Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 6)

Judul
Sambungan
1. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 3). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 4). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
5. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 5). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
6. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 6). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
7. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 7). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
8. Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895–1910, #363 (Jilid 8). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 13-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Tatêdhakan Sêrat- sêrat Undhang-undhang Pranatan Sasaminipun,

ingkang Kadhawuhakên dening Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Ingkang Kaping Sakawan, Papatih Dalêm ing Surakarta Ingkang Jumênêng Sapunika, Wiwit Kala Sawêg Kakarsakakên Amakili Papatih Dalêm.

Jilidan, ăngka 6

Kaêcap saha kawêdalakên dening Tuwan Albrêt Ruse Enco, ing Surakarta. ing taun 1906.

--- 6 : 0 ---

Pêpêthikan isinipun sêrat undhang-undhang saha pranatan, jilidan angka nênêm punika.

Ăngka urut ... Katrangan ing kaca

160. Pranatan tumindaking prakawisipun para putra santana dalêm, saha abdi dalêm, ingkang gêgriya wontên bawah ing kadipatèn Mangkunagaran, punapa dene putra santana, saha abdi ing kadipatèn Mangkunagaran, ingkang gêgriya wontên ing bawah dalêm ... 2

161. Pranatan maringi katrangan bab tindhih lare têtah sarta arta tambangan ingkang mungêl dhuwit salin sèn ... 6

162. Pranatan bab bêkêl dhusun sasaminipun ingkang kagugat, kêdah amung katindakakên prakawis para padu ... 10

163. Dhawuh maringi katrangan ingkang nama karang kitri ... 14

164. Undhang pasewan kareta wêkdal pasamuwan balapan kapal ing taun 1900 ... 18

165. Undhang bab sawarninipun tukang nêtaki kêdah sami marsudi saening lading ingkang kangge nêtaki ... 24

166. Undhang andhawuhakên sêsêrêpan suraosipun regèlmèn amajêgi siti ... 28

167. Undhang bab ambangun petanganipun pranata măngsa srêngenge ... 34

168. Wêwahan pranatan pasaosan ... 38

169. Undhang ewah-ewahan kadhistrikan saha kamantrèn dhistrik, bawah kabupatèn pulisi nagari, Sragèn saha Sukaarja ... 39

170. Pranatan ewah-ewahan bab: 5, sêrat pranatan katitimasan kaping: 14 Ruwah Wawu 1825, ăngka: 116, bab paukumanipun bêkêl tuwin tiyang alit ... 45

171. Undhang wêwahan watês kampung Cina sisih lèr ... 47

172. Pranatan bab ingkang sami gugat-ginugat prakawis para padu bilih katimbalan sowan ing pangadilan ingkang nindakakên prakawisipun ... 50

173. Undhang bab pasumbang sarta bab botên mundhut bau dhusun, kramanipun putra dalêm tiga, sadhèrèk dalêm satunggal ing wulan Bêsar [Bê...]

--- 6 : 0 ---

[...sar] Je 1830, mawi makajangan ... 54

174. Undhang bab nglilani ngêdêgakên bango kangge sasadeyan sarta damêl têtingalan wontên ing alun-alun lèr, salêbêtipun krameyan ing wulan Bêsar Je, 1830 ... 60

175. Undhang lampahipun kareta kramanipun putra dalêm, Bêsar Je, 1830 ... 64

176. Undhang tiyang nonton makayangan saha tontonan ing alun-alun ... 70

177. Undhang pasewan kareta wêkdal pasamuwan balapan kapal ing taun 190l ... 72

178. Undhang kamantrèn dhistrik anyar ing Kalijambe ... 77

179. Undhang pasewan kareta wêkdal pasamuwan balapan kapal ing taun 1902 ... 80

180. Undhang ngrucat kadhistrikan Jagamasan sakamantrènipun ... 85

181. Undhang ewah-ewahan kadhistrikan bawah kabupatèn pulisi nagari saha Bayalali ... 89

182. Pranatan patêdhan dalêm ganjaran patyng sri nugraha ... 94

183. Undhang ewah-ewahan kamantrèn dhistrik Jatinom sarta kadhistrikan ing Kragan ... 101

184. Wara-wara, bab santana dalêm dumugi canggah, prakawisipun wontên ing asta dalêm ... 103

185. Undhang pasewan kareta wêkdal pasamuwan balapan kapal ing taun 1903 ... 104

186. Undhang bab kagungan dalêm lèpèn Larangan, supados botên kirang ilinipun toya ingkang dhatêng salêbêting kitha ... 109

187. Dhawuh wara-wara, maringi katrangan suraosipun undhang-undhang ing nginggil punika ... 113

188. Pranatan bab dêmang utawi bêkêl sasaminipun manawi ngèthèr ubarampe, kenging katindakakên kados ngèthèr pajêg ... 114

189. Wara-wara, bab pamragadipun raja kaya ingkang kêdah wontên ing abatowar ... 117

190. Ewahan pranatan bab liburanipun para abdi dalêm ingkang nglampahi ayahan, pasisiran, pajangan sapanunggalanipun ... 118

--- 6 : 0 ---

191. Pranatan kathahing ngabèi răngga dêmangipun para putra santana dalêm ... 120

192. Undhang ewah- ewahan saha wêwahan kamantrèn dhistrik bawah kabupatèn pulisi Klathèn. ... 122

193. Undhang ewah-ewahan watês bawah kabupatèn pulisi Klathèn ... 126

194. Undhang watês-watêsipun siti ingkang kalêbêt kitha ing Klathèn ... 132

195. Wara-wara ganjaranipun tiyang ingkang ngaturakên katrangan kadurjanan kècu koyok ... 136

196. Undhang kamantrèn dhistrik Tompèkrucat ... 137

197. Undhang ewah-ewahan kamantrèn dhistrik Dêlanggu saha kadhistrikan Ngrêdên ... 140

198. Wara-wara Jayasuparta miruda saking tutupan ... 143

199. Undhang bab ganjaran dhumatêng ingkang purun anglawan durjaya kècu koyok ... 145

200. Wara-wara ganjaran dhumatêng ingkang anglapurakên sumêrêp nalikanipun sawêg sami kumpulan badhe ngècu ngoyok ... 149

--- 6 : 2 ---

Ăngka 160

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta wus sarêmbag lan Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 6

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhakên pranatan kaya ing ngisor iki.

Para sêntana dalêm, wayah sarta buyuting panjênêngan nata, lanang wadon sarta abdi dalêm kang ana pangkat kalungguhane, omah utawa dudunung ana bawah ing kadipatèn Mangkunagaran, mana kagugat ing prakara para padu, sarta salaki rabi, talak, waris, wasiyat sapêpadhane, iku tumindake ana ing pangadilan kadipatèn Mangkunagaran, ananging sadurunge katindakake prakarane pangadilan mau kudu prasabên dhisik marang parentah kang ambawahake kang ginugat mau, mung para putra putrine panjênêngan nata, sanajan dudunung ana

--- 6 : 3 ---

No. 160

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta, serta soedah beremboek dengen Kangdjeng Pangeran Adipati Ario Mangkoenagoro VI.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken Pranatan seperti di bawah ini.

Sagala familienja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, tjoetjoe serta boejoet, laki prempoean serta hambanja Srie Padoeka jang ada pangkat kaloenggoehanja roemah atawa tertinggal ada bawah di Kadipaten Mangkoenagaran, djikaloe tergoegat dari perkara poro padoe serta salaki rabi, talak waris Wasiat sasamanja, itoe djalannja ada di pangadilan Kadipaten mangkoenagaran, tetapi sabelomnja di djalanken perkaranja, itoe Pangadilan moesti kasih taoe lebih doeloe, pada parentah jang membawahken jang tergoegat tadi, tjoema sagala anak Srie Padoeka Toean Soesoehoenan laki prempoean maskipoen tertinggal ada di bawah Kadipaten Mangkoenagaran perkaranja misih di djalanken ada Pangadillanja Srie Padoeka [Padoe...]

--- 6 : 4 ---

[...ka]

ing bawah kadipatèn Mangkunagaran, prakarane isih katindakake ana ing pangadilan dalêm, titimbangane para santana wayah sarta buyut ing kadipatèn Mangkunagaran, lanang wadon sarta para abdi ing kadipatèn Mangkunagaran, kang ana pangkat kalungguhane, omah utawa dudunung ing bawah dalêm, kagugat ing prakara para padu sarta salaki rabi, talak, waris, wasiyat sapêpadhane, iku tumindake ana ing pangadilan dalêm, ananging sadurunge katindakake prakarane pangadilan kudu prasabên dhisik marang kang ambawahake kang ginugat mau, mung para putra ing kadipatèn Mangkunagaran, lanang wadon, sanajan omah ana ing bawah dalêm, prakarane isih katindakake ana ing pangadilan kadipatèn Mangkunagaran.

Iku sarupane wong padha sumurupa.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 25 sasi Sawal ing taun Jimawal, 1829. Utawa kaping 26 Pebruari 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat

--- 6 : 5 ---

Toean Soesoehoenan sama djoega sagala famillie tjoetjoek serta boejoet di Kadipaten Mangkoenagaran laki prempoean serta hamba di Kadipaten Mangkoenagaran, jang ada pangkat kaloenggoehamja, beroemah atawa tinggal ada di bawahnja Srie Padoeka, tergoegat dari perkara poro padoe serta salaki rabi, talak waris Wasiat sasamanja itoe djalannja ada di Pangadilan Srie Padoeka, tetapi sabeloemnja di djalanken perkaranja Pangadilan moesti kasih taoe doeloe pada jang membawahken jang tergoegat tadi, tjoema sagala anak di Kadipaten Mangkoenagaran, laki dan prempoean, meskipoen beroemah ada bawah Srie Padoeka, perkaranja misih di djalanken ada di Pangadillan Kadipaten Mangkoenagaran.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe.

Djatoehnja Pranatan pada ari 25 boelan Sawal taoen Djimawal 1829 atawa 26 Februari 1900.

--- 6 : 6 ---

Ăngka 161

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse dhuwit têmbaga lawas: gobangan dhuwitan sarta ingaran salin sèn, manira amaringi katrangan kaya ing ngisor iki.

1. Ing layang pranatan manira bab tindhihe bocah têtak, katiti masan kaping: 25 sasi Jumadilawal ing taun Je, 1822, utawa kaping, 15 Dhesèmbêr, 1892, ăngka: 60, ing bab 2, kang muni: 80: wulung puluh dhuwit, saiki salin dadi: 66 sêwidah nênêm sèn, kang muni: 60 = sawidak dhuwit, salin: 50 = sèkêt sèn.

2. Ing layang undhang-undhang manira bab panambangan, katiti masan kaping: 25 sasi Sawal ing taun Jimakir, 1826, utawa kaping: 29 Marêt, 1897, ăngka 127.

--- 6 : 7 ---

No. 161

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, sasoedahnja oewang tembaga lama: gobangan, doewitan dan igaran ganti cent, kita membri katrangan saperti di bawah ini.

1. Di mana kita poenja soerat Pranatan dari hal tindihnja anak têtak tertanda ari 25 boelan Djoemadilawal taoen Dje 1822 atawa ari 15 December 1892, Nomer 60 fatsal 2, jang boenji 80, delapan poeloeh doewit sekarang ganti djadi 66, anem poeloeh anem cent, jang boenji, 60 anem poeloeh doewit, ganti 50, lima poeloeh cent.

2. Di mana kita poenja soerat Oendang Oendang dari hal Panambangan, tertanda ari 25 boelan Sawal taoen Djimakir 1826, atawa ari 29 Maart 1897 Nomer 127. fatsal 2 jang boenji 1, doewit ganti djadi 1. cent. jang boenji 2 doewit ganti djadi 2. doewa cent. jang boenji 4. ganti djadi 4. ampat cent. jang boenji 20 doewit ganti djadi 20, doewa poeloeh cent, jang boenji 6. doewit tjoema djadi 5, lima cent jang boenji 60, doewit [doe...]

--- 6 : 8 ---

[...wit]

ing bab 2, kang muni 2 dhuwit, salin dadi 2 = rong sèn, kang muni 4 dhuwit, salin dadi: 4 = patang sèn, kang muni: 20 dhuwit, salin dadi: 20 = rong puluh sèn, kang muni: 6 dhuwit, mung dadi 5 = limang sèn, kang muni 60 dhuwit, mung dadi 50 = sèkêt sèn.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan padha angestokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 10 sasi Dulkangidah ing taun Jimawal, ăngka 1829. Utawa kaping 12 Marêt 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 9 ---

tjoema 50. lima poeloeh cent.

Dari pada itoe segala soepaja sama taoe dan sama menoeroet saperloenja.

Djatoehnja pranatan pada ari 10 boelan Doelkangidah taoen Djimawal 1829 atawa ari 12 Maart 1900.

--- 6 : 10 ---

Ăngka 162

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anguningani prakara bêkêl desa sapêpadhane kang pococ[1] mung saka gugat ngèthèr laladèn ubarampe sapêpadhane, ing mêngko manira andhawuhake minăngka wuwuhane unine bab: 2, ing layang parentah ing nagara katiti masan kaping: 1, Sèptèmbêr: 1867, sarta katiti masan kaping: 15 Nopèmbêr 1867, ăngka: 1744. Kaya ing ngisor iki.

Manawa ana dêmang bêkêl desa sapêpadhane kang kagugat prakara ngèthèrake laladène ubarampe sapêpadhane, kaya ta: walan, panyumplêng, pamalêm, pamulud, wilah wêlit, pasangon, pasumbang sapanunggalane, sanajan panggugate kasuwun pocote sarta wus wawaton unine piyagême, iku ora manira lilani katindakake [katindaka...]

--- 6 : 11 ---

[...ke]

No. 162

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, sasoedahnja mengatahoei prakara bêkêl desa sasamanja jang di boekak tjoema dari sebab di goegat mengêtêr laladen hoebo rampei sasamanja, sekarang kita memrentahken boeat tambahan boenjinja fatsal 2 di mana soerat Prentahnja Negri tertanda ari 13 September 1867 serta tertanda ari 15 November 1867 No. 1744 seperti di bawah ini.

Djikaloe ada demang atawa békel desa sasamanja jang di goegat prakar[2] mengeterken laladanja hoeba rampei sasamanja, jaitoe: Walan, Panjoempléng, Pamalem, Pamoeloe Wilah welit Pasangon, Pasoembang sasamanja, maskipoen bolehnja goegat di minta boekaknja serta soedah menoeroet boenjinja Pijagemnja, itoe tiada kita bri idin di djalanken boekaknja, moesti tjoema di djalanken prakara poro padoe.

--- 6 : 12 ---

pocote, kudu mung katindakake prakara para padu.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan padha angestokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping: 18 sasi Bêsar taun Jimawal, ăngka: 1829, utawa kaping: 19 April 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 13 ---

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe dan menoeroet saperloenja.

Djatoehnja orang pada ari 18 boelan Besar taoen Djimmawal 1829 atawa ari 19 April 1900.

--- 6 : 14 ---

Ăngka 163

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, amaringi katrangan marang para abdi dalêm bupati pulisi kanggo wêwaton manawa ana prêlune, kang jênêng karang kitri kaya kang muni ing layang undhang-undhang manira katiti masan kaping, 21 sasi Sawal taun Jimakir, 1826, utawa kaping, 25 Marêt, 1897, ăngka, 126, kaya ing ngisor iki.

1. Kang jênêng karang, iku: wit krambil, wit siwalan, kolang-kaling sapêpadhane.

2. Kang jênêng kitri kang mêtu nipkahe, iku wit taun kang ana paedahe, uwohe, tlutuhe, klikane utawa babakane, kanggo pangupa jiwa utawa kanggo kabutuhan, kaya ta: pêlêm, jambu, năngka sapanunggalane, kênanga cêpaka sapanunggalane, karèt sapanunggalane, soga tingi sapanunggalane.

3. Kang jênêng kitri maedahi marang padesan, iku wit taun kanggo wayanganing padesan kanggo pangayoman, utawa kanggo watês sapêpadhane kang ana gawene utawa [uta...]

--- 6 : 15 ---

[...wa]

No. 163

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, membri katrangan pada sakalian Boepati politie terpake waton djikaloe ada perloenja, jang nama karang kitri saperti jang terseboet Kita poenja soerat Oendang Oendang tertanda ari 21 boelan Sawal taoen Djimakir 1826. atawa ari 25 Maart 1897. No. 126. saperti di bawah ini.

1. Jang nama karang, itoe: pohon klapa, poehoen siwalan, kolang kaling sasamanja.

2. jang nama kitri jang kloear nipkahnja, itoe: pohoen taoen jang ada faedahnja, boewahnja, kembangnja, getahnja, klikanja atawa babakanja, boewat pentjarian atawa boeat kaboetoehan, ja itoe: mangga, djamboe, nongko, sasamanja, kenanga tjepaka sasamanja, karet sasamanja soga tinggi sasamanja.

3. jang nama kitri faedah pada desa, itoe pohoen tahoen jang terpake wajangannja desa, terpake pangajoman, atawa terpake bates sasamanja jang ada kerdjanja atawa mendjadi kaboetoehannja orang desa di sitoe, adapoen sagala bamboe, itoe tiada termasoek nama karang kitri, sebab itoe tiada poenja kloewaran, adapoen

--- 6 : 16 ---

dadi kabutuhane wong padesan kono. Dene sarupane êpring, iku ora kalêbu jênêng karang kitri, sabab iku ora duwe pamêtu, dene kang kêna kanggo kabutuhan kudu matèni wite utawa trubusane, marmane ora kalêbu karang kitri.

Iku padha sumurupa sarta andhawuhna kang warata marang bawah wêwêngkone dhewe-dhewe, supaya padha têrang susurupane.

Dhawuhing parentah tanggal kaping, 18 Bêsar Jimawal, 1829, utawa kaping, 19 April 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 17 ---

jang boleh terpake kaboetoehan moesti bikin mati pohoennja atawa timboelannja maka tiada termasoek karang kitri.

Dari itoe soepaja sama taoe serta memrentahken jang rata pada bawah prentahnja sendiri sendiri, soepaja sama terang pengatahoeannja.

Djatoehnja prentah pada ari 18 Besar Djimawal 1829. atawa ari 19 April 1900.

--- 6 : 18 ---

Ăngka 164

Undhang-undhang.

Têrang kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane wong kang padha anyewakake kareta, ing wêktu pasamuwan balapan, wiwit tanggal kaping, 4 tumêka kaping, 7 Mei 1900 iki, ora manira lilani angundhakake pasewane luwih saka kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Kareta jaran loro bangku siji,

Sajam, sarupiyah, yèn kurang sajam, kaitung sajam. Karo têngah jam, karo têngan rupiyah. Rong jam, rong rupiyah. Têlu têngah jan, têlu têngah rupiyah. Têlung jam, têlung rupiyah. Patang jam, patang rupiyah.

Yèn mênyang balapan dalah ulihe, rong rupiyah.

Kareta jaran loro bangku loro.

--- 6 : 19 ---

164.

Terang Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken saperti di bawah ini.

Sagala orang jang sama menjewaken Kreta, pada waktoe pasamoean Balapan moelai tanggal 4 sampei tanggal 7 Mei 1900 ini, tiada boleh bikin naèk pasewannja lebih dari jang terseboet di bawah ini.

Kreta rakitan koeda doea bangkoe satoe.

Satoe djam ... f 1. di bawah satoe djam di itoeng saperti satoe djam. Satoe satengah djam ... f 1.50. Doea djam ... f 2. Doea satengah djam ... f 2.50. Tiga djam ... f 3. Ampat djam ... f 4.

--- 6 : 20 ---

Sajam, karo têngah rupiyah, yèn kurang saka sajam, kaitung sajam. Karo têngah jam, rong rupiyah, sêlawe sèn. Rong jam, têlung rupiyah. Têlung jam, kalima têngah rupiyah. Patang jam, nêm rupiyah.

Yèn mênyang balapan dalah ulihe, têlung rupiyah.

Dene tumrape kareta kang lumrahe diarani andhong iku pasewane: yèn ngêmot wong loro lumaku marang balapan, sèkêt sèn, ulihe saka balapan, sèkêt sèn, Dene tumrape kareta kang lumrahe diarani andhong iku pasewane: yèn ngêmot wong loro lumaku marang balapan, sèkêt sèn, ulihe saka balapan, sèkêt sèn, yèn luwih saka wong loro tumêkane wong lima, lumaku marang balapan, pitung puluh lima sèn, ulihe saka balapan, pitung puluh lima sèn.

Manawa kang anyewakake kareta lan jaran mau ora angestokake pêpacake layang undhang-undhang iki bakal kasêrêg sarta kapatrapan dhêndha akèh-akèhe, 10, sapuluh rupiyah, utawa nyambut gawe paksan, diparingi pangan tanpa bayaran, lawas-lawase, 14, pat bêlas dina.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta

--- 6 : 21 ---

Djikaloe boeat bawa katempat Balapan dengen poelangnja ..., f 2

Kreta rakitan koeda doea bangkoe doea.

Satoe djam ... f 1.50, di bawah satoe djam di itoeng saperti satoe djam. Satoe satengah djam ... f 2.50. Doea djam ... f 3. Tiga djam ... f 4.50. Ampat djam ... f 6.

Djikaloe boeat bawa katempat Balapan dengen poelangnja ... f 3

Adapoen Kreta jang biasanja di bilang Andong, itoe pasewanja: djikaloe moeat orang doea berdjalan ka Balapan ... f 0.50.

Koembalinja dari Balapan ... f 0.50

Djikaloe lebih dari orang doea sampei orang lima berdjalan ka Balapan ... f 0.75

Koembalinja dari Balapan ... f 0.75

Djikaloe jang menjewaken kreta dan koeda tiada menoeroet papatjaknja ini Oendang Oendang hendak di klacht serta di denda banjak banjaknja f 10. sapoeloeh roepiah, atawa di oekoem bekerdjapaksa, di bri makan tiada pake bajaran, lama lamanja 14 ampat belas ari.

Ini soerat Oendang Oendang di briken kapada sekalian pambesar [pam...]

--- 6 : 22 ---

[...besar]

para pulisi supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping: 19 sasi Bêsar taun Jimawal, 1829, utawa kaping, 20 April 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 23 ---

serta sagala Politie soepaja lantas tersiarken pada bawah prentahnja sendiri sendiri, serta di taroeh di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang Oendang pada ari 29 boelan Besar taoen Djimawal 1829 atawa ari 30 April 1900.

--- 6 : 24 ---

Ăngka 165

Undhang-undhang.

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, wus rambah-rambah nguningani anane sabab bocah kang padha ditêtaki ana kang suwe marine jalaran ngorèng lan ana kang nganti dadi sangsarane, marmane ing mêngko karsa amuwuhi unine layang undhang-undhang katiti masan kaping, 18: sasi Sawal taun Je, 1822, utawa kaping, 5 Mei, 1893, ăngka, 66: kaya ing ngisor iki.

Sarupane tukang nêtaki kudu padha marsudiya bêciking lading kang kanggo nêtaki, kaya ta: sadurunge kanggo sarta sawuse kanggo nêtaki kudu dirêsiki sarta digodhog ing banyu, suwene saprapat jam, banjur dikum ing banyu karbol kang rêsik, kang diarani seipêr karbol limang bageyan, banyu rêsik satus bageyan, suwene limang mênut [mê...]

--- 6 : 25 ---

[...nut]

No. 165

Oendang-Oendang

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken tambahanja Kita poenja soerat Oendang Oendang tertanda ari 18 boelan Sawal taoen Dje 1822, atawa ari 5 Mei 1893 No. 66 saperti di bawah ini.

Sagala toekang menetaki sama Kita temtoeken berfikir soepaja baiknja péso jang terpake menetaki, soepaja djangan sampe mendjadiken sebab pada anak jang di tetaki, jaitoe: lama semboehnja, loekanja lantas djadi koréng sasamanja jang mendjadiken sakit atawa tjilaka, Adapoen djalannja mempelihara piso jang boeat menetaki itoe saperti di bawah ini.

Sabeloemnja terpake serta sasoedahnja terpake menetaki pisonja moesti di bikin bersih serta di masak dalem ajer lamanja saprapat djam, lantas di rendem ajer Carbol jang bersih, jang di bilang

--- 6 : 26 ---

Manawa tukang nêtaki ana kang ora ngestokake pratikêl mau, măngka andadèkake sabab kaya ing dhuwur mau, iku bakal kapatrapan paukuman wong nêrak parentah.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta para pulisi, supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 19 sasi Bêsar taun Jumawal, ăngka: 1829, utawa kaping 20 April 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 27 ---

Zuiver Carbol lima bagian, ajer bersih setaoes bagian, lamanja lima minuut;

Djikaloe toekang menetaki ada jang tiada menoeroet itoe atoeran, manka sampe mendjadiken sebab saperti di atas tadi, itoe hendak di oekoem oekoemanja orang melanggar prentah.

Ini soerat Oendang Oendang di briken pada sakalian pambesar serta sagala politie, soepaja lantas di tersiarken pada bawah prentahnja sendiri sendiri, serta di taroek ada di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang Oendang pada ari 29 boelan Besar taoen Djimmawal 1829 atawa ari 30 April 1900.

--- 6 : 28 ---

Ăngka 166

Undhang-undhang.

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake susurupan marang sadhengaha sarupane layang pranatane Kangjêng Guprêmèn bab amajêgi sarta amajêgake bumi desa kanggo têtanèn, katiti masan kaping: 3 Pebruwari 1884, kapacak ing sêtatbêlad ăngka: 9, ing bab kaping: 19, adêg-adêg sapisan tutug adêg-adêg kaping têlu, kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Adêg-adêg kapisan unine mangkene:

Kang majêgi utawa pitayane kudu asosokan pajêg marang kang majêgake dhewe, utawa marang kang dikuwasakake kamot ing layang nampani pajêge: mungguh unèn-unèn: [unèn-unè...]

--- 6 : 29 ---

[...n:]

No. 166

Oendang-Oendang

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, membri pengatahoeän pada samoeanja, maksoednja soerat pranatannja Kangdjeng Gouvernement dari hal madjegi serta madjegken tanah desa boeat tatanen, tertanda ari 3 Februari 1884, di patjak Staatsblad no. 9 fatsal 19 hadeg-hadeg kasatoe sampei hadeg-hadeg katiga. Saperti di bawah ini.

Fatsal 1.

Hadêg hadêg ka satoe boenjinja begini:

Jang madjegi atawa pertjajanja moesti membajar padjêg pada jang madjegken sendiri atawa pada jang di kasih koewasa termoeat soerat trima padjêgnja. Maka bahasa jang berboenji pada jang di kasieh koewasa termoeat soerat trima padjegnja, itoe mengertinja pada pertjajanja jang madjegken, itoe pertjaja tjoemah boeat lantaran bolehnja jang madhegken trima padjegnja, mendjadi itoe padjêg

--- 6 : 30 ---

marang kang dikuwasakake kamot ing layang nampani pajêge, iku têgêse marang pitayane kang majêgake, pitaya mau mung minăngka lantaran gone kang majêgake nampani pajêge, dadi pajêg mau ora banjur disurupake panyauring utang utawa pambayare kang majêgake marang kang dikuwasakake mau.

Bab 2

Adêg-adêg kaping pindho unine mangkene:

Pajêg kang wus utawa durung mangsane asoke ora kêna kasurupake sakabèhe utawa kang sabagiyan minăngka panyauring utange kang majêgake marang kang majêgi utawa marang wong liyane.

...[3]

Adêg-adêg kaping têlu unine mangkene:

Panukune lan pangêdole layang pêthuking pajêg, padha ebra: utang kang jalaran săngka panukune lan pangêdole layang pêthuking pajêg, ora kêna katagih mêtu ing pangadilan.

Mungguh surasaning pranatan mau ora mung tumrap marang kang majêgake bae, nanging uga tumrap marang sadhengah kang potang nganggo didhadhapi pajêg saka băngsa Eropah kang majêgi, sanajan kang potang mung ngudi baline dhuwiting potang, ora [o...]

--- 6 : 31 ---

[...ra]

tiada lantas di soeroepken boeat menjaoer pindjeman atawa pembajarnja jang madjegken kapada jang di kasih koewasa tadi.

Fatsal 2.

Hadêg hadêg ka doewa boenjinja begini:

Padjêg jang soedah atawa beloem waktoe pembajarnja, tiada boleh di soeroepken samoeanja atawa jang satoe bagian boeat pembajar pindjemnja jang madjegken pada jang madjegi atawa pada orang lainnja.

...[4]

Hadêg hadêg ka tiga boenjinja begini:

Pembelinja dan pendjoealnja soerat petoeknja padjeg sama hébrä pindjeman jang dari pembelinja dan pendjoealnja soerat petoeknja padjeg tiada boleh di minta bajarnja kloewar di Pangadilan. Maka maksoednja itoe pranatan tiada tjoetjoeoema boeat pada jang madjegken sadja, tetapi djoega boeat pada samoea jang memindjemken pake di dadapi padjêg dari bangsa Europa jang madjêgi, maskipoen jang memindjemken tjoema minta koembalinja oewang hoewitnja jang di pindjemken, diada[5] minta teroesnja trima padjêg jang di dadapken djoega tiada bole di minta bajarnja kloewar di Pangadilan. Maka sagala Pangadilannja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan di Soerakarta samoea, djikaloe mendjalanken prakara pindjem serta memindjemken jang mendadapken padjêgnja tanah jang di padjêgken pada bangsa

--- 6 : 32 ---

ngudi lastarine nampani pajêg kang didhadhapake, iya ora kêna ditagih mêtu ing pangadilan.

Marmane sarupane pangadilan dalêm ing Surakarta kabèh, yèn anindakake prakara utang kapipotang kang andhadhapake pajêge bumi kang dipajêgake marang băngsa Eropah sarta sarana adol pêthuking pajêg, iku padha anganggowa wawaton kaya ing dhuwur mau.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta marang para pulisi supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping: 15 sasi Mulud taun Je, ăngka: 1820, utawa kaping: 13 Juli 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 33 ---

Europa serta pake djoeal petoeknja padjêg, itoe soepaja sama pake wawaton saperti di atas tadi.

Ini soerat Oendang Oendang di briken pada sakalian pembesar serta pada sagala politie soepaja lantas di tersiarken kapada bawah prentahnja sendiri sendiri, serta di taroek ada di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang Oendang pada ari 15 boelan Moeloet taoen Dje 1880 atawa ari 13 Juli 1900.

--- 6 : 34 ---

Ăngka 167

Undhang-undhang.

Têrang ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, anguningani yèn pètunge pranatan măngsa srêngenge kang tumindak ana ing karaton dalêm durung cocog lan lakune srêngenge, amarga taun pranata măngsa mau manawa kaetung rampak umure ing dalêm sataune, 365, dina, 6 jam, măngka lakune srêngenge iku têmu gêlange, 365 dina, 5 jam, 48 mênut, 45 sêkondhê, dadi umure taun pranata măngsa mau kalakon, 128 taun, bakal kadawan, 24 jam, utawa sadina sawêngi, sarta nalika wiwit amranata măngsa, tumapake taun kang sapisan, iku ana ing dina Jumuwah tanggal kaping: 7 sasi Sawal taun Dal 1783, utawa kaping: 22 Juni 1855, wayah jam 12 awan, măngka ing dina iku pantoging lakune srêngenge mangalor ana ing wayah jam, 2 awan, [a...]

--- 6 : 35 ---

[...wan,]

No. 167

Oendang- Oendang

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, mengatahoewi djikaloe etikaoengnja pranotomongsa mata hari jang berdjalan ada di Kraton Soerakarta beloem tjotjok dengen djalannja mata hari, dari sebab tahoen pranotomongso tadi djikaloe di etoeng sam-sama[6] oemoernja di dalem satoe taoennja 365, ari 6 djam maka djalannja mata ari itoe koelilingnja 365 ari 5 djam 48 minuut. 45 sekonde, djadi oemoernja taoen pranotomongsa itoe terlebih pandjang 11 minuut 15 sekonde, djikaloe soedah kadjalanan 128 taoen hendak terlebih pandjang 24 djam atawa satoe ari satoe malem, serta koetika moelainja atoer mongso djalannja taoen jang satoe kali itoe ada ari Djoema'at tanggal 7 boelan Sawal taoen Dal 1783 atawa ari 22 Juni 1855 waktoe poekoel 12 siang, maka pada itoe ari sampenja djalannja mata ari ka sabelah lor, ada waktoe poekoel 2 siang lebih 10 minuut 52 884/3433 sekonde, djadi djalannja lebih doeloe 2 djam 10 minuut 52 884/3433 sekonde, dari etoeng djalannja

--- 6 : 36 ---

luwih 10 mênut, 52 884/3433 sêkondhê, dadi tumapake kadhisikên 2 jam, 10 mênut, 52 884/3433 sêkondhê, saka petung tumapake taun kang kapisan mau kasèp: 12 taun, marmane ing mêngko manira anggalih parlu ambangun pètungane pranata măngsa srêngenge mau supaya cocog lan lakune srêngenge kaya ing ngisor iki:

Pranata măngsa srêngenge mau sabên wus kalakon 128 taun, umure kasuda sadina sawêngi, sarana ngowahi taun wuntu siji kang pungkasan dhewe, kagawe taun wastu, sarèhning pranata măngsa srêngenge iku ora kanggo sangkalan ananging mung kanggo pètungane wong tani, supaya gampang pangètunge sabên wus kalakon 128 taun banjur kagawe wiwit taun sapisan manèh, sarta sarèhning wiwite tumapak nalika taun pranata măngsa kang sapisan iku kasèp 12 taun, dadi taun pranata măngsa 46, iki kagawe taun 58, iku sarupane uwong padha sumurupa, sarta angèstokna.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 29 sasi Mulud taun Je, ăngka 1820, utawa kaping 27 Juli 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 37 ---

taoen jang satoe kali tadi ada laat 12 taoen, maka sekarang kita fikir perloe bikin betoel etoengnja pranotomongso mata ari tadi, soepaja tjotjok dengen djalannja mata ari, saperti di bawah ini.

Pranotomongso mata ari tadi saben soedah kadjalanan 128 taoen, oemoernja di potong satoe ari satoe malem, dengen berobah taoen Woentoe satoe jang blakang sendiri, dibikin taoen Wastoe, olih sebab pranotomongso mata ari itoe tiada terpake sangkalan, akan tetapi tjoema terpake etoengnja orang tani, soepaja gampang bolehnja etoeng, djikaloe soedah kadjalanan 128 taoen, lantas di bikin moelai taoen satoe kali lagi, serta oleh sebab moelaijna[7] djalan taoen pranotomongso jang satoe kali itoe laat 12 taoen, djadi taoen pranotomongso 46 ini di bikin taoen 58. Itoe sagala orang soepaja sama taoe dan soepaja sama menoeroet.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 29 boelan Moeloed toen Dje 1830 at ari 27 Juli 1900.

--- 6 : 38 ---

Ăngka 168

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake wuwuhane bab: 13, ing layang pranatan lakune ayahan sarta patunggukan, katiti m,asan kaping: 13 Dulkangidah Be, 1816, utawa kaping: 3 Agustus 1887, ăngka: 4, kaya ing ngisor iki.

Manawa ana kang pamit matang putung patunggukan, amarga sukêr sakit utawa eman ewuh kang pantês, iku kang nampani pamitan kabênêr tungguk, lumêbune marang patunggukan kudu sajrone patang jam saka gone nampani pamitan, manawa nganti kaliwat patang jam, kapatrapan karungkêbake sadina sawêngi.

Iku sarupane abdi dalêm padha sumurupa sarta angèstokna.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 20 Rabingulakir Je, 1820, utawa kaping 17 Agustus 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 39 ---

Ăngka 169

Undhang-undhang.

Têrang kaparênging karsa dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake layang undhang- undhang manira katiti masan kaping 19 Rabingulakir Wawu 1825. Utawa kaping 9 Oktobêr 1895 ăngka 111, kaya ing ngisor iki.

Ha. Tumrape bawah kabupatèn pulisi Sragèn.

1. Kamantrèn dhistrik ing Pilangjêthis, karucat, bawahe kagolongake bawah kamantrèn dhistrik ing Ngrampal.

2. Kamantrèn dhistrik ing Pêlok, karucat, bawahe kagolongake dadi bawah kadhistrikan kutha Sragèn.

3. Kamantrèn dhistrik Sambungmacan, karucat, bawahe kagolongake dadi bawah kadhistrikan Gondhang, nanging bawahe [ba...]

--- 6 : 40 ---

[...wahe]

169.

Oendang-Oendang.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken perobahanja Kita poenja soerat Oendang-Oendang tertoelis pada ari 19 Rabingoelakir Wawoe 1825 atawa ari 9 October 1895 No 111 saperti di bawah ini.

a. Boeat Kaboepaten Politie Sragen.

1. Kamantren distrikt Pilangdjetis, di roetjat, bawahnja temasoekken djadi bawah Kamantren distrikt Ngrampal.

2. Kamantren distrikt Pelok, di roetjat, bawahnja temasoekken djadi bawah distrikt Kota Sragen.

3. Kamantren distrikt Samboengmatjan di roetjat, bawahnja temasoekken djadi bawah distrikt Gondang, tetapi bawahnja distrikt Gondang jang sawatara temasoek djadi bawah Kamantren distrikt Sambiredjo.

--- 6 : 41 ---

kadhistrikan Gondhang kang sawatara kagolongake dadi bawahe kamantrèn Sambirêja.

4. Kamantrèn dhistrik ing Jambeyan, karucat, bawahe kagolongake dadi bawah kamantrèn dhistrik ing Sambirêja.

5. Kamantrèn dhistrik Kranggan, karucat, bawahe kagolongake dadi bawah kadhistrikan Gêmolong.

6. Kamantrèn dhistrik ing Bawang lan kamantrèn dhistrik ing Jêkawal padha karucat, dene bawahe kamantrèn dhistrik ing Bawang kang sawatara katunggalake dadi bawahe kadhistrikan ing Gêsi, bawah kamantrèn dhistrik ing Jêkawal kang sawatara katunggalake dadi bawahe kamantrèn dhistrik ing Jênar, dene turahane bawah kamantrèn dhistrik ing Bawang lan turahane bawah kamantrèn dhistrik ing Jêkawal mau padha kabawah kamantrèn dhistrik anyar manggon ing Ngrămba.

Na. Tumrap kabupatèn pulisi kutha Surakarta.

1. Kamantrèn dhistrik ing Bêkonan, karucat, bawahe kang sisih wetan, kagolongake dadi bawah kamantrèn dhistrik ing Jumog, kang sisih kulon, kagolongake dadi bawah kamantrèn dhistrik ing Maja, nanging bawah kamantrèn dhistrik ing Maja kang sakuloning bangawan kagolongake dadi bawah kadhistrikan ing Grogol.

--- 6 : 42 ---

4. Kamantren distrikt Djambéan, di roetjat, bawahnja temasoekken djadi bawah Kamantren distrikt Sambiredjo.

5. Kamantren distrikt Kranggan, di roetjat, bawahnja temasoekken djadi bawah distrikt Gemolong.

6. Kamantren distrikt Bawang, serta Kamantren distrikt Djekawal, sama di roetjat, adapoen bawahnja Kamantren distrikt di Bawang jang sawatara di koempoelken djadi bawah distrikt Gesi, bawah Kamantren distrikt Djekawal jang sawatara di koempoelken djadi bawah Kamantren distrikt Djenar, adapoen lebihanja bawah Kamantren distrikt Bawang dan lebihanja bawah Kamantren distrikt Djekawal itoe sama di bawahken olih Kamantren distrikt baroe ada di Ngrombo.

b. Boewat Kaboepaten Politie Kota Soerakarta.

1. Kamantren distrikt Bekonan, di roetjat, bawahnja jang sabelah wetan temasoekken djadi bawah Kamantren distrikt Djoemog, jang sabelah koelon temasoekken djadi bawah Kamantren distrikt Modjo, tetapi bawah Kamantren distrikt Modjo jang sabelah koelonnja Bangawan temasoekken djadi bawah distrikt Grogol.

2. Bawah distrikt Grogol jang sabelah koelon, antaranja Onderneming Baron, di bawahken oleh Kamantren distrikt baroe ada di Ngronggah.

--- 6 : 43 ---

2. Bawahe kadhistrikan ing Grogol kang sisih kulon antarane Kabudidayan ing Baron, kabawah kamantrèn dhistrik anyar manggon ing Ngronggah.

Ca. Tumrape kabupatèn pulisi Sukaharja.

Kamantrèn dhsitrik ing Kêdhunggudèl, karucat, bawahe kagolongake dadi bawah kamantrèn dhistrik ing Bangsri.

Mungguh tumindake layang undhang-undhang manira iki kalawan lumaku, manawa kamantrèn dhistrik mau ana kalowongan banjur katata anêtêpi layang undhang-undhang iki.

Iku sarupane uwong padha sumurupa, sarta abdi dalêm bupati pulisi nagara bupati pulisi Sragèn lan kaliwon pulisi ing Sukaharja padha angèstokna kalakone.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 7 sasi Jumadilakir taun Je, ăngka: 1820. Utawa kaping 2 Oktober 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 44 ---

c. Boeat Kaboepaten Politi Soekohardjo, Kamantren distrikt di Kedoenggoedel, di roetjat, bawahnja temasoekken djadi bawah Kamantren distrikt di Bangsri.

Adapoen kadjalannanja soerat Oendang-Oendang ini, dengen berdjalan, djikaloe Kamantren distrikt itoe ada jang lowong lantas di atoer meneteppi ini Oendang-Oendang.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe, soerat Boepati Politie Negri, Boepati Politie Sragen dan kaliwon Politie Soekohardjo soepaja menoeroet kadjalannanja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 7 boelan Djoemadilakir taoen Dje 1830, atawa ari 2 October 1900.

--- 6 : 45 ---

Ăngka 170

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahan lawasing paukuman bêkêl utawa wong cilik, kang kasêbut bab kaping: 5, ing layang pranatan manira katiti masan kaping 14 sasi Ruwah taun Wawu, 1825, utawa kaping 30 Januwari 1896, ăngka 116, kang muni sêsasi tutug têlung sasi kaowahan: lawas-lawase têlung sasi.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angestokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping: 4 sasi Ruwah ing taun Je, 1820, utawa kaping 27 Nopèmbêr 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 46 ---

No. 170

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken perobahan lamanja hoekoeman boeat Bekel atawa orang ketjil, jang terseboet fatsal 5 di mana Kita poenja soerat Pranatan tertoelis pada ari 14 boelan Roewah taoen Wawoe 1825 atawa ari 30 Januari 1896. No. 116, jang berboenji satoe boelan sampe tiga boelan di perobah: lama lamanja tiga boelan.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe dan menoeroet saperloenja.

Djatoehnja Pranatan pada ari 4 boelan Roewah taoen Djé 1830 atawa ari 27 November 1900.

--- 6 : 47 ---

Ăngka 171

Undhang- undhang.

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Ăpisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake wuwuhane watêse kampung Cina lawas kang sisih lor kaya layang undhang-undhang manira katiti masan kaping: 29 Bêsar Wawu, 1825, utawa kaping 11 Juni, 1896, ăngka 121. Kang sakiduling lurung Marakèrkop kaêlar mangetan tutug pungkasaning pomahan hèigêndhom, kang mawa ăngka, pêrpondhêng: 347, saka pinggire wetan pomahan mau mangidul urut pinggire pomahan heigêndhom kang mawa ăngka pêrpondhêng: 350, 387, 433, 434, sarta ăngka: 329, tumêka lurung ing Mêsèn (Jagawigunan).

Layang undhang-undhang manira iki kawratakake sarta katèmplèkake ana ing panggonan kang parlu, supaya aja ana

--- 6 : 48 - --

kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 20 sasi Ruwah taun Je, ăngka: 1830, utawa kaping 13 Dhesèmbêr 1900.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 49 ---

No. 171.

Oendang-Oendang.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken tambahan batesnja Kampoeng tjina lama jang sabelah lor saperti Kita poenja soerat Oendang-Oendang tertoelis pada ari 29 Besar Wawoe 1825, atawa ari 11 Juni 1896 No. 121 jang sabelah kidoelnja djalan ka kerkhof di lebarken mangetan sampe pengabisannja erf eigendom, jang pake nommer verponding 347, dari tepinja sabelah wetan itoe erf mangidoel oeroet tepinja erf eigendom jang pake nommer verponding 350 387, 433 434. serta no. 329. sampe djalan di Mesèn (Djogowigoenan).

Ini soerat Oendang Oendang di tersiarken serta di taroek ada di mana tempat jang perloe, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang Oendang pada ari 20 boelan Roewah taoen Dje 1830. atawa ari 13 December 1900.

--- 6 : 50 ---

Ăngka 172

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake wuwuhane layang pranatan katiti masan kaping: 5 Rêjêb Alip, 1819, utawa kaping: 25 Pebruari, 1890 ăngka 8 kaya ing ngisor iki.

Sarupane kang padha gugat-ginugat prakara para padu, manawa ditimbali seba ing pangadilan dalêm kang nindakake prakarane, bakal kapriksa utawa didhawuhi karampungan prakarane, sawuse kadhawuhake măngka tumêka dina kang wus katamtokake ora seba, tanpa katrangan utawa ora mawa sabab kang pantês, wus katamtokake manèh nganti rambah kaping têlu mêksa ora seba, uga tanpa katrangan sabab kang pantês orane bisa seba, iku tumrape kang anggugat, prakarane bakal kaebrakake, lan [la...]

--- 6 : 51 ---

[...n]

No. 172.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken tambahanja soerat Pranatan tertanda ari 5 Redjeb Alip 1819, atawa ari 25 Februari 1890 No. 8 saperti di bawah ini.

Sagala jang sama goegat ginoegat perkara civiel djikaloe di panggil mengadep di Pangadilanja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan jang mendjalanken prakaranja, hendak di priksa atawa di bri karampoengan prakaranja, sasoedahnja di prentahken, manka sampeinja ari jang soedah di temtoeken tiada mengadep, tiada pake katrangan atawa tiada pake sebab jang pantes, soedah di temtoeken lagi sampei tiga kali djoega tiada mengadep dan djoega tiada pake katrangan atawa tiada pake sebab jang pantes tiada mengadep, toe boeat jang menggoegat prakaranja hendak di bikin hebrâ, dan tiada boleh minta koembalinja oewang onkosnja prakara, tetapi boleh mengatoerken goegat lagi serta pake bajar oewang onkosnja prakara. Adapoen boeat jang di goegat, hendak lantas di temtoeken

--- 6 : 52 ---

ora wênang nyuwun baline dhuwit waragading prakara, ananging kêna angladèkake atur gugat manèh, sarta mawa anglakokake dhuwit waragading prakara, dene tumrape kang kagugat, bakal banjur katêtêpake sagugat, samono mau manawa panêmune pangadilan kang nindakake panggugate wus nganggêp bênêr.

Iku sarupane uwong padha sumurupa sarta angestokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping: 17 sasi Pasa taun Je, ăngka: 1830. Utawa kaping: 8 Januwari 1901.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 53 ---

sabagi mana goegatnja, bagitoe itoe djikaloe pendapatannja Pangadilan jang mendjalanken goegatnja soedah menganggep betoel.

Dari pada itoe segala orang soepaja sama taoe serta menoeroet saperloenja.

Djatoehnja pranatan pada ari 17 boelan Poeasa taoen Djé 1830, atawa ari 8 Januari 1901.

--- 6 : 54 ---

Ăngka 173

Undhang-undhang.

Têrang ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

...[8] Besuk sajrone sasi Bêsar taun Je, 1830 iki, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, karsa amikramakake putra sarta putri dalêm, mawa makajangan kaya adat putra dalêm kang pambajêng, iku sarupane kang padha duwe gêgadhuhan bumi desa kalilane anjaluk pasumbang marang bêkêle sarta marang tuwan-tuwan kang majêgi bumi gêgadhuhane, mung kang piyagême utawa prajangjiyane muni nganggo ngladèkake pasumbang, liyane iku ora kalilan, sanajan saka karèrèyane kasurupake panjurung sapêpadhane kang magêpokan gone makajangan utawa kang magêpokan pakurmatan mau uga ora kalilan.

2. Manawa ana abdi dalêm kang kabênêr olèh pasumbang, iku banjur kapatêdhakake minăngka ganjaran dalêm, marang kang padha duwe gêgadhuhan bumi mau, sarta sarupane abdi dalêm kalilan [ka...]

--- 6 : 55 ---

[...lilan]

No. 173.

Oendang-Oendang

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken saperti di bawah ini.

Besoek di dalem boelan Besar taoen Dje 1830, ini, Srie Padoeka Toean Soesoehoenan hendak mengawinken poetra dan poetrinja. Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, pake Makadjangan saperti biasa poetranja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan jang paling toewa Segala jang poenja gadoehan tanah desa jang boleh minta pasoembang pada bêkêlnja dan pada toean-toean jang madjegi tanah gadoehannja tjoemah jang pijagêmnja atawa pradjandjiannja beboenji pake bajar pasoembang, lainnja dari itoe tida boleh, maskipoen dari karereannja di namaken pandjoeroeng sasamanja jang termasoek perloe bolehnja Makadjangan atawa jang termasoek perloenja pakoermatan itoe djoega tiada boleh.

2. Djikaloe ada hamba Srie Padoeka Toean Soesoehoenan jang betoelnja dapet pasoembang, itoe lantas di briken boeat gandjarannja [gandjarann...]

--- 6 : 56 ---

[...ja]

ora angladèkake pasumbang konjuk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kajaba abdi dalêm pamajêgan pangrêmbe sapêpadhane, kang piyagême muni mawa angladèkake pasumbang.

3. Amatêdhani palimarma, ora mawa nindakake bau marang kawula dalêm ing desa pêrlu ambaoni abdi dalêm kang padha nyăngga gawe ing karaton sapêpadhane, kang kaaranan gugur gunung, kaya kang wus dadi adating karaton dalêm manawa amikramakake utawa nyupitake sapêpadhane kang mawa makajangan. Mung bakal ngagêm bau saka kagungan dalêm bumi desa pangrêmbe sapêpadhane, manawa kurange nagara bakal mundhut bau marang abdi dalêm kang padha anggadhuh kagungan dalêm bumi desa, ora mêtu utawa ora magêpokan abdi dalêm pulisi kang ambawahake.

Manawa ana kang ora ngestokake undhang-undhang iki bakal kapatrapan utawa kaundur saka kalungguhane.

Layang undhang- undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta para pulisi, supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

--- 6 : 57 ---

Srie Padoeka Toean Soesoehoenan pada jang sama poenja gadoehan tanah desa itoe, serta sagala hamba Srie Padoeka Toean Soesoehoenan boleh tiada menghoendjoekken pasoembang terhoendjoek Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, lainnja prijaji pamadjegan pangrêmbe sasamanja jang pijagêmnja beboenji pake menghoendjoekken pasoembang.

3. Membri blas kasian, tiada pake mendjalanken bahoe desa perloe bekerdja toeroet hamba Srie Padoeka Toean Soesoehoenan jang sama angkat kerdja di Kraton sasamanja, jang di namaken Goegoer goenoeng, saperti jang soedah djadi adatnja Kraton djikaloe mengawinken atawa menjoepitken sasamanja jang pake Makadjangan, tjoemah hendak pake bahoe dari Srie Padoeka Toean Soesoehoenan ampoenja tanah desa pangrêmbé sasamanja, djikaloe ada koerangnja negri hendak ambil bahoe dari hamba Srie Padoeka Toean Soesoehoenan jang sama menggadoeh tanah desa, tiada kloewar dan tiada bersangkoetan politie jang membawahken.

Djikaloe ada jang tiada menoeroet ini Oendang Oendang hedak[9] di hoekoem atawa di boekak dari kadoedoekannja.

Ini soerat Oendang-Oendang di briken kapada sakalian pambesar serta sagala politie, soepaja lantas di tersiarken pada bawah prentahnja [pren...]

--- 6 : 58 ---

[...tahnja]

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 18 Pasa Je, 1830, utawa kaping 9 Januari, 1901.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 59 ---

sendiri sendiri, serta di taroeh ada di mana tempat saperloenja soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang Oendang pada ari 18 Poeasa Dje 1830 atawa ari 9 Januari 1901.

--- 6 : 60 ---

Ăngka 174

Undhang-undhang.

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, aparing sumurup marang sarupane kawula dalêm ing Surakarta, besuk kramane putra sarta putri dalêm sajrone sasi Bêsar Je, 1830 iki, sarupane uwong padha kalilan dodolan sarta gawe tontonan sapanunggalane ana ing kagungan dalêm alun-alun lor, mawa ngêdêgake bango kaya manawa nuju unine kagungan dalêm gamêlan sakatèn ing sasi Mulud, kalilane wiwit dodolan utawa ambukak tontonan mau besuk ing dina Sabtu esuk, tanggal kaping: 16 Bêsar, utawa kaping: 6 April 1901, bubarane ing dina Salasa esuk tanggal kaping: 26 Bêsar utawa kaping: 16 April, dadi ing dalêm sapuluh dina sapuluh wêngi. Mungguh laku-lakune panyuwun lilah ngêdêgake bango mau uga kaya manawa ngêdêgake bango

--- 6 : 61 ---

No. 174.

Oendang- Oendang.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiniengrat, Officier der Orde van Oranje Nassau Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, kasieh bertaoe pada sagala orang hambanja Sri Padoeka di Soerakarta, besoek kawinnja poetra dan poetrinja Sripadoeka Toean Soesoehoenan di dalem boelan Besar taoen Djè 1830 ini, sagala orang boleh sama djoewalan serta bikin tontonan sabageinja ada di Aloen-Aloen lor, pake berdiriken bango saperti djikaloe waktoe boenjinja Sri Padoeka ampoenja gamelan Sekaten boelan Moeloed, bolehnja moelai djoewalan atawa pemboekaknja tontonan tadi besoek ari Saptoe pagi tanggal 16 Besar, atawa ari 6 April 1901 pengabisanja pada ari Slasa pagi tanggal 26 Besar, atawa ari 16 April, djadi di dalem sapoeloeh ari sapoeloeh malem. Adapoen djalannja minta idin bediriken itoe bango, djoega saperti djikaloe berdiriken bango waktoe boenjinja Sri Padoeka ampoenja gamelan Sekaten

--- 6 : 62 ---

nuju unine kagungan dalêm gamêlan sakatèn ing sasi Mulud, pambagene papan sarta kalilane wiwit ngêdêgake bango ana ing dina Sênèn tanggal kaping: 11 Bêsar, utawa kaping: 1 April.

Iku sarupaning panggêdhe lan para pulisi padha anglumrahake marang wêwêngkone dhewe-dhewe kang warata, supaya sarupane uwong padha sumurup.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 9 sasi Dulkangidah ing taun Je, ăngka: 1830. Utawa kaping 28 Pebruari, 1901.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 63 ---

boelan Moeloed, pembaginja papan serta bolehnja moelai berdiriken bango, pada ari Senen tanggal 11 Besar atawa ari 1 April.

Dari pada itoe sagala pambesar dan sagala polisi soepaja sama tersiarken pada wawengkonnja sendiri sendiri jang rata, soepaja segala orang sama taoe.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 9 boelan Doelkangidah taoen Dje 1830. Atawa ari 28 Februari 1901.

--- 6 : 64 ---

Ăngka 175

Undhang-undhang.

Têrang kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, aparing wêruh marang sarupane wong, kaya ing ngisor iki.

1. Ing dina Sênèn tanggal kaping: 18 Bêsar taun Je, 1830, utawa kaping: 8 April, 1901, lêbune kagungan dalêm lamaran, saka kapatiyan konjuk ing kadhaton, iku wiwit jam: 9 esuk, ing lurung sangarêp kapatiyan, ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, kênane yèn wus rampung lakune lamaran dalah kang angiringake, samono iku anjaba wong kang padha nyăngga gawe bakal andhèrèkake lakune lamaran, mangkono manèh wiwit ing lurung Warung Pêlêm mangidul tumêka ngarêp paresidhènan, mangidul tumêka galadhag, apa dene ing kagungan dalêm alun-alun lor sarta sakiwa têngêne pagêlaran, sitinggil, sarta sajrone [sa...]

--- 6 : 65 ---

[...jrone]

175.

Oendang Oendang

Terang Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, membri taoe panggêdhening dhistrik sagala orang saperti di bawah ini.

1. Pada ari Sénen tanggal 18 boelan besar taoen Djé 1830 atawa tanggal 8 April 1901 masoeknja Lamaran dari Kapatian terhoendjoek di Kadaton, moelai poekoel 9 pagi, di djalan besar moeka Kapatian, di larang tiada boleh orang mendjalanken koeda, kreta, bendi dan grobak sasamanja, djikaloe soedah rampoeng djalanja llamaran dengen jang toeroet itoe samoewa boleh djalan saperti biasa, itoe jang di larang terseboet di atas lainnja jang sama angkat kerdja hendak toeroet djalanja Lamaran. Bagitoe djoega moelai di mana djalan Waroengpelem mengidoel sampei di moeka Residentie, teroes di Gladak, apa lagi di Aloen Aloen lor dan kanan kirinja Pagelaran, Sitinggil serta di Kamandoengan, di dalem waktoe berdjalannja Lamaran dengen jang toeroet, di larang tiada boleh orang mendjalanken

--- 6 : 66 ---

palataran Kamandhungan, sajrone lamaran dalah kang ngiringake lumaku ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, anjaba kang padha anyăngga gawe lakune lamaran, sanajan mung nugêl dalan iya ora kalilan.

2. Ing dina Rêbo tanggal kaping: 20 Bêsar taun Je, 1830, utawa kaping: 10 April 1901, dhaubing pangantèn, iku wiwit jam 4 sore, sajrone palataran Kamandhungan, sakiwa têngêne sitinggil sarta pagêlaran, sajrone kagungan dalêm alun-alun lor, ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, kênane yèn wus rampung lakune pangantèn dalah kang ngiringake, anjaba kang padha nyăngga gawe dhaubing pangantèn, mangkono manèh wiwit ing galadhag mangalor tumêka ngarêp paresidhènan, paresidhènan tumêka ing Warung Pêlêm, mangalor tumêka sangarêp kapatiyan, sajrone pangantèn dalah kang angiringake lumaku, ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, anjaba kang padha nyăngga gawe dhaubing pangantèn, sanajan mung nugêl dalan iya ora kalilan.

3. Ing dina Sênèn tanggal kaping 25 Bêsar taun Je, 1830,

--- 6 : 67 ---

koeda, kreta, bendi dan grobak sasamanja, lainnja jang sama angkat kerdja djalanja Lamaran, maskipoen tjoema berpotong djalan itoe di larang djoega,

2. Pada ari Rebo tanggal 20 boelan Besar taoen Djé 1830, atawa tanggal 10 April 1901 temoenja Panganten, moelai poekoel 4 sore di kamandoengan di kanan kirinja Sitinggil serta di Pagelaran, di dalem Aloen-Aloen lor, di larang tiada boleh orang mendjalanken koeda, kreta, bendi dan grobak sasamanja, djikaloe soedah rampoeng djalanja Panganten dengen jang toeroet itoe samoea boleh djalan saperti biasa, lainja jang sama angkat kerdja temoenja Panganten, bagitoe djoega moelai di Gladak mengalor sampei moeka Residentie, dan Residentie sampei di Waroengpelem, mengoelon sampei di moeka Kapatian, di dalem waktoe berdjalanja Panganten dengen jang toeroet, tiada boleh orang mendjalanken koeda, kreta, bendi dan grobak sasamanja, lainja jang sama angkat kerdja temoenja Panganten, maskipoen tjoema berpotong djalan djoega tiada boleh.

3. Pada ari Senen tanggal 25 boelan Besar taoen Djé 1830 atawa tanggal 15 April 1901 anem arinja Panganten moelai poekoel 9 pagi di djalan moeka Kapatian di larang tiada boleh orang mendjalanken koeda, kreta, bendi dan grobak sasamanja, djikaloe

--- 6 : 68 ---

utawa kaping 15 April 1901, sapasare pangantèn, wiwit jam 9 esuk, ing lurung sangarêp kapatiyan, ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, kênane yèn wus rampung lakune pangantèn dalah kang angiringake, mangkono manèh wiwit ing Warung Pêlêm mangidul, tumêka ngarêp paresidhènan, mangidul tumêka galadhag, apa dene ing kagungan dalêm alun-alun lor, sakiwa têngêne pagêlaran, sitinggil, sarta sajrone palataran Kamandhungan, sajrone pangantèn dalah kang angiringake lumaku, ora kalilan wong anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, anjaba kang padha nyăngga gawe sapasare pangantèn, kabèh mau sajan[10] mung nugêl dalan iya ora kalilan.

Manawa ana kang wani-wani ora angèstokake, bakal kaandhêg sarta kaanggêp anêrak parentah utawa kapatrapan saprêlune wong nêrak parentah.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 11 Bêsar taun Je 1830, utawa kaping 1 April 1901.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

- -- 6 : 69 ---

soedah rampoeng djalanja Panganten dengen jang toeroet itoe baroe boleh djalan, bagitoe djoega moelai di Waroengpelem mangidoel sampei moeka Residentie teroes sampei di Galadak, dan lagi di Aloen-Aloen lor, di kanan kirinja Pagelaran dan Sitinggil serta di Kamandoengan, di dalem wektoe berdjalanja Panganten dengen jang toeroet, di larang tiada boleh orang mendjalanken koeda, kreta, bendi dan grobak sasamanja lainnja jang sama angkat kerdja anem arinja Panganten samoea itoe maskipoen tjoema berpotong djalan, djoega tiada boleh.

Djikaloe ada jang brani tiada menoeroet, hendak di brentiken dan di hanggep melanggar prentah atawa di bri hoekoem sebagei orang melanggar prentah.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 11 Besar taoen Djé 1830 atawa ari 1 April 1901.

--- 6 : 70 ---

Ăngka 176

Undhang- undhang.

Kangjêng Radèn Adipati ing Surakarta, aparing wêruh marang kang padha anonton makajangan sarta tontonan sapanunggalane ana ing kagungan dalêm alun-alun, wiwit ing dina Sabtu tanggal kaping: 16 Bêsar Je: 1830, utawa kaping: 6 April 1901, nganti dina Sênèn tanggal kaping: 25 Bêsar utawa kaping: 15 April, padha ora kêna anyuwara kang ora sapantêse, lan manganggo kang ing Surakarta ora angênakake, apa dene salah pratingkah kang ora prayoga katon ing ngakèh, mangkono manèh sadhengaha wonge ora kêna nunggang jaran utawa kareta sapêpadhane lumêbu ing alun-alun dalêm, kajaba putra santana dalêm lan para tuwan, manawa ana kang wani-wani anêrak pêpacak mau, kaewakake agawe suda têntrêming ngakèh, utawa digsura pratingkahe ana ing alun-alun dalêm, bakal kacêkêl ing pulisi, kaladèkake ing parentah.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping: 16 sasi Bêsar taun Je, ăngka: 1830, utawa kaping: 6 April 1901.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 71 ---

No 176.

Oendang- Oendang

Kangdjêng Radèn Adipati di Soorakarta[11] membri taoe kapada jang sama liat Makadjangan serta tontonan sasamanja ada di Aloen-Aloen, moelai ari Saptoe tanggal 16 Besar Djé 1830 atawa tanggal 6 April 1901 sampe ari Sênèn tanggal 25 Besar, atawa tanggal 15 April, tiada boléh boekak soewara lebih dari misti, atawa berpaké jang djadi larangan, apa lagi bertingkah jang tiada pantes kaliatan oléh orang banjak, bagitoe djoega orang tiada boléh naek kréta atawa koeda sasamanja masoek di Aloen- Aloen, melingken Sripadoeka ampoenja poetra santono dan toewan-toewan olanda, kaloek ada jang brani langgar ini oendang-oendang di anggep bikin koerang tentremnja orang banjak atawa sengadja bikin koerang adat njang[12] pantes ada di dalem Aloen-Aloen, bakal di tangkep oléh polici di atoerken pada parentah.

Djatoehnja oendang oendang ari 16 boelan Besar taoen Dje 1830 atawa ari 6 April 1901.

--- 6 : 72 ---

Ăngka 177

Undhang-undhang.

Têrang kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ondhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane wong kang padha anyewakake kareta, ing waktu pasamuwan balapan, wiwit tanggal kaping 3 tumêka kaping 6 Mèi 1901 iki, ora manira lilani angundhakake pasewane luwih saka kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Kareta jaran loro bangku siji,

Sajam sarupiyah, yèn kurang sajam kaitung sajam, karo têngah jam ... kare têngah rupiyah, Rong jam ... rong rupiyah, têlu têngah jam ... têlu têngah rupiyah, têlung jam ... têlung rupiyah, patang jam ... patang rupiyah.

Yèn mênyang ing balapan dalah ulihe, ... rong rupiyah.

Kareta jaran loro bangku loro.

--- 6 : 73 ---

No. 177.

Oendang-Oendang.

Terang Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken seperti di bawah ini:

Segala orang jang sama menjewaken kreta, pada waktoe pasamoewan Balapan moelai tanggal 3 sampei tanggal 6 Mei 1901 ini, tiada boleh bikin naék pasewanja lebih dari jang terseboet di bawah ini:

Kreta rakitan koeda doea bangkoe satoe Satoe djam ... f 1,-

di bawah satoe djam di itoeng saperti satoe djam, Satoe satengah djam ... f 1.50, Doea djam ... f 2,-, Doea satengah djam ... f 2.50, Tiga djam ... f 3,-, Ampat djam ... f 4,-, Djikaloe boeat bawa katempat Balapan dengen poelangnja ... f 2,-, Kreta rakitan koeda doea bangkoe doea, satoe djam ... f 1,50, di bawah satoe djam di itoeoeng saperti satoe djam., Satoe satengah djam ... f 2,00

--- 6 : 74 ---

Sajam ... karo têngah rupiyah, yèn kurang saka sajam, kaitung sajam, karo têngah jam ... rong rupiyah salawe sèn, rong jam ... têlung rupiyah, têlung jam ... kalima têngah rupiyah, patang jam ... nêm rupiyah,

Yèn mênyang balapan dalah ulihe ... têlung rupiyah.

Dene tumrape kareta kang lumrahe diarani andhong iku pasewane: yèn ngêmot wong loro lumaku marang balapan, sèkêt sèn, ulihe saka balapan, sèkêt sèn, yèn luwih saka wong loro tumêkane wong lima, lumaku marang balapan, pitung puluh lima sèn, ulihe saka balapan, pitung puluh lima sèn.

Manawa kang anyewakake kareta lan jaran mau ora angèstokake pêpacake layang undhang-undhang iki, bakal sarta kapatrapan dhêndha akèh-akèhe, 10, sapuluh rupiyah, utawa nyambut gawe paksan, diparingi pangan tanpa bayaran, lawase 14, pat bêlas dina.

Layang undhang-undhang iki kaparingake para panggêdhe sarta para pulisi supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone

--- 6 : 75 ---

Doea djam ... f 3,-, tiga djam ... f 4,50, ampat djam ... f 6,-

Djikaloe boeat bawa katempat Balapan dengen poelangnja ... f 3,-

Adapoen kreta jang biasanja dibilang Andong, itoe pasewanja:

Djikaloe moeat orang doea berdjalan ka Balapan ... f 0,50

Kombalinja[13] dari Balapan ... f0,50

Djikaloe lebih dari orang doea sampei orang lima berdjalan ka Balapan ... f 0,75

Koembalinja dari Balapan ... f 0,75

Djikaloe jang menjewaken kreta dan koeda tiada menoeroet papatjaknja ini Oendang-Oendang hendak di klacht serta di denda banjak-banjaknja f 10. sapoeloeh roepiah, atawa di oekoem bekerdja paksa, di bri makan tiada pake bajaran, lama-lamanja 14 ampat belas ari.

Ini soerat Oendang-Oendang di briken kapada sekalian pambesar serta sagala Politie soepaja lantas tersiarken pada bawah perentahnja sendiri-sendiri, serta di taroeh di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boeninja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 6 boelan Soero taoen Dal 1831 atawa ari 26 April 1901.

--- 6 : 76 ---

dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 6 sasi Sura taun Dal, 1831, utawa kaping 26 April, 1901.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 77 ---

Ăngka 178

Undhang-undhang.

Têrang kaparênging karsa dalêm, ingkang susuhuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan Residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhè Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahan sarta wuwuhane layang undhang-undhang manira katiti masan kaping: 19 Rabungilakir Wawu, 1825, utawa kaping, 9 Oktobêr 1895, ăngka,111, sarta kaping, 7 Jumadilakir Je, 1830. Utawa kaping, 2 Oktobêr, 1900, ăngka, 169, kaya ing ngisor iki.

Bumi desa pasrahan saka kadipatèn Mangkunagaran, kang padha ana salore kali Gendha utawa kali Cêmara, sarta bumi desa bawahe kadhistrikan ing Kaliyasa, uga kang padha ana salore kali Gendha utawa kali Cêmara mau, apa dene bumi desa bawahe kadhistrikan ing Gemolong sawatara kang sisih kidul, saiki padha kabawah kamantrèn dhistrik anyar manggon ing Kalijambe.

Iku sarupane uwong padha sumurupa, sarta abdi dalêm bupati [bu...]

--- 6 : 78 ---

[...pati]

No. 178.

Oendang = Oendang.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, moefakat dengen

Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken perobahan serta tambahannja kita poenja soerat Oendang-Oendang tertanda ari 19 Rabingoelakir Wawoe 1825, atawa ari 9 October 1895 No. 111, serta pada ari 7 Djoemadilakir Djé 1830 atawa ari 2 October 1900 No. 169, saperti di bawah ini:

Tanah desa jang di srahkan dari Kadipaten Mangkoenagaran jang sama ada sabelah lor Kali Géndo atawa kali Tjemoro, serta tanah desa bawah distrikt Kalioso djoega jang sama ada sabelah lor Kali Géndo atawa Kali Tjemoro itoe, dan lagi tanah desa bawahnja Distrikt Gemolong saantara g sabelah kidoel, sekarang sama terbawah Kamantren Distrikt baroe tinggal di kali Djambé.

Dari pada itoe segala orang soepaja sama taoe, serta Boepati politie Negri dan Boepati politie Sragen soepaja menoeroetken kedjalanannja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 1 boelan Soero taoen Bè 1832 atawa ari 23 April 1902.

--- 6 : 79 ---

pulisi nagara lan ing Sragèn padha angèstokna kalakone.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping, 14 sasi Sura taun Be, ăngka, 1832, utawa kaping, 23 April 1902.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 80 ---

Ăngka 179

Undhang-undhang.

Têrang kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane wong kang padha anyewakake kareta, ing waktu pasamuwan balapan, wiwit tanggal kaping: 9 tumêka kaping: 12 Mei, 1902, iki, ora manira lilani angundhakake pasewane luwih saka kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Kareta jaran loro bangku siji.

Sajam, ... sarupiyah, yèn kurang sajam kaitung sajam, karo têngah jam ... karo têngah rupiyah, rong jam ... rong rupiyah, têlu têngah jam ... têlu têngah rupiyah, têlung jam ... têlung rupiyah, patang jam ... patang rupiyah,

Yèn mênyang ing balapan dalah ulihe, ... rong rupiyah.

Kareta jaran loro bangku loro.

--- 6 : 81 ---

No. 179.

Oendang = Oendang.

Terang Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiniengrat, memrentahken seperti di bawah ini:

Segala orang jang sama menjewaken kreta, pada waktoe pasamoewan Balapan moelai tanggal 9 sampei tanggal 12 Mei 1902 ini, tiada boleh bikin naék pasewanja lebih dari jang terseboet di bawah ini:

Kreta rakitan koeda doea bangkoe satoe Satoe djam ... f 1,- di bawah satoe djam di itoeng saperti satoe djam.

Satoe satengah djam ... f 1.50, doea djam ... f 2,-, doea satengah djam ... f 2.50, tiga djam ... f 3,-, ampat djam ... f 4,- .

Djikaloe boeat bawa katempat Balapan dengen poelangnja ... f 2,-

Kreta rakitan koeda doea bangkoe doea, satoe djam ... f 1,50

di bawah satoe djam di itoeng saperti satoe djam.

Satoe satengah djam ... f 2,50

--- 6 : 82 ---

Sajam ... karo têngah rupiyah, yèn kurang saka sajam kaitung sajam, karo têngah jam ... rong rupiyah salawe sèn, rong jam ... têlung rupiyah, têlung jam ... kalima têngah rupiyah, patang jam ... nêm rupiyah.

Yèn mênyang ing balapan dalah ulihe, ... têlung rupiyah.

Dene tumrape kareta kang lumrahe diarani andhong iku pasewane: yèn ngêmot wong loro lumaku marang balapan, sèkêt sèn, ulihe saka balapan, sèkêt sèn, yèn luwih saka wong loro tumêkane wong lima, lumaku marang balapan, pitung puluh lima sèn, ulihe saka balapan, pitung puluh lima sèn.

Manawa kang anyewakake kareta lan jaran mau ora angèstokake pêpacake layang undhang-undhang iki, bakal kasêrêg sarta kapatrapan dhêndha akèh-akèhe, 10, sapuluh rupiyah, utawa nyambut gawe paksan, diparingi pangan tanpa bayaran, lawas-lawase, 14, patbêlas dina.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta para pulisi supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone

--- 6 : 83 ---

Doea djam ... f 3,-, tiga djam ... f 4,50, Ampat djam ... f 6,-

Djikaloe boeat bawa katempat Balapan dengen poelangnja ... f 3,-

Adapoen kreta jang biasanja dibilang Andong, itoe pasewanja:

djikaloe moeat orang doea berdjalan ka Balapan ... f 0,50, kombalinja[14]

dari Balapan ... f 0,50, djikaloe lebih dari orang doea sampei orang lima berdjalan ka Balapan ... f 0,75, koembalinja dari Balapan ... f 0,75

Djikaloe jang menjewaken kreta dan koeda tiada menoeroet papatjaknja ini Oendang-Oendang hendak di klacht serta di denda banjak-banjaknja f 10. sapoeloeh roepiah, atawa di oekoem bekerdja paksa, di bri makan tiada pake bajaran, lama-lamanja 14 ampat belas ari.

Ini soerat Oendang-Oendang di briken kapada sekalian pambesar serta sagala Politie soepaja lantas tersiarken pada bawah perentahnja sendiri-sendiri, serta di taroeh di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boeninja.

Djatoehnja Oendang- Oendang pada ari 21 boelan Soero taoen Be 1832 atawa ari 30 April 1902.

--- 6 : 84 ---

dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana ing panggonan saparlune.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 21 sasi Sura taun Be 1832, utawa kaping, 30 April 1902.

Kangjêng RadènAdipati Sasradiningrat.

--- 6 : 85 ---

Ăngka 180

Undhang-undhang.

Têrang kaparênging karsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse kagungan dalêm bumi desa lironan lan bumi desa bawah kadipatèn Mangkunagaran, andhawuhake owah-owahan saha wuwuhane layang undhang-undhang manira katiti masan kaping: 19 Rabingulakir Wawu 1825, utawa kaping: 9 Oktobêr: 1895: ăngka: 111, kaping: 7 Jumadilakir Je: 1830, utawa kaping: 2 Oktobêr 1900: ăngka: 169, sarta kaping: 14 Sura Be: 1832, utawa kaping: 23 April 1902, ăngka: 178: kaya ing ngisor iki.

1. Kadhistrikan ing Jagamasan, dalah kamantrène dhistrik lima: 1 ing Kutukan, 2 Wanakrêsa, 3 Larangan, 4 Talpitu, 5 Karang, bawah kabupatèn pulisi Sragèn, sarta kamantrèn dhistrik ing Kasiyan, bawah kabupatèn pulisi [pu...]

--- 6 : 86 ---

[...lisi]

No 180.

Oendang = Oendang.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Officier der Kroornorde van Siam, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, sasoedahnja Srie Padoeka ampoenja tanah desa toekar menoekar dengen tanah desa bawah Kadipaten Mangkoenagaran, memrentahken perobahannja serta tambahannja kita poenja soerat Oendang-Oendang tertanda ari 19 Rabingoelakir Wawoe 1825 atawa ari 9 October 1895 No. 111, pada ari 7 Djoemadilakir Djé 1830 atawa ari 2 October 1900 No. 169, serta ari 14 Soero Bé 1832 atawa ari 23 April 1902 No. 178, saperti di bawah ini.

1. Bawah Distrikt di Djogomasan dengen Kamantrennja Distrikt lima, 1. di Koetoekan, 2. Wonokerso, 3. Larangan, 4. Talpitoe, 5. Karang. bawah Kaboepaten politie di Sragen, serta Kamantren Distrikt di Kasian bawah Kaboepaten politie di Soekohardja, sama di roetjat, dari sebab tanah desa bawahnja soedah sama djadi bawah Kadipaten Mangkoenagaran.

--- 6 : 87 ---

ing Suharja, padha karucat, amarga ing bumi desa bawahe wus padha dadi bawah kadipatèn Mangkunagaran.

2. Bumi desa pasrahan saka kadipatèn Mangkunagaran, kang padha ana bawah kabupatèn pulisi Bayalali, iku padha kabawah ing kadhistrikan utawa kamantrèn dhistrik kang mêngkoni dununge bumi mau, sarta kadokokan kamantrèn dhistrik anyar manggon ing Singasari.

Bumi desa pasrahan saka kadipatèn Mangkunagaran kang ana ing bawah kabupatèn pulisi Sukaharja, iku padha kabawah ing dhistrikan[15] utawa kamantrèn dhistrik kang mêngkoni dununge bumi mau, sarta kadokokan kamantrèn dhik[16] anyar manggon ing Kêpuh.

Iku sarupaning uwong padha sumurupa, sarta abdi dalêm bupati pulisi Sragèn, lan ing Bayalali, sarta kaliwon pulisi ing Sukaharja padha angestokna kalakone.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 24 sasi Sapar ing taun Be 1832, utawa kaping 2 Juni 1902.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 88 ---

2. Tanah desa jang di srahken dari Kadipaten Mangkoenagaran, jang sama ada bawah Kaboepaten politie Bojolalie, itoe sama terbawah Kadistrikan atawa Kamantren Distrikt jang mengkoe itoe tanah, serta di taroeh Kamantren Distrikt baroe ada di Singosari. Tanah desa jang di srahken dari Kadipaten Mangkoenagaran jang ada di bawah Kaboepaten politie Soekohardjo, itoe sama terbawah di Kadistrikan atawa Kamantren Distrikt jang mengkoe itoe tanah, serta di taroek Kamantren Distrikt baroe ada di Kepoeh.

Dari pada itoe segala orang soepaja sama taoe, serta Boepati politie di Sragen di Bojolali serta Kaliwon politie di Soekohardjo soepaja menoeroetken kadjalanannja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 24 boelan Sapar taoen Bé 1832 atawa ari 2 Juni 1902.

--- 6 : 89 ---

Ăngka 181

Undhang-undhang.

Têrang kaparênging karsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahane layang undhang-undhang manira katiti masan kaping: 19 Rabingulakir Wawu, 1825, utawa kaping: 9 Oktobêr; 1895, ăngka: 111, kaping: 7 Jumadilakir Je, 1830, utawa kaping: 2 Oktobêr 1900: ăngka 169; kaping: 14 Sura Be, 1832; utawa kaping 23 April 1902: ăngka 178, sarta kaping 24 Sapar Be 1832; utawa kaping: 2 Juni 1902 ăngka 180; kaya ing ngisor iki.

Tumrape kabupatèn pulisi Surakarta.

1. Kadhistrikan ing Kaliyasa kaêlih ing desa Sawahan, banjur jênêng kadhistrikan ing Sawahan.

2. Kamantrèn dhistrik ing Ngêmplak, kaêlih ing desa Kêbonagung, banjur jênêng kamantrèn dhistrik ing Kêbonagung, kagolongake [ka...]

--- 6 : 90 ---

[...golongake]

No 181.

Oendang = Oendang.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Officier der Kroornorde van Siam, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken perobahanja soerat oendang-oendang tertanda ari 19 Rabingoelakir Wawoe 1825 atawa ari 9 October 1895 No. 111, ari 14 Djoemadilakir Djé 1830 atawa ari 2 October 1900 No. 169, ari 14 Soero, ari 14 Soero Bé 1832 atawa ari 23 April 1902 No. 178, serta ari 24 Sapar Bé 1832 atawa ari 2 Juni 1902 No. 180 saperti di bawah ini.

Boeat Kaboepaten politie kota Soerakarta.

1. Kadistrikan Kalioso di pindah ka desa Sawahan, lantas nama Kadistrikan Sawahan.

2. Kamantren distrikt Ngemplak di pindah ka desa Kebonagoeng, lantas nama Kamantren distrikt Kebonagoeng, di masoekken djadi bawah Kadistrikan Sawahan.

3. Kamantren distrikt Bolon di roetjat, bawahnja di masoeken djadi bawah Kamantren distrikt di Kebonagoeng.

--- 6 : 91 ---

dadi bawah kadhistrikan Sawahan.

3. Kamantrèn dhistrik ing Bolon, karucat, bawahe kagolongake dadi bawah kamantrèn dhistrik ing Kêbonagung.

4. Kamantrèn dhistrik ing Selarêja, karucat bawahe kagolongake dadi bawah kadhistrikan Sawahan sarta dadi bawah kamantrèn dhistrik ing Nagasari.

5. Kamantrèn dhistrik ing Kleca, kaêlih ing Pajang, banjur jênêng kamantrèn dhistrik ing Pajang.

6. Kamantrèn dhistrik ing Jumog, kaêlih ing Palur, banjur jênêng kamantrèn dhistrik ing Palur, amarga ing Jumog wus dadi bawah kadipatèn Mangkunagaran.

Tumrape kabupatèn pulisi Bayalali.

1. Kamantrèn dhistrik ing Malambong, karucat, bawahe kagolongake dadi bawah kadhistrikan ing Ngampèl.

2. Kamantrèn dhistrik ing Juwangi kadadèkake kadhistrikan.

3. Kadhistrikan ing Grogol, kadadèkake kamantrèn dhistrik, dununge kaêlih ing desa Wanasagara, lastari jênêng kamantrèn dhistrik ing Grogol.

Iku sarupane uwong padha sumurupa sarta abdi dalêm bupati [bupa...]

--- 6 : 92 ---

[...ti]

4. Kamantren distrikt Seloredjo di roetjat, bawahnja di masoeken djadi bawah Kadistrikan Sawahan serta djadi bawah Kamantren distrikt Nogosari.

5. Kamantren distrikt Kletjo di pindah ka Padjang, lantas nama Kamantren distrikt Padjang.

6. Kamantren distrikt Djoemok di pindah ka Paloer, lantas nama Kamantren distrikt Paloer, sebab di Djoemok soedah djadi bawah kadipaten Mangkoenagaran.

Boeat Kaboepaten policie Bojolali.

1. Kamantren distrikt Malambong di roetjat, bawahnja di masoeken djadi bawah kadistrikan Ngampel.

2. Kamantren distrikt Djoewangi di djadiken Kadistrikan.

3. Kadistrikan Grogol di djadiken Kamantren distrikt, tempatnja di pindah ka desa Wonosagoro teroes bernama Kamantren distrikt Grogol.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe serta Boepati policie Negri dan Bojolali soepaja sama menoeroetken kadjalannanja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 24 boelan Redjeb taoen Bè 1832, atawa ari 27 October 1902.

--- 6 : 93 ---

pulisi nagara lan ing Bayalali padha angestokna kalakone.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 24 sasi Rêjêb taun Be, 1832, utawa kaping 27 Oktobêr 1902.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 94 ---

Ăngka 182

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anggalih pakolèhe para abdi dalêm kang wus lawas pangawulane tumêmên marang wajibe sarta bêcik lalabuhane, ing mêngko kagungan karsa bakal amaringi patêdhan dalêm ganjaran tatêngêr salining payung panganggone para abdi dalêm kang wus kagalih pantês anampani patêdhan dalêm ganjaran mau, sarta sarupane abdi dalêm kang wus kapatêdhan ganjaran payung mau padha kalilan nganggo sasêbutan: Srinugraha, dene sêsilahan sarta undha usuke payung mau kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Kang marang abdi dalêm wadana kaliwon sapêpadhane.

Ganjaran payung ăngka: 1, usuke mawa talacap parada. Tumrap ing sèrèt kang ngisor mandhuwur turut usuk dawane 5/30 bagiyan, saka dawaning usuk, ambane: ½ dim Reinlan, pinggiring kêmbang uga mawa talacap, mangisor cacah 16 dawane 12/30 bagiyan saka [sa...]

--- 6 : 95 ---

[...ka] dawaning usuk, ambane: 1 dim Reilan.

Ganjaran payung ăngka: 2: uga mawa talacap, tumrap sapinggiring kêmbang waru, ukurane lan cacahing talacap, padha lan ganjaran payung ăngka: 1: sèrète ing ngisor sarta kêndhite padha tanpa talacap, amung sadhuwuring sèrèt kang ngisor mawa kêndhit prada ambane 3/60 bagiyan saka dawaning usuk.

Ganjaran payung ăngka:3: talacape mung tumrap pinggiring kêmbang waru, cacah sarta ukurane padha lan ganjaran payung ăngka:1: sarta ăngka:2, dene ing sèrète ora mawa talacap babar pisan, utawa ora mawa kêndhit.

Bab 2

Kang marang abdi dalêm pane[17] mantri sapêpadhane.

Ganjaran payung ăngka: 1, usuke kabèh padha mawa talacap parada, tumrap ing sèrèt kang ngisor mandhuwur turut usuk, dawane 4/30 bagiyan, saka dawaning usuk, ambane: ½ dim Reilan, pinggiring kêndhit kang dhuwur uga mawa talacap mandhuwur turut usuk, dawane 5/30 bagiyan, ambane: ½ dim Reilan, nanging êlêt sausuk, kang sausuk mawa talacap, kang sausuk tanpa talacap, pojoking kêmbang waru mawa talacap maju pat, dawane 8/30

--- 6 : 96 ---

bagiyan, ambane ½ dim Reilan.

Ganjaran payung ăngka: 2, uga mawa talacap tumrap ing sèrèt ngisor lan pojoking kêmbang waru, ukurane padha lan ganjaran payung ăngka: 1, kacèke kêndhit ing têngah tanpa talacap.

Ganjaran payung ăngka: 3, talacape mung tumrap pojoking kêmbang waru, padha lan ganjaran payung ăngka: 2, sadhuwuring sèrèt kang ngisor mawa kêndhit prada, ambane: 3/60 bagiyan, saka dawaning usuk, dene sèrèt ing ngisor dhuwur tanpa talacap babar pisan.

Bab 3

Mungguh payung kang padha kasêbut ing bab: 1 sarta bab: 2, mau cète padha ora owah apa mêsthine dhewe-dhewe, sarta ukurane prada talacap,wêwaton payung kang usuke payung dawane: 30 dim Reilan, manawa suda dawaning usuk, ukurane prada uga suda.

Bab 4

Sarupane abdi dalêm kang wus kapatêdhan ganjaran tatêngêr salining payung mau manawa tinggal donya padha kaparingan lakuning nagara sarta tumrape kang omah sajroning nagara mawa watêsing kutha, utawa tutug [tu...]

--- 6 : 97 ---

[...tug] ing kubure, mungguh kèhing laku mau ora miturut gêdhe ciliking kalungguhane, mung miturut undha usuke ganjarane, sisilahane tumrape kang omah sajroning nagara kaya ing ngisor iki.

Abdi dalêm kang kapatêdhan ganjaran payung ăngka: 1, kang ngiringake: abdi dalêm kaliwon gawe siji, panèwu mantri lurah bêkêl jajar ing sajroning nagara ing sakabupatèn sarta saka wadanane sagolongan gêdhe, katib ngulama suranata sagolongan gêdhe, padha manganggo prajuritan, abdi dalêm prajurit inpantri: 100, sikêp tumbak, tindhih kaptin, mawa tambur salomprèt, musik, padha manganggo marestêni, abdi dalêm prajurit jêro jaranan: 42, kalêbu ajidan ondêr upsir, panylomprèt, tindhih irstê litnan: 1 padha manganggo landhungan mawa topi, panèwu mantri lurah urdenas, nunggang jaran, 8, tindhih panèwu, manganggo landhungan, abdi dalêm kaliwon wadon: 1, panèwu mantri lurah: 9.

Kang kapatêdhan ganjaran payung ăngka: 2, kang ngiringake: abdi dalêm kaliwon anon-anon siji, panèwu mantri lurah bêkêl jajar ing sajrone nagara ing sakabupatèn sarta saka wadanane sagolongan cilik, katib ngulama suranata [sura...]

--- 6 : 98 ---

[...nata] sagolongan cilik, padha nganggo prajuritan, panèwu mantri lurah urdênas = 6, abdi dalêm prajurit inpantri = 50 sukêp tumbak, tindhih irstê litnan, mawa tambur slomprèt, padha manganggo marêstêni, abdi dalêm prajurit jêro jaranan, kalêbu panylomprèt = 2l, tindhih upsir, abdi dalêm panèwu wadon = 1, mantri lurah = 6.

Kang kapatêdhan ganjaran payung ăngka: 3: kairingake: abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar ing sajroning nagara ing sakabupatèn sarta saka wadanane sagolongan cilik, padha mangango prajuritan, lurah urdênas = 3, prajurit jêro jaranan, 11, tindhih wahmèstêr, abdi dalêm prajurit inpantri = 25 sikêp tumbak, tindhih wèdhê litnan, padha nganggo marestêni, abdi dalêm panèwu wadon = 1, mantri lurah: 4.

Manawa pamêtake ana sajroning kutha, abdi dalêm kang padha ngiringake kabèh mau padha tutug ing kubur, baline sarampunge pamêtake, dene manawa pamêtake ana sajabane kutha, baline ana watêsing kutha, mung manawa omahe kêcêdhakên saka watêsing kutha, baline kang padha ngiringake kabèh mau dohe saêpal saka watêsing kutha.

Dene tumrape kang omah sajabaning nagara mung olèh [o...]

--- 6 : 99 ---

[...lèh] lakune abdi dalêm kang padha omah sacêdhaking omahe kang ajal mau, kang adohe kurang saka têlung pal, padha ngiringake tutug ing kubur, utawa tumêka ing panggonan kang dohe têlung pal saka ing omah angkate layon.

Bab 5

Mungguh lakuning kaliwon panèwu mantri sapêpadhane sapangisor sarta lakune abdi dalêm prajurit kang padha kasêbut ing dhuwur mau, ora angowahake pêpancène dhewe kang kagawa saka pangkat kalungguhane sarta asline kang wus katamtokake olèh lakuning nagara sarta lakune abdi dalêm prajurit, apa dene olèh patêdhan dalêm dhuwit mêtu nagara kanggo waragad, kang kapatêdhan ganjaran payung ăngka: 1,kèhe = 100: satus rupiyah, ăngka: 2, kèhe = 50: sèkêt rupiyah, ăngka: 3, kèhe = 25: salawe rupiyah.

Manawa abdi dalêm kang olèh patêdhan dalêm ganjaran payung mau wadana kaliwon utawa mayor, abdi dalêm kang padha nglayat padha nganggo kulukan, bêbêdan, sabuk putih, kulambi sikêpan gêdhe, dene kang ora diwajibake utawa ora kalilan nganggo sikêpan gêdhe, kaya ta: kaptin upsir sapangisor sarta jajar, padha nganggowa klambi sikêpan cêkak irêng, manawa kang tinggal dunya panèwu mantri, abdi dalêm kang padha [pa...]

--- 6 : 100 ---

[...dha] nglayat padha manganggowa klambi sikêpan cêkak irêng, uga kulukan bêbêdan, sabuk putih.

Kajaba iku sarupaning abdi dalêm kang padha nglayat angkating layone pêpadhaning abdi dalêm, yèn bêbêdan padha nganggowa sabuk putih.

Iku sarupane abde dalêm padha sumurupa lan padha angestokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 5 sasi Dulkangidah taun Be, ăngka 1832. Utawa kaping 3 Pebruari 1903.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 101 ---

Ăngka 183

Undhang-undhang.

Têrang kaparênging karsa dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun, Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahane layang undhang-undhang manira katiti masan kaping: 19 Rabingulakir Wawu, 1825, utawa kaping: 9 Oktobêr, 1895, ăngka: 111, tumrap ing bawah kabupatèn pulisi Klathèn, kaya ing ngisor iki.

Saiki ing kamantrèn dhistrik Jatinom, kadadèkake kadhistrikan, sarta kadhistrikan ing Kragan, kadadèkake kamantrèn dhistrik.

Iku sarupane uwong padha sumurupa, sarta abdi dalêm bupati pulisi ing Klathèn angestokna kalakone.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 11 sasi Dulkangidah taun Be, ăngka 1832, utawa kaping 9 Pebruari 1903.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 102 ---

No 183.

Oendang = Oendang

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, officier der Orde van Oranje Nassau, Officier der Kroornorde van Siam, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken perobahanja soerat oendang-oendang tertanda ari 19 Rabingoelakir Wawoe 1825 atawa ari 9 October 1895, No. 111, boeat di bawah Kaboepaten Politie di Klaten, saperti di bawah ini.

Sekarang di Kamantren Distrikt Djatinom di djadiken Kadistrikan, serta Kadistrikan di Kragan, di djadikan Kamantren District.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe, serta Boepati Policie di Klaten soepaja menoeroetkan kadjalanannja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 11 boelan Doelkangidah taoen Bé, atawa ari 9 Februari 1903.

--- 6 : 103 ---

Ăngka 184

Wara-wara.

Awit saka nota kantor paresidhènan katiti masan kaping: 29 April 1903. Ăngka: 546/48 T. manira paring sumurup marang para santana, para abdi dalêm, lan para kawula dalêm ing Surakarta kabèh, saiki pangadilan dalêm ing Surakarta ana kang kaasta ing Kangjêng Guprêmèn, kang anindakake sarta kang ngrampungi pangadilan landrad utawa rad agama, dene kang isih ana ing asta dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, iku prakarane putra santana dalêm mangisor tutug canggah lanang wadon dalah rabine utawa dalah kakine.[18]

Kang iku manawa ana santana dalêm mangisore tutug canggah dalah rabine utawa dalah lakine ana kang kêliru didhawuhi seba ing pangadilan lanrad utawa rat-agama, padha amratelakake sebane, utawa marang bêbaune, yèn awake: rabine utawa lakine santana dalêm wayah buyut utawa canggah, dadi prakarane ora kabênêr tumindak ana ing pangadilan landrat utawa rad agama.

Dhawuhing wara-wara kaping 8 Sapar Wawu, 1833.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 104 ---

Ăngka 185

Undhang-undhang.

Têrang kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane wong kang padha anyewakake kareta, ing waktu pasamuwan balapan, wiwit tanggal kaping: 8 tumêka kaping: 11 Mei 1903 iki, ora manira lilani angundhakake pasewane luwih saka kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Kareta jaran loro bangku siji.

Sajam ... sarupiyah, yèn kurang sajam, kaitung sajam, karo têngah jam ... karo têngah rupiyah, rong jam ... rong rupiyah, têlu têngah jam ... têlu têngah rupiyah, têlung jam ... têlung rupiyah, patang jam ... patang rupiyah.

Yèn mênyang ing balapan dalah ulihe, ... rong rupiyah

Kareta jaran loro bangku loro.

--- 6 : 105 ---

No. 185.

Oendang = Oendang.

Terang Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Papatih di Kraton Soerakarta Adiniengrat, memrentahken seperti di bawah ini:

Segala orang jang sama menjewaken kreta, pada waktoe pasamoewan Balapan moelai tanggal 8 sampei tanggal 11 Mei 1903 ini, tiada boleh bikin naék pasewanja lebih dari jang terseboet di bawah ini:

Kreta rakitan koeda doea bangkoe satoe Satoe djam ... f 1,-, di bawah satoe djam di itoeng saperti satoe djam.

Satoe satengah djam ... f 1.50, doea djam ... f 2,-, doea satengah djam ... f 2.50, tiga djam ... f 3,-, ampat djam ... f 4,-.

Djikaloe boeat bawa katempat Balapan dengen poelangnja ... f 2,-

Kreta rakitan koeda doea bangkoe doea, satoe djam ... f 1,50, di bawah satoe djam di itoeng saperti satoe djam.

Satoe satengah djam ... f 2,50

--- 6 : 106 ---

Sajam ... karo têngah rupiyah, yèn kurang sajam kaitung sajam, karo têngah jam ... rong rupiyah sêlawe sèn, rong jam ... têlung rupiyah, têlung jam ... kalima têngah rupiyah, patang jam ... nêm rupiyah.

Yèn mênyang ing balapan dalah ulihe, ... têlung rupiyah.

Dene tumrape kareta kang lumrahe diarani andhong iku pasewane: yèn ngêmot wong loro lumaku marang balapan, sèkêt sèn, ulihe saka balapan, sèkêt sèn, yèn luwih saka wong loro tumêkane wong lima, lumaku marang balapan, pitung puluh lima sèn, ulihe saka balapan, pitung puluh lima sèn.

Manawa kang anyewakake kareta lan jaran mau ora angestokake pêpacake layang undhang-undhang iki, bakal karêsêg sarta kapatrapan dhêndha akèh-akèhe, 10, sapuluh rupiyah, utawa nyambut gawe paksan, diparingi pangan tanpa bayaran, lawas-lawase, 14, pat bêlas dina.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta para pulisi supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone

--- 6 : 107 ---

Doea djam ... f 3,-, tiga djam ... f 4,50, ampat djam ... f 6,-

Djikaloe boeat bawa katempat Balapan dengen poelangnja ... f 3,-

Adapoen kreta jang biasanja dibilang Andong, itoe pasewanja:

Djikaloe moeat orang doea berdjalan ka Balapan ... f 0,50, koembalinja dari Balapan ... f 0,50, djikaloe lebih dari orang doea sampei orang lima berdjalan ka Balapan ... f 0,75, koembalinja dari Balapan ... f 0,75

Djikaloe jang menjewaken kreta dan koeda tiada menoeroet papatjaknja ini Oendang-Oendang hendak di klacht serta di denda banjak-banjaknja f 10. sapoeloeh roepiah, atawa di oekoem bekerdja paksa, di bri makan tiada pake bajaran, lama-lamanja 14 ampat belas ari.

Ini soerat Oendang-Oendang di briken kapada sekalian pambesar serta sagala Politie soepaja lantas tersiarken pada bawah perentahnja sendiri-sendiri, serta di taroeh di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boeninja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 9 boelan Sapar taoen Wawoe 1833 atawa ari 7 Mei 1903.

--- 6 : 108 ---

dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping: 9 sasi Sapar taun Wawu, 1833, utawa kaping: 7 Mei 1903.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 109 ---

Ăngka 186

Undhang-undhang.

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun, Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anguningani anane kagungan dalêm kali Larangan, anggalih supaya aja nganti andadèkake kurange iline kang marang sajroning kutha, marmane andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane bumi desa sanajan kang wus dipajêgi dening băngsa Eropah, manawa masa têrang ora manira lilani katanduran pari, kang kali lan mung katanduran palawija, kênane katanduran pari mung manawa masa udan, dadi panandure pari ora kêna sadurunge tanggal: 1 sasi Nopèmbêr.

Manawa ana kang ora ngestokake undhang-undhang iki bakal kasêrêg prakara nêrak parentah, manawa băngsa Eropah kaaturake ing kangjêng tuwan Residhèn, amarga kaanggêp ora nêtêpi surasane bab kaping: 25, ing layang pranatan bab majêgake bumi kanggo têtanèn ana [a...]

--- 6 : 110 ---

[...na]

No 186.

Oendang = Oendang.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, officier der Orde van Oranje Nassau, Officier der Kroornorde van Siam, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, setelah mengatahoei adanja Sri Padoeka Toean Soesoehoenan ampoenja soengi Larangan, berfikir soepaja djangan sampe mendjadiken koerang mengalirnja jang masoek di dalem kota, maka memrentahken saperti bawah ini.

Segala tanah desa maskipoen soedah di padjeki olih bangsa Europa, djikaloe moesim terang tiada kita bri idzin di tanemi padi, jang bole tjoema di tanemi polowidjo, bolenja di tanemi padi tjoema djikaloe moesim oedjan, mendjadi bolenja tanem padi tiada bole lebih doeloe dari boelan 1 November.

Djikaloe ada jang tiada menoeroet Oendang-Oendang ini hendak di klacht melanggar prentah, dan djikaloe bangsa Europa di atoerken pada Kangdjeng Toean Resident, sebab dihanggep tiada menetepi maksoednja fatsal 35, di mana soerat pranatan madjeki dan madjekken tanah boeat tatanen ada di Soerakarta dan Djokdjakarta [Djok...]

--- 6 : 111 ---

[...djakarta]

Surakarta lan Ngayogyakarta kang kapacak ing sêtatsêblad taun 1884, ăngka: 9, lan ing sêtatsêblad taun 1891, ăngka 255.

Iku sarupane panggêdhe lan para pulisi padha anglumrahna marang wawêngkone dhewe-dhewe kang warata, supaya sarupane uwong padha sumurup lan angestokake saprêlune.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 15 sasi Sapar taun Wawu, ăngka 1833, utawa kaping 13 Mèi l903.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 112 ---

jang termoeat Staatsblad taoen 1884 No. 9, dan Staatsblad taoen 1891 No. 225.

Dari pada itoe sagala pambesar dan segala politie soepaja sama tersiarken pada bawah prentahnja sendiri-sendiri jang rata, soepaja sagala orang sama taoe dan menoeroet saperloenja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 15 boelan Sapar taoen Wawoe 1833, atawa ari 13 Mei 1903.

--- 6 : 113 ---

Ăngka 187

Wara-wara.

Sarèhning ana kang nyuwun katêrangan surasane layang undhang-undhang manira katiti masan kaping 15 Sapar Wawu, 1833, utawa kaping 13 Mei 1903, ăngka 186, marmane manira maringi katrangan kaya ing ngisor iki.

Mungguh surasane layang undhang-undhang mau mung tumrap bumi kang nganggo kagungan dalêm banyune kali Larangan, supaya ora andadèkake kurang iline kang marang sajroning kutha, dadi ora tumrap marang bumi liya-liyane.

Iku sarupane wong padha sumurupa.

Dhawuhing wara- wara kaping: 14 Mulud Wawu, 1833.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 114 ---

Ăngka 188

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anguningani pajêg sarta ubarampe sapêpadhane lêladène bêkêl desa sapêpadhane, kèhing ubarampe ana kang luwih saka lêladène pajêg, anggalih têtela ubarampe sapêpadhane mau kalêbu jênêng pajêg sarta uga pamêtune bumi desa ing kono, marmane andhawuhake owah-owahan layang pranatan manira katiti masan kaping: 18 Bêsar Jimawal, 1829, utawa kaping: 19 April 1900, ăngka: 162, kaya ing ngisor iki.

Manawa ana dêmang utawa bêkêl desa sapêpadhane kang kagugat prakara ngèthèrake lêladène ubarampe sapêpadhane, kêna katindakake kaya dene manawa ngèthèr pajêg.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan padha angèstokna [angèsto...]

--- 6 : 115 ---

[...kna]

No 188.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat, officier der Orde van Oranje Nassau, Officier der Kroornorde van Siam, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, sasoedahnja mengatahoei padjeg serta hoeborampe sasamanja laladènnja bekel desa sasamanja, banjaknja hoeborampe ada jang lebieh dari padjegnja, berfikir terang hoeborampe sasamanja tadi termasoek nama padjeg serta djoega kloewarannja tanah desa di sitoe, maka memrentahken perobahanja kita poenja soerat pranatan tertenda ari 18 Besar Djimawal 1829, atawa ari 19 April 1900, No. 162 saperti di bawah ini:

Djikaloe ada demang atawa bekel desa sasamanja jang di klacht dari perkara ngètèrken laladènnja hoeborampe sasamanja bole di djalanken saperti mengètèr padjeg.

Dari pada itoe segala orang soepaja sama taoe dan menoeroet saperloenja.

Djatoehnja Pranatan pada ari 23 boelan Moeloed taoen Wawoe 1833, atawa ari 19 Juni 1903.

--- 6 : 116 ---

sapêrlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping: 23, sasi Mulud taun Wawu, ăngka 1833, utawa kaping: 19 Juni, 1903.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 117 ---

Ăngka 189

Wara-wara.

Manira aparing sumurup marang sarupane uwong kang sumêdya ambêlèh raja kaya, kêbo sapi jaran utawa wêdhus, manawa panggonan pambêlèhe mau dohe ora luwih têlung pal saka omah pajagalan yasaning nagara (abattowar) iku pambêlèhe kudu ana ing omah pajagalan yasaning nagara, ora kêna ana ing panggonan liyane.

Iku sarupane abdi dalêm pulisi padha anglumrahna marang bawah wawêngkone dhewe- dhewe kang warata, sarta padha ambiyantonana kalakone wara-wara iki.

Dhawuhing wara-wara kaping 29 Mulud Wawu, 1833.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 118 ---

Ăngka 190

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun, Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, anggalih parlu andhawuhake angowahi layang pranatan katiti masan tanggal kaping: 13 sasi Dulkangidah taun Be, 1816, utawa tanggal kaping: 3 sasi Agustus 1887, ăngka: 4 kaya ing ngisor iki.

Sarupane abdi dalêm kang nglakoni ayahan, kaya ta: gadhingan, pajangan, watêsan, pasisiran, iku manawa ora mawa nginêp, padha ora olèh liburan, dene manawa mawa nginêp, iku sandyan[19] laku gadhingan iya olèh liburan, sadurunge mangkat libur sadina, satêkane libur sapira lawase gone nginêp, manawa nginêp 30 wêngi iya olèh liburan 30 dina, ananging liburan mau ora kêna luwih saka 30 dina, dadi manawa nglakoni ayahan luwih saka 30 wêngi libure iya mung 30 dina.

Iku sarupane abdi dalêm padha sumurupa lan angèstokna. [angèsto...]

--- 6 : 119 ---

[...kna.]

Dhawuhing pranatan tanggal kaping: 20 Jumadilawal Wawu, 1833, utawa kaping: 14 Agustus, 1903.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 120 ---

Ăngka 191

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake susulane layang undhang-undhang manira katiti masan kaping 5 Rêjêb Jimawal 1821, utawa kaping 4 Pebruari 1892, ăngka 48, kaya ing ngisor iki.

Wiwit titi masane layang pranatan ini para putra santana dalêm kang padha nyuwun idining nagara agawe ngabèi răngga dêmang, iku kawangênan kèhe, manawa pangeran putra kalilane mung ngabèi loro, dêmang loro, pangeran santana mung ngabèi siji, dêmang siji, dene kang saiki wus kabanjur luwih saka wêwangên ing dhuwur mau manira lastarèkake, nanging manawa ing têmbe ajal utawa kaundur, bakal ora manira lilani mawa gêgêntine.

Iku padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 18 sasi Jumadilawal taun Wawu, ăngka 1833, utawa kaping 12 Agustus 1903.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 121 ---

No 191.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Officier der orde van Oranje Nassau, Officier der Kroonorde van Siam. Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken soesoelannja kita poenja soerat Oendang-Oendang tertanda pada ari 5 Redjeb Djimawal 1821 atawa ari 4 Februari 1892 No. 48 saperti di bawah ini.

Moelai ari tertandanja soerat pranatan ini, segala anak familinja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan jang sama minta idinja negri bikin Ngabehi, Ronggo, Demang, itoe moesti di temtoeken banjaknja, Djikaloe Pangeran poetra kenanja tjoema Ngabehi doewa, Demang doewa, Pangeran sentono tjoema Ngabehi satoe, Demang satoe, adapoen jang sekarang soedah telandjoer lebih dari temtoenja di atas tadi kita teroesken. Tetapi djikaloe di blakang kali meninggal atawa di boeka hendak tiada kita beri idin bikin gantinja.

Dari pada itoe soepaja sama taoe dan menoeroet saperloenja.

Djatoehnja pranatan pada ari 18 boelan Djoemadilawal Wawoe 1833. atawa ari 12 Augustus 1903.

--- 6 : 122 ---

Ăngka 192

Undhang-undhang.

Têrang kaparênging karsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranye Nasao, Opisiring Krun Ordhê Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahan layang undhang-undhang manira katiti masan kaping: 19 Rabingulakir Wawu, 1826, utawa kaping: 9 Oktobêr, 1894, ăngka: 111, sarta kaping: 11 Dulkangidah Be, 1832, utawa kaping: 9 Pebruari, 1903, ăngka: 183, tumrap ing bawah kabupatèn pulisi Klathèn, kaya ing ngisor iki.

1. Ing bawah kadhistrikan kutha, kawuwuhan kamantrèn dhistrik anyar: 2, manggon ing Purna lan ing Ketandhan.

2. Ing kadhistrikan Bèji kaêlih manggon ing Pedan, lastari jênêng kadhistrikan ing Bèji, sarta bawahe kawuwuhan kamantrèn dhistrik anyar: 2, manggon ing Kradènan lan ing Soka.

--- 6 : 123 ---

Iku sarupane uwong padha sumurupa, sarta abdi dalêm bupati pulisi ing Klathèn angestokna kalakone.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 28 sasi Jumadilakir taun Wawu, ăngka 1833, utawa kaping 21 Sèptèmbêr, 1903.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 124 ---

No 192.

Oendang = Oendang

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Officier der Kroonorde van Siam, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahkan perobahannja Kita poenja soerat Oendang-Oendang tertoelis pada ari 19 Rabingoelakir Wawoe 1825, atawa ari 9 October 1895 No. 111, sarta pada ari 11 Doelkangidah Be 1832, atawa ari 9 Februari 1903, No. 183, boeat di bawah Kaboepaten Politie Klaten, saperti di bawah ini.

1. Di bawah disitrikt [20] Kota di tambah kamantren distrikt baroe 2 tinggal di Poerno dan di Ketandan

2. Di distrikt Bedji di pindah tinggal di Pedan troes nama Distrikt di Bedji sarta bawahnja di tambah kamantren distrikt baroe 2 tinggal di Kradenan dan di Soko.

Dari pada itoe sagala soepaja sama taoe, sarta Boepati

--- 6 : 125 ---

poelitie Klaten soepaja menoeroet kajalanannja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 28 boelan Djoemadilakir taoen Wawoe 1833 atawa ari 21 September 1903.

--- 6 : 126 ---

Ăngka 193

Undhang-undhang.

Têrang kaparênging karsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranye Nasao, Opisiring Krun Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahan layang undhang-undhang manira katiti masan kaping: 19 Rabingulakir Wawu, 1825, utawa kaping: 9 Oktobêr: 1895, ăngka: 111, sarta kaping: 11 Dulkangidah, 1832, utawa kaping: 9 Pebruari 1903, ăngka: 183, tumrap ing bawah kabupatèn pulisi Klathèn, kaya ing ngisor iki:

1. Bawahe kadhistrikan kang sisih kidul sarta wetan, lan bawah kamantrèn dhistrik ing Bayat kang sisih lor kulon, saiki kabawah kamantrèn dhistrik anyar, manggon ing Purna, (kutha).

2. Bawahe kadhistrikan kutha kang sisih lor wetan, bawah kamantrèn dhistrik ing Karanganom, (Ponggok), kang sisih [si...]

--- 6 : 127 ---

[...sih]

No 193.

Oendang-Oendang

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Officier der Kroonorde van Siam, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahkan perobahannja Kita poenja soerat Oendang-Oendang tertoelis pada ari 19 Rabingoelakir Wawoe 1825, atawa ari 9 October 1895 No. 111, sarta pada ari 11 Doelkangidah Be 1832, atawa ari 9 Februari 1903, No. 183, boeat di bawah Kaboepaten Politie Klaten, saperti di bawah ini.

1. Bawahnja Distrikt Kota jang sabelah kidoel serta wetan dan bawah Kamantren distrikt di Bajat jang sabelah lor koelon sekarang terbawah Kamantren distrikt baroe tinggal di Poerno (Kota).

2. Bawahnja Distrikt Kota jang sabelah lor wetan bawah Kamantren distrikt Karanganom (Ponggok) jang sabelah kidoel, serta bawah Kamantren distrikt di Totogan sabelah kidoel koelon, terbawah [ter...]

--- 6 : 128 ---

[...bawah]

kidul, sarta bawah kamantrèn dhistrik anyar manggon ing Kêtandhan (kutha).

3. Bawah kamantrèn dhistrik ing Totogan sisih kidul wetan cêdhak kutha, kagolongake dadi bawahe kadhistrikan kutha.

4. Bawah kamantrèn dhistrik ing Karanganom kang sisih kidul kulon, sarta bawah kadhistrikan Jatinom kang sisih kidul cêdhak ing Totogan, kagolongake dadi bawahe kamantrèn dhistrik ing Totogan.

5. Bawah kamantrèn dhistrik Karanganom kang sisih kidul wetan cêdhak lurung gêdhe, kagolongake dadi bawahe kamantrèn dhistrik ing Cèpèr.

6. Bumi desa pasrahan saka kadipatèn Mangkunagaran ing bawah kadhistrikan Bèji kang sisih lor, sarta bawah kamantrèn dhsitrik ing Cèpèr kang saparo sisih wetan, kagolongake dadi bawahe kadhistrikan ing Bèji, sarta kadhistrikan mau kaêlih manggon ing Pedan, lastari jênêng kadhistrikan ing Bèji.

7. Bawah kadhistrikan ing Bèji sisih kulon, kabawah kamantrèn dhistrik anyar manggon ing Kradenan, (Bèji).

--- 6 : 129 ---

Kamantren distrikt baroe tinggal di Ketandan (Kota).

3. Bawah Kamantren distrikt di Totogan sabelah kidoel wetan deket Kota temasoeken djadi bawahnja Distrikt Kota.

4. Bawahnja Kamantren distrikt Karanganom jang sabelah kidoel koelon serta bawah Distrikt Djatinom jang sabelah kidoel deket di Totogan, temasoeken djadi bawahnja Kamantren distrikt di Totogan.

5. Bawah Kamantren distrikt Karanganom jang sabelah kidoel wetan deket djalan besar, temasoeken djadi bawahnja Kamantren distrikt di Tjeper.

6. Tanah desa Pasrahan dari Kadipaten Mangkoenagaran di bawah Distrikt Bedji jang sabelah lor, serta bawah Kamantren distrikt di Tjeper jang sabagi sabelah wetan, temasoeken djadi bawahnja Distrikt di Bedji serta Distrikt tadi di pindah tinggal di Pedan, troes nama Distrikt di Bedji.

7. Bawah Distrikt di Bedji jang sabelah koelon, di bawah Kamantren distrikt baroe tinggal di Kradenan (Bedji).

8. Bawah Distrikt Bedji jang tengah serta wetan, bawah Kamantren distrikt di Tjawas jang sabelah lor wetan, serta bawah Kamantren distrikt di Karangdhowo jang deket desa di Soko serta jang sabelah kidoel wetan, terbawah Kamantren distrik baroe

--- 6 : 130 ---

8. Bawah kadhistrikan Bèji kang têngah sarta wetan, bawah kamantrèn dhistrik ing Cawas kang sisih lor wetan, sarta bawah kamantrèn dhistrik ing Karangdawa kang cêdhak desa ing Soka sarta kang sisih kidul wetan, kabawah kamantrèn dhistrik anyar manggon ing Soka (Bèji).

9. Bawah kadhistrikan Bèji kang cêdhak Karangdawa, kagolongake dadi bawahe kamantrèn dhistrik ing Karangdawa.

10. Bawah kadhistrikan Bèji kang sisih kidul, sarta bawah kamantrèn dhistrik ing Kalisoga kang padha cêdhak ing kamantrèn dhistrik Cawas kagolongake dadi bawahe kamantrèn dhistrik ing Cawas.

11. Bawah kamantrèn dhistrik ing Bayat kang sisih lor wetan, kagolongake dadi bawah kamantrèn dhistrik ing Kalisoga.

Iku sarupane uwong padha sumurupa, sarta abdi dalêm bupati pulisi ing Klathèn angestokna kalakone.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping: 28 sasi Jumadilakir taun Wawu, ăngka: 1833, utawa kaping: 21 Sèptèmbêr, 1903.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 131 ---

tinggal di Soko (Bedji).

9. Bawah Distrikt di Bedji jang deket Karangdhowo, temasoeken djadi bawahnja Kamantren distrikt di Karangdhowo.

10. Bawah Distrikt Bedji jang sabelah kidoel, serta bawah Kamantren distrikt di Kalisogo jang sama deket di Kamantren distrikt Tjawas, temasoeken djadi bawahnja Kamantren distrikt di Tjawas.

11. Bawah Kamantren distrikt di Bajat jang sabelah lor wetan temasoeken djadi bawahnja Kamantren distrikt di Kalisogo.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe, serta Boepati poelitie Klaten soepaja menoeroet kadjalanannja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 28 boelan Djoemadilakir taoen Wawoe 1833 atawa ari 21 September 1903.

--- 6 : 132 ---

Ăngka 194

Undhang-undhang.

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranye Nasao, Opisiring Krun Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karatin dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anguningani sêtatsêblad ing taun 1901, ăngka: 108, kang anamtokake watêse kutha ing Klathèn, manira anggalih prêlu amranata bumi kang kalêbu ing watês mau kaya ing ngisor iki:

Watês-watês bumi kang kalêbu kutha ing Klathèn mau kapasangan tugu bata wêdhi gamping, bumi-bumi kang kalêbu ana sajroning garis watês kutha kang isih kajawan, ora kalilan dipajêgake marang băngsa Eropah, dene kang wus kabanjur dipajêgi para băngsa Eropah manawa ana kang sumêdya angênggoni kang amajêgi kudu anglilakake mawa antuk pituwas saka nagara, kèhe mirit sapanaksiring kumisi, lan ora kêna anyuda pajêg marang kang majêgake, dene wong kang manggon [mang...]

--- 6 : 133 ---

[...gon]

No 194.

Oendang-Oendang.

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Officier der Kroonorde van Siam, Papatih di Karaton Soerakarta Adiningrat, sesoedahnja mengatahoei staatsblad taoen 1901, No. 108, jang menemtoeken batesnja Kota di Klaten, kita berfikir preloe atoer tanah jang temasoek di bates kota tadi saperti di bawah ini.

Bates-batesnja tanah jang temasoek kota di Klaten tadi di taroeki toegoe batoe pasir gamping tanah tanah jang temasoek ada di dalem garis bates kota jang misih kedjawan, tiada bolih di padjegken pada sekalian bangsa Europa. Adapon[21] jang soedah terlandjur di padjegi sekalian bangsa Europa djikaloe ada jang hendak menempati jang madjegi moesti menglilahken dengen bolih karoegian dari negri, banjaknja ambil dari taksirnja commissie, dan tiada kena mengoerangi padjeg pada jang madjegken, adapon

--- 6 : 134 ---

ing bumi mau, kudu anyăngga lêladèn marang nagara, manut apa caraning pakampungan.

Iku sarupaning wong padha sumurupa lan angestokna saprêlune.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping: 7 sasi Rêjêp taun Wawu, ăngka: 1833, utawa kaping: 29 Sèptèmbêr 1903.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 135 ---

orang jang tinggal di tanah tadi, moesti pikoel laladen pada negri menoeroet apa adatnja pakampoengan.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe, dan menoeroet saperloenja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 7 boelan Redjep taoen Wawoe 1833, atawa ari 29 September 1903.

--- 6 : 136 ---

Ăngka 195

Wara-wara.

Manira aparing sumurup marang sarupane wong, sapa-sapa kang bisa ngaturi katrangan ing parentah, durjana kang padha ngècu ngoyok ing bawah Surakarta, manawa durjanane nganti bisa katrap ing paukuman, wong kang angaturake katrangan mau bakal manira paringi ganjaran rupa dhuwit kèhe tumrap kècu utawa koyok ing sapanggonan, satus rupiyah.

Iku sarupane abdi dalêm wadana kang amêngku parentah sarta abdi dalêm pulisi padha anglumrahna marang bawah wawêngjkone dhewe-dhewe kang warata.

Dhawuhing wara-wara kaping: 20 Pebruari, 1904.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 137 ---

Ăngka 196

Undhang-undhang.

Têrang kaparênging karsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahane layang undhang-undhang manira katiti masan kaping: 9 Oktobêr, 1895, ăngka: 111, tumrap ing bawah kabupatèn pulisi Sragèn, kaya ing ngisor iki.

Kamantrèn dhistrik ing Tompe saiki karucat, bawahe kang sisih wetan, kagolongake dadi bawah kamantrèn dhistrik ing Gêdhawung, kang sisih kulon, kagolongake dadi bawah kamantrèn dhistrik Pucuk, nanging bawahe kamantrèn dhistrik Pucuk kang sisih lor kulon, kagolongake dadi bawah kadhistrikan ing Masaran.

Iku sarupane uwong padha sumurupa, sarta abdi dalêm bupati [bupa...]

--- 6 : 138 ---

[...ti]

No 196.

Oendang-Oendang

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Officier der orde van Oranje Nassau, Officier der Kroonorde van Siam, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken perobahannja Kita poenja soerat Oendang-Oendang tertoelis pada ari 19 Rabingoelakir Wawoe 1825, atawa ari 9 October 1895 No. 111, boeat di bawah Kaboepaten politie Sragen saperti di bawah ini.

Kamantren distrikt di Tompe sekarang di roetjat bawahnja jang sabelah wetan temasoeken djadi bawah Kamantren distrikt di Gedawoeng jang sabelah koelon temasoeken di bawah kamantren distrikt Poetjoek tetapi bawahnja Kamantren distrikt Poetjoek jang sabelah lor koelon temasoeken djadi bawah Distrikt di Masaran.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe serta Boepati politie di Sragen soepaja menoeroet kadjalannannja.

Djatoehnja oendang- oendang pada ari 26 boelan Soero taoen Djimakir 1834 atawa ari 12 April 1904.

--- 6 : 139 ---

pulisi ing Sragèn angèstokna kalakone.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 26 sasi Sura taun Jimakir, ăngka 1834. Utawa kaping 12 April 1904.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 140 ---

Ăngka 197

Undhang-undhang.

Têrang kaparênging karsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahane layang undhang-undhang manira katiti masan kaping: 19 Rabingulakir Wawu, 1825, utawa kaping: 9 Oktobêr 1895, ăngka: 111, tumrap ing bawah kabupatèn pulisi Klathèn, kaya ing ngisor iki.

Saiki ing kamantrèn dhistrik Dilanggu kadadèkake kadhistrikan, sarta kawuwuhan ambawahake bumi desa kang cêdhak pabrik Dilanggu, bawahe kamantrèn dhistrik Kuwêl.

2. Kadhistrikan ing Ngrêdên, kadadèkake kamantrèn dhistrik.

Iku sarupane uwong padha sumurupa, sarta abdi dalêm bupati pulisi ing Klathèn angestokna kalakone.

--- 6 : 141 ---

No 197.

Oendang-Oendang

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Officier der Orde van Oranje Nassau, Officier der Kroonorde van Siam, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken perobahannja Kita poenja soerat Oendang-Oendang tertoelis pada ari 19 Rabingoelakir Wawoe 1825, atawa ari 9 October 1895 No. 111, boeat di bawah Kaboepaten politie Klaten saperti di bawah ini.

Sekarang di Kamantren distrikt Delanggu di djadiken Kadistrikan, serta di tambah mrentahken, tanah desa jang deket Fabriek Delanggu bawahnja Kamantren distrikt Koewel.

2 Kadistrikan Ngreden, di djadikaen Kamantren distrikt.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe sarta Boepati poelitie Klaten soepaja menoeroet kedjalannannja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 26 boelan soero taoen djimakir 1834 atawa ari 12 April 1904.

--- 6 : 142 ---

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 26 sasi Sura taun Jimakir ăngka: 1834. Utawa kaping 12 April 1904.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 143 ---

Ăngka 198,/G A.

Wara-wara.

Manira paring sumurup marang sarupane wong, Jayasuparta aliyas Jayaprasêtya kang katutup ana gêdhong kapatiyan, nalika ing dina Sênèn tanggal kaping: 11 April 1904, murida. Mungguh sêsipatane Jayasuparta mau, kira-kira umur: 47 taun, dêdêg sêdhêng, awak ngropèk kuru, kêkulitan abang, rai tipis lonjong, bathuk ciyut, mripat nglamuk, alis, pipi, janggut, cangkêm, kuping sêdhêng, sarta saburining kuping kang kiwa rada mangisor dadi sacêdhaking godhoh ana uci-ucine cilik, lambe biru saka madat, brêngos arang sathithik, irung gêdhe nyeprok mawa ciri iring têngên gèthèk tilas tatu, rambut sathithik irêng, gulu sêdhêng, pundhak jinggring, dhadha lumrah jêmbar, bangkèkan sapangisor sarta tangan lumrah, manawa udut dhêmênane nganggo pipa, manawa mêntas calathu ngango watuk kaya lara cêkèk, bokonge sisih kiwa ana uci-ucine sanadyan dibêbêdi katara, bame kang kiwa ompong siji, sarta bam sacêdhake kang ompong mau ana kang rubuh malang manawa guyu katara. Nalika miruda manganggo ikêt modang umpak gulungan latar irêng wus masêm, klambi lurik cêmbirit ijo [i...]

--- 6 : 144 ---

[...jo] wêton Ngayogya, sabuk irêng marenos, èpèk baludru irêng, timang ulan-ulan wêsi, jarik cap-capan wus masêm, sruwal putih saka mori. Sapa-sapa kang bisa nyêkêl Jayasuparta mau utawa bisa ngaturake katrangan, nganti bisa kacêkêl, bakal manira paringi ganjaran rupa dhuwit kèhe rong atus rupiyah.

Iku sarupane abdi dalêm wadana kang amêngku parentah sarta abdi dalêm pulisi padha anglumrahna marang bawah wawêngkone dhewe-dhewe kang warata.

Dhawuhing wara-wara kaping: 25 April 1904.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 145 ---

Ăngka 199

Undhang-undhang.

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, Opisiring Ordhê Oranyê Nasao, Opisiring Krun Ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhakên sêsambungane layang dhawuh wara-wara katiti masan kaping: 20 Pebruwari 1904. Ongka: 195, kaya ing ngisor iki.

Manawa ing bawah Surakarta ana durjana anandukake kadurjanane mawa kêkumpulan, srana pangroda, kaya ta: ngècu, angoyok, sapêpadhane, kabèh kang mawa pamêksa, iku sapa wonge kang wani nglawan nganti bisa nyêkêl durjanane sanajan mawa natoni utawa matèni durjana mau, bakal ora kêna prakara, malah manira paringi ganjaran, manawa pantês dadi abdi dalêm, bakal manira ganjar pangkat kalungguhan ing sapantêse, dene manawa kurang pantês dadi abdi dalêm, bakal manira paringi ganjaran dhuwit kèhe, 200, rongatus rupiyah, manawa kang wani nglawan mau nganti tatu saka panggawene durjana kongsi ora bisa nyambut gawe, iku bakal manira paringi [paring...]

--- 6 : 146 ---

[...i]

No 199.

Oendang-Oendang

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Officier der orde van Oranje Nassau, Officier der Kroonorde van Siam, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken samboengannja soerat prentah Woro-Woro tertoelis pada hari 20 Februari 1904, No. 195, saperti di bawah ini.

Djikaloe di bawah Soerakarta ada pendjahat jang hendak mendjalanken kedjahatannja pake berkoempoelan dengen paksa saperti mengetjoe, mengojok sabaginja samoea jang pake peksa itoe siapa orang jang brani lawan sampe bisa pegang pendjahatnja, maskipoen bikin loeka atawa bikin mati itoe pendjahat bakal tiada kena perkara, malah kita bri karoenia, djikaloe pantes djadi hamba Sri Padoeka Toean Soesoehoenan, hendak kita karoenia pangkat kaloeggoehan[22] apa pantesnja, adapoen djikaloe kurang pantes djadi hamba, hendak kita bri karoenia oewang banjaknja f 200. doewa ratoes roepiah, djikaloe jang brani lawan itoe sampe loeka dari pembikinnja pendjahat sehingga tiada bisa bekerdja, itoe

--- 6 : 147 ---

tămba nganti sawarase, lan sajrone lara sapira lawase gone lara, manira kang maringi pangane, măngka nganti andadèkake tiwase, ganjaran manira paringake marang warise anak kang prayoga.

Iku sarupane uwong padha sumurupa sarta sarupane panggêdhe lan para pulisi padha anglumrahna marang wawêngkone dhewe-dhewe kang warata.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping: 6 sasi Sapar taun Jimakir, ăngka: 1834, utawa kaping: 22 April 1904.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 6 : 148 ---

hendak kita bri obat sampe semboehnja, dan di dalem sakit sebrapa lama bolihnja sakit, kita jang membri makannja, maka sampe mendjadiken matinja, itoe karoenia kita briken pada warisnja anak jang baik.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe serta sagala pembesar dan politie soepaja sama menjiarken di bawahnja semoea.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 6 boelan Sapar taoen Djimakir 1934, atawa ari 22 April 1904.

--- 6 : 149 ---

Ăngka 200

Wara-wara.

Manira paring sumurup marang sarupane wong, minăngka sêsambungane layang dhawuh wara-wara katiti masan kaping: 20 Pebruwari 1904, ăngka: 195, sarta layang undhang-undhang katiti masan kaping: 6 Sapar Jimakir 1834, utawa kaping: 22 April 1904, ăngka: 199, kaya ing ngisor iki.

Sapa-sapa kang anglapurake ing pulisi, sumurup wong nalikane lagi padha kêkumpulan bakal nandukake kadurjanan srana pangroda, kaya ta: ngècu, ngoyok, sapêpadhane kabèh kang mawa pamêksa, bisa têrang tamtuning dina gawe bakal nandukake kadurjanan mau, sarta jênêng omahe wong kang bakal tinêmpuh, măngka durjana kalakon nandukake kadurjanane, têmên kaya gone anglapurake, manawa durjanane nganti bisa kacêkêl lan katrap ing paukuman, wong kang anglapurake mau bakal manira paringi ganjaran dhuwit kèhe 100, satus rupiyah tumrap kadurjanan sapanggonan, sanajan durjanane ora kacêkêl, wong kang anglapurake mau uga [u...]

--- 6 : 150 ---

[...ga] manira paringi ganjaran dhuwit kèhe sapantêse.

Iku sarupane abdi dalêm bupati kang mêngku parentah sarta abdi dalêm pulisi padha anglumrahna marang bawah wêwêngkone dhewe-dhewe kang warata.

Dhawuhing wara-wara kaping: 12 Sapar Jimakir 1834.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

 


pocot. (kembali)
prakara. (kembali)
Bab 3. (kembali)
Fatsal 2. (kembali)
tiada. (kembali)
sama-sama. (kembali)
moelainja. (kembali)
1. (kembali)
hendak. (kembali)
10 najan. (kembali)
11 Soerakarta. (kembali)
12 jang. (kembali)
13 Koembalinja. (kembali)
14 koembalinja. (kembali)
15 kadhistrikan. (kembali)
16 dhistrik. (kembali)
17 panampane. (kembali)
18 lakine. (kembali)
19 sanadyan. (kembali)
20 distrikt. (kembali)
21 Adapoen (dan di tempat lain). (kembali)
22 kaloenggoehan. (kembali)