Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
121 dari 149
502–503 dari 650
5.017–5.026 dari 6.494
121.013 | dipun alih wastaning nagari | pan ing Kartasura Adiningrat | duk kala pangadhatone | Ruwah tanggal ping pitu | anujoni ing taun Alip | Rêbo Pon dinanira | ing sangkalanipun | mantri sirna rasaning rat |[1] rêbut sênêng lir ngambara ngrasa wani | singa ingkang kagea[2] || |
121.014 | sri nalendra karsa animbali | mring kang rayi Susunan Ngalaga | kang ngadhaton Palèrède | umêsat kang ingutus | duta nata amundhi tulis | sigêgên lampahira | ganti kang winuwus | kang ngrêmbat kitha Mêntaram | Jêng Sinuwun Ngalaga miyos tinangkil | andhèr kang wadyabala || |
121.015 | ingkang mugèng ngarsane sang aji | Kyana Patih Arya Măndhalika | Pangran Natakusumane | miwah para tumênggung | dêmang arya lawan ngabèi | răngga lan pêcattăndha | kandhuruan ngayun | Tumênggung Gajahpramada [[f. 432v]: Gajahprama...da] | miwah Răngga Witulas mugèng ing ngarsi | Ngabèi Tanpanaha || |
121.016 | Dêmang Kalêng lan Ki Jawèsthi |[3] miwah Ki Arya Tambakbaya |[4] lan Arya Suryajayane | Ki Măndhalika matur | dhatêng kangjêng sri narapati | gusti kula miyarsa | nênggih wartinipun | rakamta jumênêng nata | angrabasèng pun Trunajaya kajodhi | ing raka jêngandika || |
121.017 | bala tiyang sabrang warni-warni | nanging wontên satêngahing warta | sunu amral satuhune | pindha-pindha mrih suyud | ing bumi rat têlatah Jawi | sang nata angandika | apa yaktènipun | iya dudune kang êmas | Arya Măndhalika matur awotsari | wêtawis yèn dedea || |
121.018 | dènnya ngage cara Wêlandi |[5] lawan kulah-kulahing wong kopar | tan pisah ing sanalikane |[6] punika dedenipun | lawan gusti watawis malih | èstunipun rakanta | dening abdiningpun[7] | angnênggih[8] kang lama-lama | maksih ngabdi ing raka paduka aji | sagung wong kadipatyan || |
121.019 | dadya èmêng galihe nêrpati | angandika mring para punggawa | wadyaningsun sakabèhe | aja na sira tungkul | dèn samakta dadane jurit | manawa ngamandaka | si amral kang rawuh | măngsa wurunga ayuda | yèn si amral paksa ngakahing[9] rat Jawi | yakti singa tiwasa || |
121.020 | nadyan silih kakang mas dipati | yèn tan amrih mulyaning nagara | wong kapir dèn têkakake | tan ngeman nagrinipun | anyênyambat asrah wong cilik | padha kinon boyonga | ing wong sabrang iku | yèn mangkono kakang êmas | pasthi ingsun saolih-olih nyabili | singa tiwas ing rana || |
121.021 | kaya dudu kang êmas dipati | dening wartane ngaji mring Mêkah | têka [[f. 433r]] mangkono timbule | dadi Wêlănda butun | Măndhalika awas namaning | dèn waspada ing warta | aja salang surup | lamun dudune kang êmas | pasthi kono angantêp prang raup gêtih | matia pabaratan || |
121.022 | lagya eca gènnya gunêm kawis | pan kasaru praptane kang duta | tumanduk ngarsa sang natèng | mundhi nawala katur | tinupiksa kang punang tulis | têmbunge kara-kara | salam donganisun | Kangjêng Susunan Mangkurat | Senapati Ngalaga Abdulrahmani | Sayidin Panatagama |[10]| |
502–503 dari 650
1 | Tanggal: Rêbo Pon pitu (7) Ruwah Alip: mantri sirna rasaning rat (AJ 1603). Tanggal Masehi: Senin 2 September 1680. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1603, hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 16, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rêbo Pon 16 Ruwah AJ 1603 (Rabu 11 September 1680). Lihat juga: jatha sirna rêtu bumi (AJ 1603) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 1.15.9); tri sirna rêtuning jagat (AJ 1603) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 98.13.8). Tanggal ini mengacu pada perpindahan pusat pemerintahan Mataram dari Plered ke Kartasura, yang kemudian dinamakan Kartasura Adiningrat. (kembali) |
2 | kanggea (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.13.10). (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: Dêmang Kalêng lan Ki Jagawèsthi. Bandingkan: Dêmang Kêlêng lawan Jagapati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 98.16.1); Dêmang Kalêng lan Ki Jagapati (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.16.1). (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: abdi dalêm Arya Tambakbaya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 98.16.2); miwah sira Arya Tambakbaya (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.16.2). (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pangagenipun cara Wêlandi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 98.18.1); dènnya nganggea cara Walandi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.18.1). (kembali) |
6 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan pisah sanalikane (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 98.18.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.18.3). (kembali) |
7 | abdinipun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.18.7). (kembali) |
8 | anênggih. (kembali) |
9 | ngakahi. Bandingkan: ngukuhi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 98.19.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.19.9). (kembali) |
10 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Sayid Panatagama (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 98.22.10); Sayidin Natagama (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.22.10). (kembali) |