Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 2)

Judul
Sambungan
1. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 3). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 4). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
5. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 5). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
6. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 6). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
7. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 7). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
8. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 8). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 13-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Tatêdhakan Sêrat- sêrat Undhang-undhang Pranatan Sêsaminipun,

ingkang Kadhawuhakên dening Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, ingkang Kaping Sakawan, Pêpatih Dalêm ing Surakarta, ingkang Jumênêng Sapunika, Wiwit Kala Sawêg Kakarsakakên Amakili Pêpatih Dalêm.

Jilidan ăngka 2

Kaêcap saha kawêdalakên dening Tuwan Albrêh Tuwin Rusê ing Surakarta ing taun 1895

--- 2 : 0 ---

Papêthikan isinipun sêrat undhang-undhang saha pranatan, jilidan ăngka: 2, punika

Ăngka urut ... Kawrat ing kaca

38. Pranatan bab barang warisipun abdi dalêm ajal ... 1

39. Pranatan têtênpan[1] abdi dalêm kaliwon pulisi sajawining nagari ... 8

40. Undhang-undhang onjotan sadasa taun ... 13

41. Undhang-undhang lampahing kareta, kramanipun putra dalêm sakawan ... 18

42. Undhang-undhang kawajibanipun umbul toya ... 26

43. Undhang-undhang tiyang tumbas ulam rajakaya ... 28

44. Undhang-undhang paring parimarma bêkêl walêd pajêg ... 31

45. Pranatan, paniti rajakaya badhe kapragat ... 34

46. Undhang-undhang paring wiji pari ... 41

47. Pranatan, pajêg kareta sewan ... 45

48. Undhang-undhang ngabèi răngga dêmang kasantanan kêdah mawi idi nagari ... 50

49. Pranatan, lampahing grobag ingkang katarik maesa lêmbu ... 52

50. Pranatan dalêm, bab para padu ... 54

51. Pranatan gadhe ... 64

52. Undhang-undhang bab arta têmbaga palsu ... 81

53. Pranatan paring dalêm salawat dhumatêng para kaji ingkang dikir maulud ... 83

54. Pranatan ciri garobag ... 90

55. Undhang-undhang tiyang nonton sakatèn ... 99

58. Undhang-undhang sasewas[2] kareta ing wêkdal balapan, taun 1892 ... 101

59. Pranatan, panaiban, Pola palapuran naib ... 104

60. Pranatan tindhih lare têtak ... 117

61. Pranatan, paring katrangan petanging sambutan ... 123

62. Pranatan, salinan suraosipun bab 16, ing pranatan dalêm bab para padu ... 125

63. Undhang-undhang ngawisi andhudhuk bathang rajakaya ... 127

64. Undhang -undhang lurah bêkêl jajar sasaminipun, kalêbêt bêkêl utawi lurah dhusun, manawi kasêrêg rol ... 131

65. Undhang-undhang têtêp pocoting naib ... 134

66. Undhang- undhang bab tukang nêtaki ... 137

67. Undhang-undhang pasewan kareta ing wêkdal balapan, taun 1893 ... 139

68. Undhang-undhang gugat para padu ... 142

69. Undhang-undhang nyuwak bab 13, sarta 17, ing pranatan gadhe ... 144

ăngka 56-57, botên nunggil ing ngriki

--- 2 : 1 ---

Ăngka 38

Moefakat De Resident De Resident 29/1/91 O.A. BURNABY LAUTIER.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kagungan karsa anggênahake sarta muwuhi katrangan kang kasêbut bab kaping 7, ing layang dhawuh pranatan dalêm, amarêngi ing dina Sênèn, tanggal kaping 9, sasi Pasa taun Je, ăngka 1798, lan supaya ora tuna dungkap panindake tumrap ing kawula dalêm kang lumaku ing gawe kang pangkat sangisore kaliwon tumêka jajar sapêpadhane lan sapangisore kabèh, marmane anamtokake kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Samasa pêpatih dalêm, anampani palaporan ana abdi dalêm wadana kaliwon kang tinggal dunya, banjur amataha bupati siji kaliwon siji, kanthi karerehane sawatara,

--- 2 : 2 ---

kapacak dadi komisi aniti pariksa barange kang tinggal dunya sakarine kang dianggo prêlu angubur mayit, kêna amilih ahli warise kang tinggal dunya, anak lanang, anak mantu, sadulur utawa êndi kang cêdhak dhewe lan kang prayoga dadi lêlawanane komisi, sawuse rêsik pamariksane, komisi angladèkna palapuran kanthi pratelan ananing barang mawa amarwat ing pangaji, sarta komisi kawajiban anglumrahake marang para bupati sarta para panggêdhe apadene kamot ing layang kabar, layang-layang kang kagawe dening komisi nganggo muni atas têrang parentahe pêpatih dalêm, amurih anglumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sapa-sapa kang ngaku potang utawa nganggokake dhuwit utawa barang anêbas anggadhe utawa anganggokake dhuwit kang tumrap marang bumi gêgadhuhane, apadene dicêkêli layang sanggêman dening abdi dalêm wadana kaliwon kang tinggal dunya mau, sajêrone satus dina saka ênggone tinggal dunya amêsthi duwe atur marang panggêdhene komisi, yèn ênggone duwe atur wus kaliwat saka satus dina, paturane ora katindakake, manawa paturane mau kaladèkake [kaladè...]

--- 2 : 3 ---

[...kake] marang pangadilan bakal katulak.

Bab 2

Sarupane barange kang tinggal dunya wajib karumatan sarta karêksa kang bêcik, komisi wênang angusungi kaladèkake gumantung ana nagara, utawa mitaya marang ahli warise kang tinggal dunya, angrumati lan rumêksa barange kang tinggal dunya, manawa ana prêlune kudu nganggo wragat rumêksane iya kêna kaparingan sapatute.

Bab 3

Sakèhe waragad kang diwêtokake dening komisi, kaya ta: kang kaanggo gawe layang cap-capan utawa angêmotake ing layang kabar, waragad rumêksa, angusungi, andandani, apadene waragad anglelangake barang-barang tinggalan, komisi wênang jukuk saka barang tinggalan mau, sapira kèhe nganggo kawêruhna marang ahli waris.

Bab 4

Sapundhate satus dina saka tinggale dunya, manawa tinêmuning papriksan kabênêr bayar panyaur utawa tatêmpuh sapêpadhane, komisi anaria marang ahli waris, apa sanggêm anyauri [a...]

--- 2 : 4 ---

[...nyauri] utange kang tinggal dunya, apa nyumanggakake marang parentah, manawa anyumanggakake marang parentah komisi anamtokna dina bakal panglelange barang mau, kang barang obahan kawangêna pitung dina, kang barang anjingan kawangênan têlungpuluh dina, sapira payune kajukuka dhisik minăngka liru kang kaanggo prêlu angubur mayit, manawa kang kaanggo ngubur mau sarana utang utawa nyilih. Sabanjure katanjakna kaanggo panyaur utang utawa tatêmpuh sapêpadhane mau sapetunge, manawa turah kaparingna marang ahli waris supaya dibagi kalawan rukun, utawa kawatonake marang surambi dalêm, amiturut kitab, komisi kêna mituruti sapanyuwune ahli waris, manawa kang kaanggo nyaur utang utawa tatêmpuh mau kurang, gone nanjakake kabagia sarana kapirid kèh sathithiking potang utawa tatêmpuh sapêpadhane, kang kabênêr tămpa ora kêna ngudi ganêpe saka ahli warise kang tinggal dunya utawa saka liya-liyane, apadene ngudi lastarine kang tumrap marang bumi desa kang katêbas utawa kagadhe sapêpadhane mau, yèn ahli waris sanggêm anyauri utange kang

--- 2 : 5 ---

tinggal dunya, iku kapundhuta wujude, manawa wus angladèkake pambayar ganêp, barang tinggalan banjur kaparingna marang ahli waris, nganggo pratikêl kang absah murih ing buri ora ana prakarane, dene yèn ana barang kang wus dijangjèjake dening kang tinggal dunya kalawan absah, măngka kang kabênêr nampani ora narima dilironi barang liyane utawa diliru dhuwit, iku kudu anampani apa sawujude kang dadi jangji.

Bab 5

Kajaba abdi dalêm wadana kaliwon kang kapratelakake ing bab sapisan mau, sarupane abdi dalêm kang lumaku ing gawe, manawa ana kang kajal, ing sanalika ahli warise anglapurna marang kabupatèn utawa kawadanane kang ajal, lantaran dhadhuwurane kang ajal, kabupatèn utawa kawadanane mau sanalika anglapurna marang pêpatih dalêm kaya adat, sarta banjur anindakna kaya kang kasêbut bab kaping 1, 2, 3, lan 4 ing dhuwur mau, ananging layang-layange bupati wadana kaliwon kang prasabên ajale karerehane mau ora susah muni têrang kauningan ing pêpatih dalêm. Sanajan [Sa...]

--- 2 : 6 ---

[...najan] kabupatèn utawa kawadanan nganggo matah karerehane kang dadi komisi, panggêdhene kang ajal wajib amêruhi dhewe marang apa kaanan kang katindakake dening komisi, lan panindake ana panggonan wajib amêruhake marang pulisi kang angêrèhake panggonane kang ajal, sabanjure anglapurake marang nagara sabarang pratikêl kang katindakake nganggo ngaturake pratelaning barang marwat ing pangaji sarta paturaning ahli warise.

Bab 6

Bupati sarta kaliwon kang kapatah dadi komisi ajale abdi dalêm wadana kaliwon, sarta para panggêdhene abdi dalêm kang ajal, padha anindakna wajibe kang kalawan titi, ora kêna mawang wong, saupama ana nalar kang tatela saka kainan utawa laledane kang duwe wajib, măngka nganti ana barang kang rusak utawa ilang, apadene ora ngèstokake pranatan iki, iku bakal kajibah angrupakake lirune utawa tatêmpuhing rêga, yèn ana nalare kang magêpokan panêrak utawa kadurjanan, iya bakal katindakake apa bênêre, anadene kang

--- 2 : 7 ---

wus amujudake tatêmpuh, kalilan duwe atur nyuwun tumindake panyêrêg marang sapa kang anyolong utawa anggêgampang sapêpadhane.

Layang pranatan iki kalumrahake marang sakabèhe abdi dalêm, lan marang sarupane uwong, lantaran bupati utawa wadanane dhewe-dhewe, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup ing unine, lan padha wajib angèstokake ing saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 18 sasi Jumadilakir taun Ehe, ăngka 1820. Utawa kaping 29 Januari, 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 8 ---

Ăngka 39

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, sawuse anguningani lan anggalih laku-lakune têtêpane abdi dalêm kaliwon pulisi, ing mêngko kagungan karsa mranata laku-lakune mupakataning têtêpe abdi dalêm kaliwon pulisi sajabaning nagara kaya ing ngisor iki.

Ing dina Sênèn utawa Kêmis kang dadi kêparênging karsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, têtêpe kang kakarsakake dadi abdi dalêm kaliwon pulisi mau, sawuse pêpatih dalêm anampani dhawuhing timbalan dalêm kang kadhawuhake dening kaliwon gandhèk kiwa têngên, sarta sawuse pêpatih dalêm amangsuli marang kaliwon gandhèk mau, iku pêpatih dalêm banjur andhawuhake marang abdi dalêm bupati bêkêl jaba, animbali maju marang kang dikarsakake dadi kaliwon pulisi, bupati bêkêl jaba banjur amarentahna marang pêpatih kapatihan, supaya marentahake marang karerehane panèwu mantri amasang lampit ana satêngêning pêpatih

--- 2 : 9 ---

dalêm marêp mangetan, têpi kulon sebane bupati kang ana kulon dhewe, sawuse ditata bupati bêkêl jaba andhawuhna marang kaliwon bêkêl jaba, angirid ajune kang dikarsakake dadi kaliwon pulisi, sawuse kairid manggon ing lampit kang ditata dening karerehane pêpatih kapatihan mau, pêpatih dalêm banjur andhawuhake marang kang dikarsakake dadi kaliwon pulisi mau kaya adat.

Sawuse kadhawuhake pêpatih dalêm andhawuhake marang bupati bêkêl jaba, amrênahake palinggihane. Bupati bêkêl jaba banjur andhawuhake marang bupati pulisi nagara, amrênahake palinggihane kang mêntas kakarsakake dadi kaliwon pulisi mau, kaurutna nom tuwaning lungguhan, sarta bupati bêkêl jaba banjur andhawuhake marang kaliwon bêkêl jaba, angirid undure kang mêntas katêtêpake mau marang panggonan pasebane kang wus kaprênahake dening bupati pulisi nagara, sawuse lungguh tata, bupati bêkêl jaba andhawuhake marang pêpatih kapatihan, prasabên marang kang anglurahi putra santana dalêm, sarta marang Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, lan andhawuhake [andhawuh...]

--- 2 : 10 ---

[...ake] paring sumurup marang abdi dalêm kolonèl prajurit, sarta marang bupati jêro kang padha seba, lan abdi dalêm pangulu sarta bupati kadipatèn anom kaya adat.

Pêpatih dalêm banjur andhawuhake marang bupati pulisi nagara, angaturi uninga ing kangjêng tuwan residhèn, têtêpe kang kakarsakake dadi kaliwon pulisi mau, lan anyuwun dhawuh sebane ana ing ngarsane kangjêng tuwan residhèn, bakal kapatrapan sumpah, tamtuning dina kang dadi kaparênge kangjêng tuwan residhèn, bupati pulisi nagara anglapurna ing pêpatih dalêm.

Ing dina kang wus dadi parênge kangjêng tuwan residhèn mau wayah jam sapuluh esuk, kaliwon pulisi kang mêntas katêtêpake kairid dening pêpatih dalêm, seba ing paresidhenan, katib kang bakal amatrapake sumpah uga wusa seba ing paresidhenan, kaliwon pulisi kang mêntas katêtêpake mau banjur kapatrapan sumpah, mawa kajênêngan dening kangjêng tuwan residhèn, lan pêpatih dalêm sawuse rampung banjur bubaran.

Seje dina pêpatih dalêm andhawuhake marang bupati pulisi [puli...]

--- 2 : 11 ---

[...si] ing kabupatène kaliwon pulisi kang mêntas katêtêpake, paring uninga lan anamtokake dina mupakate ana kabupatèn.

Mungguh ing dina kang wus katamtokake mau wayah jam satêngah sapuluh esuk, bupati pulisi sakarerehane kabèh sarta kaliwon pulisi kang mêntas katêtêpake mau padha apêpakan ana ing pandhapa kabupatèn, panganggone padha kulukan, bêbêdan, sabuk cindhe kabara, bupati kalambi sikêpan cêkak, kaliwon panèwu mantri padha sikêpan gêdhe.

Sawuse tata, bupati pulisi banjur andhawuhna marang karerehane kabèh, anampani parentahe pêpatih dalêm, manawa awit saka kaparênging karsa dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, prayayi mau kakarsakake dadi abdi dalêm kaliwon pulisi ing anu, kapatêdhan jênêng sarta sasêbutan radèn ngabèi anu. Sawuse rampung ora antara suwe bubaran.

Sorene bupati pulisi angirida kaliwon kang mêntas kamupakatake [kamu...]

--- 2 : 12 ---

[...pakatake] mau marang tuwan asistèn residhèn ing abdhelinging kabupatèn mau, mratelakna kaya gone mupakatake mau.

Sawuse padha kalakon, bupati pulisi anglapurna ing pêpatih dalêm, apa anane gone angêpyakake mau.

Pranatan iki ora tumrap marang abdi dalêm kaliwon ing Sukaharja, dene laku-lakuning têtêpane abdi dalêm kaliwon pulisi ing Sukaharja padha lan abdi dalêm bupati pulisi sajabaning nagara, kaya kang kamot ing layang pranatan katitimasan kaping 8 Jumadilakir, Ehe, 1820, utawa kaping 19 Januari, 1891.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 19 sasi Jumadilakir taun Ehe ăngka 1820, utawa kaping 30 Januari 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 13 ---

Ăngka 40

Moefakat De Resident O.A. BURNABY LAUTIER.

Undhang-undhang

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, andhawuhake timbalan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kang wus sarêmbug lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Sarupane kang kaparingan gêgadhuhan lungguh bumi desa, kang wus kapajêgan para băngsa Walănda, sapundhating wêwangên pamajêge, sabên kaonjotake pamajêge wêwangêne mung sapuluh taun, sêsanggan pajêg sapêpadhane lêstari kaya lawas kang wus kamot ing layang prajangji pamajêge, bêktine padha lan kèhe pajêg sataun, sarta sabên kurang rong taun saka wêwangên pundhate pamajêg ing ngarêp, kang majêgi kudu wiwit rêmbugan lan kang majêgake bakal pangonjoting pamajêge mau, upama pundhating pamajêge ana tanggal sapisan Januari 1891, pangonjoting pamajêge kudu karêmbug wiwit tunggal sapisan Januari 1889, sadurunge tanggal [tang...]

--- 2 : 14 ---

[...gal] sapisan Januari 1891 mau, rêmbuge wusa rampung.

Bab 2

Dene manawa ana kang anjaluk owahing pajêg utawa jangjine, măngka ora andadèkake condhonge salah sawijine, kang majêgi kudu duwe atur marang pêpatih dalêm, pêpatih dalêm bakal banjur amaringake paturane kang majêgi mau marang abdi dalêm bupati nayaka kang kawajibake anindakake prakara majêgi utawa majêgake bumi desa, supaya katindakake rukune lan kang duwe gêgadhuhan lungguh, manawa ora bisa rukun, bupati nayaka anglapurna marang pêpatih dalêm, apa anane gone angrukunake mau, pêpatih dalêm bakal banjur sarêmbug lan kangjêng tuwan residhèn, gone bakal andhawuhake marang bupati nayaka mau, titi pariksa marang balabaging bumi desa kang dadi ngudur bakal pangonjoting pamajêge mau, kaparingan kanthi abdi dalêm bupati utawa kaliwon pamajêgan, kangjêng tuwan residhèn bakal amatah tuwan-tuwan dadi komisi, têpung rêmbug lan bupati nayaka mau, dene waragading laku lan pondhokane bupati nayaka sakanthine sarta tuwan-tuwan kang padha [pa...]

--- 2 : 15 ---

[...dha] dadi komisi mau, kasăngga dening kang majêgi saparo kang majêgake saparo, kèh sathithike bakal katamtokake dening kangjêng tuwan residhèn lan pêpatih dalêm.

Bab 3

Sawuse kalakon katiti pariksa, apa tinêmuning papriksan kaêmotna ing layang palapurane abdi dalêm bupati nayaka sakanthine lan tuwan-tuwan komisi mau, katur ing kangjêng tuwan residhèn lan pêpatih dalêm, mawaa panimbang murwating pajêg utawa bêktine, wêwaton saka ananing papriksan, kadadiane bakal katamtokake dening kangjêng tuwan residhèn lan pêpatih dalêm, wêwaton paturane bupati nayaka sakanthine lan tuwan-tuwan komisi mau.

Bab 4

Sarupane bumi desa kang kapajêgan para băngsa Walănda, kang prêlu ora kêna kapisah saka bumi pamajêgan, amarga yèn kapisah mutawatiri lêstarine bumi pamajêgan mau, iku manawa kang majêgi sumêdya ngonjot, katamtokake mêsthi kêna kaonjot, samono mau manawa ora ana nalar pajêge sapêpadhane kang wus kamot ing layang prajangji [prajang...]

--- 2 : 16 ---

[...ji] dikèthèrake, dene bumi pamajêgan kang prêlu ora kêna kapisah iku, kaya ing ngisor iki.

1. Bumi pamajêgan kang wus ngalumpuk gumolong dadi siji.

2. Padhukuhan, pasawahan, patêgalan, sapêpadhane kang karajane wus nunggal ing bumi pamajêgan kang wus gumolong dadi siji mau.

3. Bumi kang dadi kabutuhan prêlu marang bumi pamajêgan mau, kaya ta: a. kang wus kaadêgan pabrik utawa gêdhong-gêdhong kang santosa, b. kang kadunungan sirahing banyu kanggo marang bumi pamajêgan mau, c. kang kadunungan pathuking bêndungan, d. kang prêlu kanggo dalan banyu uga kang padha kanggo marang bumi pamajêgan mau.

Bab 5

Mungguh têmêne sabab-sababe kang ora kêna kapisah kasêbut adêg-adêg ăngka 1, 2, sarta 3, ing bab kaping 4, mau mawa kayêktèkake dening komisi.

Bab 6

Bumi kang prêlu ora kêna kapisahake mau, manawa kèhing pajêg utawa bêktine ora andadèkake [andadèka...]

--- 2 : 17 ---

[...ke] rujuke ing salah sawijine, iku panindake lan kadadiane iya kaya bab kaping 2 sarta 3, ing dhuwur mau.

Bab 7

Mungguh kang tumrap marang kang wus padha dadi rujuk rukune kang majêgi lan kang majêgake, iku isih lastari anêtêpi layang pranatan kang wus padha kadhawuhake.

Iku sarupane ka[3] kaparingan gêgadhuhan lungguh bumi desa padha sumurupa lan padha angèstokna saprêlune.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 13, sasi Rêjêb taun Ehe, ăngka 1820. Utawa kaping 22 Pèbruari 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 18 ---

Ăngka 41

Undhang-undhang

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, aparing wêruh marang sarupane uwong, kaya ing ngisor iki.

1. Ing dina Salasa tanggal kaping 28 Bêsar taun Ehe 1820. Utawa kaping 4 Agustus 1891. Lêbune kagungan dalêm pasrahan, saka kapatihan, konjuk ing kadhaton, iku wiwit jam 9 esuk, ing lurung sangarêp kapatihan, ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, kênane yèn wus rampung lakune sasrahan dalah kang angiringake, samono iku anjaba wong kang padha nyăngga gawe bakal andhèrèkake lakune sasrahan, mangko manèh ing lurung Warungpêlêm mangidul, tumêka ngarêp paresidhenan, mangidul tumêka galadhag, apadene ing kagungan dalêm alun-alun lor sarta sakiwa têngêne pagêlaran,[4] [pagê...]

--- 2 : 19 ---

[...laran,] sitinggil, sarta sajrone palataran kamandhungan, sajrone sasrahan dalah kang ngiringake lumaku, ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, anjaba kang padha anyăngga gawe lakune sasrahan, sanajan mung nugêl dalan iya ora kalilan.

2. Ing dina Rêbo tanggal kaping 29 Bêsar taun Ehe 1820. Utawa kaping 5 Agustus, 1891. Dhaubing pangantèn, iku wiwit jam 4 sore, sajrone palataran kamandhungan, sakiwa têngêne sitinggil sarta pagêlaran, sajrone kagungan dalêm alun-alun lor, ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, kênane yèn wus rampung lakune pangantèn dalah kang ngiringake, anjaba kang padha nyăngga gawe dhaubing pangantèn. Mangkono manèh wiwit ing galadhag mangalor tumêka ngarêp paresidhenan, paresidhenan tumêka ing Warungpêlêm, mangulon tumêka sangarêp Kapatihan, sajrone pangantèn dalah kang angiringake lumaku, ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi,[5] [bè...]

--- 2 : 20 ---

[...ndi,] garobag sapêpadhane, anjaba kang padha nyăngga gawe dhaubing pangantèn, sanajan mung nugêl dalan iya ora kalilan.

3. Ing dina Sênèn tanggal kaping 4 Sura taun Jimawal 1821, utawa kaping 10 Agustus 1891. Sapasare pangantèn, wiwit jam 9 esuk, ing lurung sangarêp Kapatihan, ora kalilan uwong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, kênane yèn wus rampung lakune pangantèn dalah kang ngiringake, mangkono manèh wiwit ing Warungpêlêm mangidul, tumêka ngarêp paresidhenan, mangidul tumêka galadhag, apadene ing kagungan dalêm alun-alun lor, sakiwa têngêne pagêlaran, sitinggil, sarta sajrone palataran kamandhungan, sajrone pangantèn dalah kang angiringake lumaku, ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, anjaba kang padha nyăngga gawe sapasare pangantèn, kabèh mau sanajan mung nugêl lurung iya ora kalilan.

Manawa ana kang wani-wani ora angèstokake bakal[6] [baka...]

--- 2 : 21 ---

[...l] kaandhêg sarta kaanggêp anêrak parentah utawa kapatrapan saprêlune wong nêrak parentah. Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 25 sasi Bêsar taun Ehe 1820. Utawa kaping 1 Agustus 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.[7]

--- 2 : 22 ---

No. 41

Moefakat De Resident van Soerakarta O.A. BURNABY LAUTIER

Oendang-Oendang

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat Rijksbestuurder di Soerakarta moefakat denge Kangdjeng Toewan Resident di Soerakarta, membritaoe pada segala orang seperti di bawah ini.

1. Padahari Salasa tanggal 28 boelan Besar taoen Èhè 1820 atawa tanggal 4 Augustus 1891, masoeknja sasrahan dari Kapatian terhoendjoek di dalem Kraton moelai poekoel 9 pagi, di djalan besar moeka Kapatian dilarang tiada boleh orang mendjalanken koeda, kreta, bendi dan grobak sesamanja, djikaloe soedah rampoeng djalannja sasrahan dengen jang toeroet itoe samoea boleh djalan seperti biasa, lainnja orang jang sama angkat kerdja hendak toeroet djalannja sasrahan begitoe djoega moelai dimana djalan Waroengpelem mangidoel sampei di moeka Residentie, teroes di Gladhag apalagi di Aloen Aloenlor dan kanan kirinja Pagelaran Setinggil, serta di Kamandoengan.[8]

--- 2 : 23 ---

waktoe di dalemnja Sasrahan dengen jang toeroet berdjalan, di larang tiada boleh orang mendjalanken koeda, kreta, bendi dan grobak sesamanja, lainnja jang sama angkat kerdja djalannja Sasrahan, meskipoen tjoema berpotong djalan itoe di larang djoega.

2. Pada ari Rebo tanggal 29 boelan Besar taoen Ehé 1820 atawa tanggal 5 Augustus 1891 temoenja Panganten, moelai poekoel 4 sore, di Kamandoengan di kanan kirinja Sitinggil serta di Pagelaran, di dalem Aloen-aloen lor di larang tiada boleh orang mendjalanken koeda. kreta, bendi dan grobak sasamanja djikaloe soedah rampoeng djalannja Panganten dengen jang toeroet itoe semoea boleh djalan saperti biasa, lainnja jang sama angkat kerdja temoenja Panganten, bagitoe djoega moelai di Gladak mengalor sampei moeka Residentie, dan Residentie sampei di Waroengpelem mengoelon sampei di moeka Kapatian waktoe Panganten dengen jang toereot berdjalan tiada boleh orang mendjalankan koeda, kreta, bendi dan grobak sesamanja, lainnja jang sama angkat kerdja temoenja Pannganten,[9] [Pa...]

--- 2 : 24 ---

[...nnganten,] meskipoen tjoema berpotong djalan djoega tiada boleh.

3. Pada ari Senen tanggal 4 boelan Soero taoen Djimawal 1821 atawa tanggal 10 Augustus anem arinnja Panganten, moelai poekoel 9 pagi, di djalan moeka Kapatian di larang tiada boleh orang mendjalanken koeda kreta bendi dan grobak sesamanja, djikaloe soedah rampoeng djalannja Pangaten[10] dengen jang toeroet itoe baroe boleh djalan, bagitoe djoega moelai di Waroengpelem mangidoel sampei moeka Residentie teroes sampei di Gladak apa lagi di Aloen aloen lor, di kanan kirinja Pagelaran dan Sitinggil, di Kamandoengan. waktoe Panganten dengen jang toeroet berdjalan, di larang tiada boleh orang mendjalanken koeda, kreta, bendi dan grobak sesamanja, lainnja jang sama angkat kerdja anem arinja Panganten samoea itoe meskipoen tjoema berpotong djalan, djoega tiada boleh.

Djikaloe ada jang brani tiada menoeroetken, hendak dibrentiken dan di hanggep melanggar prentah atawa di bri

--- 2 : 25 ---

hoekoem sebagi orang melanggar prentah.

Djatoehnja Oendang-oendang pada ari 25 Besar Ehe 1820 atawa ari 1 Augustus 1891.

--- 2 : 26 ---

Ăngka 42

Moefakat De Resident O.A. BURNABIJ LAUTIER 19-10-1991

Undhang-undhang

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane wong kang dadi umbul banyu, iku kudu rumêksa laku-lakune pangêduming banyu kang dadi wajibe, angèstokna undhang-undhang sarta prajangjian pambagining banyu kang wus tumindak salawase sarta wus andadèkake panarimane kang padha anganggo banyu mau, aja nganti ana kang cahak-cinahak wawênang panganggoning banyu, angundhakake takêran utawa ukuraning banyu kang ngoncori palêmahane dhewe, anyuda takêran utawa ukuraning banyu kang ngoncori palêmahaning liya. Dene kang kawajibake nyumurupi sarta murih kalakone têtêp pranatan utawa prajangjian pambagining banyu mau, apadene mardi kalakone para umbul [umbu...]

--- 2 : 27 ---

[...l] banyu padha tumêmên anglakoni wajibe. Iku para dhistrik utawa pulisi kang ambawahake.

Manawa ana kang ora ngèstokake undhang-undhang iki, manawa para umbul banyu kapocot saka gone dadi umbul banyu, manawa ana prêlune kapocot dalah patuhe, apadene kasêrêg sarta kapatrapan paukumane wong anêrak parentah, manawa kang ora ngèstokake mau para dhistrik utawa pulisi, bakal kapatrapan rèsa,[11] utawa yèn ana prêlune kaundur saka kalungguhane.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta para pulisi wajib anglumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 15 sasi Mulud taun Jimawal, ăngka 1821. Utawa kaping 19 Okkobêr[12] 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 28 ---

Ăngka 43

Moefakat De Resident O. A. BURNABIJ LAUTIER 14-11-91

Undhang-undhang

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, wus anguningani lan anitèni lapurane para abdi dalêm bupati pulisi kang lumadi sabên sasi bab kaanane laku kadurjanan, wus anggalih laku-lakuning kadurjanan kewan, bisa gampang pangêdole sarana dibêlèh kaêdol iwak, kang akèh marang para jagal, gone para jagal kaduga tuku arupa iwak mau amarga ora susah bayar paklèkèk, panukune olèh murah, dadi para jagal utawa wo [13] liyane kang kaduga tuku iwak mangkono iku pancèn maha marang panggawe pêtêng, marmane ing mêngko panggalih manira mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, andhawuhake pêpacak kaya ing ngisor iki.

Sarupaning jagal, ora kêna tuku iwaking kewan saka

--- 2 : 29 ---

sadhengah wong, kênane mung tuku marang padha jagal utawa baune, mangkono uga sadhengah wong ora kêna tuku iwaking kewan saka liyane jagal, manawa wus sumurup utawa duwe pangira iwak mau asline saka laku kadurjanan, utawa iwake kewan kang pambêlèhe ora anêtêpi pranatan.

Manawa ana kang ora angèstokake pêpacake undhang-undhang iki kasêrêg sarta kapatrapan paukumane wong anêrak parentah utawa kadurjanan.

Para pulisi kang angêrèhake jagal, sabên-sabên amariksanana kang kalawan nastiti, wujuding iwak kang bakal di êdol apa murwat karo cacahing kewan kang disuwunake lilah pambêlèhe anêtêpi pranatan, yèn katăndha luwih akèh saka murwate, utawa manawa katitik cacahing sampil, taracak utawa liya-liyane pancèn mundhak, pulisi banjur anindakna papriksan saparlune.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta para pulisi wajib anglumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana panggonan saparlune, [sapar...]

--- 2 : 30 ---

[...lune,] supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine, mangkono manèh sarupane abdi dalêm kang lumaku ing gawe wajib arumêksa kalakone undhang-undhang iki.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 11 sasi Rabingulakir taun Jimawal, ăngka 1821. Utawa kaping 14 Nopèmbêr 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 31 ---

Ăngka 44

Moefakat De Resident van Soerakarta O. A. BURNABIJ LAUTIER 21-11-91

Undhang-undhang

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anggalih tatela yèn ing masa iki akèh wong desa ingadesa kang padha kamlaratan, awit ora bisa nênandur kaya adat kang wus kalakon, amarga kalawasên ênggone ora ana udan, marmane panggalih manira kang wus mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta sarta têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, parlu andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Para abdi dalêm panggêdhening kabupatèn pulisi lan pangadilan dalêm, yèn anampani gugate kang duwe gadhuhan, kang ngampil utawa kang nguwasani kagungan dalêm bumi desa, babêkêle utawa kang anyăngga kawalêdan pajêg, ubarampe utawa lêladèn liya-liyane kang wus dadi jangji, yèn wus [wu...]

--- 2 : 32 ---

[...s] kapriksa têmên walêd, iku aja enggal katêtêpake saunine anggêr sapuluh bab kang kaping 29 utawa prajangjine kang wus disanggêmi, ananging nganggo katiti pariksaa blabag, ênggone walêd mau apa kagawa saka lêledane apa pancèn kamlaratan awit ora kamêton ênggone nandur, lan ora anduwèni maujud ingkang patut dianggo nyampêti walêdane, manawa têtela saka lêleda iya katêtêpna apa bênêre, mung yèn pancèn saka kamlaratan iku kasarèhna ing sawatara sarta kang kabênêr nampani pajêg sapanunggalane mau kapêksa anyarantèkake ubaya kang patut, dene yèn ing têmbe wus kamêton anggone nandur, manira anglilani katindakake manèh apa bênêre.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhening kabupatèn pulisi lan pangadilan, wajib angèstokake, lan kaparingake marang para panggêdhe supaya kadhawuhake warata marang karèrèhane dhewe-dhewe, apadene katèmplèkake ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

--- 2 : 33 ---

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 18 sasi Rabingulakir taun Jimawal, ăngka 1821. Utawa kaping 21 Nopèmbêr 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 34 ---

Ăngka 45

Moefakat De Resident O. A. BURNABIJ LAUTIER. 23-11-91

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sarèhning anggalih parlu anêtêpake pranatan bab panyêmbêlèhe kêbo sapi sarta jaran, ing sajrone kutha karaton Surakarta, marmane manira aparing wêruh marang sarupaning wong, kang ana sajrone kutha karaton Surakarta, sawuse manira sarêmbug karo kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, andhawuhake pranatan kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Panyambêlèhe kêbo sapi lan jaran, kênane katindakake, mung ana panggonan kang wus padha katamtokake dening parentah.

Bab 2

Kajaba panggonan kang wus katamtokake dening parentah, manawa ana sababe parlu, kaya ta: kêbo, sapi, jaran, [jara...]

--- 2 : 35 ---

[...n,] katiwasan nganti putung sikile utawa nandhang tatu bangêt, apadene marga saka sabab liya-liyane, sawuse ana layang palilahe bupati pulisi utawa panggêdhening dhistrik, utawa juru paniti kawarasane rajakaya, rajakaya mau kêna disambêlèh ana ing panggonan kang katamtokake kamot ing layang palilah mau.

Saupama rajakaya kang kataton bangêt mau, ora prayoga yèn pambêlèhe kasuwunake dhisik layang palilah mau, rajakaya mau banjur kêna disambêlèh ana ing panggonane katiwasan, kang duwe rajakaya wajib tumuli anglapurake marang bupati pulisi utawa panggêdhening dhistrik, lan marang juru paniti kawarasaning rajakaya, juru paniti kawarasaning rajakaya wajib tumuli atiti pariksa iwake rajakaya kang disambêlèh mau, supaya kang duwe bisa anindakake manut sapanêmune juru paniti kawarasaning rajakaya.

Bab 3

Sakèhing rajakaya kang kasêbut pranatan iki, sadurunge diarani waras dening juru paniti kawarasaning rajakaya ora kêna disambêlèh, mungguh rajakaya kang waras, kudu

--- 2 : 36 ---

banjur dicirèni.

Bab 4

Mungguh panggonan lan wayahe aniti pariksa mau, bupati pulisi kang ambawahake kang bakal anamtokake sarêmbug karo panggêdhening panggonan ing kono.

Bab 5

Sakèhing rajakaya kang katimbang waras, juru paniti kawarasaning rajakaya amènèhana kitir marang kang dadi jagal, kitir mau kaulungna ana ing panggonane nalikane atiti pariksa, kitire kudu nganggo amratelakake wujuding ciri lan dununge ana ing rajakaya kang wus dipariksa.

Manawa papriksane katindakake ana ing kandhang duwèke kang dadi jagal, sakèhing rajakaya kang padha kapriksa sarta katimbang waras mau, kudu kacathêtan dening juru paniti kawarasane rajakaya ana ing buk pemutan, kang pancèn dianggo amèmuti sakèhing rajakaya mau.

Bab 6

Juru paniti kawarasane rajakaya ora kêna amariksani rajakaya kang ora ana tapake cap wêsi bang kang saka panggêdhening [panggê...]

--- 2 : 37 ---

[...dhening] pulisi kang bawahake.

Bab 7

Manawa juru paniti kawarasane rajakaya duwe pamikir parlu, kudu niti pariksa iwaking rajakaya kang wus disambêlèh, iku kang dadi jagal ora kêna angupakara dhisik iwake rajakaya mau, sadurunge dipariksa sarta ditimbang dening juru paniti kawarasane rajakaya mau iwake bêcik utawa kêna dipangan, nanging gone juru paniti kawarasane rajakaya awèh wêruh marang kang dadi jagal, sadurunge rajakayane disambêlèh, sarta paniti pariksane iwak mau kudu sadurunge wayah jam pitu esuk.

Bab 8

Ing sabisa-bisane juru paniti kawarasane rajakaya wajib aniti pariksa iwak kang padha kaêdol ana ing pasar-pasar.

Bab 9

Iwak kang katimbang ala ora kêna kapangan, iku kabêskup sarta kasirnakake dening pulisi.

Bab 10

Sakèhing rajakaya kang ditimbang ora prayoga disambêlèh, [disambê...]

--- 2 : 38 ---

[...lèh,] iku padha ora kêna kalêbokake ing kandhang kang pancèn dadi panggonane rajakaya bêlehan, utawa ora kêna disambêlèh ana ing panggonan liyane.

Bab 11

Sabên sasi sapisan, juru paniti kawarasane rajakaya, angaturna layang pratelan marang pêpatih dalêm, bab cacahing rajakaya kang disambêlèh sajroning sasi kang kapungkur, nganggoa ngaturna kang dadi panêmune, kapriye mungguh ênggone padha nêtêpi layang pranatan iki sajroning sasi kang kapungkur mau.

Bab 12

Bupati pulisi utawa priyayi pulisi kang dipatah bupati mau, ing sawayah-wayahe awan utawa bêngi sakarêpe wênang anglêboni sakèhing pajagalan, anocogake buk-buk pemutan, utawa layang-layang lulusan, karo cacahing rajakaya bêlehan kang ana ing kono.

Bupati utawa priyayi kang kapatah mau, anandhanana ana ing buk-buk pemutan, utawa ana ing layang-layang lulusan iku, yèn wus papriksa banjur angaturna palapuran bab kang

--- 2 : 39 ---

dadi panêmune marang pêpatih dalêm, mungguh papriksan kang kaya mangkono iku, wajib dilakoni sabên sasi sapisan.

Bab 13

Panindaking papriksan, ana ing panggonan kang katamtokake ing bab 4 kang duwe rajakaya nganggo bayar marang juru paniti kawarasane rajakaya, sawiji-wijining rajakaya 30 sèn.

Bab 14

Sakèhing papan sarta kandhang kang dianggo anyambêlèh rajakaya, iku sawise kanggo kudu tumuli karêsikan.

Bab 15

Panggawane rajakaya bêlehan, saka sawijining pajagalan, marang ing pajagalan liyane, iku kajaba layang kitire pulisi kudu ngangge[14] layang kitire juru paniti kawarasane rajakaya, sawuse rajakaya mau kagawa marang pajagalan liyane kudu tumuli dicathêti ana ing buk pemutan kang kasêbut bab kaping 5

Bab 16

Mungguh kawajibane juru paniti kawarasane rajakaya kang wus [wu...]

--- 2 : 40 ---

[...s] padha kasêbut ing pranatan iki, uga tumrap marang wakile.

Bab 17

Sapa kang nêrak unine layang pranatan iki kapatrapan paukuman dhêndha, sarupiyah tumêkane satus rupiyah, utawa kapatrapan paukuman nyambutgawe ana yayasaning nagara kang katon ing akèh nganggo kaparingan pangan ora olèh bayaran, lawase pitung dina tumêkane têlung puluh dina.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 20 sasi Rabingulakir taun Jimawal, ăngka 1821. Utawa kaping 23 Nopèmbêr 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 41 ---

Ăngka 46

Moefakat De Resident van Surakarta O. A. BURNABIJ LAUTIER.

Undhang- undhang

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradinigrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adinigrat, sawuse anguningani layang-layang palapurane para abdi dalêm bupati pulisi kang ngêrèhake kagungan dalêm bumi desa tanah Sukawati lor kidul, sarta tanah Gagatan, kagawa saka kalawasên ênggone ora ana udan, andadèkake jalaran wong cilik sawatara panggonan kang ora olèh banyu saka kali, padha ora bisa nênandur palawija kang adate minăngka liruning rijêki, mulane wong cilik ing sawatara desa ana kang nêmah amangan parine kang disadhiyakake wiji katandur ing masa rêndhêng, marmane panggalih manira wus mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, parlu andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane kawula dalêm desa kang padha kakurangan utawa

--- 2 : 42 ---

ora duwe wiji, pancèn ora bisa tuku, padha kalilan nyuwun wiji saka patêdhan dalêm, dene kang manira patah nyadhiyakake kagungan dalêm pari kang bakal kapatêdhakake mau, Radèn Ngabèi Jayawadana kaliwon pamajêgan ing Gagatan, manggon ing desa Jênalas, bawah dhistrik Lawang. Ngabèi Jayadipura panèwu pangrêmbe ing Karanggêdhe, manggon ing desa Karanggêdhe, Radèn Sasraandaga kaliwon galadhag ing Mungkung sakarerehane padha manggon ing Sukawinangun, dhistrik Grompol. Răngga Jagasănta, mantri pangrêmbe ing Laban, manggon ing desa Plumbon, Ondhêr dhistrik Laban. Ngabèi Jayasêtika, Ngabèi Jayasasmita padha panèwu pamajêgan ing Klathèn, manggon saantarane haltê Cèpèr. Ing kagungan dalêm lumbung silayur panyuwune jujug kabupatèn pangrêmbe.

Panggêdhene desa, dêmang bêkêl sapanunggalane, êndi kang wus dititi priksa têrang yèn kamlaratane ora anduwèni pari kang bakal dianggo wiji ing masa rêndhêng, măngka panggêdhene utawa kang duwe gêgadhuhan kang ngampil kang nguwasani ora duwe pari kang ana sajêrone desa mau, pulisi panggêdhening [panggêdhe...]

--- 2 : 43 ---

[...ning] dhistrik amènèhana layang kitir mawa dicapi marang wong mau, supaya kaaturake marang kang wus padha manira patah amaringake patêdhan dalêm kawêlasan wiji mau, kang manggon cêdhak dhewe saka desa omahe, layang mau nganggo anêrangna jênênging wong cacahing bumi lawan cacahing sawah, murwat diparingi wiji pirang gèdhèng bobot pirang kati.

Abdi dalêm kang padha manira patah amaringake patêdhan dalêm kawêlasan wiji, yèn wus ora duwèni sumêlang marang wujuding layang saka panggêdhe dhistrik, lan kapirid cacah bêbaoning sawah lan panyuwune wiji ditimbang pantês, iya banjur kaparingana. Ewasamono yèn duwèni sumêlang sadhengaha nalare, kalilan anjaluk katêrangan marang dhistrik utawa nyatakake marang blabag. Sawuse kaparingan, wujuding pari kêna kagawa mulih marang omahe kang kaparingan, ananging nganggo anglapurna marang panggêdhening dhistrik.

Lêt patang dina utawa limang dina saka tampane palapuran, panggêdhe dhistrik kongkonana nyatakake, pari mau apa wus kalakon disêbar utawa diurit, manawa durung katêrangna sababe lan kanyatakna lèlèrane wijenan apa [a...]

--- 2 : 44 ---

[...pa] wus kagawe, wujuding pari apa isih karumatan wutuh, manawa kang nyuwun wiji mau durung nêtêpi nyêbar wiji utawa ngurit, apadene durung gawe lèlèran banjur kapêrdia tumindake.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang bupati pangrêmbe sarta marang para abdi dalêm kang kapatah ing dhuwur mau, lan marang para bupati pulisi, supaya padha angèstokake lan anglumrahna ing saparlune.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 28 sasi Rabingulakir taun Jimawal, ăngka 1821. Utawa kaping 1 Dhesèmbêr, 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 45 ---

Ăngka 47

Moefakat De Resident O. A. BURNABIJ LAUTIER. 12-11-91

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn, sarta têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake wuwuhaning pranatan bab darbe utawa nunggang lan anyewakake jaran sapanunggalane kewan pasangan kareta utawa garobag, apadene anduwèni anunggang lan anyewakake kareta utawa garobag, kaya kang wus kadhawuhake kamot ing layang pranatan, katitimasan kaping 7 sasi Rabingulakir taun Ehe, ăngka 1820 utawa kaping 20 Nopèmbêr 1890, wuwuhaning pranatan mau kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Sarupane uwong kang wus olèh lilah anyewakake kareta, dhosadho, bèndi, sarta garobag kang katarik [kata...]

--- 2 : 46 ---

[...rik] ing jaran utawa kang katarik ing sapi, iku kawajiban anyăngga pajêging kareta, dhosadho bèndi sarta garobag kang kasewakake mau, konjuk ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, siji-sijining kareta utawa dhosadho sapanunggalane mau, kang rodha papat 10 rupiyah, kang rodha loro 6 rupiyah, garobag kang katarik ing jaran utawa katarik ing sapi padha 4 rupiyah, kabèh mau padha ing dalêm sataun-taune, dhuwit pajêg mau kaladèkna marang kantor kapatihan, sarta sabên angladèkake pajêg mawa anggawaa layang kalilane anyewakake kareta sapanunggalane mau.

Bab 2

Lumadining pajêg mau ing sabên nêm sasi sapisan, ana ing bakda garêbêg Pasa lan bakda garêbêg Mulud, sumurup pajêge sajroning nêm sasi kang wus kalakon, upama pajêg kang lumadi ing bakda garêbêg Mulud taun Je 1822, iku sumurup pajêg saantaraning bakda garêbêg Pasa taun Jimawal 1821, lan ing bakda garêbêg Mulud taun Je 1822 mau, dene lumadine manawa pasokan ing bakda garêbêg Pasa katamtokake [ka...]

--- 2 : 47 ---

[...tamtokake] ana tanggal kaping limalas sasi Sawal, ing bakda garêbêg Mulud ana tanggal kaping têlung puluh sami Mulud.

Manawa gone olèh lilah anyewakake kareta sapanunggalane kaya bab sapisan mau ana sasi Jumadilawal utawa sawise Jumadilawal, apadene ing sasi Dulkangidah utawa sawuse Dulkangidah sapanunggalane, kang ora gênêp nêm sasi, iku tutuging pasokan padha kaetung sasèn.

Bab 3

Manawa ana undhake utawa sudane kareta sapanunggalane, pangetunge pajêg uga kaya bab kaping 2 mau.

Mungguh suda wuwuhe kèhing kareta sapanunggalane mau ing sajroning wolung dina katamtokake lapur marang bupati pulisi kang ambawahake.

Bab 4

Manawa pajêg mau ora lumadi ing măngsa kang wus katamtokake kaya bab kaping 2 mau, kang kabênêr angladèkake pajêg kapatrapan dhêndha ing dalêm satus rupiyah dhêndhane sapuluh rupiyah, pajêg dalah dhêndhane mau katamtokake lumadi sajroning [sa...]

--- 2 : 48 ---

[...jroning] wolung dina saka mangsane lumadi kang wus katamtokake mau, manawa ora bisa kalakon, banjur kalelang barang darbèke kalêbu kareta sapanunggalane mau, pêpayone kanggo anyampêti pajêg dalah dhêndhane mau sacukupe, kajaba iku kasuwak gone anyewakake kareta sapanunggalane mau.

Manawa ora anglapurake undhaking karetane sapanunggalane mau, kadhêndha tikêl têlu saka tapsiraning pajêge kareta sapanunggalane kang ora kalapurake mau, manawa sajroning wolung dina dhêndhan mau ora bisa lumadi, banjur kalelang barang darbèke sarta karetane padha lan manawa ora angladèkake pajêg dalah dhêndhane kaya ing dhuwur mau. Dene manawa ora anglapurake sudaning kareta sapanunggalane, iku parentah ora maèlu, nanging isih katêtêpake nyangga pajêge kareta sapanunggalane kang ora dilapurake sudane mau.

Tumapake layang pranatan iki besuk tanggal sapisan sasi Jumadilakir Jimawal iki, dene wiwit limadine pajêging kareta sapanunggalane mau, besuk tanggal kaping limalas, [limala...]

--- 2 : 49 ---

[...s,] sasi Sawal taun Jimawal 1821. Layang pranatan iki bakal katèmplèkake ing panggonan saparlune, supaya kang pada nyumurupi aja nganti ana kang mitambuhi ing unine.

Dhawuhing pranatan ing Surakarta kaping 8 sasi Jumadilawal, taun Jimawal, ăngka 1821. Utawa kaping 10 Dhesèmbêr 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 50 ---

Ăngka 48

Gezien De Resident van Soerakarta O. A. BURNABIJ LAUTIER

Undhang-undhang

Manira Kangjêng Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, têrang saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane ngabèi răngga dêmange putra santana dalêm, iku têtêpe kudu mawa idining nagara, manawa ora mawa idining nagara, ora kaanggêp utawa banjur kabatalake.

Awit saka iku manawa ana ngabèi răngga dêmange putra santana dalêm, kang wus kabanjur katêtêpake durung mawa idining nagara, sajrone sangang puluh dina saka titimasane undhang-undhang iki, manira tamtokake kasuwunake idining nagara, manawa wus tutug ing wêwangên mau, măngka durung disuwunake idining nagara, iku manira batalake.

Undhang-undhang iki kadhawuhake sarta katèmplèkake

--- 2 : 51 ---

ing panggonan kang katon ing akèh, supaya kasumurupan lan kaèstokake saprêlune.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 5 sasi Rêjêb taun Jimawal, ăngka 1821. Utawa kaping 4 Pèbruari 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 52 ---

Ăngka 49

Moefakat De Resident O. A. BURNABIJ LAUTIER.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjèng susuhunan, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Awit saka layang pranatan manira kang wus manira dhawuhake katitimasan kaping 1 Jumadilakir Alip, 1819. Utawa kaping 23 Januari 1890. Ora anglilani garobag kang kapasangan sapi utawa kêbo kalakokake ana ing lurung-lurung sajroning kutha wiwit tanggal kaping 24 Januari 1892, saiki kang padha andarbèni utawa anglakokake garobag mau manira paringi palimarma, sajrone sataun utawa rolas sasi wiwit saka titimasane layang pranatan iki, isih kêna anglakokake garobag kang kapasangan sapi ana ing lurung-lurung sajroning kutha karaton Surakarta, supaya bisaa sarèh gone

--- 2 : 53 ---

bakal ananjakake garobage utawa sapine, samono mau mung garobag kang wus dititi pariksa dening pulisi tatela isih santosa, sarta rodhane kukuh jêjêg adêge.

Manawa ana kang ora angèstokake dhawuh pranatan iki bakal kasêrêg prakara nêrak parentah, kapatrapan kaya kang wus katamtokake.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 23 sasi Rêjêb taun Jimawal, ăngka 1821. Utawa kaping 22 Pèbruari 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 54 ---

Ăngka 50

Panjênêngan ingsun Kangjêng Susuhunan, Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sanga, Komandhuring Ordhe Nèdêrlansên Leyo, sarta komandhur nganggo bintang Ordhe Pranês Yosêp ing Ostên Rèk, jendral mayoring wadyabalane kangjèng raja putri ing nagara Nèdêrlan, ingkang akadhaton ing nagara Surakarta Adiningrat.

Sawise anguningani unjuke pêpatih ingsun Adipati Sasradiningrat, sakancane bocah nayaka kang wis mupakat lan bapa Kangjèng Tuwan, Oskar, Arên, Burnabi Loce, residhèn ing Surakarta Adiningrat, sarta anupiksani lan anggalih unine layang dhawuh pranataningsun, kang amarêngi ing dina Sênèn tanggal kaping 9 sasi Pasa taun Je, angkaning warsa 1798 bab kaping 4 lan 5 apadene bab kaping 18 tumêkane bab kaping 31 ing mêngko ingsun kagungan karsa angowahi sarta anamtokake kaya ing ngisor

--- 2 : 55 ---

iki.

Bab 1

Kang muni bab kaping 4 ing layang pranataningsun mau ingsun owahi, bab panicile ingsun tamtokake mung sapratêloning pamêtune bumi desa gêgadhuhane lan sapratêloning balanjane patêdhaningsun.

Ing bab kaping 5 ingsun owahi, upama durung pundhat panicile kasusulan gugat manèh, iku panicile manawa wis pundhat panicile marang kang anggugat dhisik, kèhe uga sapratêloning pamêtune.

Bab 2

Bocah ingsun panèwu mantri sapêpadhane kang kagugat prakara utang sapêpadhane, gêgarane pratăndha ora mawa idine pêpatih ingsun utawa kang diwênangake angidini dening pêpatih ingsun, nanging kèhing dhuwit utawa pratăndha mau ora kaanggêp nêrak pêpacake pranatan ingsun, sarta kang kagugat kabênêr bayar panyaur utawa atêmpuh, iku panggêdhening pangadilan ingsun, angaturna marang pêpatih ingsun, yèn pêpatih ingsun wis amikir bênêr panimbanging pangadilan [pangadila...]

--- 2 : 56 ---

[...n] pêpatih ingsun kang ingsun wênangake andhawuhake pambayare kang kabênêr bayar, uga nicil sapratêloning pamêtune patêdhaningsun, kaya kang muni bab sapisan, dene manawa prajangjiane mawa idine pêpatih ingsun utawa kang diwênangake dening pêpatih ingsun, măngka kabênêr amasrahake utawa dilelang barang duwèke utawa omahe sapanunggalane kang ora kêna diusung, iku kang kêna dipasrahake utawa dilelang nêtêpi prajangjiane mau mung barang duwèke kang kêna diusung, dene omah sapanunggalane kang ora kêna diusung, ora kêna dipasrahake utawa dilelang, manawa êntèking barang kang kêna diusung durung anyukupi, banjur katindakna panicile sapratêloning pamêtune patêdhaningsun, kaya ing dhuwur mau.

Bab 3

Putra santana utawa bocah ingsun kang padha kabênêr bayar panyaur sarana nicil kaya kang muni bab 1 lan 2 ing dhuwur iki, kalakone kajibahna marang kang kabênêr bayar mau, sarta sabên ambayar kang anampani lan kang ambayar padha lapura sarta angladèkna layange pêthuk panampaning dhuwit, marang panggêdhening [panggê...]

--- 2 : 57 ---

[...dhening] pangadilan ingsun, bakal ditandhani sarta dipèngêti dening panggêdhening pangadilan ingsun, utawa kang anggarap prakarane. Upama ora anêtêpi măngka ora ana sababe kang parlu, mangkono uga manawa katăndha saka pamahane kang kabênêr ambayar, iku kêna kaanggêp ora ngestokake dhawuhing parentah utawa pangadilan ingsun, pêpatih ingsun banjur anindakna pangawasa anyuwak wawênange marang bumi gêgadhuhane lan balanjane kang kabênêr bayar cicilan, bumi desa lan balanjane putra santana utawa bocah ingsun mau kagantung ana nagara, kang sapratêlon kanggo nicil, kang rongpratêlon kaparingna bali marang kang duwe pamêtu, ananging yên papriksane wis dililakake marang liyan, ditêbas, digadhe, utawa kapancêkake, pamêtu kang rongpratêlon mau iya kaparingna marang kang têbas, gadhe, utawa kang diwènèhi pancên. Dene kang majibi gumantunge bumi lan anampani pamêtu sabanjure ananjakake, ingsun anglilani sapamatahe pêpatih ingsun.

Bab 4

Sarupane bocah ingsun lurah bêkêl sarta jajar sapêpadhane, [sapêpadha...]

--- 2 : 58 ---

[...ne,] kang kagugat prakara utang sapêpadhane, pangadilan ingsun kang kabênêr anggarap iya banjur anindakna sarta angrampungana pisan, sawise kadhawuhan karampungan, măngka sapundhate wêwangên ora bayar anêtêpi unining karampungan, kêna katindakake panglelange barang duwêke kang kabênêr bayar anêtêpi saunining karampungan, manawa êntèking barang durung anyukupi, pangadilan ingsun andhawuhna marang bocah ingsun kang kabênêr bayar mau, sapira kurange kacicila sapratêloning balanjane patêdhan ingsun, patrap panindake iya kaya kang muni bab kaping 2 lan 3 ing pranatan iki.

Bab 5

Unine pranatan ingsun bab kaping 20 tumêkane 23 sarta bab kaping 26, 27, 31: iku mung tumrap marang kawulaningsun wong cilik.

Bab 6

Sarupane kang anggugat prakara para padu, utang-piutang sapêpadhane mawa angladèkna uwang marang pangadilan ingsun, sumurup [su...]

--- 2 : 59 ---

[...murup] waragading prakara, kèhe kapirid saka dakwane, ing dalêm uwang pangaji 100 rupiyah, waragade 10 rupiyah, nanging dhuwit waragad mau ora kêna luwih saka 100 rupiyah, sawise katindakake, yên gugate mau kabênêr olèh, waragad mau bakal anampani baline saka kang kalah, dene yên gugate ora olèh, waragad mau ora kêna diudi baline.

Bab 7

Sarupane kang motangake dhuwit mawa anakan, iku ora ingsun lilani luwih saka siji satêngah rupiyah ing dalêm satuse, utawa 18 rupiyah, ing dalêm sataune, apadene undhakan kang pêpiridane luwih saka petung samono mau.

Bab 8

Sarupane gugat prakara padu utang-piutang sapêpadhane mawa anakan utawa undhakan saka uwit utawa babone kang prajangjine ora nêrak pêpacake dhawuh pranatan ingsun:bab kaping: 18 manawa prajangjine ora mawa idine pêpatih ingsun, utawa kang diwênangake angidini dening [de...]

--- 2 : 60 ---

[...ning] pêpatih ingsun, măngka gugat mau kabênêr olèh, iku pangadilan ingsun pangetunge undhakan, anêtêpana ing dalêm uwang utawa pangaji 50 rupiyah, anakan utawa undhakane sangang uwang sêsasine, utawa 9 rupiyah sataun, samono iku yên uwang uwite dalah undhakane gunggunge durung ana satus rupiyah. Manawa jangjine anakan utawa undhakane kurang saka samono, iku mung katêtêpna sajangjine, dene wêwatoning pangetunge anakan utawa undhakan mau ing wiwit saka sêsanggêman kang kamot ing jangjine, tutug ing wêktu gugate lumadi marang pangadilan.

Bab 9

Manawa angetung kèhing dhuwit potang, iku mung kèhing dhuwit uwit utawa babon, lan kèhing dhuwit anakan utawa undhakan, ing sabên sêsasine ora luwih saka siji satêngah rupiyah ing dalêm satuse, sejene iku ora kêna kaetung. Dene manawa uwit utawa babon, anakan utawa undhakan mau wis dicicil, sapira kêhing cicilane mau uga kalêbokna ing petung.

--- 2 : 61 ---

Bab 10

Sarupane prajangjian sarta pêpacak kamot ing layang pratăndha kang mawa sêsanggêman dhêndhan sapêpadhane, kang agawe karusakane kang utang, iku kabèh ora kaanggêp dadi.

Bab 11

Sarupane prajangjian, kang mawa idine pêpatih ingsun, utawa kang diwênangake dening pêpatih ingsun, nganggo têtanggungan utawa andhadhapake barang duwèke kaya kang muni bab kaping 9 tumêka bab kaping 17 ing layang pranatan ingsun, iku tumrape kawulaningsun wong cilik kêna katêtêpake sajangjine, dene tumrape putra santana utawa bocah ingsun kabêh, tumindake anêtêpana bab sapisan tutug bab kaping 4 ing pranataningsun iki.

Bab 12

Unine pranataningsun bab kaping:18: ingsun wuwuhi, sarupane bocah ingsun, kang utang mawa layang prajangji utawa ora, nganti dadi prakara katur pangadilan ingsun, măngka pangadilan ingsun anganggêp yèn gone utang utawa unine layang prajangjine anêrak pêpacake dhawuh pranatan ingsun,

--- 2 : 62 ---

gugate kang potang ditulak, iku kang utang utawa anyêkêli layang prajangji mau ingsun gantungi paukuman, utawa kaundur saka kalungguhane, nganggo katimbang karo kaluputane, dene yèn kang nêrak pêpacak mau kawulaningsun kang ora lumaku ing gawe, kapatrapana dhêndha kèhe 16 rupiyah, tutug 600 rupiyah, utawa kapatrapan paukuman nyambutgawe paksan lawase nêm dina tutug têlung sasi, manawa kang nêrak pêpacak mau putra santananingsun, ingsun kang bakal andhawuhake patrapane.

Bab 13

Sarupane kawulaningsun kang kasuwun dikunjara amarga ora bisa bayar panyaur utange utawa tatêmpuh sapêpadhane, măngka wong mau anandhang lara edan, jompo jalaran wis tuwa, utawa laranên, iku ora kêna kapatrapake pangunjarane, mungguh absahe panimbange, ingsun pitayakake marang panggêdhene pangandilan ingsun, kang anggarap prakarane.

Bab 14

Sarupane gugat prakara padu utang-piutang sapêpadhane [sapêpadha...]

--- 2 : 63 ---

[...ne] kang wis limang taun utawa sawidak sasi, saka ing wêktu kênane kagugatake, iku pangadilan ingsun anulaka.

Bab 15

Dhawuh pranataningsun iki tumrap marang sarupane pangadilan ingsun prakara para padu utawa kang magêpokan prakara para padu sapêpadhane.

Bab 16

Sakèhe prakara para padu sapêpadhane kang wis gumantung lagi katindakake utawa kang wis karampungan, ananging duru[15] sah pambayare kang kabênêr bayar, iku iya katindakna kaya kang muni ing layang dhawuh pranataningsun iki.

Dhawuhing pangandika dalêm, ing dintên Salasa tanggal kaping 15 wulan Ruwah, ing taun Jimawal, angkaning warsa 1821.

Pranatan dalêm ing dhuwur iki banjur kawaratakake dening pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kangjêng Radên Adipati Sasradiningrat.

Ingkang kasêbut ing bab 6, 9 sarta bab 16; ing pranatan dalêm punika katêrangakên utawi kaewahan tumrap ing pranatan ăngka 61, 62, sarta undhang-undhang ăngka 96.

--- 2 : 64 ---

Ăngka 51

Moefakat De Resident O. A. BURNABIJ LAUTIER.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn, sarta têrang kauningan ing saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Wus anitèni panduking pulisi yên ngupaya titik prakara kadurjanan, lan wus anguningani sakèhing nalar prakara kadurjanan kang kaunggahake marang pangadilan dalêm pradata gêdhe, lan pradata kabupatên, akêh kang katăndha ananing lêlakon andadèkake pakewuh utawa kasamaraning pulisi, barang kang parlu utawa pancèn dadi cihna wus uwal saka pasimpênan utawa badane wong kang kêna dakwa, apadene wus anggalih kapitunane wong kang padha anggadhèkake barang amarga saka kakèhên gone nyăngga anakan utawa saka sabab liyane, kang mung wiwinih saka karêpe kang anggadhe, măngka wong Jawa abdi dalêm, durung kapranata wawênang lan wajibe kang padha anggaota amotangake dhuwit [dhuwi...]

--- 2 : 65 ---

[...t] sarana cêkêlan barang diarani gadhên, marmane ing mêngko kagungan karsa anamtokake kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Wawênange anyêkêl omah pagadhèn, ana sawiji-wijining panggonan kang wus kaparingan lilah dening bupati pulisi kang ngêrèhake, têrang ing pêpatih dalêm, iya mung iku dhewe kang wênang amotangake dhuwit ora luwih saka satus rupiyah nganggo tămpa gadhèn arupa barang.

Bab 2

Panggonan utawa kampung mau bakal kapacak ing layang pratelan kang katandhan dening pêpatih dalêm, layang pratelan mau kaampilake ana omahing pulisi kang amêngkoni gagêlêngan, supaya kêna diwêruhi dening wong kang sumêdya anyuwun lilah nyêkêl omah pagadhèn, sapa-sapa kang sumêdya nyuwun lilah anyêkêl omah pagadhèn, wajib duwe atur ing nagara mêtu pulisi kang angêrèh gagêlêngan, pulisi mau angaturake marang bupati utawa panggêdhene, sabanjure katur nagara nganggo panimbang sarta sasanggêmane kang anyuwun lilah, kaduga nyăngga pajêg pira ing dalêm sasasi, nagara [naga...]

--- 2 : 66 ---

[...ra] bakal anamtokake wêwangên kalilane anyêkêl omah pagadhèn.

Bab 3

Sajêroning wêwangên pamajêge, cacahe lan dumununge omah pagadhèn ora kêna kaowahan, kajaba yèn ana panyuwune kang majêgi wawênange anyêkêl omah pagadhèn, sarta yèn ginalih parlu amakolèhi marang wong cilik, dene kang wênang angowahi cacah lan dununge omah pagadhèn, iku pêpatih dalêm.

Ora sabên omah kêna kaanggo pagadhèn, yèn durung kaparêngake dening pêpatih dalêm, dene papatih dalêm, bakal ora amarêngake omah kaanggo pagadhèn, manawa omah mau dumunung sacêdhake padolan apyun, utawa padolan inuman, apadene sacêdhaking panggonan ngabotohan kang kêna diparani sok wonga, kang wus padha kalilan ing parentah, anjaba manawa ana parlune.

Kang majêgi pagadhèn utawa pitayane yèn anêrak pêpacake bab iki kapatrapan dhêndha ora luwih saka

--- 2 : 67 ---

500 rupiyah, sarta ora kêna nindakake pagadhène.

Aliya saka iku omahe pagadhèn bakal ditutup sarta dikancing dening pulisi.

Bab 4

Anjaba saka palilahing parentah kênane mênga sarupaning omah pagadhèn iku mung wiwit jam nêm esuk tumêkane jam pitu sore, panêrake pêpacak iki sapisan-sapisane kapatrapan dhêndha ora luwih saka 100 rupiyah.

Bab 5

Sarupaning omah pagadhèn siji-sijining gagêlêngan bakal kadokokan ăngka urut dening pêpatih dalêm.

Kang majêgi pagadhèn, wajib amiranti blabag kapasang sangarêpe omah pagadhèn, kaprênahna ing papan kang gampang katone, blabag iku katulis ăngka urut-urutane omah pagadhèn, sangisoring ăngka muni pagadhèn, katulis sastra Jawa kang cêtha, kagawe sawatara gêdhe.

Layang pratelaning jangji-jangjine anggadhe kaya kang kasêbut ing bab kaping 7 sarta sawuse nganggo katandhan dening bupati pulisi kang angêrèhake gagêlêngan kang diadêgi omah pagadhèn, [pa...]

--- 2 : 68 ---

[...gadhèn,] tulisan mau sastra Jawa, katèmplèkna ing blabag banjur kagantung ana sacêdhake lawange omah pagadhèn, supaya gampang kawaca sadhengah wong.

Kang majêgi pagadhèn yèn angèthèrake salah sawijine pêpacak kang kasêbut ing dhuwur iki kadhêndha 25 rupiyah.

Bab 6

Kang majêgi pagadhèn ora kêna anggadhe barang saka wong mêndêm, utawa saka bocah kang durung umur nêmbêlas taun, yèn nganti nêrak larangan iki dhuwit kang diutangake bakal kagawe ilang, kang anggadhe wajib ambalèkake barang kang digadhe, lan ingatase siji-sijining panêrak, kadhêndha ora luwih saka 50 rupiyah.

Bab 7

Kang majêgi pagadhèn ora kêna ngetung anakan luwih saka têlung rupiyah ing sabên sasine ing dalêm dhuwit satus rupiyah, dene wêwangên panêbuse barang kang gumadhe, manawa băngsa suwèk sapêpadhane utawa barang liyane kang kalêbu sathithik ajine, iku nêm sasi, barang mas, suwasa, salaka, intên, sapêpadhane rolas sasi.

--- 2 : 69 ---

Bab 8

Samasane kang anggadhèkake barang anjaluk baline barange kang gumadhe nganggo ambayar dhuwit panêbuse, kang gadhe wajib tumuli angulungake barange, ora kêna nganggo sadhengah asêngadi mopo angulungake tumuli barang mau, utawa anyamênèkake tuwin amakewuh panêbuse.

Mungguh pangitunge anakan iya salawase gumadhene.

Ingatase barang kang gumadhene kurang saka sapuluh dina lawase, kang anggadhe kêna angitungake anakane sapuluh dina.

Mungguh dina nalikane barange kagadhèkake sarta dina nalikane katêbus, iku wus padha kalêbu petung nyadina.

Sadhengaha nalare, anakane ora kêna kaetung ingatase wêwangên kang lawase luwih saka kang katamtokake wêwaton unèn-unène pungkasan bab kaping 7.

Bab 9

Yèn anjaluki anakan luwih saka watêsan kang wus katamtokake utawa anjaluki dhuwit liyane kang diutangake saanakane, apa manèh yèn anêrak salah sijining pêpacake [pê...]

--- 2 : 70 ---

[...pacake] bab kaping 8 ing dhuwur iki, sapisan-sapisane kang amajêgi pagadhèn kapatrapan dhêndha ora luwih saka 500 rupiyah.

Anjaba iku dhuwit kang dijaluk luwih saka kang pancèn dadi wajibe kudu dibalèkake.

Bab 10

Sawiji -wijining omah pagadhèn kudu ana buke dhewe-dhewe, ginawea manut pola katêngêran aksara, A-, kang kakanthèkake layang pranatan iki, buk mau kudu diisèni sabên dina, tulisane sastra Jawa.

Buk iku sadurunge kanggo, sawiji-wijine raining kêbetan kudu kaangkanan, sarta katandhanan dening bupati pulisi kang ngêrèhake dununge omah pagadhèn.

Samasa-masane kapundhut dening bupati pulisi utawa prayayi pamatahe, buk mau tumuli kudu lumadi.

Manawa buk mau ora diisèni pisan utawa ora diisèni ing sabênêre, tuwin ora diisèni sabên dina, manawa raining kêbetane buk mau ana kang dithèthèl, manawa buke maha dicacad, dirusak tulisane nganti ora

--- 2 : 71 ---

muni, utawa diowahi tulisane nganti surasane ora yêkti apadene manawa buke ora lumadi tumuli sanalikane kapundhut dening bupati pulisi kang ngêrèhake dununge omah pagadhèn utawa prayayi pamatahe, iku kang amajêgi pagadhèn kapatrapan dhêndha 100 tumêka 500 rupiyah.

Bab 11

Kang majêgi pagadhèn utawa pitayane, sabên-sabêne tămpa barang pagadhèn, kudu anyêkêli layang pratăndha nganggo tăndha tangane marang kang anggadhèkake, pratăndha iku ginawea manut pola katêngêran aksara B. kang kakanthèkake layang pranatan iki, katulis sastra Jawa.

Yèn barang kang gumadhe atêbus, layang pratăndha iku kudu kabalèkake marang kang majêgi pagadhèn, utawa pitayane, dene yèn kang anggadhèkake ora dicêkêli layang pratăndha mau, kang majêgi pagadhèn sapisan-sapisanane anêrak pêpacak iku mau kapatrapan dhêndha ora luwih saka 25 rupiyah.

--- 2 : 72 ---

Saupama kang barang nalikane anggadhèkake barange utawa nalikane anêbus barange gadhèn, arêp anganthi saksi, saksi iku wênang anyumurupi, dene yèn kang majêgi pagadhèn anulak marang saksi mau sapisan-sapisane panulak, kapatrapan dhêndha 10 rupiyah tumêkane 25 rupiyah.

Bab 12

Kang duwe wajib marang barang kang gumadhe, sanajana ora bisa ambalèkake layang pratăndha kang kasêbut ing bab kaping 11 dhuwur iki, iya isih wênang nêbus barange anggêre ambayar dhuwit panggadhene saanakane sarta bisa anggêlarake nalar kang andadèkake panarimane kang amajêgi pagadhèn, yèn pancèn wênang nêbus barang mau, dene yèn kang amajêgi pagadhèn mêksa ora anglilani panêbuse, anggêre kang duwe wajib marang barang mau bisa anggêlarake nalar kang andadèkake kaparênge bupati pulisi kang ngêrèhake dununge omah pagadhèn, yèn pancèn wênang anêbus barang mau, panêbuse iya bakal katindakake.

--- 2 : 73 ---

Bab 13

Barang gadhèn kang ora katêbus sajrone wêwangên panggadhene kasêbut ing bab kaping 7 bakal kalelang nganggo katon ing akèh, ana ing panggonan dununge omah pagadhèn, sajroning wêwangên kang bakal kapêsthi dening pêpatih dalêm, panglelange bakal kaundhangake dhisik sarta bakal kaadêgan dening komisi pamatahe bupati pulisi kang ngêrèhake dununging omah pagadhèn, sadurunge kalelang, komisi mau bakal anocogake wujuding barang gadhèn karo buke omah gadhèn, dene salawase durung kalakon kalelang barange gadhèn isih kêna katêbus, anggêre kang nêbus anomboki anakan kang awit saka unine bab kaping 8 pancèn kabênêr dibayarake marang kang majêgi pagadhèn.

Sadurunge kalakon panglelange, kang anggadhèkake barang kêna anyidikake barange kang gumadhe apa isih ana wujude lan rupane apa isih padha karo nalikane digadhèkake, dene yèn nganti dipakewuh marang kang anggadhe utawa bêbaune kang anggadhe mau sapisan-sapisane [sapi...]

--- 2 : 74 ---

[...san-sapisane] kadhêndha 25 rupiyah.

Yèn pêpayone barang gadhèn kang dilelang luwih saka dhuwit panggadhene saanakane lan wragading panglelange, sajroning wêwangên kang bakal kapêsthi dening pêpatih dalêm, kang majêgi pagadhèn kudu angaturake marang bupati pulisi kang ngêrèhake, layang pratelan princine barang mau sapêpayone, kèhing dhuwit panggadhene saanakane lan wragading panglelange, dene turunane layang pratelan mau katèmplèkna ana ing panggonan kang katamtokake dening bupati pulisi kang ngêrèhake, nganggo anêtêpana pamrayogane, dene yèn ora angèstokake pêpacak iki sapisan-sapisane kang amajêgi pagadhèn kadhêndha 25 rupiyah.

Mungguh turahane pêpayone barang mau kudu katampakake marang kang anggadhèkake utawa kang kadunungan wêwênange, ewadene manawa wus sataun saka nalika panglelange kang duwe wajib marang barang mau ora marani turahan pêpayone barange, dhuwit kang ora diparani mau bakal dadi duwèke kang majêgi pagadhèn.

--- 2 : 75 ---

Barang gadhèn kang ditimbang dening bupati pulisi kang ngêrèhake dununge omah pagadhèn, ana parlune minăngka cihnaning prakara kadurjanan, iku kang majêgi pagadhèn ora wênang anglelangake.

Saupama ana pakewuhe kang parlu anglelangake gadhèn mau ana ing panggonan dunung omah pagadhèn utawa yèn ana ing parlune amurih bisane payu luwih akèh, pêpatih dalêm kêna anamtokake panggonan liyane, ananging samono mau barang kang bakal padha kaêdol, iku ora kêna kausung marang ing panggonan panglelange sadurunge pangusunge katamtokake dening pêpatih dalêm, manawa nêrak pêpacak iki kang majêgi pagadhèn kadhêndha 10 rupiyah tumêkane 100 rupiyah.

Mungguh ênggone nyuwun dina panglelange anamtokake gêdhong panggonane lelang, amiranti lan amranata laku-lakune panglelange, iku kabèh kudu miturut parentahe bupati pulisi kang ngêrèhake dununge omah pagadhèn, yèn ora ngèstokake pêpacat[16] iki kang majêgi pagadhèn kadhêndha 10 rupiyah, tumêkane

--- 2 : 76 ---

100 rupiyah, dene bupati pulisi mau yèn andhawuhake parentah kudu ngaraha bisane amakolèhi panglelange.

Bab 14

Yèn ana ilange utawa rusake barang gadhèn, sadhengaha nalare, pituna kang duwe bakarang têmpuh-ake[17] marang kang majêgi pagadhèn.

Dene yèn ana sulayane bab kèhing dhuwit tatêmpuh, kèhing dhuwit tatêmpuh mau balak[18] kapêsthi dening bupati pulisi kang ngêrèhake dununge omah pagadhèn.

Bab 15

Saupama barang kang digadhèkake utawa wonge kang anggadhèkake dikira samar, kang amajêgi pagadhèn ora kêna anggadhe, ananging kuwajiban banjur lapur marang pulisi.

Bab 16

Kang majêgi pagadhèn kudu arumêksa ing sajroning omahe pagadhèn aja nganti ana wong nyêrèt, utawa wong ngombe kang ngêndêmi, sadhengaha arane utawa sadhengaha pawadane, apa manèh aja amawong ngabotohan, [ngabotoha...]

--- 2 : 77 ---

[...n,] dene panêrake pêpacak iki kapatrapan dhêndha sapisan-sapisane 25 rupiyah.

Bab 17

Kang majêgi pagadhèn kudu anganakake dhuwit sacukuping kanggone anggadhe barang ana ing omah pagadhèn, yèn nganti katowongan bakal kadhêndha 50 rupiyah, tumêkane 500 rupiyah.

Bab 18

Bupati pulisi kang ngêrèhake wênang anindakake papriksan utawa anglakokake kongkonan anindakake papriksan sajrone omah pagadhèn, angyêktèkake wujuding buk, lan angyêktèkake pêpacake layang pranatan iki apa ditêtêpi ing sabênêre, sarta barang gadhèn kang kasêbut ing buk mau apa ana wujude.

Kang amajêgi pagadhèn utawa bêbaune manawa makewuh papriksan mau kadhêndha 50 rupiyah tumêkane 500 rupiyah, dene dhêndha mau kawêtokake saka kang amajêgi pagadhèn.

--- 2 : 78 ---

Bab 19

Panggadhene barang kang anyulayani unine bab kaping 1 ing layang pranatan iki, kang anggadhe kadhêndha 100 rupiyah tumêkane 500 rupiyah.

Bab 20

Apêse lêt rong dina karo pundhate wêwangêne pamajêge, kang mari amajêgi pagadhèn kudu angaturake marang bupati pulisi kang ngêrèhake dununge omah gadhèn, layang pratelan kang satiti lan nganggo tăndha tangane, bab sakèhing barang gadhèn kang padha durung katêbus lan durung kaêdol, bab kèhing dhuwit kang tumănja marang gadhèn mau, lan kèhing anakan kang awit saka unine bab kaping 7 kabênêr ditampani ingatase sabarang gadhèn mau tutug dinane wêkasan taun kang kapungkur, dene yèn ora ngaturake layang pratelan mau, kadhêndha ora luwih saka 100 rupiyah.

Layang pratelan iku bakal kacocogake karo buk cacêkêlane kang majêgi pagadhèn, sarta yèn wus kaparêngake dening pêpatih dalêm, banjur kasurupake marang kang majêgi pagadhèn anyar.

--- 2 : 79 ---

Kang majêgi pagadhèn anyar wênang angliyêr barang gadhèn mau nganggo ambayar dhuwit kang kasêbut ana ing layang pratelan iku, dene yèn ora kaduga angliyêr, pêpatih dalêm bakal anamtokake panggonane barang mau karumatan lan kêna katêbus, dene yèn ora katêbus ing samangsane, unine bab kaping 13 ing layang pranatan iki, bakal katindakake ingatase barang mau.

Bab 21

Kang bakal kalilan angadêgake omah pagadhèn amung abdi dalêm lurah bêkêl jajar sarta pangindhung, sarupane putra santana dalêm utawa abdi dalêm panèwu mantri sapêpadhane, padha ora kalilan angadêgake omah pagadhèn, kang anêrak pêpacake bab iki sapisan-sapisane kapatrapan dhênda ora kurang saka 100 rupiyah, tumêkane 500 rupiyah.

Bab 22.

Tumindake layang pranatan iki besu[19] tanggal kaping 8 April 1893 utawa kaping 21 Pasa, Je 1822.

Layang pranatan iki kalumrahake sarta katèmplèkake [katèmplèka...]

--- 2 : 80 ---

[...ke] ana panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup ing unine.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 9 sasi Pasa taun Jimawal, ăngka 1821 utawa kaping 7 April, 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

Bab 13 sarta bab 17, ing pranatan gadhe punika, sami kasuwak, kawrat ing undhang-undhang ăngka 69.

--- 2 : 0 ---

Pola aksara, A

Paresidhènan ing Surakarta,

Gêlêngan,

Dhistrik,

Buk pagadhene omah pagadhèn

Ing (... 1 ...)[20] kanggo sajrone taun(... 2 ...)[21] kaisenan manut unine bab ping 10 ing layang pranatan pamajêging pagadhèn, katitimasan kaping 9 sasi Pasa taun Jimawal 1821 ăngka 51.

--- 2 : 0 ---

[Grafik]

Samasa wêwangên kang kasêbut ing bab ping 7, wis pundhat, sarta barange gadhèn durung katêbus, kalowongan ăngka 10, kudu kaisenan.

Mungguh sakèhing ăngka kang padha kaisenan ana ing kalowongan, ăngka 4, 5, 9, lan 10, iku sabên sakaca kudu kadokokan gunggungan dhewe-dhewe, sarta sawalike kudu katulis tumrap ing garis wiwitan jupuk gungungan sawalik ngarêp mau, dene ăngka-angkane kalowongap[22] ăngka 9 lan 10, kênane kagunggungake, yèn ingatase sakèhing barang gadhèn kang kasêbut ana ing sakaca, kèhing dhuwit kang kabayar utawa kang pancèn marang kang majêgi pagadhèn, wis padha kaisenan kabèh.

--- 2 : 0 ---

Pola aksara B.

Sêrat Gadhe

1.Tiyang nama ... griya ing kampung ... pangupajiwanipun ...

2. Nalika dintên ... tanggal kaping ... wulan ... taun ... ăngka ...

3.Anggadhèkakên barang awarni ... cacah ... iji, kadamêl saking ... kamurwat rêgi ...

4. Kagadhe, f ... (... rupiyah)

5. Barang punika kêdah katêbus sadèrèngipun tanggal kaping: ... wulan ... taun ... ăngka ...

6. Sêrat punika kawêdalakên saking ing griya pagadhèn ing ... tanggal kaping ... wulan ... taun ... ăngka ...

Katandhan dening ingkang majêgi pagadhèn: ...

Utawi dening pitayanipun ingkang majêgi pagadhèn ...

--- 2 : 81 ---

Ăngka 52

Têrang Kangjêng Tuwan Residhèn ing Surakarta

Undhang-undhang

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, aparing wêruh marang sarupaning wong, yèn ing mêngko akèh dhuwit tambaga dhuwitan kang palsu, gaweane wong kang sumêja culika, amarga saka kurang sêsurupan utawa kurang nastitine sadhengah wong kaduga nganggêp padha karo dhuwitan kang ora palsu, andadèkake pitunane kang kanggonan. Yèn panuju kabênêr ambayar dhuwit marang kantore kangjêng guprêmèn amasthi katampik, amarga liyane dhuwit tambaga sèn, kangjêng guprêmèn ora karsa nampani. Marmane sadhengah wong padha ngati-atia aja nganti nampani utawa nganggêp payuning dhuwit tambaga kang palsu mau, dene tandhane kang têmên nganggo ciri aksara, Phe, O, Se: OVC: kang palsu kabalik panggawene aksarane: Phe, Se, O:CVO: anjaba aksara iku ana uga titikane saka suda gêdhene utawa bobote [bo...]

--- 2 : 82 ---

[...bote] apadene rupa anyar, sabên-sabên anampani dhuwit tambaga padha nastitia pandêlênge supaya ora diapusi dening wong culika mau.

Layang undhang-undhang iki kaparingake para panggêdhe sarta pulisi supaya kalumrahake ana ing pasar-pasar sarana diunèni bêndhe lan katèmplèkake ing panggonan saparlune, supaya andadèkna mangêrtine sadhengah wong bisa anitèni wujuding dhuwit tambaga palsu.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 13 sasi Dulkangidah taun Jimawal 1821 utawa tanggal kaping 9 sasi Juni taun 1892.

--- 2 : 83 ---

Ăngka 52

Moefakat De Resident O.A. BURNABIJ LAUTIER

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake pranatan laku-lakune amaringake patêdhan dalêm dhuwit salawat, marang sarupane kaji sapêpadhane kang padha seba manjurung dikir Maulud ana ing kagungan dalêm surambi masjid gêdhe ing sabên malêm garêbêg Mulud, kaya ing ngisor iki.

Sarupane kaji sapêpadhane kang sumêdya manjurung dikir Maulud ana ing kagungan dalêm surambi masjid gêdhe, manawa kaji sapêpadhane mau wong ing bawah dalêm Surakarta kudu nyuwun layang saka panggêdhening pulisi kang angêrèhake, panggêdhene pulisi kang disuwuni mau amatitisna, manawa wus anganggêp yèn kang duwe panyuwun mau têmên kaji, utawa wong Arab, Encik, Koja, lan wong Banjar, wong Bawean kang wus kaji, banjur

--- 2 : 84 ---

kaparingana layang mawa dicapi, pratelakna jênênge lan omahe, manawa wong sabrang mawa kapratelakna bangsane, layang mau kaladèkna marang bupati pulisi nagara kagawaa dhewe dening kang sumêdya manjurung dikir Maulud mau, bupati pulisi nagara amatitisna, manawa layang mau têmên saka panggêdhening pulisi kang wênang amaringi mau sarta tètès lan wonge kang angladèkake, banjur kacirènana bênêr, mawaa titi masa, sarta kaêcapana, utawa tandha jênênge, banjur kaparingna bali marang kang angladèkake, lan banjur kapasrahna marang radèn pangulu tapsir anom, manawa pamikire bupati pulisi nagara layang mau tiron, dudu saka panggêdhening pulisi kang wênang anglilani, banjur katindakna apa bênêre wong gawe layang tiron, manawa pamikire bupati pulisi nagara layang mau gèsèh lan wonge kang angladèkake, kaya ta: ing layang mau muni wong băngsa Arab, măngka wujude kang angladèkake wong Bawean utawa liyane, apadene muni kaji, măngka wujude wong Jawa, nanging layange ora tiron, iku banjur kakirimna bali marang kang anguwèhi layang mau, sauwonge kang anggawa

--- 1 : 85 ---

layang, saupama tanpa layange panggadhène pulisi kang angêrèhake, bupati pulisi nagara anulaka, dene radèn pangulu tapsir anom, sawise anampani pasrahan saka bupati pulisi nagara, banjur amatitisna, manawa layang mau têmên wus dicirèni bênêr lan dicapi utawa ditandhani dening bupati pulisi nagara, sarta tètès lan wonge kang angladèkake, banjur kaparingana karcis paringan saka nagara, karcis mau mawa kaêcapana dening radèn pangulu tapsir anom, mratelakna jênênge lan omahe, manawa băngsa sabrang kapratelakna bangsane, lan mawaa ăngka urut, sarupane kang wus padha diparingi karcis mau kadhawuhana, besuk tanggal kaping 11 Mulud wiwit wayah jam 8 esuk, tutug jam 10 esuk, manawa sumêdya anampani patêdhan dalêm dhuwit salawat, sebaa ing palatarane kagungan dalêm masjid gêdhe, sarta angladèkna balining karcis cacêkêlane marang abdi dalêm kang dipatah amaringake dhuwit salawat mau, manawa pamikire radèn pangulu tapsir anom ana kang kakira samar wujude, kaya ta: manawa layang mau tiron, dudu saka panggêdhening pulisi kang wênang anglilani, [angli...]

--- 2 : 86 ---

[...lani,] utawa manawa layang mau gèsèh lan wonge kang angladèkake, sapiturute kaya kang wajib ditètèsake dening bupati pulisi nagara mau, iku radèn pangulu tapsir anom banjur kongkonana balèkake layang mau marang bupati pulisi nagara, wonge kang angladèkake uga kakirimna marang bupati pulisi nagara, bupati pulisi nagara banjur nindakna saprêlune, dene manawa kang sumêdya dikir Maulud mau dudu wong bawah dalêm Surakarta anjujuga bupati pulisi nagara, mawa nguningakna layang pase saka panggêdhene nagarane, bupati pulisi nagara amatitisna pase, bêbanjurane patrap-patrap iya kaya ing dhuwur mau, manawa pamikire bupati pulisi nagara layang mau gèsèh lan wonge kang angladèkake, kaya ta: ing layang muni wong băngsa Arab, măngka wujude kang angladèkake wong Bawean, apadene muni kaji măngka wujude wong Jawa, iku banjur kaladèkna marang tuwan asistèn residhèn, yèn kaji sapêpadhane mau ora anggawa layang pas, bupati pulisi nagara anulaka.

Mungguh kang padha angladèkake layang pase marang bupati pulisi [pu...]

--- 2 : 87 ---

[...lisi] nagara lan radèn pangulu tapsir anom mau, wiwit tanggal sapisan tutug tanggal kaping sapuluh padha sasi Mulud mau, manawa gone angladèkake luwih tanggal kaping sapuluh ing sasi Mulud, iku bakal katulak.

Radèn pangulu tapsir anom, sarampunge pamaringe karcis mau, sorene tanggal kaping sapuluh Mulud, angirimna cathêtan raringkêsan cacahing kaji sapêpadhane kang wus kaparingan karcis mau marang bupati gêdhong.

Tanggal kaping 11 Mulud, wiwit wayah jam 8 esuk, bupati pulisi nagara sakarerehane sebaa ana ing surambi uta[23] palataran masjid gêdhe, rumêksa tata têntrêm, bupati kaliwon gêdhong sakarerehane sarta lurah niti sakancane, sebaa ana ing kagungan dalêm surambi masjid gêdhe, anggawa patêdhan dalêm dhuwit salawat.

Dene laku-lakune gone maringake patêdhan dalêm dhuwit salawat mau kaya ing ngisor iki.

Wiwit wayah jam 8 mau nganti tutug wayah jam 10 sarupane kaji sapêpadhane kang sumêdya nyuwun patêdhan dalêm dhuwit salawat, padha lumêbuwa marang palatarane kagungan dalêm [dalê...]

--- 2 : 88 ---

[...m] masjid gêdhe.

Bupati gêdhong lan bupati pulisi nagara sawuse miranti banjur amarentahna para kaji sapêpadhane mau padha wiwita lumêbu marang kagungan dalêm surambi, mêtu ing lawang têngah kèhe utawa barêngane kang lumêbu ora kêna sakarêpe, nanging kudu miturut sapamrayogane bupati gêdhong lan bupati pulisi nagara, samono mau iya ora kêna barêng, satêkane ngarêpe abdi dalêm kang maringake patêdhan dalêm dhuwit salawat, banjur angladèkna karcis kang saka radèn pangulu tapsir anom, sarta banjur kaparingan liru dhuwit, nanging ora kêna wong siji angladèkake karcis luwih saka siji, êndi kang wus angladèkake karcis sarta wus anampani dhuwit banjur mêtuwa lawang surambi kang lor, sawuse rampung kang lumêbu dhisik mau kang buri ora kêna banjur lumêbu, nanging kudu ngêntèni parentahe kang maringake mangkono sabanjure.

Manawa kaji sapêpadhane mau ora angladèkake karcis, bakal ora kaparingan patêdhan dalêm dhuwit salawat.

Manawa ana kaji sapêpadhane kang wus kasèp lêbune, kadhawuhana bali sarta kasurupna seje dina kalilan nyadhong marang kantor [ka...]

--- 2 : 89 ---

[...ntor] kapatihan, panyadhonge mau sajrone sapuluh dina saka garêbêg, manawa nganti kaliwat saka sapuluh dina mau bakal ora kaparingan, dene manawa ing wêktu maringake dhuwit mau ana kang kêpambêng ing prêlu ora bisa seba ing palataran masjid gêdhe, uga kalilan nyadhong marang kantor kapatihan ing sajrone sapuluh dina kaya kang kasèp lêbune mau.

Dhawuhing pranatan ing Surakarta kaping 28 sasi Sura taun Je, ăngka 1822. Utawa kaping 22 Agustus 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 90 ---

Ăngka 54

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, andhawuhake wuwuhane layang pranatan manira katitimasan kaping 1 Jumadilakir Alip, 1819, utawa kaping 23 Januari, 1890, kaping 7 Rabingulakir Ehe, 1820, utawa kaping 20 Nopèmbêr 1890, sarta kaping 8 Jumadilawal Jimawal 1821, utawa kaping 10 Dhesèmbêr 1891, kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Sarupane garobag, manira tamtokake mawa tatêngêr balabag, ambane ora kurang saka 10 sèntimètêr, dawane 15 sèntimètêr, katèmplèkna ing garobag kang katon cêtha, sapamrayoganane bupati pulisi kang ngêrèhake, angêmot aksara kang anêrangake

--- 2 : 91 ---

dununge lan angkaning garobag, kaya ta: kabupatèn pulisi kang angêrèhake dununging garobag mau. 2. Kadhistrikane, 3. Kabudidayan utawa desane, 4. Angkaning garobag, dene manawa ana kang duwe garobag luwih saka siji, kaya ta kabudidayan utawa liyane duwe garobag rongpuluh, padha kaangkanana wiwit siji tutug rongpuluh.

Bab 2

Mungguh kabupatèn sarta kadhistrikan kang angêrèhake dununging garobag mau katulisa raringkêsan kaya ta:

Surakarta ... S.K, Kapatihan ... K.P, Surakarta ... S.K, Kaparak Kiwa ... K.K, Surakarta ... S.K Kaparak Têngên ... K.T., Surakarta ... S.K. Gêdhong Kiwa ... G.K., Surakarta ... S.K. Gêdhong Têngên ... G.T., Surakarta ... S.K. Bumi ... B, Surakarta ... K S. Panumping ... P1, Surakarta ... S.K, Sèwu ... S.

--- 2 : 92 ---

Surakarta ... S.K., Gêdhe ... G.1, Surakarta ... S.K., Kadipatèn ... K.H., Surakarta ... S.K., Pangulon ... P.2., Surakarta ... S.K., Kalang ... K., Surakarta ... S.K., Pangrêmbe ... P.3., Surakarta ... S.K., Niyaga ... N., Surakarta ... S.K., Nusupan ... N.S., Surakarta ... S.K., Dhistrik Grogol ... G., Kabupatèn Sragèn ... S., Dhistrik Sragèn ... S., Kabupatèn Sragèn ... S.

--- 2 : 93 ---

Ondêr Dhistrik Ngamban ... N., Kabupatèn. Sragèn ... S., Dhistrik Grompol ... G., Kabupatèn. Sragèn ... S., Dhistrik Sambungmacan ... S.M., Kabupatèn Sragèn ... S., Dhistrik Majênang ... M., Kabupatèn Sragèn ... S., Dhistrik Karangdurèn ... K.D., Kabupatèn Sragèn ... S., Ondêr Dhistrik Laban ... L., Kabupatên Bayalali ... B.L., Dhistrik Bayalali ... B.L., Kabupatên Bayalali ... B.L., Dhistrik Tumang ... T., Kabupatèn Bayalali ... B.L., Dhistrik Banyudana ... B.D., Kabupatèn Bayalali ... B.L., Dhistrik Koripan ... K.

--- 2 : 94 ---

Kabupatèn Bayalali ... B.L., Dhistrik Jatinom ... D.N., Kabupatèn Ngampêl ... A., Dhistrik Ngampèl ... A, Kabupatèn Ngampèl ... A., Tanah Gêtas lan Ngasinan ... G.A., Kabupatèn Ngampêl ... A., Tanah Sukabumi Sêla lan Gêbyog ... S.G., Kabupatèn Ngampêl ... A., Dhistrik Sima ... S., Kabupatèn Ngampêl ... A., Dhistrik Karanggêdhe ... K.G., Kabupatèn Ngampèl ... A., Tanah Juwangi lan Talawah ... D.T., Kabupatèn Ngampèl ... A., Dhistrik Lawang ... L., Kabupatèn Ngampèl ... A., Dhistrik Kaliyasa ... K.O,, Kabupatèn Kalathèn ... K.

--- 2 : 95 ---

Dhistrik Kalathèn ... K., Kabupatèn Kalathèn ... K., Dhistrik Sapuluh ... S, Kabupatèn Kalathèn ... K., Dhistrik Prambanan ... P., Kabupatèn Kalathèn ... K., Dhistrik Gêsikan ... G.1., Kabupatèn Kalathèn ... K., Dhistrik Gêdhongan ... G.2:, Kabupatèn Kalathèn ... K., Dhistrik Kalisoga ... K.S., Kabupatèn Kartasura ... K.S., Dhistrik Kartasura ... K.S., Kabupatèn Kartasura ... K.S., Dhistrik Kathithang ... K., Kabupatèn Kartasura ... K.S., Dhistrik Bêndha ... B., Kabupatèn Kartasura ... K.S., Dhistrik Taraman ... T.

--- 2 : 96 ---

Kabupatèn Kartasura ... K.S., Dhistrik Jênon ... D., Kabupatèn Sukaharja ... S.H., Dhistrik Sukaharja ... S.H,, Kabupatèn Sukaharja ... S.H., Dhistrik Ngutêr ... O., Kabupatèn Sukaharja ... S,H., Tanah Bêrcak Wilatung lan Mênta Tulakan ... B.M., Kabupatèn Sukaharja ... S.H., Dhistrik Tawangsari ... T.S., Kabupatèn Sukaharja ... S.H., Dhistrik Masaran ... M.

Dene kabudidayan utawa desa dununging garobag mau, kêna karingkês miturut kang katamtokake dening bupati pulisi kang ngêrèhake, kang wus sarêmbug lan tuwan asistèn residhèn, ananging tatêngêr mau kudu ka[24] cêtha. Aja nganti kaliru utawa samar.

Bab 3

Sarupane garobag, wiwite mawa tatêngêr lan ăngka [ăng...]

--- 2 : 97 ---

[...ka] mau besuk tanggal kaping 20 Oktobêr 1892, utawa tanggal kaping 28 Mulud Je 1822.

Bab 4

Sarupane garobage ora kêna kalakokake ana sadhengaha lurung manawa garobag mau ora tatela santosa sarta rodhane kukuh jêjêg adêge. Sarta wiwit besuk tanggal sapisan Marêt 1893, sarupane garobag kang katarik sapi utawa kêbo ora kêna kalakokake ana ing lurung-lurung sajroning kutha karaton Surakarta, manawa ora nganggo lilahe bupati pulisi.

Anadene kang kalilan dilakokake tanpa lilah mau yèn dianggo ngusung pamêtuning bumi kagawa marang palerenane kareta gêni, sarta baline.

Angusung sadhengaha maujud ingkang pancèn kanggo saparluning pabrik- pabrik.

Angusung maujud kang abot, ora kuwat yèn kausunga grobag kang katarik jaran, anêtêpi unining pranatan kang katitimasan kaping 1 Jumadilakir Alip 1819, utawa kaping 23 Januari 1890, sarta katitimasan [katitimasa...]

--- 2 : 98 ---

[...n] kaping 23 Rêjêb Jimawal 1821, utawa kaping 22 Pèbruari 1892.

Manawa ana kang ora angèstokake dhawuh pranatan iki bakal kasêrêg prakara nêrak parentah, kapatrapan kaya kang wus katamtokake.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 28 sasi Sura taun Je ăngka 1822, utawa kaping 22 Agustus 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 99 ---

Ăngka 55

Undhang-undhang

Kangjêng tuwan residhèn, kangjêng radèn adipati ing Surakarta, aparing wêruh marang kang padha nonton kagungan dalêm gamêlan sakatèn, sapanunggalane kang katonton, padha ora kêna anyuwara kang ora sapantêse, lan manganggo kang ing Surakarta ora angênakake, apadene solah pratingkah kang ora prayoga katon ing akèh, mangkono manèh sadhengaha wonge ora kêna anunggang jaran, utawa kareta sapêpadhane, lumêbu ing alun-alun dalêm, kajaba putra santana lêm [25] lan para tuwan, manawa ana kang wani-wani anêrak pêpacak mau, kaewokake agawe suda têntrêming akèh, utawa digsura tingkahe ana ing alun-alun dalêm, bakal kacêkêl ing pulisi, kaladèkake ing parentah.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 9 Oktobêr 1891.

--- 2 : 100 ---

No. 55.

OENDANG OENDANG

Kangdjeng Toean Resident Kangdjeng Raden Adipati di Soerakarta membri taoe kapada jang sama liat Srimaha Padoeka Kangdjeng Soesoehoenan ampunja Gamelan Sekaten dan sasamanja jangdi liat, tiada boleh boekak soewara lebih dari moesti atawa berpake jang djadi larangan apalagi bertingkah jang tiada pantes kaliatan oleh orang banjak, begitoe djoega orang tiada boleh naek kreta atawa koeda sasamanja masoek di Aloen-Aloen melingken Srimaha Padoeka ampoenja poetra familie dan toean-toean Olanda, kaloe ada jang brani langgar ini Oendang, dianggep bikin koerang tentremnja orang banjak atawa sengadja bikin koerang adat jang pantes ada di dalem Aloen-Aloen, aken ditangkep oleh politie di atoerkên pada Parentah.

Djatoehnja Oendang-Oendang ari 9 October 1891.

--- 2 : 101 ---

Ăngka 58

Undhang-undhang

Têrang Kangjêng Tuwan Residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane wong kang padha anyewakake kareta, ing waktu pasamuwan balapan, wiwit tanggal kaping 13 tumêka kaping 16 Oktobêr iki, ora manira lilani angundhakake pasewane, luwih saka kang kapratelakake ing ngisor iki:

Kareta Jaran Loro Bangku Siji:

Sajam ... rong rupiyah, Sajam satêngah ... têlung rupiyah, Rong jam ... patang rupiyah, Rong jam satêngah ... limang rupiyah, Têlung jam ... nêm rupiyah, Patang jam ... pitung rupiyah,

--- 2 : 102 ---

Kareta Jaran Loro Bangku Loro:, Sajam ... têlung rupiyah, Rong jam ... limang rupiyah, Têlung jam ... pitung rupiyah, Patang jam ... wolung rupiyah.

Dene tumrape kareta kang lumrah diarani andhong iku pasewane: yèn ngêmot wong loro lumaku marang balapan, sèkêt sèn. Ulihe saka balapan ... sèkêt sèn. Yèn luwih saka wong loro tumêkane wong lima, Lumaku marang balapan ... pitung puluh lima sèn, Ulihe saka balapan ... pitung puluh lima sèn.

Manawa ana kang ora angèstokake pêpacake undhang-undhang iki, bakal kasêrêg sarta kapatrapan paukumane wong anêrak parentah.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang panggêdhe sarta para pulisi supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana panggonan saparlune, [sa...]

--- 2 : 103 ---

[...parlune,] supaya aja ana kang ngaku o[26] sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 17 sasi Mulud ing taun Je 1822, utawa tanggal kaping 9 sasi Oktobêr ing taun 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 104 ---

Ăngka 59

Gezien De Resident van Surakarta O. A. BURNABIJ LAUTIER

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, sawuse anguningani yèn anane panaiban ing bawah dalêm Surakarta durung tata, panjupuke dhuwit sarakah sarta dhuwit said, akèh kang anindakake sakarêpe dhewe, ing mêngko manira tata kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Para pangulu kabupatèn sarta para naib, padha madana marang radèn pangulu tapsir anom.

Bab 2

Kang dadi panggêdene angrèh panaiban, radèn pangulu tapsir anom, kanthi kaliwon Suranata, pangulu kabupatèn anom, sarta pangulu kapatihan.

--- 2 : 105 ---

Bab 3

Pinta-pintane kang ningkahake kaya ing ngisor iki.

Putra santana dalêm, kang paningkahe ana ing kadhaton, iku radèn pangulu tapsir anom wajib aningkahake dhewe.

Pangeran putra santana dalêm, riya ing dhuwur, pêpatih dalêm, wadana kaliwon, kolonèl, litnan kolonèl, mayor, manawa ningkah garwa utawa bojo, apadene ningkahake putra utawa anak kang mawa pakurmatan, sarta putuning pêpatih dalêm kang diwêngku mawa pakurmatan, iku manawa ngrêsaya kalawan rukun anêkakake radèn pangulu tapsir anom, supaya ningkahake, radèn pangulu tapsir anom wajib têka aningkahake dhewe, liyane iku radèn pangulu tapsir anom ora wênang têka dhewe, nanging wajib anglakokake pitayane minăngka wakile, katib utawa liyane sapamrayogane radèn pangulu tapsir anom, dene ing kutha-kutha kabupatèn sabawah wawêngkone, kang wajib aningkahake para pangulu kabupatèn lan para naib.

--- 2 : 106 ---

Bab 4

Putra santana lêm[27] utawa abdi dalêm kaliwon sapandhuwur, manawa sumedya nalak utawa mêgat garwa bojo utawa sêlire, padha agawea layang pratăndha talak, mawa kaêcapana, kakirimna marang radèn pangulu tapsir anom, kagawaa pitayane kanthi kaum pakampungane minăngka saksi, manawa wus ora ana pakèwuhe, radèn pangulu tapsir anom banjur angêcapana layang mau, minăngka anglastarèkake panalake, sabanjure layang mau dadi cêkêlane kang ditalak.

Abdi dalêm panèwu mantri sapêpadhane sapangisor tumêka kawula dalêm wong cilik, manawa sumêdya nalak bojo utawa sêlire, uga padha gawea layang pratăndha talak, manawa kang wus kalilan anganggo cap, layang mau kaêcapana, manawa kang durung kalilan anganggo cap, mung katandhanana jênênge, lumadine marang radèn pangulu tapsir anom kagawaa dhewe dening kang duwe layang, mawa kapirida dening kauming pakampungane, manawa ana kang ora bisa gawe dhewe layang talak mau, radèn pangulu tapsir anom [a...]

--- 2 : 107 ---

[...nom] kang anggawèkna. Kabèh mau babanjuraning laku-lakune uga kaya putra santana dalêm utawa abdi dalêm kaliwon sapandhuwur mau.

Abdi dalêm sarta kawula dalêm ing kutha-kutha kabupatèn sabawah wawêngkone, kang manggon sajroning kutha kabupatèn, jujuge marang pangulu ing kabupatèn, kang sajabaning kutha kabupatèn jujuge marang para naibing kadhistrikan, laku-laku sarta patrape kaya ing dhuwur mau, mung ing desa-desa utawa kampung kang sajabaning kutha kabupatèn, tumrape abdi dalêm kang pangkat panèwu mantri sapêpadhane sapandhuwur, layange pratăndha talak mau wênang mung dikirimake bae marang naib dhistrik, ora susah kagawa dhewe dening kang duwe layang pratăndha talak mau.

Bab 5

Lurah kampung utawa ngabèi dêmang bêkêl desa sapêpadhane, sabên ing wawêngkone ana wong ningkahan, wong nalak, ngrujuk utawa nguluk, ing dina iku anglapurna kamot ing layang marang abdi dalêm pulisi kang ambawahake sarta sabên tanggal sangalikur sasi Jawa abdi dalêm pulisi mau

--- 2 : 108 ---

anglapurna marang bupatine.

Bab 6

Sabên tanggal kaping pindho sasi Jawa, para panggêdhening kabupatèn anglapurna marang nagara anane wong ningkahan, nalak, ngrujuk utawa nguluk, ing sawawêngkone kabupatène mau.

Sarupane kang arêp ningkahan utawa ningkahake, nalak, ngrujuk utawa nguluk, kawajibake lapur marang abdi dalêm pulisi utawa lurah kampung, kang tumrap ing desa ngadesa marang panggêdhening dhistrik utawa lurah desa kang ambawahake panggonan ing kono, awit parlu kanggo palapuran marang nagara.

Bab 7

Pangulu, katib, sarta naib, sabên aningkahake, nindakake panalak, ngrujuk utawa nguluk, banjur kaunggahna ing buk, titimasane, jênênge kang ningkahan lanang wadon, waline, wong tuwane utawa kang murih ningkahake, kang nalak, ngrujuk utawa nguluk, omahe, kabupatène, kabèh mau mawa pangkat utawa pangupajiwane,

--- 2 : 109 ---

buk mau kadhapura pratelan, sawijine kaaraha bisane mung sagaris, sabên tanggal sapisan sasi Jawa angladèkna marang nagara palapuran uga dhapur pratelan, kang tètès lan buk mau, lumadine mêtu radèn pangulu tapsir anom.

Bab 8

Putra santana dalêm, kang paningkahe ana ing kadhaton, iku sarakahe saka patêdhan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kèhe sakaparênge sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Dene putra santana dalêm kang paningkahe ora ana ing kadhaton, apadene sarupane abdi dalêm lan kawula dalêm kabèh, sarakahe saka kang ningkahan, saka kang ningkahake utawa mêngkoni dhewe-dhewe wêwijangane kaya ing ngisor iki.

Bab 9

Sarakahe yèn aningkah garwa padmi utawa bojo.

1. Putra dalêm ... 30 rupiyah, 2. Pangeran santana ... 20 rupiyah, 3. Riya ing dhuwur ... 15 rupiyah, 4. Riya ngisor ... 10 rupiyah

--- 2 : 110 ---

5. Santana dalêm panji wayah ... 5 rupiyah, 6. Santana dalêm panji buyut ... 3 rupiyah, 7. Pêpatih dalêm ... 25 rupiyah, 8. Bupati ... 20 rupiyah, 9. Kaliwon ... 10 rupiyah, 10. Panèwu sapêpadhane ... 5 rupiyah, 11. Mantri sapêpadhane ... 3 rupiyah, 12. Lurah bêkêl jajar sapêpadhane ... 1 rupiyah, 13. Kolonèl ... 20 rupiyah, 14. Litnan kolonèl ... 15 rupiyah, 15. Mayor ... 10 rupiyah, 16. Kaptin upsir ... 5 rupiyah, 17. Sarsan tutug jajar prajurit ... 1 rupiyah, 18. Radèn pangulu tapsir anom ... 20 rupiyah, 19. Lurah kaji, katib, amad dalêm ing Kuthagêdhe ... 5 rupiyah, 20. Pangulu kadipatèn anom, pangulu kapatihan, ngulama, amad dalêm ing Imagiri, bêkêl juru kunci Kuthagêdhe ... 4 rupiyah

--- 2 : 111 ---

21. Para pradikan, pangulu ing kabupatèn, pangulu Kuthagêdhe, sarta ... pangulu ing Sela, muadin, jajar juru kunci sapêpadhane ... 2 rupiyah, 22. Nyai mas adipati ... 10 rupiyah, 23. Nyai Tumênggung ... 8 rupiyah, 24. Abdi dalêm lurah wadon kang pangkat kaliwon ... 5 rupiyah, 25. Abdi dalêm lurah wadon kang pangkat panèwu ... 3 rupiyah, 26. Abdi dalêm lurah wadon kang pangkat mantri ... 2 rupiyah, 27. Sarupane abdi dalêm wadon ... 1 rupiyah, 28. Wong cilik kang duwe pomahan utawa pangindhung ... 66 sèn, 29. Wong cilik kang ora duwe pomahan, utawa magêrsari, wong mondhok, wong ana pangengeran ... 50 sèn, 30. Dêmang desa sapêpadhane kang dudu pangkat mantri ... 1 rupiyah, 31. Bêkêl desa ... 66 sèn, 32. Wong cilik ing desa ... 50 sèn,

Bab 10

Kabèh mau manawa ningkah kang jênêng sêlir sarakahe saparone [sapa...]

--- 2 : 112 ---

[...rone] manawa ningkah bojo, amung abdi dalêm kang pangkat panèwu sapangisor sanajan ningkah sêlir sarakahe iya padha lan ningkah bojo.

Bab 11

Wong cilik kang malarat, utawa miskin, manawa ningkahan utawa ningkahake, yèn wus têrang papriksane têmên malarat utawa miskin, kalilan ora mawa bayar sarakah.

Bab 12

Mungguh kèhing sarakah kang wus padha katamtokake ing dhuwur mau kabèh, mung tumrap sasisih, dene sisihane miturut apa pangkate, kaya ta: upama abdi dalêm panèwu rabi olèh abdi dalêm wadon kang pangkat mantri, sarakahing panèwu: 5 rupiyah, lan sarakahe abdi dalêm lurah wadon pangkat mantri 2 rupiyah, dadi 7 rupiyah. Upama panèwu mau olèh anaking kaliwon, sarakahe panèwu 5 rupiyah, sarakahe anak kaliwon 10 rupiyah, dadi 15 rupiyah. Manawa anaking panèwu olèh anaking mantri, sarakahe anak panèwu 5 rupiyah, sarakahe anak mantri 3 rupiyah, dadi 8

--- 2 : 113 ---

rupiyah, mangkono sabanjure.

Dene ubarampe lan sajèn sapêpadhane isarate wong ningkahan, lastari kaya kang wus kalakon utawa ora kêna karupakake dhuwit.

Bab 13

Para putra santana dalêm para abdi dalêm utawa para kawula dalêm wong cilik, manawa nalak, ngrujuk utawa nguluk, apadene rapak, saide saparoning sarakahe nalika ningkah.

Bab 14

Sarupane kang kaparingan wawênang utawa duwe wajib aningkahake, nindakake panalak, ngrujuk utawa nguluk, apadene rapak, padha kalarangan anampani dhuwit sarakah utawa said luwih utawa kurang saka kang wus katamtokake ing layang pranatan iki.

Bab 15

Anane dhuwit sarakah lan dhuwit said mau kapara ênêm, tumanjane kaya ing ngisor iki: Kang: 1 bagian, kanggo anganakake pirantining sêmbahyang, [sê...]

--- 2 : 114 ---

[...mbahyang,] kaya ta: diyan panjêran, kalasa lampit, sarta prabot mulang ngaji ana ing sarupaning masjid kang jênêng utawa kalêbu kagungan dalêm. Kang 2 bagian, kanggo ingoning wong miskin utawa pasakitan. Kang 1 bagian, kanggo tambal sulame sarupane masjid kang jênêng utawa kalêbu kagungan dalêm. Kang 1 bagian, marang kang ningkahake, kang nindakake panalak, ngrujuk utawa nguluk, apadene rapak, sakancane. Kang 1 bagian, marang kaum pakampungan utawa desa dununge kang ningkahan, kang nalak, ngrujuk utawa nguluk apadene rapak sakancane kang padha nglakoni pagawean bab paningkah panalak, ngrujuk utawa nguluk, apadene rapak mau.

Bab 16

Dhuwit sarakah lan said kang kaanggo nganakake pirantining sêmbahyang sarta prabot mulang ngaji, lan kang kanggo tambal sulaming masjid, sumimpêne ana ing sajrone kagungan dalêm [dalê...]

--- 2 : 115 ---

[...m] masjid gêdhe, kang ngrawati sarta kang kalilan nanjakake radèn pangulu tapsir anom, dene ing kutha-kutha kabupatèn sabawah wawêngkone ana ing kabupatèn, kang ngrawati sarta kang kalilan nanjakake panggêdhening kabupatèn, kabèh mau ing sabên sasi padha angladèkna palapuran marang manira, kèhe sarta sangkaning dhuwit mau dalah tumanjane, amung kang kanggo tambal sulaming masjid sadurunge katanjakake, angladèkna palapuran dhisik bakal tumanjane, mawa mratelakna katrangan utawa prêlu-prêlune, kalakone katindakake manawa wus ana dhawuh manira amarêngake. Dene dhuwit kanggo ingone wong miskin utawa pasakitan, panyimpêne ana ing kapatihan, sadurunge lumadi marang kapatihan, sumimpêne ana radèn pangulu tapsir anom, lan ana panggêdhening kabupatèn, lumadine marang kapatihan sabên satêngah taun sapisan.

Sapira ananing dhuwit kang kanggo pirantining sêmbahyang, kanggo pirantining mulang ngaji, tambal sulaming masjid, sarta kanggo ingoning wong miskin utawa pasakitan mau kaêlong ing dalêm satuse siji rupiyah, kaparingake kang anggarap lêbu wêtuning [wê...]

--- 2 : 116 ---

[...tuning] dhuwit mau.

Manawa ana kang ora ngèstokake pranatan iki, yèn abdi dalêm kapatrapan rès, lawase katimbang abot ènthènging kaluputane, manawa ana prêlune kaundur saka kalungguhane, manawa kawula dalêm, kasêrêg sarta kapatrapan paukumane wong nêrak parentah, dene manawa kang ora ngèstokake mau putra santana dalêm, manira sumanggakake saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 17 sasi Jumadilawal, taun Je, angka1822, utawa kaping 7 Dhesèmbêr 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 0 ---

Pratelan wontênipun tiyang ningkahan, nalak, rujuk utawi nguluk ing sabawah wêwêngkonipun kabupatèn, wiwit tanggal kaping ... dumugi tanggal kaping ... ing wulan ... taun ... 18 ...

[Grafik]

--- 2 : 117 ---

Ăngka 60

Moefakat De Resident van Soerakarta O.A. BURNABIJ LAUTIER

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anguningani yèn ing bawah dalêm sajroning nagara lan sajabaning nagara anane dhuwit tindhihe bocah têtak marang kang anêtaki durung katata, ing mêngko kagungan karsa anata kèhe dhuwit tindhihe bocah têtak marang kang anêtaki mau kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Putra santana dalêm, kang rise ana ing kadhaton, iku ora owah kaya kang wus kalakon, dene kang rise ora ana ing kadhaton, sarta sarupane anake abdi dalêm lan kawula dalêm kabèh, iku wêwijangane dhuwit tindhihe kaya ing ngisor iki.

--- 2 : 118 ---

Bab 2

1. Putrane pangeran putra dalêm utawa putrane putri dalêm ... 12 rupiyah., 2. Anake pangeran santana dalêm ... 10 rupiyah., 3. Anake riya ing dhuwur ... 8 rupiyah., 4. Anake riya ngisor ... 6 rupiyah., 5. Anake santana dalêm panji wayah, utawa putri wayah dalêm ... 4 rupiyah., 6. Anake santana dalêm panji buyut, utawa putri buyut dalêm ... 2 rupiyah., 7. Anake pêpatih dalêm ... 15 rupiyah., 8. Anake bupati ... 10 rupiyah., 9. Anake kaliwon ... 6 rupiyah., 10. Anake panewu sapêpadhane ... 3 rupiyah., 11. Anake mantri sapêpadhane ... 2 rupiyah., 12. Anake lurah bêkêl jajar sapêpadhane ... 1 rupiyah., 13. Anake kolonèl ... 10 rupiyah., 14. Anake litnan kolonèl ... 8 rupiyah., 15. Anake mayor ... 6 rupiyah.

--- 2 : 119 ---

16. Anake kaptin upsir ... 4 rupiyah., 17. Anake sarsan tutug jajar prajurit ... 1 rupiyah., 18. Anake radèn pangulu tapsir anom ... 10 rupiyah., 19. Anake lurah kaji, katib, amad dalêm ing Kuthagêdhe ... 3 rupiyah., 20. Anake pangulu kadipatèn anom, pangulu kadipatèn, amad dalêm ing Imagiri, ngulama, bêkêl juru kunci Kuthagêdhe ... 3 rupiyah., 21. Anake para pradikan, pangulu ing kabupatèn, pangulu Kuthagêdhe, pangulu ing Sela, muadin, jajar juru kunci sapêpadhane ... 2 rupiyah., 22. Anake nyai mas adipati ... 7 rupiyah = 60 dhuwit., 23. Anake nyai tumênggung ... 6 rupiyah., 24. Anake abdi dalêm lurah wadon kang pangkat kaliwon ... 3 rupiyah.

--- 2 : 120 ---

25. Anake abdi dalêm lurah wadon kang pangkat panèwu ... 2 rupiyah., 26. Anake abdi dalêm lurah wadon kang pangkat mantri ... 1 rupiyah = 60 dhuwit, 27. Anake sarupane abdi dalêm wadon ... 1 rupiyah., 28. Anake wong cilik kang duwe pomahan, utawa pangindhung ... 80 dhuwit., 29. Anake wong cilik kang ora duwe pomahan, utawa magêrsari, wong mondhok, wong ana pangengeran ... 60 dhuwit., 30. Anake dêmang desa sapêpadhane kang dudu pangkat mantri ... 1 rupiyah., 31. Anake bêkêl desa ... 80 dhuwit., 32. Anake wong cilik ing desa ... 60 dhuwit.

Anake wong malarat utawa langib, kalilan tanpa ambayar dhuwit tindhih.

Bab 3

Mungguh kèhing dhuwit tindhih bocah têtak kang wus padha katamtokake [ka...]

--- 2 : 121 ---

[...tamtokake] ing dhuwur mau kabèh tumrap ana ing panggonane kang nêtakake, manawa gone têtak mau ana ngomahe kang anêtaki dhuwit tindhihe mung saparone kang kapratelakake ing dhuwur mau, manawa gone têtak mau kabelakake kalilan tanpa ambayar dhuwit tindhih, dene kang rupa sajèn sapêpadhane isarate bocah têtak, lastari kaya kang wus kalakon.

Bab 4

Mungguh dhuwit tindhih mau kapara têlu, kang rong bagian marang kang anêtaki, kang sabagian kanggo ingone wong miskin. Dhuwit kang kanggo ingone wong miskin mau sabên sasi lumadine marang nagara mêtu saka kang anêtaki, mawa layang palapuran anane bocah kang padha ditêtaki ing dalêm sasasi mau, jênênge lan kang anak-anak, kang ambayar tindhih utawa kang ora bisa bayar tindhih. Manawa ing dalêm sasasi mau ora nêtaki, mung wajib anglapurake marang nagara, kamot ing layang utawa ijoan, manawa ana eman ewuhe kang parlu, kalilan mung kongkonan pitayane.

--- 2 : 122 ---

Bab 5

Sapa kang ora angèstokake pranatan iki, yèn abdi dalêm kapatrapan rès, lawase katimbang abot ènthènge kaluputane, manawa ana prêlune kaundur saka kalungguhane, manawa kang ora ngèstokake mau dudu abdi dalêm, kasêrêg sarta kapatrapan paukumane wong nêrak parentah, dene manawa putra santana dalêm, kasumanggakake saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Iku padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 25, sasi Jumadilawal ing taun Je, ăngka 1822. Utawa kaping 15 Dhesèmbêr, 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 123 ---

Ăngka 61

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, amaringi katêrangan marang kang padha kawajiban anindakake prakara ana ing pangadilan dalêm, mungguh pamatrape papetunging utang-piutang kang padha tumindak ana ing pangadilan dalêm, kaya kang muni bab kaping 9 ing layang pranatan dalêm, amarêngi ing dina Salasa tanggal kaping 15 Ruwah Jimawal, 1821, iku kaya ing ngisor iki.

Upama kang potang ing ngarêp wus anampani dhuwit anakan, gunggunge wus padha utawa luwih saka uwite kalêbu anakane kang pangetunge miturut pranatan dalêm mau, iku kang minăngka panyaure kang utang iya dhuwit anakan utawa undhakan kang wus ditampani kang potang mau, manawa ana luwihe saka uwit saanakane mau lastaria dadi wajibe

--- 2 : 124 ---

kang potang, dene manawa ana kurange saka dhuwit uwit saanakane mau, kang utang kabênêr ambayar, sapira ganêping petung. Mungguh tumraping potang kang prajanjianing panyaure sarana nicil, tumindake iya kaya petungan ing dhuwur mau, mangkono sapêpadhane.

Iku sarupane kang padha kawajiban nindakake prakara ana ing pangadilan dalêm, padha angèstokna saprêlune.

Dhawuhing parentah tanggal kaping 2 sasi Jumadilakir ing taun Je, ăngka 1822. Utawa kaping 22 Dhesèmbêr, 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 125 ---

Ăngka 62

Awit saka dhawuhing timbalan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa, kangjêng tuwan residhènt, ing Surakarta.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake saline bab kaping: 16, ing layang pranatan dalêm, amarêngi ing dina Salasa tanggal kaping 15 Ruwah Jimawal, 1821, kaya ing ngisor iki.

1. Putra santana dalêm utawa wadana kaliwon, kang wus anampani dhawuhing timbalan dalêm, ambayar utange sarana nicil saparoning balanjane lan saparoning pajêge bumi gêgadhuhane kabèh kaya bab kaping: 4 ing layang pranatan dalêm, amarêngi ing dina Sênèn tanggal kaping: 9 Pasa Je 1798 măngka gone ambayar nicil mau saiki durung pundhat, iku banjur katindakna panicile mung sapratêloning balănja lan sapratêloning pajêging bumi gêgadhuhan kaya pranatan dalêm, amarêngi ing dina Salasa, tanggal kaping 15 Ruwah Jimawal, [Ji...]

--- 2 : 126 ---

[...mawal,] 1821 mau, dene petunge ora ngowahake sakarining utange.

2. Sarupaning layang karampungan kang wus kadhawuhake, kudu lastari apa saunining karampungan, amung manawa kang utang kabênêr bayar sapisan pundhat, anêtêpi unining karampungan, măngka banjur rêrukunan dhewe, kang potang narima nampani cicilan, kang utang sanggêm anicil, kèhing cicilan, mangsane panicile sarta pundhatane apa sarukune kang utang lan kang potang dhewe, iku lastarèkna nicil kaya kang wus dadi rurukunane dhewe mau.

Iku sarupane uwong padha sumurupa, lan sarupane kang padha kawajiban anindakake prakara para padu sapêpadhane ana ing pangadilan dalêm, padha angèstokna saprêlune.

Dhawuhing parentah tanggal kaping 7 sasi Jumadilakir taun Je, ăngka 1822. Utawa kaping 27 Dhesèmbêr 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 127 ---

Ăngka 63

Undhang-undhang.

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake wuwuhane pêpacake layang undhang-undhang kang wus kadhawuhake katitimasan kaping 23 Maret 1855, ăngka 3 kaya ing ngisor iki.

Sarupane uwong ora kêna andhudhuk bathanging rajakaya kang wus dipêndhêm, anggawa, mangan utawa angêdol iwak utawa maujud liya-liyane kang asli saka bathanging rajakaya kang wus dipêndhêm mau, utawa angrewangi marang sawijining patrap kang kasêbut ing dhuwur mau, dene kang kaaranan rajakaya iku sarupaning kewan kang tracak wutuh lan kang anggayêmi, apadene babi.

Manawa ana kang ora angèstokake pêpacake undhang[28]

--- 2 : 128 ---

iki kapatrapan dhêndha akèh-akèhe 100:satus rupiyah, utawa nyambutgawe paksan, diparingi pangan tanpa bayaran, lawan lawase[29] têlung sasi.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta para pulisi, supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 9 sasi Ruwah taun Je, ăngka 1822. Utawa kaping 26 Pebruari: 1892.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.[30]

--- 2 : 129 ---

Oendang-Oendang

Terang Sri Maha Padoeka Toean Soesoehoenan, moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiniengrat, Papatih di kraton Soerakarta Adiniengrat, memarentahken tambahan papatjaknja surat Oendang-oendang jang soedah di prentahken, tertoelis pada ari 23 Maart 1885, No.3. saperti dibawah ini.

Sagala orang tiada boleh menggali bangkenya rodjo kojo jang soedah di tanem, membawa, makan atawa djoewal ikan atawa lain-lain roepa jangatsal dari bangkenja itu rojdo kojo jang soedah di tanem, atawa menoeloeng pri hal swatoenja lakoe jang terseboet di atas, adapoen jang nama rodjo kojo itoe sagala binatang jang berkoekoe antero serta jang menggajemi, bagitoe djoega babi.

Djikaloe ada jang tiada menoeroet papatjaknja ini oendang-oendang [oen...]

--- 2 : 130 ---

[...dang-oendang] di hoekoem denda banjak-banjaknja f100, atawa bekerdja paksa di bri makan tiada pake bajaran, lama-lamanja tiga boelan.

Ini oendang-oendang di briken pada sekalian pambesar serta sagala politie, soepaja eantas tersijarken pada wawengkonnja sendiri-sendiri, serta di taroeh di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang-oendang ari 9. boelan Roewah tahoen Dje 1822, atawa ari 26 Februari 1893

--- 2 : 131 ---

Ăngka 64

Undhang-undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anggalih ngadat kang wus kalakon, abdi dalêm lurah bêkêl jajar sapêpadhane kalêbu bêkêl utawa lurah desa, manawa kasêrêg ing pangadilan dalêm pulisi rol, kabênêr katrap ing paukuman anyambutgawe paksa ana yayasaning nagara (karakal), sadurunge kapatrapake paukumane nganggo kaundur dhisik saka kalungguhane, sawuse pundhat paukumane lêstari pocote, sarta wus anguningani unine layang dhawuh pranatan dalêm amarêngi ing dina Sênèn tanggal kaping 9 sasi Pasa ing taun Je, ăngka 1798, ing bab kaping 3, abdi dalêm kang kudu kaundur dhisik saka kalungguhane manawa kasuwun paukumane dening pangadilan, amarga

--- 2 : 132 ---

tatela anglakoni kadurjanan utawa mogok lan nêrak parentah, iku mung abdi dalêm panèwu mantri sapandhuwur kang wus kalilan linggih lampit, ing mêngko manira kagungan karsa angowahi ngadat mau lan amranata kaya ing ngisor iki.

Manawa abdi dalêm lurah bêkêl jajar sapêpadhane kalêbu bêkêl utawa lurah desa kasêrêg ing pangadilan dalêm pulisi rol, iku sajrone prakarane lagi katindakake kalungguhane manira gantung dhisik, sawuse rampungan prakarane măngka kabênêr katrap ing paukuman anyambutgawe paksa ana yayasaning nagara, (karakal) manawa gone nampani paukuman mau tatela laku culika, sapiraa paukumane bakal manira undur saka kalungguhane, dene manawa gone anampani paukuman mau tatela ora laku culika, sanajan anjukuk barang ananging tatela ora awit saka maha laku culika, iku sapundhate gone anglakoni paukuman, bakal manira têtêpake manèh ing kalungguhane, samono mau anjaba kasêrêg awit anglakoni kaluputan adol utawa maha kanggonan apyun [a...]

--- 2 : 133 ---

[...pyun] pêtêng, iku mesthi bakal manira undur saka kalungguhane kaya kang wus kalakon.

Anadene panggantunge kalungguhane abdi dalêm bêkêl lan lurah desa baline têtêp ing kalungguhane manèh kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, para abdi dalêm bupati pulisi padha manira lilani anindakake, amung kang kabênêr diundur iku manira kang bakal andhawuhake.

Iku sarupane abdi dalêm lan kawula dalêm padha sumurupa sarta angèstokna saparlune.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 16 sasi Sawal, ing taun Je ăngka 1822. Utawa tanggal kaping 3 sasi Mèi taun 1893.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 134 ---

Ăngka 65

Moefakat De Resident van Surakarta O.A. BURNABIJ LAUTIER

Undhang-undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, sawuse anguningani anane para naib ing bawah dalêm Surakarta, lan sawuse anggalih unine bab sapisan, bab kaping: 2, lan pungkasane bab kaping 3 ing layang pranatan manira katitimasan kaping 17 sasi Jumadilawal taun Je: 1822, utawa kaping 7 sasi Desember taun: 1892, ăngka 59, ing mêngko karsa manira kaya ing ngisor iki.

Têtêp lan pocote sarupaning naib, padha saka ing manira, dene sarupaning naib kang wus nyêkêl layang piyagêm utawa pikukuh saka radèn pangulu tapsir anom, utawa saka kang wus diwênangke dening radèn pangulu tapsir anom, kêna aningkahake mêgatake ngrujuk utawa nguluk, iku

--- 2 : 135 ---

layang piagêm utawa pikukuhe mau padha kaladèkna marang nagara mêtu saka radèn pangulu tapsir anom, lumadine padha kagawaa seba dhewe dening kang padha nyêkêl piagêm utawa pikukuh mau, dene manawa sababe lara sapêpadhane kang anjalari ora bisa aseba dhewe, kalilan mung kaladèkake bae mawa katrangan sababe ora bisa seba dhewe, manawa wus manira pariksa pantês lan nyukupi marang wajibing naib, bakal manira lastarèkake sarta banjur manira paringi salin pikukuh saka nagara, mawa manira patrapi sumpah, dene kang durung nyêkêl layang piagêm utawa pikukuh mau, uga padha sebaa dhewe nyuwun layang pikukuh ing manira, mêtu saka radèn pangulu tapsir anom, manawa wus manira pariksa pantês lan nyukupi marang wajibing naib, uga bakal banjur manira paringi pikukuh sarta mawa manira patrapi sumpah.

Kalakone para naib padha nyuwun pikukuh utawa salining pikukuh angèstokake dhawuh manira mau manira wangêni sajrone nêm sasi saka titimasane layang undhang-undhang iki, manawa wus luwih saka wêwangên mau ana kang durung ngèstokake, [ngè...]

--- 2 : 136 ---

[...stokake,] banjur manira suwak gone dadi naib, manawa ana parlune bakal kasêrêg prakara nêrak parentah, kapatrapan kaya kang wus katamtokake.

Layang undhang- undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta marang para pulisi, supaya banjur kakumrahake[31] marang wêwêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 17 sasi Sawal, taun Je, ăngka 1822. Utawa kaping 4 Mèi 1893.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 137 ---

Ăngka 66

Moefakat De Resident van Surakarta O.A. BURNABIJ LAUTIER

Undhang-undhang

Têrang sandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, sawuse anguningani lan anggalih anane tukang anêtaki ing bawah dalêm Surakarta, ing mêngko karsa manira kaya ing ngisor iki.

Sarupane tukang nêtaki padha madana marang abdi dalêm tukang nêtaki sajroning nagara, sarta kudu nganggo nyêkêl layang piyagêm saka abdi dalêm tukang nêtaki sajroning nagara têrang kauningan ing nagara mawa kapatrapan sumpah, marmane sarupane tukang nêtaki kang wus nyêkêl layang piyagêm saka abdi dalêm tukang nêtaki sajroning nagara têrang kauningan ing nagara, padha sebaa ing nagara angladèkna layang piyagême bakal manira patrapi sumpah, layang piyagême mawa dicirèni têmêne wus kasumpah, dene kang durung nyêkêl layang piyagêm, banjur [ba...]

--- 2 : 138 ---

[...njur] padha nyuwuna layang piyagêm, manawa kang nyuwun piyagêm mau wus anyukupi marang wajibe wo[32] nêtaki, abdi dalêm tukang nêtaki sajroning nagara banjur anggawèkna piyagêm, sarta banjur kaladèkna marang nagara dalah kang nyuwun piyagêm mau, manawa wus manira pariksa sarta manira galih pantês, layang piyagêm mau banjur manira idini uga mawa manira patrapi sumpah.

Kalakone dhawuh manira mau manira wangêni sajrone nêm sasi saka titimasane layang undhang-undhang iki, manawa wus luwih saka wêwangên mau ana kang durung ngèstokake, banjur manira suwak gone dadi tukang nêtaki, manawa ana parlune bakal kasêrêg prakara nêrak parentah, kapatrapan kaya kang wus katamtokake.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta marang para pulisi, supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang kaping 18 sasi Sawal, taun Je, ongka 1822. Utawa kaping 5 Mèi 1893.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 139 ---

Ăngka 67

Undhang-undhang

Têrang kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane wong kang padha anyewakake kareta, ing wêktu pasamuwan balapan, wiwit tanggal kaping 20 tumêka kaping 23 Mèi iki, ora manira lilani angundhakake pasewane, luwih saka kang kapratelakake ing ngisor iki.

Kareta jaran loro bangku siji., Sajam ... rong rupiyah, Sajam satêngah ... têlung rupiyah, Rong jam ... patang rupiyah, Rong jam satêngah ... limang rupiyah, Têlung jam ... nêm rupiyah, Patang jam ... pitung rupiyah

--- 2 : 140 ---

Kareta jaran loro bangku loro, Sajam ... têlung rupiyah, Rong jam ... limang rupiyah, Têlung jam ... pitung rupiyah, Patang jam ... wolung rupiyah

Dene tumrape kareta kang lumrah diarani andhong iku pasewane: yèn ngêmot wong loro lumaku marang balapan ... sèkêt sèn, ulihe saka balapan ... sèkêt sèn, yèn luwih saka wong loro tumêkane wong lima, lumaku marang balapan ... pitung puluh lima sèn, ulihe saka balapan ... pitung puluh lima sèn.

Manawa ana kang ora angèstokake pêpacake undhang-undhang iki, bakal kasêrêg sarta kapatrapan paukumane wong anêrak parentah.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta para pulisi supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup [sumuru...]

--- 2 : 141 ---

[...p] unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 25 sasi Sawal ing taun Je 1822. Utawa tanggal kaping 12 sasi Mèi ing taun 1893.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 142 ---

Ăngka 68

Undhang- undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anggalih unine bab kaping 21 ing kagungan dalêm anggêr nawala pradata, lan bab sapisan ing layang pranatan dalêm, amarêngi ing dina Salasa tanggal kaping 15 sasi Ruwah ing taun Jimawal, ăngka 1821, karsa: angowahi unine bab kaping 7, bab kaping 10 lan bab kaping 15 ing kagungan dalêm layang anggêr sapuluh ingatase prakara utang-piutang sapêpadhane, ing mêngko anamtokake sarupane wong kang anggugat prakara utang-piutang talak waris wasiyat sapêpadhane para padu, gone duwe atur kudu banjur marang pangadilan kang duwe wajib angrampungi, dene kang pancèn dadi garapane tumênggung pulisi kaya kang muni bab kaping 13 ing layang sêtruksi [sê...]

--- 2 : 143 ---

[...truksi] pulisi, ăngka 1 iku iya pangadilan kang bakal amaringake.

Sawuse layang undhang-undhang iki kadhawuhake, manawa ana kang ora angèstokake, sanajan gugate luwih dhisik lan gugating wong kang lumadine banjur marang pangadilan, iku kang ditindakake utawa dirampungi dhisik, iya kang anggugat banjur marang pangadilan mau.

Dene gugat prakara kawajiban gone dadi abdi dalêm, iku ora owah kaya kang wus kalakon kang muni ing kagungan dalêm layang anggêr sapuluh ing dhuwur mau.

Mungguh tumrape abdi dalêm utawa kawula dalêm ing Imagiri lan ing Sela, isih lastari kaya kang wus kalakon.

Layang undhang- undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta lumrahna marang wêwêngkone dhewe-dhewe, lan katèmplèkna ana panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 17 sasi Bêsar taun Je ăngka 1822, utawa kaping 2 Juli 1893.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 2 : 144 ---

Ăngka 69

Undhang-undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anggalih kaanane wong ing bawah dalêm kang padha anggaota gadhe, sarta sawuse nguningani layang paturane bupati pulisi sajroning nagara, kang anglapurake paturane kang padha anggaota gawe, ing mêngko manira andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Unine bab 13 ing layang pranatan pagadhèn, katitimasan kaping 9 sasi Pasa taun Jimawal, 1821, utawa kaping 7 April 1892, ăngka 51, bab barang gadhèn kang ora katêbus sajrone wêwangên panggadhene bakal kalelang nganggo katon ing akèh iku kasuwak, sarta unine bab 17, kang anamtokake kang majêgi [majê...]

--- 2 : 145 ---

[...gi] pagadhèn, kudu anganakake dhuwit sacukuping kanggone gadhe, iku uga kasuwak, liyane bab 13 bab 17 mau ing layang pranatan pagadhèn kabèh padha ora owah.

Iku sarupane uwong padha sumurupa.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup ing unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 13 sasi Sura taun Dal, ăngka 1823, utawa kaping 28 Juli 1893.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradingrat.

 


têtêpan. (kembali)
pasewan. (kembali)
kang. (kembali)
teks asli hal. 20. (kembali)
teks asli hal. 22. (kembali)
teks asli hal. 24. (kembali)
teks asli hal. 19. (kembali)
teks asli hal. 21. (kembali)
teks asli hal. 23. (kembali)
10 Panganten. (kembali)
11 rès. (kembali)
12 Oktobêr. (kembali)
13 wong. (kembali)
14 nganggo. (kembali)
15 durung. (kembali)
16 pêpacak. (kembali)
17 barang katêmpuhake. (kembali)
18 bakal. (kembali)
19 besuk. (kembali)
20 § (1) Arane desa utawa kampung. (kembali)
21 § (2) Angkaning taun katulisa nganggo ăngka lan aksara. (kembali)
22 kalowongan. (kembali)
23 utawa. (kembali)
24 kang. (kembali)
25 dalêm. (kembali)
26 ora. (kembali)
27 dalêm. (kembali)
28 teks asli hal. 129. (kembali)
29 lawas-lawase. (kembali)
30 teks asli hal. 128. (kembali)
31 kalumrahake. (kembali)
32 wong. (kembali)