Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 59
159–160 dari 323
1.590–1.599 dari 3.223
34.017 | sinêngkalan catur boja rêsmi | tunggil warsa kalawan pangeran |[1] Dipati Anom panggihe | lawan Dyan Ayu Impun | karsa nata lêwih mrayogi | dyan ayu kang gumantya | karangulunipun | ing raka Dyan Ayu Lêmbah | sangêt marma yèn putra nora apanggih | lan putri Kapugêran || |
34.018 | sang mangun rêsmi datan winarni | putra-putri kalangyan ing tilam | datan ginêlar tuture | kang tansah adon lulut | ya ta wontên ingkang winarni | putranira pangeran | swargi Singasantun | pan sampun ingambil putra | mring kang uwa Pangeran Pugêr Dipati | pinupu alit mila || |
34.019 | sasedane Pangran Singasari | Pangeran Pugêr kang mupu putra | kêkalih sanak dhingine | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta rane kang rayi | kang sêpuh pan kinarya | mantri nèming prabu | sêmana Rahadèn Punta | kesah nêpi mring astana Têgalwangi | andêdagan ing eyang || |
34.020 | kapiyarsa dhatêng sri bupati | tuwin Pangeran Pugêr Dipatya | sampun miyarsa wartine | pan tinimbalan sampun | mring kang uwa myang ing pêpatih | nanging Rahadyan Punta [[f. 140v]] | datan arsa kondur | kêdah dêdagan ing eyang | katur ing sang nata gya Tumênggung Têgil | dinuta kèn nguwisna || |
34.021 | budhal sawadya datan asari | Rêksanagara agêgancangan | datan kawarna lampahe | nagri Tatêgal rawuh | ki tumênggung pan asangadi | kadukan ing sang nata | rahadèn ingapus | ngaturan têdhak mring praja | Radèn Punta sagah jinungjung nêrpati | dening Tumênggung Têgal || |
34.022 | Radèn Punta manahira gampil | molog arsa jinungjung narendra | radèn asuka driyane | têdhak mring praja gupuh | rinakitan ing para mantri | sira Rahadèn Punta | cinêpêng kapikut | linawe sampun palastra | Radèn Punta anèng masigit Tatêgil | apan karsaning nata || |
34.023 | layonira pinêtak ing Têgil | nulya katur ing sri naranata | suka ing dalêm kalbune | tan wande dadi riwuk | yèn awèta amangun brangti | mila suka narendra | ing dyan pêjahipun | sangkala anunggal warsa | lan kramane Radèn Sumaningrat uni | lan pêjahe Dyan Punta || |
34.024 | ya ta ing antara mung sawarsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | lajêng dhumatêng pêjahe | sri narendra angungun | pêjahira radèn apatih [[f. 141r]] | ing dhusun Parimana | gènira kinubur | sinêngkalan pêjahira | dyan apatih buta kalih măngsa jalmi |[2] kawarnaa sang nata || |
34.025 | ikang arsa jinungjung pêpatih | wadana jro kaparakang[3] kanan | Tumênggung Sumabratane | ingèstrèn ing wadya gung | ana dasihira nêrpati | Ki Ăngga Suranata | jinungjung lêlungguh | ran Tumênggung Wiraguna | madanani Kaparak Têngên asisih | Tumênggung Wirarêja || |
34.026 | minangka patih jêro kang jawi | uwising Tumênggung Sumabrata | Pangeran Dipati Anèm | sinung wawênang ratu | aparentah sagung bupati | jawi lêbêt sadaya | sira Ki Tumênggung | Sumabrata Wiraguna | barang ikang prakawis samya tur uning | ing Pangeran Dipatya || |
159–160 dari 323
1 | Tanggal: catur boja rêsmi tunggil (AJ 1624). Tahun AJ 1624 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Juni 1700 sampai dengan 7 Juni 1701. Lihat juga: warnaning buja angrasa wani (AJ 1624) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.17.1); warna sikara ngrasani wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.17.1). Bandingkan: warna bujăngga ngrasani wani (AJ 1624); (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.17.1); warna bujăngga angrasa wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.15.1). Sangkala ini mengacu pada hubungan baru antara Pangeran Dipati Anom dan Dyan Ayu Impun, setelah perpisahannya dengan Dyan Ayu Lêmbah. (kembali) |
2 | Tanggal: buta kalih măngsa jalmi (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.24.9);. buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.24.9) buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). Sangkala ini mengacu pada wafatnya Patih Arya Sindurêja, salah satu pejabat tinggi di Kartasura. (kembali) |
3 | Kaparak kang. (kembali) |