Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
148 dari 149
645–646 dari 650
6.447–6.456 dari 6.494
148.019 pan sedane Pangran Singasari | Pangran Pugêr ingkang ngambil putra | pan kêkalih sadhèrèka |[1] Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta ingkang taruni | kinarya mantri mudha | dening sang aprabu | Rahadèn Punta sêmana | kesah sangking nagara ing Têgalwangi | dêdagan mring kang eyang ||
148.020 kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr amiyarsa | tinimbalan ing uwane | Radèn Punta tan purun | kêdah anèng dagan kang syargi | pan katur mring sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah nêkung nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanêgara ing Têgil | kang kinèn nguwisêna ||
148.021 sampun budhal Ki Tumênggung Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun prapta nagarane | Radèn Punta ingapus | asêngadi [[f. 551r][2]] Tumênggung Têgil | dinuta ing naledra | Radèn Punta wau | ingaturan mring nagara | apan arsa ingadêgakên nêrpati | dening Tumênggung Têgal ||
148.022 Radèn Punta manahipun gampil | kamalokên jinunjung nalendra | tan wruh yèn ingapus bae | rahadèn sukèng kalbu | aglis têdhak marang nagari | sapraptanirèng praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | pan linawe dening Ki Tumênggung Têgil | pan karsane nalendra ||
148.023 Radèn Punta sampun angêmasi | anèng Têgal katur ing nalendra | sakalangkung ing sukane | dadya kalilipipun | Radèn Punta awèta brangti | anèng daganing eyang | marma sutèng ulun | sinêngkalan tunggil warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat singgih | sedane Radèn Punta ||
148.024 ya ta ing antara gênti warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt lajêng sedane | langkung ngungun sang prabu | ing pêjahe rêkyana patih | binêkta Parimana | dènira kinubur | sêmona pan sinêngkalan | buta kalih măngsa jalma duk ing nguni |[3] ganti ingkang winarna ||
148.025 sri nalendra akarya pêpatih | punggawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingèstrèn dadine | dening wadyabala gung | kang gantèni nayakèng puri | Ki Ăngga ning Suranatan |[4] wis jinujung lungguh | anggêntèni Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||
148.026 pan minăngka pêpatih [[f. 551v]] jro singgih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anèm | sinung wawênang wau | amarentah kang pra dipati | tuwin sagunge wadya | punggawa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | tur wikan ing pangeran ||
148.027 tan antora ganti warsa malih | Ki Dipati Urawan pralena | apan tan ana sutane | êmase pinêrtêlu | kang saduman Wirarajèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawadi Suranata | wus jinunjung linggihe dene nêrpati | sarya sinungan aran ||
148.028 Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman amas[5] Kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta wau sang prabu | animbali putrane rèki | Pangeran Adipatya | prapta ing kadhatun | anêmbah angaras pada | sri narendra pangandikanira aris | dhuh nyawa sutaningwang ||
645–646 dari 650

 


Biasanya guru lagu e(o). Bandingkan: sadhèrèke (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.17.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.19.3); dhingine (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.19.3); sadhèrèk (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.19.3). (kembali)
Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
Tanggal: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.24.9) buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). Sangkala ini mengacu pada wafatnya dua tokoh penting: Radèn Punta dan Patih Arya Sindurêja, yang terjadi dalam tahun yang sama. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Ănggasuranata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.23.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.25.6); Ki Ăngga Suranata (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.25.6). (kembali)
ampas (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.26.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.28.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.28.2). (kembali)