Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 001-110)

Pencarian Teks:

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; mengakomodasi variasi ejaan, termasuk [dj : j, tj : c, j : y, oe : u].

JAVAANSCHE BRIEVEN, ENZ

--- [III] ---

JAVAANSCHE

BRIEVEN, BERIGTEN, VERSLAGEN, VERZOEKSCHRIFTEN, BEVELSCHRIFTEN, PROCLAMATIES, PUBLICATIES, CONTRACTEN, SCHULDBEKENTENISSEN, QUITANTIES, PROCESSTUKKEN, PACHTBRIEVEN EN ANDERE SOORTGELIJKE STUKKEN; NAAR HANDSCHRIFTEN UITGEGEVEN DOOR T. ROORDA.

__________

AMSTERDAM, JOHANNES MÜLLER 1845.

--- [IV] ---

GEDRUKT BIJ C. A. SPIN & ZOON.

--- [V] ---

VOORBERIGT.

Het zal niet noodig zijn, met vele woorden het nut en belang te betogen van de hier volgende verzameling voor ieder beoefenaar van de taal en van de instellingen, zeden en gewoonten der Javanen, inzonderheid voor hem, die door de beoefening hiervan zich wenscht voor te bereiden tot ambtenaar van het Gouvernement in Nederlands Oostindische bezittingen. De inhoud toch van deze stukken, zoo verschillend van soort en waarin de meest verschillende zaken behandeld worden, is beter, dan iets anders, geschikt, om hem in het maatschappelijk leven der Javanen in te wijden, en hem gemeenzaam bekend te maken met de instellingen, zeden

--- VI ---

en gebruiken van een volk, dat zich daarin zoo zeer van andere volken onderscheidt. Maar ook de taal en stijl in zulke stukken verschillen aanmerkelijk van de taal en den stijl, zoo als die gewoonlijk in boeken worden aangetroffen. En niet slechts het ongewone en eigenaardige, maar ook het veelal gebrekkige van taal en stijl, en de menigvuldige spelfouten en schrijffouten, maken het lezen en verstaan van zulke stukken dikwijls moeijelijk voor hem, die deze moeijelijkheden niet door oefening heeft leeren overwinnen. Bij de uitgaaf door middel van den druk heb ik daarom ook deze gebreken en fouten, en zoo veel mogelijk den uiterlijken vorm van deze stukken, getrouw bewaard en teruggegeven. Ook de plaats, waar in het oorspronklijke de Tjap of het zegel stond, is daarbij aangewezen. Bij zulke stukken, die oorspronklijk wel van een zegel voorzien geweest zijn, maar waarvan ik slechts een afschrift bezat, wordt dat natuurlijk ook in deze uitgaaf gemist.

De stukken zijn in deze verzameling naar de tijdorde gerangschikt. Aan eenige Piagĕm's van den Soesoehoenan, die zonder

--- VII ---

dagteekening zijn, no. 26 en volgenden, heb ik bij andere dergelijke stukken eene plaats aangewezen. Een paar malen is in die rangschikking naar de tijdorde bij vergissing een misslag begaan, maar in de inhoudsopgaaf verbeterd.

Uitgezonderd alleen het eerste, zijn al de andere stukken uit het laatste tijdvak der geschiedenis van Nederlandsch Indiën, sedert de herstelling van het Nederlandsch bewind, na de Engelsche tusschenregering, in 1816; en vele daarvan zijn ook als bronnen en gedenkteekenen der geschiedenis van dat tijdvak niet onbelangrijk. Het eerste stuk heb ik er bijgevoegd, niet alleen als belangrijk gedenkteeken van die tusschenregering, maar ook, omdat het de grondslagen bevat, waarop de tegenwoordige betrekking tusschen de inlandsche Vorsten op Java en het Nederlandsch Gouvernement berust, en omdat daarnaar in een der volgende stukken (no. 13) verwezen wordt.

Ik heb hier niets meer bij te voegen, dan openlijk mijn dank te betuigen aan de drie Heeren, aan wier goedheid en vriendelijkheid ik het grootste gedeelte der in deze verzameling opgenomene [opgeno...]

--- VIII ---

[...mene] stukken, en nog meer andere voor de uitgaaf minder geschikte, verpligt ben: aan den Heer General-Majoor Baron NAHUIJS VAN BURGST, wiens naam in deze stukken zoo menigvuldig gelezen wordt, en aan de Heeren J. F. C. GERICKE en C. F. WINTER, SR. te Soerakarta.

DELFT, 10 Agustus 1845. T. ROORDA.

__________

--- 1 ---

Sêrat Prajangjeanipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana Kaping Sakawan kalayan Guvrêmèn Inggris.

Sarèhning ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sampun kenging panggodhanipun têtiyang ingkang sakalangkung dening awon. Angojok-ojoki, tuwin amulang pirêmbag awon, ngantos kenging apus. Kalampahan sampun asasêratan, saha apitêpang awon. Kalayan kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, niyatipun wau punika, sampun sakêlangkung dening têrang, yèn ajêng adamêl rêsah panguwasanipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris ing pulo Jawi, sarta prajurit Inggris wit saking dening punika, kalampahan sami kalêmpakan. Saha amêdalakên wragad balănja ingkang sakêlangkung dening kathah, inggih saking angêkahi, tuwin anyêntosani, ing adilipun tuwin ing melikipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris ing salêrêsipun. Sarta saking kapurunanipun prajurit Inggris. Ngantos sultan ingkang damêl kalêpatan wau punika, kasirnakake kuthanipun. Saha karatonipun sampun karêbat dening prajurit Inggris. Punapa malih ingkang sarira [sa...]

--- 2 ---

[...rira] sultan, inggih kacêpêng, kalayan malih sarèhning ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun angangkêni têmên-têmên. Wit ingkang dados margi sasêratan rêmbagan wau punika, saha ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun amasrahakên sadaya têtiyang amulang piawon angojok-ojoki punika, punapa malih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun anyumanggakakên saking karsa tuwin pangapuntênipun. Saha sih palimarmanipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Saha kangjêng gupêrnèmèn Inggris ciptanipun ing salêbêting galih sayêktosipun. Gadhah pangowêl dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Sampun kayêktosan kasaosanipun tuwin pawong-sanakipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan kang dhatêng kangjêng guwêrnèmèn[1] Inggris. Sampun dados sukapirênaning galihipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Prakawis ingkang punika, karsanipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Amung anêdha gêntosipun wragad bêlanjaning pêrang, ingkang saprayogènipun. Saking ingkang wau kapêksa, botên kenging botên. Ênggènipun damêl pirantosipun ing pêrang, kêdah anêtêpakên bêdhami, saha anêtêpakên kasênênganipun tuwin raharjanipun ing nagari, ing têmbenipun malih, pramila ing mangke kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Kêrsaa damêl sêrat prajangjean. Tatêpangan kalih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Supados andumugèkna saha têtêpa kadidening karsanipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris wau punika.

--- 3 ---

Prakawis kaping 1.

Inggih kangjêng Kumpni Inggris. Kalih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Surakarta, ing salami-laminipun badhe bêdhami, sarta apawong-sanak ingkang botên pêdhot-pêdhot.

Prakawis kaping 2.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Asanggêm badhe tumuntên anglêpasakên sadaya prajuritipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Kang sami wontên ing mangke punika, namung kantuna prajurit sèwu, ingkang nami prajurit sinêlir, kalayan malih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm malih, sanajan ingkang sinuhun piyambak, tuwin para pangeran. Utawi para kapala kang sami wontên ing bawahipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Botên kenging yèn saengga angadêgakên tuwin angingu malih prajurit liyanipun. Yèn botên kalayan lilanipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Nanging ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Badhe tampi saking kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Prajurit sacukupipun ingkang pêrlu kagalih ing kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Angrêksa nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, tuwin ingkang sarira.

Prakawis kaping 3.

Sarèhning kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Sampun anggalih ênggènipun adamêl wragading pêrang, kang ing têmbe punika, sarta [sar...]

--- 4 ---

[...ta] wit saking kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Ingkang sampun angaubi dhatêng ingkang sarira ingkang sinuhun kangjêng susuhunan saha nagarinipun. Punapa malih wit saking pangrêksanipun ing pulo Jawi sadaya, pramila ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm têmên-têmên. Pasitènipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Kêdhu, ing Pacitan, ing Balora, sarta ing Wirasaba, ing sabawahipun sadaya. Pundi ingkang tumut bawah pasitèn wau sadaya punika, punika sami kasaosna dhatêng kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Dados kangjêng gupêrnèmèn Inggris piyambak. Ingkang andarbèni pêparentahan sarta pangawasa ing pasitèn wau punika.

Prakawis kaping 4.

Sarèhning ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun angyêktosi ing salêbêting galih, yèn saupaminipun kauntunganipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan kacêpênga sarta karekaa ingkang sae, kalayan wagêd ingkang anyêpêng, sampun tamtu pamiyosipun mindhak. Sabab dening punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm. Sakathahing bandar-bandar, tuwin pêkên-pêkên. Ingkang wontên ing pasitènipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sadaya, punika kasaosna sadaya ingastanipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Badhe kaparentah sarta kareka piyambak ing kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Botên kenging sawijining tiyang amunasika.

Kalih dening malih, supados ingkang sinuhun kangjêng susuhunan [susuhuna...]

--- 5 ---

[...n] sampun kantos amanggih pitunan. Pramila kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Kalayan sukapirênaning galih, apêparing yatra dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Kalih wêlas lêksa ringgit ing dalêm sataun-taunipun. Kalayan malih ing kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Badhe adamêl rêrekan sarta ambaurêksa, supados putra sêntananipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Sampun ngantos amanggih pitunan. Utawi suda saking têdhanipun. Wit saking pêkên-pêkên kang sampun kasaosakên ing kangjêng gupêrnèmèn Inggris wau punika.

Prakawis kaping 5.

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm. Amiturut ing sakarsanipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Aprakawis sarang burung ingkang sami wontên nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Punika kasaosna sadaya, sabab kangjêng gupêrnèmèn Inggris piyambak ingkang anggadhahi melik. Saha ing kangjêng gupêrnèmèn Inggris piyambak ingkang kenging awade cêmêngan. Ing pundi panggenan kang wontên salêbêting nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Punapa sakarsanipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Ênggènipun anêtêpakên rêrekan ing prakawis punika.

Prakawis kaping 6.

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Asanggêm dhatêng kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Mênggah sakathahing kajêng jatos [jato...]

--- 6 ---

[...s] ingkang wontên salêbêting nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Punika kasaosna sadaya ing salami-laminipun. Namung kangjêng gupêrnèmèn Inggris piyambak ingkang adarbe melik. Sarta ingkang anguwasani, botên kenging kamunasika dhatêng ing saliyanipun.

Prakawis kaping 7.

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Ajêng adamêl rêrekan ingkang lêrês. Ingkang têtêp ing pêparentahanipun nagari, supados dadosa arjanipun tuwin kasênênganing nagari, supados rêrekan punika kenginga kalampahakên ingkang sae, pramila ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm malih, dhatêng amiturut punapa ing sapamulangipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris.

Prakawis kaping 8.

Mênggah sakathahing têtiyang ing liyanipun. Ingkang sami agagriya ing nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Sanadyan jinis saking pundi-pundi, ingkang dede têtiyang Jawi, punika anggêp wontên bawah pêparentahanipun ing kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Kalayan malih bilih wontên abdinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Adamêl dursila dhatêng têtiyang ingkang wontên ing bawah pêparentahanipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm. Tumuntên angadilana ing prakawisipun. Ingkang botên mawi ilon-ilonên. Sarta ingkang andadosakên [andadosa...]

--- 7 ---

[...kên] suka lêganing kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Residhènipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Ing sakenging-kengingipun. Saupami pêrlu amasthi piyambake tumut angrencangi saking prakawis punika, supados têmên-têmên amanggiha adil.

Prakawis kaping 9.

Sampun tamtu yèn ing bawah pêparentahaning nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Akathah warnining ukum ingkang dipun lampahakên dhatêng tiyang dursila, kados ta ukum ingkang amêsiasat dhatêng ing têtiyang, kakêthok tangan sukunipun, kapêrung, kabungis, kapicis, sarta kaabên kalayan sima, punika ing têmbe malih amasthi kaicalakên pisan. Ukum ingkang makatên punika.

Prakawis kaping 10.

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Ing tembe malih boten susah mawi anglêbêtakên pamiyosaning nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Ingkang dhatêng kangjêng gupêrnèmèn. Băngsa pêthak. Ing kalabêtan kang kalawan kapêksa, tuwin ingkang kabayar botên mêntasi kalayan rarêgènipun.

Prakawis kaping 11.

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm botên pisan-pisan. Yèn kenginga piyambakipun adamêl rêrekan ing salampah solahipun nagari, punapa malih ing saliyanipun [sali...]

--- 8 ---

[...yanipun] ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Inggih botên kenging ugi, kalayan malih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Botên kalilan adamêl ukum tuwin pêparentahan ingkang anglangkungi andadosakên ing katunanipun. Tuwin amêmalangi dhatêng lêlampahan grami, ing salêbêting pasitèn-pasitèn.

Prakawis kaping 12.

Sakathahing loji-loji, karêtêg-karêtêg. Sarta margi-margi, badhe kadamêl sarta karêksa dening prayayinipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris satunggil. Sarta ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Ingkang amêdalakên balănja wragadipun sadaya.

Prakawis kaping 13.

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm botên kenging anyaèni kitha ingkang lami, punapa malih yèn saengga kenging yèn adamêla kitha anyar malih.

Prakawis kaping 14.

Bilih kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Karsaa mundhut dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Punapa malih ingkang awarni tatêdhan. Punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Asanggêm ingkang têmên-têmên. Tumuntên anyaosêna kalayan sukaning galih, atêtulung ing prakawis punika, kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Inggih badhe ambayar ing saprayoginipun. Ing rarêgèn. Samukawis ingkang kasaosakên wau punika.

--- 9 ---

Prakawis kaping 15.

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan angangkêni, yèn kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Punika ingkang andarbèni panguwasa kang agêng piyambak. Atas ing pulo Jawi sadaya, punapa malih kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Ingkang andarbèni adil. Ingkang andarbèni melik. Sarta kenging samăngsa-mangsanipun. Angatingalakên saking panguwasaning tuwin kawicaksananipun. Yèn saupami amêrlokakên ing nagari.

Prakawis kaping 16.

Kangjêng tuwan ingkang agêng, ingkang wicaksana, litnan gupêrnur jendral. Sarta radipun. Bilih asuka uninga dhumatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Ingkang pêrlu karsa anêtêpakên. Parentah rêrekan samukawisipun. Ing pandamêlan salêbêting nagarinipun kangjêng susuhunan. Punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Asanggêm badhe tumuntên apêparentah, anglêksanani saking dening karsanipun kangjêng tuwan gupêrnur jendral. Sarta rad. Ananging saupami parentah ingkang sampun kalairakên wau punika antawis kalih dasa dintên. Măngka botên kalêksanan. Kangjêng tuwan gupêrnur jendral sarta rad. Kenging adamêl panguwasa piyambak. Anglêksanani saking parentah punika, botên kenging sumêne utawi kaalangana ing têtiyang.

Prakawis kaping 17.

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm. Ing samangsanipun [sa...]

--- 10 ---

[...mangsanipun] kangjêng gupêrnèmèn Inggris pêrlu anggalih asuka pemut pamulang dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Sêdya angindhakakên ing kauntunganipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Tuwin angindhakakên saking cacêpênganipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan mênggahing paukuman, punapa malih sakathahing prakawis saliyanipun. Ingkang dados kaindhakaning kauntunganipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Sarta ingkang dados wilujêngipun abdining tuwin nagarinipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Dhatêng amiturut ingkang têmên-têmên.

Prakawis kaping 18.

Pêpatih ing kratonipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Punika ing têmbenipun malih amasthi kangjêng gupêrnèmèn Inggris ingkang anêtêpakên. Punapa ing sakarsanipun. Kalayan malih, kangjêng gupêrnèmèn Inggris kenging amocot pêpatih, punapa ing sakarsanipun. Kalih dening pandamêlanipun pêpatih punika, ing sakathahing prakawis ingkang kalampahakên. Amasthi samya apitêpang rêmbag rêrukun kalayan residhènipun ing kangjêng gupêrnèmèn Inggris.

Prakawis kaping 19.

Inggih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm. Botên purun arêrêmbagan utawi asasêratan kalayan sakathahing ratu ing nagari liyanipun. Sanadyan dhatêng raja băngsa [băng...]

--- 11 ---

[...sa] pêthak. Utawi raja-raja ing nagari sabrang, sanadyan agami punapa-punapa, kang nglangkungi malih dhatêng ratu Jawi saliyanipun. Tuwin wadana-wadana Jawi ingkang sami wontên bawah pêparentahan. Yèn botên sampun têrang angsal wawênangipun kangjêng gupêrnèmèn Inggris.

Prakawis kaping 20.

Bilih mênawi pambagenipun bumi têngahan ing nagari Jawi, kang ing mangke punika, antawisipun kangjêng Kumpêni Inggris. Kalayan ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Sarta Kangjêng Sultan ing Mêntawis. Ing salah satunggil. Bilih-bilih wontên pakèwêdipun ing sawêtawis. Sarta bilih botên dados kauntunganipun panjênêngan têtiga wau punika, wit saking pasitèn ingkang sami moncol. Ingkang botên radin. Sarta ingkang sami rêrênca alit-alit. Pramila ingkang sinuhun kangjêng susuhunan asanggêm dhatêng amiturut alêlintunan ing pasitèn wau punika, batosipun supados sakathahing tapêl watês punika kadamêl kêncêng ingkang sae, kalayan malih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Asanggêm dhatêng amiturut ing bageanipun piyambak. Bilih mênawi ing têmbe Kangjêng Sultan ing Mêntawis adamêl rêreka kalayan kangjêng gupêrnèmèn Inggris. Aprakawis dening lêlintunipun pasitèn-pasitèn wau punika.

Prakawis kaping 21.

Sakathahing prajangjean ingkang sampun katêtêpakên ing

--- 12 ---

salêbêting sêrat kuntrak ingkang rumiyin. Sarta pundi ingkang botên kaicalakên ing salêbêting sêrat kuntrak punika, punika sadaya inggih taksih têtêp ungêl-ungêlanipun.

Prakawis kaping 22.

Sêrat kuntrak punika amasthi tumuntên kalêksanan. Sarta kaidenan dening kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, Kangjêng Tuwan Gurnadur Jendral Lorêtmito ing dalêm rad. Sampun sami kasukanan tăndha asta, sarta kaêcapan. Dening kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, litnan gupêrnur jendral ing pulo Jawi sarta sabawahipun sadaya, Tomas Sêtamporêt Raplês. Awit naminipun kangjêng Kumpni Inggris. Ing sasisihipun. Sarta Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping sakawan. Ing sasisihipun malih, kala dintên Sêptu, tanggal ping sakawan sasi Agustus. Taun 1812.

Ingkang pratăndha Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sakawan.

__________

2.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman [Ngabdurahma...]

--- 13 ---

[...n] Sayidin Panatagama, ingkang akadhaton nagari Surakarta Adiningrat. Dhatênga ing anak prabu Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping sakawan, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahutangala, salamêt ing donya rawuh ing ngakherat. Sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Anak prabu akintun sêrat dhatêng ing kula, inggih sampun kula tampèni, punapa sawiraosing sêrat sampun kula tupiksani sadaya, anak prabu asuka uninga dhatêng kula, yèn ing mangke anak prabu anglujengi tingkêbipun putra kula Bok Ratu Kancana, ing dintên Kêmis tanggal kaping 17 wulan Ruwah puniki, kang punika anak prabu, inggih sakalangkung suka pirêna saha ing panarima kula dhatêng anak prabu.

Kalih ingkang taklim raka ijêngandika putra kula Ki Adipati Anom Amangkunagara katura dhatêng anak prabu, kalih ingkang pangabêkti rabi kula Bok Ratu Kancana dhatêng Ibu Ratu Agêng, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Ibu, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Mas. Ingkang salam donga dhatêng putra kula Bok Ratu Kancana, punapa saèsthining manah, kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dintên Saptu,

--- 14 ---

tanggal kaping 19, wulan Ruwah taun Be, angkaning warsa 1744.

__________

3.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Dhatênga ing anak prabu Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping sakawan, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahutangala, salamêt ing donya rawuh ing ngakherat. Sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Sarèhning anak prabu anglujêngi tingkêbipun putra kula Bok Ratu Kancana, kula asuka panjurung warni yatra satus reyal. Awarni cindhe kalih kayuh, punika anak prabu sakalangkung dening kêdhik. Amung dadosa pratăndha kemawon. Yèn kula asih trêsna dhatêng putra kula Bok Ratu Kancana.

Kalih ingkang taklim raka ijêngandika putra kula Ki Adipati Anom Amangkunagara katura dhatêng anak prabu, kalih ingkang pangabêkti rabi kula Bok Ratu Kancana dhatênga Ibu [I...]

--- 15 ---

[...bu] Ratu Agêng, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Ibu, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Mas. Ingkang salam donga dhatêng putra kula Bok Ratu Kancana, punapa saèsthining manah, kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dintên Sênèn. Tanggal kaping 21, wulan Ruwah taun Be, angkaning warsa 1744.

__________

4.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Dhatênga ing anak prabu Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping sakawan, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahutangala, salamêt ing donya rawuh ing ngakherat. Sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Anak prabu akintun sêrat dhatêng kula, inggih sampun kula tampèni, punapa saungêling sêrat sampun kula tupiksani sadaya, anak prabu asuka uninga dhumatêng kula, yèn ing mangke garwa ijengandika [i...]

--- 16 ---

[...jengandika] putra kula Bok Ratu Kancana ambabar miyos kakung, wondening pambabaripun ing dintên Sênèn wanci jam pitu enjing, tanggal kaping 25 wulan Sawal ing taun Be puniki.

Ingkang punika anak prabu, sakalangkung suka pirêna saha panarima kula dhatêng anak prabu, wondening pandonga kula dhatêng wayah kula, ingkang mugi-mugi pinanjangêna ing yuswa, sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Kalih dening ingkang taklim raka ijêngandika putra kula Ki Adipati Anom Amangkunagara katura dhatêng anak prabu, kalih ingkang pangabêkti rabi kula Bok Ratu Kancana dhatêng Ibu Ratu Agêng, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Ibu, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Mas. Ingkang salam donga dhatêng putra kula Bok Ratu Kancana, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dintên Kêmis. Tanggal kaping 28 wulan Sawal taun Be, angkaning warsa 1744.

__________

5.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta [Su...]

--- 17 ---

[...rakarta] Adiningrat. Dhatênga ing anak prabu Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping sakawan, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahutangala, salamêt ing donya rawuh ing ngakherat. Sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika awiyos anak prabu, sarèhning anak prabu asuka uninga dhatêng kula pambabaripun garwa ijêngandika, putra kula Bok Ratu Kancana, kula asuka panjurung patumbasing êmpon-êmpon satus reyal. Kalih warni mori badhe pasatan sakayuh, punika anak prabu sakalangkung dening akêdhik. Amung dadosa pratăndha kula kemawon. Yèn kula asih trêsna dhatêng garwa ijêngandika Bok Ratu Kancana, punapa malih dhatêng wayah kula.

Kalih dening ingkang taklim raka ijêngandika putra kula Ki Adipati Anom Amangkunagara katura dhatêng anak prabu, kalih ingkang pangabêkti rabi kula Bok Ratu Kancana dhatêng Ibu Ratu Agêng, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Ibu, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Mas. Ingkang salam donga dhatêng putra kula Bok Ratu Kancana, punapa saèsthining manah, kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dintên Sênèn. Tanggal kaping 3 wulan Dulkangidah taun Be, angkaning warsa 1744.

--- 18 ---

6.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Dhatênga ing anak prabu Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping sakawan, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahutangala, salamêt ing donya rawuh ing ngakherat. Sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Anak prabu akintun sêrat dhatêng kula, inggih sampun kula tampèni, punapa saungêling sêrat sampun kula tupiksani sadaya, anak prabu asuka uninga dhumatêng kula, yèn ing mangke putra ijêngandika wayah kula, kêkasih Pangeran Timur, ijêngandika angkat nama Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, sarta kaidèn ing guvrêmèn. Dene pangangkatipun ing dintên Sênèn tanggal kaping 15 wulan Bêsar ing taun Be puniki.

Kang punika anak prabu, inggih sakalangkung jumurung saha ing panarima kula dhatêng anak prabu, wondening pandonga kula dhatêng wayah kula Ki Adipati Anom Amêngkunagara, ingkang

--- 19 ---

mugi-mugi lulusa, pinanjangêna ingkang yuswa, sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Kalih dening ingkang taklim raka ijêngandika putra kula Ki Adipati Anom Amêngkunagara katura dhatêng anak prabu, ingkang salam donga dhatêng putra ijêngandika wayah kula Ki Adipati Anom Amêngkunagara, ingkang pangabêkti rabi kula Bok Ratu Kancana dhatêng Ibu Ratu Agêng, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Ibu, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Mas. Ingkang salam donga dhatêng putra kula Bok Ratu Kancana, punapa saèsthining manah, kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dintên Kêmis tanggal kaping 18 wulan Bêsar ing taun Be, angkaning warsa 1744.

__________

7.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Dhatênga ing anak prabu Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping 4, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat.

--- 20 ---

Ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahutangala, salamêt ing donya rawuh ing ngakherat. Sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Sarèhning anak prabu akintun sêrat dhatêng kula, inggih sampun kula tampèni, punapa saungêling sêrat sampun kula tupiksani sadaya, anak prabu asuka uninga dhatêng kula, yèn ing mangke eyang ijêngandika paman Pangeran Arya Dipasănta dhatêng ing jangji, atilar donya mantuk ing rahmatolah, ingkang dados margi awit saking sakit sarira sadaya, wondening patilaripun ing malêm Sênèn wanci jam kalih, tanggal kaping 15 wulan Sapar ing taun Jimakir puniki.

Kang punika anak prabu, inggih sakalangkung pangungune manah kula, dene ing mangke kula asuka panglayad dhatêng anak prabu, ing sapatilare eyang ijêngandika paman Pangeran Arya Dipasănta, mugi jinêmbarna ing kuburipun.

Kalih dening malih ingkang taklim raka ijêngandika putra kula Ki Adipati Anom Amangkunagara katura dhatêng anak prabu, ingkang salam donga dhatêng putra ijêngandika wayah kula Ki Adipati Anom Amangkunagara, ingkang pangabêkti rabi kula Bok Ratu Kancana dhatêng Ibu Ratu Agêng, ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Ibu, ingkang salam donga dhatêng putra kula Bok Ratu Kancana, punapa saèsthining manah, kawrat ing dalêm sêrat.

--- 21 ---

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dintên Jumungah, tanggal kaping 4 wulan Mulud ing taun Jimakir, angkaning warsa 1746.

__________

8.

Pèngêt. Layang manira piagêm. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Kagadhuha marang Babah Ca Ho Sing, marmane Babah Ca Ho Sing manira gadhuhi layang piagêm. Dene manira gawe bêkêl. Ana kagungan manira bumi desa tanah Sukawati, ing Kêbakkramat. Karya 4, sapadhas-pèrènge, salêbak-wukire, disănggaa pajêg 22¼ ringgit ing dalêm sataun. Mati barang takêr turun. Mêtua pajêg tatêngahan pindho sataun, sapanampane sareyal suwang, ing bakda garêbêg Puwasa 11 1/16 ringgit. Ing bakda garêbêg Mulud 11 1/16 ringgit.

Sarta manira wis anampani dhuwite Si Babah Ca Ho Sing, kèhe 200 ringgit. Sumurup êmpingan. Pajêge kagungan manira bumi desa karya sajung mau, lawase wolulas pasokan sangang taun sangang oyod. Sah ênggèn manira mundhut ngêmping pajêg. Nuli Si Babah Ca Ho Sing wiwita asok pajêg katur ing manira, kaya lakuning bêkêl pamajêgan Cina, kèhe pajêg apa salumrahe bumi desa ing tanah kono.

--- 22 ---

Si Babah Ca Ho Sing ênggone anampani bumi ing Kêbakkramat karya sajung irêngan. Besuk yèn Si Babah Ca Ho Sing arêp anempokake bumi, iya amasrahna irêngan. Dene dhuwit pagunungan sajung sareyal. Ing sabên Pasa Mulud. Si Babah Ca Ho Sing asoka marang manira dhewe. Anadene jangji manira karo Si Babah Ca Ho Sing, ênggone manira gawe bêbêkêl tan nganggo tempon. Ing bêcike lan kasanggane, iya dilakonana salawase, kajaba yèn Si Babah Ca Ho Sing ngèthèrake pajêg. Angrusak bumi, atawa anglakoni pagawean ala, ngingu wong durjana sapêpadhane, kongsi kauningan ing parentah, amêsthi manira pocot ênggone dadi bêkêl. Utang manira êmpingan ilang tan ana prakarane. Iku poma-poma sarupaning wong Kêbakkramat. Gêdhe cilik tuwa anom lanang wadon. Kabèh padha pituruta marang parentahe Si Babah Ca Ho Sing, taha yèn tan anggèstokna, atanapi yèn maidoa, amêsthi padha anêmu bilai kang luwih bangêt.

Kala dhawuh Sênèn tanggal kaping 9 wulan Sawal taun Alip, angkaning warsa 1747.

__________

--- 23 ---

9.

Pèngêt. Layang ingsun Kangjêng Ratu Kancana, ing Surakarta Adiningrat. Tumêkaa marang sira adhi mas Pangeran Adipati Mangkuadiningrat. Ing Pamêkasan.

Sawise salam donganingsun marang ing sira wiyose, sira angaturi layang marang ing panjênêngan ingsun. Iya uwis ingsun tampani, sarta uwis ingsun kauningani, apa ing saunine layangira, ing mêngko sira angunjuki pariksa marang ing panjênêngan ingsun. Yèn kakangira kang mas Arya Suradiningrat tumêka ing jangji, atinggal donya, mulih ing rahmatullah, dene kang dadi margane, awit lara wudun ing bokonge têngên. Dene patinggale ing malêm Rêbo, wayah satêngah sanga, tanggal ping 1 sasi Sawal. Ing taun Alip iki.

Kang iku iya bangêt ing pangungun ingsun. Muga jinêmbarna ing kubure, dene adhi-adhi ajêng iya uwis ingsun tuturi, padha abangêt pangungune. Lan maninge ingsun titip marang sira anake lanang, yèn parêng sira lêstarèkna apa ing sapêpancène kakangira Arya Suradiningrat. Dene têtinggalane anak wadon loro, yèn ana lêgane atinira, ingsun pundhut karone, kagawaa ing salakune Si Arya Cakradiningrat.

Tinulis nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dina Sênèn tanggal [tang...]

--- 24 ---

[...gal] ping 28 sasi Sawal, ing taun Alip. Angkaning warsa 1747.

__________

10.

Undhang-undhang.

Kangjêng Tuwan Litnan Kolonèl Ridrênaus, residhèn ing Surakarta: angaturi dhumatêng para tuwan ingkang anyêpêng padamêlaning guvrêmèn, sarta para tuwan upsir, punapa malih tuwan kang mrêdika, ingkang sami agêgriya ing paresidhenan Surakarta, ingkang sarta para pangeran, saha ingkang agêng-agêng ing karaton, supados samia anguningani ing kaurmatan agêng, saha sih wilasanipun kangjêng ghuvrêmèn ing dintên punika, ingkang kaganjarakên dhumatêng Kangjêng Pangeran Ariya Prabu Prangwêdana, kalimrahakên kalayan kaurmatan, awit ingkang nama kangjêng tuwan kang wicaksana ghuvrênur jendral ing dalêm rad, ingkang sarta andadosakên suka pirênanipun kangjêng tuwan residhèn.

Sampun andadosakên parêngipun kangjêng tuwan kang wicaksana ghuvrênur jendral ing dalêm rad, angganjar nama kaurmatan dhumatêng Kangjêng Pangeran Ariya Prabu Prangwêdana, nama Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, pratăndha sangking sampun andadosakên parêngipun kangjêng tuwan kang wicaksana ghuvrênur

--- 25 ---

jendral ing dalêm rad, sarta andadosakên pratăndha ganjaran sangking têmên-têmênipun, Kangjêng Pangeran Ariya Prabu Prangwêdana, dhumatêng kangjêng ghuvrêmèn Nidrêlan India, ananging nama kaurmatan wau badhe botên kenging katurunakên dhumatêng ingkang gêntosi, utawi ing saturun-turunipun, bilih dèrèng dumugi yuswa kawan dasa taun, ingkang sarta sampun andêdahakên mênggah saening pratingkahipun, yèn dipun dugi sampun pantês atampia sih punika.

Amargi sangking pranatanipun kangjêng tuwan kang wicaksana guvrênur jendral ingkang sakalangkung sangking prayoginipun, yèn nama kaurmatan punika, badhe botên kaparingakên dhumatêng sanèsipun, amung têdhak-têdhakipun Kangjêng Pangeran Ariya Prabu Prangwêdana, ingkang anyamèni mênggahing kautamèn, sarta ing têmên-têmênipun, mila nama kaurmatan, Pangeran Adipati Arya Mangkunagara wau punika, amêsthi sangsaya mindhak dipun kurmati sarta wêwah ing kaluhuranipun, wondening nama kaurmatan punika, têgêsipun ingatase tiyang Jawi, namanipun tiyang ingkang luhur kawijilanipun, ingkang sarta prayogi ing wiyosanipun, punapa malih kang langkung sangking utami, akalihan têmên-têmên sarta sarèhing pambêkanipun.

Pranatan punika amêsthi badhe anêmêni, rêmên dhumatêng ing kautamèn, sarta anêbihi ing lampah awon.

Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara, ingkang sawêg kaangkat punika, badhe kaparingan pratăndha kaurmatan awarni [awar...]

--- 26 ---

[...ni] yatra mas satunggil, mawi kasêrat mungêl sababipun kaangkat, sarta sangking gênging sihipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana ghuvrênur jendral.

Ingkang punika mênggah gènipun anêdahakên ing têmên-têmênipun Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwêdana, dhumatêng kangjêng guvrêmèn ing India, ingkang kasêrat ing yatra mas wau pintên-pintên atus taun, badhe taksih katapis sarta kenging kaungêlakên ing têdhakipun Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara.

Punapa malih sampun andadosakên parêngipun kangjêng tuwan kang wicaksana ghuvrênur jendral sangking Nèdrêlan India, amaringi pratăndha kaurmatan dhumatêng putranipun Kangjêng Pangeran Ariya Prabu Prangwêdana, jalêr têtiga, Pangeran Arya Surya Mantaram, Radèn Mas Arya Suryadirja, sarta Radèn Mas Arya Suryaamijaya, awarni salaka ingkang badhe kaangge, kalih pita jêne, mawi sêrat mungêl dados pratăndha ganjaran sangking kaniyatan ingkang sae sarta ingkang têmên-têmên, sadaya punika sami dados ganjaran, sangking ênggènipun anêdahakên kaniyatan ingkang sae saha têmên-têmênipun, putra têtiga wau punika kala kalampahakên dhumatêng ing Băngka.

Kangjêng tuwan residhèn, botên susah mawi anglairakên suka pirênanipun, gènipun atampi parentah sangking kangjêng tuwan ingkang wicaksana guvrênur jendral, mênggah ênggènipun amaringakên ganjaran, dhumatêng têtiyang Jawi ingkang agêng sarta ingkang têmên-têmên wau punika.

--- 27 ---

Ing wusananipun kangjêng tuwan residhèn anglairakên ingkang dados pamujinipun, supados para pangeran sarta wêdana samia amêndhêt tuladha, sangking pangangkatipun ing dintên punika, sarta mênggahing kaèngêtanipun, prêluning prakawis ingkang sampun kalampahan, ing saparentahanipun kangjêng ghuvrêmèn Nèdrêlan sarta sami èngêt, yèn ing parentahanipun kangjêng raja kang maha agung ing nêgari Wêlandi India, salamènipun kaêrèh dhumatêng Kangjêng Tuwan kang Wicaksana Ghuvrênur Jendral Baron van Dêr Kapèlên, lampah-lampah ingkang utami sêrta têmên-têmên, botên sêpi sangking ganjaran, punapa malih lampah-lampah ingkang awon, botên têmên-têmên, botên lêpat sangking paukuman.

Kangjêng raja kang maha aghung ing nagari Nèdrêlan, ingkang mugi pinanjangna ing yuswanipun, saha wakilipun kangjêng raja kang maha agung wau, Kangjêng Tuwan kang Wicaksana Ghuvrênur Jendral Baron van Dêr Kapèlên, ingkang mugi-mugi pinanjangna ing yuswanipun.

__________

11.

Ingkang sêrat saha ingkang salam taklim. Kangjêng Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram. Ing Surakarta Adiningrat. Kaatura ingkang rayi Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping sakawan, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama [Panataga...]

--- 28 ---

[...ma] Khalifatullah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngaogyakarta[2] Adiningrat. Ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahutangala, salamêt ing donya, rawuh ing ngakherat. Sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Kula angaturi uninga dhatêng kangjêng sultan. Yèn ing mangke kangjêng uwa ijêngandika, rama kangjêng susuhunan dhatêng ing jangji, atilar donya kondur ing rahmatullah, amargi saking gêrah sarira sadaya, wondening sedanipun ing dintên malêm Sênèn. Wanci jam satêngah wolu, tanggal kaping 23 wulan Dulkijah, ing taun Alip puniki.

Kalih dening ingkang salam donga Ibu Kangjêng Ratu Kancana dhatêng ibu ijêngandika Kangjêng Ratu Ibu, ingkang salam donga dhatêng Kangjêng Ratu Mas. Ingkang salam donga dhatêng rayi kula Bok Ratu Kancana, ingkang pangabêkti rabi kula bok ratu kadipatèn sêpuh anèm dhatêng Ibu Kangjêng Ratu Ibu, Kangjêng Ratu Mas. Punapadene ingkang salam dhatêng rayi kula Bok Ratu Kancana, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dintên Sênèn tanggal kaping 23 wulan Bêsar, taun Alip. Angkaning warsa 1747.

__________

--- 29 ---

12.

Punika ingkang sêrat sangking Kangjêng Pangeran Adipati Arya Amangkunêgara, dhumatêng ingkang saudara Kangjêng Tuwan Litnan Kurnèl Nais. Kala kula awit panggih sapisan, kalayan kangjêng sunan ingkang suwargi, amargi sangking Pangeran Ngabèi, amanggihi dhatêng padalêman kula, asuka kabar dhatêng ing kula, yèn kula dipun ajêng-ajêng ing kangjêng sunan, sowan kula lumêbêt, tumuntên enjingipun kula sowan lumêbêt. Kula kalayan Pangeran Ngabèi, sami anjujug wontên ing panêpèn, kangjêng sunan dèrèng têdhak. Botên dangu tumuntên kangjêng sunan tindak dhatêng panêpèn, lajêng kula sumêdya ujung ciyum kaki, sarêng kula angujungi, kangjêng sunan mêrbêng tumètès kang waspa, kula inggih sêmantên ugi tumètès rêntah waspa kula, sêsampunipun anggèn kula ujung, kangjêng sunan dhawah pangandika dalêm anêtah dhatêng ing kula, pangêndikanipun, iya talah wis lawas laraku iki, kowe thole tak arêp-arêp, têka nora na seba malêbu, atur kula inggih sangking botên sumêrêp kula yèn panjênêngan jalêm[3] gêrah, tumuntên Kangjêng Pangeran Arya Buminata, kalayan Pangeran Adinêgara, lumêbêtipun dhatêng panêpèn, sami katimbalan. Tumuntên kangjêng sunan dhawah ngêndika dhatêng kula, padha ngumbea wedang, nginang-nginanga, lan aja kowe kabêsturon thole, [tho...]

--- 30 ---

[...le,] sêmangsane kowe malêbu, aja kowe taha-taha banjura bae, wis thole kowe padha alêlungguhana karo Kyai Buminata, aku durung kêlar lungguh suwe-suwe, lajêng kangjêng sunan kundur, botên antawis dangu kula mantuk.

Tumuntên antawis nêm dintên, kula amirêng yèn kangjêng sunan gêrahipun sangsaya sangêt, lajêng kula sowan malêbêt malih, ing wanci enjing, jujug kula ing panêpèn. Lajêng angunjuki uninga, tumuntên kula katimbalan lumêbêt ing dalêm agêng prabayêksa, salêbêt kula kangjêng sunan pinanggih asêsarean. Sarêng mirsa dhumatêng kula kangjêng sunan wungu, kula dipun awe, dipun dikakakên cêlak.

Sarêng kula cêlak pangêndika dalêm dhawah dhatêng kula, thole aku ora nyana bisa katêmu karo kowe manèh, dhèk mau aku ngising, sawise ngising aku nuli ngadêg, bacut sêmaput pandêlênganaku pêtêng, thole têkêmên sikilku kiye, sarêng kula têkêm lajêng kula sungkêmi, antawis saprapat êjam, ngêndika malih dhatêng kula, thole wedangku kuwe gawanên mrene, lajêng kula caosakên, dipun unjuk. Antawis sacêgokan lajêng katêdhakakên malih, dhawahipun dhatêng kula, wis thole umbenên êntèkna, aja kowe taha-taha, lan maninge thole mupung aku misih urip. Putumu Si Sarengat iku, daya-daya kêlakona, dhaupêna karo putuku Si Katibah, putrane [putra...]

--- 31 ---

[...ne] adhimu si dipati, mupung aku misih jumênêng, lajêng ngêndika dhawah dhatêng radèn ayu dipati ingkang sêpuh, pangêndikanipun kangjêng sunan. Êbèng kowe angujunga mênyang kangmasmu, sarêng sampun dèn ayu dipati kang sêpuh wau angujungi dhatêng kula, tumuntên kangjêng sunan ngêndika dhawah dhatêng radèn ayu dipati ingkang ênèm. Êbèng kowe iya angujunga mênyang kangmasmu, tumuntên ingkang wayah putri kêkalih, sami dipun dikakakên angujung dhatêng ing kula sakalihanipun. Sarêng sampun sami ngujung wayah kêkalih wau, tumuntên kangjêng sunan dhawah pangêndikanipun dhatêng ing kula, thole kowe dingrasa tuwa, lan muga dibisa momong mênyang adhimu si dipati, lajêng dipun sêlani wicantênipun pangeran dipati dhatêng kula, kangmas sampun supe dhawahipun rama ijêngandika mêkatên wau punika, lajêng kula angangsuli, inggih sêndika yèn panjênêngan sampeyan andhahar unjuk kula ingkang lêrês. Tumuntên kangjêng sunan ngêndika, iya thole dipati bênêr kangmasmu, tumuntên pangeran dipati amangsuli wicantên dhatêng kula, inggih mêkatên kangmas lêsêr timbalan sampeyan. Tumuntên kangjêng sunan dhawah ngêndika, uwis thole padha kowe angumbe-ngumbea wedang, nginang-nginanga, aku tak turu, lajêng kula ngunjuk wedang, kalayan kangjêng pangeran dipati, antawis kalih êjam, kangjêng sunan têksih sare, kula pamit dhatêng pangeran dipati, kula lajêng mantuk.

Untawis kalih dintên, kantos kêlajêng sedanipun kangjêng sunan, kula botên kantos pinanggih malih. Anamung sapunika pratelanipun.

--- 32 ---

13.

Awit ingkang nama kangjêng raja.

Sarèhning ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping sakawan ing Surakarta Adiningrat, sampun surud kala tanggal kaping 1 wulan Oktobrê punika, utawi tanggal kaping 23 wulan Jawi Bêsar sarta ingkang sampun dados pamujinipun ingkang wêkasan, yèn pêparentahanipun atas ing tanah Surakarta sadaya, kagêntosakên dhatêng putranipun ingkang sêpuh piyambak, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, Sudigbya Rajaputra Narendra Mantaram, pramila kangjêng gusti pangeran adipati wau ing dintên punika kaangkat kalimrahakên kalayan kaurmatan dados susuhunan ing nagari Surakarta, anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping gangsal, kados ingkang sampun katilarakên, saha kawêngku dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing sasurudipun, awit ingkang nama sarta parêngipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana sèkrêtaris van sêtat gurnadur jendral sangking Nèdrêlan India, ridrê sangking Ordhèlèhya ing tanah Nèdrêlan, sarta grut krais sangking Ordhesinanah ing nagari Ruslan, ingkang kawakilakên [kawakilakê...]

--- 33 ---

[...n] dening kangjêng raja ingkang maha agung ing nagari Nèdrêlan, prinis van oranyê nasao, sarta grut Hèrtoh sangking Luksêmburêh.

Ingkang punika inggih mêngkatên ugi mênggahing prajangjianipun kados ingkang sampun katamtokakên sarta ingkang kaprajangjèhakên dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan wau, wontên ing sawarninipun sêrat kuntrak, utaminipun ingkang katitimangsan tanggal kaping 1 wulan Ogustus taun 1812, kalihdening anênuhun dhatêng ing Gusti Allah ingkang mugi-mugi kangjêng susuhunan inggal punika kapaosêna sarta kawilujêngêna ing pêparentahanipun, wondening kangjêng susuhunan inggal wau ing mangke kauningakakên, mênggah ênggènipun anglêksanani sakathahe kawajibanipun dhatêng kangjêng ghuvrêmèn, ingkang punika sampun tamtu badhe atampi ing prasobatanipun ingkang kuwasa, pitulungan sarta bêbantonipun kangjêng ghuvrêmèn wau, dene bilih wontên lêlampahanipun ingkang gèsèh, punika ingkang sinuhun kangjang[4] susuhunan, sarta ingkang santana sadaya badhe aningali, yèn kangjêng guvrêmèn botên kakirangan ing panguwasanipun, mênggah pangukumipun dhatêng têtiyang ingkang awon, saha lêlampahan awon, kados ugi kangjêng guvrêmèn kagungan karsa ingkang têmên-têmên badhe angganjar dhatêng têtiyang ingkang sae, sarta angayomi dhatêng para ratu ingkang sami sae ing lampahanipun.

--- 34 ---

Surakarta tanggal ping 10 wulan Oktobrê 1820, utawi tanggal ping 1 wulan Sura taun Ehe 1748.

__________

Undhang-undhang

Awit ingkang nama kangjêng raja.

Sarèhning kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, kala tanggal kaping sadasa, wulan Oktobrê puniki, sampun angangkat kang kalihan kaurmatan dhatêng ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Mangkunagara, dados susuhunan sangking sakathahe tanah-tanah ing Surakarta, anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping gangsal, awit ingkang nama sarta parêngipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gurnadur jendral sangking Nèdrêlan India, ingkang makili kangjêng raja kang maha agung ing nagari Nèdrêlan.

Ingkang sarta awit dening kangjêng tuwan ingkang wicaksana gurnadur jendral ing dalêm rad sampun amarêngi anêtêpakên sarta angangkat ingkang saèstu, dhatêng ing kangjêng susuhunan wau, saha anglampahakên kumisi supados angaturana uninga dhatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mênggah ingkang punika sarta anjênêngi ing têtêpipun wau punika.

--- 35 ---

Mila para tuwan-tuwan ingkang kajumênêngakên kumisaris ing bab ingkang kasêbut ing ngajêng wau, ing mangke nglimrahakên mênggah têtêpipun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping gangsal ingkang saèstu dados susuhunan sangking sakathahe pasitèn-pasitèn ing Surakarta awit kang nama kangjêng tuwan ingkang wicaksana gurnadur jendral ing dalêm rad, ingkang punika satunggil-tunggiling têtiyang kaparentahan, sami angakên, saha ngurmatana, ingkang sarta asumungkêma dhatêng sinuhun kangjêng susuhunan wau punika, wondening mênggah pangangkatipun ing mangke, katêtêpakên kados ugi pangangkatipun kala tanggal kaping 10 wulan Oktobrê puniki. Sampun têlas wontên ing nagari Surakarta, kala tanggal kaping 31 wulan Oktobrê 1820, kadamêl dening para tuwan-tuwan kumisaris wau.

__________

15.

Sarèhning kangjêng tuwan ingkang wicaksana gurnadur jendral ing salêbêting rad, sampun amarêngi awit ingkang nama kangjêng raja ingkang maha agung ing nagari Nèdrêlan, ingkang saèstu andarbêni tanah punika, angangkat sarta anêtêpakên dhatêng ing kula, dados susuhunan anama Susuhunan

--- 36 ---

Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping gangsal, ananging kula mawi prajangji, inggih ugi kados kang sampun dados prajangji sakathahing kawajibanipun rama kula Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping sakawan swargi, wontên sawarnènipun sêrat kuntrak.

Sarta sarèhning mêngkatên ugi prajangjian kula ênggèn kula anglampahi kalayan panrima pêparentahan kang kagêntosakên dhatêng ing kula.

Pramila ênggèn kula anêrangakên punapa saèsthining manah kula, ing sapunika kula saha para priyayi agêng-agêng ing salêbêting karaton sami anandhani sarta supaos, punapa malih angêcapi, kalih êcap kula ing bab kang mungêl ing ngandhap punika.

Ingkang kaping sapisan, kula matur sarta angangkêni, yèn ênggèn kula anggadhuh sapalih ingatase tanah Jawi kados ingkang sampun kawêngku dhatêng rama kula, ing sasedanipun punika botên ênggèn kula tampi sangking panguwasa kula piyambak. Ananging sangking dening rêmên sarta trêsnanipun kangjêng guvrêmèn dhatêng ing kula.

Ingkang kaping kalih, kula matur sarta angangkêni, yèn tanah ingkang kasêbut ing nginggil wau namung kagadhuhakên dhatêng ing kula, sawab[5] punika kangjêng guvrêmèn andarbèni panguwasa amundhut malih gêgadhuhan kula wau sangking ing kula, bilih kula botên [bo...]

--- 37 ---

[...tên] anglêksanani prajangjian saha kawajiban kula, ingkang sampun katamtokakên ing dalêm sawarnènipun sêrat kuntrak, utawi sêrat prajangjean ingkang sampun kadamêl tuwin ingkang badhe kadamêl ing têmbenipun.

Ingkang kaping tiga, kula aprajangji, bilih punika kapundhut sangking ing kula, kula amêsthi badhe anganyarakên sarta anêtêpakên sawarnènipun sêrat kuntrak, kalih kangjêng guvrêmèn.

Ingkang kaping sakawan kula aprajangji ingkang têmên-têmên, botên badhe angewahi sakathahe pêparentahan, prakawising nagari punika kados ingkang sampun kalampahan, sarta kula badhe andêdahakên dhatêng kangjêng guvrêmèn, sangking dening têmên-têmên rumakêt sarta panrima kula.

Ingkang kaping gangsal, kula aprajangji, yèn kula badhe apratela dhatêng tuwan residhèn ing ngriki, mênggah sawarnining prakawis agêng ingkang kula kauningani, sarta ingkang prêlu kauningakakên ing kangjêng guvrêmèn, ingkang punika kula inggih badhe apirêmbagan kang têmên-têmen, kalih tuwan residhèn wau punapa ingkang sêdya kula lampahi, sarta badhe amiturut ing pirêmbaganipun.

Ingkang kaping nêm, kula aprajangji badhe anandhani sarta angêcapi kalih para priyayi agêng ing sêrat tatêdhakan têtiga wau katêtêpakên dening kangjêng guvrêmèn, ingkang satunggil badhe kakintunakên dhatêng kangjêng guvrêmèn, ing nagari Batawiyah, [Batawi...]

--- 38 ---

[...yah,] ingkang satunggil dhatêng tuwan residhèn ing ngriki, wondene ingkang satunggil malih kula rawati piyambak.

Kadamêl sarta sinêrat ing Surakarta Adiningrat kala ping 31 wulan Oktobrê taun 1820, utawi tanggal ping 23 wulan Jawi, Sura, taun 1748.

Pratăndha Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping gangsal.

Pratăndha Radèn Dipati Sasradiningrat.

Pratăndha kawula Radèn Tumênggung Arungbinang.

Pratăndha kawula Radèn Mas Riya Sasrakusuma.

__________

16.

Pèngêt. Ingkang sêrat Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, dhumatênga marang andika paman Sultan Cakra Adiningrat, ing Madura.

--- 39 ---

Sampuning salam kula wiyose, kula asuka uninga dhatêng paman sultan, yèn raka andika rama ingkang sinuhun kangjêng susuhunan dhatêng ing jangji, atilar donya mantuk ing rahmatullah, amargi saking gêrah sarira dalêm sadaya, wondene sedane ing dintên malêm Sênèn wanci jam satêngah wolu, tanggal kaping tiga likur, sasi Dulkijah ing taun Alip, angkaning warsa 1747.

Lan malih kula asuka uninga dhatêng paman sultan, ênggèn kula kaangkat anggêntosi jumênêng nata, anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping gangsal. Dening saudara kula Tuwan Litnan Kulnèl Ridêr Mistêr Aibrêt Gerar Naus, residhèn ing Surakarta Adiningrat, saha saking panguwasane eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, Godêr Alèksandêr Gerar Filip Baron van Dêr Kapèlên. Guvrênur jendral ing Nèdêrlan India, sarta kurmat kadi adat kang sampun kalampahan. Kala ing dintên Salasa Kaliwon enjing tanggal ping 2 sasi Mukharam, ing taun Ehe puniki, angkaning warsa 1748.

Kalihdene Ibu Kangjêng Ratu Kancana lajêng kula saosi nama Kangjêng Ratu Agêng, putra andika garwa kula bok ratu kadipatèn sêpuh kula angkat nama Kangjêng Ratu Kancana, putra andika bok ratu kadipatèn anom kula angkat nama Kangjêng Ratu Mas.

--- 40 ---

Lan malih ingkang salam donga Ibu Ratu Agêng dhatênga andika paman sultan, sarta dhatêng bibi Ratu Ayunan, kalih ingkang salam garwa kula Kangjêng Ratu Kancana, sarta Kangjêng Ratu Mas, dhatênga bibi Ratu Ayunan.

Sinêrat ing dintên Rêbo tanggal ping 1 sasi Safar taun Ehe angkaning warsa 1748.

__________

17.

Pèngêt. Layang ingsun Kangjêng Ratu Agêng, Ratu Ibu dalêm ing Surakarta Adiningrat, dhawuha marang sira, adhi Ariya Cakraningrat.

Sawise salam ingsun marang ing sira adhi, sira angaturi layang ing panjênêngan ingsun, iya uwis ingsun tampani, sarta uwis ingsun kawruhi, anadene sira angaturi uninga marang ing panjênêngan ingsun, yèn ing mêngko rabinira atinggal donya mulih ing rahmatullah, awit katêkan lara ora pati lawas. Dene tibaning jangji tinggal ing dina malêm Salasa, tanggal kaping 9 sasi Jumadilakir, taun Ehe iki, ăngka[6] 1748.

Lan maninge sira angaturake ing karepotanira, saking dening anakira akèh, sarta sira anyumanggakake ing awakira marang ingsun. Iya uwis ingsun tarima, sarèhning sira anyumanggakake ing awakira, kang iku adhi mungguh

--- 41 ---

karsaningsun, prayoga sira anyuwuna pamit marang ing guvrêmèn, mênyang nagara ing Surakarta, yèn wis olèh kalilan ing pamitira, tumuli sira angaturana uninga ing panjênêngan ingsun. Anuli ingsun angaturake marang panjênêngan dalêm anak prabu ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ingkang supaya ana sih wilasane kangjêng anak prabu marang ing sira, barang karepotanira, tumêngkaning nagara ing Surakarta Adiningrat.

Tinulis ing dina Sênèn, tanggal kaping 22 sasi Sawal, taun Ehe, angkaning warsa 1748.

__________

18.

Pèngêt. Layang ingsun Kangjêng Ratu Agêng, ing Surakarta Adiningrat, sarta salam donganingsun, dhawuha marang sira, adhimas Pangeran Adipati Mangkuadiningrat. Kang atêtunggu kagunganing guvrêmèn, ing nagara Pamêkasan. Sarta taklime putraningsun Bok Ratu Pambayun,taklime putranira Pangeran Arya Purabaya, padha tumêkaa marang sira.

Ing sawise salam donganingsun adhimas adipati, sira ngaturi layang wêwangsulan marang panjênêngan ingsun, iya wus tumêka, sarta wus ingsun tupiksani, sawirasane layangira wêwangsul, aprakara pamundhut ingsun marang rabine adhimas Arya Sasrawinata, muwah anake lanang kang misih cilik, kang aran Radèn [Ra...]

--- 42 ---

[...dèn] Maludin. Loro anake wadon Dèn Ajêng Saripa, têlu anake saka ing sêlir, kang aran Radèn Sudin, kang iku adhimas iya sira saosake, kairid ing salakune si biyung Jayapurwaka, ing saiki wus padha têka ing nagara Surakarta Adiningrat. Sarta padha salamêt kabèh, kang iku bangêt panarimaningsun marang sira.

Lan maninge sira angaturi uninga marang ingsun, yèn Si Angabèi Jayapurwaka, wus tinêkakake ing jangji, mulih marang ngajal, ana ing Pamêkasan, amarga lara pêpanas. Kang iku adhimas, bangêt pangungun ingsun, dene ngajale Si Jayapurwaka ana ing sajrone anglakoni ayahan ingsun.

Karodene adhimas adipati, sira angaturake pangabêkti, arupa barang, kaya kang kasêbut ana ing sajroning layang lêmpitan. Iya wus têka ing ingsun kabèh, lan wus ingsun tampani, liwat saka dadi suka pirênaningsun.

Anadene kang dadi lawase bocahira, ora ingsun ulihake tumuli, sabab lagi ana ambah-ambah lêlara, dadi galih ingsun sumêlang, manawa bocahira lara ana ing dalan.

Wusana adhimas, ingsun mundhut kiriman brambang putih.

Tinulis ing nagara Surakarta Adiningrat, tanggal ping 30 sasi Dulkangidah, taun Ehe, angkaning warsa 1748.

__________

--- 43 ---

19.

Pèngêt. Layang ingsun piagêm Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhake marang kawulaningsun wong Cina Babah Ke, marmane ingsun gadhuhi layang ingsun piagêm. Dene amajêgi kagungan ingsun bumi desa pangrêmbe kadipatèn ing Lumbungkêrêp satabone, salêbakwukire, sawah gawening wong salawe, dèn pajêgi têlung atus reyal anggris ing sataune, mati sabarang takêr turuning gawe, amung arahan panêbasing băndha lan pagunungan kang misih têtêp ana ing bumi desa, apa date[7] kang uwis kalakon. Dene pajêg têlung atus reyal anggris ing sataune iku, mêtua tatêngahan. Ping pindho sataun. Ing bakdane garêbêg Mulud angladèkna kagungan ingsun pajêg satus sèkêt reyal anggris. Ing bakdane garêbêg Puwasa angladèkna kagungan ingsun pajêg satus sèkêt reyal anggris. Panampane ing sareyale suwang, anadene Si Babah Ke, ênggone amajêgi kagungan ingsun bumi desa ing Lumbungkêrêp, lawase amung sangang taun. Ing bêcike, lan kasanggane kagungan ingsun pajêg, saupama angrusak desa, muwah anganiaya ing sawijining wong desa, atawa angèthèrake kagungan ingsun pajêg. Sanajan durung tutug ing jangjine

--- 44 ---

sangang taun, amêsthi kagungan ingsun bumi desa ingsun jabêl. Anadene Si Babah Ke ênggone tămpa ing mêngko bumi sawah irêngan, besuk ing tempone iya ngaturna kagungan ingsun bumi sawah irêngan. Dene yèn ana têtanduran kang durung tuwa, utawa durung kêna kaundhuh, kang misih jênêng kuningan, iya ingsun antèkake ing sarêsike pangundhuhe, yèn uwis barêsih, sarta yèn uwis tutug ing lawase sangang taun, amêsthi Si Babah Ke angaturna kagungan ingsun bumi desa pangrêmbe kadipatèn ing Lumbungkêrêp, gawening wong salawe, konjuk ing sampeyan ingsun.

Pacuan-pacuan sakèhe kawulaningsun, padha sira ngèstokna unine layang ingsun piagêm. Kang ingsun gadhuhake marang kawulaningsun wong Cina Si Babah Ke, taha yèn tan angèstokna, atanapi yèn amaidoa, kaplaksanaa marang sakèhe nayakaningsun, ana ing alun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat, sarta konjuka ing ingsun.

Kala dhawuh pangandika dalêm ing dintên Sênèn, tanggal kaping wolu, ing wulan Rabingulawal, ing taun Jimawal, angkaning warsa 1749.

__________

--- 45 ---

20.

Pèngêt. Layang ingsun piagêm Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhake marang kawulaningsun wong Cina Si Babah Ke, marmane ingsun gadhuhi layang ingsun piagêm, dene amajêgi kagungan ingsun bumi desa pangrêmbe kadipatèn Pamupusan, satabone, salêbakwukire, cacah sawah gawening wong salawe, dene sêsanggane angladèkake kagungan ingsun pajêg kang arupa suruh dhahar, kèhe sèwu candhik, lumêbune sabên esuk. Panampane sèkêt candhik, lan amajêgi manèh kagungan ingsun bumi desa pangrêmbe kadipatèn, ing Bêran, gawening wong papat. Dene sêsanggane, iya angladèkake kagungan ingsun pajêg kang arupa suruh dhahar, kèhe satus candhik, lumêbune sabên esuk. Panampane sapuluh candhik. Dadi Si Babah Ke ênggone ngladèkake kagungan ingsun pajêg suruh dhahar, kèhe sèwu satus candhik. Panampane sawidak candhik, ing sadinane. Anadene Si Babah Ke ênggone amajêgi kagungan ingsun bumi desa ing Pamupusan lan ing Bêran, dadi sawah pitung jung, lawase mung rolas taun. Ing bêcike, lan kasanggane kagungan ingsun pajêg suruh dhahar ing sadinane, dene yèn agawe rusake [rusa...]

--- 46 ---

[...ke] desa, atawa yèn anganiaya marang sawijining wong desa, apadene yèn angèthèrake kagungan ingsun pajêg. Sanajan durunga tutug ing jangjine rolas taun, amêsthi kagungan ingsun bumi desa ingsun jabêl. Ing mêngko Si Babah Ke atămpa bumi sawah irêngan. Besuk ing tempone iya ngaturna kagungan ingsun bumi desa sawah irêngan. Dene yèn ana têtandurane kang durung tuwa, utawa durung kêna kaundhuh, kang misih jênêng kuningan, iya ingsun antèkake ing sarêsike pangundhuhe, yèn uwis barêsih pangundhuhe, sarta yèn uwis tutug ing lawase rolas taun, amêsthi Babah Ke angaturna kagungan ingsun bumi desa pangrêmbe kadipatèn ing Pamupusan ing Bêran, satabone, salêbakwukire, cacah sawah gawening wolu likur, konjuk ing sampeyan ingsun, lan Si Babah Ke amadanaa marang adhimas angabèi.

Pacuan-pacuan sakèhe kawulaningsun, padha sira angèstokna ing saunine layang ingsun piagêm, kang ingsun gadhuhake marang Si Babah Ke, taha yèn tan angèstokna, atanapi yèn amaidoa, kaplaksanaa marang sakèhe nayakaningsun ana ing alun-alun ing Surakarta Adinigrat, sarta konjuka ing ingsun.

Kala dhawuh pangandika dalêm, ing dintên Sênèn, tanggal kaping kalih likur, wulan Rabingulawal, ing taun Jimawal, angkaning warsa 1749.

__________

--- 47 ---

21.

Ingkang sêrat pratăndha Kyai Ngabèi Jayapraceka, kacêpênga dhatêng ingkang saudara Babah Ngantèn Cinoan.

Mila Babah Ngantèn Cinoan kula cêpêngi sêrat pratăndha, dene kula anyambut gadhahanipun yatra 300 ringgit. Wondene ingkang kula saurakên sambutan kula yatra 300 ringgit punika, pamêdalipun gêgadhuhan kula siti dhusun ing Ngirisakikil, salêbakwukire, sapadhaspèrènge, mêdal paos 50 ringgit ing dalêm sataun. Mênggah jangji kula kalihan Babah Ngantèn Cinoan, lamine amung wolung taun, nêm bêlas pasokan, wolung oyod. Dene salêbêting jangji wolung taun, nêm bêlas pasokan, wolung oyod, kaebora, kajênanga sitine, kula botên anguningani.

Ing sapunika Babah Ngantèn Cinoan atampi siti cêmêngan, enjing[8] inggih mantuk dhatêng kula cêmêngan. Dene yèn tanêm tuwuhe taksih katanggêlan, kula inggih angantosakên ing sapangundhuhe, ananging tanêm tuwuh wau, ingkang wontên têgil, utawi kang wontên padhusunan, sami amanuta oyodipun ing pantun. Kalihdene Babah Ngantèn Cinoan botên kenging yèn angrisaka dhusun, utawi [u...]

--- 48 ---

[...tawi] anêgora kajêng taun, ambibarna tiyang alit. Punapadene anganiayaa tiyang ingkang tanpa dosa, yèn ngantosa anêrak ing prajangji punika, sanajan dèrènga dumugi ing wolung taun, amêsthi siti dhusun kula dhadhal, sambutan kula yatra tigang atus ringgit sapintên kantunipun, ingkang dèrèng sumêrêp ing siti, kula sauri, yèn sampun jangkêp wolung taun, nêm bêlas pasokan, wolung oyod. Gêgadhuhan kula siti dhusun ing Ngirisakikil, mantuka dhatêng ing kula malih, kang sarta sambutan kula yatra 300 ringgit sah.

Dene pêpacaking parentah Babah Ngantèn Cinoan, êmpun dika wani-wani angadêgake ngabotohan. Lan êmpun purun-purun angingu angubungi tiyang lampah awon. Kampak kecu maling sasamine, punapadene kandhêg kampiran, yèn kantos katitik katur ing parentah, amêsthi saudara kenging patrapaning parentah, kang kalangkung dene asangêt.

Kang iku sarupane wong bumi desa ing Ngirisakikil, kang milu ing manira, padha pituruta marang parentahe Babah Ngantèn Cinoan. Taha yèn tan angèstokna, atanapi yèn amaidoa, amêsthi nêmu bilai kang luwih abangêt.

Sahing prajangji Sênèn tanggal kaping 27 wulan Rabingulakir, taun Jimawal, angkaning warsa 1749.

__________

--- 49 ---

22.

Punika ingkang sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, sangking Pangeran Pakualam. Kaatura ingkang saudara, Kangjêng Tuwan Litnan Kulnèl Ridrê Nais. Sasampuning kadya sapunika awiyos, kula anêdha pitulung dhumatêng saudara, mugi kaatura ing kangjêng tuwan bêsar gurnadur jendral, sarèhning ingkang wau kula dipun angkat nama dhatêng Tuwan Jendral Enggris Rafêlês, anama Pangeran Adipati Pakualam, nanging ingkang nama dipati botên mufakat, namung Pangeran Pakualam kemawon. Pratăndha kula cap sampun mungêl nama Pangeran Adipati Pakualam. Ingkang punika mugi wontêna sih pitulungipun kangjêng tuwan bêsar gurnadur jendral, anêtêpêna nama kula, ingkang sêbut adipati, mênggah katuripun ing kangjêng tuwan bêsar gurnadur jendral, kula pitajêng dhumatêng saudara kula Kangjêng Tuwan Litnan Kulnèl Nais.

Kala rumiyin kula sampun anêdahakên têmên-têmên kula dhumatêng Kangjêng Guvrêmèn Nèdrêlan. Sarêng kula têksih anyêpêng parentah ing Ngayogyakarta, kala timuripun kangjêng sultan, pramila kenging saudara pitados. Yèn kula botên badhe kirang malês katêmênan dhatêng sihipun kangjêng tuwan bêsar gurnadur jendral, ingkang kula bêktèni kalayan trêsna kang yêktos, saha sumungkêm kang mituhu, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

--- 50 ---

Sinêrat ing dintên Sênèn tanggal ping gangsal wulan Jumadilawal ing taun Jimawal angkaning warsa 1749.

__________

23.

Pèngêt. Nawalaningsun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhake marang kawulaningsun wong Cina Si Babah Hongke, marmane ingsun gadhuhi nawalaningsun. Dene ingsun gawe kawulaningsun wong juru kêbon suruh, ingsun jênêngake Si Dêmang Hongke, sarta ingsun gadhuhi kagungan ingsun bumi desa pangrêmbe ing Têmulus satabone, cacah sawah gawening wong patang puluh. Dene sêsanggane, angladèkna kagungan ingsun suruh dhahar, kèhe sèwu candhik sadinane, lêbune sabên esuk, panampane sèkêt candhik, lan pasumpinge rong atus reyal anggris ing sataune, mêtua tatêngahan ping pindho sataun. Ing bakda garêbêg Mulud satus anggris, ing bakda garêbêg Puwasa satus reyal anggris. Panampane satuse têlu têngah reyal, dene bocah ingsun dêmang lawas, iya misiha têtêp jênênge dêmang, dadia sosorane Si Dêmang Hongke, sarta sira pituruta marang parentahe Si Dêmang Hongke kang bêcik. Mungguh karêksane kêbon ingsun suruh, yèn sira ora piturut marang parentahe Si Dêmang Hongke kang

--- 51 ---

bênêr, amêsthi ingsun buwang saka ing sabêt saponira, dene kang dadi lêlungguh dêmang sawijine sawah anyakikil, yèn ana prakarane wong desa, iya Si Dêmang Jayarumêksa lan Si Dêmang Jagarumêksa angawruhana, kang sarta dêmang loro iku anyănggaa apa ing sagawe-gawene, muwah ing salêladène, aja owah kaya kang wis kalakon. Lan ingsun kawênangake Si Dêmang Hongke iku, yèn anganggo-anggoa, apa ing saanggon-anggone kawulaningsun mantri desa pangrêmbe, anadene wêwalêr ingsun marang ing sira, aja sira wani-wani anglakoni pagawean ala, ngadêgake wong ngabotohan, apalacidra, angubungi wong durjana, lan ora ingsun lilani anêgora kayu kang kêna pinangan wohe, kang jênêng angrusak desa, atawa aniaya marang wong cilik kang tanpa prakara, lan sabarang kalêbu panggawe ala, aja sira wani anglakoni, têka kongsi anglakoni, amêsthi sira anêmu bilai kang luwih bangêt. Ingsun pocot ênggonira dadi juru kêbon.

Pacuan-pacuan sakèhe kawulaningsun, padha sira angèstokna ing saunine nawalaningsun, kang ingsun gadhuhake marang Si Dêmang Hongke, taha yèn tan angèstokna, atanapi yèn amaidoa, kaplaksanaa marang sakèhe nayakaningsun, ana ing alun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat, sarta konjuka ing ingsun.

Kala dhawuh pangandika dalêm ing dintên Sênèn, tanggal kaping

--- 52 ---

sangalas, wulan Jumadilawal, taun Jimawal, angkaning warsa 1749.

__________

24.

Punika sêrat paturanipun abdi dalêm tiyang Citên Ajana sêdaya, sarta sambah[9] sungkêmipun abdi dalêm Citên Jana sêdaya, konjuka dhatêng kangjêng tuwan bêsar, risidhèn ing Surakarta, saha risidhèn ing Ngayogyakarta, wiyosipun sawêg ing wulan Jumadilawal tanggal ping pitu wingking punika, wiwitipun tanah Bagêlèn sêdaya anglangkungi rêsahipun tiyang awon kathah sami ngadhangi marga, tiyang Citên kang sami dagang, utawi kang sami ngupados têdhi sami ajrih kakesahan, dalah pêkên sami kawakakên ajrih mupu, kadugi kêlajêng rêsah sangêt. Sampun sami batên[10] sagêd kesah-kesah, sawêrnine tiyang Citên agêng alit sami susah sêdaya, ritên[11] dalalu[12] sami batên rumaos gadhah gêsang, anglangkungi kasusahanipun. Katuju tuwan bêsar inggal tindak mêdal dhatêng tanah Bagêlèn piyambak, angêradin tanah Bagêlèn sarta nyêpêngi tiyang awon-awon sêdaya, sapunika tanah Bagêlèn rêja kêrtanipun langkung sangking wau-wau, wit sangking kuwasanipun tuwan bêsar, mila sapunika sawêrnine tiya[13] Citên bungahipun kados tiyang sampun pêjah gêsang malih sangking pitulungipun tuwan bêsar, yèn wênanga kados sami ngangkên bapa, sangking batên sagêdipun mangsuli [mangsu...]

--- 53 ---

[...li] sihipun tuwan bêsar dhatêng abdinipun sêdaya, sami saklangkung langkung trimakasihipun, kalih sawêrnine tiyang Citên. Tăndha tanganipun sami wontên sangadhape[14] sêrat punika, ing Jana tanggal ping 20 Jumadilakir 1749.

__________

25.

Pèngêt. Kang sêrat pratăndha Radèn Angabèi Purwakusuma, kacêkêla marang saudara Babah Kwikmasing, marmane saudara Babah Kwikmasing anyêkêl layang manira pratăndha, dene manira utang dhuwite kèhe 140 ringgit. Dene kang manira saurake ing saudara Babah Kwikmasing, pamêtune gêgadhuhan manira bumi desa ing Wêdani, tanah Pajang, gawening wong papat, ing Pramiyan,[15] tanah Mataram, sabau, gunggung sawah sajung sabau, satabone, sapalakirnane, sapadhaspèrènge, dene pajêge ing Wêdani sajung 30 ringgit ing dalêm sataun. Ing Pamriyan sabau pajêge 10 ringgit ing dalêm sataune, sawah sajung sabau pajêge 40 ringgit ing dalêm sataun, mati samubarang takêr turun kabèh, mungguh jangji manira karo saudara Babah Kwikmasing, lawase mung nêm, taun rolas pasokan, yèn wis tutug ing jangji nêm taun, rolas pasokan, utang manira satus patang puluh ringgit marang Babah Kwikmasing uwis sah, bumi desa sajung sabau muliha marang manira manèh.

--- 54 ---

Babah Kwikmasing atămpa bumi irêngan, yèn wis tutug ing jangji nêm taun, rolas pasokan, iya muliha irêngan. Saupama katanggungan durung tuwa, utawa durung kêna kaundhuh, manira nyarantèkake rampunging pangundhuhe, lan manèh Babah Kwikmasing misih kêna ing dhuwit pagunungan. Yèn disăngga urip pagawean bau suku suguh dhayoh, sajunge rolas uwang, ing dalêm satêngah taun. Yèn disăngga mati barang pagawean bau suku suguh dhayoh, sajunge patlikur uwang, ing dalêm satêngah taun. Yèn kawêtokake luwih saka samono, Babah Kwikmasing aja angladèni, lan enggal angaturana uninga ing parentah, dene utang manira marang Babah Kwikmasing, kèhe 140 ringgit ing ngarêp mau, manira wis tarima, nyauri dadi rong atus patang puluh ringgit. Ing jangji sahe utang manira lawase nêm taun, rolas pasokan mau, dene bumi desa manira ing Wêdani sajung, ing Pamriyan sabau, manira wis pasrah marang saudara Babah Kwikmasing, dijênanga diebora, manira wis ora nguningani, lan maninge manawa ana apêse salah sijine, yèn manira apês, măngka durung tutug ing jangji nêm taun, rolas pasokan, iya anak manira kang anutugna nyauri utang manira sapira etunge kang kari, manawa saudara Babah Kwikmasing apês, iya ali warise anutugna anampani panyaur manira.

Parentah manira marang sarupane wong bumi desa ing Wêdani sajung, [sa...]

--- 55 ---

[...jung,] ing Pamriyan sabau, tuwa anom lanang wadon, padha pakênira apituruta amanuta, apa barang kang dadi parentahe Babah Kwikmasing kang bênêr, sapa kang ora manut ing parentahe, atawa ora angèstokake, tuwin amaido unine layang manira parentah kiye, amêsthi katur ing parentah, sarta padha nêmu bilai.

Kalane anampani bumi desa ing Wêdani sajung, ing Pamriyan sabau, ing dina Rêbo, tanggal ping 25 ing sasi Jumadilakir taun Jimawal 1749.

__________

26.

Pèngêt. Nawalaningsun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhake marang Si Ngabèi Sumadirja. Marmane ingsun gadhuhi nawalaningsun, dene kulawisudha ingsun junjung lungguhe saka ing ngisor, ingsun sêngkakake ing aluhur, ingsun gêntèkake lêlakone bapakane, ingsun gawe wadanane kawulaningsun mantrining wong sèwu, ingsun alihake aran, ingsun jênêngake Radèn Tumênggung Jayanagara, sarta ingsun pitêdhani lêlungguh, kagungan ingsun bumi desa, satabone, cacah sawah gawening wong rong atus, iki arane desane siji-sijine.

Ing Selagung, gawening wong, 24.

--- 56 ---

Ing Selagung, legok pasanggrahan, 24.

Ing Kêpuh Turus, Sobrah Manjung Gêbang, 24.

Ing Tajung Sajèn, Beralirik, 24.

Ing Majêlag, Bera Tangkisan Jati, 10.

Ing Plasagandhu Magêrusum Bêbrangkal Kauman, 24.

Ing Jayan Karangnăngka Kiringan, 24.

Ing Mundhon Bakungan Putat, 12.

Ing Jambu Janti Jagadipan Têgalampèl, 12.

Ing Jêthis Karangmaja, Sampang Larangan, 10.

Ing Sumbêr Talêbuk Garut Candhi, Wêdhapandhês, 12.

Gunggung gawening wong, 200.

Iku dèn sănggaa ing sagawe-gawene wêdanane kawulaningsun mantrining wong sèwu, aja owah kaya kang uwis kalakon. Lan ingsun kawênangake Radèn Tumênggung Jayanagara iku, yèn anganggo-anggoa apa ing saanggon-anggone wêdanane kawulaningsun mantrine wong sèwu.

Anadene wêwalêr ingsun marang ing sira, aja sira wani-wani anglakoni pagawean ngabotohan, amadati, apalacidra, angubungi wong durjana, lan sabarang kang kalêbu panggawe ala, aja sira anglakoni, têka kongsi anglakoni, amêsthi yèn sira anêmu bilai.

Pacuan-pacuan sakèhe kawulaningsun, padha sira angèstokêna, ing saunine nawalaningsun, kang sun gadhuhake marang Radèn Tumênggung Jayanagara, taha yèn tan angèstokêna, [angè...]

--- 57 ---

[...stokêna,] atanapi yèn amaidoa, kaplaksanaa ing sakèhe para nayakaningsun, ana ing alun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat, sarta konjuka ing ingsun.

__________

27.

Pèngêt. Nawalaningsun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhake marang Si Kudanirmala, marmane ingsun gadhuhi nawalaningsun, dene ingsun kulawisudha, ingsun junjung lungguhe saka ing ngisor, ingsun sêngkakake ing aluhur, ingsun gêntèkake lêlakone bapakane, ingsun gawe mantri kaliwone kawulaningsun wong sèwu, ingsun alihake aran, ingsun jênêngake Radèn Ngabèi Wăngsanagara, sarta ingsun patêdhani lêlungguh, kagungan ingsun bumi desa satabone, cacah sawah gawening wong satus, iki arane desane siji-sijine.

Ing Juwiring, gawening wong, 12.

Ing Juwiring, 12.

Ing Juwiring Baturan Sèdhèngpasiran, 12.

Ing Manjung Dhukuh Kalibuthak, 12.

Tanjung ing Krajan, 6.

Ing Magêru Bugêl Kêdhungjambal, 5.

Ing Kuwarangan Palêmahan Jithis[16] , 12.

--- 58 ---

Ing Gendhongan Sidawayah Wiro, 12.

Ing Ngukir Kawi Mundhon, 5.

Ing Jêthis Sênêng, 2.

Ing Ngasinan Waru Karanganyar, 10.

Gunggung gawening wong, 100.

Iku dèn sănggaa ing sagawe-gawene mantri kaliwone kawulaningsun wong sèwu, aja owah kaya kang uwis kalakon, lan ingsun kawênangake Radèn Ngabèi Wăngsanagara iku, yèn anganggo-anggoa apa ing saanggon-anggone mantri kaliwone kawulaningsun wong sèwu.

Anadene wêwalêr ingsun marang ing sira, aja sira wani-wani anglakoni pagawean ngabotohan, amadati, apalacidra, angubungi wong durjana, lan sabarang kang kalêbu panggawean ala, aja sira wani-wani anglakoni, têka kongsi anglakoni, amêsthi yèn sira anêmu bilai.

Pacuan-pacuan sakèhe kawulaningsun, padha sira angèstokna, ing saunine nawalaningsun, kang ingsun gadhuhake marang Radèn Ngabèi Wăngsanagara, taha yèn tan angèstokna, atanapi yèn amaidoa, kaplaksanaa ing sakèhe para nayakaningsun, ana ing alun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat, sarta konjuka ing ingsun.

__________

--- 59 ---

28.

Pèngêt. Nawalaningsun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhake marang Mas Ngabèi Prajawijaya, marmane ingsun gadhuhi nawalaningsun. Dene ingsun gawe mantri panèwune kawulaningsun wong sèwu, sarta ingsun patêdhani bumi desa cacah sawah gawening wong têlung puluh, iki arane desane siji-sijine.

Ing Pêpandheyan, gawening wong, 8.

Ing Candhi Lêdhok Saratakan, 8.

Ing Patikan, 3.

Ing Putat Kiringan Samapura, 7.

Ing Ngêluk, 4.

Iku disănggaa ing sagawe-gawene mantri panèwune kawulaningsun wong sèwu, aja owah kaya kang uwis kalakon. Lan ingsun kawênangake Mas Ngabèi Prajawijaya iku, yèn anganggo-anggoa apa ing saanggon-anggone ing mantri panèwune kawulaningsun wong sèwu, anadene wêwalêr ingsun marang ing sira, aja sira wani-wani anglakoni pagawean ngabotohan, amadati, apalacidra, angubungi wong durjana, lan sabarang kang kalêbu panggawe ala, aja sira wani anglakoni, yèn sira anglakoni, amêsthi nêmu bilai.

--- 60 ---

Pacuan-pacuan sakèhe kawulaningsun, padha sira angèstokna, ing saunine nawalaningsun, kang ingsun gadhuhake marang Mas Ngabèi Prajawijaya, taha yèn tan angèstokna, atanapi yèn amaidoa, kaplaksanaa ing sakèhe para nayakaningsun, ana ing alun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat, sarta konjuka ing ingsun.

__________

29.

Pèngêt. Nawalaningsun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhake marang Si Ngabèi Wăngsadiwirya, marmane ingsun gadhuhi nawalaningsun. Dene ingsun gawe mantrine kawulaningsun wong sèwu, sarta ingsun patêdhani kagungan ingsun bumi desa, cacah sawah gawening wong rongpuluh, iki arane desane siji-sijine.

Ing Jontakan Sarèn, gawening wong, 4.

Ing Sobrah Buntalan, 4.

Ing Jêthis Sênêng Tawèn, 5.

Ing Ngêpoh Jambu, 4.

Ing Tapèn Ngêmplak, 3.

Gunggung gawening wong, 20.

Iku dèn sănggaa ing sagawe-gawene mantrine kawulaningsun wong sèwu, lan ingsun kawênangake Si Ngabèi Wăngsadiwirya [Wăngsa...]

--- 61 ---

[...diwirya] iku, yèn anganggo-anggoa, apa ing saanggon-anggoning mantrine kawulaningsun wong sèwu, anadene wêwalêr ingsun marang ing sira, aja sira wani-wani anglakoni pagawean ngabotohan, amadati, apalacidra, angubungi wong durjana, lan sabarang kang kalêbu panggawe ala, aja sira wani-wani anglakoni, têka kongsi anglakoni, amêsthi sira anêmu bilai.

Pacuan-pacuan sakèhe kawulaningsun, padha angèstokna, ing saunine nawalaningsun, kang ingsun gadhuhake Si Ngabèi Wăngsadiwirya, taha yèn tan angèstokna, atanapi yèn maidoa, kaplaksanaa ing sakèhe nayakaningsun, ana ing alun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat, sarta konjuka ing ingsun.

__________

30.

Kangjêng Pangeran Adipati Arya Amangkunêgara, andarbèni panuwun ing Kangjêng Tuwan Litnan Kurnèl Rinrê[17] Ibrêt Gerar Nais, saha residhèn ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Ingkang kula suwun, lulusipun kados dening kala panjenenganipun kangjêng guprêmèn Inggris, samunduripun abdi kula jêksa ingkang sowan ênyaosakên[18] sabarang prakawisipun abdi kula ing nêgari, utawi abdi kula tiyang ing

--- 62 ---

dhusun-dhusun, wontên ing pradata dalêm. Kula sampun kalilan anyaosakên sabarang prakawisipun abdi kula tiyang ing dhusun-dhusun. Kalilan kula anyaosakên wontên ing kantor kimawon. Mênggah lajêngipun prakawis wau, abdi kula ingkang kalêrês mênang, punapa malih ingkang kalêrês kawon, inggih kula trima karampungan saking kantor kimawon. Mêkatên ugi yèn abdi dalêm kula agadhah prakawis anggugat dhatêng nêgari Ngayugjakarta punapa malih yèn ginugat sangking Ngayugjakarta, inggih samia karampungan wontên ing kantor kimawon, botên susah yèn amawia utusanipun radèn dipati ing Surakarta, ingkang dhumatêng radèn dipati ing Ngayugjakarta, anaming mawia utusanipun kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, ingkang dhumatêng kangjêng tuwan residhèn ing Ngayugjakarta, ingkang supados anguninganana abdi kula ingkang kalêrês mênang, utawi ingkang kalêrês kawon. Sami ugi tarima kula kados dening yèn karampungan wontên kantor nêgari ing Surakarta. Ingkang kaping kalih sarèhning kula sampun kalilan, abdi kula tiyang ing dhusun-dhusun rumêksa kagungan kula kabandaran, ingkang sampun dados bawah kula piyambak. Botên mawi katurunan rumêksanipun dhatêng tiyang ing dhusun-dhusun bawah ing Surakarta, mêkatên ugi abdi kula tiyang dhusun-dhusun inggih botên têtulung rumêksanipun dhatêng kabandaran bawah ing Surakarta, măngka kabandaran ingkang sampun dados bawah kula karêksa dhatêng abdi [a...]

--- 63 ---

[...bdi] kula piyambak. Yèn panuju amanggih cilaka kêkecon utawi kapandungan, inggih lajêng angunjuki uninga ing kangjêng tuwan residhèn. Tumuntên kangjêng tuwan residhèn amaringana upas apêpriksa dhatêng kabandaran wau, akanthia kalayan abdi kula piyambak. Botên susah yèn akanthia utusanipun radèn dipati ing Surakarta, utawi radèn dipati ing Ngayugjakarta, măngka lulus kabandaran wau botên amêstani tiyang, sapintên-pintêna kathahipun barang wau ingkang kakecon utawi ingkang kapandungan. Inggih têtêp abdi kula piyambak ingkang anglintoni bab ingkang nami arta, botên susah katulungan sangking tiyang dhusun bawah Surakarta, mêkatên ugi abdi kula inggih botên têtulung mênawi manggih cilaka kabandaran bawah ing Surakarta, wondèntên yèn amêstani tiyang awon, punapa dèntên, yèn kaèmbèt pandamêlanipun tiyang awon. Inggih mulura prakawisipun kados dening saungêlipun kagungan dalêm sêrat anggêr, mêkatên malih abdi kula tiyang dhusun-dhusun, mênawi kakecon utawi kapandungan, inggih kenginga kados dening lampahipun kabandaran ing ngajêng wau punika.

Ingkang kaping tiga sarèhning kula sampun kalilan anyaèni margi-margi ingkang sampun dados bawah kula piyambak. Sapintên-pintêna panjangipun ing margi, punapadene pakèwêdipun ing margi, inggih abdi kula piyambak, ingkang anyaèni, botên susah katulungan sangking dhusun bawah ing Surakarta, [Surakar...]

--- 64 ---

[...ta,] utawi sangking dhusun bawah ing Ngayugjakarta, makatên ugi abdi kula tiyang ing dhusun inggih botên têtulung dhatêng tiyang dhusun bawah ing Surakarta, dhatêng tiyang dhusun bawah ing Ngayugjakarta, punika mênggah rumêksanipun ing margi-margi wau, mênawi wontên cilaka kabegalan, băngsa Wêlandi Cina utawi upas punapadene tiyang Jawi, icalipun ing barang lajêngipun rajatatu rajapêjah, utawi kadhawahan srilara ing sêsamènipun. Inggih ugi kenginga kadosdene lampahipun kabandaran ing ngajêng wau punika, sapintên-pintêna kathahipun inggih abdi kula piyambak ingkang angrêmbata, kados dening saungêlipun kagungan dalêm sêrat anggêr, ingkang sampun sami kangge ing dalêm salamèn-lamènipun.

__________

31.

Pèngêt, layang manira piagêm. Kangjêng Pangeran Ariya Bêlatèr manira gadhuhake marang Si Krêtadiwirya, marmane Si Krêtadiwirya, manira gadhuhi layang manira piagêm, dene manira dadèkake, bocah manira dêmang ana bumi desa ing Dhompyong, salêbakwukire cacah sawah gawening wong 25.

Iki arane desane siji-sijine.

Ing Dhompyong karya, 12.

Ing Kêmuda karya, 12.

--- 65 ---

Angladèkêna kagungan manira pajêg ing dalêm sataun 240 sêtm. Mêtua tatêngahan ping pindho sataun. Bakda Pasa angladèkêna 120 sêtm. Bakda Mulud angladèkêna 120 sêtm. Iku dèn kasăngga ing salêladène kabèh, aja owah kaya kang uwis kalakon. Kang sarta Si Dêmang Krêtadiwirya iku, manira kawênangake, anganggoa ing saanggon-anggone, dêmang bumi desa tanah ing kono, anglêstarèkêna kaya kang uwis kalakon. Kang sarta iki pêpacak manira kang dhumawuh marang pêkênira, aja wani-wani angèthèrake ing sêsanggan pakênira pajêg. Yèn kongsi pêkênira angèthèr, amasthi nêmu bilai pocot. Kapindhone iki pêpacak manira manèh, marang pêkênira, aja wani-wani anglakoni sabarang kang kalêbu panggawe ala, miwah angubungi wong durjana ing sapanunggalane, têka kongsi anglakoni, atas yèn pêkênira nêmu bilai, kang sarta katur ing parentah gêdhe, kang iku sarupane wong bumi desa ing Dhompyong kabèh, padha pêkênira apituruta, apa saprentahe Si Dêmang Krêtadiwirya, kang bêcik. Yèn ana kang maido, ing saunine layang manira piagêm iki amasthi nêmu bilai ingkang luwih bangêt.

Kala sinêrat ing dintên Sênèn tanggal ping 8 wulan Ruwah taun Jimawal ăngka 1749.

__________

--- 66 ---

32.

Pèngêt. Ingkang sêrat sarta ingkang salam donga, Kangjêng Pangeran Angabèi, ingkang sinatriya wontên salêbêting nagari dalêm ing Surakarta Adiningrat. Sayogya tumêkaa marang adhimas Radèn Mas Arya Kusumaningrat, ingkang nagara ing Juwana, tanah pasisir.

Sauwise salam donga marang adhimas, uwis mara anampani layang para, dhawuh saka ing asta dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sarta uwis mara tupiksani apa saunine layang para kabèh, yèn ing mêngko para angomah-omahake adhi para Radèn Mas Arya Căndradiningrat, olih anake tumênggung ing Balora, mungguh paningkahe sarta têmune ing sajrone sasi Bêsar tanggal ping pitu likur, ing taun Jimawal iki, ăngka[19] 1749, sarèhning nalar ora nana ribêde, amung para angaturi uninga marang panjênêngan mara, awit para iku lan saadhi-adhi para kabèh santana darah dalêm, ingkang supaya kauningana ing parabine adhi para ing panjênêngan mara, iya bangêt ing tarima mara, sarta mara angèstrèni sukur mara mungguh ing Allah, kang muga-muga adhi para nulusêna ing parabine, anutuga salamêt sarta kawarasan ing salawas-lawase ing dalêm donya iki tumêka ing ngakherat. Lan panjênêngan mara adhimas, ora awèh apa-apa, amung akirim bêbêd patalêsaning[20] pangantèn [panga...]

--- 67 ---

[...ntèn] loro, sabuk loro, ikêt siji. Ti. Ti.

Tinulis ing dina Saptu tanggal ping 6 sasi Bêsar, ing taun Jimawal, ăngka[21] 1749.

__________

33.

Pèngêt. Layang ingsun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, kang akadhaton nagara ing Surakarta Adiningrat.

Kang dhihin salam ingsun tumêkaa marang sira adhi mas Arya Kusumaningrat, ing Juwana, sawise salam ingsun wiyose, sira angaturi layang panjênêngan ingsun. Iya uwis ingsun tampani, sarta uwis ingsun tupiksani, ing saunine layangira, anadene sira angunjuki uninga ing panjênêngan ingsun. Yèn ing mêngko sira bakal angomah-omahake si adhi Arya Căndradiningrat, olèh anake tumênggung ing Balora, dene paningkahe tanggal ping 27 sasi Bêsar ing taun Jimawal iki, kang iku adhi Arya Kusumaningrat iya abangêt panarima lan jumurung ingsun. Sarta pandonganingsun ing Allah marang si adhi Arya Căndradiningrat, muga tinulusna ênggone sêsomahan. Anadene ingsun adhi ora akirim apa-apa, amung ingsun amaringi marang ing sira picis limang atus reyal, minăngka patukoning kêmbang, lan patukoning suruh.

--- 68 ---

Tinulis ing dina Rêbo tanggal ping sapisan, sasi Mukharam taun Jhe, angkaning warsa 1750.

__________

34.

Ingkang sêrat pratăndha tulus miyos saking iklasing manah suci, saking Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping gangsal. Ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Ingkang andarbèni tah-talatah ing nuswa Jawi sadaya, saha ingkang tabe akathah-kathah, kaatura ingkang eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Godêr Alèksandêr Gerar Filip Baron van Dêr Kapèlên, guvrênur jendral ing tanah Nèdêrlan India, saha pamuji kula, ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa, salamêt sarta kasarasan, ing salami-laminipun, sanagari têtiyangipun sadaya.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kangjêng eyang akintun sêrat dhumatêng ing panjênêngan kula, ingkang kasêrat ing Bêtawi kaping 20 wulan Dhesèmbêr taun 1822, inggih sampun kula tampèni, punapa saungêling sêrat, sampun kula tupiksani sadaya, kangjêng eyang asuka uninga dhumatêng panjênêngan kula, yèn Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana kaping sakawan, ing nagari Ngayogyakarta sampun atilar donya mantuk dhumatêng ing rahmatullah, wontên dene sedanipun [sedani...]

--- 69 ---

[...pun] kala kaping 6 wulan Dhesèmbêr punika, saha kangjêng eyang tuwan guvrênur jendral sampun aparentah, yèn karaton ing Ngayogyakarta kagêntosakên dhumatêng Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, sampun kaèstokakên saha kajumênêngakên kala kaping 19 wulan Dhesèmbêr punika, anama Sultan Hamêngkubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah kaping sakawan[22]. Awit ingkang nama parentah agêng ing India, sarta mênggah cap ing karaton ing nagari Ngayogyakarta wau, kaasta dhumatêng residhèn ing Ngayogyakarta, angantos ing diwasanipun kangjêng sultan.

Ingkang punika inggih sakalangkung tarima kasih kula dhumatêng kangjêng eyang, ingkang dados karsanipun kangjêng eyang, inggih anglulusakên anama Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping gangsal.

Kalih dening kula saha rabi kula Bok Ratu Mas, angaturi tabe akathah-kathah, kaatura ing eyang kangjêng tuwan guvrênur jendral, saha dhumatêng garwanipun eyang, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Rêbo tanggal kaping 10 wulan Rabingulakir, ing taun Jhe, angkaning warsa 7750[23].

__________

--- 70 ---

35.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat, dhatênga ingkang putra Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping sakawan, [24] Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahu Tangala, salamêt ing donya rawuh ing akherat, sarta kasarasan ing salami-laminipun. Sasampuning kadya punika awiyos anak prabu, sarèhning anak prabu akintun sêrat dhatêng ing kula, inggih sampun kula tampèni, punapa saungêling sêrat sampun kula tupiksani sadaya, anak prabu asuka uninga dhatêng kula, sarèhning rama ijêngandika kangjêng sultan sampun seda, atilar donya mantuk ing rahmatullah, sarta kangjêng guvrêmèn sampun ambasakakên dhatêng anak prabu, supados anak prabu anggêntosi dhatêng rama ijêngandika dados sultan. Ing dintên punika anak prabu sampun kalênggahêkan dening kajêng[25] guvrêmèn, wontên pinarakanipun sultan ing Ngayogyakarta, kala ing dintên Kêmis tanggal ping 5 wulan Rabingulakir [Rabingu...]

--- 71 ---

[...lakir] ing taun Jhe, angkaning warsa 1750, sarta têtiyangipun anak prabu sadayanipun, inggih sampun sami ngangkêni, sawab punika, mila anak prabu ing mangke asuka uninga mênggah punika dhumatêng ing kula, kalayan angajêng-ajêng supados ênggènipun anak prabu dhatêng ing pêparentahan punika, supados andadosakên suka pirênanipun ing galih kula, punapa dening supados taksih anêtêpi kadi ingkang sampun kalampahan, sawarninipun pawong sanak kalayan prayoginipun, namaning agêsang, nagari ing Ngayogyakarta, kalih ing Surakarta, kang punika anak prabu inggih sakalangkung suka pirênanipun manah kula, saha panarima kula dhatêng anak prabu, kalih dening anak prabu, salam taklim kula dhumatêng eyang ijêngandika, Ibu Kangjêng Ratu Agêng, eyang ijêngandika Kangjêng Ratu Mas. Kalayan ingkang pangabêkti garwa kula Bok Ratu Mas, dhumatênga eyang ijêngandika Ibu Kangjêng Ratu Agêng, eyang ijêngandika Ibu Kangjêng Ratu Mas. Ingkang salam donga garwa kula Bok Ratu Mas, dhumatênga ibu ijengandika Bok Ratu Kancana, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Jumungah tanggal kaping 12 wulan Rabingulakir ing taun Jhe, angkaning warsa 1750.

__________

--- 72 ---

36.

Atur tabe kula saha kaurmatan akathah-kathah, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Katur Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilavri, residhèn ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula angaturi uninga ing kangjêng tuwan residhèn. Yèn utusan kula priyayi panèwu jêksa nagari, akalihan jêksa pradata, sakancanipun, ingkang kakanthèkakên Lurah Upas Kartayuda, kautus angupadosi panunggilanipun Pangeran Serang, dhumatêng padhusunan bawah ing Pace, ingkang nama Radèn Topèng, Radèn Jăntrakusuma, Kyai Ragausik. Punika dhatêngipun kala ing dintên wingi, kang sarta angaturi uninga dhumatêng kula, sadhatêngipun wontên ing Pace, lajêng sami kapanggih akalihan Radèn Tumênggung Suryakusuma, angaturakên ingkang dados lampahipun. Sarta andêdahakên bêbêktanipun sêrat parentah, ingkang saking kangjêng tuwan residhèn. Sarêng sampun kèndêl sadalu, enjing Radèn Tumênggung Suryakusuma anganthèni pitajêngipun prayayi kêkalih, supados sami amitulungana ngupadosi tiyang têtiga wuu[26] punika.

Mênggah siti dhusun ing Dodol, ingkang kasêbut wontên ing sêrat parentahipun kangjêng tuwan residhèn. Kagalih

--- 73 ---

dipun dhoki dhatêng Radèn Topèng, Radèn Jăntrakusuma, Kyai Ragausik. Bawah ing Pace botên wontên dhusun ingkang wasta mêkatên, inggih wontên siti dhusun wasta ing Dodol. Ananging bawah ing Madiun. Utusan kula akalihan lurah upas Kartayuda lajêng sami lumampah dhumatêng ing dhusun Dodol wau, mênggah Radèn Topèng sapanunggilanipun kaupadosan sêpên.

Tumuntên utusan kula wau angsal pawarti saking dêmang dhusun ing Balepanjang, bawahipun kangjêng guprêmèn. Yèn Radèn Topèng sapanunggilanipun kala ing dintên Jumungah tanggal kaping 24 wulan Bêsar ing taun Je 1750, dhatêng wontên ing dhusun Balepanjang punika, ambêkta rencang tiyang sêlawe, sadêdamêlipun, warni waos sênjata, kang sarta gêndera abrit satunggil. Sanjang badhe angigahi[27] ing Grobogan. Sarêng sampun nyipêng sadalu wontên ing dhusun Balepanjang, enjing lajêng mangkat sakancanipun sadaya, lampahipun ngalèr ngilèn. Enggal utusan kula akalihan lurah upas sami angodhol lampahipun Radèn Topèng, sabên wontên dhusun dipun kèndêli, angêdom-êdom pawarti, ingatasipun Radèn Topèng, ngantos dumugi ing Grobogan, botên angsal êlêr.

Sarèhning sampun antawis ingupadosipun. Utusan kula akalihan lurah upas pun Kartayuda sami rêmbag mantuk. Dumugi ing dhusun Wora-wari, tanah ing Saosragi angsal [angsa…]

--- 74 ---

[...l] pawarti, yèn Radèn Topèng sapanunggilanipun sampun sami kacêpêng wontên ing Kadhiri, kang sarta Pangeran Serang sampun nungkul dhumatêng kangjêng guvrêmèn. Wondening ingkang suka pawarti mêkatên punika dêmangipun ing dhusun Wora-wari, kala panyêpêngipun Radèn Topèng dêmang wau panuju wontên ing Kadhiri.

Sinêrat ing dintên Slasa tanggal kaping 1 wulan Sura taun Dal, angkaning warsa 1751.

__________

37.

Ingkang sêrat saha ingkang taklim Kangjêng Pangeran Ariya Buminata, ingkang minăngka wakiling panjênêngan Kangjêng Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ing Surakarta Adiningrat. Ingkang sayogi kaatur ingkang wayah, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping gangsal, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahu Tangala, salamêt ing donya rawuh ing akherat, sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika wiyosipun. Ingkang sinuhun kangjêng sultan asuka sêrat dhumatêng kula, inggih sampun kula tampèni [ta…]

--- 75 ---

[...mpèni,] saha sampun kula tupiksani ing saungêlipun ing sêrat sadaya, wondening ingkang sinuhun kangjêng sultan, asuka panglayad saking sedanipun kangjêng uwa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Kalayan ingkang sinuhun kangjêng sultan asuka pakêkintun yatra kawan atus reyal. Supados dadosa patumbasipun ing sêkar, ingkang punika inggih sampun dhatêng ing karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat. Kalayan sakalangkung jumurung kula, ing sih katrêsnanipun ingkang sinuhun kangjêng sultan dhumatêng ingkang uwa prabu, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ingkang swargi puniki.

Kalih ingkang pangabêkti Kangjêng Ratu Mas ing Surakarta, tuwin Ratu Pambayun, dhumatênga ingkang ibu Kangjêng Ratu Agêng, dhumatênga Kangjêng Ratu Mas, kalayan ingkang salam donga Kangjêng Ratu Mas, Ratu Pambayun, dhumatênga ingkang rayi Kangjêng Ratu Kancana, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dintên Jumungah tanggal kaping 9 wulan Mukharam ing taun Dal, angkaning warsa 1751.

__________

38.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm. Ingkang kadhaton [kadhato…]

--- 76 ---

[...n] nagari ing Surakarta Adiningrat. Sayogi kaatura ing yayi prabu, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahu Tangala, salamêt ing donya rawuh ing akherat, sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Sarèhning kangjêng rama kula ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping gangsal sampun swargi, atilar donya kondur ing rahmatullah, ing sapunika Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilavri, residhèn ing Surakarta Adiningrat. Saking panguwasanipun kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana guvrênur jendral, sampun angangkat kalênggahan kula, supados kula anggêntosi ing kangjêng rama kula, dados kangjêng susuhunan. Ing dintên punika kula sampun kalênggahakên dening kangjêng tuwan residhèn wau, wontên ing pinarakanipun rama kula kangjêng susuhunan ing Surakarta, sarta katêtêpakên kula anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm. Kala dintên Sênèn tanggal kaping 9 wulan Mukharam, ing taun Dal, angkaning warsa 1751, sarta abdi kula sadaya inggih sampun sami angèstokakên, ênggèn kula jumênêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Surakarta, mila ing mangke kula angaturi [angatur…]

--- 77 ---

[…i] uninga dhatêng yayi prabu, ingkang sinuhun kangjêng sultan. Wondening pangajeng-ajêng kula, ênggèn kula angasta kaprabon punika, mugi andadosakên suka pirênaning galihipun yayi prabu, punapadening supados taksih anêtêpi kados ingkang sampun kalampahan, pitêpangan apawong-sanak, nagari ing Surakarta kalihan nagari ing Ngayogyakarta.

Kalih dening ingkang pangabêkti Ibu Kangjêng Ratu Mas, kaatura eyang jêngandika Kangjêng Ratu Agêng, akalihan Kangjêng Ratu Mas. Ingkang salam donga Ibu Kangjêng Ratu Mas, dhumatênga ibu jêngandika Kangjêng Ratu Kancana, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Rêbo tanggal kaping 11, wulan Mukharam ing taun Dal, angkaning warsa 1751.

__________

39.

Punika ingkang sêrat pratăndha tulus miyos iklas ing manah ingkang suci, saking Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm. Ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Ingkang andarbèni tah-talatah nuswa Jawi sadaya, kalayan ingkang kaurmatan, saha ingkang tabe akathah-kathah, [akathah-ka…]

--- 78 ---

[…thah,] kaatura ingkang panjênêngan eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Ghodêr Alègsandêr Gherar Pilip Baron pan Dêr Kapèlên. Guvrênur jendral ing Nèdêrlan India, ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa, wilujêng sarta kasarasan ing salami-laminipun, sanêgari têtiyangipun sadaya.

Sasampuning kadya punika wiyosipun. Kula angaturi uninga ing panjênênganipun kangjêng eyang, yèn kula sampun kajumênêngakên nata, saking pangangkatipun Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilapri, residhèn ing Surakarta Adiningrat. Kala ing dintên Sênèn tanggal kaping 9 wulan Mukharan ing taun Dal, angkaning warsa 1751, atas têrang saking karsanipun ingkang panjênêngan eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, anuntên ing dintên Kêmis tanggal kaping 12, salêbêting wulan Mukharam ing taun Dal punika, ingkang panjênêngan kangjêng eyang, amaringi wakil tuwan tuwin kumisaris têtiga, anêtêpakên ênggèn kula kajumênêngakên nata, karaton kula nagari ing Surakarta Adiningrat. Mufakat sasantana abdi kula agêng alit, tuwin para tuwan-tuwan ing Surakarta sadaya, saha amawi kurmat kados adat kala ingkang panjênêngan kangjêng rama kula, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping gangsal, ingkang sampun swargi, wondene ingkang kakarsakakên minăngka wakilipun kang rumiyin, Kangjêng Tuwan Antoni Hèndrik Smitsar, residhèn ing Ngayogyakarta, kalih Kangjêng [Kang…]

--- 79 ---

[…jêng] Tuwan Lèklèrêk, residhèn nagari ing Magêlang, tiga Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilapri, residhèn ing Surakarta.

Ingkang punika kangjêng eyang, inggih sakalangkung dados suka pirênanipun ing manah kula, saha sampun kula lampahi, kalayan pitêpang kula ingkang têmên-têmên. Punapa ing saêrèhipun kangjêng tuwan kumisaris tiga wau, inggih sampun sami kalampahan sadaya, sarta inggih sakalangkung-langkung ing tarima kasih kula, pangajêng-ajêng kula ingkang mugi-mugi sagêda anglêksanani sakathahipun kawajiban kula, têtêp rumakêt kula apawong-sanak dhumatêng kangjêng guvrêmèn, punapa dening panjênênganipun eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana guvrênur jendral, tuwin dhumatêng kangjêng tuwan-tuwan rat van India sadaya.

Kalih dening malih kangjêng eyang tabe kula, kaatura ing kangjêng eyang mivro, saha ingkang tabe akathah-kathah ibu Kangjêng Ratu Mas, kaatura ing panjênênganipun eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana guvrênur jendral, saha kaatura ing kangjêng eyang mivro, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Sênèn tanggal kaping 23 wulan Mukharam, ing taun Dal, angkaning warsa 1751.

__________

--- 80 ---

40.

Ingkang sêrat saha sêmbah bêkti sumungkêm kaula rayi dalêm Kangjêng Pangeran Ariya Buminata, ingkang minăngka wakiling panjênêngan Kangjêng Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ing Surakarta Adiningrat. Kaatura ingkang raka Kangjêng Pangeran Ariya Mangkubumi, ingkang sawêg taksih wontên nagari ing Ambon. Kalayan ingkang salam donga raka dalêm, Kyai Pangeran Ariya Pamot, Kyai Pangeran Ariya Singasara, [28] dhumatêng ing panjênêngan dalêm. Ingkang pangêbêkti rayi dalêm adhi mas Pangeran Ariya Panular, rayi dalêm adhi mas Pangeran Ariya Adinagara, rayi dalêm adhiajêng Radèn Ayu Cakranagara, katura ing panjênêngan dalêm. Ingkang sêmbah bêkti putra dalêm, Bok Ratu Pambayun. Ingkang Sêmbah bêkti putra dalêm Pangeran Ariya Purabaya, putra dalêm Pangeran Angabèi, katura ing panjênêngan dalêm. Sêmbah bêktinipun putra dalêm putra-putri sadaya, tuwin sêmbah bêktinipun wayah dalêm ingkang putra ingkang sinuhun sadaya, kaatura ing panjênêngan dalêm. Sêmbah sungkêmipun putra dalêm Ki Arya Mataram, putra dalêm Ki Arya Mangkudiningrat. Sêmbah sungkêmipun rayi dalêm adhiajêng Radèn Ayu Sêpuh, tuwin putra-putra dalêm ing Kamangkubumèn putra-putri sadayanipun. Punapadene abdi dalêm pun [pu…]

--- 81 ---

[…n] êbok-êmbok[29] sadaya, sami konjuka ing panjênêngan dalêm, saha panêdha kula, ingkang mugi-mugi panjênêngan dalêm pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahu Tangala, sarta sih pamulènipun kang agêng-agêng ingkang sami kasarira ing kangjêng guvrêmèn rat van India, kadhatêngana ing sakarsanipun, wilujêng kasarasan ing salami-laminipun ing dalêm donya rawuh ing akherat.

Sasampunipun kadya punika wiyosipun kyai, kaula saha putra dalêm Pangeran Ariya Purabaya, Pangeran Angabèi, sami angaturi uninga ing panjênêngan dalêm. Yèn ing mangke rayi dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping gangsal, dhatêng ing jangji, atilar donya mantuk ing rahmatullah, wit amargi saking gêrah sarira sadaya, sakawitipun gêrah ing wulan Siyam. Botên miyos garêbêg Ariaya, sangêtipun ing wulan Bêsar, wontên dene surudipun ing dintên Jumungah tanggal kaping wolu likur, wanci jam pukul tiga siyang, wulan Bêsar ing taun Jhe 1750.

Ing nalika sangêtipun gêrah rayi dalêm ingkang sinuhun kyai, andhawahakên pangandika wasiyat wawêling dhumatêng kula, tuwin dhatêng pun Adipati Sasradiningrat. Punapa malih dhatêng putra dalêm Pangeran Ariya Purabaya, Pangeran Angabèi, dhawah ing pangandika wasiyat. Ingkang dipun karsakakên kapasrahan anggêntosi panjênêngan ing karatonipun, nagari Surakarta Adiningrat, wayah dalêm ingkang sêpuh [sê…]

--- 82 ---

[…puh] piyambak, nama Rahadèn Mas Safardan, sawêg yuswa nêm bêlas taun. Ingkang bibi anakipun Tumênggung Cakradipura kang wuragil, kang nama Radèn Rara Kalinthing, patut saking sadhèrèkipun Mangkupraja.

Saundur kaula saking ngarsa dalêm, kaula sadaya lajêng sami adamêl sêrat pratela, punapa sadhawahipun rayi dalêm kangjêng sinuhun susuhunan wasiyat wau, dhatêng Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilavri residhèn ing Surakarta Adiningrat. Saha katura ing kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, sêrat sarta mawi kadhawahan cap dalêm. Lajêng kapatêdhakakên dhatêng tuwan residhèn katampèn, dipun lajêngakên dhatêng Batawi, wusananipun kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana guvrênur jendral saha rat van India sadaya, lajêng anglulusakên punapa saungêling sêrat wawêling wasiyat wau, wayah dalêm Rahadèn Mas Safardan karsanipun kangjêng guvrêmèn kaangkat dhatêng Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilapri, residhèn ing Surakarta Adiningrat. Wayah dalêm kanamakakên rumiyin Kangjêng Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, ing Surakarta Adiningrat. Antawis sadalu wayah dalêm kaangkat malih dene ing Kangjêng Tuwan Residhèn Hèndrik Magilapri, saking ingkang pangawasa kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana guvrênur jendral, saha rat van India sadaya, wayah dalêm kaangkat katêtêpakèn jumênêng ratu ing Surakarta Adiningrat, anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati [Se…]

--- 83 ---

[…napati] ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping nêm. Sarta punapa ingkang dados paurmating panjênêngan ratu botên ewah kados adat ingkang sampun kalampahan. Kalênggahakên ing dhampar wontên pandhapi, anuntên miyos wontên bangsal witana sitinggil. Santana sêpuh anèm, abdi dalêm agêng alit pêpak sadaya, tuwin putra sampeyan Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, sasantananipun sadaya, kala ing dintên Sênèn tanggal kaping sanga wulan Mukharam, ing taun Dal puniki, angkaning warsa 1751.

Mênggah ingkang kapopohan pratikêl, botên aliya saking kaula, kalih pun Adipati Sasradiningrat. Ing salajêngipun, wondene ingkang kaula saosakên dhumatêng Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilapri, residhèn ing Surakarta Adiningrat, ingkang supados dadosa kanthi, kaula rumêksa amomong ing wayah dalêm kangjêng sinuhun susuhunan, putra dalêm kêkalih Pangeran Ariya Purabaya, Pangeran Angabèi, ingkang punika kyai mugi-mugi angsala pangèstu saha pandonga dalêm wilujêng ing panjênênganipun wayah dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sarta wilujêngipun ênggèn kaula acadhang anjagèni ing sakarsanipun wayah dalêm, tuwin karsanipun kangjêng guvrêmèn.

Kalih dening kaula angunjuki uninga ing panjênêngan dalêm, mênggah putra-putra dalêm Kamangkubumèn ingkang sampun sami ngajal, tuwin rayi-rai[30] dalêm garwa dalêm. Punika pratelanipun. [prate…]

--- 84 ---

[…lanipun.] Putra dalêm Radèn Ajêng Kaedah, Radèn Ayu Sasradiwirya, Radèn Mas Sapingi, Radèn Mas Basar, putra dalêm Radèn Mas Ariya Singa Brajanata, Radèn Ajêng Siti Janih, rayi dalêm Radèn Ayu Danuningrat, garwa dalêm adhiajêng Radèn Ayu Panggung, kalih dening putra dalêm ingkang sampun sami amawi krami, putra dalêm Radèn Ajêng Wuryan, angsal anakipun Radèn Adipati Danuningrat, nama Radèn Mayor Danuatmaja, Radèn Ajêng Salimah, angsal putra sampêyan Radèn Mas Riya Sasradiwirya, ing Jagaraga, Radèn Ajêng Saidah, angsal anakipun kangmas Purbanagara, Radèn Bagus Rawuh, Radèn Ajêng Kalimah, angsal anakipun pun kakang Radèn Tumênggung Cakrawêdana ing Toyamas, nama Radèn Ngabèi Cakradirja ing Pasir, dene Radèn Ajêng Suimah, sampun pêpindhahan, kalih putra sampeyan Pangeran Dêmang, sapunika sampun angsal kalih anakipun kangmas Purbanagara, nama Radèn Tumênggung Sumanagara, wadana agêng.

Kalih dening malih kyai, kaula angunjuki uninga ing panjênêngan dalêm. Kala sapêngkêr dalêm dhatêng Batawi, panjênêngan dalêm atilar wawratan, ingkang wawrat pun Bok Dayaasmara, ing sapunika sampun kaula sahi, kaula piyambak ingkang aningkah, rarenipun mêdal èstri, kaula namani Dèn Ajêng Tari, ingkang punika kyai, mugi rilaa dhumatêng kaula.

Kaping kalihipun kaula angaturi pakêkintun pasatan awarni sinjang bathik wiyar kawan wêlas, sarung bathik pitu, sarung

--- 85 ---

bangbangan nênêm, sarung lurik satunggil, dhêsthar bathik kalih wêlas, sinjang ciyut sakawan, kêthelan kêkalih, sangkêlat badhe rasukan, ingkang ijêm gangsal elo, biru gangsal elo, cêmêng gangsal elo. Ingkang saking putra dalêm Bok Ratu Pambayun, sinjang wiyar sangalas, sinjang ciyut sadasa, dhêsthar sawêlas. Ingkang saking putra dalêm Pangeran Ariya Purabaya, dhêsthar gangsal, sarung sawêlas, sinjang bathik wolu, kasêmêkan sakawan. Ingkang saking rayi dalêm adhi mas Pangeran Ariya Adinagara, kampuh satunggil, sinjang lurik satunggil, dhêsthar satunggil. Ingkang saking putra dalêm Ki Arya Mangkuningrat, sarung tiga, nyamping tiga. Ingkang saking Radèn Ayu Mangkubumi sêpuh, sinjang bathik wiyar kêkalih, kasamêkan bathik satunggil. Ingkang punika kyai, namung supados dadosa pratăndha ing kawilujêngan kaula, saha rayi-rayi putra-putra dalêm sadaya.

Kalayan malihipun kyai, tabe kaula ingkang akathah-kathah dhumatênga saudara Kangjêng Tuwan Mistêr Fitêr Markis, guprênur ing pulo Ambon.

Sinêrat ing dintên Rêbo tanggal kaping tiga likur, wulan Pafar,[31] ing taun Dal, angkaning warsa 1751.

__________

--- 86 ---

41.

Ingkang sêrat saha ingkang pangabêkti, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Kaatura ingkang eyang Kangjêng Pangeran Ariya Mangkubumi, ingkang mugi-mugi pinanjangêna ingkang yuswa, sarta kasarasan ing salami-laminipun, wilujêng ing donya rawuh ing akherat.

Sasampuning kadya punika awiyos. Kula angaturi uninga ing panjênêngan dalêm, yèn ing mangke rayi dalêm, kangjêng rama Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping gangsal, sampun swargi, atilar donya kondur ing rahmatullah, ingkang dados margi awit saking gêrah sarira sadaya, sinare ing Imagiri, wondening surud dalêm, kala ing dintên Jumungah, wanci jam tiga siyang, tanggal kaping 28 wulan Bêsar taun Jhe, angkaning warsa 1750.

Kaping kalihipun eyang kula angaturi uninga ing panjênêngan dalêm, yèn kula sasampuning kaangkat anama Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, ing Surakarta Adiningrat, saking panguwasanipun kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, kala ing

--- 87 ---

dintên Ngakhad tanggal kaping 18 wulan Mukharam, ing taun Dal puniki, antawis sadalu kula kaangkat malih, dening kangjêng tuwan residhèn, saking panguwasanipun eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, gurnadur jendral. Anggêntosi karatonipun rayi dalêm kangjêng rama, ingkang sinuhun swargi, kula katêtêpakên ing nama kula Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm. Kala ing dintên Sênèn tanggal kaping 9 wulan Mukharam ing taun Dal puniki, angkaning warsa 1751, wondening rakitipun ing pakurmatan, mênggahing panjênêngan wontênipun ing pandhapi tuwin wiyos kula dhatêng bangsal witana sitiinggil, salajêngipun pisan, ingkang katêmpah kapopohan ing pratikêl rimatipun jawi lêbêt, inggih rayi dalêm eyang Kangjêng Pangeran Ariya Buminata, kalih pun Adipati Sasradiningrat, botên ewah kados adat panjênêngan ingkang sampun kalampahan.

Kalih dening ingkang sêmbah bêkti putra dalêm ibu Kangjêng Ratu Mas, kaatura ing panjênêngan dalêm. Ingkang sêmbah bêkti wayah dalêm sadhèrèk kula putra-putri sadaya, kaatura ing panjênêngan dalêm. Ingkang pêngabêkti rayi dalêm eyang Kangjêng Pangeran Ariya Buminata, ingkang sêmbah bêkti putra dalêm Bapak Kangjêng Pangeran Ariya Purabaya, ingkang sêmbah bêkti putra dalêm ibu Ratu Pambayun, sêmbah bêktinipun rama Kangjêng Pangeran [Pangera…]

--- 88 ---

[…n] Angabèi, kaatura ing panjênêngan dalêm. Kalih ingkang salam donga raka dalêm, eyang Pangeran Ariya Pamot, eyang Pangeran Ariya Singasari, sêmbah bêktinipun rayi dalêm, eyang Pangeran Ariya Panular, rayi dalêm eyang Pangeran Ariya Adinagara, rayi dalêm eyang Radèn Ayu Cakranagara, kaatura ing panjênêngan dalêm. Sêmbah bêktinipun putra dalêm rama-rama ibu-ibu sadaya, ingkang sêmbah bêkti rayi dalêm eyang Radèn Ayu Sêpuh, sêmbah bêktinipun putra dalêm, paman-paman, bibi-bibi, ing Kamangkubumèn sadaya, sami kaatura ing panjênêngan dalêm. Kalih dening kula angaturi pakintun, lorodan agêm-agêmanipun swargi, raya[32] dalêm kangjêng rama, ingkang sampun sami kagêm, awarni dhêsthar sadasa, nyamping sadasa, paningsêt sadasa, rasukan têtiga, sarung lurik kêkalih, kaatura ing panjênêngan dalêm.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Kêmis tanggal kaping 24 wulan Safar ing taun Dal, angkaning warsa 1751.

__________

42.

Punika ingkang sêrat, pratăndha tulus miyos saking iklasing manah ingkang suci, saking Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama [Panata…]

--- 89 ---

[…gama] ingka[33] kaping nêm, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat, ingkang andarbèni tah-talatah ing nuswa Jawi sadaya kalayan ingkang kaurmatan. Saha ingkang tabe akathah-kathah kaatura ingkang panjênêngan Kangjêng Eyang Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Khodêr Alèksandêr Gherard Filif Baron van Dêr Kapèlên, gurnadur jendral saking tanah Nèdêrlan India, saha pamuji kawula ingkang mugi pinanjangêna ingkang yuswa, wilujêng sarta kasarasan ing salami-laminipun, sanagarinipun satêtiyangipun sadaya. Ri sampuning kadya punika rêke, wiyosipun kangjêng eyang tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana gurnadur jendral, kawula asuka uninga ing panjênênganipun kangjêng eyang, yèn ing mangke panjênêngan kawula angarsakakên amawikrami, ingkang kawula karsakakên putranipun wayah ijêngandika rama Pangeran Angabèi, ingkang anama Radèn Ajêng Kusiyah, kalayan malihipun kangjêng eyang saking kawula anglêstantunakên ingkang wau karsanipun wayah ijêngandika swargi bapak, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan Pakubuwana ingkang kaping gangsal, kawula badhe asarêng kalayan sadhèrèk kawula sêpuh putri anama Radèn Ajêng Khabibah, mijil saking Ibu Kangjêng Ratu Mas. Angsal wayahipun wayah ijêngandika, uwa Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, anama Radèn Mas Sarengat, ingkang kanamanan Pangeran Arya, wondene ênggèn kawula angijabakên, ningkah inggih asarêng kalayan panjênêngan kawula, benjing [be…]

--- 90 ---

[…njing] ing wulan Jumadilakir tanggal kaping kawan wêlas ing dintên Akhad taun Dal punika. Kalayan malihipun, mênggah garwa kawula lajêng kawu[34] angkat anama Kangjêng Ratu Mas. Wontên dene wayah ijêngandika Ibu Kangjêng Ratu Mas, kawula saosi nama Kangjêng Ratu Agêng. Mugi kauningana ing panjênênganipun kangjêng eyang ingkang agêng ingkang wicaksana, gurnadur jendral saha rat Pnindia sadaya, ingkang punika kawula anuwun pangèstunipun kangjêng eyang ênggèn kawula apalakrami, mugi amanggiha wilujêng lêstantun ing sapanginggilipun. Kalihdene malih kangjêng eyang tabe kawula, kaatura ing kangjêng eyang mivro, saha ingkang tabe Ibu Kangjêng Ratu Agêng kaatura kangjêng eyang ingkang agêng ingkang wicaksana, kalayan kaatura kangjêng eyang mivro. Punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Kêmis tanggal kaping nêm, wulan Jumadilawal ing taun Dal, angkaning warsa 1751.

__________

43.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping nêm. Ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Sayogi kaatura ing yayi prabu [pra…]

--- 91 ---

[…bu] ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping gangsal, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalipatollah, ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahu Tangala, salamêt ing dunya rawuh ing akherat, sarta kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika awiyos yayi prabu, kula angaturi uninga dhumatêng yayi prabu, yèn ing mangke panjênêngan kula akarsa mawi krami, ingkang kula kêrsakakên putranipun uwa ijêngandika rama Pangeran Angabèi, anama Radèn Ajêng Khusiyah, kaping kalihipun yayi prabu, kula amakramèkakên sadhèrèk kula sêpuh putri anama Radèn Ajêng Khabibah, mijil saking uwa ijêngandika Ibu Kangjêng Ratu Mas. Angsal wayahipun uwa ijêngandika uwa Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara, anama Radèn Mas Sarengat. Ingkang kanamanan Pangeran Riya, wondening ênggèn kula angijabakên ningkah, asarêng kalayan panjênêngan kula, sami ing dintên Akhad tanggal ping kawan wêlas ing wulan Jumadilakir taun Dal puniki, dumuginipun ing sapêkên, mênggah ing garwa kula lajêng kula angkat anama Kangjêng Ratu Mas. Wontên dening uwa ijêngandika Ibu Kangjêng Ratu Mas, kula saosi nama Kangjêng Ratu Agêng kalih dening ingkang taklim Ibu Kangjêng Ratu Ahêng, [35] kaatura eyang dalêm Kajêng Ratu Agêng, kaatura eyang dalêm Kangjêng Ratu Mas. Ingkang salam donga Ibu Kangjêng Ratu

--- 92 ---

Agêng, dhumatênga ibu ijêngandika Kangjêng Ratu Kancana, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Jumungah tanggal ping kalih wêlas, wulan Jumadilakir ing taun Dal angkaning warsa 1751.

__________

44.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping nêm, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Sayogi kaatura ing yayi prabu Ingkang Sinuhun Kajêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping gangsal, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khaliwhatollah,[36] ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahu Tangala, salamêt ing dunya rawuh ing akherat. Sarta kasarasan ing salaminipun. Sasampuning kadya punika awiyos yayi prabu, sarèhning yayi prabu akintun sêrat dhumatêng ing kula, inggih sampun kula tampèni, saha sampun kula tupiksani ing saungêling sêrat sadaya, dening yayi prabu angaturi panjurung ênggèn kula akrami, saha ênggèn kula amakramèkakên sadhèrèk kula sêpuh putri, ingkang awarni yatra pitung atus reyal,

--- 93 ---

uwos kalih èwu wolung atus tompo, maesa sèkêt nêm iji, sarèm sèkêt nêm rêmbat, lisah sèkêt nêm rêmbat. Ingkang punika inggih ugi dados pratăndha ing sih trêsnanipun yayi prabu dhumatêng ing kula, punapa dening dhumatêng bok ayu ijêngandika, sakalangkung pintên-pintên suka pirênanipun ing manah kula, saha tarima kula dhumatêng yayi prabu, kalih dening ingkang taklim Ibu Kangjêng Ratu Agêng, kaatura eyang dalêm Kangjêng Ratu Agêng, kaatura eyang dalêm Kangjêng Ratu Mas. Ingkang salam donga Ibu Kangjêng Ratu Agêng, dhumatênga ibu ijêngandika Kangjêng Ratu Kancana, ingkang taklim garwa kula Kangjêng Ratu Mas, kaatura eyang dalêm Kangjêng Ratu Agêng, kaatura eyang dalêm Kangjêng Ratu Mas. Ingkang salam taklim garwa kula Kangjêng Ratu Mas, dhumatênga ibu dalêm Kangjêng Ratu Kancana, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Akhad tanggal ping wolu likur, wulan Jumadilakir, ing taun Dal angkaning warsa 1751.

__________

45.

Ingkang sêrat, saha ingkang bêkti, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping nêm. Ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Kaatura ingkang eyang Kangjêng Pangeran Ariya [A…]

--- 94 ---

[…riya] Mangkubumi, ingkang mugi pinanjangêna ingkang yuswa sarta kasarasan ing salami-laminipun, wilujêng ing dunya rawuh ing akerat. Sasampuning kadya punika awiyos eyang, kula angaturi uninga ing panjênêngan dalêm. Yèn ing mangke panjênêngan kula akarsa amawikrami, ingkang kula kêrsakakên putranipun putra ijêngandika rama Pangeran Angabèi, anama Radèn Ajêng Khusiyah, kaping kalihipun eyang, kula amakramèkakên wayah dalêm sadhèrèk kula sêpuh èstri, Radèn Ajêng Khabibah mijil saking putra dalêm Ibu Kangjêng Ratu Mas. Angsal wayahipun putra ijêngandika uwa Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara awasta Radèn Mas Sarengat. Ingkang kanamakakên Pangeran Arya, wontên dening gèn kula angijabakên aningkah sarêng kalayan panjênêngan kula, sami ing dintên Akhad tanggal kaping kawan wêlas, wulan Jumadilakir ing taun Dal puniki, dumuginipun ing sapêkên. Mênggah wayah dalêm garwa kula, lajêng kula angkat ratu anama Kangjêng Ratu Mas. Putra dalêm Ibu Kangjêng Ratu Mas, kula saosi nama Kangjêng Ratu Agêng, kalihdening eyang kula angaturi uninga ing panjênêngan dalêm, yèn putra ijêngandika ingkang saking pun Nini Mas Ayu Tasikwulan, ingkang anama Radèn Ajêng Maknawiyah, kalih putranipun rayi ijêngandika eyang Pangeran Arya Adinêgara, anama Radèn Ajêng Balênyik. Punika sami kula karsakakên piyambak. Kula damêl rabi ing wingking, pangajêngipun kalangênan kula sadaya, sarta sampun [sampu…]

--- 95 ---

[…n] kaijabakên aningkah sarêng sami sadintên. Salêbêting wulan Jumadilakir tanggal kaping sangalas ing taun Dal puniki, lajêng sami kula namakakên radèn ayu, Radèn Ajêng Maknawiyah nama Radèn Ayu Sêpuh, Radèn Ajêng Balênyik, nama Radèn Ayu Anèm. Kalih dening malih, ingkang sêmbah bêkti putra dalêm Ibu Kangjêng Ratu Agêng, ingkang sêmbah bêkti wayah-wayah ijêngandika sadhèrèk kula putra-putri sadaya, kaatura ing panjênêngan dalêm. Ingkang pangabêkti rayi dalêm, eyang Kangjêng Pangeran Arya Buminata, ingkang sêmbah bêkti putra dalêm, bapak Kangjêng Pangeran Ariya Purabaya, ingkang sêmbah bêkti putra dalêm Ibu Kangjêng Ratu Pambayun. Sêmbah bêktinipun putra ijêngandika rama Pangeran Angabèi, sami kaatura ing panjênêngan dalêm, kalih ingkang salam donga raka ijêngandika Eyang Pangeran Arya Pamot, Eyang Pangeran Arya Singasari, sêmbah bêktinipun rayi ijêngandika Eyang Pangeran Arya Panular Eyang Pangeran Arya Adinêgara, Eyang Radèn Ayu Cakranêgara, sami kaatura ing panjênêngan dalêm. Sêmbah bêktinipun putra ijêngandika rama-rama, tuwin ibu-ibu sadaya, ingkang sêmbah rayi ijêngandika Eyang Radèn Ayu Sêpuh, sêmbah sungkêmipun putra ijêngandika, paman-paman, tuwin bibi-bibi ing Kamangkubumèn sadayanipun. Sami kaatura ing panjênêngan dalêm, kalayan malihipun eyang, kula angaturi pratelanipun putra ijêngandika, putra-putri ing Kamangkubumèn, ingkang sampun pinarêng

--- 96 ---

wontên jodhonipun. Sampun sami kaijabakên ing paningkahipun. Putra ijêngandika paman Radèn Mas Dama, angsal Radèn Ajêng Satimah, putranipun Eyang Pangeran Arya Adinêgara putra ijêngandika bibi, Radèn Ajêng Jaenapsiyah, angsal têtilaranipun eyang Radèn Ayu Sasradiwirya, anama Radèn Mas Arya Sastrataruna, putra ijêngandika bibi Radèn Ajêng Mangani, angsal rama Pangeran Arya Adikusuma. Kalih dening bibi Radèn Ayu Kusumayuda ing mangke dumugi ing papêsthèn, botên lêstantun jodho, sampun pêpindhahan sah kalih rama Pangeran Arya Kusumayuda. Dening putra wayah ijengandika ingkang taksih sami agêsang inggih wilujêng sadayanipun.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dintên Kêmis tanggal ping kawan likur, wulan Rêjêp, ing taun Dal angkaning warsa 1751.

__________

46.

Punika ingkang sêrat Kangjêng Gusti Pangeran Arya Purabaya ingkang sinasriagêng[37] ing nagari Surakarta Adiningrat, saha ingkang taklim, sayogi katur panjênênganipun ingkang paman, Kangjêng Sultan Cakraningrat, ingkang pilênggah wontên ing kagunganipun kangjêng gupêrmèn nagari ing Mandura. Wiyosipun ing sêrat, kula angaturakên mênggah kawilujênganipun putra [pu…]

--- 97 ---

[…tra] sampeyan adhi ajêng, saha kawilujênganipun wayah sampeyan Radèn Ajêng Maknawiyah, wayah sampeyan Radèn Mas Sarjana. Ingkang sarta kula angaturakên taklimipun putra sampeyan adhi ajêng. Dhumatêng bibi Kangjêng Ratu Ayunan, saha dhatêng bibi Kangjêng Ratu Madurêtna. Taklimipun wayah sampeyan Radèn Mas saha Radèn Ajêng dhumatêng putra-putra sampeyan adhimas, adhiajêng sêdaya.

Sasampunipun kadya sapunika kula angaturakên ingkang dados lampahipun utusan kula, abdi sampeyan pun Nini Sebajaya kalayan pun Ngabèi Sumajaya sakancanipun, pêrlu naming kula utus angintun sêkar lisah kalayan sela, dhumatêng pasareyanipun eyang-eyang ingkang sami sumare wontên nagari ing Mandura sadaya. Saha pasareyanipun eyang-eyang ingkang sami sumare wontên ing nagari Pamêkasan sadaya ingkang punika naming kauningana dhumatêng panjênênganipun paman kangjêng sultan, kalih dening malih kula nyuwun kintun kapal rakitan loro ingkang sayogi kenging kula angge, manawi parêng kula suwun kaparingna ing salampahipun utusan kula pun Ngabèi Sumajaya. Ti. Ti.

Kasêrat ing nagari Surakarta Adiningrat, tanggal kaping 20 wulan Ramêlan, ing taun Dal, angkaning warsa 1751.

__________

--- 98 ---

47.

Punika ingkang sêrat Kangjêng Gusti Pangeran Arya Purabaya ingkang sinatriyagêng ing nagari Surakarta Adiningrat, saha ingkang taklim, katur dhumatêng ingkang paman, Pangeran Adipati Mangkuadiningrat, ingkang pilênggah wontên kagunganing kangjêng guprêmèn, nagari ing Pamêkasan, ingkang sarta taklimipun putra sampeyan bok ayu Kangjêng Ratu Pambayun, kalayan pangabêktinipun putra sampeyan adhiajêng, saha pangabêktinipun wayah-wayah sampeyan sadaya katura ing paman pangeran adipati.

Salam taklimipun putra sampeyan bok ayu Kangjêng Ratu Pambayun, saha taklimipun putra sampeyan adhiajêng, dhumatêng bibi radèn ayu.

Sasampuning kadya sapunika awiyos, kula ngaturakên pratelanipun mênggah ingkang dados lampahipun utusan kula abdi sampeyan pun Nini Sebajaya kalayan pun Ngabèi Sumajaya sakancanipun, punika pêrlu naming kula utus angintun sêkar kalayan lisah dhumatêng pasareanipun eyang-eyang ingkang sami sumare wontên nagari ing Pamêkasan sadaya, punapadene eyang-eyang ingkang sami sumare wontên nagari ing Madura tuwin eyang-eyang ingkang sami sumare wontên nagari ing Sumênêp. Ananging pangintun kula sêkar lisah

--- 99 ---

ingkang dhatêng pasarean ing Sumênêp, sakathah-kathahipun kula sumanggakakên panjênênganipun paman pangeran adipati, utusan kula sagêda wangsul wontên nagari ing Pamêkasan kimawon, kalih dening kula nyuwun kintun kapal kore, ingkang sayogi pantês kula tumpaki, manawi parêng sagêda kabêkta ing salampahipun utusan kula.

Kasêrat ing nagari Surakarta Adiningrat, tanggal kaping 21 wulan Ramêlan, ing taun Dal, angkaning warsa 1751.

__________

48.

Pèngêt. Ingkang sêrat saha ingkang salam donga Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping nêm, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Sayogi kaatura ing yayi prabu Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang kaping gangsal. Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Khalifatullah ingkang angrênggani kadhaton nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat, ingkang mugi pinanjangêna ingkang yuswa dening Allahutangala, sêlamêt ing dunya rawuh ing akherat, sarta kêsarasan ing salami-laminipun. Sasampuning kadya punika awiyos yayi prabu, sarèhning yayi prabu akintun sêrat dhumatêng ing kula, inggih sampun kula [ku…]

--- 100 ---

[…la] tampèni, saha sampun kula tupiksani, ing saungêling sêrat sadaya, dening yayi prabu angaturi uninga dhumatêng ing kula, yèn ing mangke eyang ijêngadika buyut, eyang kangjêng ratu kilèn, dhatêng ing jangji atilar dunya kondur ing rahmatullah, ingkang dados margi awit sangking grêrah[38] sarira sadaya, wontên dening patilaripun ing malêm Salasa wanci jam tiga langkung tigang mênut. Tanggal ping kawan wêlas, wulan Bêsar ing taun Dal puniki, ingkang punika yayi prabu inggih sakalangkung pangungunipun ing manah kula, dene ing mangke kula angaturi panglayad dhatêng yayi prabu. Ing sedanipun eyang dalêm buyut, eyang kangjêng ratu kilèn, mugi jinêmbarna ing kuburipun. Kalih dening yayi prabu ingkang taklim Ibu Kangjêng Ratu Agêng, kaatura eyang dalêm Kangjêng Ratu Agêng, kaatura eyang dalêm Kangjêng Ratu Mas. Ingkang salam donga Ibu Kangjêng Ratu Agêng, dhumatênga ibu ijêngandika Kangjêng Ratu Kancana, ingkang taklim garwa kula Bok Ratu Mas, kaatura eyang dalêm Kangjêng Ratu Agêng, kaatura eyang dalêm Kangjêng Ratu Mas, ingkang salam donga garwa kula Bok Ratu Mas, dhumatênga ibu ijêngandika Bok Ratu Kancana, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Sêlasa tanggal ping salikur, wulan Bêsar ing taun Dal angkaning warsa 1751.

__________

--- 101 ---

49.

Punika ingkang sêrat pratăndha tulus miyos saking iklasing manah ingkang suci saking Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Ingkang andarbèni tah-talatah ing nusya Jawi sadaya kalayan ingkang kaurmatan. Saha ingkang tabe akathah-kathah, kaatura ingkang panjênêngan, Eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Wicaksana Godêr Alèksandêr Gerad Pilip Baron van dêr Kapèlên, gurnadur jendral sangking tanah Nèdêrlan India, saha pamuji kawula ingkang mugi pinanjangêna ingkang yusya wilujêng sarta kasarasan ing salami-laminipun, sanagarinipun, satêtiyangipun sadaya. Ri sampuning kadya punika rêke wiyosipun, eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, gurnadur jendral. Kawula angaturi uninga ing panjênênganipun kangjêng eyang, mênggah ênggèn kawula apalakrami, kalayan wayah ijêngandika garwa kawula Bok Ratu Mas. Sarèhning sampun dumugi ing antawis lami, mênggah papêsthèning Gusti Ingkang Maha Agung, ing panjênêngan kawula botên pinanggih ing jodho, kalayan wayah ijêngandika Bok Ratu Mas. Ingkang punika kauningana dhumatêng eyang kangjêng tuwan gurnadur jendral saha rat pênindiya sadaya, yèn wayah

--- 102 ---

ijêngandika Bok Ratu Mas. Ing mangke sampun kawula patêdhakakên, dhumatêng wayah ijêngandika rama, Pangeran Angabèi, sarha[39] tatêrangan mênggahing agami, ing dalêm wulan Sapar taun Be punika, punapa saèsthi manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Sênèn tanggal ping kawan likur wulan Sapar ing taun Be angkaning warsa 1752.

__________.

50.

Pèngêt. Ingkang layang manira Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilapri, residhèn ing Surakarta, dhawuha ing pakênira Mas Tumênggung Ranadirja, ing Bayalali, kang amakili lêlakoning bupati ing Karanggêdhe.

Liring layang, manira wus anampani layang pakênira, kang katitimangsan ping 4, sasi Janawari[40] iki, kang iku pakênira manira lilani, mangkat mênyang Salatiga, anampani winih pari sacukupe, saka ing tuwan asistèn residhèn ing Salatiga, supaya katandura ana ing Gagatan. Ananging pakênira amuriha, pangêdume winih pari marang wong cilik kalerehan pakênira, ing saprayogane, kang sakira wong cilik kang padha anampani winih pari mau, yèn wus panèn anyaura utange pari, kèhe padhaa karo gone [go…]

--- 103 ---

[…ne] utang, supaya kênaa kabalèkake marang tuwan asistèn residhèn ing Salatiga, kang iku pakênira lan Radèn Ngabèi Prawirataruna, manira jibahake panyaure pari iku mau, măngsa panèn kang dhisik dhewe.

Mungguh ing prayoga pakênira, Radèn Ngabèi Prawirataruna kang mênyanga ing Salatiga, iku manira borongake ing pakênira.

Surakarta ping 10 Janawari 1825.

__________

51.

Pèngêt iki layangku pangwyasa padhang Radèn Tumênggung Mêrtalaya, Radèn Tumênggung Wiryakusuma, trang Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Suryènglaga Senapati pangiriding prang, sarta kaidèn Kangjêng Gusti Panêmbahan sêkalihan. Kagadhuha marang adhi Tumênggung Prawiradigdaya, marmane adhi Tumênggung Prawiradigdaya manira gadhuhi layangku pangwyasa padhang, dene ing mêngko, wis manira lilani angrayuda bumi Sala Yoja, sarta wis manira lilani anguyuni bumi tanah Gagatan kabèh. Iku parentahku mênyang adhi Tumênggung Prawiradigdaya, sapa-sapa kang ora mituhu saunine layangku pangwyasa iki, poma-poma pacuhan, kang magok[41] parentahe dhi Tumênggung Prawiradigdaya, dirêmpaka, dikêthoka êndhase dijarah rayaha sarajakayane. Kasrat dintên [di…]

--- 104 ---

[…ntên] Rêbo Paing tanggal pisan sasi Sura ing ta[42] Wawu akaning[43] warsa 1753.

Sajabaning titimăngsa parentahku mênyang adhi Prawiradigdaya, sarupaning sapasar padha diurêpna, aja ona[44] dipupu beyane gêjabaning pêsapon. Karo yèn ana wong begal padha Jawa, poma padha dhikêthoka[45] êndhase.

__________

52.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah saking Mas Rănggawarsita, kaatura ing Kangjêng Tuwan Sukêtaris Dhegrut. Sasampunipun katur tabe kula wiyosipun tuwan, kula angaturakên tabe urmat salamêt dhatêng ing sarawuh sampeyan saking nagari Batawiyah, kalih dening kula atur prasabên, mila kula lami dèrèng sowan pêpanggih ing sarawuh tuwan punika, inggih sarèhning pamidhangêt kawula tuwan ngriki sawêg arungan kathah padamêlan makatên punika, măngsa kaura tuwan amanggihi dhatêng kula, ing sapunika manawi amarêngi kalayan karsanipun tuwan. Bilih tuwan sampun ragi wontên dhanganipun saking sakêdhap, saha kaur amanggihi dhatêng kula ing sawatawis. Kula badhe sowan pêpanggih dhatêng tuwan. Benjing punapa ingkang dados parêng [pa…]

--- 105 ---

[…rêng] dhanganipun ing karsa sampeyan. Kula anuwun dhawah sampeyan.

Kêmis ping 10 Mukharam Wawu ăngka .... 1753.

__________

53.

Punika ingkang sêrat saha ingkang pangabêkti Radèn Tumênggung Bratadiningrat ingkang atêngga kagungan dalêm kitha pun Toyamas. Sayogi katur ing panjênêngan sampeyan Kiyai Lurah Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Mugi pinanjangna ingkang yusya dening Allahutangala wilujêng saha kasarasan ing salamènipun.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kawula nuwun mugi sampun dados duka sampeyan dhumatêng badan kawula, ing salamènipun kawula mantuk sangking nagari, dumugi wontên pun Toyamas kawula sampun utusan kaping kalih ngunjuki uninga ing panjênêngan sampeyan. Saha ngaturakên sêrat angsulan konjuk ing kangjêng tuwan residhèn. Utusan kawula kabegal sêrat ical, rumaos kakirangan kalêpatan. Mila kawula nuwun sangking sih apuntên sampeyan dhumatêng kawula.

Kalih dening kawula ngaturi uninga ing panjênêngan sampeyan, atampi sêrat pêparingipun Kangjêng Tuwan Hindrak[46] Magilavri, [Magila…]

--- 106 ---

[…vri,] residhèn ing Surakarta Adiningrat. Mênggah angsulan kawula sêrat pratelanipun ing ngandhap punika.

Kawula sampun atampi paringipun kangjêng tuwan bêsar, sêrat ingkang kaitimăngsa[47] 16 Dhesèmbêr 1825, ingkang mungêling sêrat, kangjêng tuwan aparing uninga dhatêng kawula, yèn saklangkung andadosakên pangungunipun tuwan pirsa kabar, yèn sampun wontên sawêtawis dintên punika, kawula aprang kalih kraman ingkang wontên ing Toyamas. Kawula angantos kawon, sanajan rencang kawula kathah. Kalih dening malih kangjêng tuwan midhangêt, yèn brandhal punika sadèrèngipun tanglêd kalih kawula, sampun kagêpuk dhatêng bupati ing Prabalingga, bupati ing Prabalingga rencangipun kêdhik. Mênggah kabar ingkang kados mêkatên punika anglangkungi andadosakên kagètipun tuwan bêsar, sabab ing salami-lamènipun, wontên rêrêsah, kangjêng tuwan bêsar atampi pratela sangking dening tumêmên saha pangatos-atos kawula, mila kangjêng tuwan anggadhahi panyipta anamtokakên, yèn kawula amêsthi lulus ing tumêmên kawula.

Ingkang punika mênggah pêngajêng-ajêngipun tuwan, amung sapisan punika kemawon. Kangjêng tuwa[48] atampi pratela sangking kawula mêkatên wau, saha kangjêng tuwan sampun pitajêng yèn kawula amêsthi ing kêkêndêl kawula, supados sampun ngantos anglingsêmi bupati ing Surakarta, ngantos kawon kalih kraman. Ing sakathah-kathahipun kangjêng tuwan amborongakên [amboronga…]

--- 107 ---

[…kên] ing pênggalih kawula, punapa botên anglangkungi ing tiwasipun. Ingkang supami pun kraman angantosa angawonakên pun Toyamas.

Mênggah prakawis ingkang kasêbut ing ngajêng punika wau, kangjêng tuwan dèrèng ngaturi uninga dhumatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Sabab kangjêng tuwan sampun anamtokakên, yèn amêsthi andadosakên sangêt botên parêngipun, saha kawula amêsthi badhe manggih ingkang botên prayogi, wondening bilih kangjêng tuwan atampi pratela malih, kawula botên tumêmên amurih anggêpuk ing kraman. Amêsthi botên kenging botên kangjêng tuwan angaturi uninga dhumatêng kangjêng susuhunan.

Ingkang punika mênggah atur kaurmatan kawula ing kangjêng tuwan residhèn, ing nalika dintên Ngahad Lêgi tanggal ping 23 wulan Rabingulakir ing taun punika, kraman brandhal ingkang badhe anggitik pun Prabalingga, dipun pêthukakên dhatêng dêdamêl ing Prabalingga, kalih dêdamêl tiyang Cina ing Prabalingga, pun brandhal kawon lajêng lumajêng, kraman ingkang badhe gitik pun Toyamas, kula pêthukakên sawetanipun dhusun Purwarêja, salèripun Lèpèn Lêmbu, pun brandhal kawon lumajêng ngetan. Punika sarêng sadintên patanglêdipun ing Prabalingga kalih kawula, wanci jam sawêlas ngantos jam satunggil, nanging Radèn Tumênggung Cakrawêdana botên tumut sagahipun [sagahi…]

--- 108 ---

[…pun] nusul. Sarêng wanci jam tiga kawula mundur dhatêng pamondhokan. Saha badhe têpang kalih Radèn Tumênggung Cakrawêdana, dèrèng ngantos dumugi pangeran brandhal tumênggung brandhal anututi dhatêng lampah kawula, mêdal lèr sapalih mêdal kidul sapalih wanci jam gangsal tanglêd kalih kawula, dêdamêl kula mriyêm lêpat gènipun ngisèni, dados botên mungêl. Kula dipun kêpang, kula tanglêdi kalih mundur, nuntên Radèn Tumênggung Cakrawêdana nusul atêtulung dhatêng kula, wontên sakilènipun wana pêjatos siti pun Gumêlêm. Kula kèndêl sami tanglêd. Radèn Tumênggung Cakrawêdana, ingkang kidul kula ingkang lèr, kasaput ing dalu Radèn Tumênggung Cakrawêdana mundur rumiyin. Kula inggih tumut mundur wontên ing wingking, kawula sami kèndêl wontên ing pajagèn kawula ing dhusun Danaraja, kapêrnah kidul wetan sangking pun Toyamas. Anata rencang sadêdamêlipun, pun kraman kèndêl wontên Gumêlêm Panarusan. Wondening kagungan dalêm kitha pun Toyamas inggih wilujêng.

Mênggah atur kawula ingkang kathah-kathah kawrat wontên ing sêrat pèngêtan. Sêratiwun[49] kula saosakên kunjuka ing kangjêng tuwan residhèn, saha konjuk ing panjênêngan sampeyan Kiyai Lurah Kangjêng Radèn Adipati Sasraadiningrat.

Ing Toyamas Ngahad tanggal kaping 20 wulan Jumadilakir Wawu taun ndangka[50] 1753.

__________

--- 109 ---

54.

Sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, saking Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilapri, residhèn ing Surakarta, dhumatêng Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

Sasampuning kadya punika awiyos, sarèhning prakawis sawarnining pasitèn bawah Surakarta, ing sapunika sampun ragi wontên tatanipun malih, kenging wiwit amariksani sakathahing kori kabandaran pêkên warung sapanunggilanipun. Pundi ingkang prêlu kapêksa, ingkang punika panêdha kula, bilih kenging mugi ijêngandika wiwiti tumuntên ing pamariksanipun. Sarta ijêngandika andhawahna parentah dhatêng para bupati măncanagari, amariksani ingkang tanah sajawining nagari, kang kalêrês bawahipun, kados kang kasêbut ing ngandhap punika.

1. Kori kabandaran pêkên rangkah sapanunggilanipun. Ing satunggil-tunggil pasitèn, salêbêting wontên rêrêsah, punapa inggih karêsahan. Wondening bilih wontên ingkang tumut karêsahan, kapratelakna samining satunggil-tunggilipun.

2. Wiwit karêsahan kori kabandaran sapanunggilanipun wau, sarta sapintên lamine gènipun rêsah.

3. Mênggah sawarnining bandar kori pêkên sapanunggilanipun, [sapanunggilani…]

--- 110 ---

[…pun,] ingkang sami dipun rêrêsahi wau, taksihipun sagêd amupu banggi, dumugi ing wulan punapa.

4. Kèndêlipun ing rêrêsah kori kabandaran sapanunggilanipun wau kala punapa, punapa dene wiwit ing wulan punapa, sawarnining bandar gènipun sami sagêd amupu banggi.

5. Kori kabandaran pêkên rangkah sapanunggilanipun, ing pundi ingkang sami kesah tiyangipun ngantos ing sapunika botên kadhatêngan tiyang, kang sarta botên pisan kapupu bangginipun.

Panêdha kula, mugi ijêngandika amundhuta tumuntênipun, ing atur papriksan para bupati măncanagari, prakawis kang kasêbut ing ngajêng wau sadaya, punapa malih ijêngandika dhawahi kang têrang pisan ing pamariksanipun. Supados kula sagêda anggalih, sawarnining bandar ingkang sami gadhah atur, nyuwun muspraning sêsagèn.[51]

Wondening panggenan pamupu banggi, botên kabawah bupati măncanagari, ingkang cakêt ing nagari Surakarta, punika panêdha kula, mugi ijêngandika piyambak ingkang amratelakna dhumatêng kula.

Surakarta ping 18 Janawari 1826.

__________

--- 111 ---

 


gupêrnèmèn (kembali)
gupêrnèmèn
Ngayogyakarta (kembali)
Ngayogyakarta
dalêm (kembali)
dalêm
kangjêng (kembali)
kangjêng
sabab (kembali)
sabab
Asli: O+=k (kembali)
Asli: O+=k
adate (kembali)
adate
benjing (kembali)
benjing
sêmbah (kembali)
sêmbah
10 botên (dan di tempat lain) (kembali)
botên (dan di tempat lain)
11 rintên (kembali)
rintên
12 dalu (kembali)
dalu
13 tiyang (kembali)
tiyang
14 sangandhape (kembali)
sangandhape
15 Pamriyan (kembali)
Pamriyan
16 Jêthis. (kembali)
Jêthis.
17 Ridrê (kembali)
Ridrê
18 anyaosakên (kembali)
anyaosakên
19 Asli: O+@ (kembali)
Asli: O+@
20 patêlêsaning (kembali)
patêlêsaning
21 Asli: O+@ (kembali)
Asli: O+@
22 gangsal (kembali)
gangsal
23 1750 (kembali)
1750
24 gangsal (kembali)
gangsal
25 kangjêng (dan di tempat lain) (kembali)
kangjêng (dan di tempat lain)
26 wau (kembali)
wau
27 anginggahi(dan di tempat lain) (kembali)
anginggahi(dan di tempat lain)
28 Singasari (kembali)
Singasari
29 êmbok-êmbok (kembali)
êmbok-êmbok
30 rayi-rayi (kembali)
rayi-rayi
31 Safar (kembali)
Safar
32 rayi (kembali)
rayi
33 ingkang (dan di tempat lain) (kembali)
ingkang (dan di tempat lain)
34 kawula (kembali)
kawula
35 Agêng (kembali)
Agêng
36 Khalifatollah (kembali)
Khalifatollah
37 sinatriyagêng (kembali)
sinatriyagêng
38 gêrah (dan di tempat lain) (kembali)
gêrah (dan di tempat lain)
39 sarta (kembali)
sarta
40 Januwari (dan di tempat lain) (kembali)
Januwari (dan di tempat lain)
41 mogok (kembali)
mogok
42 taun (kembali)
taun
43 angkaning (kembali)
angkaning
44 ana (kembali)
ana
45 dikêthoka (kembali)
dikêthoka
46 Hèndrik (kembali)
Hèndrik
47 katitimăngsa (kembali)
katitimăngsa
48 tuwan (kembali)
tuwan
49 Sêratipun (kembali)
Sêratipun
50 ăngka (kembali)
ăngka
51 sêsanggèn (kembali)
sêsanggèn