Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
112 dari 170
515–516 dari 856
5.143–5.152 dari 8.560
112.016 wontên lutnan andêlirèng wèsthi | wus winangsit kinèn anglariha | marang Ki Martapura ge | dyan anglarihi gupuh | Martapura dènnya nanggapi | gumêtêr atinira | lutnan mingêr gupuh | ikang kiwa nyêkêl talam | asta kanan anyandhak dhuwungira glis | Tumênggung Martapura ||
112.017 kêna siji kasêlak ngigati | samya umadêg sagung pugawa | myang Kumpêni ngadêg kabèh | Martapura lumayu | têbah jaja rahadèn patih | Pangran Natakusuma | mijêt manahipun | Ki Tumênggung Suranata | Mangunonêng Binarong kinèn nututi | Martapura kacandhak ||
112.018 kapêgatan dening wadya jawi | Martapura sampun sinudukan | ajur mumur kuwandane | Suranata sru muwus | sêsêmpalên pakakna anjing | sigra kawula Dêmak | anyênyêmpal gupuh | ing jisime Martapura | Suranata kinèn jêjarah tumuli | ing wisma Martapura ||
112.019 anak rayate wus dèn jarahi | brana cinacahakên sadaya | atanggênah ing mantrine | Ki Suranata wangsul | sakancane marang ing loji | kumêndur kawarnaa | lakung sukanipun | muwus mring Radèn Sindurja | latah-latah kumêndur sarwi anglarih | radèn nyana kawula ||
112.020 Martapura ambadakalani[1] | botên andipe yèn jalma rucah | atêbah lan piyakuhe | tuwan radèn puniku | ngati-ati bêkta [[f. 449r]: bê...kta] prajurit | radèn patih ngandika | pan sarwi gumuyu | gih manira nyana wangkal | nadyan dhingin duk maksih aligih mantri | wontên ing Kartasura ||
112.021 Jiwaraga sampun nglêlanangi | kumêndur saya alatah-latah | yèn mêkatên tuwan radèn | igih salaminipun | pan kasaru wau duk prapti | Tumênggung Suranata | lan sakancanipun | katur ing Radèn Sindurja | yèn isine wisma sampun dèn jarahi | rayate binoyongan ||
112.022 atur sêrat kêkitir dunyèki | nanging maksih rinêksèng mandhapa | miwah saanak rayate | rinêksa mantri agung | Dêmak Garobogan ing Pathi | Rahadèn Sindurêja | mojar ing kumêndur | hèh sundara[2] jêngandika | mênawi ta wontên ikang dèn karsani | tilare Martapura ||
112.023 ikang warni brana lawan bini | sira kumêndur mangrêpa mojar | ikang botên-botên radèn | pan kagêngane ngratu | yèn kawula anuhun ajrih | Kumpêni wus kalintang | trima kasihipun | dhatêng gusti sri narendra | pan kawula dèrèng sagêd amangsuli | sagunging kabêcikan ||
112.024 radèn apatih ngandika malih | dhawuhakên timbaling nata |[3] hèh sudara lan malihe | timbalane sang prabu | aprakara pun Surapati | mangke nèng Pasuruhan | madêg barisipun | bêbahak mănca [[f. 449v]] nêgara | sra[4] narendra amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya ||
112.025 ikang badhe tinuduh ing kardi | minăngka senapatining yuda | Adipati Mandurane | lawan ing Surèngkewuh | ngirid sagung wadya pasisir | wulan ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wus dadya kang pirêmbag | pêkênira ing benjang kintuna tulis | pasthine kang ubaya ||
515–516 dari 856

 


ambandakalani (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.112, Pupuh 112.20.1). Bandingkan: ambăndakalani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.20.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.11.1). (kembali)
sudara (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.22.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.22.8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.13.8). Bandingkan: saudara (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.19.8). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhawuhakên timbalaning nata (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.24.2); dhawuhakên andikaning nata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.24.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.21.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.15.2). (kembali)
sri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.112, Pupuh 112.24.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.24.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.21.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.15.9). Bandingkan: karsa (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.24.9). (kembali)