Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
130 dari 149
540–541 dari 650
5.394–5.403 dari 6.494
| 130.022 | yèn ratune wus kabănda | suka Radèn Surapati | ya ta pinacok saksana | utamangganira kalih | Toyamas dèn abongi | isine kêtdhatonipun | sadaya binoyongan | sigra Radèn Surapati | sampun budhal sangking nagri ing Toyamas || |
| 130.023 | datan kawarna ing marga | prapta nagri Kartawani | katur ing sang sri naledra | yèn prapta Ki Surapati | ratu kêraman mati | wus tinigas jangganipun | sang nata langkung suka | kang murda pinajêr[1] kalih | sira Radèn Surapati wus ginanjar || |
| 130.024 | arta kalawan busana | langkung suka Surapati | dene ngrasa katarima | karyane ing sri bupati | wastra [[f. 463r]] dinumkên sami | warata sarowangipun | arta lawan busana | binagi sampun wêradin | sri naledra sakêlangkung ing sihira || |
| 130.025 | ana ing Angrangkusuman | pinaring pagenan malih | Surapati sarowangnya | cinadhongan siyang latri | dene rahdèn patih |[2] sinuba-suba kêlakung | ri sampunira mangkana |[3] ing antara lami-lami | kapiyarsa dhatêng nagri Batawiyah || |
| 130.026 | yèn Ki Untung wus karuwan | suwita sarowangnèki | ing Susunan Amangkurat | malah asilih wêwangi | aran Ki Surapati | niyaka Kumpêni kupul | mapan sami bicara | sakèhe para Rat Pêni | ingandikan ngarsane gurnadur jendral || |
| 130.027 | miwah Dêlir Mur Pamukas | pêpêkan para idêlir | wus dadi ingkang bicara | anari para prajurit | sapa ta ingkang wani | anyêkêl maring Si Untung | agêng ingkang ganjaran | sarta jinujung kang ligih | kang prajurit Kumpêni èmêng sêdaya || |
| 130.028 | dene ta sampun kantênan | Ki Untung prawirèng jurit | jendral kalangkung kèmêngan | Dêlir Mur putêk kang galih | ya ta wontên kang Kumpni | satugal wijil wong agung | nanging maksih kapitan | trahing prajurit linuwih | bapakira kang bêdhah nagri Mêkasar || |
| 130.029 | Kapitan Tak wastanira | punika ingkang nanggupi | nyêpêng Ki Untung samăngsa | jendral asuka kang galih [[f. 463v]] | ngakak angêntrok wêntis | sarwi nyandhak astanipun | sira Kapitan Tak |[4] binakta ing ngarsa aglis | winor lawan pra idêlir kalih wêlas || |
| 130.030 | ngumuk-umuk linarihan | ing tuwan jendral pribadi | tanapi para Indiya | sadaya sami ngarihi | sampun sinung Kumpêni | kalih atus kang tinuduh | sadaya pêpilihan | myang wadya Mêkasar Bugis | sampun mangkat pan sarwi binêktan surat || |
| 130.031 | saksana anupak palwa | mancal sangking ing Bêtawi | akêbat lampahe palwa | tan alami nulya prapti | Jêpara muarèki | kang baita sampun labuh | mêntas Kapitan Êtak | sakumpênine angiring | langkung urmat kumêndur nagri Jêpara || |
540–541 dari 650
| 1 | pinanjêr (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.23.8; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.23.8). Bandingkan: pinanjir (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.23.8). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhatêng rahadèn patih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.25.5); dening rahadèn patih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.25.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.25.5). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sawusira mêngkana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.25.7); sawusira mangkana (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.25.7); marang Ki Surapatya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.25.7). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sira Kapitan Êtak (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.29.7); Kapitan Tak sêmana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.29.7); Kapitan Tak saksana (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.29.7). (kembali) |