-.

Tuwan Purwodarminta. Wontên pawartos, benjing wêkasaning wulan punika, tuwan W.J.S Purwodarminta, guru basa Mêlayu tuwin Jawi ing Rijksuniversiteit Tokio badhe verlof dhatêng tanah Jawi.

Kabupatèn Bangil badhe suwak. Wontên rêmbag, Kabupatèn Bangil badhe kasuwak, kadadosakên satunggil kalihan Pasuruan. Dene wontêning bawah badhe kabage salong tumut Pasuruan tuwin Malang. Ing bab punika kados-kados sampun botên wontên pakèwêdipun, kintên-kintên badhe kalampahan tumuntên.

Tugu kabangsan. Miturut pawartos, tugu pèngêtan B.O. ingkang kaêdêgakên ing Surakarta, saèstu têtêp adêgipun. Ing sapunika ngêntosi rancangan pandamêling ungêl-ungêlan ingkang badhe dipun trapakên ing tugu. Malah bab tugu wau nalika Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana têdhak Bogor, ugi dados pangadikan.

Rajapêjah ing tanah paboyongan. Tuwan Arie Schalk. Pangajênging bangsa Walandi Indo paboyongan ing Papua, dipun pêjahi ing tiyang golongananipun.[21] Mênggah sababipun, tuwan wau nate raosan badhe mêdal saking golonganipun, ingkang lajêng dados grêjêg.

Tumut mêdal saking golongan Partido. Kawartosakên, Mr. Sunario, ingkang rumiyin dados pangajênging Partindo. Makatên ugi nyonyah Dien Sunario, inggih punika ingkang rayi, ugi sampun mêdal saking Partindo.

Directeur Pangajaran. Dr. A. D. A. de Kat Angelino wd. Directeur Departement Pangajaran, katêtêpakên dados Directeur. Prof. Dr. B.J.O. Sahrieke, Directeur Pangajaran, wachtgeld.

Ariwarti Bintang Timur dhawah ing Tuwan P.F. Dahler. Ariwarti Bintang Timur ing Bêtawi, ing sapunika dhawah ing Tuwan P.F. Dahler sakancanipun. Padamêlanipun lajêng kaperang, Tuwan Dahler ing bab babagan journalistiek, Tuwan Laoh dados directeur, dene Tuwan Tambayong dados secretaris redacteur. Salajêngipun ariwarti wau sipatipun santun sawatawis.

[Grafik]

Paargyan ing Langkat. Panjênênganipun Sultan ing Langkat mêntas kagungan putra kakung. Ing nalika putra wau dipun parasi, para kawula sami maargya, untabing tiyang kados ingkang kacêtha ing gambar.

Guru agêng ing pamulangan luhur. Mr. J. Eggens, katêtêpakên dados guru agêng pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, babagan Ned. Indische Burgelijke Recht.

Sowan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mêntas nampèni anggèning maratamu Tuwan Cheng Ting Wang, tilas ministêr Tiongkok babagan sajawining praja dipun irid ing consul Jendral Tiongkok. Anggèning rawuh ngriki punika pêrlu mriksa kantor-kantor Tiongkok.

Kèndêl saking padamêlan. R. Hadisumantri, opzichter ing hoofdkantoor Waterstaat afdeeling "Sêrayu" ing Purworejo, wiwit wulan Februari 1935 kèndêl saking padamêlan kanthi hurmat. Tuwan Rafiudin, opszichter kantor sectie-ingenieur Blora tumrap Irrigatieafdeeling "Serang" ing Blora, wiwit wulan Maart 1935 kèndêl kanthi hurmat.

Pabrik tênun gagrak enggal. Satunggiling firma ngamanca ing Surabaya, gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pabrik tênun wontên sajawining kitha Surabaya. Sêdya wau sampun karancang, saha sampun angsal pamrayogi rêmbag saking parentah babagan kawêkêlan ing bab ingkang pêrlu-pêrlu, sampun mêling mêsin-mêsinipun. Kajêngipun namung badhe nênun barang ingkang kasar-kasar. Badhe kathah tiyang ingkang katampi nyambut damêl ingriku.

--- 354 ---

Pandung ingkang nekad. Ing Sidikan, Kutagêdhe, Ngayogya, wontên tiyang jagi tanêman kêtela ing wanci dalu. Ing ngriku kadhatêngan pandung lajêng ambêdhahi katela ngantos angsal sagrobag, lajêng kesah. Dene ingkang jagi wau namung kèndêl amargi ajrih mawi dipun agar-agari dêdamêl.

Bab kurban Muhammadiyah ing Ngayogya. Kawartosakên, ing taun punika, tumrap grêbêg Bêsar, ingkang padatan Muhammadiyah ing Ngayogya ngawontênakên kurban mragad maesa, punika botên katindakakên, amargi ing sapunika pamragating rajakaya mawi kakengingakên pajêg, mangka padatanipun botên. Hoofdbestuur Muhammadiyah inggih sampun nate gadhah atur dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, angsal wangsulan, kêdah ambayar pajêg, amargi punika gêgolong pandamêl sunat.

Anèh-anèhan. Wontên pawartos, ing Sicincin Sumatra, wontên tiyang nama Uda Arif gêlar Sidi Nan Putih, kuwawi botên nêdha sêminggu, kajawi namung ngombe, saha salêbetipun botên nêdha wau inggih nyambut damêl awrat. Dene caranipun, ing mangsanipun nêdha kapurih adang 7 kati, mangke jam 9 enjing wiwit nêdha, têrus ngantos jam 3. Ing sadèrèngipun nêdha, linggihipun sila rapêt, mangke manawi wiwit nêdha, samangsa sampun kathah panêdhanipun, sukunipun saya benggang, dangu-dangu dados slonjor, dene wêtêngipun saya agêng. Sasampunipun makatên lajêng nyambut damêl, ngantos saminggu tanpa nêdha.

Ingsêran Bupati. Miturut pawartos, awit saking badhe suwakipun Kabupatèn Karanganyar, ingkang Bupati Karanganyar R.A.A. Iskandar Tirtokusumo, badhe dados bupati ing Dêmak. Dene Bupati ing Dêmak sapunika R.A.A. Sosrohadiwijoyo, kintên-kintên badhe dados bupati ing Kêbumèn, anggêntosi ingkang raka R.A.A. Arungbinang.

Telegram dhatêng ing Griekenland. Miturut pawartos saking Bandung, telegram tumrap dhatêng Griekenland badhe kawêngku ing papriksan. Telegram punika katêtêpakên dados têtanggêlanipun ingkang kintun piyambak. Tumrap telegram dhatêng Macedonie wetan tuwin Thracie, inggih punika têlênging panggenan rêrêsah, botên dipun tampèni. Mêkatên ugi botên nampèni telegram ingkang mawi têtêmbungan pangringkês.

Sarêm pêtêng tuwin kadurjanan kajêng. Ingkang pinangih ing Brêbês, wontênipun têtiyang damêl sarêm pêtêng tuwin kadurjanan kajêng, botên wontên mêndha-mêndhanipun. Kathah sêrêgan bab wau ingkang sampun karampungan ing Landgerecht. Sabên minggu botên kirang pitung dasa prakawis.

Pulisi agèn Walandi. Ing taun 1934 sampun wiwit wontên pulisi agèn bangsa Walandi. Ing sapunika tumrap pulisi enggal badhe kadèkèk ing tanah Mêlayu, punika gêgayutan dening pangêrtosanipun basa Mêlayu, ingkang kathah manggèn ing Palembang.

AMERIKA.

Tiyang angguran ing Amerika. Miturut katrangan saking ingkang wajib mèngêti, ing Amerika pinanggih wontên tiyang angguran cacah 20.000.000. Têtiyang wau lajêng angsal pitulungan saking nagari, sabên dintên ngêdalakên arta 5 yuta dollar.

ASIA.

Pabrik kina ing Bandung badhe angsal tandhing. Miturut pawartos, wontêning sêsakit malaria ing Colombo lajêng nuwuhakên pangudining doktêr Inggris ingkang dipun biyantu ing doktêr Jêrman migunakakên suntik nama Atebrin Musonat damêlanipun I.G. Farben Industrie. Tumindaking damêl katingal prayogi, saha sanès dintên badhe nyuntik tiyang 50.000 ingkang katrajang malaria. Tiyang ingkang dipun suntik, sabên sampun kaping kalih sagêd saras. Parentah badhe tumbas jampi wau rêrêgèn 150.000 rupee, sabên tiyang satunggal nêlasakên rêrêgèn 1 rupee.

NAGARI WALANDI.

Gas racun ing pakêmpalan. Ing s'Hertogenbosch mêntas wontên parêpatanipun Nationaal Socialistische Bond, manggèn ing gêdong Casino. Ing nalika nuju nêngah-nêngahi parêpatan, angganda gas racun. Pakêmpalan kapêksa dipun bibarakên. Pulisi lajêng nindakakên papriksan, ing ngriku pinanggih wontên gêbyas alit isi gas racun, ingkang padatan dipun angge wontên paprangan. Dèrèng kasumêrêpan saking pandamêlipun sintên.

AUSTRALIE.

[Grafik]

Padvinder ing Australie. Ing saindênging jagad, padvinder punika sampun sumêbar sangêt. Dèrèng dangu ing Frankston Australie mêntas wontên barisaning golongan padvinder sêsarêngan, pêrlu maargya Lord Baden Powell, inggih punika sêsêpuhing padvinder ing sajagad nalika rawuh ing Australie. Lord Baden Powell ingkang kacêtha ing gambar nomêr 2 saking têngên. Dene ingkang ambikak paargyan wau Gupêrnoer Isaac Isaacs.

--- 355 ---

Wêwaosan

Sugih Atindak Mlarat.

11

Botên dangu nonah Janèt dipun undang pangagêngipun, dipun cariyosi makatên: Nonah aku cocog bangêt mênyang pagaweyanmu, aku rumasa oleh kanthi nyambutgawe kang bisa ngrampungi têmênan. Sarèhning pagawean ing kene iki akèh, ora kêna mèngèng sathithik banjur mumbruk, iku yèn aku tansah wira-wiri mrana-mrene, bakal kakehan wayah kang ilang. Bêcike kowe nyambuta gawe ana sacêdhakku kene, apa-apa aku cukup kăndha mênyang kowe.

Nonah Janèt namung miturut punapa ingkang dados kajênging pangagêng, papanipun nyambutdamêl lajêng pindhah tunggil sakamar kalihan pangagêng wau. Ing ngriku nyata pancèn lampahing padamêlan langkung rikat, tuwan pangagêng botên nate damêl ngengrengan serat, punapa-punapa cêkap ijêman, lajêng dipun tik rangkêp dhatêng Nonah Janèt, manawi wicantênipun tuwan pangagêng panjang tuwin rikat, dipun tut nyêrat rêrikatan, cêkakipun botên nate kèthèr. Sarêng pinanggihing padamêlan nyata sae tuwin rikat, para kănca ingkang rumiyin gadhah raos mèri, lajêng sami narimah.

Sihipun tuwan pangagêng dhatêng Nonah Janèt saya kasok, nanging dangu-dangu asihipun wau lajêng badhe dados asih yêktos. Ing sakawit Nonah Janèt botên ngrêtos, nanging dangu-dangu lajêng karaos, bilih asihipun tuwan pangagêng wau sêmbrana. Ing ngriku sarêng Nonah Janèt mangrêtos, lajêng botên sakeca ing manah, saha lajêng gadhah gagasan makatên: yèn kaya ngene iki rak mêsakake Hènri.

Dangu-dangu sêmbrananipun tuwan pangagêng saya katingal, kêrêp ngregoni anggènipun nyambutdamêl Nonah Janèt, ngajak ginêman ing bab sapele ingkang botên wontên pêdhot-pêdhotipun.

Sarèhning tindakipun tuwan pangagêng wau saya andadra, sawênèhing dintên, Nonah Janèt kêpêksa mungêl makatên: Tuwan panjênêngan punika pangagêng kula, ingkang wajib kula ênut dhawuh pangandika panjênêngan ingatasing padamêlan, tuwin ing ngriki punika papanipun tiyang nyambutdamêl. Dados manawi kula tansah ngladosi pangandikan ingkang botên wontên têgêsipun punapa-punapa, punika adamêl kapitunan kula, inggih atêgês damêl kapitunaning kantor dagang ingkang ambalănja kula. Mila ing kalanipun nyambutdamêl sampun ngandikan ingkang botên-botên.

Nalika tuwan pangagêng dipun saru makatên punika, panampinipun malah dipun tanggapi, inggih punika akajêng manawi badhe sêsêmbranan kêdah wontên panggenan sanès, wangsulanipun: Iku bênêr bangêt, nonah. Wèh, kowe pancèn pêng-pêngan têmênan, golèka wong sanagara Londhon kene, mêsthi ora ana wong kang duwe wêwatêkan kaya kowe.

Nonah Janèt lajêng kèndêl kemawon, têrus nyambutdamêl, tuwan pangagêng ugi makatên, nanging wantunipun tiyang sampun kêdhêdhêran wiji sêmbrana, sarêng sampun sawatawis dintên botên wontên antawisipun punapa-punapa, tuwan pangagêng miwiti sêmbrana malih, wicantênipun: Nonah, wah, anggonku sênêng-sênêng mau bêngi rada kaduk, eman dene tanpa kănca.

Nonah Janèt sampun nyandhak, bilih punika wiwit badhe ngajak sêmbranan, lajêng masuli[22] sarèh: Tuwan, bêbasanipun panjênêngan punika gajah ngidak rapah, pitutur panjênêngan, panjênêngan trajang piyambak.

Pangagêng wangsul galegesan: Kuwi paribasan wis mambu. Nonah, aku iki panggêdhe, kang bisa ngingar-ingêr pandoming kantor among dagang kene, bisa agawe abang biru, bisa gawe bêgja cilakaning wong karerehanku kabèh. Nonah kang manis, patitising gunêmmu iku nêrusi kaya ayuning rupamu, eman yèn wong kang kaya kowe nganti ora anduwèni juru pamomong kang bisa ngladèni mênyang awakmu. O, tinimbang kowe tansah nyambutgawe rêkasa, bok iya nganggur bae, dadi anggonku ngajak sêmbranan kowe ora ana pakewuhe, têgêse ora nyamarake yèn kowe nganti lèrèn saka pagawean.

Ing sanalika ngriku Nonah Janèt ngadêg nyat lajêng wicantên: Tuwan, ginêm panjênêngan punika tanpa mêmanis tumrapipun kula, malah kula anggêp murang tata. Sapunika panjênêngan malah kula prentah nyambutdamêl.

Tuwan pangagêng rumaos glêg, araos kasoran prabawa, lajêng kliwir-kliwir mapan nyambutdamêl malih.

7. Tuwan Hènri dados tiyang angguran malih.

Tuwan Hènri saya kêpasuk anggèning pakulinan kalihan Nonah Janèt, saupami botên kapalang ing prasêtya, tamtu sampun kêlair têmbungipun dhatêng Nonah Janèt ing bab anggèning gadhah sêdya, dene sêdyanipun Tuwan Hènri pancèn badhe mêndhêt. Nanging sarèhning nuju sawêg anglampahi kados makatên, sêdya wau namung kaêndhêm wontên salêbêting batos, awit saupami nglairna panêmbung, inggih nama botên pantês.

--- 356 ---

Manawi Tuwan Hènri ngèngêti godhaning manah, tèkadipun wau lajêng ngalokro, amargi lajêng nganggêp tindak ingkang dipun tekadakên punika namung gumantung wontên wasesanipun piyambak, nanging saupami dipun wudharana botên wontên pakèwêdipun punapa-punapa. Nanging manawi ngèngêti dhatêng raosing kabatosanipun, wah, punika pinanggih awrat, awit nama anggorohi batosipun piyambak, saha sabên panggagasipun dumugi ngriku, pêndhêlis, wujudipun dhoktêr Sir Hendriks lajêng katingal anggènipun ngiwi-iwi. Wusana lajêng wicantên: Mêsthi nyambut gawe.

Ing nalika Tuwan Hènri manggih lêlampahan ingkang kados makatên punika, manahipun pinanggih ribêd, saha tansah ngraosakên botên têntrêm, manawi dalu ngantos lingsir dalu sawêg sagêd tilêm.

Ing satunggiling dalu, ngantos jam kalih dalu sawêg sagêd tilêm, ing ngriku sawêg lês tilêm, kagèt dipun gobyag ing lurahipun, dipun cariyosi wontên tiyang mêling oto kêsêsa, ingkang mêling Dr. Sir Hendriks, kêdah mangkat sanalika.

Tuwan Hènri sarêng tampi dhawuhing lurahipun lajêng sadhiya badhe makat,[23] nanging ing sanalika grêg èngêt, batosipun: iki rak Dr. Sir Hendriks mungsuhku.

Ing kala punika lurahipun ngankos[24] nyaru: Ana apa dene kowe nganggo grag-grêg, apa kowe durung wêruh dalême Dr. Sir Hendriks kang misuwur ing tanah Inggris.

Hènri: Sampun sumêrêp. Anggènipun mangsuli makatên wau dipun sarêngi minggah dhatêng oto ingkang sampun sumadhiya saha lajêng glêsêr mangkat.

Botên dangu lampahipun sampun dumugi panggenanipun dhoktêr, lajêng ngungêlakên tutur: guwog, guwo ... g.

Sarêng wontên sabawa makatên wau, dhoktêr katingal mêdal, ambêkta tas agêng kalihan mungêl: Genea têkamu kasèp têmên, bênêr lumrahing wong wis nganggêp rikat, nanging tumraping dhoktêr: durung.

Tuwan Hènri nyawang saking sopiran, sumêrêp warninipun dhoktêr taksih ajêg kados ingkang sampun, batosipun: Wong iki atine pancèn watak kêncêngan.

Dhoktêr sasampunipun minggah dhatêg oto lajêng akèn: Mênya[25] Road Street nomêr 181.

Hènri: O dhatêng griyanipun sudagar sata.

Dhoktêr: Iya, iya. Lakokna kang rikat bangêt.

Hènri: Sandika.

Lampahing oto prasasat angin, sakêdhap kemawon sampun dumugi panggenan ingkang dipun kajêngakên, dhoktêr lajêng mandhap saking oto sampun dipun êntosi tiyang wontên sangajênging lawa,[26] ing sêmu katingal susah, saha sarêng sumêrêp dhoktêr dhatêng, lajêng mapagakên kalihan cariyos: O, dhoktêr, sakitipun anak kula saya rêkaos.

Doktêr mangsuli: Sabar sabar.

Dhoktêr lajêng mlêbêt dhatêng griya, oto ngêntosi. Ing ngriku Tuwan Hènri anggagas makatên: E, dhoktêr iki pancèn wong pêng-pêngan, bisa anggone matrapake awake, dhèk ana kana ketok bangêt anggone kêsusu, kaya ora kêna disêmayani, barêng saiki ana kene, satondak-tanduke mung sarwa sarèh. Ing kono karêpe kêketok, anggone sêrêng mênyang aku, ambutuhake supaya ngrikatake laku, awit saupama aku ora dikonokake, mêsthi kurang mêmpêngku. Balik ana kene anggone sarèh, prêlu amèk ati, murih gawe ayême kang ditêkani, awit kang ditêkani mau wong kasusahan, mêsthine bisa andayani bêcik mênyang sakabèhe. Hêm, samono beda-bedaning tindak kang nêtêpi anggêr kang bênêr. Beda têmên karo panampaku, wiwit aku didhawuhi lurah, banjur diprentah dhoktêr iki mau, mung dadi pangunêg-unêg bae, saka ngrumasani, têka uwong mung tansah digêtak-gêtak. Nanging barêng tak ulihke karo karêpe, kok iya mulih bae. Satêmêne aku dhewe ya wis tau nglakoni, yaiku yèn kalane aku kêtêmu Janèt, saora-oranane, ulatku iya tak manis-manisake, pamrihe, supaya olèh sih. Hêlo, gagasanku têka banjur têkan Janèt.

Sarêng gagasanipun dumugi ngriku lajêng kèndêl sês, kêmpas-kêmpus namung piyambakan. Anggènipun ngêntosi wontên ing ngriku rumaosipun Tuwan Hènri dangu sangêt. Nanging sarêng ningali jam, pancèn nyata sampun jam satêngah gangsal. Ing ngriku Tuwan Hènri ngantos anjêngèk wicantên piyambakan: Iki rak jênêng mainan, nganti jam satêngah lima durung bali, apa niyat ngukum uwong. Nanging Tuwan Hènri lajêng èngêt bilih piyambakipun punika namung sadrêmi, tuwin ingatasipun tuwan dhoktêr punika nama tiyang nyewa, badhea ngangge sakajêngipun waton ambayar, sampun tanpa pakèwêd.

Sarêng ngajêngakên jam gangsal, tuwan dhoktêr mêdal, dipun iring ingkang gadhah griya, dhoktêr wicantên: Sukur dene kula sagêd mitulungi putra sampeyan, saupami kasèp sakêdhap êngkas, badhe mutawatosi sangêt. Ing sapunika sampun sagêd tilêm, supados dipun jagi, sampun ngantos kagèt, tuwin kêdah dipun jagi saening têdhanipun.

Tuwan ingkang gadhah griya katingal sakalangkung bingah ing manah. Ing kala punika Tuwan Hènri inggih kêtuwuhan raos tumut bingah. Wusana dhoktêr lajêng minggah oto wangsul mantuk.

Oto sadumugining panggènipun dhoktêr lajêng kèndêl, dhoktêr angulungi arta saringgit dhatêng sopir tuwin wicantên: Iki prêsènmu.

Tuwan Hènri sasampunipun nampèni arta lajêng mungêl makatên: Nuwun, tuwan, arta punika badhe kula simpêni, ing têmbe badhe dados tăndha saksi.

Tuwan dhoktêr ingkang sampun lumampah badhe mlêbêt griya, nalika mirêng têmbung makatên punika lajêng mandhêg nolèh kalihan pitakèn: Hêlo, kowe sapa ta.

Tuwan Hènri mangsuli kalihan anglampahakên oto: Botên. (Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

Regi f 0.64… Regi f 0.64

VOLKSALMANAK DJAWI 1935

Mawi dipun sadhiyani gambaran arta f. 3000.- isinipun pêpak, dados kabêtahaning ngakathah.

Minăngka icip-icip ing ngandhap punika pêthikanipun.

2. Pambengkas Ama

Manawi botên wontên ulêr, botên badhe wontên ênthung, manawi botên wontên ênthung botên badhe wontên kupu, dene manawi botên wontên kupu inggih botên badhe wontên ulêr. Ingkang makatên punika pancèn sampun kinodrat, kados ubêng-ubêngan. Nanging kosok wangsulipun, manawi wontên ulêr, dèrèng têmtu manawi lajêng wontên ênthung lan sapiturutipun, awit sadèrèngipun dados ênthung sagêd ugi sampun pêjah jalaran sakit, kacilakan, kamăngsa ing kewan sanèsipun, kasirnakakên dening mêngsah utawi kapêjahaan dening tiyang.

Wondene anggènipun sok dipun pêjahi tiyang, punika inggih wontên sababipun, jalaran bangsaning ulêr punika kathah ingkang damêlipun botên sanès namung ngrisak tanêman.

Kala-kala tiyang punika inggih sok kuwalahên badhe mêjahi ulêr ingkang dados ama, jalaran saking kathahipun lan saking rêmpiting pananggenanipun, tujunipun sok wontên ingkang nulungi ngrencangi mêjahi, inggih punika bangsaning kewan piyambak, tur sanès bangsaning kewan ingkang langkung agêng tinimbang ulêr, namung bangsaning lalêr utawi tawon.

Tiyang ingkang dèrèng nate ngyêktosi mêsthinipun botên ngandêl: punika wontên lalêr sagêd mêjahi ulêr. Nanging manawi sampun angyêktosi piyambak sarta ngrêtos wadosipun, têmtunipun lajêng gèdhèg-gèdhèg, ngandêl kanthi ngungun, ing batos mungêl: E, e, dadi ngono.

Ing ngriki badhe nyariyosakên lampahipun tiyang ingkang sampun nate naliti lan angyêktosi bab wau. Murih gampilipun tiyang wau ing ngriki kawastanan A.

Nuju satunggiling dintên, A mlampah-mlampah ing pakêbonan, sumêrêp wontên ulêr sawêg ngeca-eca nêdha ron-ronan. Lajêng wontên lalêr dhatêng, mibêr angubêngi ulêr. Ulêr kadhatêngan lalêr katingal sajak risi, sirahipun kathèngèlakên, kados anggusah-gusaha, nanging lalêr botên kesah-kesah, ngêntosi kalimpenipun ulêr. Sarêng kalimpe lajeng mencok ing gêgêripun ulêr, sakêdhap nuntên mabur kesah malih, bokmanawi sampun kalêksanan sêdyanipun. Ulêr têrus ngeca-eca nglajêngakên anggènipun nêdha.

Ulêr wau sakesahipun lalêr lajêng kapêndhêt dhatêng A, kalêbêtakên ing lodhong, dipun dèkèki ron-ronan, bibar punika lodhong lajêng katutup mawi gombalan. Sabên dintên ron sadhiyan têdhanipun ulêr dipun santuni. Sarèhning botên kêkirangan têdha, ulêr wau saya dangu inggih saya mindhak agêng, nanging lêt sawatawis dintên, sarêng A nuwèni, ulêripun katingal nglêmpuruk, badanipun sajak lêmês. Enjingipun dipun tuwèni malih sampun pêjah, badanipun kêmpès sarta ngêdalakên kados toya buthêk, gandanipun botên eca. Cêlak ulêr wau wontên wêwujudan kados tong, alit-alit, panjangipun kirang langkung 5 mm, kathahipun tiga, tumèmplèk ing ron. Saminggu malih wêwujudan tiga wau sampun malih warni, awujud lalêr, pados margi badhe mêdal.

Lalêr tiga wau dumadosipun botên sanès kajawi saking tigan lalêr ingkang kalêbêtakên ing badaning ulêr nalika kapanggih wontên ing pakêbonan. Dados nalika lalêr mencok sakêdhap ing gêgêring ulêr kados ingkang kasêbut ing nginggil, punika prêlunipun botên sanès kajawi namung badhe nigan. Lêt satunggal utawi tigang dintên tigan lalêr tiga wau lajêng nêtês. Anak lalêr samêdalipun saking tigan lajêng nêdhani ingkang wontên ing salêbêting ulêr. Ulêr nêdha têrus, nanging isèn-isèning badanipun inggih têrus dipun têdhani anak lalêr. Sakawit ulêr botên kraos, malah saya dangu saya mindhak agêng, nanging dangu-dangu badanipun ing nglêbêt saya risak, ngantos dumugi ing pêjahipun. Anak lalêr lajêng ambabah kulitipun ulêr, mêdal. Dene bolongan, têrus ngêdalakên toya buthêk ingkang anggănda botên eca wau.

Anak lalêr wau samêdalipun saking ulêr dèrèng katingal awujud lalêr, punapa-punapanipun dèrèng sampurna, suku dèrèng wontên, suwiwi dèrèng mêgar, taksih krakêt kados kipas kaingkupakên, êndhas lan buntutipun lancip, wêtêngipun agêng warninipun pêthak sulak jêne. Sarèhning suwiwinipun dèrèng mêgar, inggih dèrèng sagêd mabur, nanging inggih sampun sagêd grêmêtan mrika-mriki. Kala-kala manawi mêntas grêmêtan sok lajêng kèndêl wontên sacêlakipun bangkening ulêr, têrus botên ebah-ebah. Dangu-dangu kulitipun kakên, êndhas lan buntutipun malih dados papak, warninipun malih dados abrit sarta botên dangu malih dados abrit sêpuh utawi abrit sulak cêmêng. Dene suwiwinipun dangu-dangu inggih lajêng mêgar lan mindhak kakên, ngantos kenging kangge mabur.

Miturut ingkang kapratelakakên ing nginggil, ulêr wau pêjahipun botên jalaran têtarungan dipun pisakit dening lalêr, namung jalaran dipun angge papan nigan. Wondene têtêsaning tigan lajêng nêdhani badanipun ulêr, punika sanès lêpatipun laler. Punika mênggahing rêmbag. Nanging sayêktosipun, ingkang dados jalaran tiwasing ulêr, punika inggih pun lalêr, mila mênggahing nalar, lalêr wau inggih kenging dipun wastani mêngsahipun ulêr.

Kajawi lalêr, wontên bangsaning tawon alit ingkang ugi ambêtahakên ulêr kangge papan nigan, sarta ugi ngantos anjalari tiwasipun ulêr. Dene lampah-lampahing paniganipun sami kemawon kalihan lalêr, ingkang sampun kapratelakakên ngajêng, namung beda tiganipun tawon punika langkung kathah, botên namung tiga utawi sakawan, nanging sok ngantos wolung dasa utawi langkung.

Kala-kala sok wontên lêlampahan ingkang langkung anèh malih, inggih punika wontên ulêr dipun encoki lalêr sakêdhap, prêlu andèkèkakên tigan. Botên watawis dangu ulêr wau gêntos dipun encoki tawon, tawon inggih nigan, lumêbêt ing têtêsaning tigan lalêr, sarêng tigan lalêr nêtês, tigan tawon inggih nêtês, anak lalêr nêdhani isinipun ulêr, anak tawon nêdhani isinipun anak lalêr. Manawi ulêr pêjah, anak lalêr inggih nututi pêjah, nanging anak tawon lêstantun gêsang.

--- [0] ---

[Iklan]

 


Polkênbon. (kembali)
sagêd. (kembali)
Kangkang. (kembali)
saangsal-angsalipun. (kembali)
Tuwuhipun. (kembali)
minggah. (kembali)
kang. (kembali)
mung. (kembali)
mung ngarah. (kembali)
10 nalika. (kembali)
11 rêgènsêkap. (kembali)
12 kalihan. (kembali)
13 atêgês:. (kembali)
14 ngulat-ulatakên. (kembali)
15 inggih. (kembali)
16 kajawi. (kembali)
17 ing. (kembali)
18 têngah. (kembali)
19 anandhang. (kembali)
20 dhobêl. (kembali)
21 golonganipun. (kembali)
22 mangsuli. (kembali)
23 6. (kembali)
24 ngantos. (kembali)
25 Mênyang. (kembali)
26 lawang. (kembali)