50. Maskumambang
1. winuwusa malême Jumungah Lêgi | punika tingala- | nira kangjêng pramèswari | nanging tingalan padinan ||
2. kathah ingkang sami marak saos bêkti | putri dalêm nata | myang sadhèrèk dalêm sami | tata palênggahanira ||
3. munggwèng èmpèr dalêmnya jêng pramèswari | ingkang sisih wetan | malih ingkang caos bêkti | rabining para wadana ||
4. myang kaliwon nanging amung sawatawis | kang malbèng jro pura | malih kang lênggah winarni |
--- 123 ---
priyantun dalêm nèm wrêda ||
5. tata munggwèng èmpèring dalêm sanadi | kang iring pracima | dènnya lêlênggahan sami | lan pra putri narpaputra ||
6. wetan kilèn kalih gèn nanging tan têbih | mung lêt palataran | sadaya dipun paringi | pasugatan tan kuciwa ||
7. sawetaning dalêm ing sasana adi | mawi santiswara | manggèn èmpèring pandhapi | langên katong ing duksina ||
8. nunggil malêm Jumungah Lêgi puniki | di dalêm ngulama | ing kadipatèn têtindhih | Dyan Ngabèi Imanpura ||
9. sami muji tilawatul Kuran tahlil | istipar salawat | tasbèh dikir manggon munggwing | srambi masjid Pudyasana ||
10. dènnya wiwit bakda ngisa nganti prapti | pukul kalih wêlas | sawêg bibaran umijil | sami ambêkta brêkatan ||
11. têturahan ambêngan kang wus binukti | nêngna tan winarna | praptaning ri Saptu Paing | Ngahate tanggal ping 4 ||
12. kang winarna maksih laju jroning puri | ing wanci jam astha | kănca anggong kanan kering | sami ngrêsiki pradăngga ||
13. wusnya rêsik tumuli dipun usungi | marang jroning bangsal | bangsal pradăngga lèr Kyai | Kadukmanis Manisrêngga ||
14. carabalèn Kyai Sêpêtmadu tuwin | Madupinasthika | malih ingkang dèn tatani | bangsal pradăngga duksina ||
15. găngsa Kyai Udanarum Udanasih | pangkoning pradăngga | sadaya sami
--- 124 ---
dèn ukir | cèt wilis sêling parada ||
16. ing sasana sewaka dipun gêlari | babut wungu noja | alus kandêle tri nyari | dumunung têngahing gajah ||
17. mujur ngetan kêmput èmpèring pandhapi | wetan sinambêtan | pan ugi babut kêtangi | ginatra patra puspita ||
18. wiwit saking undhak-undhakan kang nginggil | èmpèring pandhapa | kang wetan mangetan prapti | têngah-têngahing paningrat ||
19. trus mangalèr nganti prapta srimanganti | maksih laju mêdal | mangalèr dumugi kori | kamandhungan maderata ||
20. panggêlaring babut punika kinardi | lêlèmèk lumampah | tamu agung benjing-enjing | lopêr basaning Walănda ||
21. kawan kaki wiyaring lopêr puniki | mangsuli pandhapa | ing sasana sewakaji | panataning palênggahan ||
22. soring kili kang kidul dipun tatani | kursi gêng rinêngga | ukir-ukiran angrawit | dinus ing parada mubyar ||
23. bludru wungu kasuranira mawi pir | kêngkêng nanging mêndat | palênggahan dalêm aji | dèn apit-apit ing kênap ||
24. kênap marmêr marmêr ijo-ijo ngakik | gilap maya-maya | kêkalih ing kanan kering | nyambêti kursi pangarak ||
25. ngetan ngilèn palênggahan kursi alit | dhêdhasar cèt seta | linud ing parada kuning | ing têpi lêr kapurănta ||
26. sêsendhenan myang
--- 125 ---
kasuran dhamas putih | jèjèr lêlajuran | kêcohan barlin sinangling | lête kalih palênggahan ||
27. soring kili ingkang lèr ugi sinami | kadya ing duksina | puniku tataning kursi | dumadi ajêng-ajêngan ||
28. ing parasdya miwah prabayasa ugi | sami ginêlaran | babut wungu mardapa jring | cinitra sêkar rumambat ||
29. malih ingkang dipun sudhiyani kursi | dalêm pambayunan | lan prabayasa tan têbih | cakêt prênahing suyasa ||
30. namanipun kamar gêdhah langên adi | sawetaning kamar | ing jarambah dèn gêlari | babut wungu sumaringah ||
31. dèn tatani palênggahan rêsban kalih | pan ajêng-ajêngan | kanan keringira kursi | myang wingking dadya kalih sap ||
32. rêsban kursi sadaya puniku sami | lan ingkang tinata | munggwèng sana sewakaji | dhapur myang rêrêngganira ||
33. majêng ngalèr majêng ngidul datan têbih | mawi pakêcohan | rêsik kadya mas sinangling | nèng kering kaparèng wuntat ||
34. ing sasana andrawina dèn tatani | bipèt pangrantunan | isi gêlas agêng alit | pirantining pangunjukan ||
35. mêminuman kang mirasa adi luwih | srutu ampêg ampang | sigarèt koh inur putih | kartas ing bongkot paradan ||
36. kănca punakawan kridhawaya tuwin | lurahe mariksa | dènira ngrêsiki cangkir | suru wadhah gêndhis pohan ||
--- 126 ---
37. tutup cangkir lan bèri salaka rukmi | wus ingupakara | sawuse sadaya rêsik | sumimpên kalawan tata ||
38. kawuwusa sampeyan dalêm sang aji | lênggah kadi adat | siniwi ing para dasih | munggwèng sasana parasdya ||
39. sawusira rampung dènnya nguningani | kèhning sêrat-sêrat | Radèn Ayu Adipati | Sêdhahmirah ngabyantara ||
40. nglapurakên bilih dintên benjing-enjing | jêng narpadayita | lamun sang nata nglilani | nyuwun pamit botên marak ||
41. botên awit punapa pan amung saking | ing dintên punika | kraos gêrahnya ambèi | sarira kirang sakeca ||
42. dhawuh dalêm sri narendra anglilani | wau ta tinungka | nyai tumênggung kang tampi | sawusira mangastawa ||
43. sigra munjuk ing kangjêng sri narapati | dintên benjang-enjang | Jêng Gusti Pangran Dipati | Ariya Mangkunagara ||
44. nyuwun pamit tan sagêd sumiwèng aji | awit gêrah napas | radi sêsêg sawatawis | langkung cuwaning wardaya ||
45. dene botên sagêd andhèrèk manggihi | tamu gung jêng sultan | ing Ngayogya narapati | rawuh pura Surakarta ||
46. dhawuh dalêm kapriye manèh wong lagi | kapambêng ing lara | kakangmas pangran dipati |
--- 127 ---
ênggone nora sumewa ||
47. tar lyan namung nglilani sarta mêmuji | tumulia waras | dhawuhna sabdèngsun iki | nyi tumênggung tur sandika ||
48. tan winarna undure tumênggung èstri | ya ta sri narendra | sarêng wus wanci jam 2 | jêngkar saking palênggahan ||
49. kondur marang ing dalêm sasana adi | laju lênggah dhahar | lir adat kang wus winuni | ganti gambuhe dèn tamban ||
51. Gambuh
1. Ngahate sore surup | sirêp soroting raditya angslup | dadya wêngi kawistara ngawiyati | sudama kabèh kadulu | ambabar praba byur abyor ||
2. rêbut sênên sumunu | salong cumalorot ngalih dunung | kambah wimbuh wimbaning Hyang Sitarêsmi | tanggal ping 6 durung wutuh | lagya katon sapratêlon ||
3. ujwala susup tèngsu | sumaringah angkên naya kang wus | sampe sampêt praboting mara sumiwi | pêpak wus cêpak tinumpuk | manggon cêlak lan pangilon ||
4. sawênèh èstri sêpuh | lingsir wêngi anèng latar kutug | ngobong dupa anjênggruk karo nepasi | kipat-kipit dadi murup | gêni nganglo marong-marong ||
5. sinabêt wus tan murup | nglindêng kukusing dupa kumêlun | ngêningkên tyas yèn Prabu Rama sang pêkik | sagung jajahan kawêngku | sangêt ngikibi sang anom ||
6. bayani wêrda
--- 128 ---
iku | amung among umak-umik umuk | cikmèn katon sêsaji muja sêmadi | mapan nênêpi pitêkur | angadhêp gêni nèng nganglo ||
7. kutuge mênyan madu | linggih sila amêpês tumungkul | dhingkluk gathuk janggute lan kalamênjing | cangkêm mingkêm gêgêt untu | angunjal napas sinêrot ||
8. bali mêtu angangsur | pundhak mringkus sikut tibèng pupu | pêpulêtan tangan anggubêt mênthalit | èpèk-èpèke tinumpuk | kang kiwa ana ing ngisor ||
9. mêrêm maripatipun | mêgêng napas marêdêng brêgundung | ambadêdêng ngêdên kasidan dèn udi | ngèsthi pêpêsthèn rahayu | karaton dalêm sang katong ||
10. wiyung yayah kayungyun | ngambang têmbing nêmbang theyot thèblung | sakèh suka parisuka sabèng warih | salulup kadhang manthungul | thongol ngungak andêngongok ||
11. ing wiyat Hyang Sitangsu | surup kadya malbèng samodra gung | rêngganging kang paraba lumarap lirip | mung sudama panjêr esuk | wuwuh sumorot mancorong ||
12. lir tyasing para putus | tatas patitis mênêng manêngkung | kêngkêng mindêng angudi budi martani | sukcining cipta rahayu | konjuk kangjêng sri karongron ||
13. kapyarsa swara mêlung | sata-sata satata kaluruk | nyasmitani yèn wus wanci pajar sidik | sulak-sulake kadulu | dumilah suryarsa miyos ||
14. imalaya malêngkung |
--- 129 ---
longkange katon ngêlangut biru | berawaning paraba amrabawani | bawana wus tanpa siluk | pêpêluk sumilak mêlok ||
15. asuman sumèh nginguk | ngungak-ungak nèng udayèng gunung | gênah kadya manadukara sêsanti | marang risang arsa rawuh | Jêng Sultan Ngayogya mangko ||
16. ya ta wau winuwus | wanci pukul 7 patang mênut | pra prajurit lêbêt pra prajurit jawi | kang pinatah wus ngalumpuk | anèng magangan ngarompol ||
17. wus tampi wapênipun | nulya antre sadaya nèng ngriku | tata kupêng sap kalih ing ngajêng wingking | dèn abani tindhihipun | opisir kapitan mayor ||
18. laju lumaku urut | malbèng pura kang ana ing ngayun | prajurit jro jayèngastra wus lumaris | mêdal palataranipun | kadhaton têrus mangalor ||
19. kadêr maskapênipun | sikêp waos suling lawan tambur | ngampil pandhêl padinan ingkang nindhihi | kanigaran mayoripun | dodotan rèjèng anyarong ||
20. kaptin saopsiripun | sapangisor bêbêt rèjèng rujuk | lir grêbêgan ananging tanpa kulambi | laju tata barisipun | rangkêp loro marêp ngulon ||
21. anèng plataranipun | srimanganti kang wetan puniku | kanthi musik ing kadipatèn miranti | kèhnya petung 30 | padha amanganggo toro ||
--- 130 ---
22. wurine kang lumaku | gya prajurit jawi kang tinuduh | nyăngga karya panganggone marêstêni | musikan salomprèt tambur | pandhêl padinan kemawon ||
23. lumaris tata urut | iku jayatanantaka ngayun | wuri wira trunasura anyambêti | sikêp kapmès guwir sangkuh | prapta kamandhungan maro ||
24. tarunasura laju | tata baris arêpe mangidul | manggon anèng sakuloning kori gapit | jayatanantaka iku | anèng wetan dènnya manggon ||
25. padha marêp mangidul | dadya sisi sisihan kadulu | wetan kulon prajurit kalih Kumpêni | kanthi kaptin opsiripun | têtindhihe mayor loro ||
26. malih ingkang sumambung | pra prajurit jayasura sampun | lumaksana sikêp kapmès lawan guwir | pandhêle ingkang pinanggul | ugi padinan kang miyos ||
27. musik salomprèt tambur | tindhih mayor kaptin opsiripun | panganggone uga padha marêstêni | laju tata barisipun | nèng jroning ngalun-alun lor ||
28. prênah sawetanipun | tratag rambat tata mujur ngidul | sadayèku badhe mahargya sang aji | jêng sultan samăngsa rawuh | ayya ngungkurakên pakon ||
52. Pangkur
1. nênggih sajêroning pura | wus anjirap di dalêm kang sumiwi | èstri atanapi jalu | katon kalangkung kathah | kang
--- 131 ---
lumêbêt anglur sêlur rêbut dhucung | lir wiyosan garêbêgan | kèhe kang sami sumiwi ||
2. sadaya pra punakawan | jajar miwah ajidan sèkrêtaris | trêbis bêkêl lan panèwu | punakawan santana | myang dènmasan wayah buyut canggah nglumpuk | banjar andhap kalawija | mêtêngan tuwa taruni ||
3. păncaniti kridhardana | jawi lêbêt sadaya wus sumiwi | anyêlaki lopêr babut | iku ingkang rumêksa | pra niyaga kasêpuhan wus lumêbu | kiwa têngên sêsarêngan | Ki Dêmang Gunapangrawit ||
4. Dyan Bèi Wiraharjana | kanthi wiraswara lan badhut ringgit | nèng bangsal pradăngga kidul | dene Ki Dêmang Mlaya | lan Dyan Bèi Sutakusuma tan kantun | sakancane wiraswara | sisihan dènira linggih ||
5. bangsal pradăngga utara | rong panggonan găngsa wus wiwit muni | gênti-gênti lor lan kidul | tan sêru panabuhnya | kapiyarsa mawèh arsayaning kayun | kayungyun kaya-kayarsa | ngarsa-arsa sang martami ||
6. sêtrik orkès wus sudhiya | mapan munggwèng bangsal bujana sami | kaprênah kang iring kidul | uga wus wiwit munya | karya girang suwaranira raras rum | rumabasèng tyas lir sabda | kang mardawa ngancarani ||
7. naya sumringah noraga | dhuh sumăngga mugi lajua manjing | marang sajroning kadhatun | sampun sarwa gumêlar | bokmanawi
--- 132 ---
botên kuciwa ing sêmu | kagêm lênggah pêpanggihan | ing pura Surakartadi ||
8. ing wanci satêngah astha | wus katingal ondêr mayor sumiwi | iku Radèn Mas Tumênggung | Wiryadiningrat sarta | pra panèwu mantri ordhênas tan kantun | para lurah sapangandhap | miwah ordhênas Walandi ||
9. kaliwon jro kadipatyan | sakancane ordhênas ranan tuwin | gindês myang kanomanipun | ajidan sampun pêpak | abdi dalêm ing kadipatèn panèwu | mantri lurah bêkêl jajar | anunggal dènira linggih ||
10. panèwu mantri pêthilan | ingkang antuk paring dalêm mantering | sadaya kinon angrasuk | klambi mantering abang | nganggo nèsêl clana putih ikêt wulung | ingkang nora mênteringan | lir adat sabên sumiwi ||
11. pra punakawan sewaka | kadhawuhan kabèh padha rumanti | manganggo mantering wungu | nunggal mantri pêthilan | sumawana ingkang adate lumêbu | seba dina pasewakan | kabèh tan ana kang pamit ||
12. pra pangeran narpaputra | myang pangeran santana riya nginggil | wus sami sowan sadarum | mangagêm bêbasahan | kadya adat lamun sumiwèng kadhatun | wiyos dalêm siniwaka | nuju dina Sênèn Kêmis ||
13. dènira tata sumewa | nèng ngèmpèring nguntarasana sami | para pangeran puniku | kang tan pinacak mapag |
--- 133 ---
rawuh dalêm jêng sultan mring sêtatsiun | sowan nèng pura kewala | amung rayi dalêm aji ||
14. Jêng Pangran Mangkudiningrat | dhinawuhan mangagêm cara Wlandi | klèntênilenah pêthak byur | satopinira seta | sabêt parapièdhê gone tan kantun | pinatah kinon amapag | Jêng Gusti Pangran Dipati ||
15. Ariya Mangkunagara | mangke lamun dumugi srimanganti | tandya ingancaran laju | malêbêt marang pura | rèhne pamit datan sumiwèng kadhatun | dumadya ingkang pinapag | Jêng Gusti Pangran Dipati ||
16. Ariya Suryadilaga | amangsuli wau kang wus sumiwi | atambah-tambah matimbun | santana riya ngandhap | myang santana dalêm panji wayah buyut | panganggone kadi adat | munggwèng palataran puri ||
17. nyi tumênggung nyai lurah | sapangandhap pra abdi dalêm èstri | manggon nèng padatanipun | myang para ruming pura | sampun marak sadaya nèng dalêm agung | jarambah ing prabayasa | kêbak kèbêkan pra putri ||
18. Kangjêng Ratu Madurêtna | Kangjêng Ratu Anggèr Jêng Ratu Alit | para putri narpasunu | garwane pra pangeran | myang rabining wadana kaliwon kumpul | miwah rabining litênan | kolonèl mayor sumiwi ||
19. kang lyan putri dalêm nata | tata marak munggwèng paningrat sami | salèring parasdya iku | sakiduling parasdya | ing paningrat pra badhaya [ba...]
--- 134 ---
[...dhaya] srimpi lungguh | nêngna kang anèng jro pura | pasowanan srimanganti ||
20. abdi dalêm pra wadana | myang kaliwon panèwu tuwin mantri | rèh jro sapanêkaripun | kabèh padha sumewa | srimanganti kang wetan pangagêngipun | litênan kolonèl sarta | mayor kapitan opisir ||
21. polêntèr sarêsan kopral | sapangandhap sanggya para prajurit | anêtêpi wajibipun | caos jaga rumêksa | datan owah kadya adat sabên kumpul | nèng gon pacaosanira | abdi dalêm agêng alit ||
22. pagêlaran kang sumewa | para abdi dalêm golongan jawi | wadana kliwon panèwu | mantri patang wadana | siti agêng bumi panumping myang sèwu | pakapalan ing gêladhag | kadipatèn myang sitinggil ||
23. sadaya tan ana owah | ingkang seba miwah kang tungguk kêmit | gêng alit panganggonipun | basahan kadi adat | kuluk mathak sikêpan gêdhe myang wêdhung | sapangkat-pangkate mawa | upacarane tan kari ||
24. ing masjid Agêng winarna | dyan pangulu wus sowan nèng surambi | lawan kănca-kancanipun | abdi dalêm mêthakan | dene para juru suranata kumpul | anèng masjid Suranatan | yèku dènira sumiwi ||
25. ya ta ingkang winuwusa | abdi dalêm prikănca kang majibi | kareta sadayanipun |
--- 135 ---
nama Rêksawahana | tindhih kliwon kadipatèn namanipun | Dyan Bèi Puspadipura | sakancane kênèk kusir ||
26. sampun tinata sadaya | kang majibi kreta-kreta rinakit | agêm myang pangiringipun | tan ana kang kuciwa | kreta agêm dalêm kang kinarya mêthuk | Kiyai Manikkumala | pangirit kuda Ostrali ||
27. ulês dhawuk sakawanan | janggrung-janggrung dêdêge agêng inggil | sêmbada pakeanipun | carma krêsna gilapan | timangane barlin kadya mas dipun dus | murdèng kuda papat pisan | sinung bulu-bulu abrit ||
28. asri sumringah mêngangah | kusir Wlandi anama Tuwan Sêmit | kênèk kêkalih tan kantun | jas rêta clana seta | sigra mangkat saking kamandhungan iku | mring sêtatsiun Balapan | pangiringira tut wuri ||
29. lakune urut-urutan | kang angirit iku Radèn Ngabèi | Puspadipura kadulu | amandhegani lampah | radi rikat sampun prapta sêtatsiun | sakèhning kreta pêthukan | tinata atharik-tharik ||
30. ing sêtatsiun Balapan | tanpa sêla kêbak janma ningali | atusan maèwu-èwu | wus tan kêna winilang | tuwa anom gêdhe cilik èstri jalu | wong nagara wong ing desa | ngêmban bayi dèn tekadi ||
31. wong ingkang padha tumingal | sire mono [mo...]
--- 136 ---
[...no] kabèh bisa alinggih | kang sêla kêpenak sèyup | manggon kang rada cêdhak | anèng sêtatsiun kayungyun mangayun | trangginas kang sami jaga | lurah kampung jagawèsthi ||
32. ngadhangi akon balia | ayo gêlis mrana mring pinggir margi | tyas sênêng pangagêngipun | myat karerehanira | cakêp jangkêp marang kawajibanipun | yèku Dyan Tumênggung Karta- | nagara kang mangagêngi ||
33. sanggya pulisi nagara | lan kaliwon pulisi Dyan Ngabèi | Kartawadana sinêbut | malih kang sampun prapta | kliwon mantri anom anèng sêtatsiun | Dyan Ngabèi Nitipura | kalawan Radèn Ngabèi ||
34. Kartadipura punika | kalih pisan ugi anunggil kardi | jagarumêksa rahayu | tan kari dhistrik kitha | Dyan Ngabèi Tăndhapranata panèwu | mantri ondêr dhistrik lawan | mantri pulisi kinanthi ||
53. Kinanthi
1. anjaga nèng sêtatsiun | myang sakèhning margi-margi | ingkang badhe kalangkungan | ing tamu agung puniki | yya kasandhung sambekala | sami manggiha basuki ||
2. ing sajroning sêtatsiun | wahkamêr dèn sudhiyani | palênggahan kursi pradan | agêng kang rinêngga pèni | sasab baludru kasuran | ing têpi têpung kaukir ||
3. saha palênggahanipun | pra pangeran kang umiring | tinata ing kering kanan | kursi sawatawis alit | jawi
--- 137 ---
lêbêt ginêlaran | ing babut wungu kêmrunggi ||
4. myang lopêr panatanipun | saking palênggahan prapti | èmpèr sasanèng kareta | kalawan dèn sudhiyani | pasugatan mêminuman | sapirantosipun komplit ||
5. miwah sês sigarèt srutu | agêng alit papak lincip | dene sugata punika | dhawuh dalêm jêng sang aji | kangjêng radèn adipatya | ingkang kinon nyudhiyani ||
6. bilih tamu agung rawuh | ing ngarsa dalêm sang aji | kangjêng sultan lan putrendra | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | ingkang badhe angladosi ||
7. kliwon damêl kèhnya catur | nama Rahadèn Ngabèi | Bujadipura kêparak | kêparak kiwa lan malih | Dyan Bèi Martadipura | kaliwon ing gêdhong kering ||
8. katiganira sinêbut | namane Radèn Ngabèi | Tăndhadipura punika | kaliwon bumi rèh jawi | Dyan Bèi Wăngsadipura | kliwon sèwu anjangkêpi ||
9. dene liya-liyanipun | kang pinatah angladèni | anama kănca wibawa | sami mangangge mêntèring | sapraptanira ngalêmpak | nèng sêtatsiun miranti ||
10. wau pra kaliwon catur | tansah dènnya nguningani | ladèn kang badhe mangarsa | sadurunge tinaliti | rinukti titi tinata | winijang sawiji-wiji ||
11. badhe ajêng unduripun | urut-uruting
--- 138 ---
lumaris | pinatah-patah kang bêkta | sinungan wajib pribadi | wose pinurih prayoga | ayya kongsi nguciwani ||
12. ing sajroning sêtatsiun | wus kathah para priyayi | pêthukan saking jro pura | praptane nora sarênti | ananging caritanira | winursita gênti-gênti ||
13. prapta ordhênas 24 | sami mawi topi pècis | sandhang panganggone kêmbar | ikêt modang umpak putih | bêbêt bathik pandêlêgan | sabuk cindhe cakar langking ||
14. bara renda kêmbang suruh | klambi kain sukêt wilis | anganggar pêdhang suduk mas | sarta abdi dalêm mantri | panèwu ing kadipatyan | kèhe 8 nunggal kardi ||
15. lawan ordhênas puniku | pangganggonira mèh sami | bedane mung bêbêd jamblang | nyangkêlit wêdhung nèng kering | kabèh anunggang turangga | bêbêd winingkis manginggil ||
16. dadya sruwale kadulu | lawan kulambine sawit | tindhih kaliwon ordhênas | anama Radèn Ngabèi | Mangkudipura minăngka | iku ingkang ngumêndhani ||
17. wus sami nèng sêtatsiun | lawan ordhênas Walandi | amung sajuga pinatah | mangke samăngsa sang aji | sampeyan dalêm jêng sultan | anitih kareta pèni ||
18. ambikaka korinipun | Wlandi ordhênas majibi | mawi bruk pêthak jas rêta | ya ta kreta kèh kang prapti | kang nitih sawuse mandhap | ngalonthang kreta [kre...]
--- 139 ---
[...ta] sumingkir ||
54. Lonthang
1. ya ta sarêng ing wanci jam 8 enjang | ingkang sami ngêmban timbalan narendra | kinon mêthuk nèng sêtatsiun Balapan ||
2. sadaya wus sami rawuh sêsarêngan | Kangjêng Pangeran Ariya Prabuningrat | Kangjêng Pangeran Angabèi kalawan ||
3. Jêng Pangeran Arya Kusumadiningrat | Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat | Kangjêng Pangeran Ariya Cakraningrat ||
4. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda | Kangjêng Pangeran Ariya Natapura | para narpaputra pangagêmanira ||
5. sami cara Walandi klintêni pêthak | topi seta mawi sabêt sadayanya | Kangjêng Gusti Pangeran Dipati Arya ||
6. Prabu Suryadilaga ugi wus prapta | nèng Balapan saking sajêroning pura | rawuhipun duk wingi saking Ngayogya ||
7. sakalihan ingkang garwa nèng jro pura | lêrêp munggwèng kamar langên katong kadya | adat sabên sowan maring Surakarta ||
8. kangjêng gusti dhinawuhan ing ramendra | enjing punika mêthuka mring Balapan | lan kang paman Pangeran Natadiraja ||
9. kang minăngka dadya pamomonging lampah | Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat | katri pangagêmanira nora beda ||
10. cara Wlandi kadya para narpaputra | kang wus sami winarna nginggil punika | malih ingkang rawuh risang mantrimuka ||
11. Kangjêng Radèn Dipati Sasradiningrat |
--- 140 ---
amangagêm nyamping sawitan lan dhêsthar | lakên cêmêng rasukanira atelah ||
12. mawi bara paningsêt cindhe puspita | nganggar katga ingkang warăngka gayaman | tudhung lawan bulu-bulunira krêsna ||
13. Pangran Kolonèl Arya Purbanagara | pangagêman kadya sang mantri wasesa | kaot ingkang dèn anggar sabêt suduk mas ||
14. sarta ngagêm topi pècis têpi renda | pra wadana kang dhèrèk mêthuk punika | bêkêl jawi bupati sèwu anama ||
15. iku Radèn Mas Arya Suryanagara | lan wadana bupati ing gêdhong kiwa | nama Radèn Tumênggung Jayanagara ||
16. lan bupati pulisi jroning nagara | iku Radèn Tumênggung Kartanagara | panganggone sadaya para wadana ||
17. lan kaliwon wau kang sampun winarna | prajuritan nanging tan mawi cincingan | sarta tanpa bangkol lawan tali bandhang ||
18. mawi topi pècis sêtorbane renda | mayor lêbêt mijipinilih namanya | iku Radèn Mas Arya Danuwinata ||
19. mayor jawi mayoring jayatêtana | nama Radèn Mas Arya Arjawinata | abdi dalêm ritmistêr opsir sakawan ||
20. amangangge marêstêni sadayanya | pra militèr sami anumpak turangga | èmpèr panti sêtatsiun kang nguntara ||
21. sampun kêbak para agung Surakarta | miwah para panèwu mantri mangandhap | katingalan abdi dalêm ing Ngayogya ||
--- 141 ---
22. pangkatipun panèwu undhagi sarta | kanthi para priyayi bêbaunira | ngrumiyini amasang undhak-undhakan ||
23. mangke kagêm tumêdhak saking kareta | kreta sêpur titihan dalêm sang nata | abdi dalêm undhagi wau punika ||
24. angkatipun duk wau pukul nêm enjang | gêrbong nomêr kalih samangke wus prapta | namanira Ngabèi Wignyadiguna ||
25. iku pangkat panèwu undhagi tuwa | lawan mantri Ngabèi Wignyapawira | kanthi jajar undhagi mrisi têtiga ||
26. kănca gladhag Ngabèi Jagadikrama | gunggung nênêm abdi dalêm ing Ngayogya | panganggenya ajangkêp udhêng-udhêngan ||
27. abêbêdan kalèmbrèh klambi bêskapan | dhuwung kalih winangking lawan dèn anggar | saya kathah janma kang anèng Balapan ||
28. para nambut karyèng sêpur kadya adat | swaranira langkung rame kapiyarsa | kumarasak pating galodhag garobyag ||
29. gumalêdhêging kareta têka lunga | tanpa rungwan gumuruh lir lampor sasra | ploit-ploit sumênthit angsung pratăndha ||
30. sêpur lagya têka miwah arsa mangkat | myang têngara gathita tinabuh munya | kaping pindho jêjêl kang munggah mring kreta ||
31. rêbut dhucung rêbut dhisik rêbut papan | kondhèkture wus nutup wiwarèng kreta | nuli mangkat sêpure marang Sêmarang ||
32. kang mangetan iku [i...]
--- 142 ---
[...ku] marang Surabaya | kang mangulon marang nagara Ngayogya | tinon kadya tan pêgat samarga-marga ||
55. Mêgatruh
1. nêngna wau kang ana ing sêtatsiun | Balapan kang sami nganti | yakti sarêng wancinipun | samangke gênti winarni | ing Ngayogya kacariyos ||
2. jam 6 enjing jroning sêtatsiun Tugu | sampun jinagi pulisi | Bupati Radèn Tumênggung | Wiryadirja mangagêngi | sakarerehane golong ||
3. pra pulisi kitha kanthi lurah kampung | myang kănca siman rumanti | anjaga ing lurung-lurung | kang badhe dipun wiyosi | sampeyan dalêm sang katong ||
4. katon tata wijang jroning sêtatsiun | wahkamêr dèn sudhiyani | palênggahan dalêm prabu | kursi mèbêl sutra kuning | cinuki mêndat tan atos ||
5. kursi wau agêng-agêng kèhnya 8 | ing têngah dipun pasangi | kênap bundêr marmêr alus | ing jarambah dèn gêlari | babut prangwêdani manggon ||
6. wus sudhiya titihan dalêm sang prabu | nênggih kareta dhirèksi | cumêpak panggenanipun | munggwèng sakiduling panti | sêtatsiun rada ngulon ||
7. agêm dalêm kareta dhirèksi wau | rinarêngga sarwa asri | buntal têtêlan sêkar rum | rumajak mubêng ing jawi | ngaluwêng mandhêlong kêndho ||
8. nora oncat nancut mêncit tan marucut | gêgêbêr [gêgê...]
--- 143 ---
[...bêr] angobar-abir | lokomotipe winangun | lir pêksi garudhapati | wulune mêngkorog mêkrok ||
9. suwiwi ro binabar kadyarsa mabur | cucuke lancap alincip | laring kukila kadulu | byur saking karêtas kuning | kanang angga ambêdhodhok ||
10. kanan kering soring paksi kèksi sinung | sinangsaya duwaja lit | kalih kêmbaran sutra lus | lir banderaning prajurit | kumitir gêtêr kasêntor ||
11. ing maruta angirit gănda rum-arum | ruming puspitèng dhirèksi | wus bagus wimbuh binubuh | kabèh rêrênggane pèni | jawi jro sami kemawon ||
12. sawingkingnya titihan dalêm puniku | kreta badhe dèn tumpaki | kang sami andhèrèk laju | amung sagêrbong cumawis | nomêr satunggal mirantos ||
13. wontên malih gêrbong pasudhiyanipun | tambangan para lumaris | ingkang nunggil wancinipun | lan têdhak dalêm sang aji | wêwolu kathahing gêrbong ||
14. dadya petung 10 ginandhèng urut | tinata dipun nomêri | kang badhe nunggil sapurug | kondhèktur miwah masinis | sabêbaune tan repot ||
15. tan wus lamun winuwus saya ta wau | abdi dalêm pra undhagi | lan galadhag wus ngalumpuk | kang pinatah amajibi | rumêksa miwah anggotong ||
16. masang undhak-undhakan dalêm [da...]
--- 144 ---
[...lêm] sang prabu | mangke manawi anitih | dhirèksi supadosipun | botên kinggilên lumaris | marma sinungan pirantos ||
17. abdi dalêm ingkang majibi puniku | satunggal nama Ngabèi | Wignyadikrama sinêbut | pangkate bêkêl undhagi | nuwani gawe nèng kono ||
18. ro Ngabèi Krêtanăngga bêkêl bubut | katêlu nama Ngabèi | Wignyasêtama palungguh | lan mantri undhagi mrisi | papat namane kacriyos ||
19. Ngabèi Wignyawasita jajar sêpuh | papat jajare kinanthi | galadhag tindhih panèwu | iku anama Ngabèi | Jagapranata nunggal gon ||
20. lan Ngabèi Jagasêdarma kinancuh | uga gladhag pangkat mantri | sadayanira puniku | kănca gladhag lan undhagi | padha sudhiya nèng kono ||
21. sarêng sampun ing wanci 1/2 7 | sêsarêngan sami prapti | ngalêmpak nèng sêtatsiun | bupati nayaka tuwin | riya myang bupati anom ||
22. kajawi kang minggah caos mring kadhatun | tuwin kang tumêdhak kêmit | puniku kang boya tumut | mring sêtatsiun pan maksih | sami têtêp nèng kadhaton ||
23. saliyane sadaya wus sami rawuh | abdi dalêm agêng alit | sowan anèng sêtatsiun | pangagêmanira sami | jangkêp lir adat kemawon ||
24. sami udhêng-udhêngan rasukanipun | bêskapan sangkêlat [sangkê...]
--- 145 ---
[...lat] langking | warni-warni nyampingipun | malih ingkang sampun prapti | pêpatih dalêm sang katong ||
25. Pangeran Ariya Adipati Danu- | rêja myang para bupati | kang badhe dhèrèk sang prabu | mring nagri Surakartadi | wus jangkêp sarta mirantos ||
26. nêngna kang wus anèng sêtatsiun Tugu | ing kadhaton kang winarni | titihan dalêm sang prabu | kareta nama Kiyai | Arsunaba wus sumaos ||
27. sakawanan rakitan kuda palumpung | wêton Ostrali gêng inggil | mantri kênèk kusiripun | mangangge kaprabon abrit | saking Ratajayan bodhol ||
28. mangkat marang kamandhungan dunungipun | ngajêng kori srimanganti | ing ngriku cumawisipun | tuwin dragundêr Walandi | wus prapta manggon nèng kono ||
29. sami numpak turangga kathahnya 7 | nênggih sajêroning puri | para abdi dalêm sampun | ingkang badhe ngampil-ampil | sowan sami amanganggo ||
30. ngrasuk patêdhan dalêm mantering manggung | macak udhêng gadhung mlathi | cundhuk bukèt puspita rum | bêbêt lêmês polos abrit | kulambi baludru ijo ||
31. sabuk kêsting biru bara kêmbang suruh | pungkas tibèng kanan kering | akamus sangkêlat jamus | tansah curiga winangking | asamir cindhe abang nom ||
32. ingkang ngampil ampilan dalêm sang prabu | abdi dalêm lurah tuwin | bêkêl punakawanipun |
--- 146 ---
badhaya dene kang ngampil | nênggih agêm dalêm songsong ||
33. punakawan ordhênas panganggènipun | udhêng-udhêngan kulambi | lakên cêmêng kang winangun | bêskapan rinangkêp putih | bêbêdan jangkêp marabot ||
34. anyangkêlit dhuwung satunggal nèng pungkur | malih ingkang ngampil-ampil | ampilan dalêm puniku | sampeyan dalêm jêng gusti | abdi dalêm anom-anom ||
56. Sinom
1. lurah bêkêl punakawan | ing kadipatèn sinami | panganggone datan siwah | kadya kang sampun winarni | namung kaot sakêdhik | kadipatèn sabuk wungu | kang ngampil songsong gilap | agêm dalêm kangjêng gusti | abdi dalêm punakawan kadipatyan ||
2. pangangge ugi tan beda | sadaya kang ngampil-ampil | katon ringas brêgas ganggas | parigêl têtêg têrampil | jatmika mikangêni | prasaja ing tindak tanduk | ing sêmu sumaringah | noraga angati-ati | kasêpuhan ing kaneman tan prabeda ||
3. sadaya sampun sumewa | tumuli sami nampèni | ampilan dalêm sang nata | wadhah sês jêne sinangling | tinronyok sêsotyadi | ingkang angampil puniku | Dyan Bêkêl Atmacăndra- | kusuma wayahing aji | pagantenan mas wrêda taronyok rêtna ||
4. kang ngampil Dyan Lurah Atma- | căndradipura grat kalih | kêcohan kancana [kanca...]
--- 147 ---
[...na] lugas | kang ngampil dyan bêkêl nami | Atmasuwăngsa nuli | sabêt balongsong mas sêpuh | ingkang angampil nama | Dèn Lurah Atmasêmèdi | malih sabêt ugi balongsong kancana ||
5. kang ngampil Dyan Bêkêl Atma- | căndrawinata grat kalih | sabêt balongsong kancana | tinaronyok sêsotyadi | puniku ingkang ngampil | rahadèn bêkêl sinêbut | Atmacăndrasaputra | grat kalih ingkang nampèni | saput rukmi lugas ingkang ngampil nama ||
6. Radèn Bêkêl Atmacăndra- | pratama wayahing aji | têtembor kancana lugas | wadhah agêm dalêm topi | ingkang angampil nami | rahadèn bêkêl puniku | Atmacăndraatmaja | grat kalih nuli kang ngampil | Kangjêng Kyai Badhak sêlut jêne lugas ||
7. Radèn Mas Panglèwên nama | pulunan dalêm sang aji | agêm dalêm songsong gilap | parigêl ingkang angampil | darah canggahing aji | Dèn Mas Mangkusuwitèku | ploncon songsong kuningan | lan tandhon upêt kang ngampil | pan rinangkêp dening Dèn Mangkulêsmana ||
8. gya ampilan kadipatyan | wadhah sês rukmi sinangling | tinaronyok ing barleyan | puniku ingkang angampil | radèn wadana nami | prawiranadi grat têlu | lan sabêt balongsong mas | dèn taronyok ing rêtnadi | Kangjêng Kyai Mangunonêng [Manguno...]
--- 148 ---
[...nêng] wastanira ||
9. anênggih sabêt punika | nalika jaman Giyanti | sri nata sultan kapisan | ingkang kinarya nglunasi | Mangunonêng ing Pathi | kang angampil namanipun | Dyan Bêkêl Suryadirja | pulunan dalêm sang aji | pagantenan kancana taronyok sotya ||
10. kang ngampil Dyan Bêkêl Surya- | taruna pulunan aji | pakêcohan jêne lugas | kang ngampil dyan bêkêl nami | Suryamurcita ugi | pulunan dalêm sang prabu | kuthuk saput mas lugas | puniku ingkang angampil | Dyan Bêkêl Prawirapradana grad tiga ||
11. kêbut lar Kiyai Badhak | sêlut mas lugas sinangling | kang ngampil Dyan Bêkêl Surya- | prawira pulunan aji | ingkang angodhe kalih | anjagani kang nèng ngayun | kalamun minta gantya | salah siji kang mangarsi | namanira Dyan Bêkêl Suryadipura ||
12. Dyan Bêkêl Suryaatmaja | sami pulunan narpati | agêm dalêm songsong ingkang | angampil Radèn Ngabèi | Păncawêrdaya nami | pan maksih darah grad catur | kêkah paloncon tosan | kang ngampil Radèn Ngabèi | Păncadinama ugi darah grad tiga ||
13. kang ngampil songsong punika | myang kang ngampil ploncon wêsi | karone sami golongan | abdi dalêm mantri ngampil | ing kadipatèn ugi | dene liyane ro iku | wau kang wus winarna | ampilan [ampi...]
--- 149 ---
[...lan] dalêm jêng gusti | ingkang ngampil anama manggung sadaya ||
14. sawusira tinampenan | lan satiti ngati-ati | nuli jèjèr-jèjèr tata | anèng sajêroning puri | kajawi kang winuni | abdi dalêm lêbêt sampun | pêpak sami sumewa | andhèr palataran puri | ayêm ayom dening wit sawo ngrêmbaka ||
15. sarêng wanci pukul sapta | sanggya para narpasiwi | wus sami sowan sadaya | munggwèng bangsal srimanganti | ingkang badhe umiring | andhèrèk kangjêng sang prabu | marang ing Surakarta | busananira winarni | ngagêm cara Walandi mantering pêthak ||
16. pra pangran kang têngga praja | sami ngrasuk busanadi | ngagêm cara Jawi macak | rasukan takwa sêmbagi | ngagêm karsèt èrloji | sangsangan rante mas sêpuh | tansah paniti rêtna | gumêbyar nèng jaja kering | sweda jênthik sarakit supe barleyan ||
17. ya ta sampun sawatara | dènira nèng srimanganti | nuli sadaya ngandikan | malêbèng puri wus kerit | prapta sami sumiwi | ing ngarsa dalêm sang prabu | lênggah nèng gêdhong jênar | busana dalêm sang aji | ngagêm cara Walandi mantering seta ||
18. tan pae lan prabyatmaja | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | sudibya mahraja siwi | narendra ing Matawis | wus sumiwèng rama prabu | cakêt dènira lênggah | sami alênggah ing kursi | sumawana [sumawa...]
--- 150 ---
[...na] kang mangagêm cara Lănda ||
19. dene ta para pangeran | kang mangagêm cara Jawi | sumiwi lênggah ing ngandhap | mabukuh sêmu jrih asih | ing palataran puri | para sumewa supênuh | manggèn sapangkat-pangkat | datan worsuh ing palinggih | tanpa swara ing solah sami jatmika ||
20. pra abdi dalêm samêkta | kang badhe dhèrèk cumawis | samăngsa jumênêng têdhak | sampeyan dalêm sang aji | maksih lênggah siniwi | alon angandika arum | mring rayi dalêm nata | hèh adhimas Mangkubumi | ing samêngko kaya wus prayoga mangkat ||
21. risang antuk pangandika | umatur saha wotsari | kula nuwun kasinggihan | dhawuh dalêm narapati | cêkapan ingkang wanci | bilih kangjêng sang aprabu | umiyos sapunika | manggut sumèh nayogyani | sri narendra wus jumênêng alon têdhak ||
22. jêng sri asri sinongsongan | pra abdi dalêm mastuti | urmat dhodhok ngapurancang | ing sêmu sami katawis | kapengin atut wuri | jrih ing tyas rèhne mangulun | sayêkti mung sumarah | mundhi dhawuhing narpati | sampun rawuh ing kori danapratapa ||
23. ya ta kang sami sumewa | myang saos nèng srimanganti | samêkta magita-gita | anênggih dintên puniki | kang mandhap caos nami | nayaka Radèn [Ra...]
--- 151 ---
[...dèn] Tumênggung | Mangkuyuda wadana | bupati kaparak kering | ingkang minggah caos bupati nayaka ||
24. Rahadèn Tumênggung Karta- | nagara bupati jawi | wadananing maos enggal | sakarone iku sami | maksih nèng srimanganti | sakarerehanira wus | andhodhok ngapurancang | ing ngajêng miwah ing wingking | tata urut manut nom tuwaning karya ||
25. sadayane kawistara | dènnya urmat trusing ati | mring sang lagya lumaksana | ing wuri pra narpasiwi | lan ingkang ngampil-ampil | wiyos dalêm sang aprabu | mawa praba prabawa | tinon lir Hyang Surapati | duk mapag mring nararya Andananjaya ||
26. katrima dènnya wus tapa | nèng guwa Ngendrakilardi | tinimbalan mring suwarga | Hyang Endra onêng ing galih | nuli-nulia panggih | lan kêkasihing dewa gung | gya linggar saking pura | para dewa atut wuri | warna-warna kawacanirèng jawata ||
27. sarwa adi murup mumpyar | êmas ingêmasan sami | pinatik ing nawarêtna | pakaja nila widuri | kasorot ing suryenjing | sumunar wênês sumunu | mangkana sri narendra | rawuh kori srimanganti | sri kawuryan laju anitih kareta ||
28. Jêng Kiyai Arsunaba | ing wau kang wus cumawis | kang kinarsan nunggil lênggah | kangjêng putra dalêm gusti | prabu anom rêspati | susilambêg mardawa yu | jatmika martotama |
--- 152 ---
lênggah keringing ramaji | malih ingkang nèng bak ngajêng rayi nata ||
29. nênggih Jêng Gusti Pangeran | Adipati Mangkubumi | lan Kangjêng Gusti Pangeran | Adipati Angabèi | kusir dèn sasmitani | sandika mastutyèng dhawuh | sigra ngêtap turangga | rakitan lumaris aris | jojog lêmbat ing lampah nora kasêsa ||
30. titihan dalêm kareta | Kyai Arsunaba pèni | cèt kuning linis parada | ing jro kasuran cinuki | panarik kalih rakit | turangga ulês palumpung | kêmbar gêng inggilira | sami wêdalan Ostrali | pakeannya komplit prakêntin sadaya ||
31. irêng gilap mawa cahya | katimang barlin sinangling | giligan kadya salaka | gêng alit ing warni nunggil | kusiripun Walandi | nama Tuwan Yan puniku | manganggo kulambi jas | satopine lakên abrit | pan rinêngga mawi bulu-bulu pêthak ||
32. bruk seta satiwêl krêsna | kênèk kêkalih tan kari | panganggone uga padha | lir wau kusir Walandi | kaote kênèk kalih | amung tan mawi sêpatu | anyêkêl kêbut bobat | ibut bat-bêt anyabêti | ing pastika kang mencok angga turangga ||
33. ayêm lampahing swaninda | Walandi dragundêr kalih | anumpak kuda nèng ngarsa | iku ingkang anjajari | titihan dalêm aji | saking kamandhungan têrus | mangilèn salèrira | suranatan datan têbih | sawatawis [sawata...]
--- 153 ---
[...wis] laju amenggok ngutara ||
34. sakilèning sitibêntar | maksih lumaksana rindhik | rawuh kori sapiturang | titihan dalêm sang aji | rikat ing sawatawis | anjog jroning alun-alun | alun-alun ngutara | kareta wuri winarni | roning kamal ginantya sêkar balabak ||
57. Balabak
1. wingking dalêm Walandi dragundêr papat | ajèjèr | sami numpak turangga tindhihnya kopral | kathahe | ngajêng kalih wingking gangsal sami ngliga | sabête ||
2. sawingkinge gya kreta rujèn cèt jênar | kudane | ulês plumpung sakawanan tinitihan | kretane | Gusti Pangeran Ariya Purubaya | lan manèh ||
3. iku Gusti Pangran Arya Buminata | tunggile | Gusti Pangran Arya Pugêr datan pisah | lênggahe | lawan Gusti Pangran Arya Suryaputra | sambunge ||
4. sawingkingnya malih kareta sêdhogan | kudane | maksih sami ulês plumpung sakawanan | ing jrone | Gusti Pangeran Arya Mangkukusuma | lan manèh ||
5. Gusti Pangeran Arya Tejakusuma | karone | Gusti Pangeran Arya Adikusuma | katrine | Bandara Pangran Arya Adinagara | papate ||
6. Bandara Pangran Arya Suryadiningrat | limane | kreta tritis kuda sakawanan krêsna | ulêse | kang anitih anèng sajêroning kreta | asmane ||
--- 154 ---
7. Bandara Pangran Arya Suryawijaya | gya manèh | Bandara Pangeran Arya Pakuningrat | keringe | Bandara Pangèn Arya Suryabrata |[1] lajênge ||
8. Bandara Pangeran Arya Adisurya | nunggil gèn | Bandara Pangran Arya Surya Mataram | cakête | Bandara Pangran Arya Jayakusuma | sambête ||
9. kreta layur kuda cêmêng sakawanan | kang gèrèt | kang anumpak ampilan dalêm sang nata | wurine | iku kreta pamili rakitanira | kathahe ||
10. sakawanan kuda sami ulês krêsna | wulune | tinumpakan ampilan ing kadipatyan | saênggèn | sadayane turangga rakitan kreta | kang dhèrèk ||
11. kuda wêton Ostrali gêng inggil samya | dêdêge | kênèk kusir manganggo jas topi abang | mêngèngèh | clana putih tan nganggo sêtiwêl carma | sikile ||
12. lawan kênèk kusir kang dhèrèk sang nata | kacèke | kabèh iku tanpa bulu-bulu seta | topine | amangsuli malih sêkar roning kamal | yya kagèt ||
58. Sinom
1. kareta sadayanira | ingkang andhèrèk puniki | karya ascaryaning driya | sadaya kang aningali | andhodhok angurmati | anêmbah tingkah kadulu | lir mêmuji raharja | mangkana samargi-margi | janma ingkang wruh wiyos dalêm sang nata ||
2. pangurakan ing gêladhag | kamarbolah sositait |
--- 155 ---
ngajêng bètèng residhenan | pra tuwan-tuwan Walandi | ngadêg sami saluwir | sung urmat kangjêng sang prabu | aparing wêwangsulan | manggut manganan mangering | ya ta rawuh ing Tugu menggok mracima ||
3. sauruting marga-marga | sêtatsiun kêbak janmi | miyat rawuh dalêm nata | sadaya sami ngurmati | Pangeran Arya Adi- | pati Danurêja mêthuk | lawan sakancanira | sanggyaning para bupati | sapangandhap samyandhodhok ngapurancang ||
4. sigra wau kangjêng tuwan | asistèn residhèn nami | Y.Y. Kurt sampun anyêlak | ya ta Jêng Gusti Ngabèi | Jêng Gusti Mangkubumi | Kangjêng Gusti Sudibyanung | Anom Mêngkunagara | wus mandhap nanging tan têbih | sri narendra tumêdhak saking kareta ||
5. têtabean lan jêng tuwan | asistèn resdhèn nanggapi | miwah tuwan jurubasa | nama A.Y. Èngêl ugi | nguntapakên ngurmati | anèng sêtatsiun Tugu | misungsung angsung puja | karaharjaning lumaris | myang kang samya andhèrèk mring Surakarta ||
6. wus wradin dènnya tabean | Jêng Tuwan Y.Y. Kurt nuli | sigra nganthi sri narendra | munggwèng kanan amantêsi | lirih lumaris aris | pêpatih dalêm sang prabu | miwah para bupatya | tata sami anjajari | anèng ngarsa dalêm ajèjèr nyakawan ||
7. ing alampah tan kasêsa | ngêtrapakên tatakrami |
--- 156 ---
mêndhak ngrêpèpèh noraga | tindak pidak ing pada ris | rarase ngraras ati | adêg amayuk tumungkul | solah lir angwibaksa | ingkang sami anjajari | sarêng prapta sangajênging palênggahan ||
8. samyandhodhok ngapurancang | pinaro nganan myang ngering | rangkêp kalih wuri ngarsa | wau ta kangjêng narpati | datansah dèn songsongi | wiyos dalêm sampun rawuh | ing kamar panglêrêban | laju alênggah ing kursi | kangjêng tuwan asistèn andhèrèk lênggah ||
9. nèng kering dalêm sang nata | ing kanan kaparèng ngarsi | jêng gusti sudibya putra | tan têbih lawan ramaji | Jêng Gusti Mangkubumi | lan sadaya narpasunu | wau para pangeran | nênggih dènira sumiwi | munggwèng jawi cakêt sakiduling kamar ||
10. kapyarsa suwarèng kreta | gumalêdhêg gêgêtêri | kumarasak têka lunga | kabarung asêping krustin | anggêrêng bas-bos mijil | kukuse mulêk kumêlun | irêng gêmbulêng minggah | ambyar kasabêt ing angin | mawa awu mahawan awor ing hawa ||
11. janma ingkang sami numpak | myang mêdhun pating saliri | ngalor ngidul ngulon ngetan | gawane tansah cinangking | ginendhong myang sinunggi | dèn indhit kadhang pinanggul | ngutu lumaku rikat | tan mawi dugi prayogi | ugêr mluwa banjur dèn trajang kewala ||
12. măngka papan ingkang sêla | nênggih ing wêgdal [wê...]
--- 157 ---
[...gdal] puniki | lagya kinarya sumewa | dening para brêtyapati | angadhêp sri bupati | risang kalipatullahu | para pulisi jaga | tansah dènnya elik-elik | mring pra janma ingkang tanpa subasita ||
13. miturut kang sinung sabda | saking durung wruh ing gati | marma gita lumaksana | sanalika gya sumisih | nêbih kèndêl umèksi | para priyayi gung-agung | anggênggêng ngabyantara | anjirat tarap sumiwi | marikêlu tan bènèh anèng jro pura ||
14. kareta dhirèksi nyêlak | alon dènira lumaris | wus kèndêl sakidulira | lawan wahkamêr tan têbih | ya ta kănca undhagi | lan kalang sami umaju | masang undhak-undhakan | tumèmpèl kreta dhirèksi | kiwa têngên kalang undhagi anjaga ||
15. Tuwan Sèp pangagêngira | ing sêtatsiun puniki | majêng ngunjuki uninga | titihan dalêm dhirèksi | istratrèn wus cumawis | saha sampun wancinipun | mangkat mring Surakarta | wau ta kangjêng sang aji | sawusira amidhangêt palapuran ||
16. jêngkar saking palênggahan | jêng tuwan asistèn nganthi | miyos arsa nitih kreta | orêg kang sami ningali | jalwèstri gêdhe cilik | niyate mung kudu maju | arsa wruh pêpundhènnya | musthikèng Ngayogya nagri | pan cinêgah dening kang jaga rumêksa ||
17. plêg-plêg andhodhok kang ngarsa | sumawana pra
--- 158 ---
priyayi | agêng alit ngapurancang | mastuti risang lumaris | kang ngagêm cara Wlandi | urmat jumênêng andhêku | sri nata sinongsongan | sarawuh dalêm ing kori | korining kang kareta kèndêl sakêdhap ||
18. paring tabe mring jêng tuwan | asistèn resdhèn nanggapi | umatur angsung pamuja | raharjanirèng lumaris | manggut tarima kasih | sampun waradin sadarum | pra tuwan têtabean | marang kang arsa umiring | tan parbeda[2] puji-pinuji raharja ||
19. sri narendra sampun lênggah | nèng jroning kreta dhirèksi | tansah kangjêng prabyatmaja | miwah kang andhèrèk sami | wus mapan lênggah nunggil | nèng kreta pangiringipun | tata sapangkat-pangkat | kondhèktur gya nutup kori | sigra mêdhun nyêbul salêmpritanira ||
20. tăndha wus rampung sadaya | masinise anampèni | ploit munya swara bantas | cumalêring maring kuping | wanci jam 7 luwih | 35 mênut | kreta laju lumampah | manglung candhela kang nitih | kumalawe sasmita kantun raharja ||
21. kang wrêda maluyèng asta | ingkang anèm mangastuti | kawistarèng paribawa | sami ascaryaning galih | nanging kang samya kari | anèng sêtatsiun Tugu | laire parisuka | satêmêne jroning ati | kaya-kaya klayu andhèrèk sang nata ||
22. kang kantun pra narpaputra | laju
--- 159 ---
wangsul marang puri | sowan tugur sami lênggah | munggwèng trataging pandhapi | bangsal kancana asri | para pangeran puniku | sadaya sami angsal | patêdhan dalêm sang aji | mêminuman wedang dhahar myang dhaharan ||
23. bupati rèh punakawan | tuwin punakawan sami | malêbêt marang jro pura | tugur tan ana kang mulih | malêbête kairit | dening Rahadèn Tumênggung | Purbaningrat punika | bupati anom ananging | dumadya wadana agêng punakawan ||
24. dene sagung pra bupatya | wau kang dhèrèk sang aji | nèng sêtatsiun sumewa | wontên mantuk wontên maksih | sami têngga ngêntosi | anèng sêtatsiun Tugu | amung mangke manawa | jam 1 konduring aji | amêpaka nèng sêtatsiun sarkara ||
59. Dhandhanggula
1. nêngna kang sami têngga nagari | ya ta wau sêpur kang lumampah | kreta dhirèksi istratrèn | titihan dalêm rawuh | Lêmpuyangan Mêgowa tuwin | Kalasan kinèndêlan | tigang haltê wau | laju malih lumaksana | suwe-suwe saya rikate ngungkuli | iburing paksi grudha ||
2. tanpa walang-galih ingkang nitih | sri narendra jêng sinuhun sultan | mapan lênggah dalêm sèndhèn | ngrasuk busana luhung | pantês jendral mayor klintêni | jas clana rosês seta | kinancing mas sêpuh | agêm dalêm topi pêthak | sabêt bengkok warăngka [warăng...]
--- 160 ---
[...ka] myang garan rukmi | tinrètès nawa rêtna ||
3. angagêm bintang plag kumandhuring | ordhê Nèdêrlansê leyo saha | bintang kang mawi sastra W | ing têngah namanipun | Marêskalêg Dhandhlês kaèksi | sami pinatik sotya | gumêbyar narawung | ngagêm kalpika pusaka | nama Kangjêng Kiyai Pepe nèng jênthik | tasjug agilar-gilar ||
4. winursita kang dhèrèk puniki | kangjêng putra dalêm sri narendra | jêng gusti sang prabu anèm | dwi rayi dalêm prabu | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Mangkubumi minulya | malih katrinipun | uluning pra narpatmaja | kangjêng gusti pangran dipati ngabèi | nênggih sakawanira ||
5. yèku ingkang ajêjuluk Gusti | Pangeran Ariya Purubaya | rayi dalêm kalimane | gusti pangeran iku | Arya Pugêr sinambat ing sih | nêm Gusti Pangran Arya | Mangkukusumèku | pitu Bandara Pangeran | Arya Adinagara pinilih dadi | ajidan dalêm nata ||
6. sami busana cara Walandi | klintêni pêthak satopinira | mawi sabêt parapiye | malih winahyèng wuwus | kang andhèrèk munggwèng dhirèksi | kang ngampil songsong gilap | lan kang ngampil iku | wadhah sês mas tronyok sotya | myang kang ngampil wadhah sêsira jêng gusti | prabu anom minulya ||
7. pêpatih dalêm tuwin bupati | Radèn Tumênggung Brăngtakusuma | lawan bupati namane |
--- 161 ---
iku Radèn Tumênggung | Danuadiningrat tan têbih | dènira sami sowan | ing kangjêng sang prabu | munggwèng sajroning kareta | dene ingkang numpak garêbong ing wingking | kreta nomêr satunggal ||
8. abdi dalêm ingkang ngampil-ampil | kasêpuhan kalawan kanèman | miwah songsong kadipatèn | sami anunggal lungguh | nora pisah ingkang dèn ampil | ingkang nyêpuhi lênggah | Rahadèn Tumênggung | Purbanêgara kalawan | abdi dalêm wadana ordhênas Wlandi | nama Tuwan Èsepas ||
9. lurah ordhênas ran Tuwan Prit Hir | pangagêmannya sang mantrimuka | lan bupati kang andhèrèk | jangkêp nêtêpi dhawuh | arasukan atelah langking | ing jro kamejan seta | dhêstharira jumbuh | lan nyamping bathik sinoga | apaningsêt singsêt cindhe puspita brit | pungkas ginombyok bara ||
10. dhuwung kêkalih kandêlan rukmi | mêndhak bèjèn pinatik ing sotya | rêsik gilap warangkane | sinangkêlit akukuh | dipun anggar ingkang satunggil | Kangjêng Pangeran Arya | Adipati Danu- | rêja risang mantrimuka | wangkingannya ingkang sinangkêlit nami | Kiyai Purbamiyat ||
11. yèku pusaka ing nguni-uni | singa ingkang dadya warăngkendra | tamtu punika agême | mangsuli kang winuwus | busanane para umiring | topi krêsna rinenda | pètcis wangunipun | datansah
--- 162 ---
sêtorbanira | kawistara sadaya ingkang umiring | anèng sajroning kreta ||
12. kreta sêpur kang maksih lumaris | dahat sami arsayaning driya | dene andhèrèk gustine | akèh kang anguk-anguk | ing candhela ningali ngarsi | saking tyas kaya-kaya | tumuli atutug | ing nagara Surakarta | marma rada rongèh mulat nganan ngering | katon têgal lan sawah ||
13. kadhang dhusun maripit pinggir ril | kêkayone katêmpuh maruta | kerut karahatan pange | sumiyut miyut-miyut | mayat kiyat ginayut dening | pring ori gêgêrotan | tarung swara sêru | ronira garing kumrasak | tanpa rungwan gumalêdhêg gêgêtêri | bantêr lakuning kreta ||
14. haltê-haltê ingkang dèn langkungi | amung bisa katon sacleretan | sakêdhap netra mak lere | manawa wus kalangkung | tamtu tanya-tinanya sami | lan tunggilira lênggah | pundi niki wau | haltê ingkang kalangkungan | kula botên sagêd cêtha aningali | mangsuli tan prabeda ||
15. haltê kêkalih kang dèn langkungi | tanpa kèndêl Prambanan kalawan | Srowot ngajêngakên Klathèn | inggih ngajêng puniku | lah sayaktos sampun kapyarsi | ploitnya sampun munya | sumênthite landhung | ya ta lampahing kareta |
--- 163 ---
radi rindhik bikut kang sami mutêr rim | wingking têngah ing ngarsa ||
16. sampun prapta sangajênging panti | sêtatsiun ing Klathèn pan kathah | janma kang miyat rawuhe | ing kangjêng sang aprabu | jêjêl uyêl jalu lan èstri | marma padha miyarsa | saking pra priyantun | ing Klathèn sadayanira | agêng alit antuk dhawuh kinon sami | ngurmati lan rumêksa ||
17. ing sampeyan dalêm sri bupati | kangjêng sultan ing Ngayogyakarta | ayya pae sumiwine | lawan nalikanipun | Sri Narendra Surakartadi | miyos marang Ngayogya | sadayanira wus | punika nuhoni dhawah | sami anèng sêtatsiun silastuti | sumiwèng naranata ||
18. ya ta sêpur saking wetan prapti | dadya nèng Klathèn iku pêthukan | kreta kang prapta wus lèrèn | wau titihan prabu | atêngara ploit sumênthit | alon nuli lumampah | ing Klathèn kapungkur | kang kari maksih umiyat | saya têbih saya rikat kadya mimis | pêsat saking sanjata ||
19. sakêdhèp netra nora kaèksi | mung kukuse kang maksih katara | wus nglangkungi haltê Cèpèr | tan dangu ing Dêlanggu | haltê Gawok lan Purwasari | têrus maksih lumampah | sabên sêtatsiun | sanadyan karetanira | nora mandhêg suprandene kang ningali | jalwèstri langkung kathah ||
20. saking bêtèke arsa udani |
--- 164 ---
marang gusti ratu pêpundhènnya | angalab barkah sêdyane | katumusan rahayu | saking kangjêng sri narapati | ngêyomi asih marma | mring dasih sawêgung | anggung kaleberan dana | ing sadina-dina lir ilining warih | waratèng bumitara ||
21. adhêdhasar mahambêg darma sih | kêrtartèng tyas adil paramarta | amartani pamintane | ring janma mudhapunggung | paring boga ing pêkir miskin | kinênan ing wusana | sinung tan winuwus | kawawas saking wus yuswa | tamtu lamun barkah dalêm munpangati | sabda pandhita nata ||
22. pamaluyaning sih para dasih | tansah mêmuji dirganing yuswa | maksiha lêstantun awèt | pinundhi-pundhi sagung | garwa putra dalêm myang abdi | sakèh wong tanah Jawa | kilayu mudya yu | sampeyan dalêm jêng sultan | ing samangke titihan dalêm sang aji | wus nora pati rikat ||
23. yèku praptèng kampung Turisari | maksih ngancas ngetan lumaksana | sakilèning lèpèn Pepe | sêtatsiun kadulu | bantas buntas ploit sumênthit | sora kadya wêwarah | lamun sang aprabu | wus mèh rawuh ing Balapan | ya ta ingkang nèng sêtatsiun pra janmi | miyat ngilèn sadaya ||
24. pating jarumbul jinjit kang têbih | wimbuh obah kabèh kadya gabah | dèn intêri nglintêr nètèr | putêr nèng sêtatsiun | rêbut ngayun kayungyun mèksi | supaya bisa tamat |
--- 165 ---
mring sang lagya rawuh | angadhangi para jaga | ayya kongsi cêdhak-cêdhak kalawan ril | kang badhe linangkungan ||
25. titihan dalêm kang lagya prapti | samangke wus nora lumaksana | kèndêl nèng tritis ingkang lèr | èmpèring sêtatsiun | ya ta abdi dalêm undhagi | Ngayogya sakancanya | sigra sami maju | angusung undhak-undhakan | pinasang nèng korining kreta dhirèksi | mèpèt papak arampak ||
26. dèn jagani ing kanan myang kering | wiwaraning kareta wus mênga | ya ta kang sami andhèrèk | angrumiyini mêdhun | agêm dalêm songsong cumawis | mèpèt undhak-undhakan | sumêblak garipun | pra mêthuk sami mangarsa | sumawana sadaya kang atut wuri | kang ngagêm cara Lănda ||
27. sami urmat jumênêng pusisi | ingkang cara Jawi ngapurancang | nèng sawetan myang kilène | lêlopêr babut wungu | gya tumêdhak alon sang aji | saking sajroning kreta | songsong atut pungkur | sêtap musik kasêpuhan | sigra munya ngurmati gêndhing wihèlmis | swara sora kapyarsa ||
28. kadya atur pambagya basuki | mring kang rawuh nagri Surakarta | rahayua salamine | dirga yuswaning prabu | awèt sami pinundhi-pundhi | putra santana wadya | lampah dalêm laju | tumamèng wahkamêr lênggah | munggwèng kursi majêng mangalèr siniwi |
--- 166 ---
sanggyaning pra pangeran ||
29. sakalihan sang anindyamantri | Surakarta lan Ngayogyakarta | tuwin pangeran kolonèl | ngabyantara mabukuh | dene sagung para bupati | kang mêthuk lan kang prapta | nênggih sowanipun | anèng sajawining kamar | nunggil abdi dalêm ingkang ngampil-ampil | sawusnya tata lênggah ||
30. pra kaliwon mangarsa ngladosi | pangunjukan dalêm mêminuman | datansah kalung samire | lumampah jèjèr urut | tata ngati-ati sêtiti | patrape anoraga | alon tan kasusu | pangampiling patadhahan | bèri isi gêlas agêng dhara alit | sarengkot ès prongkolan ||
31. sapangiringira nora kari | abdi dalêm prikănca wibawa | acikat cakut tandange | wus prapta ngarsa prabu | pra kaliwon ingkang ngladosi | tan laju lumaksana | angêntosi dhawuh | sawuse tampi sasmita | nuli majêng andhadhap solah pinardi | anyêlak mring ngarsendra ||
32. ririh dhawuh mundhut toya Wlandi | lawan aès winor anèng gêlas | ingkang kancana tutupe | wus sumèlèh ing bangku | gya lumadi katur sang pêkik | jêng gusti rajaputra | narendra Matarum | saha maring kang sumewa | sadaya wus waradin dipun ladosi | minuman warna-warna ||
33. lan tinungka malih kang lumadi | sês sarutu manjung
--- 167 ---
lincip papak | sigarèt kohinur lan rèk | anulya sami mundhut | sês sigarèt myang srutu lincip | ngrêsêpi pasugatan | ya ta samana wus | kang mêthuk tatas samêkta | ingkang mawi turangga dipun tumpaki | montor tuwin kareta ||
34. mapan sami sudhiya nyêlaki | marang panggonan ingkang kinira | mangke gampil panitihe | swaranira gumuruh | ting gadebag pating karincing | wênèh tangising bocah | kêkitrang lumayu | ngupaya ing yayah rena | katilapan wong tuwane nora mikir | dilampu gone miyat ||
35. tan petungan janma kang ningali | anjirap nèng satêpining marga | rapêt pipit pèt-pinèpèt | puput pêpêt akêmput | kadya sêmut angrubung gêndhis | uyêl riyêl anayal | nayal suk-ingêsuk | saking kumudu wêruha | marang kangjêng sri naranata kang prapti | dadya asmarèng driya ||
60. Asmaradana
1. wau ta kangjêng narpati | jêngkar saking palênggahan | sadaya urmat wiyose | saking wahkamêr mangetan | datansah sinongsongan | sakèh kang nèng sêtatsiun | Êncik Arab Lănda Cina ||
2. koja kaji lan wong Jawi | umiyat kalawan urmat | satatane dhewe-dhewe | sri nata tansah maluya | saluwir ngering nganan | sanggya para narpasunu | myang kang ngampil upacara ||
--- 168 ---
3. sami angrêbyêg ing wuri | patih dalêm sakalihan | nèng ngajêng jajari jèjèr | ngarsa malih pra bupatya | ing Yogya Surakarta | noraga ing tindak-tanduk | tumindak ing pada tamban ||
4. wiyos dalêm wus dumugi | sasanèng kreta pêthukan | laju anitih sang katong | sasmita mring rajaputra | kangjêng gusti pangeran | adipati anom sampun | lênggah keringing ramendra ||
5. kang dhèrèk lênggah bak ngarsi | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Mangkubumi lênggah jèjèr | kalawan Kangjêng Pangeran | Ariya Prabuningrat | sadayanira puniku | sanadyan anunggil lênggah ||
6. myang mangagêm cara Wlandi | maksa maksih anoraga | trapsila tatakramane | agêm dalêm songsong mêgar | kaampil nèng goncengan | Walandi ordhênas sampun | nutup korining kareta ||
7. tandya kusir dèn dhawuhi | manawa uwis samêkta | payo mangkat alon bae | sandika lesnya dèn angkat | kuda wiwit lumampah | kênèk kêkalih anuntun | rakitanira sakawan ||
8. tanpa bêndana lumaris | aris raras ngarah-arah | sarèh sumarah ing pangrèh | kurang tyas sugih graita | têtêg nora ajrihan | tarincing junjunge dhuwur | taracak imbal mandhapan ||
9. dhasar karetane pèni | Kiyai Manikkumala | anglêr tan ana
--- 169 ---
rasane | lumaksana tanpa swara | ingkang nitih sakeca | mandul-mandul lir binandul | pamadaling pir kasuran ||
10. wiyos dalêm narapati | ngarsa mawi jinajaran | jèjèr nyakawan lampahe | di dalêm mantri ordhênas | 8 numpak turangga | tindhih kliwon namanipun | Dyan Bèi Mangkudipura ||
11. gya titihan dalêm aji | kiwa têngêning kareta | abdi dalêm mayor loro | wurinya ritmistêr 4 | lêrês wingking kareta | opsir 4 anggrubyug | lampahe angalang marga ||
12. nênggih sawingkinge malih | abdi dalêm pra ordhênas | miwah mantri kadipatèn | ugi ajèjèr nyakawan | lamun wiyar kang marga | pan kinarya jèjèr 8 | gumarêdêg rantap-rantap ||
13. ingkang anumpak turanggi | ya ta kang sumambung wuntat | iku kreta titihane | Jêng Gusti Pangeran Arya | Dipati Prabu Surya- | dilaga tunggilanipun | Kangjêng Pangeran Ariya ||
14. Mangkudiningrat utawi | Pangeran Natadiraja | nuli montor titihane | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Ngabèi Yogyakarta | lawan jêng pangran puniku | Angabèi Surakarta ||
15. malih ingkang anambungi | kareta titihanira | dèn titihi lênggah jèjèr | Gusti Pangran Purubaya | lan Jêng Pangeran Arya | Kusumadiningrat luruh | lirih wahyaning wacana ||
16. kreta malih kang nitihi | bêbisik Gusti Pangeran |
--- 170 ---
Arya Pugêr kêkancuhe | Jêng Pangeran Arya Purba- | diningrat munggwèng kiwa | maksih ing wuri sumambung | tan têbih urut-urutan ||
17. kareta ingkang nitihi | Gusti Pangeran Ariya | Mangkukusuma asmane | kalawan Kangjêng Pangeran | Ariya Cakraningrat | jèjèr sakalihanipun | nèng bak wingking dènnya lênggah ||
18. nuli kang nyambêti wuri | malih anunggil sakreta | ingkang dèn titihi montor | yèku Bandara Pangeran | Arya Adinagara | lan jêng pangeran jêjuluk | Ariya Kusumayuda ||
19. tuwin kreta dèn titihi | Jêng Pangeran Arya Nata- | pura ugi nitih montor | wingkingnya kareta 3 | sadaya tinumpakan | kang ngampil-ampil puniku | upacara kasêpuhan ||
20. malih wingkingnya kêkalih | kareta tumpakanira | ampilan ing kadipatèn | tumuntên sawingkingira | kareta tinitihan | pêpatih dalêm Sang Prabu | Surakarta Yogyakarta ||
21. kreta malih dèn titihi | puniku Pangeran Arya | Purbanagara kolonèl | kumêndhan ing Surakarta | kancuhanira numpak | lan mayor kumêndhanipun | prajurit Ngayogyakarta ||
22. pangkat sipating palinggih | sami bupati nayaka | apantês nama Rahadèn | Tumênggung Purbanêgara | kreta malih winarna | pan maksih kathah ing pungkur | ingkang anyambêti lampah ||
--- 171 ---
23. abdi dalêm pra bupati | Ngayogya myang Surakarta | bupati sèwu lênggahe | bêkêl Radèn Mas Ariya | Suryanagara lawan | kanthinya Radèn Tumênggung | Brăngtakusuma kêparak ||
24. kareta montor nyambêti | ingkang numpaki bupatya | ing gêdhong kiwa Rahadèn | Tumênggung Jayanagara | kang nunggil nèng kareta | puniku Radèn Tumênggung | Danudiningrat bumija ||
25. abdi dalêm jêng sang aji | wadana ordhênas Lănda | lurah ordhênas kalihe | tan laju dhèrèk sang nata | marang ing dhatulaya | namung kèndêl sêtatsiun | mangsuli kang lumaksana ||
26. titihan dalêm sang aji | wus mêngkêrakên Balapan | nêkuk mangidul lampahe | kareta tan pati rikat | lumajêng jojog lêmbat | taksih lumampah mangidul | ing ngalun-alun Balapan ||
27. sarawuhe pêkên Lêgi | tumuntên menggok mangetan | tan petungan wong kang nonton | rèntèp satêpining marga | jêjêl uyêl-uyêlan | wanita tanapi jalu | gêdhe cilik anom tuwa ||
28. margi ingkang dèn langkungi | sakiwatêngêning kreta | wong nonton padha andhodhok | plêg-plêg urmat sedhok nyêmbah | sabên wus kalangkungan | angadêg nuli lumayu | kêkinthil lakuning kreta ||
29. ana ingkang banjur mulih | warna-warna kang umiyat | duwe karêp dhewe-dhewe |
--- 172 ---
titihan dalêm sang nata | miwah kang atut wuntat | pan maksih mangetan têrus | margi gêng Tambaksêgaran ||
30. saya kathah kang ningali | kêbak wong pasar Widuran | prapta pratêlon gya menggok | mangidul margi pacinan | wetan Cakranagaran | pasar Gêdhe para bakul | lumayu tinggal dhasaran ||
31. ambyuk mangulon ningali | lampah dalêm sri narendra | sampun rawuh krêtêg gêdhe | gya lumêbêt residhenan | miyos kori ngutara | rakitanira tinuntun | ririh lumaksanèng kreta ||
32. samana sira Jêng Gusti | Dipati Suryadilaga | lawan wau sakanthine | tan dhèrèk marang resdhenan | têrus malêbèng pura | mangsuli malih winuwus | sampeyan dalêm jêng sultan ||
33. rawuh sangajênging galdri | galdri dalêm residhenan | Kangjêng Tuwan G.F. Pan Wèk | risidhèn ing Surakarta | kalawan para tuwan | nanggapi sang lagya rawuh | wus tumêdhak saking kreta ||
34. sampeyan dalêm sang aji | umanggut tandya tabean | lan kangjêng tuwan residhèn | miwah marang para tuwan | nyaosakên pambagya | sanggya narpasunu sagung | ugi wus wradin tabean ||
35. tumuntên kangjêng sang aji | kinanthi dening jêng tuwan | residhèn laju lampahe | malbèng dalêm residhenan | datansah kanthèn asta | kang andhèrèk sadaya wus |
--- 173 ---
wau mandhap saking kreta ||
36. laju anggrêbyêg ing wingking | wingking dalêm sri narendra | lumaksana maksih kanthèn | margi linopêr lajuran | sarawuh dalêm nata | gya lênggah sangajênging trun | ing kursi kinarawistha ||
37. majêng mangetan sang aji | jajar lawan kangjêng tuwan | residhèn kering lênggahe | wontên malih palênggahan | tinata mujur ngetan | kapering kaparèng ngayun | kang lênggah kilèn priyangga ||
38. Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | tan têbih nyambêti jèjèr | asistèn residhèn nama | Jêng Tuwan A.M. Th | Artêpèl ingkang sumambung | gya Kangjêng Gusti Pangeran ||
39. Adipati Mangkubumi | tumuli malih kang lênggah | jêng tuwan asistèn resdhèn | P.W. Yongkirên sambêtnya | Jêng Gusti Adipatya | Ngabèi satêngênipun | juru basa Y.W. Kliyan ||
40. kang nyambêti lênggah Gusti | Pangran Arya Purubaya | kang lênggah malih wetane | Gusti Pangeran Ariya | Pugêr Gusti Pangeran | Arya Mangkukusumèku | Bandara Pangeran Arya ||
41. Adinagara mungkasi | nuli kursi lèr kang lênggah | owrêstêh Tuwan Y. Buwès | gya Kangjêng Pangeran Arya | Prabuningrat Jêng Pangran | Angabèi kang sumambung | tuwan sèkrêtaris lênggah ||
42. anama W.M. In Gêlip | Jêng Pangran Arya Kusuma- | diningrat malih keringe |
--- 174 ---
Jêng Pangeran Cakraningrat | lan malih juru basa | Tuwan Israèl sinêbut | nuli Jêng Pangeran Arya ||
43. Kusumayuda nyambêti | Jêng Pangeran Natapura | litnan ajidan namane | Tuwan Kat pungkas lèr wetan | ingkang lênggah lajuran | kursi kang lèr lan kang kidul | sasisih isi sadasa ||
44. ngandhap palênggahan kursi | ginêlaran babut wiyar | panjang mangetan pungkase | puniku kinarya lênggah | ingkang sami sumewa | pêpatih dalêm Sang Prabu | Surakarta Yogyakarta ||
45. Kangjêng Radèn Adipati | Sasradiningrat ing têngah | sakêdhik radi mangalèr | keringnya Pangeran Arya | Dipati Danurêja | sami ngabyantara prabu | majêng mangilèn sadaya ||
46. ing kanan kapara wuri | puniku Pangeran Arya | Purbanagara kolonèl | nyambêti Radèn Mas Arya | Suryanagara cêlak | kalawan radèn tumênggung | Tumênggung Jayanagara ||
47. keringnya sang nindyamantri | nindyamantri ing Ngayogya | ugi kapara wurine | sipat lêrês kang alênggah | lèr kidul têtimbangan | misihi Radèn Tumênggung | Brăngtakusuma sumewa ||
48. sakeringira nyambêti | jèjèr rampak papak sila | puniku nama Rahadèn | Tumênggung Danudiningrat | Radèn Tumênggung Purba- | nêgara pungkasanipun | tan mungkur sungkêming driya ||
61. Pangkur
1. sawusira tata lênggah | kangjêng tuwan residhèn ngandikaris | punapa
--- 175 ---
sami rahayu | nagari ing Ngayogya | saha pramèswari lan putra kang kantun | sampeyan dalêm ngandika | inggih sadaya basuki ||
2. ya ta sugata mangarsa | pangunjukan wedang tèh prêsan kopi | sri narendra sampun mundhut | kalawan kangjêng tuwan | saha ingkang sami alênggah puniku | angunjuk wedang sadaya | sasampunira waradin ||
3. dènnya ngrêsêpi sugata | nuli mundur wau kang angladosi | sakêdhap tumuli wangsul | sigra dènnya lumampah | ngaturakên sês sigarèt rèk lan srutu | ingkang sami linadosan | mundhut sasênênging galih ||
4. katingal rêna kang lênggah | kang martami lawan sang pinartami | sami rumêsêp ing kayun | tan tilar tatakrama | ya ta wau sang prabu ngandika arum | mring kangjêng tuwan pamitan | bilih tuwan nayogyani ||
5. kula amadal pasilan | lajêng badhe malêbêt dhatêng puri | kapanggih mring anak prabu | prayogi aturira | gya jumênêng sakalihanira sampun | lumaksana kanthèn asta | kang lênggah sami umiring ||
6. tan dangu pan sampun prapta | munggwèng ngèmpèr soring taritis galdri | tandya têtabean sagung | manis naya sumringah | ing pasêmon sami sumêmi rahayu | wusnya waradin sadaya | wau ta kangjêng sang aji || [|...]
--- 176 ---
[...|]
7. laju anitih kareta | Kyai Manikkumala tuhu pèni | ingkang andhèrèk sang prabu | munggwèng sajroning kreta | datan ewah lir duk saking sêtatsiun | sumawana pra pangeran | sapangandhap kang umiring ||
8. numpak kareta myang kuda | titihan wus lumaris maksih aris | angsung urmat mring kang kantun | sarana sasmitasta | kumalawe miwah saluwir myang manggut | wus kapungkur residhenan | tata tataning lumaris ||
9. kang sami numpak turangga | datan ewah kang nitih kreta maksih | anunggil kadya duk wau | tinon saking mandrawa | gumarêdêg sadaya lumampah ngidul | kadya sang surayèng jagad | duk marang Ngrokam nagari ||
10. tan wun lamun ingucapna | wiyos dalêm kangjêng sri narapati | nêngna gantya kang winuwus | yakti sarênging lampah | nunggil wanci kocapa jroning kadhatun | sarêng wus 1/2 9 | ampilan dalêm sang aji ||
11. sang aji ing Surakarta | sadaya wus winiyosakên sami | munggwèng sana sewaka gung | ingkang iring duksina | Kangjêng Kyai Agêng Rêmêng sabêt suduk | ingkang ngampil nyai lurah | adisana kliwon èstri ||
12. tamèng kancana sinotya | nawa rêtna mawarna ingkang ngampil | Nyi Lurah Arjawinangun | Kangjêng Kyai Rukmaka | Nyai Lurah Mangunarja malihipun | Jêng Kyai Rêpêt Nyi Lurah | Găndarasa ingkang ngampil ||
--- 177 ---
13. Kangjêng Kiyai Pracăndha | Nyai Lurah Gitasasmita ngampil | Jêng Kyai Liyêp puniku | kang ngampil nyai lurah | nama Gitacundaka malih winuwus | Jêng Kyai Agêng Jabardas | Nyi Lurah Sampora ngampil ||
14. Kangjêng Kyai Jêpan nama | ingkang ngampil Nyi Lurah Sêkullanggi | Kyai Rukmakala kukuh | kang ngampil Nyai Lurah | Amongboga ingkang wus kasêbut wau | sami sabêt balongsong mas | pinatik ing sêsotyadi ||
15. Dyan Sriyati ngampil gada | Nyai Lurah Rêksapusaka ngampil | bêdhil Kyai Tundhungmungsuh | lan Nyai Lurah Rêksa- | kastawa angampil sanjata linuhung | nama Kyai Lalijiwa | dene tarak ingkang ngampil ||
16. Dyan Ayu Wrêksawijaya | ingkang ngampil krêga bak Jêng Sudarsih | lantak kang ngampil Dyan Ayu | Karyamarsana nama | Radèn Ngantèn Kartabyantara amanggul | pêthi prantining sanjata | pun Darsiyêm dhampar pêthi ||
17. nuli Nyi Lurah Wilaja | ngampil sumbul kancana kang sinangling | cinawi modangan turut | Lurah Wignyapusaka | ngampil pangunjukan gogok bokor kuwung | salaka kinarawistha | pun Arjasumarsa ngampil ||
18. amundhi gandhèk pinundhak | ingkang ngampil kêndhi pratala saking | Palembang sabokoripun | nama Arjadinama | ingkang ngampil gandhewa Dyan Ajêng Mumblug | panah Mas Rara Ardinah |
--- 178 ---
Dyan Siti Sumiyah ngampil ||
19. bumbung rukmi pangêsêsan | nuli Nyai Lurah Amongusadi | ngampil banyak mas tinatu | Nyi Lurah Sumarsana | iku ngampil dhalang kancana pinangku | Nyi Lurah Amongwipula | pantês ngampil sawung rukmi ||
20. kêbut lar paksi dewata | ingkang ngampil Nyi Lurah Madusari | ngampil Dyan Ardinah patut | mênjangan galing êmas | Radèn Ayu Wiryarumêksa amangku | ardawalika kancana | malih babon mas kang ngampil ||
21. Radèn Ayu Wiryaarja- | jèng Sêtama liman mas kang dèn ampil | Mas Rara Suhanti iku | uga liman kancana | Mas Sartinah ngampil waos Siyêm bagus | Dyan Susanti ampilannya | inggih waos Siyêm malih ||
22. kang nama Puspasutirta | lan pun Karyasanjaya pun Sunari | katiga pisan puniku | sami ampilanira | waos Siyêm dadya gangsal kathahipun | Dèn Ngantèn Săntaatmaja | Mas Rara Supyatun ngampil ||
23. sarakit kêbut lar badhak | Radèn Ajêng Manirah ngampil lampit | pun Arjapinilih mangku | ngampil bokor wijikan | epok agêng kang ngampil Jomas ranipun | kang nama Dèn Ajêng Sriyam | Kyai Sarotong dèn ampil ||
24. Mas Êmpluk ampilanira | rotan Kyai Paksinugraha nami | Dyan Drimatadhos puniku | ampilanira rotan | Kyai Paksiminulya [Paksi...]
--- 179 ---
[...minulya] lan malihipun | rotan Kyai Pamuk ingkang | ngampil Dyan Rêtnadimurti ||
25. Nyai Lurah Amongsutra | ampilannya rotan rukmi cinawi | Sastrawiryana amangku | ngampil pêthi kanthinya | Kyai Srotong ulês sangkêlat brit sêpuh | Nyi Lurah Amongwarastra | Nyi Lurah Mongsara tunggil ||
26. anêngga waos blandaran | Kangjêng Kyai Agêng Kêbomas nami | lan malih talêmpakipun | Jêng Kyai Kalanadhah | towok Kangjêng Kiyai Palembang bagus | limpungira ingkang nama | Kangjêng Kyai Lawamandi ||
27. waon kang wus winursita | tumalawong ing plangkan kang dèn ukir | paradan dhêdhasar wungu | malih kang winursita | wus sudhiya agêm dalêm sang aprabu | songsong Kyai Brawijaya | sopal poking ruji rukmi ||
28. lurah kêparak wanita | kang majibi umajêng gênti-gênti | panongsong kèhira catur | Nyi Lurah Amongraga | Nyai Lurah Amongbujana katêlu | Nyi Lurah Amongbaksana | Nyi Lurah Mongjiwa tunggil ||
29. kapat pisan sami têngga | cêlak plangkan ngarompol dènnya linggih | anênggih songsong puniku | datansah kinutugan | pamanggène sudhiya nèng pojokipun | paningrat ingkang lèr wetan | anjênggarang agêng inggil ||
30. nyai tumênggung kang tămpa | sami manggèn kadya yèn Sênèn Kêmis | kang
--- 180 ---
nora tămpa dumunung | kalih pisan atêngga | Kangjêng Kyai Gêngwaos kang wus winuwus | abdi dalêm pra wanita | sadaya kang ngampil-ampil ||
31. iku kalerehanira | sira nyai tumênggung kanan kering | kaliwon mantri panèwu | bêkêl miji sinoman | sarwa anyar panganggone dodot sampur | ganêp praboting wanika[3] | pan amung tanpa kulambi ||
32. abdi dalêm pra wanita | pangagênge Dyan Ayu Adipati | Sêdhahmirah kampuhipun | nênggih sêratan tambal | wadanèstri sakawan lan sarèhipun | lurah kang golongan jaba | dodot bathik rèjèng sami ||
33. ingkang wus pinangkat riya | lawan ingkang pangkat kaliwon èstri | panèwu jro carikipun | dodot patra kusuma | kănca gandhèk dodot ima-ima tunjung | para lurah pasarean | ima-ima ranu langking ||
34. kapilih kanthèt dodotnya | nyai lurah dhulangan dodot bathik | dèn arani mega mêndhung | lurah kêparak (dhahar) | dodot purbakara latar putih patut | sêdhahan miji dodotnya | gendhong lurah pawon tritis ||
35. tansah kalung samir renda | klerehane kêsting podhang sup sari | amung iku Radèn Ayu | Dipati Sêdhahmirah | seje dhewe samire lan liyanipun | dèn arani blag kêtuplag | dhêdhasar mur măncawarni ||
--- 181 ---
36. warna lir Ăntakusuma | panganggone parèstri amuwuhi | asri sajroning kadhatun | andhèr para sumewa | agêng alit jalu wanita kadulu | anjrah lir sêkar sataman | anggănda sumyar rum mijil ||
62. Mijil
1. wus tan ana ingkang nguciwani | sajroning kadhaton | katon rêsik apik panatane | tanpa kalesa lêsah ing siti | satata kaambil | ambaling ron ruru ||
2. palataran sumilak lir gisik | sanggon-ênggon ayom | ayêm seyub pan keyuban kabèh | saya jroning prabayasa tuwin | parasdya pandhapi | sana sewaka gung ||
3. alêlèmèk babut prangwadani | kandêle sajêmpol | lopêr lêmpar kang gumêlar ngalèr | sinêbaran sêkar măncawarni | wor sinuwir-suwir | campur bawur mawur ||
4. wêwah siniram ing toya wangi | odhir èliyotrop | dhipinia somilê piyolèt | ilang-ilang hèk sira paculi | rosên miskin yasmin | malathi gambir rus ||
5. mulêg kukusing ratus binasmi | winor lan têmpaos | kayu garu anggadag gandane | kentar katêring maruta kengis | kongas sumrik minging | kêbak marbuk arum ||
6. rum-rum arum jro pura mimbuhi | lisah jayèng katong | agêm dalêm sang prabu samangke | wus rampung dera busana munggwing | kamar agêng nuli | umiyos [umiyo...]
--- 182 ---
[...s] sang prabu ||
7. ebah kabèh putri kang sumiwi | alon awotsinom | ajrih asih sumungkêm driyane | mring sang nata pêpakuning bumi | wus lênggah sang aji | nèng talundhakipun ||
8. prabayasa sangajênging kori | saking jawi katon | rêmêng-rêmêng pan dèrèng sawèntèh | yayah wahyèng Hyang Pradănggapati | arsa amadhangi | ing jagad sawêgung ||
9. mingip-mingip nèng udayèng ardi | ujwala mancorong | têrang tarung sumirat sorote | sumamburat ing rat maratani | praba mrabawani | nurbuwating ratu ||
10. lênggah dalêm sampun sawatawis | jêng sang katong miyos | saking salêbêting dalêm gêdhe | mring pandhapa sana sewakaji | lumarisira ris | raras rurus alus ||
11. pra sumewa palataran wuri | sadaya andhodhok | ngapurancang noraga tatrape | sêtrik orkès urmat munya gêndhing | wihèlmis ngrêrangin | pradăngga ambarung ||
12. kiwa têngên sêsarêngan muni | srikaton ginerong | ingkang kidul salendro rarase | bangsal kang lèr peloge kang muni | talèdhèk nyindhèni | abantas swara rum ||
13. lir mêmuji raharjaning aji | sasêja rinojong | ngajêng-ajêng panjanga yuswane | winantua sih marmaning Widhi | widada dumadi | pangaubanipun ||
14. para kawula dalêm sanagri | nugrahaning katong | ngambar ombèr ambèr [a...]
--- 183 ---
[...mbèr] ambalèbèr | marang garwa putra santanabdi | têntrêm ayêm saking | barkah dalêm prabu ||
15. kang andhèrèk wiyos dalêm aji | cakêt tan kêna doh | mung kêkalih priyantun dalêm nèm | nama Rahadèn Sumarnarukmi | turun pujănggadi | ing Surakarta gung ||
16. Kyai Yasadipura linuwih | kasêbut dening wong | ya Kiyai Tuspajang sumare | nèng ngastana Ngaliyan ing Pêngging | tut wuri angampil | kêcohan mas sêpuh ||
17. kalawan Radèn Kiranarukmi | siwi ondêr mayor | yèku dyan mas tumênggung namane | Wiryadiningrat kang saking sêlir | pinundhut sang aji | dumadi priyantun ||
18. sakalihan datan nguciwani | munggwèng wuri katong | angampil dus kancana tinrètès | ing sêsotya kang sinarawèdi | barleyan sinêling | mirah lan jumêrut ||
19. sampun rawuh sajroning pandhapi | laju lênggah alon | soring kili têngah majêng ngalèr | pantês mangagêm cara Walandi | jendral mayor pèni | klintêni pêthak byur ||
20. sabêt panjang winarăngka rukmi | sinangling mancorong | myang wêngkuning garan nora pae | sami kancana cinawi ngrawit | ngagêm topi pètcis | seta kêlèp jamus ||
21. ing pranaja dalêm balêrêngi | tinon abyor mompyor | saking bintang-bintang tinarètès | ing sêsotya lir kang wus winuni | duk kangjêng sang aji | mring Yogya martamu ||
--- 184 ---
22. amung kaotira lan ing nguni | kang kagêm sang katong | ing samangke asantun grutkrise | ordhê saking Kamboja nagari | pita sutra adi | seta ombak banyu ||
23. têpi kanan kering sèrèt kuning | sumangsang mangisor | angalela ngaluwêng sawange | sumping sotya mèpèt ngathi-athi | jênthik tan tinitih | barleyan saklungsu ||
24. ngagêm wangkingan nora kaèksi | sumangkêlit ing jro | Kangjêng Kiyai Agêng asmane | panjênêngan kang tuhu linuwih | ing karaton Jawi | pinundhi pra ratu ||
25. Kangjêng Kyai Agêng kang winuni | pusaka kinaot | saking Hyang Bathara Brama wite | têrus têrah-tumêrah lêstari | mring kangjêng sang aji | kang kaping 10 ||
26. lêlabuhan ing karaton Jawi | sabên madêg katong | ingkang lagya dèn jumênêngake | tamtu ngagêm pusaka puniki | awit kangjêng kyai | panjênêngan iku ||
27. talêcêre pusakaning aji | tansah nèng karaton | saking para dewa caritane | myang pra nata kongsi mangke maksih | gung pinundhi-pundhi | ing kangjêng sang prabu ||
28. saha ngagêm kalpika rong rakit | sêsotya sumorot | dhapur tajug agêngnya sapête | nama Kangjêng Kyai Jimat tuwin | Balumbang Jêng Kyai | Busuk Kyai Lênguk ||
29. suka rêna kang sami sumiwi | miyat jêng sang katong | narendrambêg martotama ing rèh | sabar aris rarase rêspati |
--- 185 ---
ya ta kang ngurmati | sampun wangsul lungguh ||
30. sêtrik orkès myang găngsa kang muni | gya tamban ngandhêlong | nuli suwuk kang anabuh lèrèn | wus tan ana suwara kapyarsi | amung gănda wangi | wrata ing kadhatun ||
31. ngambar marbuk arume marani | nasika anyêrot | rêsêp ngingsêp asêp ing gandane | sumrik amrok umrik maratani | larut kerut kerit | sumirating bayu ||
32. sawingking dalêm sri narapati | kêbak para wadon | wadanèstri sakalèrèhane | ngampil-ampil upacarèng aji | wus dèn wursitani | kasêbut ing dhuwur ||
33. dèrèng dangu lênggah dalêm aji | kangjêng sang akatong | gya katingal lumampah saking lèr | kori srimanganti Kangjêng Gusti | Pangeran Dipati | Suryadilaga wus ||
34. saking ing Balapan ngrumiyini | sumiwèng kadhaton | kangjêng gusti tan mawi andhèrèk | mring resdhenan mila sapuniki | wus rawuh jro puri | ingkang atut pungkur ||
35. Jêng Pangran Mangkudiningrat tuwin | kang paman sang anom | Pangran Natadiraja katrine | wus ingawe minggah mring pandhapi | sana sewakaji | sandika wotsantun ||
36. kangjêng gusti nuli dèn dhawuhi | anyêlak sang katong | lênggah kursi lan panunggilane | kang umiring pangeran kêkalih | sawatawis têbih | santun dudukwuluh ||
63. Mêgatruh
1. amangsuli sampeyan dalêm sang prabu | jêng sinuhun [si...]
--- 186 ---
[...nuhun] sultan maksih | titihan lumampah ngidul | sangajênging hotèl sêlir | ing kono kêbak wong nonton ||
2. jêjêl riyêl yêl-uyêlan rêbut dhucung | tuwa anom jalu èstri | tan ewuh pakewuh cawuh | pepedan pipit-pinipit | arapêt dhosok-dhinosok ||
3. rêbut ngarêp karêpe mung kudu maju | bêblêg sapinggiring margi | ngajêng bètèng tanpa petung | bêbasane awoh janmi | prapatan galadhag ewon ||
4. wong umiyat tan pilih panggonan seyub | janji sêla dèn ênggoni | sabên-sabên wus kapungkur | kapilayu anututi | titihan dalêm sang katong ||
5. anglangkungi pangurakan maksih têrus | naratas mangidul prapti | salêbêting alun-alun | kareta lumaris aris | tan kasêsa alon-alon ||
6. lumaksana madyaning waringin kurung | kang sami sowan nèng masjid | puniku radèn pangulu | sakancane angurmati | nèng ngajêng gapura dhodhok ||
7. gumarêdêg lampahing kareta sêlur | para pandhèrèk lêstari | sanadyan nèng alun-alun | kalilan maksih anitih | tut wuri kangjêng sang katong ||
8. sarêng rawuh wingking mariyêm anêkuk | ngetan ngajêng păncaniti | wadana kliwon panèwu | mantri jawi kang sumiwi | urmat tumurun andhodhok ||
9. myang prajurit jayasura mayoripun |
--- 187 ---
sigra dènira ngabani | prèsêntir guwir tan kuwur | tambur myang salomprèt muni | musikan wihèlmis alon ||
10. ingkang ngampil pandhêl prigêl srigak saguh | ambêgagah cikat trampil | niyungkên satandaripun | kang wastra kalangsrah siti | satata manut ing mayor ||
11. katon rêna panggalih dalêm sang prabu | mangsuli asta saluwir | sarwi sawatawis manggut | mriksani kang angurmati | titihan dalêm gya menggok ||
12. sapiturang kang wetan têrus mangidul | margi sawetan sitinggil | maksih laju lampahipun | kori brajanala prapti | nuli menggok ngiwa alon ||
13. malbèng jroning kamandhungan swara umyung | tambur salomprèt myang musik | munya ngurmati sang rawuh | prajurit prèsêntir guwir | tarunasura nèng kulon ||
14. jayatanantaka nèng wetan gyanipun | urmat mayore pusisi | pêdhang pandhêle tumiyung | kiwa têngên tan sarênti | dènnya ngurmati sang katong ||
15. sampun rawuh ing maderata sang prabu | kareta wus tan lumaris | Walandi ordhênas maju | tumuli ambikak kori | korining kareta alon ||
16. Kangjêng Pangran Prabuningrat kang rumuhun | mandhap nuli Kangjêng Gusti | Mangkubumi wingkingipun | sri narpaputra jêng gusti | pangeran dipati anom ||
17. katri pisan jumênêng [jumê...]
--- 188 ---
[...nêng] nèng ngandhap sampun | sumawana para gusti | pangeran sadayanipun | wus mandhap kang ngampil-ampil | ampilan dalêm sang katong ||
18. myang ampilan ing kadipatèn ngalumpuk | anyêlak sang nindyamantri | sakalihan nunggil dunung | abdi dalêm pra bupati | andhodhok ngrompol saênggon ||
19. sami ngapurancang ing sacêlakipun | titihan dalêm sang aji | ingkang ngampil songsong maju | wontên kang umajêng malih | abdi dalêm pangkat kliwon ||
20. kaliwon panêgar gamêl namanipun | puniku Radèn Ngabèi | Kuda Jagadipurèku | sakancanira miranti | dhampar pancadan sumaos ||
21. gya pinasang munggwèng pancadan kreta wus | kiwa têngên dèn ampingi | dening kliwon lan panèwu | panèwu panêgar ugi | anggujêngi tangan loro ||
22. karo pisan dènira linggih timpuh yung | tumungkul angati-ati | ya ta wau sang aprabu | tandya tumêdhak aririh | saking jro kareta miyos ||
23. laju tindak minggah dhak-undhakanipun | kori kamandhungan asri | tindak dalêm sêmu ruruh | sang prabu anom tan têbih | nèng kering dalêm sang katong ||
24. para gusti pangran anggarêbyêg pungkur | tumuli kang ngampil-ampil | upacara dalêm prabu | ampilan dalêm jêng gusti | nyambêti tan pati adoh || [|...]
--- 189 ---
[...|]
25. gya pêpatih dalêm sakalihanipun | jèjèr dènira lumaris | noraga ing tindak-tanduk | parigêl nyolahkên dhiri | tata kramaning kadhaton ||
26. Pangran Arya Purbanagara tan kantun | wingkingnya para bupati | Yogya Surakarta campur | lumaksana jèjèr kalih | papak tan katon kêmajon ||
27. abdi dalêm ing Ngayogya lampahipun | sadaya manggèn ing kering | tindak dalêm sampun rawuh | palataran srimanganti | prajurit kang sikêp waos ||
28. jayèngastra sakumpêni urmat gupuh | pandhêl tumêlung mring siti | Kiyai Maesaluhur | urmat kang sami sumiwi | ing bangsal wetan myang kulon ||
29. pra wadana kliwon sapanêkaripun | mangandhap sami ngurmati | ngapurancang urut sêpuh | nèng trataging srimanganti | makatên malih pra mayor ||
30. kaptin opsir kang sami sowan puniku | bangsal wetan wus mangarsi | nèng ngajêng pasebanipun | thèrèk sangajênging tritis | andhodhok marêp mangulon ||
31. musik kadipatèn wus munya duk wau | gêndhing wihèlmis ngrêrangin | swara kadya nanbrama[4] yu | mangayubagya sêsanti | arsayaning tyas sayêktos ||
32. dene sida sadu sidi dadi rawuh | ing Surakarta nagari | wau ta kangjêng sang prabu | praptèng kori srimanganti | kang sowan nèng jro kadhaton ||
--- 190 ---
33. samya obah saking palinggihanipun | anolèh mangalèr sami | tujuning paningalipun | marang kori srimanganti | kangjêng sri nata katonton ||
64. Sinom
1. wau ta Kangjêng Sang Nata | Surakarta kang siniwi | munggwèng sasana sewaka | alon timbalaning aji | mring putra Kangjêng Gusti | Adipati Arya Prabu | Suryadilaga lawan | wau pangeran kêkalih | kinon sami mêthuk marang srimangantya ||
2. lumèngsèr katiga pisan | gita dènira lumaris | sapungkure kang wisata | ya ta jumênêng sang aji | miyos saking pandhapi | ingkang andhèrèk sang prabu | priyantun dalêm nama | Rahadèn Sumarnarukmi | ngampil agêm dalêm kêcohan kancana ||
3. găngsa kang lèr munya urmat | carabalèn pisangbali | kidul gêndhing rarasmaya | ginerong dipun sindhèni | sêtrik orkès wihèlmis | ebah pra sumewa sagung | wotsari ngapurancang | ngarêpakên sri narpati | rawuh undhak-undhakan sampun tumêdhak ||
4. sajroning paningrat wetan | laju mangalèr lumaris | rawuh tritising paningrat | umandhap dipun songsongi | gilap Kangjêng Kiyai | Brawijaya agêm bagus | têpi sinêkar sêdhah | jawi jro byur prada rukmi | pucuk mênur tinrapan maniking toya ||
5. gêngnya sasawo manila | dhandhan panjang lêmpêng
--- 191 ---
gilig | cinèt krêsna pinarada | liningling angêlung pakis | sêsopal mas cinawi | nênggih kang nongsong puniku | Nyi Lurah Amongraga | samandhap dalêm sang aji | ing utara katon risang malbèng pura ||
6. Sampeyan Dalêm Jêng Sultan | datansah dipun songsongi | sarêng pangguting paningal | sang tami sang pinartami | kadya kasêsa panggih | sakalihanira rawuh | madyaning palataran | urmat-ingurmatan sami | sarêng cêlak gapyuk rahap sêsalaman ||
7. adangu têkêman asta | rakêt-rumakêt kaèksi | sakamantyan sukarêna | panggalih dalêm sang aji | wusana ngandikaris | sami sugêng rama prabu | sri nata kangjêng sultan | wêwangsulanira inggih | nêdha nrima anak prabu pambagyanta ||
8. anak prabu punapa ta | inggih sami sugêng ugi | sri nata ing Surakarta | pangandikanira manis | lir madu kinum gêndhis | nêdha nrima rama prabu | sumăngga lajêng rama | tindak marang ing pandhapi | ya ta wau srikarongron wus lumampah ||
9. alon tumindaking pada | sang lagya rawuh kinanthi | sri narendra munggwèng kan |[5] wingking dalêm para gusti | anggrêbyêg atut wuri | tan adangu sampun rawuh | jroning sana sewaka | wudharing buja anganthi | sang martamu dipun ancarani lênggah ||
10. munggwèng lèr majêng duksina |
--- 192 ---
têngah lêrês soring kili | kursi agêng pinarada | sasab baludru kêtangi | sri nata animbangi | lênggah ing kursi kang kidul | kanan dalêm jêng sultan | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Mêngkunagara sudibya putra ||
11. sakilènira kang lênggah | Kangjêng Gusti Mangkubumi | nyambêti Gusti Pangeran | Arya Pugêr amungkasi | kering dalêm sang aji | sampeyan dalêm sinuhun | kangjêng sultan kang lênggah | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Prabu Suryadilaga keringnya ||
12. lênggah jêng gusti pangeran | Adipati Hangabèi | gya Gusti Pangeran Arya | Purubaya kang nyambêti | gusti pangeran nami | Arya Mangkukusumèku | nuli mungkasi lênggah | ing lèr wetan narpasiwi | Bandara Pangran Arya Adinagara ||
13. dene kursi ing duksina | ing têngah lêrês sang aji | musthikaning Surakarta | godhag têbih sawatawis | kursi ingkang nglênggahi | kering dalêm sang aprabu | Kangjêng Pangeran Arya | Prabuningrat kang nyambêti | Jêng Pangeran Arya Kusumadiningrat ||
14. keringnya Kangjêng Pangeran | Arya Cakraningrat nuli | Kangjêng Pangeran Ariya | Kusumayuda mungkasi | kidul kilèn winarni | malih kang lênggah puniku | sakanan dalêm nata | Jêng Pangeran Angabèi | gya Jêng Pangran Ariya Purbadiningra ||[6]
15. nuli Jêng Pangeran Arya | Mangkudiningrat nyambêti | Kangjêng
--- 193 ---
Pangeran Ariya | Natapura kang mungkasi | ing kidul wetan wingking | kursi sajuga kang lungguh | Pangran Natadiraja | wusnya tata munggwèng kursi | kang alênggah jroning sasana sewaka ||
16. ya ta santana Ngayogya | ingkang sami ngampil-ampil | agêm dalêm upacara | wus minggah marang pandhapi | wingking dalêm sang aji | tata jèjèr dènnya lungguh | ampilan kadipatyan | dipun prênahakên linggih | samya ngadhêp nèng paningrat kang utara ||
17. songsong Kyai Brawijaya | sawusnya kagêm sang aji | pan maksih mêgar kewala | pra lurah kêparak èstri | amlangkakakên nuli | munggwèng malige kang kidul | nyi lurah sami têngga | dene songsong kang satunggil | agêm dalêm kang sinuhun kangjêng sultan ||
18. wus nèng palangkan paradan | kaprênah lèr anisihi | ugi sami maksih mêgar | panongsongira nênggani | datansah kalung samir | tan prabeda lan kang kidul | songsong ing kadipatyan | manggèn sajawining kori | srimanganti anèng palangkan tinêngga ||
19. malige malih winarna | Kangjêng Radèn Adipati | Sasradiningrat sumewa | majêng mangilèn rêspati | alênggah silastuti | jêjêg trakadhang andhêku | keringnya kang alênggah | amung godhag sawatawis | Pangran Arya Adipati Danurêja ||
20. kanannya sang mantrimuka | ing Surakarta kapering |
--- 194 ---
wuri Pangran Arya Purba- | nagara ingkang nyambêti | kapara wuri malih | puniku bupati sèwu | Radèn Mas Arya Surya- | nagara nyambêti linggih | iku Radèn Tumênggung Jayanagara ||
21. tumuli Radèn Mas Arya | Priyawinata palinggih | litnan kolonèl sumewa | acakêt dènira linggih | ondêr mayor nyambêti | yèku Radèn Mas Tumênggung | Wiryadiningrat sarta | kadipatèn kang bupati | nama Radèn Mas Arya Puspadiningrat ||
22. tumuli bupatinira | pulisi jroning nagari | Rahadèn Kumênggung[7] Karta- | nagara ingkang mungkasi | keringnya nindyamantri | Ngayogya kapara pungkur | Radèn Tumênggung Brăngta- | kusuma sumambung kering | Rahadèn Tumênggung Danuadiningrat ||
23. gya Radèn Tumênggung Purba- | nagara ngênèmi linggih | kang nèng malige sumewa | nuli kaliwon pulisi | andhèrèk manjing puri | anèng palataran ngayun | andhêku linggih sila | anunggal para priyayi | nama Radèn Ngabèi Kartawadana ||
24. sanggyaning para sumewa | pra pangeran riya nginggil | kang anèng nguntarasana | tuwin palataran puri | kèbêkan para dasih | pating dangongok anginguk | kabèh paraning tingal | ênêre sami anunggil | amung marang sajroning sana sewaka ||
25. lamun wus miyat rêrasan | kalawan rowange linggih | kang tansah
--- 195 ---
tinanyakêna | jêng gusti pangran dipati | anom sudibya pêkik | mardawa ing tindak-tanduk | sumèh ing pasamoan | wêweka graita trampil | wahyèng sabda prak-ati kaduk prasaja ||
26. nêngna kang sami rêrasan | găngsa sêtrik orkès sami | wus mênêng tan ana munya | wau ta kangjêng sang aji | alon ngandika aris | rama prabu kala wau | bidhal wanci punapa | saking salêbêting puri | sri narendra kangjêng sultan angandika ||
27. anak prabu angkat kula | kala wau enjing wanci | ngajêngakên pukul sapta | sri nata ngandika malih | dhimas pangran dipati | rawuhe ing sêtatsiun | apa mung sawatara | dènira lênggah ramaji | kang sinabdan umatur saha wotsêkar ||
28. kula nuwun sri narendra | rama dalêm jêng sang aji | anggènipun tata lênggah | munggwèng wahkamêr siniwi | pan amung sawatawis | wontên sêtatsiun Tugu | sarêng wanci jam sapta | 35 mênit | rama dalêm bidhal saking ing Ngayogya ||
29. manggut kangjêng sri narendra | pangandikanira manis | iku arane sêdhêngan | nora kaslêpêg ing wanci | jêng gusti awotsari | malih ngandika
--- 196 ---
sang prabu | mring Jêng Gusti Pangeran | Adipati Mangkubumi | kadospundi rama nalika lumampah ||
30. wontên salêbêting kreta | punapa tan kathah angin | kangjêng gusti aturira | inggih sawatawis ngidit | marma candhela ngarsi | ramipun salong tinutup | punika lajêng suda | botên sangêt-sangêt atis | dhatêng badan malah karaos sakeca ||
31. ya ta gêdhong kridhawaya | wus rampung dènira ngrukti | pangunjukan dalêm wedang | tèh kopi prêsan lan gêndhis | sami tinatèng bèri | kancana tutup myang suru | sapanampanira mas | sakêmbaran dèn songsongi | pangunjukan dalêm kangjêng sri narendra ||
32. pêpundhèning Surakarta | riya ngandhap ingkang ngampil | Dyan Mas Arya Dipaningrat | panămpa Radèn Ngabèi | Wiryadipura wuri | pangunjukan dalêm prabu | sinuhun kangjêng sultan | ugi riya ingkang ngampil | namanira Dyan Mas Arya Manguningrat ||
33. panămpa Radèn Mas Arya | Pringgadiningrat rêspati | agêm dalêm sinamiran | nyanbêti[8] santana panji | punikarsa lumadi | mring para pangeran sagung | miwah sang mantrimuka | bupati ingkang ngladèni | abdi dalêm pra punakawan santana ||
34. pangiring bèri salaka | komplit wadhah prêsan [prê...]
--- 197 ---
[...san] gêndhis | sarêng wus prapta ngajêngan | kèndêl ngadêg angêntosi | sampun dèn sasmitani | kang ngampil andhadhap maju | maro angering nganan | konjuk ing ngarsa narpati | sakalihan wus sami ngunjuk sadaya ||
35. tumuntên para pangeran | waradin dipun ladosi | miwah ing nguntarasana | tanna kaliwatan siji | sawusnya ngunjuk sami | kang ngladèni alon mundur | wangsul mring kridhawaya | urut-urutan lumaris | katupiksa ing pura angguladrawa ||
65. Dhandhanggula
1. saundure wau kang ngladèni | nuli sugata malih mangarsa | sarutu lawan sigarèt | kohinur sarèkipun | winadhahan rukmi kang ngampil | Dyan Mas Ngabèi Purwa- | dipura ing pungkur | ngampil rèk nama Radèn Mas | Angabèi Rajadipura ngladosi | kangjêng sri nara nata ||
2. malih ingkang nisihi ngladosi | Radèn Ngabèi Purbadipura | ngampil srutu sawadhahe | kanthinira umaju | iku nama Radèn Mas Bèi | Jayadarsana ingkang | angampil rèkipun | angladosi kangjêng sultan | panganggone basahan tanpa kulambi | dene pangiringira ||
3. cara Walandi mantering abrit | yèku panèwu mantri pêthilan | pinatah angladèkake | kang sami lênggah dhuwur | tuwin risang anindyamantri | ingkang maringkên marang | sagung pra tumênggung | di dalêm kănca sewaka |
--- 198 ---
kang wus sami nganggo mantering kêtangi | sadaya gya mangarsa ||
4. dhahar dalêm dèn songsongi kuning | dening lêlurahing punakawan | arantap-rantap lakune | saking pandhapa kidul | ing drawina laju lumaris | marang sana sewaka | sinasmitan maju | wus mundhut kangjêng sang nata | saha ingkang sami lênggah angrêsêpi | waradin sês sadaya ||
5. pra pangeran kang sami sumiwi | anèng ngèmpèring nguntarasana | dèn ladèni nora pae | lir ngarsa dalêm prabu | sawusira rampung tumuli | wangsul mring andrawina | pangrantunanipun | sanggyaning para sumewa | sakalihan sang tami sang pinartami | katon rênaning driya ||
6. Sampeyan Dalêm Kangjêng Narpati | Surakarta alon angandika | rama prabu sapêngkêre | garwanta ibu ratu | lan pra putra punapa sami | amanggih karaharjan | nuwun anak prabu | saking pangèstu paduka | ingkang kantun sadaya sami basuki | manggut kangjêng sang nata ||
7. angandika malih jêng sang aji | rama prabu wontên Surakarta | punapa wus nate nyare | sang nata aturipun | anak prabu kala rumiyin | sipêng ngantos sawulan | andhèrèk jêng ibu | duk suwargi kaping astha | apan maksih nama Pangeran Dipati |
--- 199 ---
Ngabèi Surakarta ||
8. ngantos tuwuk wontên praja ngriki | kala samantên pangraos kula | beda kalihan samangke | akathah wêwahipun | griya-griya winangun sami | malah paningal kula | duk samantên wau | jroning pandhapi punika | jrambahipun katingal andhap myang alit | mangke inggil awiyar ||
9. rama prabu pandhapi puniki | agêngipun yakti botên ewah | lêrês yèn mindhak inggile | kala rakanta prabu | kangjêng rama kang wus suwargi | karsa anginggilêna | jarambah jinunjung | umpakipun sinantunan | kintên-kintên mindhak kalihtêngah kaki | langkunga botên kathah ||
10. sarta malih kaparingan nami | ing pandhapa sasana sewaka | ing pringgitan botên pae | rakanta rama prabu | inggih ingkang aparing nami | ing sasana parasdya | samangke lêstantun | jêng sultan malih ngandika | anak prabu pandhapi ijêm pan inggih | mindhak gêng inggilira ||
11. sri narendra ing Surakartadi | matur lêrês pancèn inggih mindhak | ugi suwargi karsane | sawatawis [sa...]
--- 200 ---
[...watawis] jinujud | dèn wiyarkên mubêng dwi kaki | pandhapi ijêm gantya | inggih namanipun | ing sasana andrawina | katon rêna panggalih dalêm sang aji | jêng sultan angandika ||
12. anak prabu palataran puri | sapunika sakalangkung wiyar | griya gêng mujur mangalèr | punapa yasanipun | inggih kaka prabu ing nguni | sri natèng Surakarta | pangandikanipun | sanès rakanta jêng rama | rama prabu kula ingkang ngiyasani | angêlar palataran ||
13. lan griya panjang wetan puniki | kula ingkang miyarkên iyasa | panti pangarsa namane | risang miyarsèng atur | dahat suka rêna ing galih | kalawan anupiksa | kanan kering ngayun | kèndêl sawatawis nulya | sri narendra jêng sultan ngandika malih | marang kangjêng sang nata ||
14. anak prabu kula angèngêti | wontên ngriki kula nate kêmpal | duk samantên sami lare | nama Radèn Mas Kapur | Dèn Mas Nyata lan Dèn Mas Kucir | Radèn Mas Akadiyat | malih gangsalipun | anama Dèn Mas Kartala | Dèn Mas Kapur samangke taksih basuki | Pangran Cakranagara ||
15. amangsuli kangjêng
--- 201 ---
sri bupati | Dèn Mas Kucir Pangran Adijaya | Dèn Mas Nyata diwasane | Pangran Suryabratèku | Dèn Mas Akadiyat kang nami | Pangran Cakradiningrat | katiga puniku | sadaya wus sami ajal | dene Dèn Mas Kartala samangke taksih | nama Priyawinata ||
16. dadya litnan kolonèl prajurit | lah punika pan inggih sumewa | anunggil wontên malige | manggut-manggut sang prabu | sêmu mèsêm ing naya manis | sadaya pra pangeran | dhèrèk sukèng kalbu | myarsa pangandikèng nata | sakalihan dènira ngandikan sami | tansah lan parikrama ||
17. pra sumewa ing ngandhap myang nginggil | têtêp tata trapsila noraga | jatmika sumèh sêmune | sang nata ngandika rum | rama prabu kula aturi | malêbêt prabayasa | mangsuli andhêku | inggih nak prabu sumăngga | sakalihan wus jumênêng saking kursi | kang lênggah sami urmat ||
18. mandhap saking sajroning pandhapi | sami jumênêng nèng palataran | sang nindyamantri lumèngsèr | sapangisor tan kantun | ngapurancang sami ngurmati | sêtrik orkès pradăngga | munya swara umyung | sri narendra kanthèn asta | kang umiring Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Mêngkunagara ||
--- 202 ---
19. lan Jêng Gusti Pangeran Dipati | Ariya Prabu Suryadilaga | nèng kanan dalêm lampahe | kering dalêm sang prabu | iku Radèn Sumarnarukmi | ngampil dus pagantènan | trètès barleyan gung | sinêling jumêrut mirah | lawan Radèn Kiranarukmi angampil | kêcohan mas sinotya ||
20. lajêng mangilèn kangjêng sang aji | sri karongron maksih kanthèn asta | lumaksana dalêm sarèh | aririh rèrèh ruruh | ngarah-arah murih pakolih | anggalih mariksa sang | kalipatullahu | asri raras ruming pura | ing samangke tuhu angebat-ebati | sarwendah adimulya ||
21. angungkuli lan ing nguni-uni | kadhaton dalêm sri naranata | kaping sadasa mandhirèng | lampah dalêm wus rawuh | ing parasdya laju umanjing | sajroning prabayasa | supênuh para rum | Kangjêng Ratu Madurêtna | Kangjêng Ratu Anggèr Kangjêng Ratu Alit | lan putri dalêm nata ||
22. sadhèrèk dalêm myang narpasiwi | wrêda taruna pêpak sadaya | priyantun dalêm sêpuh nèm | priyantun dalêm prabu | kaping sanga kang wus suwargi | gêng alit pra santana | mingsêt lênggahipun | saha sami mangastawa | sri narendra sakalihan rawuh munggwing | sajroning prabayasa ||
23. para ratu tuwin gusti-gusti | gya jumênêng saking palênggahan | sri nata paring pambage | sami sugêng bakayu | lan sadaya kang wontên [wontê...]
--- 203 ---
[...n] ngriki | Jêng Ratu Madurêtna | aturira nuwun | sinuhun sami raharja | adhiajêng Ratu Kancana punapi | botên andhèrèk nata ||
24. jêng sri sultan alon amangsuli | nuwun bakyu rayi jêngandika | tan sagêd tumut samangke | kang awit badanipun | radi kraos sakit sakêdhik | sawusira mangkana | gya têdhak mangidul | nurut kajogan ing ngandhap | rawuh pojok lajêng lumêbêt sang aji | sana prabu kang wetan ||
25. rawuh ing gupit ngandika aris | anak prabu ing pundi punika | sri nata alon ature | nama sasana prabu | duk rumiyin dipun dalêmi | rakanta kangjêng rama | ngantos surutipun | wontên ing panti punika | sana prabu sapunika dèn ênggèni | ing ibu Madurêtna ||
26. laju wangsul mangalèr sang aji | gya mangilèn ing jarambah ngandhap | rawuh ing kori madyane | ingkang anjog mangidul | amriksani suyasa pèni | ran sasana dayita | kangjêng sang aprabu | alon pangandikanira | anak prabu èngêt kula yèn tan sisip | inggih panti punika ||
27. kados dalêmnya ibu suwargi | Pakubawana kang kaping sapta |
--- 204 ---
sri nata alon ature | alêrês rama prabu | ing samangke kula dandosi | nanging radi kuciwa | dene taksih suwung | lir êmbanan tanpa sotya | sintên baya ingkang badhe angênggèni | jroning sana dayita ||
28. kraosing panggalih narapati | ing Ngayogya alon angandika | kalihan tindak mangilèn | kang pundi anak prabu | inggih ingkang dipun wastani | lêlangên argapura | kula kumacèlu | sumêrêp ing warnanira | sri narendra ing Surakarta mangsuli | kilèn ngajêng punika ||
29. laju lumampah kangjêng narpati | rawuh kori butulan pracima | miyos sakalihan kanthèn | Ngargapura kadulu | angrêgêmêng anggamêng mamring | tinon saking mandrawa | lir gunung satuhu | lèring ardi patamanan | sêsêkaran pêpak ngrêmbaka ron wilis | têlês tilas katoya ||
30. kacaryan tyas risang anupèksi | sri narendra jêng sultan ngandika | katingal inggil pucake | eman kula wus sêpuh | saupami maksih nèm yakti | tamtu yèn kula minggah | anjajah ing gunung | punapa inggih sanyata | jroning guwa wontên bêlikipun bêning | mili tan mawi kêndhat ||
--- 205 ---
31. Jêng Sri Surakarta amangsuli | lêrês wontên bêlikipun mudal | mêdal saking pêpèrènge | ing guwa ana sirung | jêng sri sultan ngandika malih | loji ingkang katingal | punika nak prabu | ingkang tumancêp lèr wetan | kaparingan namane loji ing pundi | prasaja sri kawuryan ||
32. ingkang kadangu rama narpati | kula paringi nama Ngendraya | dene loji kidul kilèn | Pracimarga puniku | ingkang kidul wetan kaèksi | inggih ing loji Arga- | pura parabipun | jêng sultan malih ngandika | dados petang ing Ngargapura puniki | lojinipun têtiga ||
33. patamanan lèr arga rêspati | kaparingan ing pundi namanya | dene ta angrêsêpake | sri nata ngandika rum | rama prabu kula paringi | nama malige rêtna | jêng sultan umanggut | sumèh saha angandika | Ngargapura mundhut siti saking pundi | anak prabu duk yasa ||
34. rama prabu nalika akardi | kula mundhut siti saking Sangkrah | sakiduling lèpèn Pepe | ya ta wau sang prabu | sakalihan sampun dumugi | mriksani Ngargapura |
--- 206 ---
tansah atut pungkur | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Anom Mêngkunagara tuwin Jêng Gusti | Prabu Suryadilaga ||
35. wangsul minggah mring jarambah nuli | lumaksana dalêm mangutara | sangajênging kamar kilèn | prabasana ranipun | têbêng kori sinêrat muni | karsa dalêm sri nata | ing Kangjêng Sinuhun | Pakubuwana ping sanga | paring nama sasana mutyara adi- | kusuma pinèngêtan ||
36. dintên Akat Lêgi tanggal kaping | wolulas wulan Mulut kang warsa | anuju Wawu angkane | pan sèwu pitung atus | sangang dasa tiga lumaris |[9] Sri Nata Surakarta | angandika arum | kamar kang kilèn punika | kamaripun garwa kula pramèswari | Ratu Pakubawana ||
37. ananging botên dipun ênggèni | amung kinarya sasananira | kawaca raja kaputrèn | gya tindak dalêm laju | sakalihan lumaris aris | nuli têdhak mangetan | kangjêng sang aprabu | mriksa kori kamar têngah | sanginggiling têbêng sêsêratan malih | sastra mungêl mangkana ||
38. kagungan dalêm kêkalih kori | pangandika dalêm sri narendra | winangun Kêmis tanggale | nuju kaping 24 | Ramêlan Be kamar puniki | kêbak sanggya pusaka | saking pra lêluhur | sri narendra [na...]
--- 207 ---
[...rendra] sakalihan | gya lumêbêt miwah wau kang umiring | jêng gusti tansèng wuntat ||
39. mariksani pusakèng narpati | rêbap gadhing ponthang gong lan kêndhang | sanjata cêkathakane | carat sasaminipun | barang kina awarni-warni | sadaya jroning kamar | pinariksa sampun | gya miyos kangjêng sang nata | wangsul ngidul nuli ngetan sawatawis | rawuh ngajêng krobongan ||
40. sakalihan saha kang umiring | kèndêl munggwing madya prabayasa | jumênêng majêng mangalèr | têngah gajah kadulu | karobongan patani pèni | sinungan pasarean | ingkang manjung-manjung | kasur guling kajang sirah | sadayane saking cindhe puspita brit | ulês seta rinenda ||
41. cêplok guling mas rinajawrêdi | kinalambu cindhe kanigara | kanthil sakawan sakane | kili kalawan sunduk | têbêng mubêng sami dèn ukir | sêkar ron pinarada | dhêdhasar cèt wungu | dèn ulat-ulati rêta | pasarean karobongan dèn ubêngi | kinurung ing gêbyog ram ||
42. nginggil sinung payon lir wisma lit | mujur mangidul dhapur limasan | cèt wungu parada lise | wuwung panuwunipun | cacah pănca kapancat dening | rêrênggan nagaraja | mangap ngisis siyung | bukasri jamang makutha | pathak mèthèk manthêlêng netrane kadi | ngrêksa pangendrajala ||
43. nlosor mangisor [mangi...]
--- 208 ---
[...sor] pêthit nèng nginggil | sirah manglung angga byur parada | naga kancana sisike | ngajêng krobongan sinung | sakêmbaran pandam sêtrali | kêkêp bundêr pang sanga | tumundha mandhuwur | ajug-ajug bil paradan | sakêmbaran kaestha lir widadari | nyunggi nyăngga panjuta ||
44. laju lampah dalêm sri narpati | rawuh kori kamar agêng ingkang | asingit wingit sêmune | mrabawa angênguwung | mariksani nginggil tinulis | cêtha sabda prasaja | dêging sakaguru | Sênèn Lêgi tanggal ping pat | sasi Sapar taun Je sangkalèng warsi | 169[10] ekan papat |[11]|
45. kamar punika ugi anami | kamar agêng sasana pusaka | Jêng Kyai Agêng unggyane | ing sawatawisipun | gya lumêbêt lumaris aris | datansah kanthèn asta | kangjêng sang aprabu | rawuh salêbêting kamar | ingkang wontên Radèn Ayu Adipati | Sêdhahmirah atêngga ||
46. sakalihan anunggil tan têbih | lan Radèn Ayu Rêtna Purnama | sri nata alon ature | rama prabu puniku | sêlir kula kalih kang linggih | ingkang sêpuh punika | nama Radèn Ayu | Adipati Sêdhahmirah | sri narendra jêng sultan ngandika aris | dèn ayu padha arja ||
47. ingkang antuk dhawuh mangastuti | pangèstu dalêm kangjêng sang nata |
--- 209 ---
sami wilujêng ature | malih ngandika arum | kangjêng sultan Dèn Ayu Pati | anakmu kèhe pira | kalih aturipun | Jêng Sri Mulki Surakarta | angandika kang cêlak punika sami | pan inggih sêlir kula ||
48. Dyan Ayu Rêtna Purnanama nami |[12] jeng sri sultan ngandikasmu kagyat | dadine besanku kiye | kowe padha rahayu | radèn ayu matur wotsari | pangèstu dalêm samya | wilujêng sang prabu | malih karsa angandika | putunira apa ta padha basuki | dyan ayu matur nêmbah ||
49. inggih sami wilujêng sabdaji | ya ta wau kangjêng sri narendra | laju tumindak mangalèr | maksih salêbêtipun | kamar agêng dipun idêri | mariksa kering kanan | ngarsa ngandhap luhur | sadayanya tinupiksa | pusakendra waos-waos kangjêng kyai | sumare nèng palangkan ||
50. sawusira dènira ningali | sakalihan kangjêng sri narendra | munggwèng jroning kamar gêdhe | ngandika rama prabu | sapunika kula anglair- | akên raosing manah | nguni kula sampun | kalampahan anupiksa | putrinipun rama prabu pêpak sami | wontên bangsal kancana ||
51. sasampunipun kula tingali | ingkang
--- 210 ---
dados condhonging wardaya | wontên kêkalih putrine | putranya rama prabu | adhiajêng ingkang satunggil | nama Mur Sudarinah | dene kalihipun | adhiajêng Mur Siwidah | sapunika kula nyuwun pamriyogi | rama prabu milihna ||
52. adhiajêng kêkalih winarni | pundi ingkang sakintên sambada | ambangun turut ing pangrèh | myang sagêd amot mêngku | among wadu wandawa èstri | kadhaton Surakarta | sanggyaning para rum | kayoman ayêming driya | mênggah rama prabu punika kang pundi | ing pamilih paduka ||
53. kula badhe miturut ing tuding | sapanimbangipun rama nata | ingkang sêpuh myang kang anèm | salah satunggalipun | kula nyarah karsèng ramaji | sri nata ing Ngayogya | duk midhangêt atur | mring putra alon ngandika | inggih anak prabu punika kajawi | kaparênging karsanta ||
54. kula mrayogèkakên kang nami | Rahadèn Ajêng Mur Sudarinah | burus ing mêmanahane | bêkti mring tiyang sêpuh | ing sapakon dipun lampahi | tan nikêl ing pitêdah | makatên [ma...]
--- 211 ---
[...katên] kang sampun | bilih Dyan Ajêng Siwidah | kula dèrèng tanggêl awit saking taksih | sangêt lare punika ||
55. sri narendra ing Surakartadi | alon matur inggih lamun rama | prabu amrayogèkake | dhumatêng ingkang sêpuh | milih radèn ajêng kang nami | yayi Mur Sudarinah | ingkang kula suwun | Jêng Sri Ngayogya ngandika | anak prabu punapa inggih tan mawi | paring srat dhatêng kula ||
56. atur pamaluyanira aris | rama prabu makatên punika | saèstunipun ing têmbe | wus tamtu kula angsung | pustakarja katur ramaji | sri nata ing Ngayogya | wangsulanira rum | inggih anak prabu kula | botên langkung amung badhe mituruti | sumăngga ing karsendra ||
57. sawusira ngandikan sang aji | miyos saking jro kamar pusaka | laju tindak dalêm sarèh | mangetan jêng sang prabu | mariksani ing kamar malih | ingkang wetan piyambak | têbêng mungêl pemut | kala adêgipun kamar | yasa dalêm sampeyan dalêm sang aji | Pakubwana ping sapta ||
58. nuju dintên Sênèn Wage wanci | enjing 1/2 7 tanggalnya | ping 2 Julungwangine | mangsanipun kapitu |
--- 212 ---
nuju wulan Ruwah Dal warsi | ăngka taun sinêrat | 17[13] | 59 rinagkêpan |[14] 1832 | ăngka warsa Walănda ||
59. salajênge maksih dèn rangkêpi | sêsêratan malih warsa Ejrah | ăngka sastra Arab jèjèr | puniku taun sèwu | kalih atus salikur titi (1221)[15] | kamar kang pinariksa | nênggih namanipun | kamar pangantèn kalawan | dèn wastani karan nama kamar gadhing | kabêkta cètnya jênar ||
60. wus lumêbêt ing kamar sang aji | mariksani waos nèng palangkan | jêng sri sultan andikane | punika anak prabu | wontên malih waos kaèksi | dene kalangkung kathah | inggih rama prabu | kang wontên ngriki punika | pêperangan waos ingkang nomêr kalih | pangaraking ampilan ||
61. saha dados pusakèng wêkaji | kang wus sami anama pangeran | malih kang wontên panêpèn | kathahnya 200 | waos sami kadya puniki | ing gêdhong kridhardana | wontên 400 | waos-waos măncawarna | limpung tlêmpak pegon balandaran tuwin | salong dèrèng kapacak ||
62. dene waos ampilan prajurit | wontên [wontê...]
--- 213 ---
[...n] magangan dados satunggal | nunggil wapên sadayane | kathahipun 600 | manggut-manggut risang miyarsi | sri nata ing Ngayogya | ngungun ngandika rum | rênèng galih gêgujêngan | waosipun anak prabu saupami | dèn gunggung tamtu kathah ||
63. kula inggih sakalangkung sugih | nanging sawung pirantos abênan | sru gumujêng lon ature | rama prabu puniku | sagêd damêl sukaning ati | ngandika mêrak-driya | sugih nanging sawung | pintên sawungnya ramendra | Jêng Sri Nata Ngayogya gumujêng lirih | tumuntên angandika ||
64. anak prabu andadak nêniti | kathahipun sawung ngong abênan | wontên sakiwa têngêne | pan 1200 | Sri Bupati Surakartadi | panggalih dalêm suka | sumèh èsmu ngungun | saha ingkang atut wuntat | nora pae arsaya têrusing galih | sawusnya gêgujêngan ||
65. miyos saking kamar jêng sang aji | rawuh ing jrambah têdhak mangetan | kajogan nêkuk mangalèr | sakalihan wus rawuh | jroning kamar ing langên adi | yèku sasananira | Jêng Ratu Pambayun | sri narendra tandya nyêlak | sampun tundhuk lawan kang dipun têdhaki | tumuntên sami lênggah ||
66. sampeyan dalêm kangjêng sang aji | lênggah
--- 214 ---
munggwèng rêsban kang duksina | mung piyambak majêng ngalèr | kursi sakanan prabu | Gusti Radèn Ayu Dipati | Prabu Suryadilaga | ing sakidulipun | Kangjêng Ratu Alit lawan | Kangjêng Ratu Anggèr sami lênggah kursi | rêsban ingkang utara ||
67. lênggah majêng mangidul sang tami | sampeyan dalêm sinuhun sultan | kalawan kang ibu jèjèr | Kangjêng Ratu Pambayun | sakilènnya cakêt jêng gusti | pangeran adipatya | anom sudibyanung | sakering dalêm jêng sultan | ingkang lênggah Jêng Gusti Pangran Dipati | Prabu Suryadilaga ||
68. wingking Gusti Dyan Ayu Dipati | Sasradiningrat dènira lênggah | kapara radi mangilèn | lêrês sawingkingipun | kang uwa sang dayita yati | yakti sukci silarja | Jêng Ratu Pambayun | sawusira sawatara | dènnya lênggah jêng ratu umatur aris | mring putra kangjêng sultan ||
69. kang sinuhun punapa ta sami | sugêng sagarwa putra raharja | andhêku alon ature | pandonganipun ibu | ingkang kantun sami basuki | wangsul ibu punapa | pan inggih rahayu | kangjêng ratu aturira | inggih sami-sami kewala basuki | lajêng kang pangandika ||
70. sira anggèr Pangeran Dipati | Anom Mêngkunagara raharja | satêkamu ana kene | kangjêng gusti wotsantun |
--- 215 ---
inggih eyang nuwun kapundhi | sabda dalêm punika | kabula rahayu | jêng ratu malih ngandika | kangjêng sunan rawuhe ramanta aji | mau wayah jam pira ||
71. sri narendra angandika aris | bakyu rawuhe rama nèng pura | ana sakiwatêngêne | jam satêngah sapuluh | dadi durung suwe rama ji | ênggone lêlênggahan | kang sinabdan dhêku | wau ta ingkang mangarsa | pasugatan warni toya wangi-wangi | lelas lan elang-elang ||
72. odhir mawar myang gambir malathi | arumdalu cêpaka kênanga | palonyo ingajêngake | sadayanira mundhut | milih ingkang dipun sênêngi | sinurkên mring sap asta | anggadag gănda rum | sangsaya ngambar sumirat | maratani sapura sumrik awangi | ngandika kangjêng sultan ||
73. panjênêngan ibu sapuniki | sampun ngancik yuswa pintên warsa | jêng ratu alon ature | bilih botên kalèntu | 92 lumaris | sri nata angandika | wus sêpuh saèstu | ananging pangraos kula | mangke ibu taksih katingal kuwawi | sarira bagas saras ||
74. kangjêng ratu nuwun turira ris | putra kula kang sinuhun sultan | yuswa pintên ing samangke |
--- 216 ---
tumênga jêng sang prabu | ngemut-emut sampun kapanggih | alon wahyaning sabda | yuswa kula ibu | 77 warsa | sri bupati ing Surakarta nyambêti | tètèh titih têtela ||
75. lêrês 77 warsi | èngêt kula wiyosannya rama | Dulkangidah ing warsa Je | sèwu lan pitungatus | suwidak nêm punapa inggih | makatên petang kula | lêrês anak prabu | wau ta kèndêl sakêdhap | sri narendra musthikèng Surakartadi | malih alon ngandika ||
76. bakyu Ratu Pambayun sarèhning | dera têtêmon wus sawatara | sarta padha slamêt kabèh | putramu rama prabu | sun aturi wangsul umijil | mring pandhapa sewaka | jêng ratu umatur | iya sumăngga karsendra | gya jumênêng sakalihan jêng narpati | miwah kang sami lênggah ||
77. sri nata jêng sultan nyuwun pamit | mring kang ibu wus andum raharja | tuwin jêng gusti tan pae | mring kang eyang wotsantun | wus kapêngkêr ing langên adi | miyos ing prabayasa | lir nalika rawuh | umiring pra atmajendra | lampah dalêm malih sêmbèn nêningali | tansah akanthèn asta ||
66. Kinanthi
1. nêngna kangjêng sang aprabu | ing jawi winuwus malih | yakti sarêng ing lampahan |
--- 217 ---
carita kinarya gênti | sapêngkêr dalêm sang nata | duk malêbêt suyasadi ||
2. wau pra pangeran sagung | kang sami kantun nèng jawi | laju tindak mring paningrat | paningrat wetan pandhapi | ing sasana andrawina | sanggyaning kang para gusti ||
3. jumênêng tinata sampun | kang ngagêm cara Walandi | majêng mangetan ginambar | sawuse rampung tumuli | malêbêt mring andrawina | mlampah-mlampah mariksani ||
4. ana kang mung lênggah lugu | ing kursi mrih rênèng kapti | sasampunipun punika | kangjêng sang anindyamantri | sakalihan datan pisah | tut wuri para bupati ||
5. samangke sami mangidul | ginambar kadya pra gusti | nanging risang mantrimuka | lan wau para bupati | dènira sami ginambar | tata lênggah lir sumiwi ||
6. dènnya anggambar puniku | panyorote ngaping kalih | manawa iya manawa | ingkang siji datan dadi | kênèng sabab nora cêtha | marma mawi piningkalih ||
7. kang gambar punika wau | di dalêm panèwu bumi | ran Ngabèi Prajadirja | wus wiwit duk wau enjing | dènira mranti sudhiya | panggambaran agêng alit ||
8. piranti tusêtèlipun | sadaya punika sami | kagungan dalêm sang nata | marma ing sawanci-wanci | wontên karsaning narendra | anggambar tan nguciwani ||
9. nalika kangjêng sang prabu | munggwèng palataran puri | tundhuk asta sêsalaman |
--- 218 ---
lan ingkang rama narpati | sampeyan dalêm jêng sultan | ugi ginambar sang aji ||
10. ya ta ing kilèn kadulu | ebah sagung para putri | kang nèng jroning prabayasa | mandhap mring kajogan sami | ririh rèrèh ngarah-arah | alusing solah mastuti ||
11. sakalihan jêng sang prabu | dènira lumaris aris | raras maksih kanthèn asta | suka kang sami umèksi | miyos saking prabayasa | para putri tan umiring ||
12. amung kangjêng narpasunu | sudibya rajaputradi | ingkang maksih atut wuntat | sakalihan Kangjêng Gusti | Suryadilaga tan pisah | lawan wau ingkang ngampil ||
13. kêcohan dalêm miwah dus | Rahadèn Sumarnarukmi | lan malih Radèn Kirana- | rukmi datansah umiring | nèng kering dalêm sang nata | ya ta pradăngga ngurmati ||
14. munya calapita ngungkung | myang sêtrik orkès wihèlmis | sadaya para sumewa | ngapurancang angurmati | para pangeran ngalêmpak | sakidul wetan pandhapi ||
15. pêpatih dalêm sang prabu | kalawan para bupati | munggwèng palataran wetan | ngajênging malige sami | andhodhok angapurancang | wau ta kangjêng sang mulki ||
16. rawuh ing parasdya laju | paningrat tuwin pandhapi | sasana sewaka têngah | tan kèndêl lajêng lumaris | tumêdhak paningrat wetan | rawuh malige sang aji ||
17. jumênêng [jumê...]
--- 219 ---
[...nêng] nèng têpi ngayun | kang urmat wus wangsul linggih | majêng mangetan sri nata | Pakubawana mandhiri | Surakarta Adiningrat | sakanan dalêm narpati ||
18. sampeyan dalêm sinuhun | kangjêng sultan datan têbih | cakêt risang prabwatmaja | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | sakering dalêm kêkalih ||
19. priyantun dalêm sang prabu | wau ingkang ngampil-ampil | kêcohan Radèn Sumarna- | rukmi Dyan Kiranarukmi | kang angampil dus kancana | sawingkinge Kangjêng Gusti ||
20. Pangran Dipatyarya Prabu | Suryadilaga kaèksi | sawatawis radi godhag | jumênêng kapara wingking | wus tata nuli ginambar | sadaya kang wus winarni ||
21. nênggih kang gambar puniku | mantu dalêm jêng sang aji | Rahadèn Tumênggung Jaya- | nagara ingkang tinuding | ngêmat myang masang drogê plat | akanthi Radèn Ngabèi ||
22. Purbadipura tinunuh[16] | ambiyantu angrewangi | aju miwah undurira | tusêtèl ingkang pinardi | sasampunira prayoga | tutuping lènsê dèn ambil ||
23. binukak tan pati dangu | nuli tinutupan malih | pinêndhêt drogê platira | sigra malih dèn pasangi | pining kalih dènnyanggambar | kadi duk wau sakawit ||
67. Dhandhanggula
1. amangsuli sêkar dhandhanggêndhis | sampun rampung ing panggambarira | tusêtèl ingundurake | sampeyan dalêm prabu | apan maksih
--- 220 ---
jumênêng munggwing | malige pinahargya | ya ta ngandika rum | hèh kakang Sasradiningrat | sira karo Danurêja apa uwis | mau padha ginambar ||
2. ingkang antuk sabdaning narpati | ngingsêt lênggah mabukuh lon nêmbah | sumringah ing sêmu sumèh | munjuk kawula nuwun | abdi dalêm tuwin pun adhi | Dipati Danurêja | kala wau sampun | sadaya sami kagambar | satêlasing atur mangarcana malih | mèsêm kangjêng sang nata ||
3. sawusira mangkana sang aji | ngancarani marang ingkang rama | wangsul mring pandhapa gêdhe | prayogi aturipun | kanthèn asta laju lumaris | sarawuh dalêm lênggah | kadya duk ing wau | sumawana pra pangeran | risang nindyamantri myang para bupati | wangsul tata sumewa ||
4. tan pantara dangu kang lumadi | pangunjukan dalêm mêminuman | mawarna-warna anane | kang kêras lan kang alus | winot srengkot botol gêng alit | gêlas tutup kancana | myang sabèrinipun | agêm dalêm sri narendra | kalih prangkat ingkang ngampil kalung samir | lumampah sinongsongan ||
5. pangiring gêlas agêng dhara lit | tutup lawan bèrine salaka | puniku kang ngladosake | lir ajuning sarutu | nora salin ingkang angampil | mung beda kang binakta | mangke kang mangayun | sugata [suga...]
--- 221 ---
[...ta] minuman pêpak | sadaya wus prapta ngabyantara aji | angêntosi timbalan ||
6. sampeyan dalêm ngandika aris | rama prabu angunjuk punapa | wêwangsulan dalêm sarèh | nak prabu kula ngunjuk | aès lawan toya Wandi |[17] asta dalêm sasmita | tumuding adhawuh | angajêngakên inuman | sri narendra ugi mundhut toya Wlandi | lan aès parongkolan ||
7. ya ta sadaya kang lênggah kursi | lan ing ngandhap sami linadosan | amundhut sakaparênge | tan kacuwan ing kayun | mêminuman kang lêgi wangi | sêmu sumêgrag sêngak | asêgêr kumênyus | botol tutupe binukak | lawan potrèg nyuwara plag-plog muwuhi | asrining pasamoan ||
8. cekat-cèkêt kang sami ngladosi | angisèni gêlas pangunjukan | siji tan ana kang cèwèt | tumuli sami mundur | sri narendra ngandika aris | rama prabu sumăngga | sêsarêngan ngunjuk | sami sugêng inggih rama | kangjêng sultan wangsulanira suwawi | anak prabu sugênga ||
9. para gusti kang lênggah ing kursi | sami andhèrèk ngunjuk sadaya | miwah kang munggwèng malige | sira sang mantringayun | lawan sagung para bupati | tan ana kaliwatan | sadaya puniku | kapatêdhan pasugatan | myang kang anèng nguntarasana [nguntara...]
--- 222 ---
[...sana] sumiwi | ugi wus linarihan ||
10. abdi dalêm ingkang ngampil-ampil | upacara dalêm kangjêng sultan | lan ampilan kadipatèn | waradin sadayantuk | têdhan dalêm minuman sami | punakawan sewaka | kang maringkên iku | komplit ananing minuman | kêras aris amung kaot datan mawi | kang gêlas tinutupan ||
11. sang siniwi lan ingkang sumiwi | samya sakeca dènnya lênggahan | sinambi amirêngake | swaraning pradăngga rum | kadukmanis dipun sindhèni | talèdhèk wiraswara | panggeronge runtut | anut sararasing găngsa | tan balero anggêdhèni anyiliki | anunggal nora nunggal ||
12. krasa ngêse yakmakaning gêndhing | nuju munya ladrang sriwibawa | Nyi Udakara kang sindhèn | munyêt anganyut-anyut | mênyêt ati wêtuning angling | anglêr lir nglela-lela | lêlah mêlung landhung | agandhang tanpa sandhungan | kadhang ngêdhung ngadhangi tumandhing sandhing | sêdhêng dhonging irama ||
13. ya ta wau Kangjêng Narapati | Surakarta alon angandika | mring rayi dalêm wiyose | winor sumèh ing sêmu | hèh adhimas Pangran Dipati | Anom Mêngkunagara | sapangulon iku | lan kulup Pangran Dipatya | Prabu Suryadilaga dhimas dipati | ngabèti[18] sapangetan ||
--- 223 ---
14. yèn gêlase uwis padha isi | kang alinggih ing kulon lan wetan | payo bêbarêngan ngombe | gupuh kang antuk dhawuh | ingkang anèm sami wotsari | kang wrêda anoraga | ngasta gêlasipun | sri nata malih ngandika | slamêt kabèh tumuli andhêku sami | angunjuk sêsarêngan ||
15. kangjêng sultan mriksani èrloji | wanci jam 1/2 12 | alon ing pangandikane | samangke anak prabu | rèhne sampun sami dumugi | dènira pêpanggihan | lamun anak prabu | kaparêng kularsa bidhal | saking ngriki wangsul dhumatêng nagari | Ngayogya praja kula ||
16. sri narendra ing Surakartadi | manis arum pangandikanira | rama prabu ing samangke | badhe bidhal akondur | rèh wus wanci sumanggèng kapti | lan sangêt nêdha nrima | marang rama prabu | dene sampun kalampahan | rama prabu karsa malêsi martuwi | rawuh kadhaton kula ||
17. alon jumênêng kangjêng sang aji | sakalihan nuli kanthèn asta | lumampah mangetan sarèh | kang maksih atut pungkur | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Anom Mêngkunagara | liya-liyanipun | sampun ngrumiyini
--- 224 ---
mandhap | munggwèng natar miwah kang sami sumiwi | andhodhok ngapurancang ||
18. sêtrik orkès wus munya wihèlmis | pradăngga gêndhing kăndha manyura | ingkang sisih carabalèn | Kiyai Sêpêtmadu | gêndhing pisangbali ngêrangin | agêm dalêm sang nata | songsong kalih sampun | ingangkat nuli sudhiya | nèng lèr wetan paningrat pojok pandhapi | kasmaran kang umiyat ||
68. Asmaradana
1. lampah dalêm jêng sang aji | tumêdhak saking pandhapa | madyèng paningrat mangalèr | dumugi undhak-undhakan | tumuli sinongsongan | sakalihan sri dinulu | lampah dalêm tan kasêsa ||
2. Rahadèn Sumarnarukmi | tansah angampil kêcohan | ngiringan dalêm sang katong | rawuh madyèng palataran | plataran kang utara | kèndêl sakalihanipun | wudhar panganthining asta ||
3. ajêng-ajêngan sang aji | gita têtangkêban asta | sêsalaman sung pambage | sri nata ing Surakarta | alon andikanira | sami sugêng rama prabu | andhèrèkakên raharja ||
4. sampeyan dalêm sri mulki | kangjêng sultan ing Ngayogya | pangandikanira alon | anak prabu nêdha nrima | sami-sami kewala | kantun sugêng anak prabu | mugi manggiha raharja ||
5. sawusnya bage basuki | maksih urmat-ingurmatan |
--- 225 ---
laju lumampah mangalèr | sampeyan dalêm sang nata | pêpundhèn Surakarta | maksih jumênêng tan dangu | ya ta wau kang mangarsa ||
6. Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | anyêlak saha wotsinom | nyuwun pamit ing rakendra | linilan lan sabdarja | maturnuwun tandya mundur | makatên sapiturutnya ||
7. samya majêng gênti-gênti | para pangeran Ngayogya | mring ngarsa dalêm sang katong | pan sadaya pinaringan | pangèstu karaharjan | sagung kang antuk sabda yu | dahat gung kalinggamurda ||
8. sawusira mangastuti | sigra mangalèr lampahnya | sadaya ingkang andhèrèk | wau ta kangjêng sang nata | kang kantun jroning pura | wangsul mring pandhapa agung | sarawuh dalêm gya lênggah ||
9. tan owah para sumiwi | pradăngga kang samya urmat | wihèlmising sêtrik orkès | wus sami suwuk sadaya | mênênging swara kadya | tyas anjêtung kapirangu | saka durung tutug miyat ||
10. mring sang musthikaning nagri | Ngayogya sri naranata | ing pangrasa durung suwe | dènira lênggah nèng pura | kang dahat adimulya | katêksa kasêlak kondur | katotog wancining kreta ||
11. kreta sêpur wus pinasthi | ing lampah tan kêna owah | nêngna sajroning kadhaton | lampah dalêm kangjêng sultan | duk rawuh srimangantya | pra sumewa sami [sa...]
--- 226 ---
[...mi] mêdhun | myang prajurit jayèngastra ||
12. prèsêntir musik ngurmati | kadya nalika rawuhnya | munya sru tambur salomprèt | rawuh kori kamandhungan | lumampah tan kasêsa | gupuh pra prajurit sagung | kang nèng kamandhungan urmat ||
13. musik tambur slomprèt muni | rame swarane kapyarsa | wimbuh kang badhe andhèrèk | panèwu mantri ordhênas | kalawan kadipatyan | kaliwon têtindhihipun | wus sira nyengklak turangga ||
14. tata badhe anjajari | myang garubyug anèng wuntat | titihan cumawis kabèh | montor lan panarik kuda | kareta pangiringnya | mranti kênèk kusiripun | sadaya sampun tinata ||
15. dening Rahadèn Ngabèi | Puspadipura marentah | ingkang mrênah-mrênahake | palataran kamandhungan | wong miyat tan petungan | bêblêg suk-sukan umaju | kang jaga panggah anyêgah ||
16. titihan dalêm cumawis | nèng madyaning maderata | kareta santun samangke | Kiyai Garudhaputra | agêng bagus sêmbada | mêngês-mêngês cinèt wungu | wiwara lawan candhela ||
17. tinutupan ing ram bêning | nginggiling tendha rinêngga | barlin dèn ukir esthane | lung-lungan patra kusuma | sêmi sêmu ngrêmbaka | kori karo rinênggèng krun | lantera papat maju pat ||
18. ing jro maya-maya kèksi | pasendhenan [pasendhe...]
--- 227 ---
[...nan] palênggahan | kasuran salangitane | winangkis ing dhamas jênar | cukèn lêkok lapisan | tinêpi ing pita wungu | ginombyok tamparan sutra ||
19. ngawêng têtawing winingkis | pungkas rinangkus pusara | angombak warih kang sarèh | rinèh miturut langitan | mèpèt kapipit ing ram | dene pir rodha indhênbum | cèt kuning lêr wungu gilap ||
20. pangirit kuda Ostrali | ulês dhawuk sakawanan | ajanggrung-janggrung dêdêge | jonggol buntute jêlamprah | komplit pakeanira | timangan barlin dipun dus | kadya kancana binabar ||
21. kênèk kalih kusir Wlandi | jas abang calana seta | mawi las[19] cêmêng mancèrèt | wau ta kangjêng sang nata | jumênêng cêlak kreta | Walandi ordhênas gupuh | angêngakakên wiwara ||
22. kaliwon gamêl tumuli | andhampar masang pancadan | lawan kareta wus mèpèt | alon minggah sri narendra | lênggah sajroning kreta | ingkang andhèrèk lir wau | jêng gusti sudibya putra ||
23. lan Jêng Gusti Mangkubumi | Jêng Pangeran Prabuningrat | ririh tinutup korine | ya ta wau pra pangeran | miwah sang mantrimuka | sakalihanira sampun | sami anitih kareta ||
24. tanapi kang ngampil-ampil | ampilan dalêm sang nata | lan ampilan kadipatèn | Kolonèl Pangeran [Pangera...]
--- 228 ---
[...n] Arya | Purbanagara lawan | bupati kadya duk rawuh | tata pranataning lampah ||
25. titihan dalêm lumaris | kênèk ngampingi turangga | saking mandhungan mangilèn | gumuruh swaraning urmat | slomprèt tambur musikan | abaning prajurit sêru | prèsêntir guwir sadaya ||
26. pandhêl tumêlung mring siti | tumungkul lir mudyastawa | wilujêng ngajêng sang katong | kang arsa kondur mring pura | nagri Ngayogyakarta | muga Hyang Kang Maha Agung | anglanggêngêna raharja ||
27. sagarwa putra wadyaji | widada mangèstu pada | ayya na sambekalane | wau titihan narendra | nglintangi suranatan | kori talangpatèn têrus | mangilèn ngajêng ngabean ||
28. Purbadiningratan prapti | ngajêng Purwadiningratan | menggok mangidul lampahe | ing wingking pan maksih kathah | kareta nèng mandhungan | ajêjêl durung lumaku | ngêntèni lêganing marga ||
29. ing ngarsa titihan aji | nglangkungi Purbanagaran | rawuh Kêstalan gya menggok | mangetan sangajêng Yuda- | nagaran lumaksana | ing Prabuningratan têrus | brak sarasêja mangetan ||
30. ing Dipakusuman lami | mangalèr ing banon pêthak | têrus sangajênging kantor | sidhikara rat nagara | ing kanan sindusenan | gya rawuh sangajêngipun | Tuwan Rebos amracima ||
31. anglangkungi ngajêng panti | sakolahan kasatriyan |
--- 229 ---
wangsul kamandhungan manèh | maksih laju lumaksana | ing kori brajanala | miyos ing sakilènipun | sitinggil binatu rata ||
32. ing sapiturang wus prapti | titihan menggok mangetan | ngajêng păncaniti ngalèr | pra sumewa sami mandhap | gêng alit ngapurancang | myang prèsêntir guwiripun | pra prajurit jayasura ||
33. tambur salomprèt lan musik | munya urmat swara sora | titihan têrus mangalèr | nratas madyaning bacira | katon saking mandrawa | iku rahadèn pangulu | sakancane ngapurancang ||
34. nèng ngajêng gapura masjid | mêmuji sokur ing Suksma | laju mangalèr lampahe | samadyaning wringin kêmbar | nadyan papan bawera | lampahing kareta urut | kadya duk wau rawuhnya ||
35. titihan lumaris aris | turangga anjojog lêmbat | rawuh galadhag mangilèn | têpining marga andabag | kêbak kèbêkan janma | jalu èstri tanpa petung | bêbasan ewon alêksan ||
36. saking katêmbèn umèksi | marang kangjêng sri narendra | ing Ngayogyakarta dene | sida rawuh Surakarta | malêbèng dhatulaya | iba-iba jêng sang prabu | baya sangêt sukèng driya ||
37. mangsuli rowange angling | tamtu lir sabda sampeyan | ampun sing kangjêng sang katong | kula mawon dhèrèk [dhè...]
--- 230 ---
[...rèk] bungah | bangêt sokur tyas kula | dene ta Kangjêng Sang Prabu | Yogyakarta Surakarta ||
38. rawuh-rinawuhan tuwi | kang makotên botên liya | saking kawicaksanane | kangjêng gupêrmèn dènira | karsa paring palilah | marang kangjêng sang aprabu | saking dahat pinarcaya ||
39. wus datan winalang-galih | mung asih lan palimarma | kang eyang kangjêng gupêrmèn | manthuk-manthuk rowangira | sarwi mangsuli sabda | inggih wontên èmpêripun | kados cariyos sampeyan ||
40. nêngna kang sami ngrasani | titihan dalêm wus prapta | pratigan Kauman ngalèr | sakilèn Kartanagaran | maksih têrus lumampah | rawuh ngajêng dalêmipun | Jêng Pangran Kusumayuda ||
41. yèku mantu dalêm aji | sampeyan dalêm jêng sultan | garwanya jêng ratu anggèr | ingkang sami nèng kareta | nginguk ngalèr sadaya | katon anjênggarang dhegus | dalêm pringgitan pandhapa ||
42. bègêbuh ing kanan kering | cèkli langgare angegla | manggèn pojok kidul kilèn | ing wetan gêdhong kareta | cêlak lawan Kêstalan | bawera plataranipun | sumilak angilak-ilak ||
43. ngajêngan pinancaksuji | kori kalih kering
--- 231 ---
kanan | santosa rangkêp inêbe | sangajênging ruji rancang | pamêngkang longkang ngongkang | tanggul munggul agul-agul | kang kidul mèpèt wradinan ||
44. iku ingkang dèn langkungi | titihan dalêm sang nata | sumawana pra pandhèrèk | wus sami menggok mracima | têrus lampahing kreta | rawuh ing sawetanipun | ing dalêm Mangkunagaran ||
45. menggok mangalèr lumaris | sawetaning panti warna | ing pojok menggok mangulon | alon lampahing kareta | maripit pagêr bata | ing sisih kiwa lumajur | kang têngên binata andhap ||
46. rawuh krêtêg pasar Lêgi | têrus mangalèr lampahnya | ing kono kêbak wong nonton | saking seyup papan wiyar | alun-alun Balapan | bêntêt sapinggiring lurung | tan pêgat miyat sang nata ||
69. Mêgatruh
1. ya ta wau enggaling carita rawuh | sampeyan dalêm sang aji | ing Balapan sêtatsiun | kareta wus tan lumaris | nèng ngèmpèr marêp mangulon ||
2. abdi dalêm Walandi ordhênas maju | urmat gya ambukak kori | agêm dalêm songsong sampun | sudhiya nyêlak tumuli | ana iringan ingkang lor ||
3. gya tumêdhak saking kareta sang prabu | sumawana para gusti | pangeran sadayanipun | miwah ingkang ngampil-ampil | pêpatih dalêm sang katong ||
4. sakalihan [sakaliha...]
--- 232 ---
[...n] tanapi para tumênggung | sadaya anggrêbyêg wuri | lampah dalêm sampun laju | tumamèng èmpèring panti | ing sêtatsiun ingkang lor ||
5. sêtap musik kasêpuhan munya sêru | ngurmati gêndhing wihèlmis | laju malêbêt sang prabu | ing wahkamêr lênggah kursi | tan têbih sang prabu anom ||
6. miwah para gusti pangeran sadarum | kang sami cara Walandi | sampun ngalêmpak nèng ngayun | sumewa alênggah kursi | kanan kering dalêm katong ||
7. sakalihan pêpatih dalêm mabukuh | nèng ngarsa dalêm sumiwi | alênggah ngandhap ing babut | kang cakêt radi kawuri | sawatawis tan patyadoh ||
8. Pangran Arya Purbanagara tumungkul | ing jawi kamar bupati | sumewa majêng mangidul | tanapi kang ngampil-ampil | sila nèng babut wungu nom ||
9. lênggah dalêm munggwèng wahkamêr puniku | tumuntên dipun ladosi | kadya duk nalika rawuh | mêminuman warni-warni | ingkang ngladosi kaliwon ||
10. pangiringe prikănca wibawa bikut | cekat-cèkêt angladèni | kang samyandhèrèk nèng ngriku | sasampunira waradin | gya mundur srutu sumaos ||
11. kapyarsa sru ploiting kareta sêpur | titihan dalêm dhirèksi | saking ing wetan lumaku | myang pangiring nomêr 1 | ginandhèng lumaku ngulon ||
12. dhirèksi wus cumawis sangajêngipun | palênggahan [pa...]
--- 233 ---
[...lênggahan] dalêm aji | di dalêm Ngayogya maju | panèwu mantri undhagi | pasang dhak-undhakan alon ||
13. mèpèt lawang kareta dhirèksi gathuk | pancadan papak lan kori | sawuse rampung tinunggu | swaraning kang lokomotip | kumarêngsêng datan anggop ||
14. masinise tunggu mung para kondhèktur | wira-wiri mariksani | pakaryan ing wajibipun | sêtiti angati-ati | gathitanira tinonton ||
15. pukul 12:23 mênut | pangagênging sêpur nuli | mring ngarsa dalêm sang prabu | umatur lamun wus wanci | umanggut kangjêng sang katong ||
16. alon angandika arum paring dhawuh | padha karia basuki | Pangran Prabuningrat iku | kabèh kang padha umiring | samêngko sun arsa bodhol ||
17. Kangjêng Pangran Prabuningrat awotsantun | matur kalangkung kapundhi | dhawuh dalêm jêng sang prabu | gya jumênêng saking kursi | nuli lumaksana alon ||
18. sinongsongan laju minggah sang aprabu | mring salêbêting dhirèksi | musikan sêtap munya sru | gêndhing wihèlmis ngurmati | kadya muji karahayon ||
19. wuri para pangeran sadaya sampun | salaman puji-pinuji | kang kondur miwah kang kantun | tan pae sang nindyamantri | myang para bupati golong ||
20. ugi sami [sa...]
--- 234 ---
[...mi] salaman andum rahayu | priyagung Ngayogya sami | minggah mring kreta kasusu | ingkang andhèrèk sang aji | munggwèng dhirèksi wus manggon ||
21. sadaya wus anitih kareta sêpur | kadya duk rawuh sang aji | sawusnya sami dumunung | kondhèktur gya nutup kori | tumuli mudhun tan alon ||
22. sigra dènnya nyêbul salêmpritanipun | masinise anampani | ploit binukak munya sru | sumênthit wiwit lumaris | amangulon maksih alon ||
23. ingkang nitih kreta sêpur mangkat kondur | asta kumlawe mring jawi | sasmita kantun rahayu | kang anèng ngandhap nimbangi | sung arja lampah praptèng don ||
24. sampun lêpas lampahe kareta sêpur | sakêdhap wus tan kaèksi | mamprung kadya paksi mabur | amung ploite kapyarsi | kukus anggêmbulêng dhoyong ||
25. kondur dalêm ing marga datan winuwus | enggaling crita sang aji | rawuh sêtatsiun Tugu | kareta wus tan lumaris | kang sami mêthuk andhodhok ||
26. para gusti pangeran myang pra tumênggung | sapangandhap angurmati | lir duk têdhak dalêm prabu | korining kreta dhirèksi | wus winêngakakên alon ||
27. ngrumiyini kang andhèrèk sami mêthuk | tumuntên kangjêng sang aji | lan jêng gusti sudibyanung | umiyos saking dhirèksi | tansah agêm dalêm songsong ||
28. têtabean [têtabe...]
--- 235 ---
[...an] lawan jêng tuwan puniku | asistèn resdhèn nanggapi | tuwin panunggilanipun | para tuwan-tuwan sami | atur tabe gêntos-gêntos ||
29. gya lumêbêt marang wahkamêr sang prabu | lênggah amung sawatawis | wusnya tata para mêthuk | sampeyan dalêm gya nitih | kareta kang wus sumaos ||
30. Kyai Arsunaba sapangiridipun | jangkêp lir duk wau enjing | myang kreta titihanipun | para pandhèrèk wus sami | tut wuri kangjêng sang katong ||
31. sampun rawuh ing dhatulaya pinêthuk | kang sami tugur nèng puri | wilujêng sadayanipun | rawuh dalêm jêng sang aji | tandya malêbêt kadhaton ||
32. ingkang mêntas andhèrèk miwah kang tugur | wus kalilan padha mulih | para gusti sami kondur | nêngna Ngayogya nagari | dudukwuluh santun sinom ||
70. Sinom
1. ing nagari Surakarta | kacariyosakên malih | kang sami anèng Balapan | sapêngkêr dalêm sang aji | para pangeran sami | saha risang mantringayun | Pangeran Arya Purba- | nagara lan pra bupati | mayor kliwon kaptin opsir sapangandhap ||
2. sakèh wus sami bibaran | kondur atanapi mulih | pasudhiyan pasugatan | palênggahan dèn kukudi | nuli dipun usungi | winangsulkên mring gyanipun | wahkamêr rinêsikan | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Prabu Suryadilaga
--- 236 ---
kalawan ||
3. Kangjêng Pangeran Ariya | Mangkudiningrat tan kari | Pangeran Natadiraja | katri pisan sampun nitih | kareta gya lumaris | wangsul marang ing kadhatun | lir adat sasananya | ing langên katong jêng gusti | lawan malih kang wangsul sowan mring pura ||
4. Jêng Pangeran Prabuningrat | badhe lapur jêng sang aji | kang bidhal saking Balapan | datan pinanjang ing nguni | jroning pura winarni | sapêngkêr dalêm sang prabu | sinuhun kangjêng sultan | sampeyan dalêm sang aji | wangsul lênggah munggwèng sasana sewaka ||
5. sakyèhning para sumewa | pagêlaran păncaniti | sitinggil myang srimangantya | bangsal wetan kilèn maksih | pêpak para sumiwi | sumawana ing kadhatun | andhèr putra santana | abdi dalêm agêng alit | wadanèstri lan sakarerehanira ||
6. tuwin para ruming pura | rabining para bupati | mayor kaliwon sadaya | taksih sami anèng puri | ayêm têntrêm sumiwi | ing gusti ingkang linuhung | kangjêng sri naranata | sarêng sampun sawatawis | lênggah dalêm siniwi ing wadyabala ||
7. alon jumênêng sri nata | saking palênggahan kursi | jêngkar malbèng kênyapura | ingkang acakêt umiring | Radèn Sumarnarukmi | angampil agêm dalêm dus | ingkang ngampil kêcohan | Rahadèn Kiranarukmi | lampah dalêm alêlah
--- 237 ---
nora kasêsa ||
8. sêtrik orkès munya urmat | wihèlmis rarasira ris | myang pradăngga kering kanan | kalih pisan sarêng muni | kang sisih ladrang manis | kang sasisih gêndhingipun | undur-undur kajongan | calapitane cumêngkling | para sowan sadaya angapurancang ||
9. ing ngèmpèr nguntarasana | raka dalêm kang sumiwi | jumênêng nèng palataran | wau ta kangjêng sang aji | rawuh ngajênging kori | ing prabayasa para rum | ebah dènira nêmbah | sami mêndhak mangastuti | sri narendra laju malêbêt ing kamar ||
10. sêtrik orkès lan pradăngga | wau kang sami ngurmati | wus suwuk tan ana munya | kang sumewa wangsul linggih | pra pangran ngrumiyini | mundur mêdal sami kondur | bibaran jroning pura | tuwin ing paseban jawi | sêsarêngan sewang-sewangan lumampah ||
11. pan amung para niyaga | wiraswara tuwin ringgit | datan kalilan bibaran | miwah ingkang ngampil-ampil | upacaraning aji | kaprabon dalêm sadarum | dhêdhêg tan ana obah | myang songsong Kangjêng Kiyai | Brawijaya nyai lurah maksih têngga ||
12. ing sajroning prabayasa | sanggyaning kang para putri | ugi wus kalilan bibar | sampeyan dalêm sang aji | munggwèng kamar siniwi | priyantun dalêm nèm sêpuh | sampun santun busana | amangagêm cara Jawi | amung kadya adat padinan kewala ||
13. laju [la...]
--- 238 ---
[...ju] miyos mring parasdya | ing madya alênggah kursi | sri narendra paring dhawah | sagunging kang ngampil-ampil | kinon anggambar sami | saampilanira wau | sigra mangarsa mapan | rèhne kathah gênti-gênti | panggambarnya munggwèng malige prayoga ||
14. songsong Kyai Brawijaya | rinakit uga tan kari | nyi lurah kêparak nyêlak | rampung panggambare bêcik | cêtha kabèh kaèksi | mèh tan ana ingkang bubur | ingkang gambar punika | maksih di dalêm Ngabèi | Prajadirja marsudi wignya anggambar ||
15. ya ta ingkang winursita | utusan dalêm sang aji | Jêng Pangeran Prabuningrat | kinon mêthuk myang umiring | kondure sang tinami | mung dumugi sêtatsiun | samangke sampun prapta | sumiwi malih mring puri | kauningan dipun timbali mangarsa ||
16. wus prapta ngabyantarendra | kadhawuhan lênggah kursi | munggwèng sasana parasdya | cakêt kalawan sang aji | wus kèndêl sawatawis | alon munjuk kulanuwun | kula sampun dinuta | mring sêtatsiun umiring | konduripun rama dalêm kyai sultan ||
17. kula sakănca sadaya | kang mêntas andhèrèk sami | angunjukakên raharja | umanggut kangjêng narpati | alon ngandika aris | kangmas mau rama prabu | rawuhe
--- 239 ---
ènèng Balapan |[20] apa tan kaslêpêg wanci | kang dinangu alon nginggahakên asta ||
18. kanan kering marang karna | yèku minăngka wotsari | kadang wrêda mring rayindra | tumuntên umatur aris | rama dalêm sang aji | wontênipun sêtatsiun | cêkapan dènnya lênggah | inggih amung sawatawis | ing sasampunipun ngrêsêpi sugata ||
19. botên dangu ingaturan | minggah dhumatêng dhirèksi | têtêp pukul 12 | langkung 23 mênit | istratrèn gya lumaris | bidhal saking sêtatsiun | rêna kangjêng sang nata | pangandikanira aris | kangmas Prabuningrat sokur yèn mangkana ||
20. sira apa nora sayah | dene pijêr wira-wiri | wus wiwit duk mau enjang | matur namung sawatawis | alon ngandika malih | kangmas sun lilani mundur | munjuk nuwun sandika | tandya mandhap saking kursi | nginggahakên asta malih marang karna ||
21. undure tan winursita | wus wanci 1/2 2 | tan dangu kangjêng sang nata | jêngkar dènira siniwi | kondur angênyapuri | ampilan dalêm tut pungkur | nahan ta winasana | sasana langêning nguni | ngunandika Allah ingkang luwih wikan ||
22. ing Hyang
--- 240 ---
Kang Murba Misesa | sèsining wartya sakalir | kêkêliring tyas mawi was | winawas alpa prayogi | yogya risang nupèksi | paksa mêmayu driya yu | yayah angêyomana | manawa manawung sisip | kasasapa pangaksama paramarta ||
23. palêstha wanci jam 9 | sangate ahmat rijêki | ing tanggal kaping 19 | wuku Maktal Kêmis Lêgi | Sura Ehe lumaris | ăngka sangkalaning taun | ing catur kang winarna | saliraning narapati |[21] purnèng basa dibya pujangganing raja ||
--- [0] ---
[Ralat dari penerbit, sudah dimasukkan dalam teks].
--- [0] ---
1 | Kurang satu suku kata: Bandara Pangeran Arya Suryabrata. (kembali) Kurang satu suku kata: Bandara Pangeran Arya Suryabrata. |
2 | prabeda. (kembali) prabeda. |
3 | wanita. (kembali) wanita. |
4 | nambrama. (kembali) nambrama. |
5 | Kurang satu suku kata: sri narendra munggwèng kanan. (kembali) Kurang satu suku kata: sri narendra munggwèng kanan. |
6 | Purbadiningrat. (kembali) Purbadiningrat. |
7 | Tumênggung. (kembali) Tumênggung. |
8 | nyambêti. (kembali) nyambêti. |
9 | Tanggal: Akat (Ngahad) Lêgi wolulas (18) Mulut (Mulud) Wawu AJ 1793. Tanggal Masehi: Minggu 21 Agustus 1864. (kembali) Tanggal: Akat (Ngahad) Lêgi wolulas (18) Mulut (Mulud) Wawu AJ 1793. Tanggal Masehi: Minggu 21 Agustus 1864. |
10 | Baca: ji nêm nga. (kembali) Baca: ji nêm nga. |
11 | Tanggal: Sênèn Lêgi pat (4) Sapar Je AJ 1694. Tanggal Masehi: Senin 20 Juni 1768. (kembali) Tanggal: Sênèn Lêgi pat (4) Sapar Je AJ 1694. Tanggal Masehi: Senin 20 Juni 1768. |
12 | Lebih satu suku kata: Dyan Ayu Rêtna Purnama nami. (kembali) Lebih satu suku kata: Dyan Ayu Rêtna Purnama nami. |
13 | Baca: sèwu pitung atus. (kembali) Baca: sèwu pitung atus. |
14 | Tanggal: Sênèn Wage 2 Ruwah Dal AJ 1759. Tanggal Masehi: Kamis 5 Januari 1832. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1759, hari Sênèn Wage jatuh pada tanggal 27, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Sênèn Wage 27 Ruwah AJ 1759 (Senin 30 Januari 1832). (kembali) Tanggal: Sênèn Wage 2 Ruwah Dal AJ 1759. Tanggal Masehi: Kamis 5 Januari 1832. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1759, hari Sênèn Wage jatuh pada tanggal 27, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Sênèn Wage 27 Ruwah AJ 1759 (Senin 30 Januari 1832). |
15 | Ditulis dengan angka Arab. (kembali) Ditulis dengan angka Arab. |
16 | tinuduh. (kembali) tinuduh. |
17 | Kurang satu suku kata: aès lawan toya Walandi. (kembali) Kurang satu suku kata: aès lawan toya Walandi. |
18 | ngabèi. (kembali) ngabèi. |
19 | lis. (kembali) lis. |
20 | Lebih satu suku kata: rawuhe nèng Balapan. (kembali) Lebih satu suku kata: rawuhe nèng Balapan. |
21 | Tanggal: Kêmis Lêgi 19 Sura Ehe: catur kang winarna saliraning narapati (AJ 1844). Tanggal Masehi: Kamis 18 Desember 1913. (kembali) Tanggal: Kêmis Lêgi 19 Sura Ehe: catur kang winarna saliraning narapati (AJ 1844). Tanggal Masehi: Kamis 18 Desember 1913. |