Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
130 dari 170
581–582 dari 856
5.805–5.814 dari 8.560
130.019 | pan sedane Pangran Singasari | Pangran Pugêr ikang ngambil putra | pan kêkalih sadhèrèke | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta ikang taruni | kinarya [...][1] anom |[2] dènira sang prabu | Rahadèn Punta sêmana | kesah saking nagara [[f. 502r]] mring Têgalwangi | dêdagan mring kang eyang || |
130.020 | kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr wus miyarsa | tinimbalan mring uwane | Radèn Punta tan purun | kêdah anèng dagan kang syargi | pan katur mring sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah ikung[3] nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanêgara ing Têgil | kang kinèn nguwisêna || |
130.021 | sampun budhal Ki Tumênggung Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun prapta nêgarane | Radèn Punta ingapus | asangadi Tumênggung Têgil | dinuta ing narendra | Radèn Punta wau | ingaturan mring nêgara | apan arsa ingadêgakên narpati | dening Tumênggung Têgal || |
130.022 | Radèn Punta manahira gampil | kêmalogên jinujung narendra | tan wruh yèn ingapus bae | Rahadèn Punta gupuh | dènnya têdhak marang nêgari | sapraptanira praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | pan linawe dening Ki Tumênggung Têgil | pan karsaning narendra || |
130.023 | Radèn Punta sampun angêmasi | sampun katur marang sri narendra | nata kalakung sukane | ilang kalilipipun | Radèn Punta awèta brangti | anèng daganing eyang | marma sutèng ulun | apan ta agênti warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat sigih | lan sedane Dyan Punta || |
130.024 | antaranira agantya warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt lajêng sedane | sang nata lakung ngungun [[f. 502v]] | ing pêjahe rêkyana patih | binêktèng Parimona | gènira kinubur | sêmana pan sinêngkalan | ing pêjahe buta kali[4] ngrasa tugil |[5] warnanên sri narendra || |
130.025 | ikang arsa jinujung pêpatih | pugawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingastrèn dadine | mring wadyabala agung | kang gêntosi niyakèng puri | Ki Ănggasuranata | wus jinujung luguh | agêntyani Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja || |
130.026 | pan minăngka pêpatih jro sigih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anom | sinung wêwênang wau | amarentah para dipati | tuwin sagungi[6] wadya | pugawa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | tur wikan ing pangeran || |
130.027 | tan antara ing sawarsa malih | Ki Dipati Urawan pralina | apan tan ana sutane | ampase pinartêlu | kang saduman Wirarêjèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawadi Suranata | wus jinujung wadana dening nrêpati | saha sinungan aran || |
130.028 | Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman ampas Kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta wau sang prabu | animbali putraning rèki | Pangeran Adipatya | prapta ing kadhatun | manêmbah angaras pada | sri narendra pangandikanira manis | dhuh nyawa putraniwang || |
581–582 dari 856
1 | Teks asli ditulis huruf angka 444. Maksud angka ini tidak jelas. Jika dibaca "pat pat pat" lebih satu suku kata. (kembali) |
2 | Teks asli kurang jelas, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: kinarya mantri mudha (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.17.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.19.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.19.6); kang sêpuh pan kinarya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.19.6). (kembali) |
3 | nêkung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.18.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.20.8; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.20.8). Bandingkan: iku (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.177, Pupuh 130.20.8). (kembali) |
4 | kalih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.177, Pupuh 130.24.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.24.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.24.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). (kembali) |
5 | Tanggal: buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.24.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.24.9); buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). (kembali) |
6 | sagunging (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.177, Pupuh 130.26.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.24.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.26.6). (kembali) |