Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
130 dari 170
581–582 dari 856
5.810–5.819 dari 8.560
130.024 | antaranira agantya warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt lajêng sedane | sang nata lakung ngungun [[f. 502v]] | ing pêjahe rêkyana patih | binêktèng Parimona | gènira kinubur | sêmana pan sinêngkalan | ing pêjahe buta kali[1] ngrasa tugil |[2] warnanên sri narendra || |
130.025 | ikang arsa jinujung pêpatih | pugawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingastrèn dadine | mring wadyabala agung | kang gêntosi niyakèng puri | Ki Ănggasuranata | wus jinujung luguh | agêntyani Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja || |
130.026 | pan minăngka pêpatih jro sigih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anom | sinung wêwênang wau | amarentah para dipati | tuwin sagungi[3] wadya | pugawa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | tur wikan ing pangeran || |
130.027 | tan antara ing sawarsa malih | Ki Dipati Urawan pralina | apan tan ana sutane | ampase pinartêlu | kang saduman Wirarêjèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawadi Suranata | wus jinujung wadana dening nrêpati | saha sinungan aran || |
130.028 | Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman ampas Kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta wau sang prabu | animbali putraning rèki | Pangeran Adipatya | prapta ing kadhatun | manêmbah angaras pada | sri narendra pangandikanira manis | dhuh nyawa putraniwang || |
130.029 | dèn abêcik gènira akrami | lawan arinira Kapugêran | isun iki [[f. 503r]: i...ki] kaya êmèh | ana karsa Yyang Luhur | pamit isun saukur mami | mring Kang Amaha Mulya | aja kongsi kuwur | ing panjênênganira nata |[4] lêstaria aja na kang bècèng[5] pikir | lan kadang warganira || |
130.030 | poma sutèng ulun ki dipati | pamanira dhimas Kapugêran | lan si adhi ing Sampange | kulanana satuhu | dèn awanti gènira mèt sih | wong roro iku uga | minăngka wêwêngku | jêjête Dipati Sampang | yèn têtampah jêjêt wêngku dèn kalisi | măngsa dadia wadhah || |
130.031 | isun iki liwat saking watir | yèn tigala kaprabon ing sira | durung pracaya jatine | marma sun mandhêg mangu | yèn tan sira ngowah-owahi | saliring solahira | besuk sutèng ulun | rêpit prakaraning praja | akèh liring ratu măngka drêsananing | jalaraning Yyang Sukma || |
130.032 | ikang putra ingandikan enjing | malah lisir dènira winulang | duk samya lugyèng panêpèn | Nitipraja winangun | tuwin Jayalêngkara surti | solahing astha brata | kang kinarya wuruk | ing paniti wantya-wantya | nisthani[6] kang prabu myang madyaning rèki | kaping tri utamanya || |
130.033 | sang atmaja winardyèsmu tangis | tan kawêdal sadalêming driya | anêrka yèn sang ramajèng | sampe ing yusyanipun | ikang putra nêmbah dyan mijil | sapraptanirèng [[f. 503v]: saprapta...nirèng] luwar | kadipatèn rawuh | ya ta ing alama-lama | gênti warsa nata grah luntak rah sigih | praptèng antakanira || |
581–582 dari 856
1 | kalih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.177, Pupuh 130.24.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.24.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.24.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). (kembali) |
2 | Tanggal: buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.24.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.24.9); buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). (kembali) |
3 | sagunging (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.177, Pupuh 130.26.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.24.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.26.6). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing panjênêngira nata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.29.8); ing jênêngira narendra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.8). (kembali) |
5 | bèncèng (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.29.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.29.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.9). (kembali) |
6 | nisthaning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.32.9). (kembali) |