Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
148 dari 149
645–646 dari 650
6.445–6.454 dari 6.494
148.017 | warnaning buja angrasa wani |[1] tunggil warsa lan Pangran Dipatya | pinêksa rama panggihe | lawan Dèn Ayu Ipun | ing karsane sri narapati | pan radèn ayu rara | gêntèni krangulu | ing raka Dyan Ayu Lêmbah | dahad marma yèn putra nata tan panggih | lan putri Kapugêran || |
148.018 | wus amangun rêsmining tilam mrik | Radèn Ayu Ipun lan kang raka | Pangeran Dipati Anèm | tinawèng jinêm arum | dyan winarna sang agung rêsmi | Pangeran Adipatya | gêntia winuwus | nênggih wontên putranira | Jêng Pangeran Singasari dèn timbali | wau marang kang uwa || |
148.019 | pan sedane Pangran Singasari | Pangran Pugêr ingkang ngambil putra | pan kêkalih sadhèrèka |[2] Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta ingkang taruni | kinarya mantri mudha | dening sang aprabu | Rahadèn Punta sêmana | kesah sangking nagara ing Têgalwangi | dêdagan mring kang eyang || |
148.020 | kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr amiyarsa | tinimbalan ing uwane | Radèn Punta tan purun | kêdah anèng dagan kang syargi | pan katur mring sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah nêkung nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanêgara ing Têgil | kang kinèn nguwisêna || |
148.021 | sampun budhal Ki Tumênggung Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun prapta nagarane | Radèn Punta ingapus | asêngadi [[f. 551r][3]] Tumênggung Têgil | dinuta ing naledra | Radèn Punta wau | ingaturan mring nagara | apan arsa ingadêgakên nêrpati | dening Tumênggung Têgal || |
148.022 | Radèn Punta manahipun gampil | kamalokên jinunjung nalendra | tan wruh yèn ingapus bae | rahadèn sukèng kalbu | aglis têdhak marang nagari | sapraptanirèng praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | pan linawe dening Ki Tumênggung Têgil | pan karsane nalendra || |
148.023 | Radèn Punta sampun angêmasi | anèng Têgal katur ing nalendra | sakalangkung ing sukane | dadya kalilipipun | Radèn Punta awèta brangti | anèng daganing eyang | marma sutèng ulun | sinêngkalan tunggil warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat singgih | sedane Radèn Punta || |
148.024 | ya ta ing antara gênti warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt lajêng sedane | langkung ngungun sang prabu | ing pêjahe rêkyana patih | binêkta Parimana | dènira kinubur | sêmona pan sinêngkalan | buta kalih măngsa jalma duk ing nguni |[4] ganti ingkang winarna || |
148.025 | sri nalendra akarya pêpatih | punggawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingèstrèn dadine | dening wadyabala gung | kang gantèni nayakèng puri | Ki Ăngga ning Suranatan |[5] wis jinujung lungguh | anggêntèni Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja || |
148.026 | pan minăngka pêpatih [[f. 551v]] jro singgih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anèm | sinung wawênang wau | amarentah kang pra dipati | tuwin sagunge wadya | punggawa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | tur wikan ing pangeran || |
645–646 dari 650
1 | Tanggal: warnaning buja angrasa wani (AJ 1624). Tahun AJ 1624 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Juni 1700 sampai dengan 7 Juni 1701. Lihat juga: warna sikara ngrasani wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.17.1); catur boja rêsmi tunggil (AJ 1624) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.17.1). Bandingkan: warna bujăngga ngrasani wani (AJ 1684); (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.17.1); warna bujăngga angrasa wani (AJ 1684) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.15.1); sepertinya kata "bujăngga" dalam sangkala tersebut dengan watak bilangan delapan (8) salah. Sangkala ini mengacu pada pernikahan resmi antara Pangeran Dipati Anom dengan Radèn Ayu Ipun, yang merupakan kerabat dekat dari Ratu Kêncanan. (kembali) |
2 | Biasanya guru lagu e(o). Bandingkan: sadhèrèke (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.17.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.19.3); dhingine (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.19.3); sadhèrèk (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.19.3). (kembali) |
3 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
4 | Tanggal: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.24.9) buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). Sangkala ini mengacu pada wafatnya dua tokoh penting: Radèn Punta dan Patih Arya Sindurêja, yang terjadi dalam tahun yang sama. (kembali) |
5 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Ănggasuranata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.23.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.25.6); Ki Ăngga Suranata (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.25.6). (kembali) |