Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 3/1)

Judul
Sambungan
1. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 3/1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 3/2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
5. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
6. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
7. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/3). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 03-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Sri Karongron Jilit 3.

Iyasan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10, ingkang angadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat. Nyariyosakên kawontênanipun nagari saha kadhaton ing Surakarta Adiningrat, tingalan dalêm pawukon, wiyos dalêm dhumatêng pasanggrahan ing Ngèksipurna ngantos kondur, têtêsipun putri dalêm, têdhak dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Malêsi martuwi dhumatêng kadhaton Surakarta Adiningrat.

Ingkang kadhawuhan ngikêt Radèn Ngabèi Purbadipura, abdi dalêm kaliwon gêdhong têngên.

Kaêcap wontên ing kantor pangêcapanipun Budi Utama, ing Surakarta.

1914

--- [0] ---

Kawontênan isinipun Sri Karongron jilid III ... Kaca

Nyariyosakên yêyasan dalêm bang[1] ing tratag rambat, mriyêm-mriyêm ing alun-alun lèr saha ing sitinggil, masjid-masjid ing Argapura, ing malige rêtna, bilih Slasa kalênengan wontên ing Argapura, Nganjrahsari ... 1

Kawontênan sarintên-sadalunipun salêbêting kadhaton ... 21

Tingalan dalêm Kêmis Lêgi pawukon ... 30

Bibar pasewakan têdhak ing Ngèksipurna ... 45

Miyos Jumungahan dhumatêng masjid Ciptamulya ... 58

Pindhah dhumatêng ing Pracimarja ... 81

Nêtêsakên putri dalêm kêkalih ... 91

Santun taun Alip, wartos-winartos badhe rawuh dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ... 107

Nyariyosakên ing kadhaton Surakarta ... 115

Tingalan dalêm Kangjêng Ratu Pakubawana, tuwin tata-tata palênggahan sapanunggilanipun, badhe kangge manggihi tamu saking Ngayogya ... 122

Sênèn tanggal kaping 7 Sura Alip 1843[2] malêbêtipun para sowan, tuwin ingkang mêthuk dhatêng sêtatsiun ... 129

Ing Ngayogyakarta, wiyos dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, dhumatêng Surakarta ... 142

Lampahing kareta sêpur ingkang dipun titihi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ... 159

Rawuh dalêm ing Surakarta Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan mampir ing paresidhenan ... 172

Ing kadhaton Surakarta, wiyosipun upacara dalêm kaprabon, saha wiyos dalêm ... 176

Tindak dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, malêbêt kadhaton ... 185

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan dipun aturi malêbêt ing prabayasa ... 201

Ingkang sowan sami kagambar, saha wiyos dalêm saking prabayasa wangsul lênggah ing pandhapa malih ... 216

Kondur dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ... 223

Cariyos ing Surakarta malih, wangsulipun ingkang sami andhèrèkakên dumugi sêtatsiun ... 235

--- 1 ---

29. Kinanthi

1. sapêngkêrira puniku | kangjêng radèn adipati | dyan pangulu sapangandhap | kabèh nuli padha mulih | kari kang caos kewala | ibut tumandang rêrêsik ||

2. anggulung-gulungi babut | gêlaran kalasa lampit | jawi lêbêt sinaponan | myang alun-alun sitinggil | sumawana jroning pura | palênggahan dèn kukudi ||

3. winangsulkên mring gyanipun | para ingkang darbe kardi | anêtêpi kawajiban | tan susah dèn parentahi | wus ngandhang ing karyanira | bêbasan tanpa ginitik ||

4. mangkono salaminipun | jro pura yèn ana kardi | tan ana ingkang sêmbrana | angati-ati sêtiti | têtêp mituhu parentah | abdi dalêm agêng alit ||

5. kabèh mring pakaryan maju | kalawan dhanganing ati | sênêng mring pakaryanira | nora nana kang malilit | saking tyas dahat rumăngsa | kinêmbong danamarta sih ||

6. tămpa kêkucahing prabu | ngêbèri mring anak rabi | kang sinandhang kang pinangan | saking dènira angabdi | marma sadaya tan ana | andaleya marang kardi ||

7. kabèh padha sêngkut-sêngkut | dhasar ing samêngko iki | tanpa lèrèn dandan-dandan | rampung kene kana wiwit | kèh yêyasaning narendra | kang wus saru dèn salini ||

8. minulyakakên winangun | supaya katon prayogi | kadi ta ing pagêlaran |

--- 3: 2 ---

mangkya lagya dèn dandani | tratag dêling sinantunan | payon sèng winiru gilig ||

9. blandar kuda-kuda kukuh | kabèh balungannya wêsi | pilare bulêt rinusak | santun wangunan pasagi | sadaya pilar lis-lisan | ing nginggil dèn pyan waradin ||

10. ing ngandhap binombong têpung | tancêbe miturut lami | batur samètêr satêngah | madhêt dèn urugi wêdhi | ing bangsal pangrawit uga | bêbature dèn indhaki ||

11. taratag tosan puniku | wêwêlingan dalêm saking | indhêstri ing Surabaya | pambêkta wragading margi | masang sarampunge pisan | gunggunging arta winilis ||

12. 35.000 | rupiyah wus dèn tampani | dening Tuwan Bèkêr nama | iku ingkang dèn wêlingi | anggarap sarampungira | kang rupa sèng wêsi-wêsi ||

13. ginarap bau 20 | wong ing Surabaya sami | pêpak prantining pamasang | dene liyane sèng wêsi | kaya ta wêdhi lan bata | gamping sêtègêr piranti ||

14. myang glidhig bas tukang batu | iku ingkang anganani | wadananing kartipraja | Tuwan Radhêmakêr bangkit | pinasrahan panguwasa | kabèh yêyasan nagari ||

15. duk grêbêg Bêsar puniku | apan sampun dèn wiwiti | pamanguning tratag rambat | ananging lagi sathithik | wêktu iku tan ginarap | bubar grêbêg wiwit malih ||

16. ing karya sêngkut kalamun | nuju dina Sênèn Kêmis | ing sajrone [sajro...]

--- 3: 3 ---

[...ne] durung dadya | kangjêng sang anindyamantri | yèn sowan nèng pakapalan | dene sagung pra bupati ||

17. sapangandhap sowanipun | prikănca golongan jawi | samya ngalêmpak nèng bangsal | bangsal kilèn păncaniti | iku pacaosanira | rèh jaba panèwu mantri ||

18. salèr taratag kadulu | kagungan dalêm mriyêm tri | nama Kyai Păncawora | myang Sagarawana nami | Kiyai Suhbrastha wetan | malih kang anèng sitinggil ||

19. ugi kyai namanipun | Kumbarawa Kumbarawi | Kiyai Aswanikumba | Kumbakinumba Kiyai | Kadhalbinuntung kalawan | anama Kiyai Gringsing ||

20. kang wontên salêbêtipun | bangsal witana pinêtri | mariyêm amung satunggal | nama Jêng Nyai Sêtomi | pusaka dalêm sang nata | saking lêluhur ing nguni ||

21. pamanggènira dumunung | sangandhaping dhadha paksi | têngah lêrês ginêbyog ram | lir panti limasan alit | ing wuwung sapanuwunnya | gangsal lêlingir tinitih ||

22. kaestha nagaraja gung | cacah nêm warni sinami | mangah-mangah amrêngangah | angaping tutuk mêdèni | bok nalorong naut sirah | tèlêp pasthi yèn babarji ||

23. samadyaning ngalun-alun | pêthetan wringin sarakit | nama Dewandaru wetan | kilèn Jayandaru sami | kinurung binatur bata | pancaksuji ruji wêsi ||

24. mangsuli cariyosipun |

--- 3: 4 ---

nênggih ing măngsa puniki | kathah wêwangunan enggal | wêwah-wêwah warni-warni | kang wus samya rosok risak | rinusak dipun dandosi ||

25. kang rupa saru dinulu | winangun pinrih prayogi | dèn mulyakakên sadaya | ing masjid Agêng surambi | pinayu ing sirap enggal | cèt wungu sinantun putih ||

26. jarambah jobin duk wau | samangke dipun tumpangi | tègêl klawu ngêndhog rêmak | ing pinggir sinêlang-sêling | mawi wêngku sêsêkaran | têngahing gajah kaèksi ||

27. kadya ginêlaran babut | pasalatan dalêm aji | yèn nuju miyos Jumungah | karapyak wrêksa cèt kuning | mangke wus dèn santuni ram | cangkoke miturut lami ||

28. myang kori-kori winangun | pinaryoga wuwuh bêcik | masjid Agêng sapunika | saya ngrêsêpake ati | toya pancuran tinata | ngapit marga kanan kering ||

29. gampang kang mèt toya wulu | wêtuning warih pinardi | saking sumur bur lumayan | mahya maya-maya bêning | buwangan mili gumladhag | anjog balumbanging masjid ||

30. tan amung ing masjid Agung | ingkang kinarya prayogi | malih masjid jroning pura | sakilèn panêpèn nguni | samangke sampun kapindhah | nèng tênunan papan lami ||

31. winangun rinêngga bagus | sarta pinaringan nami | karan masjid Pudyasana | cumawis toyane wêning |

--- 3: 5 ---

tuwin masjid pasanggrahan | ing Langênarja wus bêcik ||

32. duk wau wontên ing kidul | kiwa tan kambah ing janmi | dèn lih lèring pasanggrahan | anjênggarang mangku margi | adhakan katon angegla | sinung nami Ciptasidhi ||

33. malih kang sampun binangun | masjid Ngèksipurna Pêngging | manggèn salèr pasanggrahan | tuhu ngrêsêpake ati | nama masjid Ciptamulya | datan kêkurangan warih ||

34. malih masjid kang winangun | pasanggrahan dalêm loji | ing Ngampèl ran Madusita | wêngkon bawah Bayalali | dèn dandani pinaringan | nama masjid Ciptaêning ||

35. mangsuli jroning kadhatun | kalangênan dalêm aji | kang ingaran Ngargapura | cèplês lir gunung sayêkti | tan măntra lamun iyasan | cêcorah jurang lan curi ||

36. lêlêngkèh longkang malêngkung | kalangkung ngalêngkong saking | sakèhing sêsêngkan ngambat | anggubêt malêbêt miring | marang wiwaraning guwa | guwaya wingit asingit ||

37. lêngar andhangar kalungur | ing pucak sinungan panti | saking mandrawa katingal | lir mundri musthika warih | èrèng-èrèngirèng arga | marga anjêpit kapipit ||

38. bêngkuk nêkuk likak-likuk | alêkok kadhang waradin | wradinan tumurun minggah | mênggèh-mênggèh kang lumaris | aris umandhap mring sêndhang | ngêdhung we tètès naritis ||

39. pancêre kêmocor mancur | pêncar bancar kocar-kacir | cicir

--- 3: 6 ---

kumucur barabas | anjêbos rêmbês ngêbêsi | datan kèndêl-kèndêl mêdal | mudal mangidul lêstari ||

40. jurang jêro jèjèr mujur | sinarjwèng karêtêg alit | gêlitan ngalang kalingan | ing balabag gêdhe cilik | cêlak kanan kering palang | linangkungan tan matiri ||

41. marga pinggire rêrungkut | rumakêt sukêt rinakit | rèngkèt lan pêtir putêran | anggrêmbêl tumimbul wilis | lulus tan katon ngaleyang | ngayangan ron tumpang tindhih ||

42. wiwitan jati trênggulun | plasa pung kusambi cangkring | asêm lo kalapa genjah | pala pêlêm myang kuwèni | wuni kênini lan nanas | anos mênos-mênos kuning ||

43. kanang kêmuning dumunung | nèng têpi têpung lan kopi | kapit jambe jambu abang | putih lumut drêsana jring | jêruk kêprok pêcêl adas | pacitan bali balimbing ||

44. gêdhang gêdhondhong taledhung | lung gadhung sandhing srigadhing | godhonging dhadhap mangandhap | kudhupe madhêp manginggil | kasenggol tan enggal gigal | gêgêling salaga wilis ||

45. soka sakèh bakah kukuh | nyrêkakah rêkah tan ringkih | salak cilik cêlak kalak | kêmlaka rambutan acih | cêmara lan găndariya | tayuman gayam ngêyomi ||

46. salam pace dhuwêt dhuku | manisjangan nagasari | adhêmati gêndhayakan | apêl kêpêl andêrlèi | nora gêring girang sabrang | rami landhêp pandhanwangi ||

--- 3: 7 ---

47. waringin sêsulur mulur | ilèr gumêlar lir nglilir | sêsêkaran warna-warna | abang biru kuning putih | dadu wungu kapurănta | ngrêmbaka patra pinêtri ||

48. tatrap panataning êlung | ngêlong salong sêlang-sêling | liniling mawèh arsaya | ing kêndhit sinungan loji | manggèn sakiduling pucak | kaparèng wetan sakêdhik ||

49. tan patyagêng nanging bagus | majêng mangalèr sarwa sri | sininggêd sinungan kamar | pasarean dalêm kalih | ing têngah godhag jarambah | sinungan mèbêl lan kursi ||

50. dhipan kênap bangku kongsul | gambaring para narpati | hèrtoh myang guprênur jendral | propesor gêsan utawi | gambar dalêm sri bagendha | kangjêng maharaja putri ||

51. nagri Nèdêrlan linuhung | kamantyan pinundhi-pundhi | anênggih gambar punika | paringnya sri nata dèwi | marang kangjêng sri narendra | ing Surakarta nagari ||

52. duk sampeyan dalêm ngutus | rakendra swargi Jêng Gusti | Pangeran Arya Mataram | marang nagari Walandi | minăngka wakil narendra | mudyastuti angèstrèni ||

53. jumênêng dalêm sang prabu | musthikèng dhênah prajadi | kangjêng sri bagendha maha- | raja putri amaringi | gambar minăngka pratăndha | waluya sihing narpati ||

54. jêng gusti kang bêkta kondur | rawuh Surakarta nuli | konjuk ing ari sang nata | katampèn lan rênèng galih | dahat gung kalinggamurda | pigorah [pigo...]

--- 3: 8 ---

[...rah] parada rukmi ||

55. ngagêm kaprabon sang prabu | jumênêng nolih mangering | ing kanan sinungan kênap | lurub bludru dèn tumpangi | ing krun myang sêtap karajan | katon lir wujud sayêkti ||

56. ngandhaping gambar puniku | sêsêratan sastra Latin | cêtha mungêl wilhèlminah | kunêngi[3] Nèdêrlan nagri | Sèptèmbêr angkaning warsa | sèwu wolung atus tuwin ||

57. sangang dasa langkung wolu | kacriyos sastra puniki | tăndhasta dalêm priyăngga | kangjêng maharaja putri | gambar punika pinasang | nèng galdri sanginggil kursi ||

58. plênggahan dalêm sang prabu | kanan keringira kori | kang lumêbêt mring jarambah | ing kamar kang kilèn mawi | kori butulan mangandhap | undhak-undhakan dèn usik ||

59. palêstèr gilap tan lunyu | praptèng jamban kulah kalih | ngandhap ngaluwêng lir guwa | kang nginggil patandhon warih | sinung krang[4] cucuk panthuran | nyanthuk jêjêg agêng alit ||

60. pinutêr santêr umêtu | banyune gumrojog bêning | jamban sinungan wiwara | butulan mangilèn prapti | pipi gapura kang wetan | kinarya margi rêrêsik ||

61. mangsuli ing galdri dhuwur | sininggêd dipun gêbêri | ginulung kadhang ginêlar | salèring taritis mawi | botrawi alit têngahnya | sinung bil nonah mrak-ati ||

62. bau kalih pisan [pisa...]

--- 3: 9 ---

[...n] ngacung | anyêkêl badhèr liningling | macoco cangkêming ulam | lir nyêbul umijil warih | dadya umbul ngudal-udal | gilig agêngnya sanyari ||

63. tan kêndhat wêtuning banyu | mancur mancurat manginggil | winatara kalih asta | we wangsul marang botrawi | ing jro sinungan wadêr bang | mawijah pating saliri ||

64. bêburon sajroning ranu | rêna nèng ganggêng andhêlik | amalik melok kumambang | abanging sisik katawis | winawas naleram jênar | sumunar lir mas sinangling ||

65. botrawi alit puniku | pinggire pinancaksuji | ing ngajêng myang kering kanan | winêdhi rêsik karisik | salore sinuji rancang | kori malêngkung kang nginggil ||

66. ing kanan kaparèng ngayun | majêng mangilèn wisma lit | jrambah balabag lus-lusan | tri wadana dèn pêpêti | amung kang kilèn angêblak | malih sakilèning loji ||

67. anjulêg mawi tumurun | sininggêd dipun èmpèri | jro gêdhong isi inuman | kêras aris warni-warni | pirantining pangunjukan | bèri lan gêlas gêng alit ||

68. sês sigarèt srutu manjung | ampang ampêg papak lincip | winadhahan ing salaka | sarèke sampun cumawis | samăngsa ana pundhutan | gambuh lumadine gêlis ||

30. Gambuh

1. nênggih sakilènipun | pan sininggêd pagêr tembok têpung | jrone [jro...]

--- 3: 10 ---

[...ne] isi guskara toyane wêning | minggah myang andhaping gayung | mawi kerekan cumanthol ||

2. wat-wate cagak kukuh | sakilèning parigi winuwus | gapura gêng ing pipi pilar pasagi | rong rakit rinêngga ing lung | tumêlung golong sêkar ron ||

3. ing nginggil amalêngkung | katumpangan sakawan naga gung | kang minăngka pucak pamulêting pêthit | pêntholat-pênthalit nyathut | mathêt tan pêthêt binêthot ||

4. pêthit gathuk mathuthuk | methok anjêpit sirahing diyu | tan bisa bah maringis lir sambat sakit | akêncêng panggubêdipun | badan nalosor mangisor ||

5. manglung kadyarsa naut | palêngkunging gapura pan sinung | gambar estha wapêning karajan Jawi | mawi dhuwung wêdhung wadung | sabêt tamèng towok waos ||

6. sanjata bêstrong pistul | pêcut arit bêndho bêndhe bêdhug | cis trisula gada gandhewa jêmparing | suling myang salomprèt tambur | mariyêm loro nèng ngisor ||

7. cêlak lawan latiyu | mawi ăngka sangkalaning taun | 1732 | gapura lami puniku | dudu iyasan samêngko ||

8. pipi kori kang kidul | kiwa têngên sinung gupala gung | lungguh jegang baune tumumpang wêntis | kêlat bau gêlang kalung | karoncong jêjamang tropong ||

9. rambut akas ginêlung | kêlang nyrodog kêtêpe maruwun | ting

--- 3: 11 ---

salêbrèh agodhèg wok kumbala bris | cancut taliwanda kukuh | pinêkak sondhèr myang badhong ||

10. maringis ngisis siyung | sêmu sêrêng murêrêng marêngut | rêngat nyunthêng mathênthêng manthêlêng kadi | nulak kang sêdya malêbu | yèn salah cèwêl cinakot ||

11. salèring inêp pintu | sinung rêca nyonyah marêp ngidul | ngadêg jêjêg tumungkul lir mindi budi | minta mring Jêng Yesus Kretus[5] | kentasa tyas kang prihatos ||

12. cakêt sawurinipun | kêlir bata bengkok kadya ngurung | kanan kering sinung wiwara rinuji | lan dhêmpêl gapura gathuk | dalan loro ngetan ngulon ||

13. inggahe mawi nikung | manut undhak-undhakan malêngkung | sakilène sinungan sasana malih | pasagi jênggarang dhegus | katon arêpe mangalor ||

14. lan ingkang wus winuwus | lir nisihi nanging wêwah luhur | sinung nama loji Pracimarga pèni | prênah lêlunguring gunung | manggon iring kidul kulon ||

15. mubêng èmpèrnya mêtu | tigang kaki binalabag mujur | jèjèr-jèjèr ngandhap dipun dalurungi | dumadi èmpère manglung | manglong-manglong ngisor katon ||

16. mawi hèk têpi têpung | kang lumaris tan maras ing kayun | kaya nora angambah babagan nginggil | tan enggal sêdyane mudhun | malah ngepon anèng kono ||

17. jroning loji

--- 3: 12 ---

puniku | sininggêt maju pat mrih tan kidhung | patang petak kang lèr wetan isi kursi | myang rêsban sami kinasur | baludru alus ijo nom ||

18. komplit lan kênap bangku | sinung kori mangilèn lumêbu | marang kamar isi bale-bale siji | kasur cukèn sutra wungu | mèpèt nèng pojok lor kulon ||

19. pêpasrènira runtut | candhela lan kori plitur wungu | mêngês-mêngês kadya woh sawo matêng wit | ngrawit hèk alit kadulu | pojok kidul mèpèt tembok ||

20. kori butulan iku | manut undhak-undhakan tumurun | sisih têngên mawi têtawing rinuji | ilang sumêlanging kalbu | gondhelan waton mangisor ||

21. margane nora jujur | pijêr menggok kadya bèk kung lur kung | praptèng ngandhap anjog ing jamban gumrining | kimplah-kimplah toyanipun | nèng kulah katon anyarong ||

22. kamar kang wus winuwus | mawi kori binutul mangidul | kamar iku sinung kanthil wêsi siji | mubêng ginubah sap têlu | ingkang jêro waring ijo ||

23. nuli wastra kulambu | putih mênthur cinitra ron mawut | wite ngawêt sêkar mêkar mèdêm kincip | malih tinumpangan iku | ing wastra ngangrangan jambon ||

24. ramyang-ramyang kadulu | katri pisan pinggiring kulambu | sinung bênang renda ing warna sinami | sêmu sêmuwa ing

--- 3: 13 ---

dhuwur | muwêr wêwiron kadya ron ||

25. kayuapu malêngkung | longkang ngongkang sacêngkang anikung | ingkang têngah binêlah gubah winingkis | amringkus tinali wangsul | angsal ing pojok ngalojok ||

26. pinajang manjung-manjung | kajang sirah tapsirih tinumpuk | papak êmpuk kasur katumpangan guling | gumêlêng singêp winiru | nora doh gêmbuk nèng ngisor ||

27. ukupe puspita rum | wetan kamar pasarean sinung | palênggahan kursi ingukir angrawit | catur angubêngi bangku | angarompol rada megos ||

28. Pracimarga puniku | jroning kamar pagêr banonipun | ingkang ngandhap rinêngga dening lanbrisir | pinggiring jarambah têpung | mubêng inggile saelo ||

29. ing têngah wrata alus | katon pasagèn citraning kayu | lir tugêlan wrêksa tinata tapsirih | rinèh pamasange runtut | megas-megos adu pojok ||

30. saking doh yèn kadulu | sêlap-sêlip lir lêgok mandhukul | yèn ginrayang lumêr kaya bêling pruslin | wimbuh gilap pinalitur | kasêntor sorot mancorong ||

31. kang lèr èmpère mêtu | tanpa kajog lawan kamar catur | ing jarambah waradin dipun pasangi | kursi rêsban bangku kongsul | rak gambar ngapit pangilon ||

32. pandam teplok gantung krun | pamasange parênca tan dhumpyuk | pinaryoga sadaya dilah èliktris | yèn dalu [da...]

--- 3: 14 ---

[...lu] ariyu-riyu | sorot abyor sêmu ijo ||

33. malih wisma dumunung | nèng lor wetaning pucak kadulu | dhapur kampung mujur mangalèr rêspati | tan patyagêng nanging cukup | pinaro dadya rong gêdhong ||

34. saguthêg ingkang kidul | rinarêngga pasrèn adiluhung | pasarean kinarawistha sutradi | kang lèr lir pandhapinipun | pirantos manawi ngaso ||

35. mêntas ngidêri gunung | panti pantês namane sinêbut | ing Ngendraya kang lèr sinungan galdri lit | kilènnya margi tumurun | anjulêg lêgok jurang jro ||

36. gya minggah mring lêlungur | sawatara rata nanging singup | lamun siyang datan kasorot ing rawi | ing kanan kering kinurung | wiwitan ayom ngrêmpoyok ||

37. marmane adhêm edhum | mundhak lindhuk yèn dalu kadulu | sinelehan sela kumalasa langking | kandêle sakaki langkung | pasagi lonjong ambanon ||

38. nênggih sela puniku | pasalatan dalêm jêng sang prabu | lamun nuju sêla pakaryaning nagri | malêm Jumungah jam têlu | sampeyan dalêm sang katong ||

39. sawusnya wulu laju | salat kajat trakadhang tahajud | munggwèng sela ing Ngendrakila puniki | sêpi samun lamun dalu | tan kambah ing wong tuwanom ||

31. Sinom

1. sangandhaping pasalatan | wontên waradinan alit | mangidul anètèr minggah | anjog [anjo...]

--- 3: 15 ---

[...g] parapatan supit | mèpèt mangilèn prapti | bangsal lit ginêbyog alus | cèkli majêng mangetan | kang wetan tanpa ling-aling | angalowong ing ngandhap ginêdhong tundha ||

2. jarambah kabèh balabag | balêbêg batur ngubêngi | ingkang lèr sinung wiwara | nyalingup papaning panti | awit kapêngkok bambing | wus watês sukuning gunung | wau margi prapatan | kang mangidul ngulon prapti | palataran loji agêng Pracimarga ||

3. kang ngidul anjog gapura | kang mangetan minggah malih | marang pucaking aldaka | sinung panti dèn wastani | kopêl amaglik-maglik | ngegla katon nêstha wolu | sakawan kursi tosan | myang bangku bundêr nêngahi | soring bungkak sinungan panjuta buhlam ||

4. inggiling arga punika | 21 kaki kalih dim | saking siti jroning pura | mangalèrira winilis | 117 kaki | dene ingkang iring kidul | mangetannya pinetang | 93 kaki | kang iring lèr mung pitung dasa satunggal ||

5. acakêt salèring arga | sinung patamanan nami | malige rêtna samadya- | ning ngudyana mawi panti | binatur catur margi | ugi dhapur nêstha wolu | sêkaran warna-warna | ing pinggir pagêre wêsi | pancaksuji waja wijang sinaroja ||

6. koyup wêwêngkoning arga | jroning taman têmên asri | malige rêtna punika | saking Ngargapura kèksi | ngêlangut anglam-lami | mungguh panggupitanipun |

--- 3: 16 ---

yèn linajêngna baya | kurang căndra luwih warni | sangkayane karya arsayaning driya ||

7. marma kangjêng sri narendra | sabên dalu lênggah munggwing | jroning loji Argapura | siniwi ing para dasih | ingkang kinarsan manjing | ajune kalawan dhawuh | putra santana wadya | tan tamtu kang dèn timbali | pilih-pilih kang sowan mring Argapura ||

8. yèn nuju malêm Salasa | mawi kalênengan ngrangin | pradăngga niyaga pêpak | wiraswara lawan ringgit | jam 8 ngrumiyini | malêbu ngarompol lungguh | anèng Sanapracima | Sanapracima puniki | kampung bali tumèmpèl ing prabayasa ||

9. kono panataning găngsa | yèn salendro wiwit muni | sore tamtu nêm pathêtnya | lamun wus jam rolas salin | pathête sanga prapti | lingsir wêngi nuli santun | munggah pathêt manyura | kalamun pelog kang muni | sore lima nuli nêm gya munggah barang ||

10. slendro pelog gantya-gantya | sabên arsa muni gêndhing | samênênge pêpathêtan | êmbating raras wus kèsthi | nuli dipun bawani | sêkar agêng guru lagu | sawusnya praptèng pada | tibèng gêndhing kang kinapti | salah siji sriwidada sriwibawa ||

11. sriminulya srikêrtarta | srikaloka lawan malih | srikarongron srikuncara | puniku sadaya sami | yasan dalêm sang aji | trakadhang găngsa tinabuh | gêndhing

--- 3: 17 ---

kuna krawitan | titipati laranangis | lan prihatin tunjung karoban udanmas ||

12. mawur rênyêp rondhon căndra | mênyankobar gambirsawit | măntra wani-wani capang | udanasih lambangsari | bontit mêrakkasimpir | pelog kombangmara tlutur | muntap lan tejanata | taliwăngsa doradasih | budhêng-budhêng kadukmanis suralaya ||

13. bujangganom kapang-kapang | pangasih bondhan kinanthi | rimong boyong sobrang barang | gandrungmanis sangupati | ludira bandhillori | sinom pangkur kuwung-kuwung | sakèh enak pinyarsa | rarase angraras ati | dhasar mawi ginerong ing wiraswara ||

14. sampyêng tan ana salenca | sinêlan sindhèning ringgit | lir anggigit gêgêt ing tyas | sanityasa tan arsa wis | wose risang miyarsi | arsaya ring suwara rum | rumarah ngarah-arah | ririh panabuhe titi | ngati-ati para niyaga prayoga ||

15. kècèr pratelaning găngsa | ingkang tinata puniki | anama Kiyai Jimat | salendro larase alit | dene kang pelog nami | Kyai Dewakatong iku | kêmpule Kyai Gagak | saking Jênggala ing nguni | kêndhang agêng nama Kiyai Iskandar ||

16. sagung katon kapiyarsa | sakèh anglam-lami ati | ayêm têntrêm pra sumewa | umarêg ngarsèng narpati | yèn wus jam rolas muni | nuli [nu...]

--- 3: 18 ---

[...li] jêngkar jêng sang prabu | ampilan atut wuntat | mring jrambah panêpèn mranti | lênggah dhahar kadya kang wus kacarita ||

17. ing sawusira mangkana | laju malbèng tilamsari | sare kamar madusuka | tinêngga dasih kang tampi | lèr kamar para èstri | Nyi Lurah Arjawinangun | Nyi Lurah Mangunarja | ing jawi jalu kang jagi | kănca puspan anêtêpi kawajiban ||

18. sarêgêp migati karya | angrêrukti nyudhiyani | ngadhang cumadhong karsendra | nêngna kang winarna malih | yasan dalêm sang aji | maksih sajroning kadhatun | kang pinaringan nama | ing sasana nganjrahsari | rêrênggane sarwa endah langkung pelag ||

19. nèng kilèning paran karsa | ing paran karsa puniki | ingkang minăngka pandhapa | pandhapa sasana adi | sasana adi nênggih | kaprênah lèr kilènipun | dalêm gêng prabayasa | mangkana ing nganjrahsari | ingkang dipun êdêgi dalêm punika ||

20. tilas papan palêmahan | masjid panêpèn ing nguni | kang wus kasêbut ing ngarsa | kamot nèng sêkar kinanthi | sasana nganjrahsari | anjiglag majêng mangidul | sêdhêng dhapur limasan | mujur mangilèn kang panti | wontên petang pitulas mètêr panjangnya ||

21. mangidulira pinetang | gangsal mètêr winatawis | sininggêd dadya têtiga | wiyare kinarya sami | katingal amêsagi | kanan kering kamaripun |

--- 3: 19 ---

têngah dadya jarambah | ingkang lèr sinungan kori | mêdal maring wisma kampung nora pisah ||

22. mujur ngalèr tanpa saka | saking balandare manjing | manjangkah godhaging natar | kabêntèrên lamun lingsir | ing ngisor wêdhi rêsik | karisik warata alus | tilase sinaponan | papane tinutup tartip | kiwa têngên myang wingking pinagêr bata ||

23. wau ing jarambah têngah | wetan kilèn mawi kori | anjog kamar pasarean | candhelanira tan inggil | ananging amadhangi | malih pintu kang mangidul | kêkalih nunggal warna | umêdal maring pandhapi | kanan kering sininggêd ing ngarsa ngêblak ||

24. sasaka bulêt kinêmbar | rong rakit gănja ingukir | nyăngga balandar pandhapa | èmpère manglung nêm kaki | sinrawing cakêt cukit | têtarip tarap lir tarup | ngarêp pinrih tan bunar | pênêr sakilèn pandhapi | soring ngèmpèr agodhag kinarya marga ||

25. têrus lumêbu mring jamban | mangalèr sinungan kori | anjog kamar pasarean | tarêtip datan kaèksi | sawetaning pandhapi | tan pae paekanipun | lan kulon padha uga | cangkoking papan sinami | amung kaot wetan tan kinarya jamban ||

26. kanggo ênggon paukupan | angratus mrih gănda wangi | sarupaning wastra-wastra | pan uga sinungan kori | têbêng-têbêng ingukir | dhêmpêl inêp cinèt biru |

--- 3: 20 ---

barêgas lis parada | kyèhning inêp rangkêp tohdhir | lan brisirên mubêng têpung jro sasana ||

27. kabèh jarambah kang kambah | tinègêl sêkar rêspati | patut ing nginggil mawi pyan | sèng hal ginatra cèt sami | biru laut lir langit | nêdhêng ing măngsa katêlu | panduming pandam-pandam | mrênca pêncare pinurih | bisa sambung-sinambung ngêmbêng paraba ||

28. tan rênggang rênggêng rinêngga | gambar-gambar agêng alit | kursi rêsban bangku kênap | kongsul lêmari ingukir | jam kaapit-apit bil | cêpèr sepore parunggu | rêngganing palataran | têngah binalumbang alit | mawi umbul tumimbul ambal-ambalan ||

29. tumurun toya maluya | lumayan marang botrawi | anggênggêng ganggêng luminggang | munggwèng gangga anggung sêmi | sêmu ngêsah tan asih | sumisih kamotan lumut | mumut lir rayung mudha | mindha cumadhang ngadhangi | pamilare wadêr bang saking balumbang ||

30. akoyok oyak-oyakan | miyak-miyak pating sliri | gêng alit mawijah-wijah | anjajah jroning jahnawi | manawi suka saking | wêtuning ngumbul lumintu | pucuke pêncar muncar | muncrat crat-crut angêcruti | kanan kering kadya nyirami sêkaran ||

31. argulo sruni dhaliyah | măndhakaki kacêpiring | wora-wari ragaina | sumarsana lan taluki | mênur gambir malathi | kang patra mradapa karuk |

--- 3: 21 ---

kincip mèdêm myang mêgar | sêgêr ingugêr pot bêling | sêlang-sêling panatane tan kuciwa ||

32. maripit têpining marga | magak menggak-menggok mênggik | mogok ing lampah nupiksa | pêpasrèning sari-sari | sarèh sarèhne pipit | kajêpit pêpêt rinumput | kêmput papak-pinapak | pok kawêdhar rone kèksi | ijo royo-royo ayêm tan kayoman ||

33. sêmbada bata duksina | sinung kurunganing paksi | paksi dara pira-pira | gondhok gundhul kucir prèksi | kaèksi kadya loji | siji-sijine sinarju | wijang ruji saroja | naman kawat kuwat ngrawit | datan èwêt mawi wiwara nyajuga ||

34. pangombèn lan pamakanan | patarangane cumawis | tan uwis yèn winuwusa | kaanane ngajrahsari | saking kalangkung pèni | cangkoking capuri kukuh | mubêng kang pagêr bata | inggilnya sawêlas kaki | kang nupiksa tamtu kasmaran ing driya ||

32. Asmaradana

1. nêngêna ing nganjrahsari | mênggah salêbêting pura | ing sarina sawêngine | kawontênannya winarna | lawan atur ringkêsan | sabên malêm Kêmis tamtu | pra ngulami maos kitab ||

2. pêkih akyan ngulumodin | usul tasawup myang kuran | kitab tabiruk rukyane | lan kitap suleman yama | nèng bangsal Pracimarga | kang maos milih pra putus | lapil makna lawan [lawa...]

--- 3: 22 ---

[...n] murat ||

3. radèn pangulu sumiwi | sêsorah rasaning kitab | nuduhkên iya dudune | lêlakon ing donya prapta | ngakerat mrih raharja | jêng rasul mring umatipun | sakalangkung asih marma ||

4. Kêmis siyang jêng sang aji | miyos lênggah siniwaka | madyaning pandhapa gêdhe | nênggih sasana sewaka | dene malêm Jumungah | kănca musikan malêbu | nèng panggung sănggabuwana ||

5. munya lagon solan-salin | katrilyê sêkoltis polnah | marês pasre dhublelanse | galop pantasi krispolnah | pan dhê katêr masokah | opitir pra dhê marês sru | walês kapyarsèng mandrawa ||

6. lamun wus jam 12 muni | musikan kèndêl bibaran | kantun ingkang para caos | wadana myang kaliwonnya | panèwu mantri jajar | mayor kaptin opsiripun | maskapêne sami mapan ||

7. jam 9 ngêpung kêndhuri | ajat dalêm sri narendra | wolung panjang giri gêdhe | anèng paningrat drawina | sawusira ngalêmpak | wadana kang angsung dhawuh | marang juru suranata ||

8. ajat kinon andongani | rampung binage warata | tan tamtu kang dèn mêmule | wêdaling ajat punika | mubêng agantya-gantya | para nabi wali ratu | myang lêluhuring narendra ||

9. makatên salami-lami | sabên ri malêm Jumungah | sri nata sawusnya dandos | têdhak mring kamar [ka...]

--- 3: 23 ---

[...mar] pusaka | misungsung angsung sêkar | pêpundhèn dalêm sang prabu | Jêng Kyai Agêng pusaka ||

10. ingkang sinêkar rumiyin | pusaka dalêm sang nata | Jêng Kyai Gondhil namane | gya jêng kyai prajuritan | Sangupati ingaran | sasampunira puniku | ingkang dèn caosi sêkar ||

11. agêm dalêm jêng sang aji | jêng kyai agêng wangkingan | tansah kumêlun kutuge | nuli jêng kiyai nama | Camêthi Sapujagad | gya pusaka caping luhung | Kangjêng Kyai Basunanda ||

12. ingkang cakêt angladosi | Radèn Ayu Adipatya | Sêdhahmirah lan malihe | priyantun dalêm kang tămpa | kêkalih kering kanan | kang wus nama radèn ayu | malih kang ngladosi cêlak ||

13. priyantun dalêm suwargi | sri narendra kaping 9 | kaprênah bibi nakdhèrèk | ran Dyan Ayu Wiraswara | kalawan Radèn Riya | Mandayaprana puniku | sadaya sami samiran ||

14. sasampunira waradin | dènira misungsung sêkar | sri narendra laju miyos | saking jro kamar pusaka | ing wanci pukul 9 | amêng-amêng sang aprabu | nitih kareta kang nama ||

15. Kiyai Rêtna Pamêling | aramping sarwa santosa | kabyolèt rodha kinarèt | lakune tanpa suwara | sarakit panariknya | turangga gêng ulês dhawuk | kênèk kalih kusir Lănda ||

16. panitih dalêm sang aji | tansah jêng narpadayita | kang nèng

--- 3: 24 ---

bak ngajêng andhèrèk | lênggah anunggil sakreta | putri dalêm satunggal | kang dèrèng krama puniku | lawan malih kang alênggah ||

17. priyantun dalêm kêkalih | kareta pandhèrèk tiga | para wanita isine | ingkang grubyug numpak kapal | dragundêr myang ordhênas | pra prajurit tindhihipun | mayor opisir kang tămpa ||

18. wiyos dalêm jêng sang aji | angubêngi jroning praja | anyêbar dana arta sèn | udhik-udhik urut marga | suka kang samya ngrêbat | kawula dalêm wong kampung | kang wisma pinggir radinan ||

19. sabên wus sami miyarsi | gumalêdhêging kareta | dèn nyana tamtu sang katong | sênthiyèng gya sami mêdal | andhodhok pinggir marga | anggawa colok angacung | ngêntèni arta sinêbar ||

20. kang nitih kreta ngêbyuki | dèn pênêrakên mring janma | sapuluh sèn rongpuluh sèn | tibane dadi rayahan | kang bêgja antuk kathah | kumaroyok suk-ingêsuk | rêbutan angguyu latah ||

21. mangkana samargi-margi | yèn amêng-amêng sang nata | Jumungah siyang kadhaton | libur tan ana kang seba | kajawi ingkang jaga | sampeyan dalêm sang prabu | sasampunira busana ||

22. laju lênggah jroning loji | Ngendraya ing Ngargapura | sasat piyambak sang katong | kang ngadhêp amung satunggal | di dalêm kang kinarsan | nyêrati [nyê...]

--- 3: 25 ---

[...rati] karsaning prabu | lamun iyasa pranatan ||

23. sadaya para pawèstri | têbih dènnya sami marak | anèng jawi pamanggone | malêm Saptu jroning pura | angungêlakên găngsa | rong pangkon palangkanipun | sadaya sami paradan ||

24. nama Kyai Kancilbêlik | Kyai Gunturmadu lawan | srakit gong agêng namane | Kyai Mandulswaralêga | salendro pelog gantya | munya gêndhing gêdhe mungguh | pathête miturut wayah ||

25. talèdhèke anyindhèni | swara nut cengkoking găngsa | găngsa iku panatane | cakêt lawan Ngargapura | jroning Sanapracima | kadya kang sampun winuwus | ing ari malêm Salasa ||

26. Saptu siyang jêng sang aji | lênggah madyaning parasdya | kadya adat padinane | nguningani sêrat-sêrat | sadaya palapuran | nênggih kawontênanipun | jro praja myang jawi praja ||

27. kajawi punika mawi | kalangênan dalêm nata | badhayan miwah sarimpèn | munggwèng sasana sewaka | pradăngga kyai nama | Udanasih Udanarum | gong anama Kyai Kombang ||

28. malême Ngahat sang aji | kadya yèn malêm Jumungah | amêng-amêng nitih oto | nama Kyai Maraseba | myang oto namanira | Kyai Sênêngparêng iku | kaagêm salah satunggal ||

29. pandhèrèk oto kêkalih | wiyos dalêm lêlancaran | tan mawi dhinèrèkake |

--- 3: 26 ---

abdi dalêm kang kapalan | aparing parimarma | kang awit oto puniku | lampahe kalangkung rikat ||

30. Ngahate siyang ngasmani | sêrat-sêrat dhêdhawuhan | kang badhe kawiyosake | mring resdhenan kapatihan | wadana kasêntanan | ingkang jênêngi puniku | Kangjêng Pangeran Ariya ||

31. Kusumayuda utawi | Pangeran Arya Mataram | katigane ondêr mayor | Radèn Mas Tumênggung Wirya- | diningrat dene ingkang | angêtrapakên puniku | asma dalêm sri narendra ||

32. abdi dalêm kliwon carik | Dyan Bèi Sastradipura | wuwusên malême Sênèn | sarimpèn miwah badhayan | gêng alit ingkang bêksa | dene ta pamanggonipun | nèng pandhapa paran karsa ||

33. Sênèn siyang miyos malih | lir ri Kêmis siniwaka | pêpak kang sumewa andhèr | yèn Sênèn wiyosing nata | urmat ingkang pradăngga | gêndhing srikaton wus tamtu | salendro pathêt manyura ||

34. undurira kang sumiwi | nyai lurah ingkang nglarag | ganti munya găngsa pelog | kondur dalêm găngsa munya | undur-undur kajongan | calapitane tinabuh | kumarêcêg kadya rijal ||

35. kalamun nuju ri Kêmis | wiyos dalêm găngsa munya | agêndhing srikaton pelog | undurira nyai lurah | salendro kang tinatap | kondur dalêm nora [no...]

--- 3: 27 ---

[...ra] santun | urmat munya calapita ||

36. mangkana kangjêng sang aji | lamun miyos siniwaka | ing ari Kêmis myang Sênèn | Sênèn bibar pasewakan | sri nata ngênyapura | rawuh prabayasa laju | malêbêt kamar pusaka ||

37. sampeyan dalêm nglayoni | sêkar ukuping pusaka | jêng kyai agêng pêpundhèn | dene malême Salasa | apan sampun winarna | kalênengan dunungipun | wontên ing Sanapracima ||

38. siyange malih mriksani | sêrat-sêrat palapuran | lamun dina malêm Rêbo | lêlangên dalêm ringgitan | purwa tarkadhang madya | myang gêdhog panatanipun | nèng pandhapa paran karsa ||

39. dintên Rêbo siyang malih | angasmani sêrat-sêrat | lawan badhayan sarimpèn | tuwin abdi dalêm ingkang | samyanggêbêg warăngka | wangkingan dalêm sang prabu | kang gêbêg kèhnya dwi dasa ||

40. pamapane dènnya linggih | anèng jroning prabayasa | wetaning kamar pangantèn | wangkingan dalêm punika | petang pangkat sakawan | pangkat satunggal kasêbut | jêng kyai agêng sadaya ||

41. pusaka sakèh pinundhi | ingkang para songsong gilap | dene pangkat kang kapindho | agêm dalêm padintênan | saha pusakanira | lir pangkat satunggal wau | sanggya ingkang songsong gilap ||

42. tuwin malih pangkat kalih | iyasaning para nata | ing nguni prapta samangke |

--- 3: 28 ---

tamtu iyasa wangkingan | minăngka patilasan | dera jumênêng sang prabu | gya pangkat kang kaping tiga ||

43. pusakaning narpasiwi | para bandara pangeran | myang kang kagêm padinane | samya nèng kamar pusaka | dene pangkat sakawan | wangkingan sumimpênipun | wontên kantor kridhardana ||

44. pirantos lamun sang aji | ing sawanci-wanci karsa | amaringi anggon-anggon | marang abdi myang santana | ingkang sami katingal | tumêmên mring karyanipun | tuwin minăngka sudhiyan ||

45. pêparing mring liyan nagri | panggêbêge gêgiliran | Rêbo Sêtu gênti-gêntèn | dene yèn dalu jro pura | ing wanci pukul astha | kang caos sami lumêbu | nyi tumênggung kang mariksa ||

46. anèng kori srimanganti | wusnya têlas kang lumampah | gya mantri kêparak caos | anèng jaban kori sigra | andhodhok ngapurancang | matur mring nyai tumênggung | nyaoskên lapuranira ||

47. abdi dalêm ingkang sami | caos petangnya sadaya | gunggung 400 kèhe | langkung 75 | inggih wangsulanira | tumuli kori tinutup | kang ngunci mantri kêparak ||

48. gya munya tambur lan suling | para caos sami mapan | mring ênggone dhewe-dhewe | jam 10 mangkat nganglang | kaliwon nyangking pêdhang | pangiring ting waos 3 | obor cèrèt isi toya ||

--- 3: 29 ---

49. lan prajurit tindhih opsir | maskapêne tiga wêlas | ambêkta canggah lan ganthol | mêdal ing wiwara kênya | ngubêngi jroning pura | kang nganglang mangalèr iku | mêdal ing wiwara priya ||

50. tindhihe kaptin sawiji | maskapên ugi tri wêlas | bêktane sami kemawon | panèwu gêdhong kanthinya | amandhi waos ligan | obor cèrèt nora kantun | andhahane kang ambêkta ||

51. jam 12 anganglang malih | lamun jam kalih sêkawan | kang nganglang gênti tindhihe | wadana ingkang lumampah | dene kang mring utara | mayor caos tindhihipun | kanthi panèwu kêparak ||

52. sabên dalu pra prajurit | kang caos kèndêl jam 9 | umajêng satunggal maos | Sêrat Babat ing Mataram | Babat ing Kartasura | Giyanti Babat Pêrayut | Sêrat Rama myang Wiwaha ||

53. Menak lan Asmarasupi | lan Sêrat Natacangkrama | Srimataya Srikarongron | Srikarongron jilid juga | lan jilid kalih samya | wus rampung pangikêtipun | jilid tiga dèrèng dadya ||

54. lagya ginarap puniki | siji-sijining kang sêrat | prajurit kang caos maos | mijipinilih tamtama | ngalih jam gêgiliran | ing ngarsa satroli dhudhuk | bangku alit andhap mayat ||

55. dènira maos puniki | anèng madyaning paningrat |

--- 3: 30 ---

paningrat gêgodhagane | parasdya lawan sewaka | sêkar lagu pringgitan | ulone alon alandhung | angêdhung sumèlèh lêlah ||

56. sakeca ingkang miyarsi | sabên sampun jam 4 | sawêg kèndêl pamaose | ngaso maring pacaosan | yèn wus wanci jam 5 | prajurit ngungêlkên tambur | sulinge sinêbul bantas ||

57. nèng jro kori srimanganti | sumaruwung swara sora | lir warah mring para caos | lah mara padha tangia | tatanên busananta | pirabara banjur subuh | ra-orane dèn trangginas ||

58. aja ngenak-enak guling | èngêta yèn arsa nilar | rêrêksan jroning kadhaton | kagungan dalêm gumêlar | manawa ana barang | kalong kalane ing dalu | sanadyan amung kaluwak ||

33. Pocung

1. maksih jroning wulan Bêsar nunggil taun | tanggal ping 18 | nuju dina Kêmis Lêgi | wuku Wugu tingalan dalêm sang nata ||

2. enjang wanci pukul 9 kang winuwus | jroning dhatulaya | sadaya katingal rêsik | ing sasana sewaka soring pananggap ||

3. ingkang kilèn palênggahan dalêm prabu | dhampar mas rinêngga | sasap baludru kêtangi | nama Kyai Maesadanu pusaka ||

4. karawistha kasuran cinuki êmpuk | sangarsaning dhampar | sawatawis radi têbih | dèn tatani kursi kalih kering kanan ||

5. pananggap [panangga...]

--- 3: 31 ---

[...p] kang wetan katingalan sampun | kêcohan tinata | mujur mangidul sap kalih | ngarsa wuri godhage sapalênggahan ||

6. ing paningrat salèr myang sakidulipun | sasana sewaka | kadya ngapit dèn tatani | pelog lawan salendro pradăngga nama ||

7. Kadukmanis Manisrêngga sisihipun | paningrat duksina | Suka sih myang Pamêdhar sih | sêtrik orkès nèng paningrating drawina ||

8. sêtap musik munggwèng sakiduling panggung | palataran wetan | barising para prajurit | prawiranom panganggone kadya bakdan ||

9. tindhih mayor kaptin opisir biyantu | pandhêlnya satunggal | Kyai Maesabasuki | maskapêne sikêp pêdhang lan sanjata ||

10. pungkasing kang baris lèr myang ingkang kidul | rapêt sinambungan | dadya kadya ngapit-apit | barising kang prajurit tarunakêmbang ||

11. pra prajurit jawi bêkta guwir sangkuh | kapmès anèng kiwa | iku kèhnya nêm Kumpêni | tansah tambur salomprèt lawan musikan ||

12. pandhêl nama Kiyai Maesaluhur | lan Maesadlajat | têtindhih mayor kêkalih | kanthi opsir kapitan anunggal karya ||

13. wira jagasura kang lumampah ngayun | sikêp pêdhang cêlak | tindhih mayor kaptin opsir | slomprèt tambur tinatap samarga-marga ||

14. sampun prapta ing ngalun-alun lor sagung | nulya sami mapan |

--- 3: 32 ---

nêm Kumpêni tata baris | anèng têngah pinaro arêp-arêpan ||

15. jagasura miranti panyulêtipun | mriyêm nèng lor tratag | radi mangetan sakêdhik | samana wus ing wanci pukul 10 ||

16. ing taratag rambat pan sampun supênuh | kang sami sumewa | di dalêm golongan jawi | para mantri panèwu kliwon wadana ||

17. siti agêng panumping bumi lan sèwu | kawan kabupatyan | pêpak sami tata linggih | sarêng wanci pukul 1/2 11 ||

18. kangjêng radèn adipati ingkang rawuh | sowan magêlaran | upacara atut wuri | pra sumewa basahan rasukan lugas ||

19. ing sitinggil bangsal sewayana kumpul | gandhèk kering kanan | dene bangsal srimanganti | ingkang kilèn golongan lêbêt wus pêpak ||

20. pra bupati kaliwon mantri panèwu | bêkêl lawan jajar | saanon-anone nunggil | srimanganti wetan manggalèng prawira ||

21. Kangjêng Pangran Arya Purbanagara wus | sumewa kalawan | mayor kapitan opisir | jawi lêbêt wus sami pêpak sadaya ||

22. jroning pura pra pangeran narpasunu | pangeran santana | riya ngandhap riya nginggil | myang Radèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat ||

23. sapangandhap pra lurah mantri panèwu | ordhênas pêthilan | pambêlah jru silêm carik | punakawan santana Landi ordhênas ||

--- 3: 33 ---

24. kang sumewa datan pinanjang ing catur | cêkake wus pêpak | lir sabên ri Sênèn Kêmis | sami manggèn nèng pasebane priyangga ||

25. pangkat-pangkat sagolonganira kumpul | ngarompol tan pisah | datansah para sumiwi | silastawa[6] ngêtrapakên tatakrama ||

26. nora nana kang dêksura swara sêru | sarèh ngarah-arah | ririh rêrasanira ris | wahyaning kang sabda mardawa noraga ||

27. sêmu suka sumungkêm jrih asih tuhu | ing lair trusing tyas | mring sang musthikaning bumi | naranata karilan murba misesa ||

28. sèsining rat wêwêngkon dalêm sang prabu | anjênang ngebora | myang mrih prayogi pra dasih | baya boya ambêbaya ing ubaya ||

29. ambiyantu nora keguh lêbur luluh | saking wus kawratan | ing sih palimarmèng aji | dadya suka tyas ingkang para sumewa ||

30. kapiyarsa pradăngga wiwit tinabuh | munya gêgêntenan | lèr kidul kadya sêsanti | nganti-anti mêmanising pasewakan ||

34. Dhandhanggula

1. gathita gêng ing panggung wus muni | jam 1/2 11 sang nata | miyos saking kamar gêdhe | katon kangjêng sang prabu | sampun ngrasuk busana pèni | anyamping parangrusak | klithik soga wungu | paningsêt cindhe puspita | pamatrape tinata atap tapsirih | sarèh mandhap tumundha ||

2. èpèk renda pinalisir wilis |

--- 3: 34 ---

katimang gendhong sotya barleyan | sêling mirah salèrèpe[7] | rasukan kasmir biru | biru pondhoh masêmu putih | janggan rinenda jênar | myang ujunging bau | sinêtrip mawi très renda | pinandara pinggir dèn ulat-ulati | sasada lakên rêta ||

3. bêdhahane pas tanpa ngalêngkin | rata alus adhapur atelah | kêncêng tan mèncèng kancinge | cacah pănca macucu | sacarême gênging rêtnadi | dadi èdi ing jaja | awijang sinarju | bintang-bintang rêrentengan | myang kumandhur hèndrik dhê leyo bronsuwik | krèis numpang tanggota ||

4. ngagêm grutkris pita mardapa jring | saking Cina ordhê dhubêlêndhrak | nyarempang ngering pasange | agêm dalêm panunggul | kanigara rukmi cinawi | ukêl kêling kalingan | pok paniti kupu | kêkêjêr suwiwi molah | molah-malih ujwala obah saking pir | gantêr gêtêr tar-kentar ||

5. sinăngga ing susuk kanan kering | sinung sêkaring saruni jênar | ngapit sumalêmpit mèpèt | kapipit sêrat pênyu | jram saajar ruji lit-alit | kêlèt tumancêp kêkah | anyăngga malêngkung | palintiraning kesawa | sawangane salêr tan ana kang nisih | alus tata warata ||

6. supe mirah dalima rong rakit | awangkingan winarăngka ladrang | Jêng Kyai Brêkat namane | salorok kaestha lung | lumayaning

--- 3: 35 ---

patra lan sari | rinêngga sinasotya | kandêlan mas luru | sinangling katon naleram | gilar-gilar lir kêna kinarya carmin | karsèt myang èrloji mas ||

7. agêm dalêm canela kaburdir | sampun rawuh ngajênging wiwara | wiwara ing dalêm gêdhe | laju lênggah sang prabu | alêlèmèk kasur sinari | sajroning prabayasa | cakêt lênggahipun | Jêng Ratu Pakubuwana | lan priyantun dalêm saha para putri | santana myang parêkan ||

8. manggung kêtanggung badhaya srimpi | nèng parasdya ngampil upacara | sampun lumèngsèr linggihe | marang paningrat kidul | ya ta wau kangjêng sang aji | tan dangu dènnya lênggah | anèng dalêm agung | alon miyos mring pandhapa | lampah dalêm kinurmatan munya gêndhing | srikaton kapiyarsa ||

9. găngsa nganyut-anyut dèn sindhèni | musik muni wihèlmis lagunya | bêbarungan sêtrik orkès | pra sowan awotsantun | obah urmat dènira linggih | andhodhok ngapurancang | kangjêng sang aprabu | sawusnya lênggah ing dhampar | para urmat sampun wangsul sami linggih | suwuk găngsa musikan ||

10. pra pangeran minggah mring pandhapi | ingkang raka dalêm sami lênggah | kursi kanan kering jèjèr | ing ngabyantara prabu | rayi dalêm myang narpasiwi | pangran santana riya | Radèn Mas Tumênggung | Wiryadiningrat wus minggah | sami sowan nèng jarambah ing pandhapi |

--- 3: 36 ---

soring pananggap wetan ||

11. wingking dalêm ingkang ngampil-ampil | kadya adat ri Rêspati Soma | nyai tumênggung ajune | tata mastuti matur | nglapurakên sanggya pra dasih | gêng alit sowan pêpak | laju unjukipun | nyaoskên lapuranira | wadana kang saos wontên srimanganti | angunjuki uninga ||

12. abdi dalêm Radèn Adipati | Sasradiningrat tuwin wadana | kliwon sapangandhap andhèr | wau wadananipun | ingkang caos ing srimanganti | nyuwun timbalan nata | nênggih wiyosipun | ajat dalêm jatingarang | wilujêngan tingalan dalêm puniki | pawukon pinihargya ||

13. sampun paring sasmita sang aji | ajat dalêm kinon angêtokna | munjuk sandika ature | nulya nyai tumênggung | mêdal marang ing srimanganti | ngirit sakèhing ajat | andalidir mêtu | kang ngampil pra nyai lurah | bêkêl miji ajidan sinoman èstri | gumrêdêg anèng wuntat ||

14. wus prapta nyai tumênggung nami | Sêcadipura Sêcanagara | nabda kănca kliwon gandhèk | ingkang tinujwèng wuwus | kliwon gandhèk ing kanan kering | sumaur nuwun kula | nulya sami maju | linggih kapara [kapa...]

--- 3: 37 ---

[...ra] mantêngah[8] | nyi tumênggung linggihe jèjèr bupati | andhawuhkên timbalan ||

15. sakarone andhawuhna sami | marang Radèn Adipati Sasra- | diningrat nênggih wiyose | matêdhakna sirèku | ajat jatingarang puniki | lan dongakna raharja | dalêm sang aprabu | lamun uwis dinonganan | dèn bagea saabdi dalêm kang wradin | matur nuwun sandika ||

16. nulya para èstri ingkang ngampil | ajat sampun sinèlèhkên samya | nèng têngah tinata jèjèr | mujur mangulon kêmput | gajah bangsal ing srimanganti | dene kang jêjodhangan | ing pandokokipun | nèng nataring srimangantya | kang baoni kănca galadhag cumawis | sami nèng palataran ||

17. nyi tumênggung wus wangsul umanjing | sakancane marang jroning pura | nyai tumênggung praptane | laju marêg sang prabu | munjuk dènnya mêntas tinuding | purwa madya wusana | sadaya wus konjuk | saundurira tinungka | unining drèl prajurit kang tata baris | sami nigang rambahan ||

18. sarampungnya drèling pra prajurit | nuli pangunjukan dalêm wedang | lumadi mawi tebangkèt | mring ngarsa dalêm prabu | sampun ngunjuk kangjêng sang aji | miwah para pangeran | samyandhèrèk ngunjuk | kang nèng sasana

--- 3: 38 ---

sewaka | sawusira paring dhawuh sri bupati | pradăngga kinon munya ||

19. gêndhing sriwidada sampun wiwit | pathêt barang sakeca pinyarsa | wuwusên kaliwon gandhèk | duk wau tampi dhawuh | wusnya sigra cucul kulambi | akalung samir renda | alon mangkat mêtu | marang ing paseban jaba | kang anyupit panèwu gandhèk kêkalih | lir adat cundakendra ||

20. ajat jatingarang atut wuri | miwah ajat kang winot ing jodhang | umiring lampahing gandhèk | lakune tata urut | têlas ajat ingkang nyambêti | para bupati lawan | kaliwon panèwu | mantri lurah bêkêl jajar | gumarudug sami marang păncaniti | duta kang anèng ngarsa ||

21. awiraga lumaksana aris | kinurmatan unining pradăngga | kodhokngorèk panatane | nèng bangsal angun-angun | ingkang nabuh niyaga kering | agêndhing kêmbangtiba | swaranira umyung | saking ricikaning găngsa | raras pelog amung gêndère tan nunggil | salendro rarasira ||

22. piniyarsa lir sulayèng nguni | lamun tibèng gong tumbuk rarasnya | aruntut tarkadhang gèsèh | kadya canthoka lugu | munya ngorèk katiban riris | ribut ribêt rêbutan | sora theyot thèblung | ngambang kinêmbong we suka | cundakendra wus prapta ing păncaniti | ngarsèng sang mantrimuka ||

23. alon dhawuhkên timbalan [ti...]

--- 3: 39 ---

[...mbalan] aji | kadya kang wus kasêbut ing ngarsa | kang antuk dhawuh sabdane | sandika aturipun | cundakendra tumuli bali | marang ing srimangantya | mêlingakên sampun | nyi tumênggung linapuran | wigatining dhawuh dalêm jêng sang aji | sadaya wus katampan ||

24. amangsuli păncaniti malih | saungkuring gandhèk kang dinuta | ajat dalêm sadayane | tinata ngarsanipun | kangjêng risang anindyamantri | sarampunging panata | alon paring dhawuh | marang abdi kapatihan | dèn utus mring masjid Agêng animbali | radèn pangulu lawan ||

25. sakancane sumiwia maring | păncaniti wusnya tămpa dhawah | inggih sandika ature | mangkat radèn pangulu | nêngna ingkang lagya lumaris | mangsuli pagêlaran | nênggih pra tumênggung | golongan jro sapangandhap | tata sowan nèng ngajêng bangsal pangrawit | thèrèk mujur mangetan ||

26. majêng mangalèr dènira linggih | sawetane kapara ing wuntat | nyambungi kaliwon gawe | saanon-anonipun | wingking kănca panèwu mantri | kilèn wetaning bangsal | pangrawit supênuh | păncaniti pra sumewa | kadya sêkar sataman amănca warni | mijilkên gănda ngambar ||

35. Mijil

1. gya prajurit ingkang tata baris | wetan miwah kulon | dèn abani tumuli muni drèl | tigang rambahan [ra...]

--- 3: 40 ---

[...mbahan] ing kanan kering | mariyêm ngêgongi | kaping 23 ||

2. munya dhang-dhêng kukuse umijil | sumênthot gumolong | pêluk mulêg kasusul wurine | saya pêtêng ing ngarsa tan kèksi | anggêmbulêng putih | tan pêdhot lir pêdhut ||

3. swara sêru sumèntêg[9] mring ati | notog lir dhinodhog | dhag-dhêg tan mandhêg pindha balêdhèg | judhêg dhrêdhêg kang tipisan ati | sabên dhêng anjondhil | nêtêpake kuluk ||

4. kaya owah rasane katawis | kêndho arsa copot | saking sruning mariyêm unine | gawe kagèt angobahkên dhiri | dhirine pribadi | ingkang jumbul-jumbul ||

5. jroning munya mariyêm tumuli | katon saking kulon | dyan pangulu tapsir anom sarèh | lumaksana ing solah katawis | (taqwa)[10] takwa maring Widhi | miwah kang tut pungkur ||

6. kliwon juru suranata tuwin | katip sapangisor | lawan pangulu ing kadipatèn | lurah kaji pra mêthakan sami | praptèng păncaniti | pan lagyarsa lungguh ||

7. gya katungka ing pangandikaris | rada mengo ngulon | kangjêng radèn dipati sabdane | uluk salam mring kang lagya prapti | sarêngan mangsuli | ngalekum salamu ||

8. nuli tata dènira sumiwi | sami manggèn kulon | majêng ngetan wingking klèrèhane | mujur ngidul thèrèk linggih lampit | basahan kulambi |

--- 3: 41 ---

sikêpan gêng jamus ||

9. dyan pangulu sêrbanira putih | adu mancung wiron | anjêbèbèh ing wuri ngalèwèr | saliyane sami dulban putih | kêthu binalodir | gim mas kaestha lung ||

10. punakawan rêcaci ngladèni | laku dhodhok alon | maringakên kintunan wedang tèh | munggwèng bèri salaka kang cangkir | paring dalêm Gusti | Jêng Ratu Pambayun ||

11. sampun katur mring jêng nindyamantri | myang wadana kliwon | dyan pangulu wrata sakancane | kawuwusa mariyêm kang muni | ing petang wus prapti | jangkêp 23 ||

12. tambur jagasura kapiyarsi | munya lir cariyos | sampun têlas samangke ungêle | pan mangkana jêng radyan dipati | panggalih nampèni | mring têngara wau ||

13. nuli ngasta sap asta kang wangi | kumalawe alon | iku paring sasmita têgêse | găngsa kodhokngorèk ingkang muni | ana ing sitinggil | dhinawuhan suwuk ||

14. matur nuwun sandika wotsari | dènira andhodhok | kilèn bangsal pangrawit ênggone | iku kabayan niyaga kalih | sigra mangkat maring | bangsal angun-angun ||

15. sapraptane andhawuhkên angling | santak tan tumpangso | dhawuh dalêm găngsa kodhokngorèk | dikakake suwuk aywa muni | lurah niyagaris | sandika turipun ||

16. laju sêsêg găngsa tan sarênti |

--- 3: 42 ---

tigang gong gya kêndho | saya tambah tamban iramane | kêndhang gêndhung kaping pat tumuli | dhung dhah dhung dhah dhung wis | pungkasan gong suwuk ||

17. saungkurnya wau kang tinuding | pra prajurit bodhol | saking papan ing pabarisane | srigak cakrak lakune pinardi | tumindaking sikil | manut musik tambur ||

18. sampun prapta jroning păncaniti | wetan lor myang kulon | kaèbêkan prajurit barise | mubêng turut pinggir rangkêp kalih | dèn abani rois (rust)[11] | lèrèn sadaya wus ||

19. slomprèt munya kadya marentahi | awora lan mayor | para kaptin opisir polêntèr | wusnya nglêmpak tumuli mangarsi | anèng kilèn sami | kapara mangidul ||

20. kananira jêng sang nindyamantri | ngarompol nèng kono | pusisi sung urmat sluwir kabèh | amangsuli jêng radyan dipati | astane saluwir | lan sumèh ing sêmu ||

21. sêmu nuwun polêntèr opisir | kaptin lawan mayor | dèn ladosi wedang pakintune | Gusti Jêng Ratu Pambayun asih | mring para mastuti | ing kangjêng sang prabu ||

22. wus tanpa swara ing păncaniti | mênêng sabawèng wong | sidhêm prêmanêm antêng linggihe | ya ta wau jêng radyan dipati | mingsêt angewahi | ing pilênggahipun ||

23. ngodot udaya nujwèng pangèksi | angandika alon | mring dyan pangulu andhawuhake |

--- 3: 43 ---

ajat dalêm kinon andongani | aturira aris | risang tampi dhawuh ||

24. nuwun inggih sandika tumuli | angadêg tan adoh | saking prênahing palinggihane | majêng mangetan sampun miwiti | nêbut asmèng Widhi | kang murah sih tuhu ||

25. salajênge andonga mêmuji | mring Hyang Maha Manon | lan Jêng Nabi Mustapa wiyose | langkung panjang donga warni-warni | tan sêru tan ririh | wahyaning piwuwus ||

26. rahab ingkang sami angamini | golong tumalawong | gumarênggêng asarêng swarane | ambal-ambalan lir dên abani | astanira kalih | mandhung gathuk ngathung ||

27. sirah tumungkul mandêng dariji | katonton ing batos | yèn mangayubagya ing dongane | mugi Gusti Allah Maha Sukci | nglilanana maring | panuwun rahayu ||

28. wilujêng dalêm lumèbèr maring | garwa putra katong | wadyabala praja saisine | ya ta wau ingkang dèn amini | samana dumugi | ing pandonganipun ||

29. wus ubêkan arobbil karobbil | ngizati swara lon | ya sipuna wasalamu manèh | iku ngalal mursalina tuwin | walkamdulillahi | robbil ngalaminu ||

30. wus dumugi dènirandongani | nuli wangsul alon | dyan pangulu mring palinggihane | sarêng sampun kèndêl sawatawis | jèng radyan dipati |

--- 3: 44 ---

anujwèng pandulu ||

31. mengo manganan asta saluwir | mayor sapangisor | amaluya urmat sadayane | tangan ingkang têngên anjêpiping | anumpang ing kuping | jêjêg adêgipun ||

32. nulya sami mundur wangsul maring | ênggoning wêwêngkon | pabarisanira dhewe-dhewe | wus mangkana jêng sang nindyamantri | uluk salam malih | mring radèn pangulu ||

33. ngalaekum salam dènirangling | risang tapsir anom | sakancane sarêngan swarane | anoraga andhêku ngurmati | sawusnya kadyèki | nuli sami mundur ||

34. sêsarêngan lan para bupati | kang golongan jêro | sapangisor bali pasebane | marang jroning bangsal srimanganti | wuri pra prajurit | lumaku mangidul ||

35. mêdal sitinggil dènnya lumaris | jèjèr loro-loro | dèn abani ngiwa manêngêne | tata urut ing samargi-margi | musik tansah muni | myang salomprèt tambur ||

36. laju tata baris jroning puri | nèng lor mujur ngulon | wetan nêkuk mangidul barise | wusnya nglêmpak prajurit jro jawi | palataran puri | ya ta nyi tumênggung ||

37. ngabyantara ing jêng narapati | alon awotsinom | ngunjukakên plapuraning gandhèk | dera wus andhawuhakên maring | risang nindyamantri | wau ta sang prabu ||

38. gya jumênêng saking dhampar

--- 3: 45 ---

rukmi | jêngkar jêng sang katong | kondur maring jroning dalêm gêdhe | pra sumewa kang anèng pandhapi | sigra mandhap maring | nataring kadhatun ||

39. para raka dalêm angurmati | jumênêng kemawon | saliyane ngapurancang kabèh | găngsa munya calapita ngrangin | sêtrik orkès musik | wilhèlmis ambarung ||

40. sri narendra wus datan kaèksi | wingking maksih katon | ingkang ngampil-ampil sadayane | upacara dalêm atut wuri | andhèrèk umanjing | maring dalêm agung ||

41. sapêngkêr dalêm kangjêng sang aji | para sowan bodhol | agêng alit sami mundur kabèh | wus bibaran kang sumiwèng puri | myang ing păncaniti | ugi sami mundur ||

42. sowang-sowangan pra sami mulih | katon jro kadhaton | sampun rinêsikan sadayane | dening para amajibi kardi | kang tuwa sêtiti | anom bangun turut ||

36. Sinom

1. mangsuli caritanira | sadurunge ri puniki | sampeyan dalêm sang nata | wus paring dhawuh manawi | sabibaring tinangkil | tingalan pawukon wau | têdhak mring Ngèksipurna | lawan kangjêng pramèswari | wiyos dalêm amung kalihan lancaran ||

2. putra santana myang wadya | kang andhèrèk mung sakêdhik | wau ta ingkang winarna | maksih dintên Kêmis Lêgi | crita kinarya gênti | ing wanci enjing jam 8 | pra abdi

--- 3: 46 ---

dalêm ingkang | badhe andhèrèk sang aji | kering kanan panèwu mantri kêparak ||

3. iku kèhnya salawe prah | têtindhih panèwu siji | klanthungan kulambi abang | wus sami malêbèng puri | sudhiya jroning kori | ing talangpatèn puniku | sami nyadhong ampilan | tan watawis dangu mijil | gantya-gantya nampèni ampilanira ||

4. sêtiti dènnya pasrahan | waos pegon kang dèn ampil | Kangjêng Kyai Kartaarja | tlêmpak Panji Singasari | towok Kyai Pangrawit | Kyai Macan limpungipun | sabêt Kyai Pracăndha | tamèng alit wêngku rukmi | lawan Kyai Wijayadanu sanjata ||

5. sanjata bumon satunggal | sapirantinya tan kari | sawuse tampan-tinampan | sigra mangkat ngrumiyini | nuli para prajurit | jayèngastra 40 | tindhih ritmèstêr nama | Dyan Mas Panji Arsèngsari | kanthi Dyan Mas Panji Jayèngrêsmi lawan ||

6. Dyan Mas Panji Jayèngtilam | ajidan ondêr opisir | sapangandhap kawan dasa | langkung wolu sami nunggil | ingkang minăngka tindhih | mayor radèn mas sinêbut | Arya Găndawinata | myang litnan kolonèl ngirit | nama Dyan Mas Ariya Priyawinata ||

7. ing lampah kinon rumêksa | wanita badhaya srimpi | miwah pra kênya puspita | kamisêpuh lurah èstri | sakawan sami [sa...]

--- 3: 47 ---

[...mi] jagi | kliwon pangrêmbe tut pungkur | Dyan Mas Ngabèi Yasa- | dipura kaliwon malih | kadipatèn Dyan Bèi Wignyadipura ||

8. myang Ngabèi Kartapraja | kalawan panèwu carik | Ngabèi Sastraukara | katiga dhoktêr Ngabèi | Wăngsausada tuwin | sakawanira sinêbut | nama Ngabèi Suta- | kusuma lawan Ngabèi | Sandilata Ngabèi Suryamargasa ||

9. Ngabèi Jagasumarta | panganggone kadya kang wis | adat sami kalanthungan | kulambi atelah wilis | datan pae Ngabèi | Mangunsukatga kabyantu | pra punakawan puspan | sudhiya karsaning gusti | punakawan santana cacahe 9 ||

10. dene di dalêm ordhênas | amung ingkang nyăngga kardi | Ngabèi Atmakesawa | ordhênas wirèng Ngabèi | Atmasiswara tuwin | ordhênas myang lurahipun | golongan marduyatnya | lan kridhawaya nyawiji | mantri rêksa sugata ambêkta kănca ||

11. bêbaune kadi adat | anèng pasanggrahan ngrukti | dhahar dalêm sri narendra | miwah marang kang umiring | cadhong-cadhongan bukti | Rêksasugata kang angsung | malih mantri pambêlah | ingkang andhèrèk Ngabèi | Prawiragiyota kancane tut wuntat ||

12. abdi dalêm kalawija | pun jangkung ingkang tut wuri | mêtêngan alit sadaya | kang tuwa bêkêle nami | Atma tan [ta...]

--- 3: 48 ---

[...n] priksa tuwin | tan miyat lawan tan dulu | tan soca datan wruha | tan liring badhur myang amin | bêkêl karya widarta momong mêtêngan ||

13. gawa gitar lawan trêbang | sadaya ingkang winarni | wus prapta ngajêng kantor bang | gya numpak kreta tram wanci | jam 9 ngrumiyini | marang Ngèksipurna iku | kareta sampun mangkat | datan winursitèng margi | enggal ingkang carita wus sami prapta ||

14. gantya ingkang kacarita | nênggih sajêroning puri | sabibaring pasewakan | watawis satêngah siji | ingkang badhe umiring | wus sami sowan lumêbu | Kangjêng Pangeran Arya | Kusumayuda utawi | Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ||

15. Pangeran Arya Mataram | kliwon Radèn Mas Ngabèi | Purwadipura anunggal | kaliwon Radèn Ngabèi | Mangkudipura cawis | anongsong kangjêng sang prabu | Dyan Mas Ngabèi Patma- | dipura sami sumiwi | anèng kori talangpatèn wus sudhiya ||

16. titihan dalêm sang nata | kreta motor otomobil | Kiyai Wimanasara | Tuwan Isman ingkang nyupir | pangiringira sami | cumawis sasopiripun | Walănda miwah Jawa | sakênèke wus miranti | anyêlaki kreta kawajibanira ||

17. ya ta kangjêng sri narendra | lawan kangjêng pramèswari | sawusnya santun busana | anyamping dhêsthar sinawit | apantês ngagêm topi |

--- 3: 49 ---

naman panama setalus | rasukan jas atelah | mohèr kulawu mantêsi | pinasangan plag bintang pran yosèp sotya ||

18. lan bintang bronsuwik ngandhap | rineka ridêr pita brit | sangsangan kancana cêlak | pungkase kaestha paksi | mêgar buntut suwiwi | sirah manglung cucuk nucuk | barleyan manik arja | sawohing pête pinalih | kanthil-kanthil tiba madyaning pranaja ||

19. wangkingan nora katingal | nèng jroning rasukan wingking | Kangjêng Kyai Agêng Janglat | warăngka gayaman pèni | dene kang anèng jawi | wangkingan dalêm kadulu | ugi răngka gayaman | sumangsang sarempang ngering | Kangjêng Kyai Sihtan Katêr kang iyasa ||

20. Jêng Sultan Agung Anyakra- | kusuma natèng Matawis | kacarita duk iyasa | nênggih wangkingan puniki | sri nata mundhut saking | tosan umpak sakanipun | dhomas bale kancana | kadhaton sajroning tasik | Kangjêng Ratu Kidul ya Rêtna Suweda ||

21. ngagêm pansus carma krêsna | ing jro kaos sutra abrit | mangkana kangjêng sang nata | miyos saking sasanadi | laju têdhak anitih | kareta motor puniku | kang dhèrèk sami mapan | mring kreta motor pangiring | ingkang nunggil sakreta lan jêng sri nata ||

22. kangjêng sang narpadayita | Gusti Kusinah bak ngarsi | Dyan Ayu Rêtna Purnama |

--- 3: 50 ---

lan Radèn Sumarnarukmi | ngampil sabêt kiyai | panji balongsong mas sêpuh | kang ngampil songsong gilap | kaliwon ordhênas nami | Dyan Ngabèi Mangkudipura kusiran ||

23. titihan dalêm sang nata | wingking ginarbyêg tan têbih | dening ordhênas sakawan | sami anumpak turanggi | bilih mangke dumugi | watês kitha kinon wangsul | tan laju lumaksana | benjang yyan kondur sang aji | amêthuka kadya nalikane têdhak ||

24. motor titihan narendra | lumaksana anèng ngarsi | tumuli karetanira | kang andhèrèk para putri | lumampah urut margi | wiyos dalêm jêng sang prabu | para prajurit jaga | ngurmati prèsêntir guwir | tambur slomprèt munya lir muji raharja ||

25. ing alun-alun nguntara | ngancas mangilèn sakêdhik | ngilèn anjog galedhegan | slompretan têrus lumaris | tansah samargi-margi | ingkang kalangkungan iku | pra janma èstri priya | urmat andhodhok mastuti | padha suka miyat kangjêng sri narendra ||

26. kadya sêdya nututana | wêgah rikate kêpati | kareta motor lir kilat | ingkang andhèrèk puniki | bakayu dalêm aji | nênggih Gusti Radèn Ayu | Purwadiningrat wrêda | priyantun dalêm winarni | Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah ||

27. angampil kothak wangkingan | isi têtiga kang nami | Jêng Kiyai

--- 3: 51 ---

Sètubănda | iyasan dalêm suwargi | kaping 9 sang aji | dene ta kêkalihipun | wangkingan ingkang nama | Jêng Kyai Maesalungit | yasan dalêm kang jumênêng sapunika ||

28. katiga golok pusaka | Jêng Kyai Panthêlêng nami | malih kang dhèrèk winarna | Dyan Ayu Puspitarukmi | Dyan Ayu Citrarukmi | Dyan Asmararukmi iku | lawan Radèn Susila- | rukmi Radèn Rênggarukmi | Dyan Kiranarukmi malih winursita ||

29. pulunan dalêm sang nata | nama Dyan Ajêng Mulyadi | lawan Dyan Ajêng Kapsinah | malih Dyan Ajêng Kayati | munggwèng kareta sami | para pandhèrèk kang kakung | wau kang wus winarna | lir adat sami majibi | siji-siji pinandum munggwèng kusiran ||

30. anglangkungi ing Kêmlayan | Pêkên Pon nêkuk mangering | mangilèn kampung Timuran | Sriwadari Purwasari | titihan radi rindhik | di dalêm ordhênas catur | wau kang anèng wuntat | wus kèndêl nora tut wuri | anêtêpi ing dhawuh kono wangsula ||

31. titihan dalêm sang nata | trus ngilèn kadya jêmparing | duk pêsat saking gandhewa | tan bisa suwe kaèksi | sumiyut mawa angin | andalêdêg kang balêdug | mulêg angampak-ampak | ngêbaki ambaning margi | anyuwara gumrênggêng anggêrêng sora ||

32. wênèh têngaraning kreta | lir ambêngok elik-elik | ana kug-kug gog-gog bantas | kadya salomprèt [salo...]

--- 3: 52 ---

[...mprèt] kapyarsi | ing dhusun Boga prapti | Kaleca Banaran têrus | Gêmbongan Kartasura | Wiracanan kidul margi | Mandonarja Ngasêm Bangak Banyudana ||

33. mangilèn sangsaya rikat | praptèng kêbon tutup nuli | mangidul gya dhusun Taman | Loji Bantulan nglangkungi | karêtêg alit maksih | ing lampah têrus mangidul | nanging wus rada tamban | têngarèng kareta muni | gog-gog dhot-dhot tot tit tot tèt swara sora ||

34. kapyarsa pra kawulendra | wau ingkang ngrumiyini | laju sebèng pasanggrahan | gita-gita angurmati | rawuh dalêm sang aji | titihan dalêm anjujug | munggwèng têngah plataran | plataran ngajêng pandhapi | pandhapining pasanggrahan Ngèksipurna ||

35. wus mandhap kangjêng sang nata | tansah kangjêng pramèswari | ing wuri urut-urutan | kareta nora lumaris | sadaya ingkang nitih | wus mandhap garêbyêg pungkur | ing kangjêng sri narendra | miwah kangjêng sriyodati | wus malêbêt jroning dalêm pasanggrahan ||

36. kalamun miyos pêpara | sampeyan dalêm sang aji | tan pae lan nèng jro pura | pasudhiyan sarwa-sarwi | datan winarnèng tulis | kamulyaning naraprabu | wanci jam 2 siyang | alênggah dhahar sang aji | bibar dhahar Jêng Pangran Arya Mataram ||

37. kinon wangsul marang praja | anitih motor wus prapti |

--- 3: 53 ---

ing nagari winuwusa | sarêng wanci pukul katri | kang sami dèn dhawuhi | marang Ngèksipurna nusul | Kangjêng Pangeran Arya | Purbanagara lan malih | Dyan Mas Arya Suryadiningrat sagarwa ||

38. lan kaliwon gandhèk kiwa | nama Radèn Mas Ngabèi | Jayadarsana dèn patah | ngampil waos Kangjêng Kyai | Agêng Mesakumali | tansah lan panongsongipun | sarencangnya wus prapta | ngajêng kantor bang gya nitih | kareta tram mangkat têngarane munya ||

39. nèng marga tan winursita | ing lampah sampun dumugi | pakèndêlan Banyudana | jawah dêrêse kêpati | sumawur mawor angin | nêmpuh wiwitan sumiyut | pang ebah mandhap minggah | molak-malik nganan ngering | rondhonira kadyarsa pisah saking pang ||

40. kewran kang nèng jroning kreta | saking dêrêse kang riris | katêksa nêmpuh mangandhap | jawah tinarajang nuli | santun sami anitih | kareta motor puniku | paring dalêm pêthukan | saking Ngèksipurna Pêngging | sampun mapan kreta sigra lumaksana ||

41. enggal prapta pasanggrahan | wau towok kangjêng kyai | dèn tampèni nyai lurah | alon binakta umanjing | mring dalêm dèn simpêni | nèng kamar tumlawong sampun | ya ta kang lagya prapta | ngaso mring pondhokan sami | iku wanci satêngah nêm winatara ||

--- 3: 54 ---

42. rêspati sore Hyang Surya | sorot sumirate lirip | lumarap mring antariksa | sasamèng imèsmu kuning | kênèng ujwalèng rawi | nora cèndhèk candhikayu | yayah mêmayu ing rat | rat karakêtan padha sih | asih miyat antarèng wêngi lan rina ||

43. rêna rinasa ing driya | angenggar-enggar lumaris | arka wus anjaladiyan | siyange mèh gantya ratri | santri jalu lan èstri | salat barjamangah kumpul | nèng masjid Ciptamulya | pradikan ingkang ngimami | wêktu mahrip kongsi prapta wêktu ngisa ||

44. arame puji-pujian | andonga sukuring Widhi | dene masjid Ngèksipurna | suci ngrêsêbake ati | ayêm têntrêm ngabêkti | ngêntosi criyos ingkang wus | tinamtu benjang-enjang | sampeyan dalêm sang aji | miyos marang masjid sêmbahyang Jumungah ||

45. pasanggrahan winursita | wus pêpak para sumiwi | manggon ing sapangkat-pangkat | jam 9 sri narapati | miyos lênggah pandhapi | pangagêman dalêm prabu | nyamping lawan rasukan | jubah myang kotang sinawit | dhasar wilis sêmbagi satêngah sutra ||

46. paningsêt sêkaran enggal | siwalan copot mrak-ati | têngah wungu sèrèt seta | amubêng têpung lir têpi | sawit lawan ing nginggil | dhêsthar cakraman winangun | rikma mardu mardawa | sadawane pinalintir | gya ingukêl kondhe

--- 3: 55 ---

kêkêndhon tan wudhar ||

47. cathokan pal mur rinêngga | kancana têngah tinitih | sotya lir baskara mimba | canela carma prakêntin | sampun lênggah ing kursi | ampilan dalêm tut pungkur | nênggih dalu punika | botên lêlangên sang aji | mung siniwi putra santana myang wadya ||

48. sarêng wanci jam 11 | nyi lurah ngabyantaraji | alon ngunjuki uninga | dhahar dalêm wus rumanti | lir adat turiraris | rampung lapur nuli mundur | pasudhiyaning dhahar | wontên ing pandhapa wingking | kănca rêksa sugata migati karya ||

49. sarêng pukul kalih sêlas[12] | jumênêng saking pandhapi | sri narendra lênggah dhahar | lawan kangjêng pramèswari | tuwin pra narpasiwi | bandara pangeran iku | Arya Purbanagara | andhèrèk dhahar sang aji | lan Radèn Mas Ariya Priyawinata ||

50. mantu dalêm Dyan Mas Arya | Suryadiningrat tan kari | pikantuk dènira dhahar | dene ingkang angladosi | pra nyai lurah kanthi | kênya puspita wus baut | ngladèni sarwa cikat | cekat-cèkêt tur têrampil | wruh ing măngsakala aju myang undurnya ||

51. ambêng miwah pangunjukan | srêbèt sendhok lading cukit | sampeyan dalêm sang nata | saha kangjêng pramèswari | puniku kang ngladosi | priyantun dalêm nèm sêpuh | tansah sudhiya karsa | dalêm kangjêng sri bupati | wus dumugi sadaya dènira dhahar ||

--- 3: 56 ---

52. samana sampun bibaran | sanggyaning para sumiwi | ngaso marang pamondhokan | sowang-sowangan lumaris | kantun kang sami jagi | munggwèng pasanggrahan iku | sira Radèn Mas Arya | Priyawinata lan malih | ran Radèn Mas Ngabèi Purwadipura ||

53. tuwin Dyan Ngabèi Wignya- | dipura nunggil sapanti | samya mapan nèng pandhapa | kalawan panèwu mantri | kaparak tuwin mantri | panèwu pangrêmbe iku | ing trantang wanasida | kêtaon lan kêmbang lampir | myang prajurit kanthi pra pulisi jaga ||

37. Kinanthi

1. datan winarna ing dalu | samana wus bangun enjing | ing purwa katon sêmu bang | prabaning Hyang Bagaspati | sumirat ing antariksa | arsa amadhangi bumi ||

2. kapyarsa sata kaluruk | mêlung mêlingi lir angling | kang guling padha tangia | gugup pra santri jalwèstri | gregah tan wêgah lumampah | marang umbul ngambil warih ||

3. kasusu sêsuci wulu | nuli salat maring masjid | imame kang anèng ngarsa | sawuse rampung mêmuji | wiwit dikir napi isbat | gela-gelo nganan ngering ||

4. wus 100 andonga rajuk | sabanjure dèn amini | dening para santri kathah | gya bakda pra sami mulih | Hyang Surya wus kawistara | lagya katingal sapalih ||

5. kadya manguk inguk-inguk | ngungak para brêtyapati | kang samya nèng pamondhokan | sadaya wus sami

--- 3: 57 ---

tangi | lênggah ngambèn ngunjuk wedang | nyamikan roti rong iris ||

6. ngadhêp punakawanipun | salong sami nyambutkardi | tata-tata padandosan | bandaranira ningali | èrloji wus pukul sapta | langkung tigang dasa mênit ||

7. nulya wiwit dandos sagung | kang nèng pamondhokan sami | wus rampung sadayanira | tumuli mangkat sumiwi | sami marang pasanggrahan | abdi dalêm agêng alit ||

8. sapangkat-pangkat ngalumpuk | golonganira pribadi | nora cawuh nèng paseban | ya ta ingkang dèn dhawuhi | anusul dina Jumungah | angkate saking nagari ||

9. anitih motor duk wau | samangke wus sami prapti | Kangjêng Pangeran Ariya | Mlayakusuma nyarêngi | Jêng Pangran Arya Mataram | saha putri narpasiwi ||

10. yèku Gusti Radèn Ayu | Purwadiningrat sarimbit | lan garwa Radèn Mas Arya | Purwadiningrat tan kari | puniku nunggil sakreta | tuwin kreta motor malih ||

11. dèn tumpaki dyan pangulu | tapsir anom ngrumiyini | marang masjid Ciptamulya | nora laju mring pandhapi | malih ingkang sampun prapta | irstê litnan Dyan Mas Panji ||

12. Jayèngwidagda puniku | angkate numpak tram enjing | myang wahmèstêr sapangandhap | kalih wêlas laju nunggil | lan prajurit jayèngastra | kang sampun sami sumiwi ||

13. malih kang nusul winuwus | ugi

--- 3: 58 ---

anumpak tram enjing | kêtip Dyan Sumêmi lawan | ngulami miwah muadim | sapraptaning Ngèksipurna | laju anjujug ing masjid ||

14. wus kêbak kang badhe makmum | jro masjid dumugi srambi | lumèbèr mring palataran | dhêdhêsêkan dènnya linggih | tanpa sêla adu pundhak | nèng pawèstrèn santri èstri ||

15. ting kêndhuruk nganggo rukuh | tan rikuh sakèhing santri | jungkal-jungkêl salat sunat | salat parlu anyauri | kala subuh luhur ngasar | mahrib ngisa salah siji ||

16. saya awan saya wuwuh | kang padha têka nèng masjid | sumêdya angalap barkah | barkah dalêm jêng sang aji | derarsa miyos Jumungah | samana pan sampun wanci ||

17. pukul 11 winuwus | sanggyaning kang para putri | priyantun dalêm nèm wrêda | saha kangjêng pramèswari | sadaya sampun samapta | lênggah ing dalêm sumiwi ||

18. nèng jawi parêkan ngumpul | wau ta kangjêng sang aji | sasampunira busana | umiyos marang pandhapi | urmat pra sumewa miyat | amangagêm cara kaji ||

19. arasukan jubah landhung | sutra sêkar dhasar kuning | komplit kotang sadariyah | ing têpi têpung kinurcis | bênang wilis sinulaman | lêmês ngrukêt rêngkêt rakit ||

20. pating palunthêr nyakênthung | ing jro rinangkêpan malih | baju badan gamis seta | paningsêt wungu kêmrunggi | nyangkêlit golok [golo...]

--- 3: 59 ---

[...k] suwasa | Jêng Kyai Panthêlêng nami ||

21. dulban kasmir ijêm pupus | lapisan tata tapsirih | rinèh kang kanan sap minggah | tundha mangandhap kang kering | megos katon inggil kiwa | ngarsa adu mancung lincip ||

22. akêthu baludru wungu | tarak binalodir ing gim | barintik kêlêm myang gilap | cêtha cêcithakan mathis | hurub Arab asma Allah | Mukammad rasullullahi ||

23. pranaja dalêm kadulu | dumilah kapering kering | kinurung karangan bintang | rêrentengan alit-alit | lan grutkris krus ordhê Siyam | numpang widhangan mangering ||

24. pita biru ombak banyu | pungkase sinungan krèis | kadya sêkar adhaliyah | tinarètès sêsotyadi | ing madya rukmi tinatah | estha makutha narpati ||

25. kaos alus biru laut | ngagêm sêpatu tarincing | carma cêmêng gamêng gilap | sumêlap potlèt tumitih | sotya êmbanan salaka | ngasta tungkat pênthol rukmi ||

26. maksih jumênêng sang prabu | munggwèng madyaning pandhapi | kang lênggah ing dalêm mêdal | ya ta sanggyaning pra dasih | gêng alit tata jajaran | myang kang ngurung ngapit-apit ||

27. lumaku urut lumajur | mujur tan bênjar lir ruji | pra prajurit jayèngastra | opsir ritmèstêr ngabani | ingkang mêmatah parentah | kêndho kêncênging lumaris ||

28. miwah aju unduripun | ing têngah panèwu mantri | samya

--- 3: 60 ---

ngampil upacara | kaliwon mayor bupati | litnan kolonèl pangeran | santana myang narpasiwi ||

29. dragundêr kathahnya 8 | bragêdhir dhèrèk jajari | nêm ing ngarsa kalih wuntat | sami mangangge klintêni | sikêp pêdhange liniga | biyantu rumêksèng gusti ||

30. panatanira wus rampung | ingkang sami anjajari | alon têdhak sri narendra | wus mandhap saking pandhapi | tansah jêng narpadayita | sakalihan dèn songsongi ||

31. sawingking dalêm sang prabu | gumarêdêg para putri | tumuli para parêkan | gêng alit ingkang umiring | sadaya mawi mêkêna | putih lir kontul sakêthi ||

32. karya arsayèng pandulu | sri nata lumaris aris | rawuh ing kori butulan | têrus mangalèr kang margi | edhum kayoman wit johar | ngrêmbaka ronira wilis ||

33. bêntêt satêpining lurung | kang umiyat pit-pinipit | suk-sukan rêbut nèng ngarsa | anom tuwa jalu èstri | tan ngêmungake kang cêdhak | sakiwa têngêning Pêngging ||

34. sanadyan liyaning dhusun | kang adoh-adoh ya prapti | apadene wong nagara | kang uwis krungu pawarti | lamun sri nata pêpara | rawuha ing ngêndi-êndi ||

35. banjur byuk-byukan andulu | jalu èstri sami ugi | tan ketang utang sêsêlang | panganggo sanguning margi | nadyan nikêli tinêmah | mung janji kêcukup [kêcu...]

--- 3: 61 ---

[...kup] ngarsi ||

36. ana dodol bukak warung | dagangane warni-warni | jèjèr sapinggiring marga | kang kalangkungan ngurmati | wise kapêngkêr rêrasan | pating jarawil ngling lirih ||

37. adhuh gustiku sang prabu | yèn mangagêm cara kaji | patut tan ana kuciwa | saparibawa ngêplêki | kaya sayit saka Ngarab | sarambut nora nalisir ||

38. rowange mangsuli wuwus | kulanggih sênêng kêpati | yèn priksa kangjêng sang nata | amangagêm cara kaji | angsring lajêng kula gagas | bokmanawi duk rumiyin ||

39. Jêng Sinuhun Sultan Agung | sri natèng praja Matawis | manawi miyos Jumungah | kintên kula botên têbih | lan wiyos dalêm punika | malah kados angungkuli ||

40. busanane lan kang sampun | rowange mangsuli lirih | Jêng Sultan Agung Mataram | punapa ta inggih angsring | karsa miyos Jumungahan | nolih mangsuli sru angling ||

41. kêpripun ta dika niku | Jêng Sultan Agung Matawis | narendrambêg aoliya | ulama tur ahli supi | putus ngèlmu kasampurnan | ngudi dadining dumadi ||

42. mêmanuh mênêng manêngkung | manungku pudya sêmadi | lêlambaran tapabrata | mêmati raga tanpa wis | awas ing wuwus winawas | waspada padaning kapti ||

43. kapita kapati matuh | netah satitah tan nitih | tètèh mêmatah parentah | têtêp paramarta ngadil |

--- 3: 62 ---

datansah dana pariksa | asih ing dasih kaswasih ||

44. masthi angèsthi rahayu | yya mala mulêt malilit | ngiluting tyas wicaksana | sasana sênênging galih | sapolah mring pangibadah | ngabêkti ing Maha Sukci ||

45. sampeyan dalêm sang prabu | punika makatên ugi | narpatyambêg martotama | tuman tumamèng utami | tumêmên mring laksitarja | kadarman dalêm mênuhi ||

46. nganti kawuryan sumawur | mring liyan praja ngênani | narendra ingkang kapranan | rêna sung pratandhaning sih | warni bintang kaurmatan | cihna sinihan ing Widhi ||

47. wau ta jajaran ngayun | praptèng palataran masjid | samyandhodhok ngapurancang | dyan pangulu wus nèng jawi | sakancane sami urmat | sri bupati ngandikaris ||

48. asalamungalaekum | radèn pangulu mangsuli | nêmbah wangalekum salam | kabèh kang ana ing masjid | santri jalu èstri tanggap | anut byung milu mangsuli ||

49. munjuk lir radèn pangulu | kêtib ngulami muadim | sora swarane kapyarsa | ambanon rêbah sêsanti | mundhi sabdaning narendra | anjurudêmung mêmuji ||

38. Jurudêmung

1. sampun malêbêt sang nata | marang sajêroning tasjug | anjujug kapering ngidul | sakiwaning pangimanan | sampun tinata duk wau | nèng jroning kamar wangunan | pasalatan dalêm prabu ||

2. radèn [ra...]

--- 3: 63 ---

[...dèn] pangulu wus mapan | nèng pangimanan tumungkul | sadaya kang atut pungkur | ingkang durung sami kadas | amingkis kulambi mudhun | marang ing kali lon-lonan | kopyag-kapyug sami wulu ||

3. bêning toyane lir kaca | wus rampung nuli malêbu | mring masjid tan banjur lungguh | ngadêg niyat salat sunat | sokril wului puniku | kalih rakangat sêsalam | sarampunging sukril wulu ||

4. ngadêg manèh salat sunat | tahkiyat masjid kapetung | rong rêkangat nuli lungguh | marêp mangulon sap-sapan | papak apik adu sikut | kêkêt rêngkêt tanpa bênggang | anggênggêng manggung manêngkung ||

5. wus manjêr Hyang Diwangkara | madyèng gêgana sumunu | gya muadim nabuh bêdhug | andhêrandhang angumandhang | dhang-dhêng lir mriyêm mawantu- | wantu sora swaranira | rame pra santri ambarung ||

6. sarêngan maca mukhadam | ana lirih ana sêru | ingkang wus paham mring kurup | narècès tartil pasekat | kang durung pating gêrathul | kithal lagune tan cêtha | nyunthêng balêkak-balêkuk ||

7. bêdhuge wus sinalahan | para santri ingkang umyung | maca mukhadam gumrumung | cêp cêp sakêcap tan ngucap | mênêng panabuhing bêdhug | nuli muadim lêlima | ngadêg marêp ngulon urut ||

8. anèng sangarêping mimbar | jèjèr sidhakêp kang bau | ayat-ayatan munya sru | subêkanallohi [subêkana...]

--- 3: 64 ---

[...llohi] lawan | wal kamdulillahi banjur | wa laila haillolah | huwallohu akbar laju ||

9. lawala kaola wala | kuwatta ila bil iku | lail ngalihil ngalimu | salajênge nganti prapta | salawat nabiyi rasul | nuli sami wiwit adan | dèn tutupi kupingipun ||

10. anjêlèh sakayang rambat | kalima pisan nabda sru | barêng kêdale ing kurup | sakèh kang sami miyarsa | badane antêng tumungkul | tanggap ing cipta sasmita | Allah ingkang Maha Agung ||

11. sabanjure adan prapta | nêkanana salat iku | lawan padhaa sirèku | anêkani ing kabêgjan | manèh Allah ingkang Agung | wus rampung dènira adan | gya munya inna Allahu ||

12. wamalahikatu sarta | sunatul Jumungah iku | tumuli radèn pangulu | wus angadêg salat sunat | sadayanira tan kantun | jalêr èstri sami ebah | nyat-nyat ngadêg anut ngayun ||

13. salat sunat rong rêkangat | ngakibal adani iku | malih salat sunatipun | kabêliyatal Jumungah | rong rêkangat sasalam wus | gya linggih sadaya nulya | muadim anabda sêru ||

14. he kănca-kănca sadaya | dhawuh dalêm sang aprabu | ing nalika kutbah sampun | sami [sa...]

--- 3: 65 ---

[...mi] wontên wicantênan | sadaya sumaur manuk | matur nun inggih sandika | ya ta sawusira dhawuh ||

15. marêp ngetan wetan mimbar | angadêg nyêkêl cisipun | mêrêm mêlèk myat ing dhuwur | sigra munya mangasiral | laju prapta akiripun | wus prapta ansitu tamban | myang wasmangu waatingu ||

16. lawan rakimakumullah | wacananira puniku | dèn ambali kaping 3 | wus sami mênêng sadaya | tan ana swara karungu | sasampunira mangkana | kang badhe kutbah wotsantun ||

17. andhodhok malih wotsêkar | alon mangkat mundhuk-mundhuk | ing lampah noragèng tanduk | trapsila takwa ing Suksma | tansah ngajèni mring sagung | janma ingang[13] kalintangan | iku dènira lumaku ||

18. sapraptane ngajêng mimbar | andhodhok nêmbah dumunung | konjuk ing kangjêng sang prabu | gya ngadêg kèndêl sakêdhap | modim ngêlungkên cisipun | laju minggah marang mimbar | ingkang tinutub barukut ||

19. kêlambu cinorak sêkar | palisir kinayuapu | kang minggah kutbah puniku | katib Dyan Sumêmi nama | wus anèng jro mimbar lungguh | wastra kang minăngka dwara | samangke sampun tinutup ||

20. dening muadim lan nabda | salawat nabi ping 3 | gyandonga kawil Islamu | dèn amini santri kathah | rampunge pandonganipun | ya

--- 3: 66 ---

ta kang anèng jro mimbar | angadêg dènira lungguh ||

21. nabda asalamu ngala- | ekum warahmatullahu | wabarakatuh swara sru | mangsuli ngalekum salam | sakèh kang ana ing tasjug | modim loro sigra dènnya | ngadêg marêp ngulon nutup ||

22. nutup kuping kering kanan | nuli adan nora sêru | gumarênggêng lirih luruh | nyês-nyês kang kusuk ing driya | wuse rampung nuli lungguh | kabèh tanpa paribawa | tuwanom sami tumungkul ||

39. Sinom

1. ya ta kang anèng jro mimbar | Dyan Sumêmi ngadêg malih | sru nabda alkamdulillah | alkamduliltahiladi[14] | mantawakal bisidki | sidki niyatti kapahu | dènira maca kutbah | lapile dipun maknani | têmbung Jawa cêtha kang sami miyarsa ||

2. mangkana maknaning kutbah | salam lan rahmating Widhi | kalawan barkahing Allah | muga kaparingna maring | sira kabèh puniki | lan sakèhing puji iku | konjuk ing Gusti Allah | ingkang paring cukup maring | wong kang pasrah ing Allah tyas sanityasa ||

3. kang nêdya panggihing Allah | sarana ngestokkên yêkti | marang sarengating Allah | iku bakal dèn cêdhaki | mring Allah Maha Sukci | ingsun muji mring

--- 3: 67 ---

Allahu | kang Maha Sukci lawan | kang Maha Luhur sayêkti | sarta ngaturake panuwun mring Allah ||

4. marga saka pêparingnya | ing Gusti Allah nyukupi | ingsun nêksèni têmênan | tan ana kang dèn astuti | lan sabênêre nênggih | kajaba amung puniku | Gusti Allah piyambak | nora nana kang madhani | Gusti Allah sêsêmbahan kang sanyata ||

5. ingsun tan darbe Pangeran | liyaning Allah sajati | lan ingsun nêksèni uga | têmên gustiku jêng nabi | Nabi Mukamad iki | kawulaning Allah tuhu | lan utusaning Allah | ingkang mukjijate kèksi | antaraning driji ngêtuk mêtu toya ||

6. adhuh Allah mugi tuwan | paringa rahmat sayêkti | lawan salam kaparingna | dhumatêng ing kangjêng nabi | ingkang mulya puniki | kang jumênêng rasul agung | Gusti Nabi Mukamad | saputra santana tuwin | sanggyaning kang para sakabat sadaya ||

7. sarta mugi lumèbèra | mring tiyang kang sami asih | têmên trêsna nabi kita | paringa salam kang luwih | hèh kabèh [ka...]

--- 3: 68 ---

[...bèh] para jalmi | padha wêdia sirèku | ing Allah hutangala | lan pasraha mring Hyang Widhi | samubarang kang kalakon iku têrang ||

8. atas pêpêsthèning Suksma | lan padha muriha sami | karilan sira ing Allah | kalakon sêdyamu bêcik | iku kajaba saking | parênge Gusti Allahu | lan padha ningalana | mring wong sangisormu sami | dimèn gêdhe iya ing panuwunira ||

9. dèn paringi kabungahan | ana ing donya puniki | yakti pêparinging Suksma | lan sira aja ningali | mring sadhuwurmu kaki | dènnya pinaringan iku | kabungahan ing donya | dening Allah awit saking | lamun sira ningali sadhuwurira ||

10. kang mangkono tamtu dadya | tyasira napsu lan drêngki | marakake cêcongkrahan | nyatru trakadhang nglarani | marang wong Islam kaki | lan padha wêruha lamun | têmên wong golèk donya | iku dèn aling-alingi | tan pikantuk kabungahan ing akirat ||

11. tur gone ngupaya donya | durung tamtu lamun olih |

--- 3: 69 ---

ingkang bisa padha kadya | pangarêp-arêping ati | kalawan manèh kaki | wong ingkang ngupaya iku | kabêgjan ing akerat | antuk ganjaran wit saking | anglakoni kabêcikan anèng donya ||

12. Allah mugi andadèkna | ingsun lawan sira sami | kalêbu ewoning jalma | bêgja kang santosa yakti | lan muga antuka sih | ingsun lan sira kalêbu | dumadia kawula- | ning Gusti Allah kang bêcik | ingsun ngungsi ing Allah mugi dinohna ||

13. saka panggodhaning setan | kang patut dipun balangi | kabèh kang ana ing donya | iku pasthi rusak sami | nanging sarirèng Gusti | Allah Pangeran kang Agung | lan ingkang Maha Mulya | Maha Luhur Maha Sukci | iku langgêng yakti tan kêna ing rusak ||

14. sing sapa wani angucap | angarani ana malih | Pangeran liyane Allah | iku tanpa tăndha yakti | dene timbangan pasthi | kang gêdhe lan cilik iku | ananing kaluputan | anèng astane Hyang Widhi | pra wong kapir têtêp ora olèh bêgja ||

--- 3: 70 ---

15. sira munjuka ing Allah | mangkene aturmu sami | dhuh-dhuh Pangeran kawula | mugi tuwan amaringi | ngapura sarta asih | kang awit tuwan puniku | asangêt asih marma | mring titah tuwan sayêkti | amung tuwan kang yakti sae piyambak ||

16. wau ta dènira kutbah | samana mèh praptèng akir | muadim asru manabda | salawat nabi sinêlir | sadaya kang nèng masjid | donga sakuwasanipun | nulya wau kang kutbah | andumugèkakên malih | ngling alkamdulillahi kamdan kasira ||

17. sabanjure têmbung Arab | nora ngangge dèn maknani | sambunge laju andonga | allahumapirlil mukmi- | nina wal muminati | kalawan aslih puniku | lan ahlig salamêtan | ngalaena têpak tuwin | wus prapta rabbana rabbanah pirlana ||

18. alaju dènira maca | sampurna dumugi akir | modim sigra dènnya kamat | swara sru murih kapyarsi | sagung kang anèng masjid | surambi plataran ngayun | pawèstrèn tan abeda | sampun anggraita sami | arsa salat parlu anggambuh ing Suksma ||

40. Gambuh

1. ya ta radèn pangulu | sarêng ingkang kamat sampun muwus | lapal kadê kamatisalah ping kalih | sigra ngadêg saking lungguh | anolih sabdanira lon ||

--- 3: 71 ---

2. istau lisalatu | ngadêg mangsuli kang sami makmum | ngling istakima rakimakumullahi | kang wuri anut ing ngayun | jaba jêro lanang wadon ||

3. tan ana bedanipun | sami takbir tangan ting karathung | gya tumangkêp balune[15] sidhakêp dhamis | calumak-calumik muwus | lêlirihan kaya singsot ||

4. ngadêg jêjêg tumungkul | dyan pangulu dènnya salat parlu | takbiratul ekram kasdutakrul takyin | Allahu Akbarira sru | manthêng ing batos sayêktos ||

5. nyawijèkakên kayun | nora pisan kasêlan kang dudu | amung madhêp marang Hyang kang Maha Sukci | badan lesan ati kumpul | katêlu pisan gumolong ||

6. kawêngku ing Hyang Agung | Gusti Allah langgêng ananipun | manabda bismillahirahmanirakim | gya patekahe winuwus | wuse ayat kang winaos ||

7. surat sabikis iku | tètèh irat mikraje ing kurup | sipat mahmus jaharsadid gerusadid | mattabikmat jaisipun | matlajim parlu kalakon ||

8. myang wakapwasal banjur | pamaose pêpathokan nahwu | dyan pangulu uluning para muslimin | mring pêkih usul tasawup | babing agami kinaot ||

9. dènira salat sagung | sampun prapta rêkangat kang kantun | maksih sami ngadêg ingkang kaping kalih | imam bismillahi sampun |

--- 3: 72 ---

maos patekah kapindho ||

10. wuse surat winuwus | al ataka sapiturutipun | nulya rukuk ihtidal sujud ping kalih | lungguh tahyat akiripun | salam nganan ngering alon ||

11. tan pae ingkang makmum | pratingkahe arampak kadulu | imam ngadêg kabèh milu ngadêg sami | myang rukuk ihtidal sujud | lungguh mung anut kemawon ||

12. ombyake anggarubyug | tan wruh rêmbug enggok-enggok lumbu | bêbasane rubuh gêdhang dèn lakoni | saking kumêdah ing kayun | andhèrèk nglakoni pakon ||

13. dene ngulama sagung | akèh kang sampurna salatipun | kajabane wong Islam pasthi nglakoni | rukun kang lêlima tamtu | nganggo pinatah sang katong ||

14. para ngulama iku | kawajibane muji rahayu | wruh ing kukum anêtêpi mring agami | batal karam najis mêkruh | parlu sunat wênang kamot ||

15. mangsuli kang cinatur | duk nalika wau dyan pangulu | salat parlu Jumungah kang wus winarni | kang anèng salêbêtipun | kamar wangunan kacriyos ||

16. iku kangjêng sang prabu | sampun jumênêng sêmbahyang makmum | niyat takbiratul ekram tan sarênti | sirna têlênging tyas jumbuh | kaananira Hyang Manon ||

17. kêplasing takbir kumpul | marang ing dat kang wajibul wujud | kang awujud ing dalêm dat adoh [a...]

--- 3: 73 ---

[...doh] saking | osik kumrêntêking kalbu | wus tanpa raos-rumaos ||

18. tan ana kang kadulu | amung Allahuakbar satuhu | ingkang murba misesa alam sakalir | sahir myang kabir kawêngku | sadaya nora marojol ||

19. wus dumugi sang prabu | dènira jumênêng salat parlu | nuli lênggah angasta tasbèh mêmuji | istipar salawatipun | ngaping 100 tan kaledhon ||

20. ngandêl kèndêl tuwakup | ingkuping tyas tiarda nênuwun | sanggyaning kang kalêpatanirèng dasih | antuka sih apura gung | dening kodrating Hyang Manon ||

21. tan amung marang ulun | sumrambaha mring umat sadarum | ingkang sami sadaya ulun ratoni | nagari saisinipun | karahayon praptaning don ||

22. tumungkul ngliling kayun | èngêt marang jaising Hyang Agung | gya sumarah ing karsa ririh adikir | napi isbat ping tri atus | rampung andonga ing Manon ||

23. suraos sèwu sokur | marang pasihanira Hyang Agung | agêng sangêt nikmat manpangating Widhi | lumintu mawantu-wantu | ri ratri wus tanpa pêdhot ||

24. nêngna kangjêng sang prabu | mangsuli malih radèn pangulu | sakancane kêtib ngulama muadim | pêpujianira sêru | wus tutug gya donga alon ||

--- 3: 74 ---

25. aminira gumrumung | saking kathahe santri kang makmum | para narpaputra santana myang abdi | sadaya wus sami mêtu | anèng surambi ngarompol ||

26. salong ana kang banjur | mêtu marang ing jawi kasusu | saking sampun miyarsa salomprèt muni | bantêr swarane rinungu | apèl wus rambah ping pindho ||

27. sami graitèng kalbu | tata-tata jajaran lir wau | pra prajurit sudhiya nèng pinggir margi | miwah ing sadayanipun | tinata kadya duk miyos ||

28. maju kang samyandulu | rêbut ngarêp sêsak ngêsuk-êsuk | ingkang kari pating garubyug nututi | lumayu tan tolih pungkur | gêdhe cilik lanang wadon ||

29. thèrèk pinggiring lurung | pêpêt rapêt pepedan akêmput | sami ngadhang mrih tamad dera ningali | nganti mêngko lamun kondur | wau ta kangjêng sang katong ||

30. sampun miyos sang prabu | saking kamar wêwangunan wau | laju lênggah lêlèmèk kasur cinuki | inggile sacêngkang êmpuk | saking baludru wungu nom ||

31. têpi palisiripun | renda seta angubêngi gathuk | prênah munggwèng cakêt sakiduling kori | kori pangimanan iku | majêng mangetan sang katong ||

32. ngawe asta tumuduh | sigra radèn pangulu wotsantun | alon majêng lampah dhodhok ngati-ati | sapraptaning ngarsa prabu | dyan tapsir anom wotsinom ||

--- 3: 75 ---

33. paring asta sang prabu | anampèni rahadèn pangulu | nêkêm asta dalêm gya kinuswa ririh | mustakanira tumiyung | muji rahayu praptèng don ||

34. dangu antawisipun | wusnya nguswa dyan pangulu mundur | mangastawa mring sang kalipatullahi | dènnya sumiwi puniku | tan têbih lawan sang katong ||

35. sri nata ngandika rum | pangulu tapsir anom gon ingsun | salat parlu Jumungah ing waktu iki | ingsun angrasa kalangkung | nikmat manpangat sayaktos ||

36. nêmbah radèn pangulu | laju munjuk alon aturipun | kulanuwun mênggah kang makatên gusti | punika pratandhanipun | katarimah ing Hyang Manon ||

37. angsal barêkahipun | eyang dalêm Gusti Kangjêng Rasul | Salalahu ngalaihi wasalammi | abdi dalêm ugi antuk | barkah dalêm jêng sang katong ||

38. raosing manah ulun | duk nalika ngimami puniku | inggih kados dhawuh dalêm jêng sang aji | manah kawula tuwajuh | têtêp madhêp ing Hyang Manon ||

39. ya ta wus kinon mundur | dyan pangulu saking ngarsa prabu | kapiyarsa salomprèt apèl kaping tri | jumênêng kangjêng sang prabu | saking masjid miyos alon ||

--- 3: 76 ---

40. lumampah arsa kondur | masanggrahan kang andhèrèk iku | tata miwah pranatanirèng lumaris | kang anèng wuri myang ngayun | sadaya wus sami manggon ||

41. enggale sampun rawuh | pasanggrahan pra putri tut pungkur | malbèng dalêm tan kaèksi saking jawi | dene sagung para kakung | narpaputra sapangisor ||

42. maksih sumewa kumpul | nèng pandhapa myang plataranipun | pêpasrahan ingkang sami ngampil-ampil | sawusnya tan ana mantuk | manggon sagolong ngarompol ||

43. ya ta wau sang prabu | sampun santun busana kadulu | laju lênggah dhahar nèng pandhapi wingking | kang kinarsan dhèrèk kêmbul | lir duk wingi kacariyos ||

44. samangke wêwahipun | dyan pangulu kinarsan sang prabu | dhèrèk dhahar nunggil para narpasiwi | datan pinanjang ing wuwus | gêntos sêkar pocung alon ||

41. Pocung

1. sawusipun dhahar kangjêng sang aprabu | têdhak marang kamar | dene kang andhèrèk bukti | para priya sadaya wus sami mêdal ||

2. ingkang antuk dhawuh dalêm klilan mantuk | wangsul mring nagara | rayi dalêm jêng sang aji | Kangjêng Pangran Arya Malayakusuma ||

3. kanthinipun nunggil sakreta puniku | Bandara Pangeran | Arya Mataram lan malih | dyan pangulu tapsir anom sapangandhap ||

4. kancanipun golongan mêthakan sampun |

--- 3: 77 ---

sadaya umangkat | lir duk nusul wau enjing | tan winarna kang sami wangsul mring praja ||

5. ingkang kantun nèng Ngèksipurna wus mundur | saking pasanggrahan | sowang-sowangan lumaris | ngaso marang pondhokanira priyangga ||

6. praptanipun ing pondhok gya sami cucul | asalin busana | ana ingkang banjur guling | wênèh ana kang omong-omong linggihan ||

7. sarwi udut nèng ngambèn lan kancanipun | ana kăndha sayah | kăndha nora antuk guling | wênèh kăndha bangêt pangunguning driya ||

8. suka sokur masjid Ngèksipurna iku | samêngko katingal | saya kèh wuwuhing santri | gêdhe cilik padha nglakoni ibadah ||

9. rowangipun alon anyambungi wuwus | dhasar ênggih nyata | kathah ingkang anglampahi | jalêr èstri sami salat gangsal wêgdal ||

10. kintên ulun ingkang makatên puniku | tamtu botên liya | barkah dalêm jêng sang aji | saking kêrêp miyos mriki jumungahan ||

11. milanipun kala wau ingkang makmum | sakalangkung kathah | jro masjid miwah surambi | palataran ngajêng kiwa têngên kêbak ||

12. ingkang kantun dhatêngipun sami lungguh | wontên krêtêg nekat | malah [ma...]

--- 3: 78 ---

[...lah] sawetaning kali | taksih kathah kang sami makmum Jumungah ||

13. manthuk-manthuk mathuk ngêthuki calathu | aja manèh ingkang | nuju miyos jêng sang aji | lah wong jare padinan bae ya kêbak ||

14. lamun wêktu salat mahrip ngisa subuh | ingkang omah cêdhak | padha dilampu mring masjid | têka layak iki mau yèn akèha ||

15. rowangipun nabda kula sangêt gumun | kumpulan Jumungah | pundi-pundia ing masjid | sami mawon botên wontên ingkang beda ||

16. alon muwus apa kang dadi gumunmu | rowangira nabda | sabên tiyang anglampahi | salat dhatêng masjid parlu jumungahan ||

17. anggènipun botên mawi singgan-singgun | tiyang alit mapan | wontên ngajênging priyayi | dènnya linggih bok inggih nglangkahi pisan ||

18. agêng nyiku alitipun mrêngguk mrêngut | botên pisan-pisan | katawis ing sêmu runtik | pra priyantun gêng alit sami kewala ||

19. lamun nuju nèng masjid ngagêm budyalus | botên manah ewan | botên jail [jai...]

--- 3: 79 ---

[...l] botên drêngki | tansah nyipta paramarta pangaksama ||

20. tiyangipun alit sadaya rahayu | kang mangangge gombal | kang mangangge sarwa èdi | murup mumpyar ingkang amung lêlungsêdan ||

21. kang nyêkukruk kang barêgas tandangipun | anom miwah tuwa | tiyang bodho tiyang bangkit | blêng malêbêt mring masjid katon sadaya ||

22. sami sêmu jatmika noragèng tanduk | yèn nabda tan sora | ing rèh ngarah-arah ririh | kajawi kang sami muji ngaji Kuran ||

23. kang tumungkul mênêng iktikap pitêkur | dikir myang istipar | saebah osiking janmi | kang nèng masjid sadayane katingalan ||

24. sêmu amung brăngta mring Hyang Maha Agung | kadya nora nana | kang kacipta liya saking | maha sukci dating Allahutangala ||

25. adatipun sabên kumpulan puniku | liyane Jumungah | kados ta bilih pêrgadring | jagong sowan miwah dhatêng pasar-pasar ||

26. andêdulu kumidhi sasaminipun | sabên pakêmpalan | sampun tamtu taksih mawi | sănggarunggi rêrênggi ngandhut sumêlang ||

--- 3: 80 ---

27. kadhang thukul manah ingkang kirang sarju | gêla cuwa ewa | anyêl sêmu muring-muring | ribêt èwêt botên rêna lajêng nacat ||

28. gumarumung garunêngan botên sêru | amung calumikan | kang tan condhong dèn raosi | amêmiyak awoning liyan dèn andhar ||

29. kadhang antuk kabingahan ingkang agung | guyu latah-latah | cukakakan nutup lathi | giranging tyas sumaringah ngêpak janma ||

30. jroning kalbu apa ana kaya aku | iki pakumpulan | dèn samun mêksa katawis | bingah susah bombong mlêpês mulya papa ||

31. băngsa luhur băngsa andhap botên campur | mawi pilah-pilah | botên sagêd lênggah tunggil | pan makatên sadayane pakêmpalan ||

32. apan amung nuju pakêmpalanipun | ing dintên Jumungah | kang sami salat mring masjid | ingkang sampun tamtu kados atur kula ||

33. nginggil wau punika sadayanipun | mangsuli rowangnya | bênêr aku ya nitèni | lir kandhamu kabèh iku dhasar nyata ||

34. panêmuku [panêmu...]

--- 3: 81 ---

[...ku] mungguh kang mangkono iku | nora liya saka | sakèh niyate mung sukci | supangate Gusti Jêng Nabi Mukamad ||

35. salalahu ngalaihi wasalammu | amung iya muga- | muga lêstaria sami | wirangrong mring agamanira priyangga ||

42. Wirangrong

1. nêngna kang rêrasan sami | anèng pondhok omong-omong | kawuwusa sadaya wus antuk | dhawuh dalêm aji | kalamun benjang-enjang | têdhak marang Pracimarja ||

2. ing wanci jam sadasenjing | sampuna sami mirantos | kang andhèrèk myang titihan dalêm prabu |[16] kreta otomobil | sadaya sudhiyaa | anèng natar pasanggrahan ||

3. karsa dalêm jêng sang aji | marmane pindhah mangulon | awit tampi palapuranipun | dhoktêr pun Ngabèi | Wăngsausada mriksa | lare kenging sakit cacar ||

4. aturing dhoktêr kajawi | kaparêng dalêm sang katong | wêgdal punika prayoginipun | jêngkar saking ngriki | kaagêm aturira | gya dhawuh lir kang winahya ||

5. samana wus praptèng latri | malêming ari Saptu Pon | iku wanci jam 1/2 8 | putra santanabdi | sadaya wus sumewa | ngalêmpak nèng pasanggrahan ||

6. plataran ing bangsal tuwin | pandhapi myang gêdhong-gêdhong | dèn sulêdi satroli gantung krun |

--- 3: 82 ---

ting pal anèng jawi | sanadyan tan sinuda | lir duk wingi panyulêtnya ||

7. prandene dalu puniki | sunaring panjuta katon | rêmbêt-rêmbêt lir ulat malêruk | suntrut ngandhut sêdhih | saking sru gêla cuwa | tinilar ing benjang-enjang ||

8. sampeyan dalêm sang aji | ing wanci jam 9 miyos | mring pandhapi wus lênggah sang prabu | ing kursi dèn ukir | wuri para wanita | ingkang ngampil upacara ||

9. nênggih ing dalu puniki | wiyos dalêm sang akatong | tanpa lêlangên mung lênggah lugu | kaadhêp pra dasih | miwah santana putra | dipun paringi minuman ||

10. gêlas agêng dhara alit | nèng bèri kanthi sarengkot | isi toya Walandi gasiyus | anggur brit portuwin | anis bir wèski konyak | bètêr janèwêr A.P.H. ||

11. aès toya tawa bêning | nèng kan katon kinclong-kinclong | wus lumadi warata angunjuk | sasênênging galih | ingkang para sumewa | sadaya tyas sukarêna ||

12. nora beda agêng alit | kalamun dhèrèk sang katong | miyos marang pasanggrahan tamtu | katingalan sami | bêbêg asêmu girang | katara ing paribawa ||

13. ya ta jam 11 muni | nyai lurah majêng alon | praptèng ngarsa nêmbah nuli lapur | umatur manawi | rampung panatanira | dhahar dalêm sri narendra ||

--- 3: 83 ---

14. sarêng wus 1/2 1 | jumênêng kangjêng sang katong | lênggah dhahar mring pandhapi pungkur | pan kadya duk wingi | ingkang andhèrèk dhahar | wus rampung nuli bibaran ||

15. mring pondhokanira sami | kantun ingkang sami caos | dalu punika wadananipun | pangagêng kang jagi | bupati kraton Dyan Mas | Ariya Suryadiningrat ||

16. akanthi Radèn Ngabèi | Mangkudipura kaliwon | lawan malih kaliwon puniku | Radèn Mas Ngabèi | Jayadarsana sarta | panèwu mantri kêparak ||

17. sapangandhap pra prajurit | pulisi nèng jawi regol | sami ngrêksa amurih rahayu | sanggyaning pra janmi | miwah ing pasanggrahan | saisine samudaya ||

18. sawêngi tan ana guling | rundha nganglang bêkta obor | gênti-gênti angubêngi têpung | sajroning capuri | myang jawi pasanggrahan | giliran sabên kalih jam ||

19. ing wanci wus lingsir wêngi | ngawiyat tranggana abyor | agêng alit sorote sumunu | lintang panjêr enjing | awijang gilar-gilar | lir ulat manis sumringah ||

43. Dhandhanggula

1. purwa katon tarontonging rawi | babar paraba abang sumirat | dipaningrat saisine | pulih kabèh kadulu | ranu umbul sami umili | mring têgal pasawahan | anglèr ngurit tandur | nglilir gumadhung mêrkatak | amlêncuti anjêbol miwah kumêmping | ana

--- 3: 84 ---

ingkang wus tuwa ||

2. gadhu walikan tanah ing Pêngging | panyêbaring wiji tanpa măngsa | angulah têgal sawahe | anggaru myang maluku | amaculi dhangir anamping | warata murah toya | mêtu saking ngumbul | para tani Ngèksipurna | mèh sadaya nora kêkurangan bukti | janji maragang karya ||

3. Hyang Raditya wus sangsaya inggil | tanpa lamuk padhange sumêblak | dhusun-dhusun kêkayone | lamat-lamat kadulu | angrêgêmêng anggamêng langking | kisma lêmpar angampat | lêgok myang mandhukul | nolèh mangulon kawuryan | mancut lincip pucaking ardi Marapi | kumukus ngalor ngetan ||

4. miwah gunung Rêbabu kaèksi | udayanira papak atêmpak | tan ngampak-ampak êpoke | rêsik masêmu biru | ing Rêbabu miwah Marapi | lungur jurange cêtha | cêcithakanipun | parbata ro kawistara | katon kadya angarsa-arsa tumuli | rawuh kangjêng sang nata ||

5. anèng lambunging ardi Marapi | yèku pasanggrahan Pracimarja | ya ta kang badhe andhèrèk | gêng alit sadaya wus | angalêmpak sami sumiwi | ana ing pasanggrahan | Ngèksipurna iku | nunggal sagolonganira | myang titihan dalêm kreta otomobil | lawan sapangiringnya ||

6. kênèk lawan supir anyêlaki | kapiyarsa

--- 3: 85 ---

munya jam 10 | pra putri wus pêpak kabèh | ya ta kangjêng sang prabu | miyos nganthi jêng pramèswari | laju nitih kareta | sapandhèrèkipun | sami malêbèng jro kreta | otomobil kancuhanira anitih | kadya duk saking pura ||

7. sampun bidhal kangjêng narapati | myang kang nora numpak motor mangkat | mring Banyudana nugang[17] trèm | wagon-wagon supênuh | mangke mandhap ing Bayalali | nênggih sapraptanira | wontên sêtatsiun | antuk pêthukan kareta | salong sami adharat dènnya lumaris | marang ing Pracimarja ||

8. kêbut tut wuntat tan ana kari | mung Dyan Mas Panji Jayèngwidagda | datan kalilan andhèrèk | mring Pracimarja iku | kinon mantuk marang nagari | awit amung tambahan | duk wingi anusul | ngirit wahmèstêr kathahnya | 12 sapangandhap angurmati | wiyos dalêm Jumungah ||

9. titihan dalêm kangjêng narpati | sapandhèrèk kang nitih kareta | kareta motor samangke | enggaling crita rawuh | Pracimarja laju umanjing | ing dalêm pasanggrahan | Gusti Kangjêng Ratu | Pakubuwana kalawan | para putri priyantun dalêm tan kari | sagung para parêkan ||

10. sri narendra lênggah ing pandhapi | sami sowan pra putra santana | abdi dalêm kang andhèrèk | wau ing lampahipun | sadayane wus sami prapti | manggona bapangkat-pangkat |[18]

--- 3: 86 ---

dahat sukèng kalbu | sapisan dhèrèk sang nata | kapindhone Pracimaarja puniki | hawanipun sakeca ||

11. sêgêr sumyah ayêm marang dhiri | rina wêngi rasane mung nikmat | mangan enak turu suwe | tan ngăngsa marang banyu | tutuk ngêtuk gulu tan salit | sawiyah payah sayah | lungkrah lêsah lêsu | lamun wus lêrêm sadhela | ngeyub banjur maruta manda sumilir | ngênani mring salira ||

12. sanalika tuntum bisa pulih | rasa kang nora kapenak ilang | bali brêgas ganggas manèh | manah myang angga anggung | manggung manggêng sênggang pinanggih | mangkono Pracimarja | nênggih inggilipun | saking lumahing samudra | wontên 3300 kaki | kalamun anupiksa ||

13. tramomètêr kang ciri phèrêmit | wanci siyang têtêngêring rasa | kang kêrêp tibèng garise | ing ăngka 70 | luwih papat trakadhang prapti | kongsi nêm iku nyêngka | marma jêng sang prabu | lêt sawulan kalih wulan | tamtu miyos mring pasanggrahan puniki | kalihan lêlancaran ||

14. pasudhiyan nora nguciwani | myang padatan dalêm sri narendra | ing sarina sawêngine | tan wontên sanèsipun | lawan anèng sajroning puri | sampêt sampe sakarsa | dalêm sang aprabu | mawarna-warna sarwa na | nadyan kirang utusan marang nagari | lan motor enggal prapta ||

15. tan pinanjang caritaning [cari...]

--- 3: 87 ---

[...taning] tulis | iku wiyos dalêm sri narendra | anèng Pracimarja mangke | sakèh sami rahayu | dènnya lêrêm sampun tri ratri | ari Anggara tanggal | kaping 23 | maksih jroning wulan Bêsar | wontên dhawuh yèn arsa kondur mring puri | wancyenjang jam 10 ||

16. kang dhèrèk lan titihan cumawis | nuli bidhal saking pasanggrahan | sumawana sadayane | wadyabala tumuntur | sami wangsul marang nagari | sêpi ingkang tinilar | wonge klamun-klamun | tanêman ing patamanan | taru-taru taruna wrêda myang sari | sêru soroting surya ||

17. pradapa alum kêmbange nglêntrih | angkên kakên kakênan sungkawa | kawawas murcita tyase | sanityasa nahên kung | ngongkang saking wêngkang ingkang sih | posah-pasihan pisah | kondur sang aprabu | wus rawuh ing dhatulaya | sadaya kang mêntas andhèrèk sang aji | wus sami praptèng wisma ||

18. bungah katêmu ing anak rabi | gênti takon-tinakon pawarta | asêmu sumèh sabdane | kapriye duk nèng purug | apa padha nêmu basuki | alon wangsulanira | iya pandongamu | priye kang kèri nèng wisma | amangsuli pangèstumu padha bêcik | tan kurang siji apa ||

19. sakadare ingkang lagya prapti | nora ketang rupa apa-apa | padha awèh olèh-olèh | mring anak rayatipun |

--- 3: 88 ---

mung minăngka pratandhaning sih | sanadyan mung sapala | kang nampani gupuh | anak cilik tyase bungah | kăndha-kăndha aku diolèh-olèhi | opyês sapirang-pirang ||

20. banjur pijêr dèn iling-ilingi | gya pinangan lan kancane dolan | palayon adoh parane | nanging sudarmanipun | padha nora duwe kuwatir | pracayèng praja wirya | kawuryan kalamun | samangke ing Surakarta | Adiningrat pranatanirèng nagari | datansah wêwah-wêwah ||

21. kang murih tata têntrêming dasih | wong sapraja ayya kasangsaya | mangkono ing pambudine | kadulu saya maju | pra sudagar Jawi Walandi | Cina lan Êncik koja | Arab para bakul | mungkul wêkêl nambut karya | budidaya mêmilih ingkang pakolih | mrih antuk kaontungan ||

22. warata wong sajroning nagari | lamun têtuku nora kangelan | janji duwe dhuwit bae | kalakon bisa tutug | sakarêpe ingkang pinilih | sayêkti tan kacuwan | apa kang kinayun | pêpanganan sêsandhangan | pranti-pranti guru bakal guru dadi | anèng toko gumêlar ||

23. rina wêngi janma ting saliri | ana ngalor ngidul ngulon ngetan | mrana-mrene nyambut gawe | nêtêpi wajibipun | wong nèng donya iku wus pasthi | ngupaya sandhang pangan | sapakantukipun | marma praja Surakarta |

--- 3: 89 ---

ing samêngko pakampungan kêbak panti | pipit mèh tanpa sêla ||

24. jêjêl riyêl uyêl adu tritis | tan petungan yèn ana tontonan | pating garubyug solahe | têka maèwu-èwu | wong tuwa nom gêdhe lan cilik | manawa nuju nora | nana kang dinulu | angingsêp-ingsêp pawarta | yèn katêmu sanak prasanakan nuli | anduduk wêwuluhan ||

44. Mêgatruh

1. pangrunguku saka pamitran kang tuhu | besuk sasi ngarêp iki | dina Sênèn Wage esuk | tanggal ping nêm Sura Alip | ăngka kang bakal kalakon ||

2. 1843 |[19] sampeyan dalêm sang aji | kangjêng sultan arsa rawuh | mring Surakarta nagari | martamu kangjêng sang katong ||

3. amalêsi martuwi kangjêng sang prabu | bungah ingkang dèn wartani | alah bokya sida rawuh | gustiku kangjêng narpati | Ngayogyakarta sayêktos ||

4. iba-iba besuk yèn kalakon rawuh | baya kabèh wong sanagri | milalu padha andulu | jalu èstri gêdhe cilik | aku iya pasthi nonton ||

5. rina wêngi bangêt tak puji rahayu | sampeyan dalêm sang aji | muga [mu...]

--- 3: 90 ---

[...ga] Gusti Hyang Kang Agung | paringa sênggang kuwawi | dimène bisa kalakon ||

6. amartuwi ing putra kangjêng sang prabu | ing Surakarta nagari | Ki Wăngsa mangsuli muwus | aku ya mèlu mêmuji | kalakon lan karahayon ||

7. pun Satruna amandêng sarwi calathu | dadi kurang pirang ari | karo dina iki mau | Ki Wăngsa angeling-eling | anuli mangsuli alon ||

8. iki dina Rêbo Paing ping 24 | ambanjur dènira milis | lawan dariji tinêkuk | thêg-thêg calumak-calumik | wus tutug gya andêngongok ||

9. pametungku iki yèn nora kalèru | wiwit saka dina iki | tumêkane besuk rawuh | mung kurang 13 ari | kang dèn criyosi mangkono ||

10. pun Satruna anjingklak sru wuwusipun | êlo tobat-tobat kathik | wis cêdhak dadine iku | rawuh dalêm jêng sang aji | ing Ngayogya sang akatong ||

11. alah Gusti Allah Ingkang Maha Agung | muga paringa mring mami | salamêt aja kêsandhung | sawiji apa supadi | klakon aku bisa nonton ||

12. kajabane kang padha imbalan wuwus | wus warata

--- 3: 91 ---

sanagari | sampeyan dalêm sang prabu | ing Surakarta nampèni | tamu kang ramarsa tinjo ||

13. nêngna wahyaning warta ingkang sumawur | wuwusên sajroning puri | maksih Bêsar wulanipun | anunggil warsa Jimakir | nuju dina Salasa Pon ||

14. tanggal kaping 30 kang winuwus | karsa dalêm jêng sang aji | nêtêsakên narpasunu | putri dalêm mung kêkalih | anèng sajroning kadhaton ||

15. ingkang sêpuh nama bandara puniku | Radèn Ajêng Kusmangani | nênggih kang bibi sinêbut | nama Radèn Căndrarukmi | malih putri dalêm katong ||

16. ingkang anèm Bandara Radèn Ajêng Kus | Kusngaimah ingkang bibi | priyantun dalêm kang sêpuh | Radèn Ayu Tejarukmi | ya ta mangsuli cariyos ||

17. Sêtu Kliwon tanggal kaping 27 | abdi dalêm pra undhagi | myang kambêng katiganipun | kănca ngajêng dèn tindhihi | lurahe wadana kliwon ||

18. mirantosi krobongan têtêsan iku | saha malih mirantosi | unggyan pasiramanipun | dumunung cêlak lan panti | sanaprabu iring kulon ||

19. abdi dalêm kridhardana wong rongpuluh | pangiritira Ngabèi | Atmasudirja panèwu | tindhih Radèn Mas Ngabèi | Padmadipura kaliwon ||

20. sakancane nata palênggahan babut | kalasa lampit gêng alit | nèng prabayasa wus rampung | ing jawi ingkang winarni | pradăngga [pra...]

--- 3: 92 ---

[...dăngga] salendro pelog ||

21. tinata nèng paningrat sakidulipun | ing sasana sewakaji | namane pradăngga wau | Suka sih lan Pamêdhar sih | kasmaran tyase kang anon ||

45. Asmaradana

1. praptèng dina Akat Lêgi | tanggal kaping dwi dasastha | enjang jam 9 wancine | priyantun dalêm sang nata | sêpuh anèm sadaya | myang priyantun dalêm iku | suwarga kang kaping 9 ||

2. pra putri binage kalih | sapalih pontha kanthinya | di dalêm badhaya kilèn | miwah para nyai lurah | ugi ing kilèn samya | mring tênggane Radèn Ayu | Tejarukmi sampun prapta ||

3. dene kang sapalih malih | lan abdi dalêm badhaya | kang wetan panunggilane | para nyai lurah wetan | kang saduman ngalêmpak | sami dhatêng têngganipun | Dyan Căndrarukmi wus tata ||

4. kalih golongan puniki | mêthuk putri dalêm nata | kang badhe tinêtêsake | sajroning lênggah nèng tênggan | dhawuh dalêm sang nata | tan kalilan mawi suguh | ngêmungna wedang kewala ||

5. wau ta gusti kêkalih | ingkang badhe tinêtêsan | sakalihan sampun dandos | sarwa di dènnya busana | tumuli sami bidhal | kalih panggenan puniku | sarêng mangkat saking tênggan ||

6. gumarudug kang umiring | pra wanita langkung kathah | têmpuk nèng marga lampahe | anunggal dadya satunggal | enggale [eng...]

--- 3: 93 ---

[...gale] sampun prapta | Madurêtnan dalêmipun | Kangjêng Ratu Madurêtna ||

7. nuli dipun ancarani | putri dalêm sakaliyan | nèng kering cakêt lênggahe | wusnya ngaso sawatara | Jêng Ratu Madurêtna | angirit sadayanipun | malbèng dalêm prabayasa ||

8. pramèswari dalêm aji | Jêng Ratu Pakubawana | wus lênggah têngah siniwèng | para putri anèm wrêda | sadhèrèk dalêm nata | saha putri narpasunu | wus sami marak sadaya ||

9. sumawana kang sumiwi | para dasih rabinira | wadana lawan kaliwon | kêbak jroning prabayasa | ing jrambah ing kajogan | andhap luhur datan worsuh | tata ing sapangkat-pangkat ||

10. wau ta putri kêkalih | laju pinapankên marang | ing panggenan panyêngkêre | yèku munggyèng sakilènnya | krobongan prabayasa | sampêt pasudhiyanipun | pasarean dhêdhaharan ||

11. pangunjukan tutup rukmi | busana mawarna-warna | mas intên lan băngsa suwèk | tanwun lamun ingucapna | mulyaning narpaputra | tinêngga dening pra sêpuh | para nyai êmban inya ||

12. lawan ingkang bibi-bibi | sarta rabining wadana | kliwon kang tinunggurake | sadina sawêngi gantya | ajune gêgiliran | anunggil dintên puniku | lêbête kang sami bela ||

13. wus pinarnahakên sami | manggèn priyangga-priyangga | anut gêdhe lan [la...]

--- 3: 94 ---

[...n] cilike | kang bela kalangkung kathah | sumêdya ngalab barkah | nêngna ing jawi winuwus | maksih sajêroning pura ||

14. palênggahan dalêm aji | ing parasdya wus tinata | rêsik tan ana rêgêde | kagungan dalêm pradăngga | wingi kang wus tinata | paningrat sakidulipun | pandhapa sana sewaka ||

15. Suka sih lan Pamêdhar sih | samangke para niyaga | kasêpuhan têtindhihe | dêmang lurah sapangandhap | prikănca wiraswara | kalawan talèdhèk badhut | pradăngga wus wiwit munya ||

16. slendro pelog gênti-gênti | sabên gêndhing sinêndhonan | sindhèning talèdhèk ngèngkèng | dene sagung pra sumewa | samya nèng palataran | sapăntha-păntha ngalumpuk | sarêng wanci jam 11 ||

17. sampeyan dalêm sang aji | miyos lênggah ing parasdya | andhèrèk ampilan tamèng | sabêt răngka mas lan tungkat | kadya adat padinan | tansah mriksani sang prabu | sêrat-sêrat palapuran ||

18. sajrone lênggah sang aji | kalangênan dalêm mêdal | wirèng alusan jogède | critane Prabu Sancaya | pêrang tandhing kalawan | Kusumawicitra Prabu | munya gêndhing moncèr barang ||

19. minggah gêndhing pisangbali | wus rampung dènira bêksa | munya slêpêgan gangsane | wirèng nêmbah mundur sigra | gantya badhaya mêdal | abusana adiluhung | winonging gêndhing sukarja ||

--- 3: 95 ---

20. dènnya bêksa wus dumugi | nulya malbèng prabayasa | tinungka wêtuning wirèng | wirèng kasar băndawala | mesalawung gêndhingnya | pra sumewa sukèng kalbu | miyat kalangênan nata ||

21. lamun wirèng tan umijil | sinêlan pradăngga munya | gêndhing kang kêna ginerong | dening para wiraswara | sakeca piniyarsa | rarase anganyut-anyut | kènyuting driya asmara ||

22. samana sampun jam kalih | sampeyan dalêm sang nata | jumênêng jêngkar lênggahe | lumaksana ngênyapura | ampilan atut wuntat | mring panêpèn jrambah kidul | meja panataning dhahar ||

23. tan dangu kang rawuh Gusti | Jêng Ratu Pakubawana | laju dhahar jêng sang katong | nêngna malih winursita | kang maksih anèng praba- | yasa ing sapêngkêripun | kangjêng sang narpadayita ||

24. pra lênggah kang mangagêngi | Kangjêng Ratu Madurêtna | nuli ngancarani alon | mring para putri sadaya | lênggah kêmbul bujana | panatanira dumunung | ugi jroning prabayasa ||

25. ngandhaping pananggap panti | kidul wetan ngandhar-andhar | kang meja mujur mangilèn | wus dumugi dènnya dhahar | para putri bibaran | kang pinatah tugur kantun | nênggani sang tinêtêsan ||

26. wêngine nora winarni | pra putri lênggah jagongan | wuwusên ing dina Sênèn | tanggal ping dwi dasa nawa | enjang pukul 11 | para sumiwèng kadhatun |

--- 3: 96 ---

agêng alit sampun pêpak ||

27. kadi sabên Sênèn Kêmis | musikan pradăngga urmat | kangjêng sri narendra miyos | saking dalêm prabayasa | tansah kang upacara | priyantun dalêm nèm pungkur | satunggal ngampil kêcohan ||

28. Rahadèn Trangganarukmi | dene Rahadèn Sudama- | rukmi kalamun sang katong | mangke jêngkar siniwaka | ganti ngampil kêcohan | para wanita ngalumpuk | sarimpi miwah badhaya ||

29. jèjèr-jèjèr silastuti | sri narendra lênggah dhampar | sana sewaka madyane | rêsêping tyas pra sumewa | miyat ing kawiryawan | sampeyan dalêm sang prabu | wusnya tampi palapuran ||

30. aturing wadana èstri | kadya adat yèn sewaka | ya ta kangjêng sang akatong | nuli kondur ngênyapura | bibar kang pasewakan | rinêsikan sadaya wus | para wajib tata-tata ||

31. ngusungi pradăngga Kyai | Manisrêngga panatanya | anèng paningrat ingkang lèr | gong nama Kiyai Pradhah | Kadukmanis tinata | munggwèng paningrat kang kidul | gongipun Kyai Gurnita ||

32. rong pangkon angapit-apit | pandhapa sana sewaka | tan pisah kang carabalèn | Kyai Madu pinasthika | Sêpêtmadu sisihnya | sanaparasdya kadulu | dèn tatani palênggahan ||

33. kursi gêng pradan mung siji |

--- 3: 97 ---

munggwèng têngah majêng ngetan | ngarsa ing kanan keringe | sinungan kursi pangarak | kênap myang pakêcohan | ngandhap ginêlaran babut | kêmput saambaning jrambah ||

34. tata palênggahan malih | nèng jroning sana sewaka | ngandhap pananggap kang kilèn | kalih larik pakêcohan | badhe kangge sumewa | pra pangeran narpasunu | santana kalawan riya ||

35. wadana myang mayor nunggil | dene paningrat kang wetan | sinung palinggihan manèh | pan ugi mawi kêcohan | kangge pisowanira | kliwon kaptin opsiripun | rampung tataning plênggahan ||

36. nunggil ing dintên puniki | carita kinarya gantya | ing Ngayogya winiraos | nênggih ing Pakualaman | Kangjêng Gusti Pangeran | Adipati Arya Prabu | Suryadilaga sagarwa ||

37. lawan kang putra tan kari | myang abdi priya wanita | sawusira sami dandos | kangjêng gusti sakalihan | saking dalêm umangkat | marang sêtatsiun Tugu | nitih sêpur klas satunggal ||

38. para abdi nomêr kalih | enggale wus sami prapta | Balapan pinêthuk motor | myang kreta pangirit kuda | supir kusir kênèknya | tunggu kuwajibanipun | sarawuhnya sang nararya ||

39. laju dènira anitih | kareta motor pêthukan | pêthukan saking kadhaton | paring dalêm sri narendra | titihan [titiha...]

--- 3: 98 ---

[...n] wus lumampah | tut wuri pandhèrèkipun | wau abdi èstri priya ||

40. sapraptanira ing puri | kangjêng gusti sakalihan | anjujug ing langên katong | kamar panêpèn kang wetan | yèku pondhokanira | wus adat salaminipun | yèn sowan mring Surakarta ||

41. datan winarna ing tulis | dènira ngabyantarendra | jêng gusti wus nora pae | iku lawan ingkang garwa | pangrêngkuh dalêm nata | kadya putra kang satuhu | kinanthi lir narpatmaja ||

46. Kinanthi

1. ing dalu datan winuwus | kocapa ri Salasenjing | tanggal kaping 30 | wanci jam 9 jro puri | sampun sami rinêsikan | palataran panti-panti ||

2. tan ana rêrêgêdipun | tata rata gumarining | saking para nambut karya | satiti angati-ati | arang kang watak sêmbrana | kang akèh nêtêpi wajib ||

3. dhadhag dhangan dhatêng dhawuh | tan sêdhih ngêndhihkên dhiri | dharakalan lumaksana | sênêng mring sasanèng kardi | kêrdyating tyas sanityasa | susêtya sitamastuti ||

4. satitah matuh tan butuh | bêtah binatih tinitih | wêtah wantah ing pamatah | tètèh têtela tumali | mila milalu saagnya | sang winênang marentahi ||

5. mangkono lêgêtanipun | sagung kawulaning aji | agêng alit tan prabeda | badan budine migati | gita satata sumewa | marang sajêroning puri ||

--- 3: 99 ---

6. kang sami seba lumintu | mêtu kori srimanganti | lor kidul myang talangpatyan | lir sulung ngrubung sêtroli | niyaga ing kasêpuhan | sapangisor kanan kering ||

7. wiraswara ringgit badhut | pangêprak wus sami linggih | nyêlaki găngsa rong prangkat | ingkang tinata duk wingi | Kadukmanis Manisrêngga | wus wiwit munya ngrêrangin ||

8. nuli Radèn Mas Tumênggung | Wiryadiningrat sumiwi | lan sakarerehanira | kaliwon panèwu mantri | lurah bêkêling ordhênas | sapangandhap sami prapti ||

9. kalawan kaliwonipun | ing kadipatèn jro tuwin | sakarerehane uga | golongan lêbêt sumiwi | panèwu mantri pêthilan | lan malih panèwu mantri ||

10. lurah bêkêl jajaripun | rèhing kadipatèn nunggil | kang wus kasêbut ing ngarsa | para sumewa puniki | mangangge kadya yèn sowan | nuju dina Sênèn Kêmis ||

11. malih kang sowan winuwus | Jêng Gusti Pangeran Adi- | pati Arya Prabu Surya- | dilaga sampun sumiwi | nèng ngèmpèr nguntarasana | para jêng pangeran tunggil ||

12. sadhèrèk dalêm sang prabu | miwah para narpasiwi | sadaya wus sami lênggah | ing keringira jêng gusti | dene pangeran santana | ingkang sowan amung kalih ||

13. Bandara Pangran Tumênggung | Sindusena lan kang rayi | Bandara Pangeran [Pangera...]

--- 3: 100 ---

[...n] Arya | Mataram sadaya sami | sakalihan ingkang garwa | marak kangjêng pramèswari ||

14. para pangeran puniku | pangagêmanira sami | arasukan langênarjan | ingkang adhêdhasar langking | rangkêpan janggan mawi krah | dhasi sarta ngagêm rumpi ||

15. sawit dhêsthar nyampingipun | jangkêp busananing dhiri | tan ana ingkang kuciwa | tata tatrape rêspati | ana kang mangagêm mubyar | myang prasaja mêrak-ati ||

16. ana ingkang marasêmu | kabèh ngrêsêpake ati | nêngêna para pangeran | ing langên katong winarni | pandhapi kidul sudhiya | kameja papaning bukti ||

17. panatanira wus rampung | tinêngga ingkang majibi | prikănca rêksa sugata | kamituwa pangkat mantri | lan punakawan sewaka | ingkang badhe angladosi ||

18. para wadana winuwus | ipe mantu dalêm aji | wusnya andhèrèkkên garwa | marang sajêroning puri | laju tata dènnya sowan | sami anèng srimanganti ||

19. nunggil wanci jam sangesuk | ing prabayasa winarni | Jêng Ratu Pakubawana | pan sampun lênggah siniwi | Kangjêng Ratu Madurêtna | saha Kangjêng Ratu Alit ||

20. Kangjêng Ratu Anggèr kumpul | lan pra gusti-gusti putri | priyantun dalêm nèm wrêda | priyantun dalêm suwargi | sampeyan dalêm ping 9 | pêpak tan ana kang pamit ||

21. sumawana garwanipun | pra pangeran narpasiwi | miwah pangeran santana | wayah buyuting narpati |

--- 3: 101 ---

sanggya para ruming pura | sapangandhap wus sumiwi ||

22. saha malih garwanipun | pêpatih dalêm sang aji | myang rabining pra wadana | kaliwon tuwin kang swami | yèku kolonèl kumêndhan | litênan kolonèl tuwin ||

23. mayor japi[20] lêbêt sampun | ngalêmpak lênggah sumiwi | ing kangjêng narpadayita | tan adangu kang mangarsi | putri dalêm sakalihan | kang badhe dipun têtêsi ||

24. dènnya busana wus rampung | amangagêm sarwa adi | sakalihan lênggah cêlak | ing ngarsa jêng pramèswari | ya ta wau sami têdhak | putri sadaya umiring ||

25. mring gyan patêtêsanipun | sawusnya rampung tumuli | wangsul marang prabayasa | tata lêlênggahan malih | nèng wetaning karobongan | ing dalêm agêng rêspati ||

26. anunggil wanci winuwus | sampeyan dalêm sang aji | miyos saking prabayasa | tansah ingkang ngampil-ampil | upacara dalêm nata | tungkat sabêt tamèng rukmi ||

27. pagantenan namane dus | tinarètès sotya wêning | bèri lan anakanira | tan pae sami pinatik | ing barleyan nawa rêtna | myang kêcohan mas sinangling ||

28. kang ngampil-ampil puniku | para èstri kalung samir | rawuh madyaning wiwara | pradăngga munya ngurmati | gêndhing srikaton araras | sindhèning talèdhèk ngrangin ||

29. ginerong [gi...]

--- 3: 102 ---

[...nerong] wiraswara rum | ruming swara maratani | tiniling lir wara-wara | warah mring para sumiwi | mawas sigra ngapurancang | andhodhok sami ngurmati ||

30. wau ta kangjêng sang prabu | laju alênggah ing kursi | madyaning sana parasdya | majêng mangetan kaèksi | tuhu musthikaning jana | risang tinitah narpati ||

31. busana ingkang rinasuk | nyamping latar krêsna ngrawit | sêratan jayakusuma | sumringah biron waradin | katingal lir laring kombang | babaran mubyar tan kuning ||

32. mêngês-mêngês sêmu wungu | wênganing wiron wus mati | sawit agêm dalêm dhêsthar | cêmukirang têngah putih | tata tatrape tap-tapan | arêntêt runtut tapsirih ||

33. katonton waton anyungu | nyêngoh ngarungih adhamis | dhèmês wangune pasaja | ujunging dhêsthar tumali | mulêt mathênthêng sinthingan | nyakênthung lir roning sruni ||

34. ngarsa mancut tan marucut | nancut jênthitan nyakêthit | pinathêt sotya barleyan | ing athi-athi kang kering | miring paniti sadpada | pinandara sêsotya lit ||

35. singsêt paningsêt murdadu | èpèk baludru lus wilis | binalodir untu walang | katimang jagung salarik | arasukan langênarjan | akêngkêng taliko langking ||

36. palênik marutu sèwu | walikaning janggan kèksi | rinangkêp baludru krêsna | kamejan seta sinêtrik | krah dhudhuk mandhap sêdhêngan | ing pucuk [pucu...]

--- 3: 103 ---

[...k] pacake bêcik ||

37. ngawêng pita ombak banyu | biru tuwa sèrèt kuning | kumandhur ordhê Nèdêrlan | sêleyo krèis tinulis | mungêl pirtis nobilitat | ugi pinatik sotyadi ||

38. ing jaja wijang kadulu | plag bintang Kamboja Bèlgi | lawan dhinkris anèng kiwa | èrloji karsèt rêtnadi | rinonce kêncêng kinêncang | kancana kinawat ngrawit ||

39. ing sweda jênthik panuduh | angagêm supe rong rakit | silih asih êmbanan mas | wangkingan nama jêng kyai | sihtan katêr sinasotya | sêlut myang salorok pèni ||

40. warăngka gayaman bagus | dhorèng candhana Magiri | akinclong ginêbêg gilap | lir kêna kinarya carmin | praba prabawèng wibawa | sri nata asih ing dasih ||

47. Sinom

1. sasampunira alênggah | wau kangjêng narapati | pradăngga kang munya urmat | wus suwuk gonge ngêlèbi | sasmita sri bupati | angawe nyai tumênggung | sigra majêng anyêlak | dèn dhawuhi animbali | para sowan kang wus tinartamtu minggah ||

2. nyi tumênggung tur sandika | nêmbah mundur nglêksanani | sadaya wus dhinawuhan | ya ta wau Kangjêng Gusti | Pangeran Adipati | Suryadilaga mangayun | lawan para pangeran | raka dalêm atut wuri | yèku Kangjêng Pangran Arya Prabuningrat ||

3. Jêng Pangran Natakusuma | ing wingking lumaris [lumari...]

--- 3: 104 ---

[...s] aris | Kangjêng Pangeran Ariya | Kusumadiningrat tuwin | kang rayi anyambêti | maksih raka dalêm prabu | Kangjêng Pangeran Arya | Purbadiningrat wus prapti | ngarsa dalêm lajêng lênggah kursi ngarsa ||

4. kang anèm para pangeran | ngajêng Jêng Pangran Ngabèi | gya putra santana riya | myang bupati kang wus sami | wau nèng srimanganti | sarta wadana kang tungguk | mayor kang caos nunggal | sowan minggah mring pandhapi | ing sewaka majêng ngilèn silastawa ||

5. kang minggah marang paningrat | paningrat wetan sumiwi | iku kaliwon pêthilan | kalawan kaliwon jagi | ritmèstêr kaptin opsir | kang caos miwah kang klanthung | sawusnya sami tata | tundha-tundhaning palinggih | amung Dyan Mas Tumênggung Wiryadiningrat ||

6. sawiyos dalêm sang nata | laju kalilan umanjing | marang kantor marduyatna | sami anambuta kardi | lir adat sabên ari | sakancane ayya kantun | gêng alit para garap | ngajêngan winarna malih | wus lumadi pangunjukan dalêm wedang ||

7. miwah mring para pangeran | sapangandhap wus waradin | angsal paring dalêm wedang | saundure kang lumadi | tumuli majêng malih | sês sigarèt lan sarutu | règ palangkan salaka | puniku ingkang ngladosi | abdi dalêm panèwu mantri pêthilan ||

8. dene kang anèng sewaka | myang paningrat kang ngladosi | ordhênas lurah

--- 3: 105 ---

lan ranan | gindês kadipatèn sami | nora anguciwani | prigêl aju unduripun | cikat tan tilar tata | ya ta wau kang umijil | kalangênan dalêm badhaya ambêksa ||

9. winonging pradăngga munya | binarung sêsindhèn aris | sajroning badhaya bêksa | tinungka paladèn malih | minuman warni-warni | ingkang ngladosi puniku | ordhênas lawan lurah | ing kasêpuhan migati | saya prigêl ngladèni ngabyantarendra ||

10. sabibarira badhayan | wirèng alus kang umijil | anama wirèng sancaya | wus rampung mundur tumuli | lêlangên mêdal malih | sarimpi datan cinatur | nênggih pambêksanira | samana wus pukul kalih | sri narendra jêngkar saking palênggahan ||

11. găngsa sigra buka rêbab | munya urmat dèn sindhèni | sanggyaning para sumewa | ingkang anèng jroning puri | gita-gita ngurmati | para raka dalêm prabu | jumênêng nèng plataran | kajawi punika sami | pra pangeran sapangandhap ngapurancang ||

12. sampeyan dalêm sang nata | wus malêbêt ngênyapuri | andhèrèk kang upacara | laju lênggah dhahar munggwing | dalêm sasana adi | sakalihan Kangjêng Ratu | Pakubawana cêlak | sami alênggah ing kursi | kang ngladosi priyantun dalêm nèm wrêda ||

13. nêngna kangjêng sri narendra | ing prabayasa pra putri | sampun saming[21] lênggah dhahar | tata panatane sami |

--- 3: 106 ---

kadya duk Akat Lêgi | panyêngkêring narpasunu | meja mujur mangetan | para putri wus dumugi | dènnya dhahar sasampunira bibaran ||

14. gusti kang wus tinêtêsan | Radèn Ajêng Kusmangani | Radèn Ajêng Kusngaimah | sakalihan dèn lilani | ing rama jêng narpati | kondur marang têngganipun | ingkang samya tut wuntat | umiring wau sang kalih | lir nalika sinêngkêr mring prabayasa ||

15. sapraptanira ing tênggan | kang bibi tan dèn lilani | nyêgah punapa-punapa | kajawi wedang sacangkir | angèstokakên sami | dhawuh dalêm sang aprabu | sadaya sampun lênggah | dangune mung sawatawis | nuli sami pamitan madal pasilan ||

16. ngaso mring sasananira | dene kang dalêm ing jawi | angêntosi ingkang garwa | mangke lamun dèn aturi | ing jawi kang winarni | kang mêntas sowan sang prabu | sagung para pangeran | pra wadana mayor tuwin | kliwon kaptin ritmèstêr saopsirira ||

17. sasampunira ngalêmpak | tandya mangilèn lumaris | sami kaparingan dhahar | kang wus tinata miranti | kameja nèng pandhapi | ing langên katong kang kidul | pangagêngira dhahar | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Prabu Suryadilaga wus lênggah ||

18. lan sanggya kang atut wuntat | andhèrèk lênggah gya wiwit | dhahar paladèn mawarna | ganti-gumanti mangarsi | sadaya wus dumugi | dènira

--- 3: 107 ---

dhahar pikantuk | rampung nuli bibaran | salong sami angêntosi | ingkang garwa winêlingakên wus mêdal ||

19. samya kondur sowang-sowang | myang sadaya pra sumiwi | wus bidhal saking jro pura | ingkang kari angrêsiki | pradăngga dèn usungi | mring gêdhong panggonanipun | sakèhing palênggahan | babut-babut tuwin kursi | myang kêcohan wus rêsik nuli suminggah ||

20. miwah pirantining dhahar | platon angkring piring bèsi | bèri gêlas pakobokan | sendhok lawan lading cukit | srêbèt taplak tan kari | bangku-bangku wus kinukut | pranti wedang minuman | ganêp kadi duk nampèni | jawi lêbêt tan pae paekanira ||

21. kabèh ingkang nambut karya | sawuse cacah tan cicir | pasrahan tampan-tinampan | dèn simpêni manggon munggwing | gêdhong gudhang kinunci | kănca-kănca nuli mantuk | êntèk kajaba ingkang | caos sadina sawêngi | nêngna dalu siyange angguladrawa ||

48. Dhandhanggula

1. ri punika santun taun Alip | windu Kunthara tanggal sapisan | Sura Rêbo Wage Tungle | Dangu wuku Kulawu | păncasuda satriya mukti | Dewa Risang Hyang Kala | 18[22] | 43 warsa | sinangkalan kagunane wau dadi | bujangganing narendra |[23]|

2. măngsa kanêm kawuwusa enjing | Kangjêng Gusti Pangran Adipatya | Suryadilaga sumiwèng |

--- 3: 108 ---

rama kangjêng sang prabu | sakalihan anyuwun pamit | kondur marang Ngayogya | sinabda rahayu | enggale sampun kalilan | laju bidhal jêng gusti sagarwa siwi | anitih motor rikat ||

3. nora winarna ananing margi | sampun rawuh ing Pakualaman | para abdi kang andhèrèk | duk wau numpak sêpur | jalu èstri ugi wus prapti | nagari ing Ngayogya | sadaya pan sampun | badan lêrêm mari sayah | nuli sami sanjan-sinanjan kapanggih | sanak kadang lan mitra ||

4. takon-tinakon nungsung pawarti | kadospundi nagri Surakarta | wontênipun ing samangke | iba ta ramenipun | dene badhe nampèni tami | mangsuli rowangira | wah êmpun ta êmpun | orêge wong sanagara | aprasasat wana gung katêmpuh dening | maruta prapta marta ||

5. ebah sadaya sami mêmuji | kalêksanan tanpa sambekala | praja desa saisine | tulus sami rahayu | risang tami sang pinartami | Hyang Agung jurungana | karsa dalêm prabu | makotên para kawula | rowangira tyas sokur alon mangsuli | benjing kalamun têdhak ||

6. langkung bêgja kang sami tinuding |

--- 3: 109 ---

andhèrèk wiyos dalêm mring Sala | kintên kula botên wande | pikantuk sukèng kalbu | sabab priksa ing ngrika-ngriki | Ngayogya Surakarta | tata-tatanipun | sanadyan sami purendra | tamtu wontên bènèhipun sawatawis | awit pamirêng kula ||

7. sampeyan dalêm kangjêng sang aji | Surakarta bilih katamuan | langkung pamboja kramane | wignya mrih rênèng kayun | pinardawa ing sabda manis | sumèh ing pasamoan | sumêmining sêmu | tan samar sumuking netya | sêtya sanityasa satata tumali | miluta lukitarja ||

8. amangsuli rowangira angling | dhasar ênggih makotên sang nata | kula anyipati dhewe | botên gèsèh sarambut | têmên nyamlêng kadya derangling | mangsuli măngka ingkang | punikarsa rawuh | rama dalêm kangjêng sultan | tamtunipun kados badhe dèn langkungi | endahing pasugatan ||

9. amrih rêna rumêsêping galih | sang martuwi mawi winiwaha | wahanane sawêg nêmbe | makatên kintên ulun | winangsulan ing sabda ririh | mênggah

--- 3: 110 ---

kintên sampeyan | wontên lêrêsipun | nanging kula mirêng kabar | criyosipun benjing manawi nampèni | rawuhnya kangjêng sultan ||

10. rêrancangan dènira ngurmati | namung badhe sinami kewala | kados nalika wiyose | martuwi jêng sang prabu | Surakarta rawuh ing ngriki | sajroning dhatulaya | kawontênanipun | gumêlaring pakurmatan | panataning palênggahan dipun plêki | sugata sumawana ||

11. lampah-lampahing pêthukan sami | pangagêman sadaya tan beda | namung rèhne nuju Sênèn | Surakarta puniku | ugêr dintên Soma Rêspati | miyos kangjêng sang nata | siniwakèng wadu | madyèng sasana sewaka | putra lan santana abdi dalêm sami | sowan ngagêm basahan ||

12. karsa dalêm botên dèn ewahi | dados langkung kathah kang sumewa | ing Surakarta badhene | makatên criyosipun | manthuk-manthuk kang dèn kandhani | dahat pracayèng driya | alon wuwusipun | adhi bilih kula gagas | sri narendra ing Surakarta [Sura...]

--- 3: 111 ---

[...karta] puniki | winongwong ing Hyang Suksma ||

13. kanugrahanira amênuhi | lire sagung barang kang kinarsan | mèh kenging tinamtokake | kalakon lan rahayu | kados ingkang sami dèn angling | lêlampahan punika | sangêt elokipun | sampeyan dalêm sang nata | nyuwun lilah kangjêng guprêmèn nglilani | rawuh nagri Ngayogya ||

14. amartuwi kang rama sang aji | ing sampeyan dalêm kangjêng sultan | nèng kadhaton kapanggihe | punika tăndha lamun | sih marmaning Hyang Maha Luwih | dhumatêng sakalihan | kangjêng sang aprabu | rowange mangsuli sabda | punapa ta dèrèng wontên nguni-uni | ingkang kados punika ||

15. sri narendra ing Surakartadi | lawan sri natèng Ngayogyakarta | mangsuli alon wuwuse | rumiyin inggih sampun | wontên ingkang sagêd kapanggih | sang nata sakalihan | pêpanggihanipun | botên wontên ing puraya | panjênêngan dalêm kangjêng narapati | suwarga kaping tiga ||

16. pêpanggihan lan rama suwargi | jêng sinuhun sultan [sulta...]

--- 3: 112 ---

[...n] kang kapisan | duk mêntas mangun prang rame | yasa pakuwon agung | dèn wastani dhusun Giyanti | prênah sakidul weta- | nira ing kadhatun | Surakarta Adinigrat | sakiduling lèpèn Samin lèring kali | ing Badawaluh nama ||

17. pasanggrahan Lêbakjatisari | antaraning kraton Surakarta | dèn arah têngah-têngahe | lawan pakuwon wau | ing Giyanti ingkang jênêngi | anama Kangjêng Tuwan | Arting pangkatipun | idêlèr rat pan Indhiya | yèku ingkang wus limrah dipun wastani | palihaning nagara ||

18. Jêng Sri Surakarta angaturi | sajuga wangkingan bêbrêkatan | nama Kangjêng Kyai Kopèk | nênggih wangkingan wau | wus katampèn lan rênèng galih | sinuhun kangjêng sultan | sapisan puniku | sadhèrèk dalêm sang nata | kaping kalih dadya lan sri narapati | kaping tri prênah paman ||

19. duk pêpanggihan wau sang aji | wontên Jatisari nuju wulan | Rabinguakir kaun[24] Be | ăngka 16[25] | 80 sangkalèng warsi | atêbih kang salira | rasanira kumpul |[26]

--- 3: 113 ---

rowangnya mathêming driya | alon nabda lajêngipun kadospundi | ênggih dèn piyarsakna ||

20. pêpanggihan ingkang kaping kalih | Jêng Susuhunan Pakubuwana | kang kaping 8 mandhirèng | praja Surakarta gung | narendrambêg pandhita luwih | lêluwang tapabrata | brănta mring Hyang Agung | anggung ngêningakên cipta | cipta maya mangayuh ayuning budi | budayèng kasampurnan ||

21. lawan ingkang putra jêng sang aji | kang kaping nêm Sinuhun Jêng Sultan | Hamêngkubuwana dene | anggènipun sang prabu | pêpanggihan siniwèng dasih | wontên ing pasanggrahan | Prambanan winangun | têtarup inguparêngga | kangjêng tuwan residhèn ugi tan kari | Ngayogya Surakarta ||

22. mênggah parlunipun apêpanggih | nèng Prambanan kangjêng sri narendra | ing Surakarta karsane | nguntapkên konduripun | putri dalêm kang asma Gusti | Kangjêng Ratu Kancana | pramèswari prabu | nata kaping nêm Ngayogya | marak tuwi ing rama kangjêng sang aji | sinuhun kaping astha ||

23. jêng sri mulki kakênan ing kingkin |

--- 3: 114 ---

sêkunging tyas sedane kang putra | Gusti Kangjêng Ratu Anggèr | punika garwanipun | pangagênging para prajurit | Pangeran Arya Purba- | nagara sinêbut | pangkat kolonèl kumêndhan | mantu dalêm sampeyan dalêm suwargi | wau kang wus winarna ||

24. ingkang kondur pinahargyèng margi | pramèswari nata ing Ngayogya | lan ingkang seda sadhèrèk | anunggil rama ibu | mila milu bela prihatin | rawuh ing Surakarta | măngka pamiwal kung | ing ramendra kang sungkawa | mangke arsa kondur marma jêng sang aji | miyos nèng Parambanan ||

25. panggih mantu dalêm narapati | kangjêng sultan mêthuk ingkang garwa | nuju sajrone taun Je | samana wulanipun | inggih sami Rabinguakir | ăngka warsa sinêrat | 17[27] | 90 sinangkalan | bêbarakan trustha sabdaning narpati |[28] sumăngga kagaliha ||

26. apan amung makatên ing nguni | dènnya sami lênggah pêpanggihan | bènèh lan wêkdal samangke | puniku jêng sang prabu | sakalihan dènnya martuwi |

--- 3: 115 ---

sami nèng dhatulaya | satataning tamu | tumamèng mong sih pasihan | lumèbèr mring sadaya wong sanagari | rakêt rumakêt trêsna ||

27. punika minăngka tăndha yakti | sih nugrahaning Hyang Maha Mulya | mili tan wontên pêdhote | tan kêndhat wantu-wantu | lumintu mring sang inastuti | Ngayogya Surakarta | rowangira muwus | mila makatên sanyata | kados criyos sampeyan nginggil puniki | saking marmaning Suksma ||

28. kula amung tumut amêmuji | mugi-mugi kangjêng sri narendra | karsa dalêm ing samangke | badhe rawuh martamu | mring nagari Surakartadi | nuntên kalampahana | kalayan rahayu | sagarwa putra kawula | myang nagari Ngayogyakarta basuki | wêwah wijiling rahmat ||

49. Mijil

1. nêngna ingkang arêrasan ririh | omong-omong kosong | gantya ingkang kacaritakake | amangsuli Surakarta nagri | ing ari Rêspati | tanggal kaping 3 ||

2. maksih jroning wulan Sura Alip | kadhaton kacriyos | miyos kangjêng sang nata siniwèng | pangagêman dalêm jêng narpati | kanigara rukmi | adhêdhasar [a...]

--- 3: 116 ---

[...dhêdhasar] kastur ||

3. kang rinasuk sadaya mantêsi | tan ana winaon | mara sêmu tata pamatrape | dhasar wignya busana sang aji | wangkingan Jêng Kyai | Singanugraha gung ||

4. sêlut sotya barleyan kinomplit | lan ingkang salorok | byur barleyan gêng alit tan pae | pantês kandêl lan kêmalon abrit | mêngangah waradin | abang nom agincu ||

5. jêjêran lan sarungannya rêsik | gilap kinclong-kinclong | warăngka ladrang candhana dhorèng | duk umiyos saking dalêm puri | cakêt ingkang ngampil | kêcohan mas sêpuh ||

6. anama Radèn Trangganarukmi | priyantun dalêm nom | mangke lamun wus jêngkar wiyose | gênti ngampil Dyan Sudamarukmi | upacarèng aji | tansah atut pungkur ||

7. sabêt Jêng Kyai Amparan nami | bale nata waos | palênggahan dalêm dhampar cukèn | kasurane mawi dèn sasabi | sutra lus tinulis | sêkar pradapa lung ||

8. sasab dhampar dhêdhasare kuning | lamun pasaran Pon | sasab irêng yèn pasaran Wage | pasaran Kaliwon măncawarni | Lêgi sasap putih | Paing abrit sêpuh ||

9. dadya sabênira Sênèn Kêmis | ingkang kagêm miyos | sontên santun kang winêdalake | anut wêktu pasaraning ari | lir kang wus winuni | sapiturutipun ||

10. tan wus lamun winarna ing tulis |

--- 3: 117 ---

wiyos dalêm katong | sabên nuju Rêspati myang Sênèn | pandhapa gêng sana sewaka ji | kang sami sumiwi | para narpasunu ||

11. myang santana abdi agêng alit | ing jawi tuwin jro | pêpak kadya adat sabên bae | siniwaka ing ri Sênèn Kêmis | enggale sang aji | samana wus kondur ||

12. saking siniwaka ngênyapuri | para marsudyèng don | arêrêsik myang nyênyingkirake | barang ingkang kinira tan dadi | parluning pangrukti | sadaya dèn usung ||

13. babut bangku kênap rêsban kursi | ginotong mring gêdhong | ingkang kangge tan siningkirake | tinaliti sami dèn rêsiki | bangsal panti-panti | palataranipun ||

14. winaradin dèn urugi wêdhi | kang lêgok mandhêlong | ngilak-ilak sumilak tan èlèk | mêlok ngalela malah maligi | lugu kadya gisik | ing sagara kidul ||

15. pêpêthètan palataran puri | wit sawo ngarompyoh | lagya nêdhêng tumaruna kabèh | pang-pang numpang kang kupêng anèng wit | ruwêt ngawêt nitih | wus patah tinutuh ||

16. pinapantês panatase milih | kang manglung mangisor | tarubusan lit-alit tumèmplèk | nèng pang gêdhe dipun parithili | wujut wijang jinjing | lênjang lir jinunjung ||

17. nginggil kêtêl tumiyung ngêyomi | ayêm angrêmpoyok | mayuk nora kasorot srêngenge | saking ngrêmbakaning tarurêsmi |

--- 3: 118 ---

sêmi sêmu wilis | lulus mulus subur ||

18. tumancêping uwit anèng siti | kêncêng tan malencong | lêlajuran bênjar jèjèr-jèjèr | longkang gangsal mètêr amêsagi | kanan kering ngarsi | mèh sadaya sèyup ||

19. pot-pot ingkang dumunung nèng tritis | margayasa ngalor | ngajêng sanawilapa athèrèk | alit-alit winot ing pot bêling | sanggan wrêksa jati | pinalitur alus ||

20. nêkuk mangetan pot gêdhe munggwing | nguntarasana lor | miwah panti pangarsa tan pae | gêdhong rêksa sugata ing têpi | gêdhong gudhang tuwin | ing panti winangun ||

21. undhak-undhakan paningrat kèksi | ingkang nomêr 2 | sinungan bil sajanma agênge | nyonyah ngadêg busananing dhiri | sampêt sarwa putih | kabèh sêmu ruruh ||

22. pamasange dipun sêlang-sêling | lan saka tan adoh | lir tumèmpèl bil wau unggyane | ing sêsaka malih dèn pasangi | pot agêng kang siti | êmpuk mawi rabuk ||

23. taru-taru tumaruna wilis | samya winot ing pot | bêling gêdhe saajug-ajuge | isi pêthetan waringin alit | pang-pange tan mênggik | menggak-menggok gathuk ||

24. gilig tinon kadya ula nglangi | pêpulêtan gogot | gonggang ngalung ngaluwêng sawange | bêngkak-bêngkuk anêkuk tan singkik | pucuk pacak bêcik |

--- 3: 119 ---

cawang 7, 8 ||

25. anggarêmbêl sungsun-sungsun kadi | gagar mayang mêkrok | rone tata ginunting kang sèngklèh | pange cêtha wit dèn usar putih | kang munggwèng taritis | ing panti winangun ||

26. sapiturute kang ana pinggir | èmpèr gêdhong-gêdhong | dudu ringin iku pêthetane | isi palêm myang cêmara brintik | andong wungu wilis | kulbandhang ron dhuru ||

27. mila têtanêman jroning puri | sadaya sri tinon | saking tansah pangupakarane | dening abdi dalêm Wlandi nami | iku Tuwan Sêmit | tukang kêbon baut ||

28. kèh warnane pêpêthetan asri | sajroning kadhaton | paningrat dèn palisir pinggire | dening wastra tri warna ing nginggil | abang nuli putih | ngisor dhewe biru ||

29. wiyaring kang palisir nêm kaki | mubêng tanpa pêdhot | pamasange sumalêmpit mèpèt | balandaring paningrat kang jawi | cakêt lawan tritis | turut pinggir kêmput ||

30. sagodhag-godhaging saka mawi | winingkis anyerong | nancut minggah mêkak pusarane | bênang tamparan uga tri warni | pucuk tali kalih | ginombyok anjêbug ||

31. sasêlane wastra kang winingkis | ngandhêlong mangisor | ngluwêng ngawêng kawangwang wirone | longkang malêngkung angombak warih | kasilir ing angin | obah mêngkap-mingkup ||

32. lir wardaya kang dahat [da...]

--- 3: 120 ---

[...hat] kapengin | arsa wruh sang katong | Kangjêng Sultan Ngayogya rawuhe | nèng kadhaton ing Surakartadi | sajroning pandhapi | sana sewaka gung ||

33. ing sasana parasdya pandhapi | andrawina katon | saka-saka myang bêbalungane | cète wungu anyawo matêng wit | ingulatan abrit | sinêmbuh prada byur ||

34. ing paningrat sadaya cèt putih | linud ing biru nom | rêsik kabèh tan ana rêgêde | kimpling-kimpling jêkining grumining | panjuta sêtroli | teplok myang gantung krun ||

35. kabèh saka bêling krêstal bêning | prabane sumorot | lir barleyan gêng-agêng rinèntèng | ran lêntera rêngganing sêtroli | lamun kênèng angin | lênterane gathuk ||

36. samya munya ting carêngkling bêning | swaranira alon | kapyarsa lir srênggani rarase | sabên obah naleram blêrêngi | ujwalane kèksi | abang kuning biru ||

37. saubênging sana sewakaji | ing pojok kang ngisor | lan ing têngah lêrês sipatane | sakaguru èmpèring pandhapi | sami dèn sinungi | bil nonah angathung ||

38. tangan loro anyăngga sêtroli | sadhompol ngarompol | kèhnya nênêm tan dhumpyuk tatane | kêkêb bundêr saking bêling putih | bil nolih mangering | sirahe tumungkul ||

39. pangampiling panjuta manginggil | nadyan katon abot | suprandene [suprande...]

--- 3: 121 ---

[...ne] kawistara sumèh | sêmu mèsêm kasêngsêm migati | gatining satroli | amadhangi lindhuk ||

40. kiwa têngên ing parasdya mawi | kêlir pagêr banon | mêmplak putih dèn usar labête | ingkang kidul rinarêngga dening | gambar dalêm swargi | kangjêng sang aprabu ||

41. ingkang kaping 7 saha kaping | 8 sang akatong | ngapit-apit kaca gêng madyane | kêlir kang lèr pinasangan ugi | gambar agêng kalih | kadya iring kidul ||

42. kang satunggal gambar dalêm swargi | kangjêng sang akatong | kaping 9 dene sisihane | wusing kaca agêng anêngahi | gambar dalêm aji | kangjêng sang aprabu ||

43. nênggih kang jumênêng sapuniki | palangkane kaot | kapat pisan sinami warnane | pinarada lir rukmi cinawi | mawi sastra Latin | P.B. tinitih krun ||

44. wontên malih gambar kang kaèksi | manggon munggwèng pojok | ngapit wiwaraning dalêm gêdhe | gambar dalêm sri nata suwargi | lan jêng pramèswari | ibu dalêm prabu ||

45. sêsingêbe saka dèn bikaki | saloroke katon | sumaringah jênar paradane | kadya êmas sinangling dèn ukir | malungkêr nglung pakis | kikise tan mringkus ||

46. umpak sela winangun pasagi | ngisor ambêdhodhok | dhuwur cilik manut sêsakane | pan tinatu tatahan sinungging | rênyêp-rênyêp kèksi | numpang kang suh sêlut ||

--- 3: 122 ---

47. singêbing kang saka kang bikaki | wadana kaliwon | myang panèwu mantri sakancane | golongan galadhag amajibi | sabên ana kardi | iku kang tinuduh ||

48. saambaning jarambah pandhapi | katon kinclong-kinclong | saking marmêr lumêr pangêluse | wimbuh tansah ginosok ri ratri | ing parasdya tuwin | paningrat sumunu ||

49. sumawana ing andrawinadi | ginêbyog ram manggon | mubêng têpung satêpining ngèmpèr | kaca bêning ing têngah kaèksi | estha kapas pari | myang X. P.B. krun ||

50. jêjênênge kaca kang ngubêngi | wrêksa linis têlon | dèn cèt wungu parada pinggire | sinung kori têmbing duk sinatri | utara nisihi | uga cacah 3 ||

51. ingkang kalih wadana sinami | wetan miwah kulon | têtêrusan patbêlas korine | nginggil malêngkung têbêng dèn ukir | lung pinrada kuning | kadya mas tumimbul ||

 


bangunan. (kembali)
Tanggal: Sênèn 7 Sura Alip AJ 1843. Tanggal Masehi: Selasa 17 Desember 1912. Perbedaan satu hari (Sênèn versus Selasa) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
kunêng ing. (kembali)
kran. (kembali)
Krestus. (kembali)
silastama. (kembali)
salêrêpe. (kembali)
manêngah. (kembali)
sumêntèg. (kembali)
10 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
11 Ditulis dengan huruf Latin. (kembali)
12 wêlas. (kembali)
13 ingkang. (kembali)
14 alkamdulillahiladi. (kembali)
15 baune. (kembali)
16 Lebih dua suku kata: kang dhèrèk titihan dalêm prabu. (kembali)
17 nunggang. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: manggon sapangkat-pangkat. (kembali)
19 Tanggal: Sênèn Wage nêm (6) Sura Alip AJ 1843. Tanggal Masehi: Senin 16 Desember 1912. (kembali)
20 jawi. (kembali)
21 sami. (kembali)
22 Baca: sèwu wolung atus. (kembali)
23 Tanggal: Rêbo Wage sapisan (1) Sura Alip: kagunane wau dadi bujangganing narendra (AJ 1843). Tanggal Masehi: Rabu 11 Desember 1912. (kembali)
24 taun. (kembali)
25 Baca: sèwu nêmatus. (kembali)
26 Tanggal: Rabinguakir: atêbih kang salira rasanira kumpul (AJ 1680). Bulan Rabinguakir tahun AJ 1680 jatuh antara tanggal Masehi: 15 Januari 1755 sampai dengan 12 Februari 1755. (kembali)
27 Baca: sèwu pitung atus. (kembali)
28 Tanggal: Rabinguakir (Rabingulakir): bêbarakan trustha sabdaning narpati (AJ 1790). Bulan Rabingulakir tahun AJ 1790 jatuh antara tanggal Masehi: 6 Oktober 1861 sampai dengan 3 November 1861. (kembali)