Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-23, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ongka 8, Rê Wa, 25 Sawal, Wawu 1865, 30 Januari 1935, Taun X.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [113] ---

Ongka 8, Rê Wa, 24 Sawal, Wawu 1865, 30 Januari 1935, Taun X.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru Ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging Kantor Palis, Tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Wanci Sontên - Bêcik Kêtitik Ala Kêtara - Bêbayanipun: Ma Kêkalih - Ingah-ingahan Ulam ing Blumbang - Wedang Kopi Tigan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Wanci sontên.

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805: Citra 1 dari 8
Sêsawangan saantawisipun Bêtawi - Tanggêrang, ing wanci sontên.

--- 114 ---

Raos Jawi

Bêcik kêtitik ala kêtara

[Sinom]

amênangi jaman edan | ewuh aya ing pambudi | arêp edan nora tahan | yèn tan milu anglakoni | boya kaduman melik | kalirên wêkasanipun | dilalah karsa Allah | bêgja-bêgjane kang lali | luwih bêgja kang eling lawan waspada ||

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805: Citra 2 dari 8
Subali

Sêkar sinom sapada ing nginggil punika pêthikan saking Sêrat: Kalatidha, wasiyat Rănggawarsitan, suraosipun lêbêt tur maedahi sangêt, pantês dipun wigatosakên dhatêng para ingkang nêdya anggayuh darajating lair batos ing dalêm jaman paramean saha katêntrêman. Langkung prayogi malih manawi lajêng kacundhukakên kalihan Sêrat Wedhatama, wasiyat Mangkunagaran ping 4 sêkar Pangkur kados ing ngandhap punika:

kêkêraning ngèlmu karang | kêkarangan saka bangsane gaib | iku borèh paminipun | tan rumasuk ing jasad | amung ana sajabane daging kulup | yèn kapêngkok păncabaya | ubayane balenjani ||

marma ing sabisa-bisa | bêbasane ngungkiha tyas basuki | puruhitaa kang patut | myang traping angganira | ana uga anggêr ugêring kaprabun | abon-abone panêmbah | kang kambah ing siyang ratri ||

Sêkar tigang pada ing nginggil punika kathah tiyang saha lare ingkang sampun sami apal. Nanging punapa inggih sampun sami mangrêtos saèstu mênggah suraosipun, lan sasampuning mangrêtos inggih kadugi nglampahi wosing warsita utawi wasiyat wau, punika wallahualam.

Manawi ngèngêti ingkang paring wasiyat punika pujăngga Jawi ingkang sampun kaloka asmanipun awit saking titis tètèsing pamêcanipun, luhuring budi saha kawicaksananipun têka inggih eman sangêt manawi namung kangge apal-apalan, saha botên purun nindakakên suraosing wasiyat wau.

Kalawarti Kajawèn ingkang mirid saking namanipun [namanipu...]

--- 115 ---

[...n] kemawon sampun nyasmitani manawi adamêl pêpadhanging tanah Jawi, kados sampun salêrêsipun manawi dados ajanging para sarjana Jawi, ngrêmbag kawruh Jawi, awêwaton anggitan punapa wasiyatipun para pujăngga Jawi ingkang botên sok tiyanga Jawi sagêd nampi, jêr saking angèling basa saha lêbêting suraosipun. Inggih patrap ingkang makatên punika ingkang kula wastani: ngluhurakên para pujăngga Jawi.

Ingkang kawastanan jaman punika kawontênaning donya, edan têgêsipun kalindhih utawi kasoran, dados jaman edan têgêsipun: katindhih utawi kasoran kalihan kawontênaning donya (kadonyan). Kabêtahaning ngagêsang ing ngalam donya punika tigang prakawis, kasêbut ing Wedhatama makatên:

[Sinom]

bonggan kang tan mrêlokêna | anggêr ugêring ngaurip | uripe lan tri prakara | wirya arta tri winasis | kalamun kongsi sêpi | saka wilangan têtêlu | têlas tilasing janma | aji godhong jati aking | têmah papa papariman ngulandara ||

Tiyang anggayuh dhatêng kawiryan, kasugihan saha kasagêdan punika sampun samêsthinipun, awit punika ingkang dados sarana ingaosan ing asanès. Nanging manawi pratikêling panggayuh saha êtraping gêgayuhan kirang utawi botên waspada, inggih punika namung anggêr angsal melik, angsal pangaji-aji, bêbasan: melik anggendhong lali, kasupèn dhatêng talêring kamanungsan, inggih punika botên kenging nilar abon-aboning panêmbah, sanadyan ta sagêd angsal kabêgjan tamtu kabêgjanipun wau botên sagêd sêmpulur, awit punika kabêgjanipun tiyang supe. Ing saupami ing dalêm gêsangipun sagêda wilujêng, tamtu ing akiripun angsal pidana samurwatipun, malah trêkadhang sagêd numusi dhatêng anak putu sakulawangsanipun pisan.

Manawi miturut wasiyat saking Rănggawarsitan, ingkang kawastanan jaman edan punika inggih jaman samangke punika, kathah panggayuh ingkang lèrègipun namung dhatêng kadonyan, anggêr ugêring kamanungsan prasasat dipun singkur babarpisan, mila kawontênaning donya saya nyêdhihakên manah. Kasagêdanipun tiyang damêl praboting ayuda saya angeram-eramakên, cariyosipun badhe kangge anjagi kawilujêngan, nanging nyatanipun malah dados gêndra, sumuking latu paprangan saya karaos.

Badhe kasambêtan.

S. Darmaprawira.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 640.

1. Bausastra Roorda (Gericke en Roorda) punika Bausastra Jawi limrah, sanès Kawi.

2. Bausastra ingkang Kawi, anggitanipun C.F Winter Sr. rêginipun f 6.- ingkang sade depot van Leermiddelen ing Bêtawi Sèntrêm.

3. Kawruh padhalangan botên kadadosakên buku.

4. Panjênêngan mastani Sêrat Rêtna Irminggar punika lêpat, lêrêsipun pratelan kawontênaning buku-buku, utawi cara Walandinipun Javaansche Bibliographie. Ingkang isinipun kapratelakakên ing ngriku botên namung Sêrat Rêtna Irminggar, nanging ugi sêrat sanès-sanèsipun ngantos pintên-pintên atus: sêrat-sêrat babad, Sêrat Cênthini, Sêrat Menak, lan sanès-sanèsipun, aksaranipun latin.

5. Bab cariyos Tarsan dèrèng wontên katêtêpan badhe kadadosakên buku utawi botên.

6. Sintên kemawon kenging manjurung bab ingkang dipun kêrsakakên, sarta manawi kamanah sae, têmtu kapacak.

7. Pitakèn bab batangan cangkriman botên sagêd mangsuli.

--- 116 ---

Panglipur Manah

Bêbayanipun Ma kêkalih.

[Asmaradana]

kasmaran wuryaning tulis | mangripta kang uran-uran | tan isin ginuyu ngakèh | mring sagunging pra sarjana | mung dahat drênging cipta | mahyakkên osiking kalbu | angrumpaka aksara ma ||

ma: macul langkung utami | mapali pêpunthuk sawah | tinanduran mrih wêtune | kinanthèn sabaring manah | pantara kapat căndra | tanduran nuli dèn undhuh | tikêl satus antukira ||

yèku lakune wong tani | mêmacul ing karyanira | tuhu abot sanggêmane | mangudi antuke pangan | nênge cipta mangkana | murakabana sadarum | marang rabi sutanira ||

nanging sauwise olih | panganira pirang-pirang | akèh kang gingsir pikire | dipun êdol sabên dina | tan lami nuli brastha | sirna kabèh panganipun | ginantya kang rupa arta ||

[Grafik]

Têbaning pasabinan

satuhu arta puniki | yèn sêpi arti glis sirna | sanadyan artine duwe | yèn kartinya dipun tinggal | sawastu ora dadya | têmah cuthêl darbèkipun | punika kang sampun kaprah ||

pralampitane pra luwih | satuhu sujanma gêsang | nora gampang ing uripe | sanadyan ing donya padhang | sunaring dihyangkara | madhangi jagad sawêgung [sawê...]

--- 117 ---

[...gung] | sêrap surupe panyipta ||

kalirunira pangèksi | tan têka ingkang sinêdya | sida nora praptèng ngêndon | milane sujanma gêsang | ywa suka ngumbar hawa | nurut angkaraning kalbu | sanadyan kang rupa pangan ||

mêmangan tan nganggo dugi | ropyap-ropyan[1] sabên dina | tan lali mring rèstorane | yèku aran ngumbar hawa | luamah kang inguja | tan sayogya kang pinangguh | wêwatêk kadi mangkana ||

bêcike amung sathithik | sujanma kang royal pangan | wuwuh klimis ing ragane | miwah sugih para mitra | kang padha lunga têka | supêkêt kadi dèn ancur | iku ta ingkang sanyata ||

nanging yèn uwis mrèthèli | mitranira boya mara | lawan ora ngabarake | yèn kapranggul pasthi nimpang | yèku ing jamakira | nanging ana bêcikipun | jêr durung liwat takêran ||

upama tinakêr mangkin | têtêdhan sapuluh rupyah | pasthi boya yèn têlase | marma aran durung ala | kalamun tinimbanga | lan janma kang madat iku | kang pinangguh luwih nistha ||

alane uwis kêtitik | katimbang ma liyanira | yèku ingkang luwih asor | jêr madat yèn sêpi arta | ambêk rusuh tur nistha | sandhangan nora dèn rêmbug | blêkêthêk nora rinasa ||

sanadyan uwong kang sugih | lamun rosa pamadatnya | lama-lama nir sugihe | măngka madat nora kêna | yèn kurang tadhahira | balung sungsum krasa linu | linuwihan krasa nikmat ||

yèn kurang tan bisa guling | marma sabên dinanira | kaduk linuwihan bae | lama-lama cahyanira | apindha janma roga | payus ăngga kadi kapuk | tangèh dayaa makarya ||

yèn wuru gone madati | bisa carita mawarna | nganggit-anggit kapenake | yèn main bisaa mênang | panglocitaning driya | tinikêlan tuku candu | miwah arsa ropyan-ropyan ||

kanggo wong madat kang miskin | lamun gothang pamadatnya | ambêg rusuh ing tindake | tan tolih mitra myang kadang | darbèking bapa biyang | tanapi semah lan sunu | dèn alap ing darbèkira ||

muring kalamun tan olih | marga awakira lara | marlupa ing bêbayune | rupak pikir kang wus picak | aywa kang rupa arta | nadyan anak semahipun | bok payu dipun êdola ||

yèku janma kang kadyèki | aran wus kranjingan setan | karya asor ing drajate | muhung muji ingkang jimat | pak-kêcupak ranira | dwi dèwi watanganipun | katri sang dyah damar tilam ||

ujare rewange mukti | ing donya praptèng dêlahan | benjang yèn wus nèng kerate | bêdudan kang dadya jaran | cumêthi urikira | mega ingkang dadya payung | dahana dadya pangarsa ||

pamunahe satru sakti | ingkang rawe-rawe rantas | kang drêngki nuli dèn obong | kang tan asih mring sasama | urun anambal mega | ujar ing sasongaripun | apan dadi malaekat ||

panêmune janma baring | baut gyannya amrêceka | angugung awake dhewe | janma mangkana ingaran | wong kang tanpa gagasan | dadi ma lorone iki |[2] kabèhe dadi rubeda ||

Ho Sun Hong.

K. No. 1839. Sukawidi, Banyuwangi.

--- 118 ---

Kawruh Sawatawis

Ingah-ingahan Ulam ing Blumbang

Sambêtipun Kajawèn nomêr 7.

Sangandhaping sangkrah-sangkrah wau kadèkèkana blarak 1 utawi 2 papah, supados kangge pangaubaning bayongan-bayongan wau yèn nuju bêntèr. Dene anggèning mindhahakên bayongan-bayongan wau kintên-kintên pantunipun sampun umur 10 utawi 15 dintên, sawêg nêmbe kacêmplungakên ing blumbangan wau, dados pantunipun sampun nglilir. Ing salêbêtipun tigang wulan bayongan wau wontên ing ngriku agêngipun sampun ngalih driji, kenging kawastanan ulam. Galênganing sabin ingkang kaingahan bayongan wau kêdah ingkang sae, lêbêt wêdaling toya sabin ugi kareka kados ingkang sampun kasêbub[3] ing nginggil punika.

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805: Citra 3 dari 8
Blumbang ingah-ingahan ulam.

Wontên ugi ingkang anêtêsakên ulam wadêr bang utawi tămbra bang ingkang botên kadamêlakên papan sanès panggenan, inggih punika wontên ing blumbang ingah-ingahan ulam wau ing pakawisan. Manawi ing ngriku kasumêrêpan wontên ingkang unjal (anyakot godhong garing utawi sukêt) kabêkta ing êrong utawi ing sangandhaping oyod-oyodan, punika nandhakakên damêl susuh, lajêng enggal-enggal kêdah kadamêlna susuh êduk, kintên-kintên kalih têkêm nuntên kajèmbrèng kadamêl pasagèn ingkang wiyaripun kalih têngah kilan. Ing têngah-têngah kagapit mrapat, dados kiwa têngên taksih katingal pating srungut, nuntên êduk wau kacêmplungakên ing panggenaning ulam ingkang unjal wau, êduk wau kêmambang kampul-kampul. Ing sawatawis dintên bilih êduk wau sampun katingal wontên tiganipun ingkang katingal malêtuk pêthak samênir-mênir, êduk wau nuntên kapêndhêt kadèkèk ing blumbang sanèsipun ingkang dèrèng wontên ulamipun. Dene pratikêlipun kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil.

Manawi badhe nêtêsakên ulam gramèh punika beda malih tinimbang nêtêsakên wadêr bang utawi tămbra bang, inggih punika kados ing ngandhap punika.

Ulam gramèh punila[4] sagêdipun nigan manawi sampun ngumur 5-6 taun. Lan balumbang wau ngêmungakên kaingahan ing ulam gramèh kemawon, dene têtandhinganipun ugi 1 lan 5. Inggih punika [puni...]

--- 119 ---

[...ka] jalêr 1 èstrinipun kêdah 5. Panitikipun gramèh jalêr, manawi janggutipun ambêndhol, dene yèn èstri janggutipun lancip. Ulam gramèh punika manawi nigan ugi wontên ing susuh kadosdene mèmpêr pêksi, dene ingkang kadamêl susuh ugi larah-larahan utawi sukêt-sukêt garing dipun dèkèk ing ngandhap oyod-oyodan utawi ing pojok balumbang.

Pramila manawi nyumêrêpi gramèh nuju unjal, ing blumbang wau kêdah nuntên kacêmplungana êduk kados ingkang sampun kasêbut ing ngajêng. Katawisipun bilih sampun nigan, ing sangajênging susuh wau katêngganan dening biyungipun (gramèh èstri) saupami pêksi makatên nuju angrêm. Wusana susuh wau kapêndhêta alon-alon lan kêdah ngantos-atos,[5] awit tigan-tigan wau botên tumèmplèk ing susuh kados tigan wadêr bang, nanging sami nglêmpak ing salêbêting susuh kêmpal dados satunggal kagubêd ing yiyit. Warnining yiyit wau kadosdene pêthaking tigan ayam, nanging langkung tipis. Kathahing tigan 300 dumugi 800 iji, ningali agêng alitipun baboning ulam ingkang niganakên. Manawi babonipun agêng, tiganipun inggih kathah.

Susuh wau sasampuning kapêndhêt saking blumbang, kadèkèkna wontên ing pangaron ingkang taksih enggal dèrèng kangge wadhah punapa-punapa, nuntên kaisènana toya, watawis sapalih ragi inggil lan sabên dintên kêdah kasantunan toya enggal, sakêdhikipun sadintên kaping kalih. Pangaron wau kadèkèk ing papan ingkang tansah kasorotan ing srêngenge, langkung prayogi ing latar, nginggilipun katutup ing blêkêtepe. Pandèkèking susuh wau kakurêbakên, dados cangkêming susuh wontên ngandhap. Manawi susuh wau sampun kalêlêp ing toya pangaron, nuntên kadudut alon-alon kaarah supados tiganing ulam wau kantuna wontên ing pangaron.

Ing nginggil sampun kacariyosakên bilih tiganing ulam gramèh punika kagubêt dening yiyit, punika manawi sampun mêdal saking susuhipun asring wontên ingkang uwal saking yiyitipun wau, nanging inggih namung satunggal kalih, dene sanèsipun ingkang kathah taksih pêpanthan kagubêt ing yiyit, sapanthanipun botên têmtu, wontên ingkang namung kalih, ugi wontên ingkang ngantos sadasa. Sanajan taksih wujud tigan nanging sagêd ebah, dados dangu-dangu sagêd sami uwal sadaya saking kajêngipun piyambak saking yiyit wau. Manawi tigan wau sampun sami uwal, wusana katingal sagêd lumampah ubêng-ubêngan. Kintên-kintên watawis kalih dintên tigan-tigan wau mêdal buntutipun, êndhasipun dèrèng katingal. Tigan ingkang taksih kagubêd ing yiyit sarta sampun mêdal buntutipun, manawi lajêng botên sagêd uwal piyambak kêdah katulungana, inggih punika yiyit-yiyit wau kapêdhot-pêdhotana.

Badhe kasambêtan.

R. Suparta, Ngluwar, Magêlang.

--- 120 ---

Pawartos Sanès Praja

Jêpan Pasulayan Malih.

Sampun sawatawis dangu kawontênanipun Jêpan ing bab babagan pasulayan, katingal têntrêm, kajêngipun botên awujud pêpêrangan kados ingkang sampun.

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805: Citra 4 dari 8
Sang Nata Kang Te ing Mansukuo kondur saking têdhak pasareyan ing Pèiping.

Nanging mênggah sayêktosipun, tumraping Jêpan lăngka sangêt sagêdipun manggih katêntrêman, awit gêgayutanipun kalihan praja-praja sanès, pundi ingkang nawung prêlu, sami babagan wigatos. Malah yèn cêthaa, ing măngsa punika Jêpan nyanggi kasamaran.

Mênggah tăndha yêktinipun ingkang kenging kangge pêpiridan, ing Kobe wontên toko agêng-agêng mitongtonakên kar bumi tuwin kapal pêrang, ingkang akajêng anggambarakên gênging kasangsaran saupami Jêpan kalampahan pêrang kalihan Amerikah. Bêbaya wau badhe tuwuh saking tumanduking gas racun sumawuring granat, bom, punapadene mimising sanjata mêsin. Dene kajêngipun Jêpan, botên sanès, namung prêlu kangge nênangi manahing rakyat, supados manawi katêmpuh ing bêbaya sagêda sami lumawan.

Tindakipun Jêpan ingkang kados makatên punika saèstunipun inggih adamêl karaosipun Amerikah. Kajawi punika Jêpan ugi taksih ngraos cinakêtan ing bêbaya malih, ingkang jalaran saking nyamarakên dhatêng Sopyèt Ruslan, awit babagan pasulayan kalihan Ruslan, punika saksat mêpêt margining panggêsanganing rakyat. Tumrapipun jaman rumiyin, pêpandhinganipun Sopyèt Ruslan kalihan Jêpan punika kenging dipun wastani ringkih sami ringkih,

--- 121 ---

dados karingkihanipun Jêpan, cêkap kangge angayomi rakyatipun. Nanging ing sapunika wadyabala Jêpan tamtu botên badhe nyêkapi kangge anjagi kasantosan, awit tumrap têtanggêlanipun Jêpan saya jêmbar, kados ta anjagi watês-watês ing Mansukuo, ingkang jêmbaripun mèh tikêl tiga kalihan nagarinipun piyambak, măngka ing sapunika Sopyèt Ruslan saya kathah wadyabalanipun, kenging dipun wastani ingkang agêng piyambak ing sadonya, saha ing sapunika Ruslan sampun nyantosakakên wadyabalanipun ing jajahan wetan, malah ugi sampun asring pinanggih wontên pasulayan alit-alit ing watês Ruslan Mansukuo. Manawi ngèngêti indhaking dêdamêl praja sanès, kados ta Amerikah tuwin Sopyèt Ruslan sami anggadhahi motor mabur paprangan nigang èwu iji, Tiongkok gangsalatus, punika atêgês bilih Jêpan dipun kêpang-kêpang ing dêdamêl ingkang sakalangkung santosa, saupami badhe nglawan, nama botên tandhing.

Măngka manawi ngèngêti tindakipun Jêpan kalihan sanès praja ing bab babagan dagang tuwin pulitik, punika tansah nuwuhakên botên sênênging sanès, ingkang gêgayutan, punika lajêng ngosokwangsul dhatêng raos dhumawahing pangalêmbana kaluhuranipun Jêpan. Dados katingal bilih tindakipun Jêpan punika angangge lagehan enggal. Nanging manawi ngèngêti sabab-sabab ingkang tansah dhumawah ing Jêpan, kados ta risaking nagari, indhaking jiwa, punika kados-kados ingkang anjalari wontêning ewah-ewahan, awit sêsêging rakyat ing Jêpan punika sarananipun botên sanès namung kêdah miyarakên jajahan, tuwin nyêbar têtiyangipun sarana dagang dhatêng pundi-pundi.

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805: Citra 5 dari 8
Sang Keisoeka Okada ministêr Jêpan, lênggah bêbêntèr murih angsal dayaning srêngenge.

Manawi madosi sabab-sabab gêgayutanipun Jêpan kalihan nagari sanès, punika inggih wontên kemawon, kados ta ing bab wontênipun pulo-pulo laladan Pacific ingkang sapunika dados wêwêngkon Jêpan, punika ing sakawit gadhahanipun Jêrman, nanging sabibaring pêrang donya, sarêng Jêrman kasoran, saha lajêng kadosdene kawêngku Prancis, saking rêrigêning Polkênbon, pulo-pulo wau dipun sampirakên dhatêng Jêpan. Nanging salajêngipun kadosdene bêbasan kecanên ngêmut lêgining gêndhis, pulo-pulo wau botên kawangsulakên dhatêng ingkang wajib anggadhahi, malah miturut pawartos, lajêng kangge babagan ingkang langkung santosa tumrap kabêtahanipun Jêpan. Ing wusana inggih lajêng tansah dados rêmbag, malah nate wontên panyêrêgipun pangarsaning komisi babagan wau, ing bab anggèning Jêpan ngalang-alangi [ngalang-...]

--- 122 ---

[...alangi] lêbêting pandhita băngsa Amerikah dhatêng kapuloan ngriku, punika Jêpan amangsuli, anggèning ngalang-alangi wau jalaran ing laladan sagantên ngriku sawêg kangge ajar-ajaran pêrang wadya lautan Jêpan. Nanging bab makatên wau inggih taksih dèrèng damêl pamarêm.

Ing sapunika ing bab gêgayutanipun Jêpan kalihan Tiongkok, ing sakawit sêsulakipun katingalipun kados sampun rukun sayêktos, saha sagêd nitik kalihan kawontênanipun Jendral Syang Kai Sèk sarêng wontên jajahan wetan, ing ngriku lajêng katingal kasantosaning gêgandhenganipun Mansukuo kalihan Tiongkok. Nanging ingkang makatên punika, tumraping rakyat Tiongkok mêksa ngawontênakên raos sănggarunggi, awit mênggah raosing manahipun băngsa Tionghwa, tansah araos awrat badhe nyirnakakên raos ingkang botên sakeca ingkang sampun tumanêm saking pandamêlipun băngsa Jêpan.

Sayêktosipun sabab-sabab ingkang sampun kalajêng kados makatên punika, upami dipun grabah ingkang sampun kêlajêng rêmêk, badhe dipun dalita kados punapa, inggih tansah wontên tabêtipun kemawon, tuwin mênggah nyatanipun inggih lajêng pinanggih. Sampun sawatawis dintên, Jêpan gadhah panêdha supados laladan ing antawising Jehol kalihan Charchar dipun dadosakên satunggal kalihan Jehol malêbêt dados jajahan Mansukuo. Patrap anggèning nindakakên rekadaya wau sarana nindakakên damêlipun wadyabala Jêpan tuwin Mansukuo nundhung wadya Tiongkok, supados kesah saking laladan ngriku.

Tumindaking damêl wadya Jêpan cacah sewu tuwin wadya Mansukuo dipun awat-awati motor mabur pambucal bom, oto alapis waja punapadene mriyêm-mriyêm, anêmpuh kitha Kenguan ing Charchar wetan, tuwin sanès-sanèsipun. Kajawi punika wadya dharatan Jêpan nêmpuh tembok agêng ing Tushihhow. Saya dangu dhatênging wadya Jêpan saya lumintu. Ing salajêngipun wadya Jêpan sagêd nêsêg jajahan ingkang jêmbaripun 30 mil pasagi. Saha sagêd ngêbroki kitha Ku Yuan.

Tumrap golongan Tiongkok ugi anglawan wontên ing sacêlaking kitha Hang Nioh Tan, satunggiling kitha sacêlakipun tembok agêng ingkang matêsi Tiongkok kalihan Mansukuo. Ingkang nanggulangi wau wadya ingkang sakalangkung kiyat, wadyanipun Jendral Soeng Che Yuan, nanging wadya wau ragi kêsêsêr, ewadene panggah mêksa botên purun mingsêr saking laladan Jehol.

Sanès dintên wontên wadya Tiongkok nalabung saking Mongolie nêmpuh wadya Mansukuo ing sacêlakipun kitha Haluma Maio, ing ngriku kathah pêpêjah. Nanging wadya Mansukuo botên nêdya ngunduri. Wadya Jêpan saya waringutên, saha nêdya nêmêni samăngsa Jendral Soeng Che Yuan nêdya mêmêngsahan kalihan Mansukuo. Malah ing golonganipun Jendral Soeng Che Yuan sampun dipun dhawahi bom, ngantos adamêl tiwasing tiyang preman 50.

Ing salajêngipun pasulayan wau badhe dipun kèndêli rumiyin, ngêntosi rampunging pangrêmbag. Nanging pangagêng Jêpan ing Peiping kêncêng, manawi rêmbag punika botên wontên kawusananipun Jêpan badhe tumandang malih.

--- 123 ---

Jagading Wanita

Wedang Kopi Tigan

Limrahipun tiyang punika enjing sontên sami ngunjuk wedang, manawi enjing ingkang têmtu wedang kopi, kopi pêrêsan utawi wedang tèh, dene manawi sontên limrahipun ingkang kathah namung wedang tèh. Tiyang ingkang sampun ngulinakakên dhatêng wedang punika nama sampun medangi, tiyang ingkang sampun medangi wau manawi botên ngunjuk wedang sakenjing utawi sasontên kemawon têmtu lajêng kêtagihan. Dene kêtagihanipun tiyang ngulinakakên wedang tèh lan kêtagihanipun tiyang ngulinakakên wedang kopi punika beda, manawi kêtagihan wedang kopi raosipun dhatêng sirah ngêlu, mripat ambrêbês kraos ngantuk, nanging manawi sampun mambêt gandaning sumupipun wedang kopi sanajan dèrèng dipun unjuki sampun sagêd mantun ngêlu. Beda kalihan kêtagihanipun wedang tèh, dhatêng sirah kraos ngêlu, sarta mawi andalinding (mèncrèt) nanging manawi dèrèng dipun unjuki wedang tèh dèrèng sagêd mantun.

Têtiyang ing jaman kina manawi wedangan ingkang kangge tèh bangsaning gêgodhongan inggih punika: godhong bêndha, dhadhap, sêre tuwin godhong kopi, sami dipun pilihi ingkang sampun jêne-jêne. Kopi punika wiwit kina ing tanah Jawi pancèn sampun wontên, limrahipun sapunika ingkang dipun wastani kopi Jawi, dados botên ngêmungakên sapunika kemawon. Nalika samantên inggih sampun wontên ingkang sagêd damêl wedang bubuk (kopi) malah wontên sanèsipun malih ingkang kadamêl kajawi kopi, inggih punika janggêl jagung, sêkul aking, woh bendha. Nanging bubuk bendha punika manawi dèrèng kulina wedangan sagêd ngêndêmi. Dene ingkang kadamêl gêndhis wêkdal samantên gêndhis arèn, gêndhis kalapa tuwin gêndhis têbu.

Kajawi bangsanipun gêgodhongan ugi wontên malih ingkang kangge wedangan, inggih punika jae lan têmulawak, wedang jae tuwin wêdang têmulawak punika kajawi pancèn namung kangge wedangan sagêd tumănja dados jampi. Upaminipun badan karaos asrêp, manawi dipun unjuki wedang jae lajêng kêmêpyar, badan karaos angêt, kringêt lajêng sagêd mêdal. Padharan rêgêd dipun unjuki wedang têmulawak enjing sontên têmtu lajêng sagêd lêga, dhatêng badan kiyat botên aras-arasên.

Sarêng saya dangu băngsa ngamănca dumugi tanah Jawi, sêsrawunganipun kalihan tiyang Jawi saya dangu saya jêmbar, lajêng sagêd ngêdalakên sêsadeyanipun warni-warni [warni-...]

--- 124 ---

[...warni] sangêt. Upaminipun ingkang bangsaning kangge wedangan: tèh, soklat, mèlêg, kopi. Băngsa kula Jawi sarêng kenging daya wau lajêng malik grembyang, sapunika lajêng warni-warni wedanganipun, kados ta: tèh, kopi, soklat, tèh mèlêg (tèh susu), kopi susu, kopi soklat, kopi pêrêsan, kopi tigan tuwin sanès-sanèsipun.

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805: Citra 6 dari 8
Kêbon kopi.

Sapunika kula badhe ngandharakên bab wedang kopi tigan. Mênggah wedang kopi tigan punika kajawi raosipun pancèn nikmat ugi tumănja dados jampi, awit sagêd ngiyatakên dhatêng badan, jalaran saking dayanipun tigan wau. Saupami enjing sampun ngunjuk wedang kopi tigan, sanajan botên dhahar sarapan botên dados punapa, têmtu sampun kiyat dumugi jam satunggal wancinipun dhahar siyang.

Dene pandamêlipun wedang kopi tigan wau makatên: anggodhoga wedang kopi rumiyin wontên ing manci nanging sampun mawi gêndhis rumiyin, manawi sampun umob dipun santuni wadhah sanès kasaring. Dipun kèndêlakên sadalu, prêlu kangge wedangan enjingipun, dados pandamêlipun kêdah sontênipun, dene prêlunipun dipun kèndêlakên sadalu wau sagêd nyandu, raosipun sagêd mindhak eca. Cara anggodhog wedang kados makatên wau nama dipun kothok, tumuntên sadhiya tigan ayam kalih iji ingkang sae, dipun pêndhêt jêneanipun thok, kawadhahan ing cangkir agêng sarta mawi gêndhis batu sacêkapipun, dipun udhak mawi sendhok ingkang ngantos waradin. Manawi sampun makatên wedang kopi kothokan wau dipun godhog malih ingkang ngantos umob, tumuntên dipun curakên ing cangkir sakêdhik lajêng dipun udhak mawi sendhok ingkang ngantos ajur tiganipun, sampun ngantos wontên ingkang anjêndhêl. Tumuntên dipun curi wedang kopi malih, pangudhakipun lajêng botên kenging kèndêl-kèndêl makatên salajêngipun ngantos cangkir wau kêbak. Punika nama sampun rampung kenging lajêng kaunjuk.

Mev. Citrapartaya.

--- 125 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking Sêrat-Sêrat Kabar Sanès

TANAH NGRIKI.

Postwissel palsu. Kantor post ing Sêmarang mêntas andêngangi postwissel palsu, larah-larahing prakawis: Satunggal dintên wontên bangsa Walandi W.v.d.B. nyadhong arta mêdal postwissel f 100.-. Punggawa post nêdha pasaksèn sarana rijbewijs, sarêng sampun cêtha, arta dipun bayar. Wusana kasumêrêpan post wissel wau palsu, ngangge cap Solo tuwin Sêmarang ugi palsu. Sarêng dakwa kapriksa ing pulisi ngakên sadaya saking pandamêlipun. Salajêngipun dados prakawis.

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805: Citra 7 dari 8

Bêna ing Kêdiri. Kados sampun kathah kemawon ing pundi-pundi kitha utawi padhusunan ing wêkdal usum jawah, yèn pinuju jawah dêrês toyanipun lajêng ngêlêbi lèpèn-lèpèn, wusana lumèbèr dhatêng papan panggenaning têtiyang ing kitha utawi ing padhusunan.

Inginggil punika gambaripun kitha Kêdiri nalika katrajang bêna saking lèpèn Brantas.

Sech tiyang minggah kaji ingkang botên sah. Awit saking panyêrêgipun tiyang minggah kaji ing Jêdah dhatêng Consul, pulisi ing Bêtawi sampun nindakakên papriksan dhatêng griyanipun H. Alisan ing Paal Merah. Tiyang wau ngakên dados sech tiyang minggah kaji, nanging miturut papriksan botên nyata, awit tiyang dados sech punika kêdah angsal palilah kalihan ingkang gêgayutan.

Ngintunakên gêdhis dhatêng sanès panggenan. Kala salêbêtipun wulan December kêpêngkêr, Nederlansch-Indische Handelsbank ing Têgal sampun sagêd ngintunakên gêndhis cacah 1.303.087 kg. inggih punika 1303 ton. Makatên ugi Nederlandsche Handel Maatschappi (Factorij) ngintunakên gêndhis 12.969.968 kg. inggih punika 12.970 ton. Kajawi punik taksih wontên sanèsipun malih. Gêndhis wau kakintunakên dhatêng palabuhan: Bombay, Bedibundêr, Colombo, Calcutta, Cochin. Hongkong, Folmouth, Karikat. Kru, Las Palmas, Penang, Singapura, Sidney tuwin Bêtawi.

Sutomo sêkolah malih. Sutomo, murid A.M.S. ing Ngayogya ingkang rumiyin kasêrêg prakawis karanganipun ing Obor Pêmuda, saha sampun karampungan kukum voorwaardelijk kalihan kawêdalakên anggèning angsal pitulungan waragad. Ing sapunika sampun angsal dhawuh saking Departement Pangajaran, kaparêngakên sêkolah malih, kanthi wawasaning pakêmpalan reclaseering.

Administrateur ingkang tanggon. Tuwan H. Ensering Administrateur N.V. Mij. tot Exploitatie van Olie fabrieken ing Rangkasbetung, tampi dhawuh saking directeur ing nagari Walandi supados ngèndêli punggawa bangsa Eropa ingriku. Tuwan Administrateur wau anduwa dhawuh wau, awêwaton: bilih kala ing taun 1933–1934 pabrik punika ing satanah ngriki ingkang pamêdalipun agêng piyambak, saha salajêngipun majêng. Ajênging pabrik wau, botên liya saking tumindaking para punggawa.

Pilihan kitha. benjing tanggal 2 Februari ngajêng punika Regentschap Surabaya tuwin Grissee badhe ngawontênakên parêpatan sêsarêngan, pêrlu badhe ngrampungakên rêmbag, bab badhe kêmpaling kabupatèn kalih panggenan wau ingkang badhe dipun anggêp kithanipun pangajêng: Surabaya punapa Grissee.

Nyêgah tumindak dados lintah dharat. Wontên pawartos, Hoofdinspecteur S.S. ing Bandung ngêdalakên wara-wara ngawisi punggawa S.S. gadhah tindak utawi gêgayutan babagan ingkang kadosdene lintah dharat. Sintên ingkang ngantos kasumêrêpan gadhah tindak makatên, badhe kaancam ukuman awrat utawi dipun kèndêli saking padamêlan jalaran botên nyêkapi wajib.

Ambêskup ulam sardèn wêdala Jêpan. Pulisi ing Têlukbêtung mêntas ambêskup ulam sardèn damêlan Jêpan gunggung 450 pêti. Ulam sardèn wau kakintên sampun botên sae. Wontên sawatawis blèg ingkang kakintunakên dhatêng laboratorium ing Bandung supados kapriksa.

K.P.M. damêl kapal enggal. K.P.M. gadhah sêdya badhe damêl kapal enggal manut gagrag "van Rees", agêngipun 4000 ton. Kapal wau badhe kangge sadhiyan lampah layaran saking tanah ngriki dhatêng Numea, Nieuw Caledonie. Wontênipun K.P.M. gadhah ada-ada makatên, amargi kêrêp wontên kuli-kuli Jawi ingkang dhatêng Nieuw Caledonie utawi kosok-wangsulipun.

Kabudidayan gêndhis ing Bangak. Wontên pawartos, ing sapunika kabudidayan gêndhis ing Bangak sampun botên dados gadhahanipun bank Internatio, pindhah dados gadhahanipun firma Crono. Sadaya punggawanipun lami badhe dipun kèndêli, santun punggawa enggal.

Pajêg siti ing Kêdiri. Miturut pêpetangan, wontênipun pajêg siti ing Kêdiri tau 1934 taksih nunggak f 43.348.68. Dene manawi dipun timbang kalihan bakunipun sampun kathah ingkang malêbêt, tuwin tunggakan wau kintên-kintên inggih tumuntên kêbayar. Manawi dipun timbang kalihan laladan sanèsipun malah sampun kalêbêt majêng.

Andhêndha para damêl arag pêtêng. Pangadilan Landraad ing Bêtawi mêntas ngrampungi prakawisipun bangsa Tionghoa ingkang sami kadakwa damêl arak pêtêng. Pêperanganing karampunganipun: Ho Kit kadhêndha f 150.-. Lie Tek Min f 300.-, Lim Piang Soey f 300.-, Tjie A Ngo f 200.-, Tjia Tjiap Hin f 100.-. Jap Sie Tong f 100.-.

--- 126 ---

Sêsakit pest ing Magêlang. Ing dhusun Martoyudan, Magêlang wontên tiyang 5 ingkang katrajang sakit pest paru, sami tiwas. Wontên tiyang 44 ingkang gêgayutan kalihan têtiyang ingkang sakit sami kalêbêtakên griya sakit ing Magêlang.

Ngècu marasêpuh piyambak. Ing dhusun Pucang, Boyolali, mêntas wontên durjana kècu nêmpuh griyaning kamisêpuh. Nalika ingkang gadhah griya dipun gujêr ing durjana, anakipun èstri ingkang gadhah griya wau sumêrêp, bilih ingkang nggujêr wau bojonipun piyambak (mantunipun ingkang gadhah griya), dados jurusêrat dhusun. Enjingipun kacêpêng.

Rêdi Slamêt kumukus. Sampun sawatawis dintên rêdi Slamêt katingal kumukus. Manawi dipun tingali saking Babadan katingal cêtha. Miturut katrangan saking kabudidayan Kaliguwa, wêdaling kukus saking rêdi Slamêt langkung kathah tinimbang padatan. Nanging botên wontên titikipun ingkang adamêl kuwatos.

Angsal bintang Tionghoa. Wontên pawartos, Tuwan Caron tilas Gupêrnur ing Selebes, tampi bintang Briliant Jade of China. Punika satunggiling bintang kaurmatan inggil.

Suntikan pest ing Garut saya majêng. Kala tanggal 23 Januari, cacahipun tiyang ingkang nêdha dipun suntik ing Garut wontên 3000. Sarèhning kêkirangan jampi, namung sagêd nyuntik tiyang 2528. Wontên tiyang 89 botên kasuntik amargi kêsêpuhên. Tumindaking nyuntik ngantos dumugi jam 6 sontên. Wontên tiyang 3 ingkang rumiyin kasuntik, sapunika sampun miturut, malah dados pangajêng.

Pabrik tutup. Wontên pawartos, pabrik gêndhis ing Tasikmadu, Surakarta, badhe katutup. Wiwit benjing tanggal 1 October 1935, punggawanipun badhe dipun kèndêli sadaya.

Pabrik sarung agêng. Kawartosakên, ingajêng pakêmpalaning bangsa Tionghoa gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pabrik sarung ingkang agêng wontên ing Sêmarang. Ing sapunika sêdya wau sampun kalampahan tumindak, mêsinipun tênun sawêg 40 iji.

Bab ariwarti Jawa Barat. Ingajêng wontên pawartos, bilih ariwarti Jawa Barat, ingkang kèndêl, lajêng badhe kawêdalakên dados kalawarti, punika katranganipun taksih kawêdalakên dados ariwarti, nanging namung mêdal kaping kalih, salajêngipun lajêng botên mêdal malih.

Kadhawahan ukum pêjah. Raad van Justitie ing Sêmarang sampun andhawuhakên karampungan dhatêng pasakitan 4 tuwin pasakitan nyonyah Born alias No-ie, ingkang sami kadakwa mêjahi Tuwan Born. Sadaya sami katêdhakakên ukum pêjah.

Ngalang-alangi tumindaking suntikan pest. Ing Cimahi kasumêrêpan wontên juru kêbonipun satunggal upsir, rimat sêrat-sêrat sêbaran ingkang suraosipun ngalang-alangi tumindaking suntikan pest, manawi pêrlu supados nglawan. Sêrat-sêrat wau badhe katèmplèkakên ing pundi-pundi. Tiyang wau sampun kacêpêng, angakêni kalêpatanipun.

AMERIKA.

Mangsa asrêp sangêt. Miturut pawartos saking New York, ing Amerika nuju mangsa asrêp sangêt. Ing Texas tuwin New Orleans wontên tiyang 65 tiwas, ewon sato kewan ingkang pêjah jalaran kamikêkêlên.

EROPA.

Binggêl agêmipun Prinses Juliana ical. Ing bab icaling agêmipun binggêl Prinses Juliana ingkang ical wontên Inggris, nalika jagong kramanipun Hertog van Kent kalihan Prinses Mariana, sampun dipun padosi mêksa botên sagêd pinanggih. binggêl wau rêgi f 36.000.-.

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805: Citra 8 dari 8
Sêmbahyang Id. Inginggil punika gambaripun golongan Islam ing nagari Berlijn nuju sêmbahyang Id ingkang nêmbe kêpêngkêr punika.

Ajrih dhatêng golongan Nazi. Kawartosakên, ing sasampunipun rampung pilihan laladan Saar, saha sampun kaumumakên, wotên tiyang 2500 sami oncat saking laladan ngriku mlêbêt dhatêng Prancis, jalaran ajrih kalihan golongan Nazi.

--- 127 ---

Wêwaosan

Tarsan (Wanara Seta)

Pêpiridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

71.

Wicantênipun: Inggih kula, Nonah Jinê tiyang wana ingkang daya-daya mriki ngupadosi panjênêngan satunggiling wanita ingkang tanpa pamit ujug-ujug nilar dhatêng kula.

Nonah Portêr mangsuli bisik-bisik: Kula botên niyat badhe nilar panjênêngan. Ingkang sakawit kula botên badhe tumut manawi tiyang-tiyang wau botên sami purun ngêntosi saminggu malih, ngantos panjênêngan wangsul.

Botên watawis dangu Tarsan tuwin Nonah Jinê sampun wontên ing sajawining bêbaya latu, salajêngipun tiyang kêkalih wau lajêng lumampah sêsarêngan nuju dhatêng griyanipun Nonah Portêr. Kala samantên lampahing angin sampun ewah malih, ingkang punika lampahing latu lajêng wangsul. Lan watawis saêjam malih urubing latu lajêng kèndêl.

Salêbêtipun lumampah sêsarêngan Nonah Portêr pitakèn dhatêng Tarsan makatên:

Punapaa panjênêngan têka botên wangsul dhatêng gubug.

Tarsan amangsuli: Kula kêdah ngupakara Litnan Dharno, awit piyambakipun nandhang tatu sangêt.

Nonah Portêr wicantên: Manawi makatên dados inggih lêrês mênggahing pamanggih kula. Kala samantên têtiyang sadaya sami nyariyosakên bilih panjênêngan lumajêng dhatêng panggenaning têtiyang cêmêng, lan miturut cariyosipun têtiyang wau, têtiyang cêmêng punika pancèn inggih băngsa panjênêngan piyambak.

Mirêng katêranganipun Nonah Portêr ingkang makatên wau, Tarsan gumujêng saha lajêng pitakèn: Nanging panjênêngan rak inggih botên pitados dhatêng ginêm wau, Nonah Jinê.

Nonah Portêr: Botên tuwan ..., kadospundi anggèn kula kêdah nyêbut panjênêngan, awit asma panjênêngan ingkang sayêktos sajatosipun kula dèrèng mangrêtos.

Tarsan amangsuli: Nalika panjênêngan pinanggih kula ingkang kapisanan, kula dipun sêbut Tarsan băngsa wanara.

Kanthi gumun Nonah Portêr apitakèn: Tarsan băngsa wanara. Dados inggih panjênêngan ingkang kula wangsuli sêratipun sadèrèng kula bidhal.

Tarsan amangsuli: Inggih makatên, manawi botên pangintên panjênêngan sintên ingkang panjênêngan paringi sêrat.

Nonah Portêr: Kula botên sumêrêp. Pangrêtosan kula ngêmungakên bilih sêrat ingkang kula tampi punika dede saking panjênêngan, awit sêrat wau kasêrat ing basa Inggris. Ing măngka panjênêngan botên mangrêtos dhatêng satunggal-tunggala basa.

Tarsan gumujêng malih saha lajêng wicantên: Saupami kula cariyosa, badhe kêpanjangên, nanging ing kala punika kula sagêd nyêrat, nanging botên sagêd wicantên. Lan ing samangke saya botên kantênan malih, awit Litnan Dharno suka wulang dhatêng kula, ingkang pancènipun mulang wicantên mawi basa Inggris, jêbul malah mawi basa Prancis. Sasampunipun Tarsan wicantên makatên wau, lajêng ajak-ajak Nonah Portêr makatên: Măngga, samangke panjênêngan kula aturi minggah ing motor kula nusul ingkang rama, kados-kados lampahipun motor ingkang dipun titihi ingkang rama dèrèng patos têbih.

Kalih-kalihipun lajêng minggah ing motor, lan salajêngipun motor nuntên kalampahakên rikat.

Salêbêtipun sami numpak motor wau, Tarsan pitakèn: Ing sêrat panjênêngan ingkang tumuju dhatêng Tarsan băngsa wanara, wontên ungêl-ungêlanipun bilih panjênêngan sampun trêsna dhatêng tiyang sanès, ingkang panjênêngan ngandikakakên tiyang sanès punika, punapa kula.

Kanthi barès Nonah Portêr amangsuli: bokmanawi.

Tarsan wicantên malih: Anggèn kula ngupadosi panjênêngan wontên ing Baltimor sayêktos kanthi rêkaos tuwin kangelan. Dumadakan wontên ing ngriku kula mirêng pawartos, bilih panjênêngan bokmanawi sampun krama kalihan tiyang nama Kènlêr, lan miturut cariyosipun tiyang, pun Kènlêr wau sampun bidhal ngriki. Punika punapa lêrês.

Nonah Portêr amangsuli sêmu susah: Bilih piyambakipun sampun wontên ing ngriki, punika pancèn lêrês.

Tarsan pitakèn malih: Punapa panjênênêngan trêsna dhatêng piyambakipun.

Nonah Portêr: Botên.

Tarsan: punapa panjênêngan trêsna dhatêng kula.

Nonah Portêr nutupi rainipun mawi tanganipun saha wicantên: Kula punika sampun dipun pacangakên kalihan tiyang sanès, amila kula botên sagêd mangsuli pandangu panjênêngan Tuwan Tarsan.

Tarsan samangke wicantên: Wangsulan panjênêngan ingkang makatên punika tumrap kula sampun cêkap. Samangke kula aturi ngandika dhatêng kula, punapaa panjênêngan mêksa badhe krama kalihan tiyang, ingkang panjênêngan botên kagungan trêsna babarpisan.

Nonah Portêr amangsuli sêmu nalăngsa: Sabab bapak kula gadhah sambutan dhatêng piyambakipun.

Ing kala punika Tarsan ujug-ujug kemutan dhatêng sêrat ingkang sampun nate kawaos, lan ing wêkdal punika botên mangrêtos mênggahing [mênggah...]

--- 128 ---

[...ing] pikajênganipun, ing sêrat wau nyariyosakên tiyang nama Kènlêr, tuwin kasusahan-kasusahan ingkang gêgayutan kalihan tiyang wau.

Sakala punika Tarsan lajêng mèsêm, saha pitakèn dhatêng Nonah Portêr: Saupami pêthi ingkang isi donya brana punika botên saèstu ical punapa panjênêngan mêksa kêdah nêtêpi jangji panjênêngan dhatêng Tuwan Kènlêr.

Nonah Portêr mangsuli: Kula sagêd nêdha dhatêng piyambakipun supados kula kaluwarna saking kasagahan kula ing ngajêng.

Tarsan apitakèn: Saupami piyambakipun anduwa panêdha panjênêngan.

Nonah Portêr: Kula inggih lajêng kapêksa kêdah nêtêpi ingkang sampun dados kasagahan kula.

Tarsan kèndêl sakêdhap. Ing kala punika lampahing oto tansah dipun rikatakên, dangu-dangu otonipun lajêng karindhikakên sawatawis, lan Tarsan nuntên pitakèn dhatêng Nonah Portêr makatên: Punapa kaparêng, saupami kula ingkang ngrêmbagakên dhatêng Tuwan Kènlêr ing bab panêdha panjênêngan wau.

Nonah Portêr: Manawi tiyang sanès ingkang ngrêmbagakên, langkung malih manawi tiyang ingkang anggadhahi melik piyambak dhatêng kula, têmtunipun badhe kalampahan bilih piyambakipun lajêng namung narimah kemawon.

Tarsan wicantên malih sêmu nêpsu: Kenging punapa, nalika kula ingkang nêdha, Têrkos lajêng narimah nyukakakên.

Mirêng wicantênipun Tarsan ingkang makatên wau, Nonah Portêr kraos mêngkorog githokipun, saha lajêng nyawang dhatêng Tarsan kamigilan, awit ing kala punika Nonah Jinê emut nalikanipun dipun bêkta ing kêthèk agêng, ingkang lajêng dipun pêjahi dening Tarsan punika.

Salajêngipun Nonah Portêr nuntên wicantên: Tuwan Tarsan, ing ngriki punika dede wontên ing wana gung ing bawah Aprikah, lan panjênêngan punika sanès bangsaning sato galak. Panjênêngan punika satunggiling satriya, ingkang botên badhe amêjahi sasamining manungsa kanthi dipun sêngaja.

Kanthi alon kadosdene wicantên dhatêng badanipun piyambak Tarsan amangsuli: Ing nglêbêt sajatosipun kula punika taksih nama sato galak.

Kala punika lampahipun motor tanpa wontên kèndêlipun. Botên watawis dangu Tarsan wicantên malih: Nonah Jinê, saupami panjênêngan sampun luwar saking Tuwan Kènlêr, punapa panjênêngan krêsa dhaup kalihan kula.

Nonah Portêr botên wangsuli[6] tumuntên. Nanging Tarsan ngêntosi wangsulanipun kanthi sabar.

Ing wêkdal punika kathah ingkang dados gagasanipun Nonah Portêr. Sajatosipun tiyang punika sintên. Sintên tiyang sêpuhipun. Manawi nitik namanipun ing ngriku sampun têtela, bilih botên kasumêrêpan mênggahing aslinipun, makatên ugi anelakakên sêsrawunganipun kalihan sato galak.

Tiyang punika botên anggadhahi nama. Punapa Nonah Portêr badhe sênêng dados bojonipun tiyang wana punika. Punapa botên badhe ngraos nalăngsa manahipun, saupami ngèngêti bilih lakinipun ing suwau gêsangipun wontên ing salêbêtipun wana, padamêlipun sabên dintên namung pêpenekan wontên ing wit-witan, sarta kêkêrahan kalihan bangsaning kêthèk tuwin sato galak sanès-sanèsipun, langkung malih têmtu badhe saya karaos-raos manahipun saupami ngèngêti, bilih têdhanipun ingkang jalêr ing suwau ngêmungakên daging mêntah.

Ing sarèhning Nonah Portêr dangu botên amangsuli, ing wusana Tarsan lajêng pitakèn: Nonah Portêr, panjênêngan dèrèng paring wangsulan dhatêng pitakèn kula wau, punapa panjênêngan kuwatos bilih badhe nyakiti manah kula.

Kanthi susah Nonah Portêr wicantên: Kula botên mangrêtos kadospundi anggèn kula badhe mangsuli.

Tarsan apitakèn malih: Punapa panjênêngan botên trêsna dhatêng kula.

Nonah Portêr: Langkung sae panjênêngan sampun andangu makatên tumraping panjênêngan, kados-kados badhe langkung sênêng tanpa kula. Panjênêngan punika botên tinakdirakên kêdah gêsang wontên ing donya kados ing ngriki punika, botên dangu malih kintên kula panjênêngan botên badhe kraos dêdalêm wontên ing ngriki lan salajêngipun panjênêngan têmtu lajêng kêpengin wangsul dhatêng gêsang panjênêngan kados ing kala sakawit, ing măngka tumraping kula gêsang panjênêngan kados ing wingi uni punika, botên badhe sagêd anglampahi.

Kanthi sabar Tarsan lajêng wicantên: Kintên kula, kula mangrêtos mênggahing krêsa panjênêngan punika, awit mênggahing kula, aluwung kula nyumêrêpi panjênêngan amanggih sênêng katimbang kula piyambak ingkang sênêng, lan kula ugi mangrêtos bilih panjênêngan botên badhe sênêng saupami lajêng dhaup kalihan ... kêthèk.

Kanthi ngarih-arih Nonah Portêr wicantên: Tuwan Tarsan, mugi panjênêngan sampun angandika makatên. Botên makatên mênggahing pikajêng kula. Ing ngriki nyata, bilih panjênêngan botên mangrêtos dhatêng atur kula.

Nanging dèrèng ngantos rampung wicantênipun Nonah Portêr, motoripun ujug-ujug dumugi ing margi enggok-enggokan ing sangajêngipun griya alit.

Motor wau lajêng kakèndêlakên, awit ing ngajêng griya alit wau wontên motoripun Tuwan Kleton ingkang kinubêng dening Tuwan Kleton piyambak sakănca-kancanipun.

Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

Ucap-ucapan Radèn Gathutkaca.

Wau ta Radèn Gathutkaca, saunduripun saking ngarsane kang rama, enggal angrasuk busana. Apa busanane satriya prabu ing Pringgadani, jamang mas murub sungsun tiga, sumping mas rineka kananga ginubah surèngpati, gêlung supit urang, kasăngga ing praba, kancing gêlung kêncana rineka garudha mungkur, sinung tali udawala, ulur-ulur naga ngangrangan kêlat bau nagaraja gêlang kana, kampuh sutra jingga tinulis parada rineka alas-alasan, paningsêt cindhe wilis, calana cindhe biru, kroncong suwasa rineka taksaka raja, uncal wastra uncal kancana.

Radèn Gathutkaca manawi badhe lumampah ngagêm tarumpah madu kacrêma, kuwasane bisa mabur tanpa êlar. Ngagêm caping basunănda, surya wanci têngah botên kêpanasên, wontên udan botên kodanan. Radèn Gathutkaca sampun cancut taliwănda, cancut arane wong acincing, kaubêdake ing sarira, Radèn Gathutkaca nêpak bau, mancal siti kadi mandhêlong, lajêng anggayuh ing akasa.

Gamêlan kasêsêgakên, Gathutkaca kèndêl gamêlan suwuk pathêtan kyai dhalang carita: Wau ta lampahe Radèn Gathutkaca, napak ing gagana kadya dharatan, silêm ing mega biru, piyak ngarsa tangkêp wuri, cat katingal cat botên. Gêbyaring busana kasorotan ing baskara, kados kilat asêsiring. Satriya prabu ing Pringgadani karsa kèndêl ing mega malang, angajêngakên mega jodhog, mulat nganan ngering, ingkang rayi botên katingal, nuntên wontên sasmitaning dewa warni rare bajang, kêkalih, kang satunggal ambêkta bathok bolu badhe nawu sagara, kang satunggal mandhi pêcut badhe anggiring barat. Radèn Gathutkaca ngunandika salêbêting wardaya:

Bocah bajang, kowe dak anggo pasanggiri, yèn tak pêraki ilang, mêsthi aku kêtêmu adhiku Irawan, yèn tak pêraki kowe isih, adhiku Irawan ora bakal katêmu.

Ing nginggil punika pêthikan saking Sêrat Irawan Rabi pakêm padhalangan ringgit purwa. Anggitanipun Ki Rêdisuta, abdi dalêm dhalang ing karaton Surakarta.

Anyariyosakên dhaupipun Radèn Irawan kalihan Dèwi Titisari, raja putri ing Dwarawati. Mawi gambar kathah, rêginipun namung ... f 0,80.

Wêdalan Bale Pustaka Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

Katuranggan

Kuna-kunane ing sadurunge wong Eropah pintêr ing ngèlmu katuranggan, wong Arab wis pinunjul kawruhe, malah kongsi saprene isih pintêr-pintêr. Mulane iya ora anggumunake panjênêngane Kangjêng Nabi Mohamad aparing wêwêling marang parawira Arab kang kadhawuhan ngratakake agama Islam mungguh ing pamilihing jaran. Wêwêling mau ing tanah Arab lan Turki kongsi saprene isih diluhurake dening wong Islam, sanadyan ing tanah Indiya iya akèh wong sing migatèkake. Ing ngisor iki wêwêlinge Kangjêng Nabi mau, sinawung ing têmbang dhandhanggula:

1. kudhandhangan dènira ngulati | sastra cêtha wasitaning kuna | katuranggan kang ing mangke | tinliti runtutipun | ya ta nguni dhawuhing Gusti | Kangjêng Nabi Mohamad | mring prawirèng pupuh | senapati wadyabala | Ngarab ingkang tinanggênah andon jurit | ngrata agama Islam ||

2. aywa sira ngingu jaran kaki | dumuk putih luwih sing sajuga | anut ing bathuk ujure | yèku ngalamatipun | ing palagan ingkang nunggangi | kabranan ing mungsuhnya | de lamun dêdumuk | iku pêgat lakunira | dening wulu kang njêbring ngalang-alangi | cêpak antakanira ||

3. dumuk putih amba ingkang nginggil | kang asawang ngrêmbayaking gêbang | wèh kanoan ring kang duwe | bêlang putih nèng bau | pradikane kuda puniki | pantês dadya tunggangan | tan ana pakewuh | yèn pukange karo pisan | dlêmok putih iku utamaning wajik | gawanên mangsah yuda ||

4. sirna gêmpang mungsuhira yêkti | kang nunggangi tan gigrig wulunya | wutuh ayam sabalane | luwih-luwih kalamun | kuda mau balêntong putih | ing ugêl-ugêl ngarsa | pasthèkna kang mungsuh | tanpa lumawaning yuda | lan ngingua kuda abang tanpa ciri | mantêp watêkanira ||

5. sungkan lamun tininggala mati | ring kang nunggang malah pamintanya | lêhêng ndhisikana bae | poma sira ywa ngingu | kuda wulu sungsang ing sikil | sung cilaka ring sira | lan manèh ywa ngingu | turangga atracak seta | blêntong jamus awit iku ngalamati | tatu madyaning rana ||

6. lamun tracak kang kawahyèng ngarsi | munggwing sikilira ingkang kanan | iku kaki ngalamate | kang nunggangi katatun | de ta lamun ing sikil kèri | kuda ingkang kabranan | lan sira kalamun | arsa umentar lalana | anungganga kuda napas sikilnèki | pancal kalih ing ngarsa ||

7. sikil buri pancal kang sasiki | malah sikil kang mangkono ika | yakti pênêd tumêrape | ulês lyan-liyanipun | buntut tipis amratandhani | mantêp sanggêm mring karya | jaran jangjam biru | irêng suri buntut lawan | sikilira utama dipun tunggangi | lawan manèh jêjaran ||

8. ingkang bathukira dumuk putih | nging tan têrus marang sikilira | tan patut pinèt gawene | cilaka kang pinangguh | sikil catur apancal putih | yakti manggih bêbaya | lamun putihipun | kapara dhuwur kang kanan | lan kang kering kang nunggang wus amrêpêki | praptèng antakanira ||

9. poma sira aywa anunggangi | kuda lêmah têlês ulêsira | yogya ngupayaa kowe | jaran wadon kang ruhur | wit kudèku asung mas picis | turangga dêdumuknya | mbengkong ngiwa tuhu | pantês lamun pinilala | anyugihi iku ngalamate kaki | dene ta kang jêjaran ||

10. wadon ingkang ugêl-ugêlnèki | mawa wulu kulawu watêknya | darêman tuwin warêdèn | dene ta kuda kakung | ulês abang kang kaduk langking | gula gêsêng ngaranan | sayoga dèn ingu | kinaryaa pamacêkan | kuda lanang bêlang wangkong pukangnèki | wèh bagya ring bêndara ||

11. nggènnya lulut runtut palakrami | lawan manèh jaran wadon ingkang | irêng suwung mêmathine | nyilakani kang ngingu | lan mring awakira pribadi | jaran ulês sadhengah | abalêntong jamus | wêwajike papat pisan | yèn cacahe balêntong sijining wajik | ganêp tan dadi paran ||

12. nanging lamun cacahira ganjil | kuda iku ala atinira | mung sangsara pangajabe | marang ingkang angingu | nadyan nora sakala yêkti | iya ngalama-lama | jaran soring irung | mawa babalêntong seta | luwih gampang katlêku watêke nênggih | nibakake kang nunggang ||

Nginggil punika pêthikan saking Sêrat Wasita Turangga wêdalan Bale Pustaka.

Sêrat Wasita Turangga inggih katuranggan, ngandharakên bab anggotaning kapal, mathi, ulês lan bêndaranipun, miturut kawruh kadhoktêran, kawruh Jawi lan kawruh Arab. Mawi gambar kathah sangêt. Rêginipun namung ... f 0,60-

 


ropyan-ropyan. (kembali)
Biasanya guru lagu u: iku. (kembali)
kasêbut. (kembali)
punika. (kembali)
ngatos-atos. (kembali)
mangsuli. (kembali)