Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
111 dari 170
505–506 dari 856
5.049–5.058 dari 8.560
111.009 | sang nata kondur mring puri | wadya bubar sowang-sowang | sinêngkalan duk yudane | Surapati lawan Hèr Tak | naga sirna angrasa | wani kawuwusèng dalu |[1] Kumpêni ikang lumajar || |
111.010 | kang sami kèndêl ing loji | pan ing dalu kesahira | ya icir kala igate | karainan duk ing marga | tumpês dening wong desa | kawarnaa sang aprabu | enjang miyos sinewaka || |
111.011 | pêpêk kang wadya anangkil | sagung kang para dipatya | pra satriya ing ngarsandhèr | Pangeran Pugêr Dipatya | Pangran Arya Panular | Radèn Tapa anèng ngayun | sang nata lon angandika || |
111.012 | hèh yayi mas adipati | salungane si apatya | kang sun gêntèkkên ligihe | pan Si Arya Sindurêja | kang rayi atur sêmbah | igih kalakung jumurung | ing karsa paduka nata || |
111.013 | kalawan maninge yayi | lah arinira Si Tapa | pan wus liwat diwasane | iku sun paringi aran | Pangran Arya Mataram | lawan lêluguh wong sèwu | lawan si adhi Panular || |
111.014 | iku padha sun paringi | nglimang atus luguhira | kalawan adhi maninge | si paman Natakusuma | isun karya wêdana | wong gêdhe wêdananipun [[f. 441r]: wêdanani...pun] | kang rayi jumurung karsa || |
111.015 | mupakat samya ngastrèni | sagung ikang pra dipatya | ing karsanira sang katong | nahan gantya kawuwusa | Rahadèn Surapatya | ikang maksih dèn bêbujung | ing ênu datan winarna || |
111.016 | ing Pasuruhan wus prapti | sagunging para dipatya | abêbujung bali kabèh | ya ta Radèn Surapatya | kang anèng Pasuruhan | wus têtêp dènira luguh | tan ana ikang sumêla || |
111.017 | suyud nagri kanan kering | ing Bangil lan Prabaliga | ing Pajarakan wusdene | myang ing Japan Wirasaba | ing Daha lan Sarêngat | ing Malang Rênon sumuyud | sawakèng[2] mring Pasuruhan || |
111.018 | sawetaning Arga Wilis | seba kang băngga binahak | sampun andadi barise | ya ta sagung pra dipatya | măncanêgara prapta | ing Kartasura wus katur | ing nata sasolahira || |
505–506 dari 856
1 | Tanggal: naga sirna angrasa wani (AJ 1608). Tahun AJ 1608 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Desember 1684 sampai dengan 27 November 1685. LIhat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.9.5–6; walu lang winayang prabu (AJ 1608) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.8.6); gajah lunga kawayang jalma (AJ 1608) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.9.5–6). (kembali) |
2 | sewakèng. Bandingkan: seba (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.17.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.16.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.16.7); nungkul (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.17.7). (kembali) |