Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
98 dari 170
451–452 dari 856
4.506–4.515 dari 8.560
098.013 | wus ingalih wastaning nagari | nama Kartasura Adiningrat | duk kala pangadhatone | Buda Pon dinanipun | Saban tanggal ping pitu nênggih | Alip ing taunira | ing sêngkalanipun | tri sirna rêtuning jagat |[1] duk dadine nêgari ing Kartawani | dèn padha èngêtêna || |
098.014 | sri naradipa arsa nimbali | mring kang rayi Susunan Ngalaga | ikang ngadhaton Pêlèrèd | Pangalasan tinuduh | gya umangkat duta nrêpati | nahan ikang winarna | gantyaa winuwus | kang ngrêbat praja Mataram | Jêng Susunan Ngalaga lagya tinangkil | andhèr kang wadyakosya || |
098.015 | ikang mugèng tansah ngarsa aji | kang anama Arya Măndhalika | Natakusuma sisihe | jajar para tumênggung | dêmang răngga arya ngabèi | tăndha myang Kandhuruan | sadaya supênuh | Tumênggung Gajah Pramoda | miwah Răngga Tanpulas sira sumiwi | Ngabèi Tanpanaha || |
098.016 | Dêmang Kêlêng lawan Jagapati | abdi dalêm Arya Tambakbaya | myang Arya Surajayane | Măndhalika umatur | saha sêmbah ing sang siniwi | gusti kawula myarsa | ing pawartinipun | rakanta madêg narendra | dening mêngsah pun Trunajaya kajodhi | dhatêng raka panduka || |
098.017 | balanipun sabrang warni-warni | nanging wontên warti kang satêngah | Wêlandi amral wastane | kang mindha-mindha ngaku | andarbèni [[f. 395v]: a...ndarbèni] ing tanah Jawi | sang nata ris ngandika | apa yêktinèku | iya dudune kangêmas | Măndhalika umatur saha wotsari | dedenipun rakanta || |
098.018 | pangagenipun cara Wêlandi | lawan kula-kuli lan wong kopar | tan pisah sanalikane | punika dedenipun | dene ikang watawis malih | yêktose raka tuwan | gusti sagungipun | abdinipun lama-lama | igih taksih sadaya sami umiring | têtiyang kadipatyan || |
098.019 | dahat èmêng ing driya nrêpati | angandika mring sagung pugawa | hèh ta wadyanisun kabèh | aja na sira tukul | sumêktaa gamaning jurit | lamun dèn komandaka | si amral kang rawuh | măngsa wurunga ayuda | yèn si amral ngukuhi ing tanah Jawi | isun ngantêp ing yuda || |
098.020 | nadyan silih kangêmas dipati | yèn nora mrih arjaning nêgara | wong sabrang sêsurahane[2] | tan ngeman nagrinipun | pasthi rusak kabèh wong cili | jinarah ing wong sabrang | sambatane iku | yèn mêngkonoa kangêmas | yêkti isun tan awèh ikang nglabuhi | lêbur lan wong sa-Jawa || |
098.021 | kaya dudu kangêmas dipati | dening misuwur lunga mring Mêkah | mêngko mangkono timbule | dudu Wêlănda iku | anêlika awasna maning | dèn waspada ing tingal | aja salang surup | kalamun dudu kangêmas | yakti isun angantêp ing aprang sabil | lan sawong sun Mataram || |
098.022 | lagya eca gènnya gunêm kawis | kasaru wau duta kang prapta | jumêrajog ing ngarsane [[f. 396r]] | mundhi surat gya katur | tinampanan dening nrêpati | pèngêt bukaning surat | salam donganisun | Jêng Susuhunan Mêngkurat | Senapati Ngalaga Ngabdurahmani | Sayid Panatagama || |
451–452 dari 856
1 | Tanggal: Buda (Rêbo) Pon pitu (7) Saban (Ruwah) Alip: tri sirna rêtuning jagat (AJ 1603). Tanggal Masehi: Senin 2 September 1680. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1603, hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 16, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rêbo Pon 16 Ruwah AJ 1603 (Rabu 11 September 1680). Lihat juga: jatha sirna rêtu bumi (AJ 1603) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 1.15.9); mantri sirna rasaning rat (AJ 1603) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 121.13.8). (kembali) |
2 | sêsuruhane. Bandingkan: anuruti suruhane (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 1.22.3). (kembali) |