Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21)

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-08-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- 84 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 1 dari 42

--- 84 ---

Punika lampahan Banyakwulan krama.[1]
Nomêr: 13.

Ini cerita pernikahan Banyakwulan.
Nomor: 13.

Wiwit jêjêr Prabu Kêdhiri, nimbali Patih Jayabadra, Pêrbatakusuma, Pênambangan, angraosakên panglamaripun Prabu Singasantun, ingkang kalamar Dèwi Tamioyi, badhe kadhaupakên kalihan Radèn Banyakwulan, nanging kadamêl mêndho, sabab katunjang panglamaripun Prabu Maguwa, Mindaka Tamioyi, kasaru dhatêngipun utusan Maguwa, lan Jaka Prakosa, Maesa Nabrang, nyaosakên pisungsung sarta nêgêsi damêl. Prabu Kadhiri mangsuli inggih tamtu, utusan mundur, Prabu Kadhiri dhawuhi patih lan kang putra Pêrbatakusuma, kinèn sumêktèng damêl, ratu kundur, gapura kaputrèn, parêkan mêdhal[2] dhawuhakên angulêm-ulêmi.

Kocap pasowan jawi, patih lan Pêrbatakusuma, Tumênggung Supatra Pêngrawit, kadhawuhan sowan dhatêng kasatriyan, mangkat, Patih Pêrbatakusuma tata-tata.

Kocap ing Maguwa, Prabu Klana nimbali kang para raja, Patih Jayapuspita, Klana kasmaran Mindaka, Jayapuspita kasmaran Tamioyi, sarta ngajêng-ajêng ingkang kautus dhatêng Kadhiri nêrang ing damêl, tan dangu dhatêngipun utusan kalih, matur yèn panglamaripun katampèn. Klana suka kang galih lajêng parentah pradandosan, dhatêngipun Brêmanakăndha, dangu ing putra matur badhe ngarak dhatêng Kêdhiri, kang rama duka dene tanpa besan, Brêmana karsa mêngkoni ing damêl, kang putra miturut, kang rama lajêng musna, Klana kundur paring pirsa kang rayi Rêtna Wêrdeya, Tigaron, sarêng sampun busana lajêng miyos, pangkat mawi bubar-bubaran.

Kocap Prabu Singasari lênggah kalih kang garwa, Patih Jayakacêmba, [Jayakacê...]

Dimulai adegan Prabu Kediri, memanggil Patih Jayabadra, Perbatakusuma, dan Penambangan. Membicarakan lamaran Prabu Singasari, yang dilamar Dewi Tamioyi, hendak dinikahkan dengan Raden Banyakwulan, tetapi dibuat gagal, karena disusul oleh lamaran Prabu Maguwa, Mindaka Tamioyi, tiba-tiba datang utusan Maguwa, Jaka Prakosa, dan Maesa Nabrang, memberikan hadiah serta meminta penjelasan perhelatan. Prabu Kediri menjawab sudah pasti, utusan mundur. Prabu Kediri perintah pada patih dan sang putra Perbatakusuma, agar siap sedia. Raja masuk, adegan gapura kaputren, parekan keluar menyuruh untuk menyebarkan kabar.

Diceritakan pertemuan di luar (keraton), patih dan Perbatakusuma, Tumenggung Supatra Pengrawit, disuruh menghadap ke kasatrian, berangkat, Patih Perbatakusuma bersiap-siap.

Diceritakan di Maguwa, Prabu Klana memanggil para raja, Patih Jayapuspita. Klana kasmaran pada Mindaka, Jayapuspita kasmaran pada Tamioyi, serta menanti utusan yang ke Kediri untuk meminta penjelasan perihal perhelatan. Tidak lama datang dua utusan, melapor bahwa lamarannya telah diterima. Klana senang hatinya lalu perintah agar bersiap-siap. Datang Bremanakanda, bertanya pada sang putra, dan menjawab bahwa akan memberangkatkan rombongan ke Kediri, sang rama marah karena tanpa besan, Bremana hendak menanggung semua acara, sang putra menurut, sang rama lalu musnah. Klana masuk dan memberi kabar pada sang adik Retna Werdeya, Tigaron, selesai berbusana lalu keluar, berangkat, adegan bubar-bubaran.

Diceritakan Prabu Singasari duduk bersama sang istri, Patih Jayakacemba,

--- 85 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 2 dari 42

--- 85 ---

[...mba] rêmbag sami pêrdandanan dhatêng Jênggala, kang garwa mothah pitakèn kang putra Radèn Banyakwulan, rèhning sampun lami anggènipun murca, sang prabu tansah ngimur ing garwa, patih kadhawuhan lajêng pangkat.

Kocap Banyakwulan wontên satêngahing wana, kalih kang parpat Sêbul, Klèlèt, sabab kautus nimbali Banyakwulan kapêthuk ing margi, Sêbul, Klèlèt lajêng dhèrèkakên, parpat ngaturi kundur botên karsa, sabab katampik panglamaripun. Banyakwulan nêdya pados margining pêjah, lajêng pangkat mawi wêwanan.

Kocap rasêksa-rasêksi, rêmbag ngupados mêmangsan, sarêng ningali wontên satriya langkung lajêng dipun pêrpêki, tanglêt, dênawa kalih pêjah, babar Dewa Bathara Rêncasa, Dèwi Rêncasih, paring pitêdah kinèn suwita dhatêng Pranaraga, nuruta sak pakènipun, Banyakwulan langkung padhang kang galih, jawata musna, radèn lajêng pangkat.

Kocap Prabu Maguwa, lan para raja, arêrêp wontên ing margi, andangu têbih cêlakipun nagari Kadhiri, tan dangu dhatêngipun Anggot Mêndhali, matur yèn wontên satriya langkung, lajêng parentah wadya Bugis kinèn anyêpêng, mangkat.

Kocap Radèn Banyakwulan kalih ingkang parpat, kapêthuk wadya Bugis lajêng tanglêt, parpat banyolan kalih Anggot Mêndhali, Banyakwulan angoncati, matak aji panglimunan, tan katingal sak parpatipun, Bugis lajêng matur ing gustinipun. Prabu Maguwa sangêt duka dhawuh kinèn anglacak sak lampahipun, mangkat.

Kocap Prabu Singasari kang rêrêp wontên ing margi, dangu têbih cêlakipun nagari Kêdhiri, tan dangu dhatêngipun kajinêman, matur yèn wontên dêdamêl langkung sangking nagari

sepakat hendak berangkat ke Jenggala, sang istri bersikeras menanyakan sang putra Raden Banyakwulan, karena sudah lama hilang. Sang prabu senantiasa menghibur istri, patih diperintahkan untuk berangkat.

Diceritakan Banyakwulan berada di tengah hutan, bersama sang parepat Sebul dan Klelet karena diutus untuk memanggil Banyakwulan bertemu di hutang, Sebul dan Klelet lalu mengikuti. Parepat mengajak pulang tapi tidak mau, karena ditolak lamarannya. Banyakwulan hendak mencari jalan kematian, lalu berangkat, adegan wewanan.

Diceritakan ada raksasa laki-laki dan perempuan, sepakat hendak mencari mangsa, begitu melihat ada satria melintas lalu didekati, bertempur, kedua raksasa tewas, berubah wujud menjadi Dewa Batara Rencasa, Dewi Rencasih, memberi petunjuk agar mengabdi ke Pranaraga, ikutilah semua perintahnya. Banyakwulan hatinya menjadi terang benderang, dewata musnah, raden lalu berangkat.

Diceritakan Prabu Maguwa dan para raja, sedang istirahat dalam perjalanan, bertanya tentang jauh dekatnya negara Kediri. Tidak berselang lama datang Anggot Mendali, melapor bahwa ada satria yang melintas, lalu wadya Bugis diperintah supaya menangkap, berangkat.

Diceritakan Raden Banyakwulan dan sang parepat, bertemu wadya Bugis lalu bertempur, parepat bercanda dengan Anggot Mendali, Banyakwulan menghindar, mengucapkan mantra aji panglimunan, tidak terlihat semua parepatnya, Bugis lalu melapor kepada gustinya. Prabu Maguwa sangat marah dan perintah supaya melacak keberadaannya, berangkat.

Diceritakan Prabu Singasari yang sedang istirahat di perjalanan, menanyakan jauh dekatnya negara Kediri, tidak lama datang kajineman, melapor bahwa ada yang melintas dari negara

--- 86 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 3 dari 42

--- 86 ---

Maguwa, Prabu Singasari lajêng parentah anggitik dêdamêl ing Maguwa, lajêng kapêthukakên, prang, dêdamêl ing Maguwa kasêsêr, Prabu Maguwa dhawuh nyimpang ing margi sanès.

Kocap ing kasatriyan, Bancak Dhoyok sami banyolan mêntas imah-imah, lajêng sowan ing gustinipun.

Kocap Panji Marabangun, nimbali para kadeyanipun, angraosi Radèn Banyakwulan, sabab kapothah ingkang garwa Dèwi Nawangwulan, kalih ngraosi ingkang paman Prabu Kêdhiri, tan dangu dhatêngipun Radèn Banyakwulan, kadangu purwa madya wusananipun, ingkang rayi matur kumbi, parpat amêlèhakên, Panji langkung ngungun. Tan dangu dhatêngipun Supatra Pêngrawit, utusanipun Prabu Kêdhiri, kang rayi kinèn singidan, Supatra Pêngrawit matur yèn kautus kang rama nimbali, Panji mangsuli sêngadi gêrah, utusan pamit mantuk, sapêngkêripun utusan Panji nimbali para garwa, Căndrakirana, Dayaprana, Căndrarêsmi, Căndrakirana katundhung sarwi dipun undhat-undhat, Sang Dyah Sêkartaji muwun, sarêng badhe dipun cumêthèni lajêng kesah, Dayaprana mambêngi lajêng dipun tapuk, sarta dipun tundhung, Nawangwulan, Căndrarêsmi badhe tumut kesah botên kalilan. Panji lajêng nimbali Sinom Pêrdapa, sarêng dhatêng kadukanan sarta kadhawuhan mêmanuki sang dyah kalih kalihan Banyakwulan, satriya kalih lajêng pangkat. Dhoyok Bancak sami kadhawuhan tumut, kadeyan kadhawuhan botên kalilan simpên wêlas, sarta kinèn ngatos-atos, Panji lajêng kundur.

Kocap lampahipun sang dyah kalih, arêrendhon urut margi, nuntên katututan ingkang rayi sêkalihan.

Maguwa, Prabu Singasari perintah untuk menyerang prajurit Maguwa, saling berhadapan, perang, prajurit Maguwa terpojok, Prabu Maguwa perintah untuk menghindar mencari jalan yang lain.

Diceritakan di kasatrian, Bancak dan Doyok sedang bercanda baru saja menikah, lalu menghadap gustinya.

Diceritakan Panji Marabangun, memanggil para saudaranya, membicarakan Raden Banyakwulan, karena menuruti keinginan sang istri Dewi Nawangwulan, serta membicarakan sang paman Prabu Kediri. Tidak lama datang Raden Banyakwulan, ditanya dari awal hingga akhir, sang adik menjawab dusta, parepat menyalahkan, Panji sangat heran. Tidak lama datang Supatra Pengrawit, utusan Prabu Kediri, sang adik disuruh bersembunyi, Supatra Pengrawit berkata kalau diutus sang rama supaya mengajak pulang, Panji menjawab pura-pura sakit, utusan pamit pulang, sepeninggal utusan Panji memanggil para istri, Candrakirana, Dayaprana, Candraresmi, dan Candrakirana, dipaksa pergi serta dimarahi serta diungkit-ungkit. Sang Putri Sekartaji menangis, ketika hendak dicambuk lalu pergi, Dayaprana menahan lalu ditampar, serta disuruh pergi juga, Nawangwulan dan Candraresmi hendak ikut pergi namun tidak diizinkan. Panji lalu memanggil Sinom Perdapa, setelah menghadap dimarahi serta disuruh mengawasi kedua sang putri serta Banyakwulan, kedua satria lalu berangkat. Doyok Bancak juga disuruh turut serta, para saudara diperintahkan agar tidak usah mempunyai rasa belas kasih, serta disuruh berhati-hati, Panji lalu masuk.

Diceritakan perjalanan kedua sang putri, terseok-seok sepanjang jalan, kemudian disusul oleh kedua sang adik.

--- 87 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 4 dari 42

--- 87 ---

Sang dyah kalih asrêp ing panggalih lajêng sami mangkat.

Kocap Panji lan kang garwa sêkalihan, nimbali para kadeyan, dhawuh badhe karsa ningali pangantèn dhatêng Kêdhiri, lajêng pangkat.

Kocap tindakipun Prabu Singasari, kèndêl satêngahing wana ningali jalma lumampah rantap-rantap, lajêng mêrpêki sak garwanipun, sarêng cêlak datan samar yèn kang putra Marabangun, lajêng rinangkul, Panji ngaturakên niskaraning lampah, kang rama lan kang ibu langkung suka ing galih lajêng sami pangkat dhatêng Kadhiri, Nawangwulan Căndrarêsmi kalêbêtakên ing supe, pramèswari Singasari têksih lumampah kadhèrèkakên Panji.

Kocap Prabu Kêdhiri, nimbali patih lan Pêrbatakusuma, ngraosi Prabu Maguwa, tan dangu dhatêngipun Rêtna Căndrakirana, Andayaprana, satriya kalih kadhawuhan ingkang bok jujug ing kadhaton, mêdal kori butulan. Kang rama andangu ingkang putra dèn[3] prapta tan sarimbit. Kirana matur yèn kang raka sawêg gêrah, lajêng kadhawuhan lumêbêt ing kadhaton. Tan dangu dhatêngipun Prabu Maguwa, Brêmana, Jayapuspita, Brêmana lajêng masrahakên pangantèn, Prabu Kadhiri nampèni lajêng dhawuh angaso mêsanggrahan, lajêng sami mêdal, Ratu Kadhiri kundur.

Kocap kaputrèn, Tamioyi, Mindaka, Căndrakirana, Andayaprana, Kirana ningali Radèn Banyakwulan lajêng sèh[4] sêngadi dhatêng patirtan, Mindaka dipun jak lan Dayaprana, Kirana ngawe Banyakwulan sampun tampi, lajêng mêrpêki Dèwi Tamioyi, sangking wingking sarwi dhèhèm, Tamioyi nolèh lajêng pitakèn, Banyakwulan ngakên yèn putra Singasari, lajêng karêsmèn. Kirana dhawuhi dhatêng Mindaka kakarsakakên nimbali Tamioyi, Mindaka kesah kapêthuk

Kedua sang putri merasa tenang hatinya lalu semua berangkat.

Diceritakan Panji dan kedua istri, memanggil para saudara, memerintahkan hendak menyaksikan pengantin ke Kediri, lalu berangkat.

Diceritakan perjalanan Prabu Singasari, berhenti di tengah hutan melihat ada manusia yang berjalan beriringan, lalu mendekat bersama sang istri, setelah dekat sudah tidak ragu lagi bahwa sang putra Marabangun, lalu dipeluk, Panji menceritakan semua kejadiannya hidupnya. Sang rama dan sang ibu sangat senang hatinya lalu bersama-sama berangkat ke Kediri. Nawangwulan Candraresmi dimasukkan ke dalam cincin, permaisuri Singasari masih berjalan mengikuti Panji.

Diceritakan Prabu Kediri, memanggil patih dan Perbatakusuma, membicarakan Prabu Maguwa. Tidak lama datang Retna Candrakirana, Andayaprana, dua satria disuruh oleh sang embok agar langsung menuju kadaton, melalui pintu belakang. Sang rama bertanya pada sang putra kenapa tidak berdua bersama suami. Kirana menjawab bahwa sang suami sedang sakit, lalu disuruh masuk ke kadaton. Tidak lama datang Prabu Maguwa, Bremana, Jayapuspita. Bremana menyerahkan pengantin, Prabu Kediri menerima kemudian mempersilahkan untuk istirahat di pesanggrahan, lalu semua keluar, Raja Kediri masuk.

Diceritakan keadaan di kaputren, Tamioyi, Mindaka, Candrakirana, Andayaprana, dan Kirana melihat Raden Banyakwulan lalu pergi pura-pura ke pemandian, Mindaka dan Dayaprana diajak serta, Kirana melambaikan tangan pada Banyakwulan sudah tanggap, lalu mendekati Dewi Tamioyi, dari belakang diambil dehem, Tamioyi lalu menoleh dan bertanya, Banyakwulan mengaku putra Singasari, lalu diajak bercinta. Kirana menyuruh Mindaka agar memanggil Tamioyi, Mindaka pergi bertemu

--- 88 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 5 dari 42

--- 88 ---

Sinom Pêrdapa lajêng karêsmèn, parpat banyolan kalihan parêkan.

Kocap Prabu Kêdhiri, pêpakan badhe manggihakên pangantèn, Brêmana matur nyuwun panggihipun tumuntên, Ratu Kadhiri nglilani lajêng kadhawuhan sami lumêbêt ing kadhaton. Klana, Jayapuspita sarêng sumêrêp yèn kadhaton wontên pandung kêkalih, lajêng tanglêt, Klana kabucal dhatêng Sinom Pêrdapa dhawah ing jawi, Jayapuspita tanglêt kalihan Banyakwulan, kabucal dhawah jawi banon, lajêng matur Prabu Kêdhiri yèn kadhaton wontên pandung, Ratu Kadhiri duka masrahakên kacêpêngipun pandung, Klana dhawuhi para raja nyêpêng pandung lajêng sami lumêbêt.

Kocap Panji Marabangun lan kang paman ing Singasari, mirêng ing lêbêt kadhaton rame-rame, sampun andugi kang rayi sêkalihan kawanguran, lajêng karsa têtulung sakadeyanipun, Klana sak wadyanipun sami prang lan para kadeyan, Klana sawadya kawon, Ratu Kadhiri duka karsa majêng nyalirani, dipun cêgat Sang Dyah Ragil Pêrgiwăngsa, sarwi matur kathah-kathah, Ratu Kadhiri lilih, wadya Maguwa dhadhal, Panji panggih lan Kirana, byar Onang-onang.

Sinom Perdapa lalu bercinta, parepat bercanda dengan parekan.

Diceritakan Prabu Kediri, bersiap-siap hendak menikahkan pengantin, Bremana berkata meminta agar acaranya disegerakan. Raja Kediri menyetujui lalu semua disuruh untuk masuk ke kadaton. Klana dan Jayapuspita begitu melihat bahwa di kadaton ada kedua pencuri, lalu bertempur, Klana dibuang oleh Sinom Perdapa jatuh di luar. Jayapuspita bertempur melawan Banyakwulan, dibuang jatuh di luar benteng, lalu melapor kepada Prabu Kediri bahwa kadaton ada pencuri. Raja Kediri marah dan menyerahkan tertangkapnya pencuri, Klana perintah pada para raja agar menangkap pencuri kemudian semua berangkat.

Diceritakan Panji Marabangun dan sang paman Singasari, mendengar di dalam ada kericuhan. Sudah menduga bahwa kedua sang adik ketahuan, lalu hendak menolong bersama semua saudaranya. Klana dan semua wadyanya berperang melawan para saudara, Klana dan semua wadya kalah. Raja Kediri hendak maju melawan, dicegat oleh Sang Putri Ragil Pergiwangsa, sambil berkata diberi masukan, Raja Kediri reda. Wadya Maguwa terdesak mundur, Panji bertemu dengan Kirana. Menjelang pagi Gending Onang-onang.

Punika lampahan Kuda Narawăngsa.
Nomêr: 14.

Ini cerita Kuda Narawangsa.
Nomor: 14.

Wiwit jêjêr Prabu Jênggala, nimbalih[5] Patih Kudanawarsa, Brajanata, Sinom Pêrdapa, mênggalih badhe mangun boja wiwaha ingkang putra Marabangun lan Dèwi Kirana tiron, lan mênggalih mêngsah Maguwa anglamar kang putra Rêtna Jinoli, nanging dipun tampik, sang nata pasrah dhatêng Brajanata bab mêngsah Maguwa.

Dimulai adegan Prabu Jenggala, memanggil Patih Kudanawarsa, Brajanata, dan Sinom Perdapa membicarakan rencana hendak mengadakan pesta perayaan putra Marabangun dan Dewi Kirana palsu. Serta membicarakan musuh Maguwa yang melamar sang putri Retna Jinoli, tetapi ditolak. Sang raja pasrah pada Brajanata perihal musuh Maguwa.

--- 89 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 6 dari 42

--- 89 ---

Tan dangu dhatêngipun Pêrbatakusuma lan Rêtna Mindaka, kautus nyaosakên pasumbang, Mindaka kadhawuhan lumêbêt kadhaton, Brajanata kadhawuhan nyumêktakakên ing damêl sarta ngatos-atos, ratu kundur kèndêl gapura kaputrèn.

Kocap pramèswari sêkalihan, Rêtna Jinoli, Rêtna Mindaka, Sêkartaji, rawuhipun sang nata matêdhani pirsa ing garwa, sang nata lajêng minggah sanggar langgatan.

Kocap pasowan jawi, Brajanata lan para kadeyan, sami tatata[6] ing damêl, lan angrêmbarisi[7] mêngsah sangking Maguwa, lajêng mangkat mawi bubar-bubaran.

Kocap Sêbul, Klèlèt asukan-sukan jênêngi pandamêlan, lajêng sowan gustinipun.

Kocap Sinom Pêrdapa andangu pandamêlan, tan dangu dhatêngipun Mindaka, dipun adhangi mawi ubêng-ubêngan, Mindaka kèndêl cêluk-cêluk êmbanipun, Sinom Pêrdapa gunturi srênggara, lajêng karêsmèn. Sasampunipun Sinom Pêrdapa lajêng dhatêng kasatriyan inggal-inggalan.

Kocap Bancak Dhoyok sukan-sukan banyolan mêntas imah-imah, lan angrêmbag badhe nyumbang, lajêng sowan ing gustinipun.

Kocap Panji Marabangun, nimbali kadeyan, andangu pêndamêlan, lan angrêmbag pados patah, parpat kalih kautus pados patah lajêng mangkat.

Kocap Bathara Narada wontên wana, kalih ingkang wayah Wasi Kuda Narawăngsa, kang wayah nuwun pitêdah pangajapanipun, kang eyang paring pitêdah kakarsakakên ngèngèr dhatêng kasatriyan, Ywang Nrada lajêng musna, Kuda Narawăngsa lajêng pangkat, sakmarga dados têtingalaning para sujalma,

Tidak lama datang Perbatakusuma dan Retna Mindaka, diutus untuk menyerahkan sumbangan. Mindaka disuruh masuk kadaton, Brajanata disuruh bersiap-siaga serta hati-hati. Raja masuk berhenti sejenak di gapura kaputren.

Diceritakan kedua permaisuri, Retna Jinoli, Retna Mindaka, dan Sekartaji, kehadiran sang raja memberi kabar pada sang istri, sang raja lalu naik ke tempat pemujaan.

Diceritakan pertemuan di luar (keraton), Brajanata dan para saudara, semua bersiap-siaga, serta membicarakan barisan musuh dari Maguwa, lalu berangkat, adegan bubar-bubaran.

Diceritakan Sebul dan Klelet sedang bersenang-senang sambil menyelesaikan pekerjaan, lalu menghadap pada gustinya.

Diceritakan Sinom Perdapa menanyakan perihal pekerjaan, tidak berapa lama Mindaka datang, dihadang sambil berputar-putar, Mindaka berhenti lalu memanggil-manggil embannya, Sinom Perdapa mengeluarkan rayuan, lalu diajak bercinta. Setelah selesai Sinom Perdapa ke kasatrian dengan segera.

Diceritakan Bancak dan Doyok sedang bersenang-senang bercanda sehabis menikah, dan membicarakan hendak menyumbang, lalu menghadap gustinya.

Diceritakan Panji Marabangun, memanggil para saudara, menanyakan tugas-tugasnya, serta membicarakan mencari patah, kedua parepat diutus mencari patah, lalu berangkat.

Diceritakan Batara Narada di hutan, bersama sang cucu Wasi Kuda Narawangsa, sang cucu meminta petunjuk atas keinginannya. Sang eyang memberi petunjuk agar mengabdi ke kasatrian, Ywang Nrada musnah. Kuda Narawangsa lalu berangkat, sepanjang jalan menjadi tontonan para manusia,

--- 90 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 7 dari 42

--- 90 ---

lajêng kapêthuk Bancak Dhoyok, takèn-tinakèn, Kuda Narawăngsa katantun dados patah, Kuda Narawăngsa nurut, lajêng pangkat mawi wêwanan.

Kocap Bugis kang jampangi margi, nuntên dhatêngipun Anggot Mêndhali, matur yèn wontên satriya lêlampah, lajêng kapêthukakên, tanglêt, Bugis kawon, Kuda Narawăngsa lajêng.

Kocap Panji Marabangun, para kadeyan pêpak, ngajêng-ajêng parpat kang pados patah, tan dangu dhatêngipun parpat matur sampun angsal patah, namung nêdha dipun dhodhoki, Panji nurut, lajêng dhawuh ngaturi lajêng, Panji lan para kadeyan sami bagèkakên sêdaya, Marabangun langkung lêga kang galih.

Tan dangu dhatêngipun Dèwi Onêngan, Panji andangu anggènipun ngladosi ingkang êmbok, kang rayi matur patrapipun langkung nistha, Narawăngsa gumujêng sarwi nyambêt pitakèn dhatêng Ragil. Panji sanjang yèn sadhèrèkipun ingkang wragil, Narawăngsa macokakên patut dados garwanipun Pêrbatakusuma, Ragil sêmu runtik, Narawăngsa nêdha agêm-agêmanipun Panji, sarêng kasukakakên dipun sêmoni sadaya, lajêng nêdha sêkar gubahanipun Căndrakirana, sarêng kacaosan dipun gêgujêng, kasamèkakên gubahan mawi suku, Narawăngsa nêdha sêkar, sarêng dipun sukani lajêng kagubah sakêdhèp netra dados, kadeyan sarta para parêkan sami gawok sadaya, Panji parentah ngatos-atos, lan nyumêktakakên prabot kiraping pangantèn. Rêtna Jinoli kautus matur yèn sampun sumêkta, Panji kundur gandhengan asta kalih Kuda Narawăngsa sarwi gunjakan. Lajêng malêbêt dalêm.

lalu bertemu Bancak dan Doyok, saling bertanya. Kuda Narawangsa ditawari untuk menjadi patah, Kuda Narawangsa menurut, lalu berangkat, adegan wewanan.

Diceritakan Bugis yang sedang mengawasi di jalan, kemudian datang Anggot Mendali, melapor bahwa ada satria melintas, lalu dihadang, perang, Bugis kalah, Kuda Narawangsa melanjutkan perjalanan.

Diceritakan Panji Marabangun, para saudara lengkap menghadap, mengharap kehadiran parepat yang mencari patah. Tidak lama datang parepat, melapor sudah menemukan patah, namun minta untuk mau bersimpuh di hadapannya, Panji menurut, lalu perintah agar meneruskan, Panji dan para saudara semuanya menyambut, Marabangun sangat lega hatinya.

Tidak lama datang Dewi Onengan, Panji menanyakan bagaimana saat melayani sang embok. Sang adik menjawab kelakuannya sangat hina, Narawangsa tertawa sambil meneruskan bertanya pada Ragil. Panji berkata bila saudaranya yang bungsu, Narawangsa menjodohkan pantas jadi istri Perbatakusuma, Ragil agak marah, Narawangsa meminta busana Panji, setelah diberikan semuanya disindir, lalu meminta bunga hasil untaian Candrakirana, setelah diberikan ditertawakan, disamakan dengan buatan kaki, Narawangsa meminta bunga, setelah diberi lalu dirangkai hanya sekejap mata sudah jadi. Semua saudara dan parekan terpana, Panji perintah hati-hati, serta menyiapkan perabot untuk kirap pengantin. Retna Jinoli diutus melapor bahwa sudah siap. Panji masuk gandengan tangan dengan Kuda Narawangsa sambil mengumbar cinta. Lalu masuk ke dalam.

--- 91 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 8 dari 42

--- 91 ---

Kocap Prabu Jênggala, pramèswari, Pandhita Rara, Sêkartaji, mênggalih badhe manggihakên pangantèn, sarta dhawuh nyumêktakakên upacara, tan dangu dhatêngipun Dèwi Onêngan, matur yèn kautus ingkang raka nyuwun ingkang Êmbok Rêtna Cindhaga, Prabu Jênggala andhawuh ing Pandhita Rara ngirit pangantèn putri lajêng mêdal.

Kocap Panji Marabangun, sampun busana pangantèn, lan ingkang rayi Kuda Narawăngsa busan kêmbar, pêrtinggi, Sinom Pêrdapa ngampingi ingkang raka, sarêng joli katingal Panji Marabangun mêthukakên, lajêng nunggil nitih joli, Narawăngsa sêmu panas ing galih, samarga-marga anggêgujêng kang wontên salêbêting joli, sarêng dumugi kasatriyan sang kalih lajêng tumêdhak, kang garwa dipun kanthi sarwi dipun srênggarani, sarêng sampun lênggah Kuda Narawăngsa mêrpêki sarwi gumujêng sêmu ngerang-erang dhatêng Sêkartaji, utawi mêmoyok. Sêkartaji runtik, matur dhatêng kang raka, Kuda Narawăngsa kapurih nundhung, Panji ngrêrapu kang garwa, Narawăngsa parentah kinèn ringgitan. Sinom Pêrdapa kinèn dhalang, kang nabuhi para kadeyan, lajêng ngrakit kêlir găngsa sampun sumêkta, Sinom Pêrdapa lajêng dhalang, lampahan Bêdhahing Wangsul, Narawăngsa mancahi dhalang, lajêng gêntosi ngringgit, gêndhing santun barang kinasih, Narawăngsa lajêng ngringgit, lampahan Ratu Jênggala Mantu, Putra Marabangun dhaup Căndrakirana tiron, Panji lajêng nyêlaki dhalang, sarwi nêdha Kirananipun ingkang têmên dipun kèn ngêdalakên, namung Kuda Narawăngsa botên maèlu, Panji amêksa-mêksa Kirana kang

Diceritakan Prabu Jenggala, permaisuri, Pandita Rara, dan Sekartaji membahas akan menikahkan pengantin, serta memerintahkan untuk mempersiapkan upacara. Tidak lama datang Dewi Onengan, berkata bahwa diutus oleh sang kakak untuk meminta sang Embok Retna Cindaga. Prabu Jenggala perintah pada Pandita Rara untuk mengantar pengantin putri, lalu berangkat.

Diceritakan Panji Marabangun, sudah berbusana pengantin, beserta sang adik Kida Narawangsa berbusana kembar, pertinggi, Sinom Perdapa mendampingi sang kakak. Setelah joli terlihat Panji Marabangun menyambut, lalu naik dalam satu joli. Narawangsa hatinya panas, di sepanjang jalan menertawakan yang di dalam joli, sesampainya di kasatrian keduanya lalu turun. Sang istri digandeng sambil dirayu. Setelah duduk Kuda Narawangsa mendekati sambil tertawa mempermalukan Sekartaji, atau mengolok-olok. Sekartaji marah, berkata pada sang suami, Kuda Narawangsa supaya diusir, Panji menyabarkan sang istri, Narawangsa perintah agar wayangan. Sinom Perdapa disuruh jadi dalang, penabuhnya para saudara, lalu menata kelir gamelan sudah siap. Sinom Perdapa lalu mendalang, lakon Bedahing Bali. Narawangsa mencibir dalang, lalu mengganti memainkan wayang, gendingnya ganti Barang Kinasih, Narawangsa lalu mendalang, lakon Ratu Jenggala Mantu, putra Marabangun menikah dengan Candrakirana palsu. Panji lalu mendekati dalang, sambil minta agar Candrakirana yang asli dimainkan, tetapi Kuda Narawangsa tidak menggubris, Panji terus memaksa agar Candrakirana yang

--- 92 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 9 dari 42

--- 92 ---

têmên dipun kèn ngêdalakên. Kuda Narawăngsa kèwêdan, lajêng pamit bibar anggènipun ngringgit, badhe ngaso dhatêng pasanggrahan sêngadi sumuk sangêt, Ragil tumut, rèntèng-rèntèng lak[8] Kuda Narawăngsa, samarga-marga tansah kagaras[9] ing panggalih, sarêng dumugi pondhokan lajêng mapan sare, Ragil inggih tumut sare, namung karsanipun ngapusi Ragil sagêda pisah, Narawăngsa api-api sare, Ragil dipun sirêpi lajêng sare, Narawăngsa lajêng mêdal sarwi ngêmbêng waspa, karantan-rantan ing panggalih karuna salêbêting wardaya, dumugi balekambang ngrucat busana priya, nglela sawantahipun Căndrakirana, busananing priya kabun[10] dipun cèlakên[11] witing nagasari, ing lêbêt dipun sukani sêrat, roning pandhan sinurat ing kênakanipun.

Kocap Dèwi Ragil wungu anggènipun sare, pirsa yèn Kuda Narawăngsa botên wontên, langkung kagèt ing galih, lajêng mêl[12] lumajar kakitrangan sarwi karuna, karsa matur ingkang raka Radèn Putra.

Kocap Radèn Putra karsa badhe ngintip kamaripun Kuda Narawăngsa, pirsa ingkang rayi Dèwi Ragil lumajar sarwi karuna kêkitrangan, lajêng kapêthukakên, Ragil nungkêmi ingkang raka sarwi matur yèn Kuda Narawăngsa kesah, Panji gugup ing galih lajêng madosi, dumugi yasakambang pirsa buntêlan cumanthèl, binuka isi busana priya, Panji tan samar yèn sandhanganipun Kuda Narawăngsa, sarta wontên ron pandhan sinurat, lajêng kacandhan[13] dipun waos, makatên têmbungipun.

Sêrat ingkang sêmbah pangabêkti kula pun Kuda Narawăngsa, kang winayang [wi...]

asli dikeluarkan. Kuda Narawangsa merasa tidak enak, lalu pamit berhenti mendalang, hendak istirahat di pesanggrahan pura-pura merasa badanya gerah, Ragil ikut, beriringan dengan Kuda Narawangsa. Sepanjang perjalanan selalu dirasakan dalam hati. Sesampainya di pondokan lalu bersiap tidur, Ragil juga ikut tidur, hanya untuk menipu agar bisa berpisah dengan Ragil, Narawangsa pura-pura tidur, Ragil disirep lalu tidur. Narawangsa kemudian keluar sambil berderai air mata, hatinya sangat sedih menangis dalam hati, sesampainya di balekambang melepaskan busana pria, berubah wujud asli Candrakirana. Busananya pria dibungkus digantungkan di pohon nagasari, di dalamnya disertai surat, daun pandan ditulisi dengan kukunya.

Diceritakan Dewi Ragil bangun dari tidur, tahu bahwa Kuda Narawangsa tidak ada, hatinya sangat terkejut, lalu keluar berlari ke sana ke mari sambil menangis, hendak melapor kepada sang kakak Raden Putra.

Diceritakan Raden Putra hendak mengintip kamar Kuda Narawangsa, mengetahui sang adik Dewi Ragil berlari sambil menangis ke sana ke mari, lalu didekati. Ragil bersimpuh sang suami sambil berkata bahwa Kuda Narawangsa pergi. Panji hatinya gugup lalu mencari, sampai di yasakambang melihat bungkusan tergantung, dibuka isinya busana pria. Panji tidak ragu lagi bahwa itu busana Kuda Narawangsa, serta ada daun pandan yang ditulisi surat, kemudian diambil dan dibaca, demikian kalimatnya.

Surat sebagai sembah dan sujud hamba Si Kuda Narawangsa, yang sedang menjadi lakon

--- 93 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 10 dari 42

--- 93 ---

[...nayang] ing jawatanira, mugi katur ingkang raka Radèn Panji Marabangun, ingkang sudibya rajaputra ing Jênggala, mukti sari ambau dhêndha kang ngrênggani praja ing Pranaraga, wiyosipun pun Wasi Kuda Narawăngsa nuwun pangaksama yèn wontên lampah kula ingkang sisip, cumanthaka kula, miwah pangucap kula ingkang kaduk purun, mugi kangmas paringa pangapuntên ingkang agung, dhatêng kang rayi papa ngumbara laya, kang lir mêndhang kabur kanginan, ngamungna kula piyambak ingkang nglampahi papa kawlasasih, namung kula kêdah tilar pêpengat[14] dhatêng kangmas, sampun angeca-eca mangun kawiryan langên rêsmi lan ingkang garwa Căndrakirana tiron, kangmas sawês[15] nandhang cobining dewa, yêkti kang mindha Kirana punika anakipun Jagal Karungbang, nama Cindha,[16] sumrênuh ngakên Kirana, sapunika kula nyuwun pamit ing pangeran, badhe andumugèkakên lêlampahan kula, wontên ing ngriki botên sagêt nandhang raosing manah, sapêngkêr kula kangjêng pangeran angetana[17] yèn Kirana punika têmên namung satunggal, măngka sapunika wontên Kirana kêkalih têtiga. Radèn Putra sasampuning maos sêrat, tri pandurat tan ngandika wêkasan lajêng niba kapidhara, Dèwi Ragil anjrit karuna, anungkêmi ingkang raka, parpat lan pra kadeyan tumut karuna sarwi gumrumung ngaturi èngêt. Panji èngêt apungun-pungun, lajêng dhatêng Pratala kinèn nyirnakakên drudigsa[18] sêsukêr jro pura kang mindha Kirana, parpat kinèn tumut, Pratala lan parêpat sami pangkat.

Kocap Rêtna Cindhaga, lawan êmban, angajêng-ajêng

dewatanya, surat untuk sang kakak Raden Panji Marabangun, yang sakti putra raja di Jenggala, yang mulia besar kekuasaannya dan bertakhta praja di Pranaraga. Wasi Kuda Narawangsa bermaksud memohon maaf bila ada kelakuan yang salah, tidak sopan, serta ucapan hamba yang keterlaluan. Semoga kangmas berkenan memberi ampun, pada sang adik yang sedang prihatin dalam pengembaraan yang tidak jelas, laksana kulit padi yang ditiup angin. Biarlah hanya saya yang mengalami kesusahan, namun hamba harus meninggalkan pesan pada kanda, janganlah enak-enak menikmati kekuasaan dan bermain asmara dengan sang istri Candrakirana palsu, kanda sedang dalam cobaan dewa. Sebenarnya yang menjadi Kirana itu adalah anak Jagal Karungbang, bernama Cindaga, telah lancang mengaku Kirana. Sekarang hamba mohon pamit pada kanda pangeran, hendak meneruskan perjalanan, di sini tidak kuat menahan kesedihan hati, setelah kepergianku kanda pangeran ingatlah bahwa Kirana itu sebenarnya hanya ada satu, padahal sekarang ada Kirana dua atau tiga. Setelah Raden Putra membaca surat, seketika tidak bisa berkata akhirnya jatuh pingsan. Dewi Ragil menjerit menangis, bersimpuh di hadapan sang suami, parepat dan para saudara ikut menangis sambil ramai mencoba menyadarkan. Panji tersadar dan bangun, lalu Pratala diperintah untuk membunuh raksasa yang mengotori pura yang berubah Kirana, parepat disuruh ikut, Pratala dan parepat semua berangkat.

Diceritakan Retna Cindaga serta emban, sedang menunggu

--- 94 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 11 dari 42

--- 94 ---

kang raka, tan dangu dhatêngipun parpat, Cindhaga lajêng kalarak mêdal, dumugi jawi katampèn Pratala, sarêng badhe kasabêtakên ing kori Cindhaga lajêng musna, Prêtala lajêng matur dhatêng Panji, Panji langkung ngungun, lajêng karsa lolos sangking nagari mawi wêwanan.

Kocap Kirana, kang nglangut tanpa sêdya, langkung kalunta-lunta dumugi têngahing wana, katalika Brêmanakăndha, Kirana lajêng kasaut binêkta dhatêng Maguwa.

Kocap Panji dumugi têngah wana kapêthuk banthèng nama Malangsumirang, lajêng pêrang, banthèng babar manungsa nama Radèn Malangsumirang, Panji lajêng dipun aturi mampir dhatêng pratapanipun ingkang rama, lajêng pangkat lan parpatipun, lan para kadeyan.

Kocap prêtapan Ngardi Sampora, lan cantrik ngraosi kang putra Malangsumirang, tan dangu dhatêngipun Radèn Malangsumirang angirit Radèn Putra, sarta para kadeyan. Sarêng sampun bage-binage, Panji nuwun pitêdah pangajapanipun, sang pandhita paring pitêdah, yèn kang garwa sawêk siningit ing jawata, Panji kapitêdah dhatêng nagari Maguwa, sarta dipun lih namanipun, nama Panji Madubrăngta, Rêtna Jinoli Turuntangis, Sinom Pêrdapa Undhan Citracapa, Pêrbatakusuma Sastradana, para kadeyan sami dipun lih namanipun. Bagawan Sidik Paningal lajêng ngaturi pank,[19] Madubrăngta sakadeyanipun lajêng pangkat.

Kocap Prabu Klana lan para raja, ngraosi kang rama anggènipun nêdya nyolong Kirana, tan dangu [da...]

kedatangan sang suami, tidak lama datang parepat, Cindaga diseret keluar, sampai di luar disambut Pratala, ketika hendak dibenturkan ke pintu, Cindaga lalu musnah. Pretala melapor kepada Panji, Panji sangat heran, lalu hendak meloloskan diri dari negara, adegan wewanan.

Diceritakan Kirana, yang menyendiri tanpa tujuan, sangat terlunta-lunta hingga ke tengah hutan, tiba-tiba datang Bremanakanda, Kirana lalu disambar dibawa ke Maguwa.

Diceritakan Panji sampai di tengah hutan bertemu dengan banteng yang bernama Malangsumirang, lalu bertempur, banteng berubah manusia bernama Raden Malangsumirang. Panji lalu diminta singgah ke pertapaan sang rama, lalu berangkat bersama parepatnya serta para saudara.

Diceritakan pertapaan Gunung Sampora, serta cantrik yang sedang membicarakan sang putra Malangsumirang. Tidak lama datang Raden Malangsumirang beserta Raden Putra, serta para saudara. Setelah dipersilahkan, Panji minta petunjuk mengenai keinginannya, sang pandita memberi petuah, bahwa sang istri sedang menjadi rahasia dewata. Panji disuruh ke negara Maguwa, serta diganti namanya menjadi Panji Madubrangta, Retna Jinoli Turuntangis, Sinom Perdapa Undan Citracapa, Perbatakusuma Sastradana. Semua saudara diganti namanya. Begawan Sidik Paningal lalu menyuruh berangkat, Madubrangta dan para saudara berangkat.

Diceritakan Prabu Klana dan para raja, sedang membicarakan sang rama yang hendak mencuri Kirana. Tidak lama

--- 95 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 12 dari 42

--- 95 ---

[...ngu] dhatêngipun kang rama, paring priksa Kirana sampun kenging kacolong, sampun kajujugakên kadhaton. Klana badhe mlêbêt kadhaton manggihi Kiran.[20]

Kocap Kirana wontên kadhaton Maguwa, lan Wêrdeya, Tigaron, tan dangu dhatêngipun Panji Madubrota,[21] lan Citracapa, lan Sastradana, Kira[22] badhe kabêkta kundur, tan dangu dhatêngipun Prabu Klana badhe mondhong Kirana, sumêrêp yèn wontên pandung lajêng tanglêt. Panji uncat Karana[23] kabêkta kundur, para kadeyan dipun ampiri, lajêng sami pangkat.

Kocap Prabu Klana, sampun kapagih[24] lan para raja, paring priksa yèn kadhaton kalêbêtan pandung, nanging sampun nguncati, Klana lajêng nututit[25] lan para raja.

Kocap Prabu Jênggala, lan Patih Kudanawarsa, andangu wartosipun ingkang putra Marabangun, Kirana, Sinom Pêrdapa, Ragil, Pêrbatakusuma, para kadeyan, Prabu Jênggala langkung suka, kasaru wadya tamping dhatêng, matur yèn Prabu Maguwa dhatêng, lan para raja sami ngamuk, Prabu Jênggala parentah mêthukakên, lajêng budhal, sampun kapêthuk wadya Maguwa, lajêng prang rame, para raja Maguwa kawon, Klana majêng, para kadeyan dhadhal. Madubrăngta majêng, prang rame, Klana kapêthukakên Brêmana, dipun jak kundur dhatêng Maguwa, para wadya lan para raja ngamuk. Panji nyipta angin, para wadya Maguwa larut, Panji mêrpêki Kirana, byar Pêrcowan.

datang sang rama, memberitahu bahwa Kirana sudah berhasil diculik, sudah langsung menuju ke kadaton. Klana hendak masuk kadaton untuk menemui Kirana.

Diceritakan Kirana berada di kadaton Maguwa, bersama Werdeya, Tigaron, tidak berapa lama datang Panji Madubrangta, bersama Citracapa dan Sastradana. Kirana hendak dibawa pulang, tidak lama datang Prabu Klana gendak memondong Kirana, mengetahui ada pencuri lalu terjadi pertempuran. Panji menghindar dan Kirana dibawa pulang, para saudara dihampiri, lalu semua diajak berangkat.

Diceritakan Prabu Klana sudah bertemu dengan para raja, memberitahu bahwa kadaton kemasukan pencuri, tetapi sudah melarikan diri. Klana lalu mengejar bersama para raja.

Diceritakan Prabu Jenggala dan Patih Kudanawarsa, menanyakan kabar sang putra Marabangun, Kirana, Sinom Perdapa, Ragil, Perbatakusuma, para saudara. Prabu Jenggala sangat senang, tiba-tiba wadya tamping datang, melapor bahwa Prabu Maguwa datang dan para raja semua mengamuk. Prabu Jenggala perintah untuk melawan, lalu berangkat. Sudah bertemu wadya Maguwa lalu perang sengit. Para raja Maguwa kalah, Klana maju, para saudara terdesak mundur. Madubrangta maju terjadi pertempuran sengit, Klana ditemui oleh Bremana, diajak pulang ke Maguwa, para wadya dan para raja mengamuk. Panji menciptakan angin, para wadya Maguwa terhempas, Panji menemui Kirana. Menjelang pagi Gending Percowan.

Punika lampahan Kumudalaras.
Nomêr: 15.

Ini cerita Kumudalaras.
Nomor: 15.

--- 96 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 13 dari 42

--- 96 ---

Wiwit jêjêr Prabu Jênggala, nimbali Patih Kudanawarsa kalih Brajanata, angraosakên icalipun ingkang putra Marabangun kalih Sinom Pêrdapa, Rêtna Jinoli, Prabu Jênggala myarsa warti yèn ingkang rayi Prabu Ngurawan kadhatêngan satriya kêkalih nêdya puruhita, nama Klana Madubrăngta kalih nama Tejakusuma, malah Madubrăngta sampun katriman putri dhaup Rêtna Cindhaga, lan kang pawarti Prabu Ngurawan badhe mêmantu Dèwi Kumuda, Prabu Jênggala andugi yèn kang putra sêkalihan, Brajanata kautus dhatêng Ngurawan anakyinakên, yèn mila yêktos katimbalan kundur, Brajanata pangkat sakadang kadeyan. Prabu jênggala kundur kèndêl gapura kaputrèn, sang nata matêdhani pirsa ing garwa lajêng muja sêmèdi.

Kocap pasowan jawi, Brajanata, Patih Kudanawarsa, para kadeyan pêpak. Brajanata parentah budhal dhatêng Ngurawan, mawi bubar-bubaran, Kudanawarsa têngga nêgari.

Kocap Prabu Maguwa, nimbali para raja, Klana kasmaran Căndrakirana, tan dangu dhatêngipun Rêtna Wêrdeya, matur yèn kang rama Brêmanakăndha murca, Klana langkung ngungun, lajêng parentah kinèn andhawuhi wadya Bugis angupadosi kang rama Brêmanakăndha, Anggot Mêndhali kadhawuhan tumut.

Kocap pêrtapan Ngardi Sampora, Bagawan Sidik Paningal, lan kang putra Malangsumirang, sang pandhita kadhatêngan satriya nama Undhakan Sêtracapa, matur yèn dinukan ingkang raka Klana Madubrăngta, kawêstanan purun-purun saba

Dimulai adegan Prabu Jenggala, memanggil Patih Kudanawarsa dan Brajanata. Membicarakan hilangnya sang putra Marabangun, Sinom Perdapa, dan Retna Jinoli. Prabu Jenggala mendengar kabar bahwa sang adik Prabu Ngurawan kedatangan dua satria yang hendak mengabdi, bernama Madubrangta dan Tejakusuma. Malahan Madubrangta sudah diberi hadiah berupa menikah dengan putri Retna Cindaga, serta menurut kabar Prabu Ngurawan hendak merayakan pernikahan Dewi Kumuda. Prabu Jenggala menduga kalau keduanya sebenarnya putranya. Brajanata disuruh ke Ngurawan untuk mencari kejelasan, jika memang benar supaya disuruh pulang. Brajanata berangkat bersama semua sanak saudara. Prabu Jenggala masuk dan berhenti sejenak di gapura kaputren, sang raja menceritakan pada sang istri lalu bersemadi.

Diceritakan pertemuan di luar (keraton), Brajanata, Patih Kudanawarsa, serta para saudara lengkap. Brajanata perintah untuk berangkat ke Ngurawan, adegan bubar-bubaran, Kudanawarsa menunggu negara.

Diceritakan Prabu Maguwa, memanggil para raja, Klana kasmaran pada Candrakirana, tidak lama datang Retna Werdeya, melapor bahwa sang rama Bremanakanda menghilang. Klana sangat heran, lalu perintah agar menyuruh wadya Bugis mencari sang rama Bremanakanda, Anggot Mendali disuruh turut serta.

Diceritakan pertapaan Gunung Sampora, Begawan Sidik Paningal dan sang putra Malangsumirang, saat itu sang pandita kedatangan satria bernama Undakan Setracapa, berkata bahwa telah dimarahi oleh sang kakak Klana Madubrangta, dituduh senang pergi

--- 97 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 14 dari 42

--- 97 ---

pura Ngurawan. Sang pandhita suka pitêdah kakarsakakên kundur sowan kang raka, malah badhe kabojakrama, Undhakan Sêtracapa mopo nanging kapêksa, kang putra nurut lajêng pangkat mawi wêwanan.

Kocap Bugis ingkang ngupadosi Brêmanakăndha, aginêm sami kirang sangu, tan dangu dhatêngipun Anggot Mêndhali, matur yèn wontên satriya langkung, Bugil[26] lajêng sami mêthukakên sumêdya begal, lajêng tanglêt, Bugis kawon, Sêtracapa lajêng.

Kocap Dhoyok asukan-sukan, angraosakên pasumbang, lajêng sowan gustinipun. Kocap Radèn Klana Madubrăngta, nimbali para kadeyan, angraosi kesahipun kang rayi Sêtracapa, tan dangu dhatêngipun ingkang rayi Sêtracapa, Panji têksih sêmu duka, para kadeyan sami ngrêrapu, tan dangu dhatêngipun Patih Jêksanêgara, kautus mundhut Radèn Sêtracapa, Panji nyumanggakakên. Patih pamit pangkat lan Sêtracapa, Panji dhawuh tata-tata ing damêl, lajêng kundur.

Kocap ing pakêbonan, Dèwi Căndrakirana, Rêtna Jinoli, Êmban Pêngayat, Ragil mothah ngajak kesah, dipun lêlipur mêndhêt sêkar, nanging mêksa botên lilih, lajêng kesah.

Kocap Brêmanakăndha ingkang ngupadosi Kirana, dumugi pakêbonan langkung lêga kang galih, lajêng masang sirêp, Kirana lajêng tilêm, parêkan sadaya tilêm, Kirana lajêng kabêkta Brêmanakăndha mêsat ing jumantara, Rêtna Jinoli mlêbêt dhatêng pasareyanipun ingkang êmbok botên wontên, rumaos katiwasan, lajêng

ke pura Ngurawan. Sang pandita memberi petuah agar mau pulang menghadap sang kakak, malah akan dirayakan dengan pesta. Undakan Setracapa tidak mau tetapi dipaksa, sang putra menurut lalu berangkat, adegan wewanan.

Diceritakan Bugis yang mencari Bremanakanda, mengatakan bahwa semua kekurangan bekal, tidak lama datang Anggot Mendali, melapor bahwa ada satria yang melintas. Bugis lalu menghadang untuk membegal, lalu perang, Bugis kalah, Setracapa melanjutkan perjalanan.

Diceritakan Doyok sedang bersenang-senang, memikirkan sumbangan, lalu menghadap gustinya. Diceritakan Raden Klana Madubrangta memanggil para saudara, membicarakan kepergian sang adik Setracapa. Tidak lama datang sang adik Setracapa, Panji masih agak marah, para saudara semua meredakan, tidak lama datang Patih Jeksanegara, diutus membawa Raden Setracapa, Panji mempersilahkan. Patih pamit berangkat bersama Setracapa. Panji perintah agar bersiap-siap, lalu pulang.

Diceritakan di pakebonan, Dewi Candrakirana, Retna Jinoli, Emban Pengayat, Ragil memaksa mengajak pergi, dihibur dengan mengambil bunga, tapi tetap tidak mau, lalu pergi.

Diceritakan Bremanakanda yang mencari Kirana, sampai di pakebonan sangat lega hatinya, lalu memasang sirep, Kirana tertidur, semua parekan juga tertidur. Kirana lalu dibawa Bremanakanda melesat ke angkasa. Retna Jinoli masuk ke dalam tempat tidur sang embok tidak ada, merasa kehilangan, lalu

--- 98 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 15 dari 42

--- 98 ---

anjrit karuna, para parêkan tumutur nangis sadaya, Rêtna Jinoli sêdya matur ingkang raka Klana Madubrăngta, pangkat, para parêkan sami nututi.

Kocap Prabu Ngurawan, Patih Dêksanêgara ratu dhawuhi parêkan kinèn dhawuhi pramèswari, matêdhakakên kang putra Rêtna Kumuda, dhatêng Sêtracapa, Sêtracapa kadhawuhan amêthuk ing kori, Prabu Rawan[27] kundur.

Kocap pramèswari lan Pandhita Rara, sawêk ambusanani kang putra, sarta awêwulang, tan dangu dhatêngipun parêkan andhawuhakên manggihakên pangantèn, lajêng kapanggihakên, kang ngampingi pangantèn pramèswari kalih Pandhita Rara, ingkang ngampingi pangantèn kakung, Radèn Sinjanglaga, kalih Patih Dêksanêgara, sarêng joli katingal Sêtracapa lajêng mêthukakên, lumampah sangajênging jêmpana.

Kocap Panji Madubrăngta lan para kadeyan, angajêng-ajêng rawuhipun pangantèn, tan dangu pangantèn rawuh, pangantèn mêdhak ing tratag lajêng kapondhong Astracapa, lajêng manglêbêt[28] dalêm. Panji manggèn gandhok wetan, Pandhita Rara lajêng pamit wangsul, pangantèn lajêng karêsmèn, lajêng sare.

Kocap Brêmanakăndha, anjêjêp, lan Lawa Ijo Lawa Kuning, pirsa Sêtracapa sare lan kang garwa lajêng kapêrjaya, murda katigas kaparingakên Lawa Ijo, Lawa Kuning, winadhahan kêndhaga, Brêmana nyandhak Kumuda kagèt lajêng wungu, Brêmana lajêng musna, Kumuda mirsa kang raka seda, murda katigas lajêng anjrit karuna, lumajar nêdya matur dhatêng kang raka Madubrăngta.

menjerit menangis, para parekan menghibur sambil semua menangis. Retna Jinoli hendak melapor kepada sang kakak Klana Madubrangta, berangkat, para parekan mengikuti.

Diceritakan Prabu Ngurawan, Patih Deksanegara raja menyuruh pada parekan agar permaisuri memberikan sang putra Retna Kumuda, pada Setracapa, Setracapa disuruh menyambut di pintu, Prabu Ngurawan masuk.

Diceritakan permaisuri dan Pandita Rara, sedang menghias sang putra, serta memberi petuah. Tidak lama datang parekan yang menyampaikan perintah agar mempertemukan pengantin, lalu dipertemukan, yang mendampingi pengantin adalah permaisuri dan Pandita Rara, yang mendampingi pengantin pria Raden Sinjanglaga dan Patih Deksanegara. Ketika joli sudah terlihat lalu Setracapa menyambut, berjalan di depan jempana.

Diceritakan Panji Madubrangta dan para saudara, menanti kehadiran pengantin, tidak lama pengantin datang. Pengantin turun ke tratag lalu dipondong oleh Astracapa, kemudian masuk ke dalam. Panji bertempat di gandok timur, Pandita Rara pamit pulang, pengantin lalu bercinta, kemudian tidur.

Diceritakan Bremanakanda mengintai bersama Lawa Ijo dan Lawa Kuning. Melihat Setracapa tidur dengan istri lalu dibunuh, leher dipenggal diberikan pada Lawa Ijo dan Lawa Kuning, dimasukkan dalam kendaga. Bremana memegang Kumuda terkejut lalu bangun, Bremana lalu musnah, Kumuda melihat suami tewas dengan leher dipenggal lalu menjerit menangis, berlari hendak melapor kepada sang kakak Madubrangta.

--- 99 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 16 dari 42

--- 99 ---

Kocap Panji Madubrăngta, sawêk sare lan Rêtna Cindhaga, dhatêngipun Brêmana, mirsa Panji sare lan Rêtna Cindhaga, Panji lajêng kapêrjaya, murda tinigas winadhahan kêndhaga, Brêmana lan kajinêman lajêng musna, dhatêngipun Rêtna Kumuda, mirsa ka raka seda lajêng anjrit karuna, Cindhaga dipun gugah sarta dipun dukani kathah-kathah, kadeyan sami dhatêng lajêng nangis sadaya, Kumuda kadeyan sami madosi pandung, sarta parpat. Dumugi margi kapêthuk Dèwi Turuntangis, Kumuda têtakèn, kadeyan matur yèn kadangipun ingkang wragil, langkung sami gêgêtun, lajêng sami dumugèkakên madosi pandung, kapêthuk pandhita wasta Bagawan Sukarti, takèn-tinakèn. sang pandhita paring pitêdah kinèn barang talèdhèk jantur dhatêng Maguwa, Kumuda dipun lih Bok Sarijiwa, Ragil Sarirasa, Prêmade Tisnalaya, Punta Tisnantaka, Pêrtala Tisnapati, Jayamiruta Tisnalena, Dhoyok Tisnaraga, Bancak Tisnaboga, lajêng sami mangkat.

Kocap Prabu Klana lan para raja wontên ing pasanggrahan, angajêng-ajêng ingkang rama, tan dangu dhatêngipun Brêmanakăndha, paring priksa Kirana sampun kenging kalêbêtakên supe, lan paring pirsa, Panji, Sinom Pêrdapa sampun dipun cidra, kuwănda winadhahan kêndhaga, Klana langkung suka, kuwănda kaparingakên dhatêng kang rayi sang dyah kalih kanèn[29] rumêksa, para raja kadhawuhan tata mêkajangan ing alun-alun, Klana kundur.

Kocap sang dyah kalih kang rumêksa murda, sami sangêt kasmaran dhatêng murda, lan angraosi Kirana, tan dangu kunduripun ingkang raka lan kang rama, ambêkta Dèwi Căndrakirana, [Că...]

Diceritakan Panji Madubrangta, sedang tidur dengan Retna Cindaga, datang Bremana, melihat Panji sedang tidur dengan Retna Cindaga, Panji lalu dibunuh, leher dipenggal dimasukkan dalam kendaga. Bremana dan kajineman lalu musnah. Datang Retna Kumuda, melihat sang kakak tewas lalu menjerit menangis, Cindaga dibangunkan dan dimarahi habis-habisan. Semua saudara berdatangan dan menangis, Kumuda, saudara, dan parepat semua mencari penculik. Sampai di jalan bertemu dengan Dewi Turuntangis, Kumuda bertanya, para saudara berkata bahwa mereka adalah saudaranya bungsu, semua sangat sedih, lalu melanjutkan mencari penculik. Bertemu dengan pandita bernama Bagawan Sukarti, saling bertanya. Sang pandita memberi petunjuk agar mengamen teledek jantur ke Maguwa. Kumuda diganti nama Embok Sarijiwa, Ragil Sarirasa, Premade Tisnalaya, Punta Tisnantaka, Pertala Tisnapati, Jayamiruta Tisnalena, Doyok Tisnaraga, Bancak Tisnaboga, lalu semua berangkat.

Diceritakan Prabu Klana dan para raja berada di pesanggrahan, menunggu kehadiran sang rama. Tidak lama datang Bremanakanda, memberitahu bahwa Kirana sudah berhasil dimasukkan ke dalam cincin, serta memberitahu, Panji dan Sinom Perdapa sudah dibunuh, jasad dimasukkan ke dalam kendaga. Klana sangat senang, jasad diberikan kepada kedua sang adik putri supaya dijaga. Para raja diperintahkan untuk mempersiapkan pakajangan di alun-alun, Klana masuk.

Diceritakan kedua sang putri yang menjaga jasad, sangat kasmaran dengan jasad, dan membicarakan Kirana. Tidak lama sang kakak dan sang rama pulang membawa Dewi Candrakirana,

--- 100 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 17 dari 42

--- 100 ---

[...ndrakirana] Brêmana wêwulang dhatêng kang putra, kinèn sarèh ing panggalih, Brêmana lajêng kundur dhatêng pratapanipun. Klana sêdya nyêngkramani Kirana, sang dyah kalih tumut ngarih-arih, Kirana mundhut katanggapna talèdhèk barang jantur, Klana dhawuhi para raja pados talèdhèk barang jantur, Jayapuspita lan para raja sami mangkat pados têlèdhèk, lajêng kapêthuk dhatêng tiyang barang jantur, takèn-tinakèn, kang barang jantur lajêng kairit, Jayapuspita kasmaran dhatêng ringgit. Kocap sampun katur Prabu Klana, Kana[30] dhawuhi kang rayi sang dyah kalih, kinèn ngirit malêbêt kadhaton, lajêng kairit. Para raja matur sami nyuwun ngibing, Klana lajêng kundur. Kocap ringgit jantur sampun majêng ngarsanipun Kirana, Kumuda tan samar yèn kang êmbok, badhe nyêlaki dipun pênging Dhoyok, lajêng lêkas ngringgit, sampun dumugi lajêng suwuk, lajêng awit jantur, para putri sami suka aningali, dhalang jantur kadhawuhan anggêsangakên murda kalih inggih sagah, murda sampun kawêdalakên sangking kêndhaga, kasopak ing sutra jêne, lajêng dipun kutugi sarta dipun sindhèni, kuwănda lajêng nglilir cinandhak dhatêng Kirana kabêkta dhatêng pasareyan. Kuwănda kang satunggal sarêng nglilir kacandhak Kumuda, kabêkta nusul dhatêng pasareyan. Sang dyah kalih sami nututi dhatêng pasareyan, rêbatan kuwănda pabên kalihan Kirana, Panji lajêng mondhong Kirana, Tigaron angrêbat Sinom Pêrdapa, Kumuda ngawon, Tigaron lajêng dipun cêngkramani, lajêng gêntos mondhong kang garwa Kumuda, Wêrdeya runtik ing galih lajêng mêdal sêdya matur Prabu Klana, Prabu Klana sarêng mirêng aturipun ka rayi langkung duka, parentah para raja

Bremana memberi petuah pada sang putra, agar hatinya sabar dulu, Bremana lalu kembali ke pertapaannya. Klana hendak merayu Kirana, kedua sang putri ikut membujuk, Kirana meminta agar digelarkan teledek barang jantur. Klana perintah pada para raja untuk mencari teledek barang jantur. Jayapuspita dan para raja berangkat mencari teledek. Lalu bertemu dengan rombongan barang jantur, saling bertanya. Rombongan barang jantur lalu disuruh ikut. Jayapuspita kasmaran pada teledek. Diceritakan teledek sudah diserahkan pada Prabu Klana. Klana perintah kepada kedua sang adik putri, supaya mengantarkan masuk ke dalam keraton, lalu diantarkan. Para raja berkata minta izin ikut berjoget, Klana lalu masuk. Diceritakan ringgit jantur sudah maju di hadapan Kirana, Kumuda tidak asing bahwa itu adalah sang embok, hendak mendekat tapi dilarang oleh Doyok. Lalu pertunjukan dimulai, sudah selesai lalu berhenti, kemudian memulai menjantur, para putri senang menyaksikan, dalang jantur disuruh menghidupkan kedua jasad juga sanggup. Jasad sudah dikeluarkan dari kendaga, ditaruh di atas kain sutra kuning, lalu dibakari kemenyan serta disindeni, mayat bangun lalu dipegang oleh Kirana dibawa ke tempat tidur. Mayat yang satu lagi begitu bangun lalu dipegang Kumuda, dibawa menyusul ke tempat tidur. Kedua sang putri juga ikut menyusul ke tempat tidur, berebut jasad dengan Kirana, Panji lalu memondong Kirana, Tigaron merebut Sinom Perdapa, Kumuda mengalah, Tigaron lalu diajak cengkerama, lalu ganti memondong sang istri Kumuda, Werdeya hatinya marah lalu keluar hendak melapor kepada Prabu Klana. Prabu Klana begitu mendengar laporan sang adik sangat marah, perintah pada para raja

--- 101 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 18 dari 42

--- 101 ---

nyêpêng Bancak Dhoyok.

Kocap Brajanata, sarêng dumugi Ngurawan ingkang rayi kêpanggih sêpi, lajêng nusul dhatêng nagari Maguwa, kalih dipun wêjang Bagawan Sukarti, sarêng dumugi Maguwa mirsa wontên paprangan lajêng nrombol, kapanggih kalih kadeyan. Para wadya lan para raja ing Maguwa sami kawon, nuntên Klana anyêpêng Panji, Jayapuspita nyêpêng Sinom Pêrdapa, sami tanglêt, Jayapuspita kawon. Klana têtulung kang rayi, lajêng tanglêt, Klana kuwalahên, Brêmana têtulung ing prang rame malih, andadosakên gara-gara. Nrada tumurun nyapih ingkang yuda, Brêmana cukêng badhe dipun supatani lajêng nurut, lajêng mundur dhatêng nagari Maguwa, Klana lan para raja inggih mundur, Nrada musna, Panji panggih para kadeya,[31] lajêng panggih lan Kirana, byar Pêrcowan.

menangkap Bancak dan Doyok.

Diceritakan Brajanata, sesampainya di Ngurawan di tempat sang adik terlihat sepi, lalu menyusul ke negara Maguwa, serta diberi petuah oleh Begawan Sukarti. Sesampainya di Maguwa tahu ada perang langsung ikut nimbrung, bertemu para saudara. Para wadya dan para raja di Maguwa semua kalah, lalu Klana menghadapi Panji, Jayapuspita menghadapi Sinom Perdapa, sama-sama bertarung, Jayapuspita kalah. Klana memberi pertolongan pada sang adik, lalu bertempur, Klana terpojok, Bremana menolong dan terjadi perang seru lagi, menimbulkan gara-gara. Nrada turun memisah yang sedang bertempur, Bremana tidak menurut ketika hendak disumpahi baru menurut, lalu mundur ke negara Maguwa. Klana dan para raja juga mundur, Nrada musnah. Panji bertemu dengan para saudara, lalu juga bertemu dengan Kirana. Menjelang pagi Gending Percowan.

Punika lampahan Pudhaksatêgal Nungsabarong.
Nomêr: 16.

Ini cerita Pudaksategal Nungsabarong.
Nomor: 16.

Wiwit jêjêr Prabu Jênggala, angraosakên badhe ambangun pasareyan ing Wanasaba, tuwin ing Saptarêngga, animbali Patih Kudanawarsa, kalih Brajanata, andangu sumêktaning băndha, tan dangu dhatêngipun utusan Nungsabarong, pun Jayasrêngga, pun Jayaprana, matur yèn kautus Prabu Măndradipati, [Măndradi...]

Dimulai adegan Prabu Jenggala, memikirkan hendak membangun makam di Wanasaba dan Saptarengga, memanggil Patih Kudanawarsa serta Brajanata, menanyakan kesiapan biaya. Tidak lama datang utusan Nungsabarong, bernama Jayasrengga dan Jayaprana, berkata bahwa telah diutus Prabu Mandradipati,

--- 102 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 19 dari 42

--- 102 ---

[...pati] anglamar Dèwi Ragil Pêrgiwăngsa, kathah-kathah anggènipun matur, Prabu Jênggala duka, utusan mundur tanpa pamit. Patih kautus dhatêng Pasabinan, paring pirsa ingkang putra Marabangun. Brajanata sakadeyanipun kakarsakakên baris wontên Sidabănda, ratu kundur gapura kaputrèn.

Kocap pasowan jawi, Radèn Brajanata sarta kadeyan, angrêmbag pradandosan, lajêng pangkat mawi bubar-bubaran.

Kocap Prabu Surya Măndradipati, nimbali Patih Surapati, Suraprakosa, lan kang rayi Nungsarêtna, Mraja Păncasuteja, ing Nungsatranggana Mraja Durgasura, angraosakên utusan ingkang dhatêng Jênggala, tan dangu dhatêngipun utusan kêkalih, matur bab anglamar tinampik. Sang Nata duka, parentah pradandanan, karsa budhal dhatêng Jênggala, ratu kundur paring pirsa ing garwa kêkalih, Dyah Wiraganingsih, Wiragasasi, kakarsakakên pradandosan. Sang nata sampun ngrasuk busana lan garwa kalih, miyos ing jawi lajêng pangkat.

Kocap têlênging samodra, Sang Ywang Baruna, ginubêl ingkang putra Dèwi Mandayawati, supêna kagarwa putra ing Jênggala kang wasta Radèn Pêrtala, Ywang Baruna nyipta warni têksaka, lajêng pangkat madosi supênaning putra.

Kocap Bancak Dhoyok sami sukan-sukan, lajêng sowan gustinipun. Kocap Sang Ywang Ăntaboga lan kang wayah Radèn Pêrtala, kacariyos [kacari...]

untuk melamar Dewi Ragil Pergiwangsa, banyak yang disampaikan, Prabu Jenggala marah, utusan pulang tanpa pamit. Patih diutus untuk ke Pasabinan, agar memberitahu pada sang putra Marabangun. Brajanata dan semua saudaranya diminta untuk mempersiapkan barisan di Sidabanda, raja masuk, adegan gapura kaputren.

Diceritakan pertemuan di luar (keraton), Raden Brajanata dan para saudara, membicarakan persiapan, kemudian berangkat, adegan bubar-bubaran.

Diceritakan Prabu Surya Mandradipati, memanggil Patih Surapati, Suraprakosa, dan sang adik Nungsaretna, Mraja Pancasuteja, di Nungsatranggana Mraja Durgasura, membicarakan utusan yang pergi ke Jenggala. Tidak lama datang kedua utusan, melapor bahwa lamaran ditolak. Sang raja marah, perintah agar bersiap-siap, hendak berangkat ke Jenggala, raja masuk dan memberitahu pada kedua istri, Putri Wiraganingsih dam Wiragasari, agar bersiap-siap. Sang raja dan kedua istri sudah siap berbusana, keluar lalu berangkat.

Diceritakan di dasar samudra, Sang Ywang Baruna, ditangisi putrinya Dewi Mandayawati, bermimpi diperistri oleh putra Jenggala yang bernama Raden Pertala. Ywang Baruna berubah menjadi naga, lalu berangkat mencari impian putrinya.

Diceritakan Bancak dan Doyok sedang bersenang-senang, lalu menghadap gustinya. Diceritakan Sang Ywang Antaboga dan sang cucu Raden Pertala. Diceritakan

--- 103 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 20 dari 42

--- 103 ---

[...yos] Radèn Pêrtala puruhita nyuwun pitêdah sêjatining agêsang, kang eyang sampun maringi panuwunipun Radèn Pêrtala, Radèn Pêrtala nyuwun pamit badhe mantuk dhatêng Jênggala, kang eyang anglilani lajêng pangkat lan Bancak Dhoyok, mawi wêwanan.

Kocap têksaka kang ngadhang margi, sarêng priksa Radèn Pêrtala lêlampah lajêng dipun pêrpêki, takèn-tinakèn. Pêrtala badhe kabêkta botên purun lajêng tanglêt, Pêrtala kawon, kuwalahên. Parpat kalih têtulung, têksaka babar Ywang Baruna, lajêng ngrêrapu dhatêng Radèn Pêrtala dipun ampirakên ing kayanganipun. Parpat kalih angrojongi, lajêng sami pangkat.

Kocap Dèwi Mandayarêsmi lan êmban, angajêng-ajêng kang rama, dhatêngipun ingkang rama sanjang yèn angsal damêl. Pratala kaaturan lumêbêt, sang dyah lajêng mungkur lingsêm, Pratala nyandhak astaning garwa binêkta dhatêng pasareyan, krêsmèn. Kacariyos sang dyah lajêng ngrêksa byat, Pratala pamit ing marasêpuh badhe mantuk dhatêng Jênggala, Ywang Baruna nglilani, lajêng pamit ing garwa sarya wêling, yèn babar priya kinèn mastani Guntur Sêgara, yèn sêtri sakarsanipun. Sasampuning wêling Pratala lajêng mangkat lan ingkang parpat.

Kocap pêsanggrahan ing Pêsabinan, Radèn Putra Marabangun, kalih para kadeyan, angraosi ingkang rama, para kadeyan sami matur ngaturi sowan dhatêng Jênggala, lajêng sami pangkat.

Raden Pertala berguru meminta petuah mengenai hidup yang sejati, sang eyang sudah menuruti kemauan sang cucu. Raden Pertala mohon diri hendak pulang ke Jenggala, sang eyang mengizinkan lalu berangkat bersama Bancak dan Doyok, adegan wewanan.

Diceritakan naga yang menghadang di jalan, begitu mengetahui Raden Pertala berjalan lalu ditemui, saling menyapa. Pertala hendak dibawa namun tidak mau lalu bertikai, Pertala kalah, terpojok. Kedua parepat menolong, naga berubah wujud Ywang Baruna. Lalu memohon pada Raden Pertala hendak diajak singgah ke kayangannya. Kedua parepat mendukung, lalu semua berangkat.

Diceritakan Dewi Mandayaresmi dan emban, menanti kehadiran sang rama, datang sang rama berkata telah berhasil. Pratala dipersilahkan masuk, sang putri lalu berpaling malu. Pratala memegang tangan sang istri dibawa ke peraduan, bercinta. Diceritakan sang putri lalu merasa berat, Pratala pamit pada mertua hendak pulang ke Jenggala, Ywang Baruna mengizinkan, lalu pamit pada sang istri sambil berpesan, jika nanti putranya lahir laki-laki supaya dinamakan Guntur Segara, jika lahir perempuan terserah. Sesudah berpesan Pratala lalu berangkat bersama sang parepat.

Diceritakan pesanggrahan di Pesabinan, Raden Putra Marabangun, bersama para saudara, membicarakan sang rama, para saudara semua berkata supaya datang ke Jenggala, lalu semua berangkat.

--- 104 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 21 dari 42

--- 104 ---

Kocap ing kradenan, Radèn Sinom Pêrdapa kalih ingkang parpat Sêbul, Klèlèt, parpat ngaturi sowan Sinom Pêrdapa karsa nusul dhatêng pabarisan, lajêng mangkat.

Kocap Bugis kang ngadhang margi, lajêng tanglêt, Bugis kawon, Sinom Pêrdapa lajêng mirêng swaraning wanita siram ing têlaga, Sinom Pêrdapa mêrpêki lajêng ngiptip,[32] nêdya nyêlêr panganggening widadari, sarêng sampun angsal lajêng dhèhèm. Widadari sumêrêp yèn kamanungsan lajêng sami musna, Wilutama botên sagêd mabur, sabab rasukan kasêlêr Sinom Pêrdapa, Sinom Pêrdapa lajêng mêrpêki, sarta muja dalêm, lajêng karêsmèn. Rampung rasukan kang siningitakên kapanggih, Wilutama lajêng musna, dalêm lajêng sirna, Sinom Pradapa lajêng badhe sowan kang raka.

Kocap Radèn Brajanata, Patih Kudanawarsa, tuwin kang para kadeyan, dhatêngipun Sinom Pêrdapa, jarwa-jinarwanan, sarta angrêmbag prakawis mêngsah, tan dangu dhatêngipun pêcambêng, matur yèn mêngsah andhatêngi, lajêng kapêthukakên, tanglêt agêng, Brajanata kawon, Sinom Pêrdapa katut jêmparing, para kadeyan dhadhal, wadya Nungsabarong ngangsêg.

Kocap Prabu jênggala, lan kang putra Marabangun, ngraosakên Sinom Pêrdapa nusulipun dhatêng pabarisan, dhatêngipun Patih Kudanawarsa, ngaturakên ingkang putra kalih sami kapara tiwas. Prabu Jênggala duka, parentah mêthukakên mêngsah, dhatêngipun Radèn Pêrtala, Prabu Jênggala salah pênampi lajêng kundur, [ku...]

Diceritakan di kradenan, Raden Sinom Perdapa bersama sang parepat Sebul dan Klelet, parepat meminta agar Sinom Perdapa berkenan hadir menyusul ke medan pertempuran, lalu berangkat.

Diceritakan Bugis yang sedang menghadang di jalan, lalu bertempur, Bugis kalah, Sinom Perdapa lalu mendengar suara wanita yang mandi di telaga. Sinom Perdapa mendekat dan mengintip, hendak mencuri pakaian bidadari, setelah berhasil lalu dehem. Bidadari mengetahui ada manusia lalu musnah. Wilutama tidak bisa terbang, karena pakaiannya dicuri oleh Sinom Perdapa. Sinom Perdapa lalu mendekat, serta memuja dan menciptakan rumah, dan diajak bercinta. Setelah selesai pakaian yang disembunyikan ketemu, Wilutama lalu musnah, rumah juga ikut sirna. Sinom Perdapa meneruskan perjalanan hendak menghadap sang kakak.

Diceritakan adegan Raden Brajanata, Patih Kudanawarsa, serta para saudara, datang Sinom Perdapa, bercakap-cakap, serta membahas perihal musuh. Tidak lama datang pecambeng, melapor bahwa musuh telah datang, lalu dihadang, perang besar, Brajanata kalah, Sinom Perdata ikut terkena panah, para saudara terdesak mundur, wadya Nungsabarong makin mendesak.

Diceritakan Prabu Jenggala dan sang putra Marabangun, membicarakan Sinom Perdapa yang telah menyusul ke medan perang. Datang Patih Kudanawarsa, melaporkan bahwa kedua putranya telah terluka. Prabu Jenggala marah, perintah untuk melawan musuh. Datang Raden Pertala, Prabu Jenggala salah paham lalu pulang,

--- 105 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 22 dari 42

--- 105 ---

[...ndur] dhatêngipun Bancak Dhoyok, Panji dukani parpat. Pratala katantun mêthukakên mêngsah, sagah lajêng mangkat. Sinom Pêrdapa kapêthuk lajêng jarwa-jinarwa, lajêng tumut wangsul mêthukakên mêngsah.

Kocap Prabu Nungsabarong lan para raja, angraosakên mêngsah, dhatêngipun pêcambêng ngaturakên mêngsah dhatêng, lajêng tanglêt agêng, wadya Nungsabarong dhadhal. Prabu Surya Măndrapati majêng tanglêt kalih Pêrtala, Prabu Nungsabarong matak aji kamulyan. Kadeyan kaplajar, Pratala inggih mlajar, Panji majêng tiwikrama, Prabu Nungsabarong musna nukma dhatêng Panji sangking wêlingipun Sang Ywa[33] Nrada, wadya Nungsabarong sirna larut, Panji lajêng sowan kang rama ngaturakên saniskara, namung tumpakanipun Prabu Nungsabarong warni liman pun Yaksapujăngga dèrèng pêjah, lajêng kapasrahakên Pêrtala, tanglêt mawi Kalaganjur, liman pêjah manjing Pêrtala, Ratu Jênggala kundur pinêthuk para garwa, byar Onang-onang.

muncul Bancak dan Doyok, Panji memarahi parepat. Pratala ditawari untuk melawan musuh, sanggup lalu berangkat. Sinom Perdapa ditemui lalu bercakap-cakap, kemudian ikut kembali melawan musuh.

Diceritakan Prabu Nungsabarong dan para raja, membicarakan musuh, datang pecambeng melaporkan bahwa ada musuh datang. Terjadi perang besar, wadya Nungsabarong terdesak mundur. Prabu Surya Mandrapati maju melawan Pertala, Prabu Nungsabarong mengucapkan mantra aji kamulyan. Para saudara terdesak, Pratala juga terdesak. Panji maju dan tiwikrama, Prabu Nungsabarong musnah menyatu dengan Panji atas pesan Sang Ywang Nrada, wadya Nungsabarong hancur lebur. Panji lalu menghadap sang rama melaporkan semua keadaan, namun kendaraan Prabu Nusabarong yang berupa gajah bernama Yaksapujangga belum mati, lalu diserahkan pada Pertala, perang dengan gamelan Kalaganjur. Gajah tewas menyatu dengan Pertala. Raja Jenggala pulang disambut para istri. Menjelang pagi Gending Onang-onang.

Punika lampahan Mayatmiring.
Nomêr: 17.

Ini cerita Mayatmiring.
Nomor: 17.

Wiwit jêjêr Prabu Ngurawan, nimbali Patih Jêksanêgara kalih Brajanata, Sinjanglaga, ngraosi palakramanipun ingkang putra Rêtna Cindhaga, dhau[34] Adipati Cakranagara ing Pranaraga, kalih ngraosi baita ngambang ing laut, dhawuh kinèn angatos-atos, dhatêngipun utusan sangking Maguwa, Prabu

Dimulai adegan Prabu Ngurawan, memanggil Patih Jeksanegara beserta Brajanata dan Sinjanglaga. Membicarakan pernikahan sang putra Retna Cindaga, nikah dengan Adipati Cakranagara dari Pranaraga. Serta membicarakan perahu yang berlayar di laut, berpesan agar hati-hati, datang utusan dari Maguwa, Prabu

--- 106 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 23 dari 42

--- 106 ---

Madhêndha kadhèrèkakên lan Jaka Prakosa Maesa Nabrang, anglamar Rêtna Kumuda, mawi pabên kalih Brajanata, Prabu Madhêndha mundur, Brajanata kadhawahan pacak baris wontên Randhukumbala, kanthi Sinjanglaga lan Patih Jêksanêgara, Prabu Ngurawan kundur gapura kaputrèn.

Kocap pasowan jawi, Brajanata, Sinjanglaga Patih Jêksanêgara, lajêng mangkat mawi bubar-bubaran.

Kocap pratapan Ngarga Cinatur, Bagawan Jangganbangun, kadhatêngan Radèn Kudarêjasa, pitakèn pêngajapanipun ing tawang, sang rêsi pitêdah kinèn suwita dhatêng Pranaraga, Kudarêjasa mangkat.

Kocap Kumuda nimbali pêrtinggi, karêsmèn, prêtinggi pamit pangkat mawi wêwanan. Kapanggih Kudarêjasa.

Kocap Bugis jampangi margi, dhatêngipun Anggot Mêndhali, matur wontên satriya langkung, lajêng tanglêt, Bugis kawon, satriya kalih lajêng.

Kocap Rêtna Cindhaga susah ing galih, myarsa warti yèn kang raka têksih kagungan garwa wontên pakêbonan. Parêkan sami katungkulakên, Cindhaga muja bêrkasakan, kinèn anggodha, Cindhaga nusul dhatêng pasowan jawi.

Kocap Bancak Dhoyok asukan-sukan, lajêng sowan ing gusti. Kocap Cakranêgara animbali para kadeyan, ngraosi nagari Ngurawan, sarta paring pirsa yèn kapothah ing garwa, nyuwun priksa garwa kang

Madenda diikuti oleh Jaka Prakosa Maesa Nabrang, melamar Retna Kumuda, melalui pertarungan dengan Brajanata, Prabu Madenda mundur, Brajanata diperintah untuk menyiapkan pasukan di Randukumbala, mengikutkan Sinjanglaga dan Patih Jeksanegara. Prabu Ngurawan kembali, adegan gapura kaputren.

Diceritakan pertemuan di luar (keraton), Brajanata, Sinjanglaga, Patih Jeksanegara, lalu berangkat, adegan bubar-bubaran.

Diceritakan pertapaan Gunung Cinatur, Bagawan Jangganbangun, kedatangan Raden Kudarejasa, yang meminta petunjuk dari atas, sang resi memberi petunjuk agar mengabdi ke Pranaraga, Kudarejasa berangkat.

Diceritakan Kumuda memanggil pertinggi, lalu diajak bercinta, pertinggi lalu mohon pamit berangkat, adegan wewanan. Bertemu dengan Kudarejasa.

Diceritakan Bugis yang mengawasi jalan, datang Anggot Mendali, melapor bahwa ada satria yang melintas, lalu bertempur, Bugis kalah, dua satria melanjutkan perjalanan.

Diceritakan Retna Cindaga sedih hatinya, mendengar kabar bahwa sang suami masih mempunyai istri di pakebonan. Para parekan disibukkan, lalu Cindaga memuja dan mendatangkan berkasakan, disuruh menggoda, Cindaga menyusul ke acara pertemuan di luar keraton.

Diceritakan Bancak dan Doyok sedang bersenang-senang, lalu menghadap gustinya. Diceritakan Cakranegara memanggil para saudara, membicarakan negara Ngurawan, serta memberitahu bahwa istrinya mempunyai permintaan, yaitu ingin mengetahui istrinya yang

--- 107 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 24 dari 42

--- 107 ---

wontên pakêbonan. Dhatêngipun Rêtna Cindhaga, kadeyan sami sumingkir, Rêtna Cindhaga nyuwun priksa garwa kang wontên kêbon kapurih nimbali, Panji dhawuh dhatêng parpat kinèn nimbali, mangkat.

Kocap ing pakêbonan, Dèwi Mayatmiring lan Êmban Pêngayat, ngraosi Panji, dhatêngipun Jayèngrana lan parpat kalih, nimbali, Mayatmiring lajêng kerit, dumugi ngarsanipun Panji, Panji ewa lajêng mungkur sarwi riyak. Cindhaga nyuwun sandhanganipun Mayatmiring, Panji dhawuh kinèn nyaosakên, Cindhaga api kapidhara, èngêt matur yèn katêluh setanipun Mayatmiring, Panji duka, Mayatmiring lan Êmban Pêngayat dipun pêjahi, Cindhaga angesahi, layon kalih asambat-sambat. Panji èngêt, kuwănda pinondhong sarwi karungrungan, parpat lan kadeyan sami angrêrapu, Panji lajêng kapidhara, kadeyan sami nangisi, Panji sarêng èngêt lajêng dhawuh nyirnakakên Cindhaga, parpat lan kadeyan pangkat, Cindhaga nuju lênggah, parpat dhatêng Cindhaga lajêng kalarak mêdal dipun tampèni Jayasena lajêng dipun pala, badhe kasabêtakên ing kori karêbat Durga lajêng musna, lajêng matur dhatêng Panji. Panji têksih karungrungan.

Kocap sukmane Mayatmiring lan êmban, Mayatmiring nama Suksmalêngka,[35] pêngayat nama Dasabau, sêdya badhe malês dhatêng Panji, pangkat dhatêng Maguwa.

Kocap Prabu Magêndha,[36] lan Patih Dhêndhawikrama, ngraosi mêngsah Ngurawan, dhatêngipun pêcambêng, matur mêngsah Ngurawan andhatêngi, kapêthukakên, tanglêt,

yang ada di pakebonan. Lalu kedatangan Retna Cindaga, para saudara menyingkir. Retna Cindaga minta ditunjukkan istri yang ada di kebun disuruh memanggil, Panji perintah pada parepat supaya memanggil, berangkat.

Diceritakan di pakebonan, Dewi Mayatmiring dan Emban Pengayat, sedang membicarakan Panji. Lalu datang Jayengrana dan kedua parepat, memanggil, Mayatmiring lalu didatangkan, sesampainya di hadapan Panji, Panji tidak senang lalu berpaling sambil meludah. Cindaga meminta pakaian Mayatmiring, Panji menyuruh agar diberikan, Cindaga pura-pura pingsan, lalu sadar dan berkata bahwa telah diguna-guna oleh Mayatmiring, Panji marah, Mayatmiring dan Emban Pengayat dibunuh. Cindaga menyingkir, kedua jasad merintih-rintih. Panji tersadar, jasad dipondong seperti orang gila, parepat dan saudara semua menghibur, Panji lalu pingsan, saudara semua menangis. Panji tersadar lalu perintah agar Cindaga dibunuh, parepat dan saudara berangkat. Cindaga sedang duduk, parepat datang dan Cindaga ditangkap dan diseret keluar disambut Jayasena lalu dihajar. Hendak dibenturkan ke pintu namun direbut oleh Durga dan musnah. Kemudian melapor kepada Panji. Panji masih dalam kesedihan.

Diceritakan sukma Mayatmiring dan emban, Mayatmiring bernama Suksmalengkara, Pengayat bernama Dasabau, hendak membalas pada Panji, lalu berangkat ke Maguwa.

Diceritakan Prabu Madenda dan Patih Dendawikrama, sedang membicarakan musuh di Ngurawan. Datang pecambeng, melapor bahwa musuh Ngurawan telah datang, disambut, dan bertempur,

--- 108 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 25 dari 42

--- 108 ---

wadya Ngurawan kawon, Brajanata kawon. Jêksanêgara Sinjanglaga mundur matur Prabu Ngurawan. Dhêndhawikrama kadhawuhan matur Prabu Maguwa, lajêng budhal angarak tumuntên Madhêndha ngêntosi mêsanggrahan.

Kocap ing Ngurawan, mênggalih mêngsah, dhatêngipun Sinjanglaga, Jêksanagara, matur yudanipun kasêsêr, patih kautus dhatêng Pranaraga mundhut tulung sarta masrahakên nêgari, pangkat.

Kocap Pranaraga, Panji Cakranêgara lan para kadeyan, ngraosi nagari Ngurawan, dhatêngipun Jêksanêgara, matur kautus mundhut tulung, masrahakên nêgari Ngurawan. Panji sagah, patih mantuk rumiyin, Panji dhawuh tata-tata lajêng budhal sakadeyanipun.

Kocap Prabu Maguwa, lan para raja, ngajêng-ajêng Prabu Madhêndha, dhatêngipun Sukmalêngkara, nêdya suwita sagah ngrêbad[37] Dèwi Kumuda, Klana langkung bingah, dhatêngipun Patih Dhêndhawikrama, matur kautus Prabu Madhêndha, Klana dipun aturi budhal dhatêng Ngurawan ngarak, lajêng pangkat lan Suksmalêngkara, sarta para raja.

Kocap Ngurawan, dhatêngipun Panji lan para kadeyan, Prabu Ngurawan langkung suka, dhatêngipun wadya tamping matur mêngsah sangking Maguwa andhatêngi, lajêng kapêthukakên, tanglêt agêng, Klana lan para raja kawon, Brêmana têtulung, Panji lajêng nyipta warna, Brêmana mundur, Suksmalêngkara majêng, Panji kalêpasan jêmparing kenging sumpingipun merang, sêmèdi lajêng dados gara-gara, Nrada tumurun, Panji dipun bisiki, [bi...]

wadya Ngurawan kalah, Brajanata kalah. Jeksanegara dan Sinjanglaga mundur melapor kepada Prabu Ngurawan. Dendawikrama disuruh melapor kepada Prabu Maguwa, lalu berangkat berarak-arak lalu Madenda menunggu sambil istirahat di pesanggrahan.

Diceritakan di Ngurawan, sedang membicarakan musuh, datang Sinjanglaga dan Jeksanagara, melapor kalah perang. Patih diutus ke Pranaraga untuk minta tolong serta menyerahkan keadaan negara, berangkat.

Diceritakan di Pranaraga, Panji Cakranegara dan para saudara sedang membicarakan negara Ngurawan, lalu datang Jeksanegara, berkata telah diutus untuk minta bantuan, menyerahkan keadaan negara Ngurawan. Panji sanggup, patih mendahului pulang. Panji perintah agar bersiap-siap lalu berangkat bersama semua saudaranya.

Diceritakan Prabu Maguwa dan para raja, sedang menunggu kedatangan Prabu Madenda. Datang Sukmalelana, hendak mengabdi dan sanggup merebut Dewi Kumuda. Klana sangat senang, lalu datang Patih Dendawikrama, berkata telah diutus Prabu Madenda, Klana disuruh berangkat ke Ngurawan mengiring, lalu berangkat bersama Suksmalelana, serta para raja.

Diceritakan di Ngurawan, kedatangan Panji dan para saudara, Prabu Ngurawan sangat senang. Lalu datang wadya tamping melapor kedatangan musuh dari Maguwa, lalu disambut, pertempuran sengit, Klana dan para raja kalah, Bremana membantu, kemudian Panji mencipta warna, Bremana mundur. Suksmalengkara maju, Panji melepaskan panah terkena sumping menjadi malu, bersemadi dan menimbulkan gara-gara. Nrada turun, Panji dibisiki,

--- 109 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 26 dari 42

--- 109 ---

[...siki] Nrada musna, Panji majêng malih, tanglêt, Guksmalêngkara[38] nyuduki, Panji ngrarêpa sarwi ngungrum, Sukmalêngkara babar Kirana, Dasabau babar pêngayat, wadya Maguwa dhadhal. Klana duka badhe majêng dipun ampah Brêmana, lajêng mundur mantuk dhatêng Maguwa, Panji panggih Kirana, byar Giwang Gonjing.

Nrada musnah, Panji kembali maju, perang, Suksmalengkara menusuk, Panji memohon sambil merayu, Sukmalengkara kembali wujud asli yaitu Kirana, Dasabau menjadi Pengayat, wadya Maguwa terdesak mundur. Klana marah hendak maju tapi ditahan oleh Bremana, lalu mundur pulang ke Maguwa. Panji berjumpa dengan Kirana. Menjelang pagi Gending Giwang Gonjing.

Lampahan Panji Ngèngèr.
Nomêr: 18.

Cerita Panji Ngenger.
Nomor: 18.

Wiwit jêjêr Prabu Ngurawan nimbali Patih Jêksanêgara, Sinjanglaga, Brajanata, mênggalih kadhatêngan satriya suwita nama Tumênggung Klana Jayakusuma, kapêrnahakên dalêm ing Pranarara, kawangên kalih warsa botên susah sowan, sarta ngraosi baita ngambang, kasaru dhatêngipun Prabu Madhêndha, matur kautus Prabu Maguwa anglamar Dèwi Kumuda, mawi pabên kalih Brajanata, sêmadosan prang wontên Randhukumbala, utusan mantuk, ratu kundur kèndêl gapura kaputrèn.

Pasowan jawi, Brajanata, Sinjanglaga, Jêksanêgara, angrêmbag tata-tata ing damêl, sarta mêthukakên mêngsah kang baris ing Randhukumbala, pangkat mawi bubar-bubaran.

Kocap Prabu Maguwa, Jayapuspita, lan para raja, ngajêng-ajêng Prabu Madhêndha, dhatêngipun Dhêndhawikrama, matur kautus Prabu Madhêndha, matur bab panglamar kadamêl sayumbara, sintên sagêt nyêmpal baunipun Brajanata dhaup Dèwi Kumuda, Klana dhawuhi para raja mangkat nusul dhatêng Prabu Madhêndha, Klana kundur.

Kocap taman Ngurawan, Dèwi Kumuda nimbali pêrtinggi,

Dimulai adegan Prabu Ngurawan memanggil Patih Jeksanegara, Sinjanglaga, dan Brajanata membicarakan kedatangan satria yang mengabdi bernama Tumenggung Klana Jayakusuma, ditempatkan di rumah Pranaraga, diperkirakan dua tahun tidak usah menghadap, serta membicarakan perahu yang sedang berlayar, tiba-tiba datang Prabu Madenda, berkata diutus Prabu Maguwa untuk melamar Dewi Kumuda, melalui pertarungan melawan Brajanata, setuju bertempur di Randukumbala, utusan pulang, raja pulang berhenti sejenak di gapura kaputren.

Pertemuan di luar keraton, Brajanata, Sinjanglaga, dan Jeksanegara, membicarakan persiapan, serta menyambut musuh yang telah siap di Randukumbala, berangkat, adegan bubar-bubaran.

Diceritakan Prabu Maguwa, Jayapuspita, dan para raja, menanti kehadiran Prabu Madenda, kedatangan Dendawikrama, berkata diutus Prabu Madenda, menyampaikan perihal lamaran dibuat sayembara, siapa pun yang bisa mengalahkan Brajanata akan menikah dengan Dewi Kumuda. Klana perintah para raja agar berangkat menyusul ke Prabu Madenda, Klana pulang.

Diceritakan di taman Ngurawan, Dewi Kumuda memanggil pertinggi,

--- 110 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 27 dari 42

--- 110 ---

karêsmèn, pêrtinggi pamit dhatêng Pranaraga, pangkat mawi wêwanan.

Kocap Bugis ingkang jampangi margi, dhatêngipun Anggot Mêndhali, matur yèn wontên satriya langkung, lajêng kapêthukakên, tanglêt, Bugis kawon, pêrtinggi lajêng.

Kocap Bancak Dhoyok, asukan-sukan, lajêng sowan ing gustinipun.

Kocap Klana Jayakusuma, lan parpat, Klana Jayakusuma andangu kang rayi Kudatilarsa dèrèng sowan, tan dangu dhatêngipun Kudatilarsa, kadangu aturipun mêntas mantuk dhatêng padhêkahan ing Gambiran, Kudatilarsa badhe gantèn, sawêk ngasta mangsakan lan sadak utawi usap tangan, Jayakusuma dangu ingkang mangsak gantèn, Kudatilarsa matur yèn sêdhèrèkipun, gantèn kapundhut Kudatilarsa matur mopo, lajêng karêbat, Panji ngasta mangsakan sarwi ngandika badhe karsa tindak dhatêng Gambiran, Kudatilarsa matur kirang pantês dipun rawuhi, Panji mêksa karsa tindak, Kudatilarsa ngrumiyini nitih kuda, Panji nututi lajêng boncèng, sarêng sampun cêlak ing Gambiran Kudatilarsa pamit ngrumiyini, Jayakusuma kantun.

Kocap Dèwi Nawangrêsmi, lan Êmban Pêngayat, angajêng-ajêng kang rayi Kudatilarsa, tan dangu dhatêngipun ingkang rayi matur Klana Jayakusuma karsa rawuh, Nawangrêsmi kèwêdan ing galih lajêng singidan lumêbêt dalêm, Jayakusuma nuntên dhatêng, dipun aturi lumêbêt dalêm botên karsa, lajêng mundhut kajang sirah sarta singêp badhe karsa sare,

diajak bercinta, pertinggi pamit ke Pranaraga, berangkat, adegan wewanan.

Diceritakan Bugis yang mengawasi jalan, datang Anggot Mendali, melapor bahwa ada satria melintas, lalu disambut dan bertarung, Bugis kalah, pertinggi melaju.

Diceritakan Bancak dan Doyok, sedang bersenang-senang, lalu menghadap gustinya.

Diceritakan Klana Jayakusuma dan parepat, Klana Jayakusuma bertanya pada sang adik Kudatilarsa belum menghadap, tidak lama datang Kudatilarsa, ditanya dan menjawab baru saja pulang dari desa Gambiran, Kudatilarsa hendak makan sirih, baru memegang masakan dan sadak atau usap tangan, Jayakusuma bertanya siapa yang meramu sirih, Kudatilarsa menjawab saudaranya, sirih diminta Kudatilarsa berkata tidak boleh, lalu direbut, Panji membawa mangsakan sambil mengatakan hendak pergi ke Gambiran, Kudatilarsa berkata bahwa kurang pantas dihadiri, Panji memaksa hendak pergi, Kudatilarsa mendahului naik kuda, Panji mengikuti dan membonceng, setelah sudah dekat di Gambiran Kudatilarsa pamit mendahului, Jayakusuma tertinggal.

Diceritakan Dewi Nawangresmi dan Emban Pengayat, sedang menunggu sang adik Kudatilarsa. Tidak lama datang sang adik dan berkata bahwa Klana Jayakusuma akan datang. Nawangresmi merasa tidak enak di hati lalu bersembunyi masuk ke dalam. Jayakusuma datang, disuruh masuk tidak mau, lalu minta bantal serta selimut hendak tidur,

--- 111 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 28 dari 42

--- 111 ---

dipun saosi, lajêng mapan sare, Kudatilarsa utawi parpat lajêng sami tilêm, Jayakusuma lajêng lumêbêt dalêm angupadosi ingkang singidan, kapanggih wontên pojok pasareyan sawêk anglêmbur nyungkèt. Panji mêrpêki sarwi ngrêrêpa, lajêng karêsmèn, bakda karêsmèn parpat kadhawuhan mantuk dhatêng Pranaraga, nimbali para kadeyan, parpat lajêng mangkat.

Kocap pabarisan ing Randhukumbala, Prabu Madhêndha lan Patih Dhêndhawikrama, angraosi Brajanata, tan dangu dhatêngipun pêcambêng, matur yèn mêngsah andhatêngi, lajêng tanglêt rame, wadya Ngurawan dhadhal. Brajanata prang kalihan Prabu Madhêndha mawi gada bindi, Brajanata kawon, para kadeyan dhadhal.

Kocap Prabu Ngurawan, patih matur yèn Brajanata kasêsêr yudanipun, Prabu Ngurawan dhawuh dhatêng patih kautus dhatêng Pranaraga nimbali Klana Jayakusuma, patih mangkat, ratu kundur.

Kocap ing Pranaraga, Klana Jayakusuma lan para kadeyan, kocap Sinom Pêrdapa sampun sowan, Klana Jayakusuma ngraosi nagari Ngurawan, Jayèngrana mrayogèkakên lajêng sowan, Panji tan karsa, tan dangu dhatêngipun Patih Jêksanêgara, kautus maringi priksa mêngsah sangking Maguwa, sarta masrahakên arjanipun nagari Ngurawan, Panji sagah, patih pamit, sapêngkêripun patih Panji dhawuhi para kadeyan tata-tata mêthukakên mêngsah, lajêng budhalan, Kirana dhèrèk tindan[39] ngantuni.

Kocap pasanggrahan ing Maguwa, Klana, sarta

dan diberikan, lalu tidur, Kudatilarsa dan parepat semua juga tidur. Jayakusuma lalu masuk ke dalam mencari yang sedang bersembunyi, ketemu di pojok tempat tidur sedang lembur menyongket. Panji mendekat sambil merayu, lalu diajak bercinta, selesai bercinta parepat disuruh pulang ke Pranaraga, memanggil para saudara, parepat berangkat.

Diceritakan barisan tentara di Randukumbala, Prabu Madenda dan Patih Dendawikrama, membicarakan Brajanata. Tidak lama datang pecambeng, melapor bahwa musuh telah datang, terjadi pertempuran sengit, wadya Ngurawan terdesak mundur. Brajanata bertarung melawan Prabu Madenda dengan menggunakan gada, Brajanata kalah, para saudara terdesak mundur.

Diceritakan Prabu Ngurawan, patih berkata bahwa Brajanata kalah perang. Prabu Ngurawan berkata pada patih diutus ke Pranaraga memanggil Klana Jayakusuma. Patih berangkat, raja masuk.

Diceritakan di Pranaraga, Klana Jayakusuma dan para saudara. Diceritakan Sinom Perdapa sudah menghadap, Klana Jayakusuma membicarakan negara Ngurawan, Jayengrana menyarankan untuk segera menghadap, Panji tidak mau, tidak lama datang Patih Jeksanegara, diutus untuk memberitahu perihal musuh dari Maguwa, serta menyerahkan kemakmuran negara Ngurawan, Panji sanggup, patih pamit. Sepeninggal patih, Panji perintah pada para saudara untuk bersiap menyambut musuh, lalu berangkat, Klana ikut berangkat belakangan.

Diceritakan pesanggrahan di Maguwa, Klana serta

--- 112 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 29 dari 42

--- 112 ---

para raja, angraosi panungkulipun Prabu Ngurawan, kasaru dhatêngipun têlik, matur yèn mêngsah andhatêngi, lajêng kapêthukakên, lajêng tanglêt agêng, wadya Maguwa dhadhal. Madhêndha tanglêt kalih Jayasena, Madhêndha kawon. Jayapuspita tanglêt kalih Jayèngrana, Jayapuspita kawon. Prabu Maguwa kalih Kudatilarsa, Kudatilarsa kawon, Sinom Pêrdapa têtulung, Klana kuwalahên, Brêmana têtulung kapêthukakên Panji, tanglêt rame, Panji nyipta warna, Brêmana lumajêng, tyang Maguwa bibar larut. Panji kaaturan kundur panggih kang rama Prabu Ngurawan, Panji sumados manggihi Kirana, byar Pêrcowan.

para raja, membicarakan perihal menyerahnya Prabu Ngurawan, tiba-tiba datang prajurit mata-mata, melapor bahwa musuh telah datang, lalu disambut dan terjati pertempuran besar. Wadya Maguwa terdesak mundur. Madenda bertarung melawan Jayasena, Madenda kalah. Jayapuspita bertempur melawan Jayengrana, Jayapuspita kalah. Prabu Maguwa melawan Kudatilarsa, Kudatilarsa kalah, Sinom Perdapa menolong, Klana terpojok, Bremana menolong dan dilawan Panji, terjadi perang sengit. Panji beralih rupa, Bremana melarikan diri. Orang Maguwa kocar-kacir. Panji diajak pulang untuk bertemu sang rama Prabu Ngurawan, namun Panji telah berjanji akan menemui Kirana. Menjelang pagi Gending Percowan.

Punika lampahan Jaka Blaru.
Nomêr: 19.

Ini cerita Jaka Blaru.
Nomor: 19.

Wiwit jêjêr Prabu Ngurawan, nimbali Patih Jêksanêgara, Sinjanglaga, Brajanata, ngraosi anggènipun badhe ambojakrama ingkang putra Rêtna Kumuda, dhaup Prabu Klana Sewandana ing Maguwa, namung kadamêl mêndha jalaran salêbêting pura kalêbêtan pandung aguna, nuntên dhatêngipun utusan Maguwa, pun Lanjak Prakosa Maengsa Nabrang, kautus nêrang ing damêl, Ratu Ngurawan nyarèhakên, lan masrahakên kacêpêngipun pandung, Lanjak Prakosa Maengsa Nabrang sagah, lajêng pamit mundur, Paningro[40] kautus dhatêng Pranaraga, mundhut tulung, masrahakên kacêpêngipun pandung, Paningron pangkat. Ratu kundur, kèndêl gapura kaputrèn.

Kocap pasowan jawi, Brajanata, Sinjanglaga,

Dimulai adegan Prabu Ngurawan, memanggil Patih Jeksanegara, Sinjanglaga, dan Brajanata membicarakan akan adanya perhelatan untuk sang putra Retna Kumuda yang menikah dengan Prabu Klana Sewandana di Maguwa. Tetapi menjadi mundur karena di pura kemasukan pencuri sakti, lalu datang utusan Maguwa bernama Lanjak Prakosa Maengsa Nabrang, diutus untuk menanyakan perihal perhelatan. Raja Ngurawan menyuruh untuk bersabar, serta menyerahkan tertangkapnya pencuri, Lanjak Prakosa Maengsa Nabrang sanggup, lalu pamit pulang. Paningron diutus ke Pranaraga untuk minta tolong, menyerahkan bagaimana agar pencuri tertangkap, Paningron berangkat. Raja masuk, berhenti sejenak di gapura kaputren.

Diceritakan pertemuan di luar (keraton), Brajanata, Sinjanglaga,

--- 113 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 30 dari 42

--- 113 ---

Jêksanêgara, Pênambangan, sami tata-tata ing damêl, sarta prayi[41] ing mêngsah.

Kocap Prabu Maguwa, nimbali Patih Jayapuspita lan para raja, mênggalih ngajêng-ajêng ingkang kautus nêrang ing damêl dhatêng nagari Ngurawan, tan dangu dhatêngipun Lanjak Prakosa Maengsa Nabrang, matur bab nêrang damêl Prabu Ngurawan nyarèhakên, sabab kadhaton kalêbêtan pandung, sarta masrahakên kacêpêngipun pandung, Prabu Maguwa suka ing galih, lajêng dhawuhi kang rayi Jayapuspita pradandosan, sarta dhawuhi wadya Bugis Makasar ngrumiyini lampah, barisi nagari Ngurawan, rampung dhêdhawuh Klana kundur, kapêthukakên ingkang rayi, Wêrdeya, Tigaron, kang raka matêdhani pirsa, sarta busana prajuritan, rampung busana lajêng miyos ing jawi, lajêng pangkat dhatêng Ngurawan sarta para raja, mawi bubar-bubaran.

Kocap Radèn Jaka Blaru ing Liyangan, kalihan ingkang parpat Sêbul, Klèlèt, dhatêngipun Radèn Arya Pênantarja, matêdhani pirsa saliring prakawis nagari Ngurawan. Jaka Blaru kapasrahan nyêpêng pandung aguna, Jaka Blaru sagah lajêng pangkat mawi kampiri kang rayi Dèwi Turuntangis wontên ing Gambiran.

Kocap ing Gambiran, Dèwi Turuntangis angajêng-ajêng ingkang raka, tan dangu dhatêngipun ingkang raka, matêdhani pirsa yèn badhe dhatêng Ngurawan nyêpêng pandung, Dèwi Turuntangis badhe tumut botên kalilan, kang raka ngarih-arih, kang rayi lilih, Jaka Blaru lajêng mangkat kalawan ingkang parpat, mawi wêwanan.

Jeksanegara, dan Penambangan sedang bersiap-siap, serta siaga terhadap musuh.

Diceritakan Prabu Maguwa, memanggil Patih Jayapuspita dan para raja, memikirkan serta menunggu utusan yang disuruh mencari kabar perhelatan ke negara Ngurawan. Tidak lama Lanjak Prakosa Maengsa Nabrang datang, melapor bahwa perihal perhelatan Prabu Ngurawan menyuruh bersabar, karena kadaton kemasukan pencuri. Prabu Maguwa senang hatinya, lalu menyuruh sang adik Jayapuspita agar bersiap, serta perintah agar wadya Bugis Makasar mendahului perjalanan, mengatur barisan ke negara Ngurawan, selesai menyampaikan perintah Klana kembali, disambut sang istri Werdeya dan Tigaron. Sang suami menyampaikan kabar, serta mengenakan busana prajurit, selesai berbusana lalu keluar, kemudian berangkat ke Ngurawan beserta para raja, adegan bubar-bubaran.

Diceritakan Raden Jaka Blaru di Liyangan, bersama sang parepat Sebul dan Klelet, kedatangan Arya Penantarja, memberi kabar mengenai segala yang terjadi di negara Ngurawan. Jaka Blaru diserahi agar menangkap pencuri sakti. Jaka Blaru sanggup lalu berangkat dengan menghampiri sang istri Dewi Turuntangis di Gambiran.

Diceritakan di Gambiran, Dewi Turuntangis mengharap kehadiran sang suami, tidak lama datang sang kakak, memberitahu bahwa akan pergi ke Ngurawan untuk menangkap pencuri. Dewi Turuntangis hendak ikut tidak diizinkan, sang suami menghibur, istri menurut. Jaka Blaru lalu berangkat bersama sang parepat, adegan wewanan.

--- 114 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 31 dari 42

--- 114 ---

Kocap barisan Bugis, ngraosi dèrèng angsal damêl, dhatêngipun Anggot Mêndhali, matur yèn wontên satriya langkung, lajêng kapêthukakên, tanglêt, Bugis kawon, Jaka Blaru lajêng.

Kocap padhêkahan Pandhansurat, Sang Dyah Nawangrêsmi, lan Êmban Pêngayat, ngajêng-ajêng ingkang rayi Radèn Kudatilarsa, tan dangu ingkang rayi dhatêng, dinangu matur sangking Kambêngan, lajêng matur nyuwun santun busana sarta lathi, kang bok dangu malih, kang rayi matur badhe wangsul nagih anggènipun potang, sarta lukaran ing busana dipun dangu, sabab sinjang dhêsthar sanès agêmipun sangking dalêm. Kang rayi matur anggènipun nyukani rêmênanipun, kang rayi lajêng pamit badhe nagih, kang bok ngampah namung mêksa, lajêng pangkat.

Kocap Bancak Dhoyok asukan-sukan lajêng sowan gustinipun.

Kocap Panji Jayakusuma, nimbali para kadeyan, andangu sumêktaning pasumbang dhatêng Ngurawan, dhatêngipun Paningron, matur kautus Prabu Ngurawan masrahakên kacêpêngipun pandung, Panji sagah, Paningron pamit mundur, Panji parentah nyêpêng pandung, Bancak Dhoyok kinèn tumut.

Kocap Dèwi Kumuda wontên salêbêting taman, pinarak kalihan êmban, andangu Radèn Kudatilarsa, nuntên dhatêngipun Kudatilarsa, ngusap kori kunci gograg, Kudatilarsa lumêbêt lajêng karêsmèn. Sasampuning karêsmèn lajêng mêdal, ginêm badhe rangkat, tan dangu dhatêngipun Jaka Blaru, lajêng nyandhak sabuk, nyandhak bau [ba...]

Diceritakan barisan Bugis, membicarakan kegagalannya, lalu datang Anggot Mendali, melapor bahwa ada satria yang melintas, lalu disambut, perang, Bugis kalah, Jaka Blaru melanjutkan perjalanan.

Diceritakan di dusun Pandansurat, Sang Putri Nawangresmi dan Emban Pengayat sedang menunggu kehadiran sang adik Raden Kudatilarsa. Tidak lama sang adik datang, ditanya menjawab dari Kambengan, lalu berkata minta ganti busana serta (riasan) bibir. Sang embok bertanya lagi, sang adik menjawab hendak kembali untuk menagih piutang, serta menanyakan keberadaan pakaiannya, karena sinjang destar itu bukan pakaian dari dalam rumah. Sang adik menjawab diperoleh dari pemberian kekasihnya. Sang adik lalu pamit hendak menagih, sang embok menahan namun tetap tidak mau, lalu berangkat.

Diceritakan Bancak dan Doyok sedang bersenang-senang, lalu menghadap gustinya.

Diceritakan Panji Jayakusuma memanggil para saudara, menanyakan kesiapan sumbangan ke Ngurawan. Lalu datang Paningron, berkata diutus Prabu Ngurawan untuk menyerahkan agar tertangkapnya pencuri, Panji sanggup, Paningron pamit pulang. Panji perintah untuk menangkap pencuri, Bancak dan Doyok disuruh ikut.

Diceritakan Dewi Kumuda berada di dalam taman, duduk bersama emban, menanyakan keberadaan Kudatilarsa, lalu datang Kudatilarsa, mengusap pintu kunci terbuka, Kudatilarsa masuk lalu bercinta. Selesai bercinta lalu keluar, berkata hendak berangkat. Tidak lama datang Jaka Blaru, lalu memegang sabuk, memegang bahu,

--- 115 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 32 dari 42

--- 115 ---

[...u] sarta kuping, lajêng tanglêt, Kudatilarsa kawon, sagah nyukani panêbus sêdhèrèkipun wanodya, Jaka Blaru angapuntên, lajêng rêmbagan, Kumuda kakarsakakên nêngga Jaka Blaru, Kudatilarsa badhe ngundang sêdhèrèkipun ingkang damêl nêbus. Kudatilarsa nêdha prasêtyanipun Jaka Blaru, Jaka Blaru inggih prasêtya, lênggahipun Jaka Blaru kalihan Kumuda dipun lêti bangku, Kudatilarsa pangkat. Sapêngkêripun Kudatilarsa Kumuda kasmaran dhatêng Jaka Blaru, sêngadi dipun kèn mêndhêtakên wadhah gantèn dhatêng dalêm. Jaka Blaru mêndhêt wadhah gantèn lajêng dipun tututi, lajêng karêsmèn, tan dangu dhatêngipun para kadeyan, Jaka Blaru lajêng dipun cêpêng dipun lokakên pandung, kabêsta badhe dipun pêjahi, Jayèngrana mambêngi, dhatêngipun Kumu[42] lajêng nungkêmi Jaka Blaru dipun tangisi, para kadeyan sami mênggah, Kumuda nêdha luwaripun Jaka Blaru, namung botên suka, lajêng kabêkta dhatêng Pranaraga, Kumuda tumut.

Kocap Dèwi Turuntangis, nusul dhatêng kang raka kapêthuk wontên margi, lajêng tumut dhatêng Pranaraga.

Kocap Dèwi Nawangrêsmi, lênggah lan Pêngayat, angraosi kang rayi Kudatilarsa, tan dangu dhatêngipun Kudatilarsa, matur mring kang bok kathah-kathah, sarta matur badhe kaaturan nêbus saliranipun. Kang bok kanggêg ing galih, wusana lajêng nuruti, lajêng mangkat, dumugi Ngurawan mirêng yèn Jaka Blaru dipun cêpêng kadakwa mandung, Dèwi Kumuda inggih tumut dhatêng Pranaraga, Kudatilarsa lan Sang Dyah Nawangrêsmi lajêng têrus nusul dhatêng Pranaraga.

Kocap Prabu Ngurawan, panggihan kalihan Prabu Maguwa, Prabu Ngurawan pitakèn bab pandung aguna, tan dangu [da...]

serta telinga, lalu bertarung, Kudatilarsa kalah, sanggup memberikan tebusan berupa saudaranya perempuan. Jaka Blaru memaafkan, lalu sepakat, Kumuda disuruh menjaga Jaka Blaru, Kudatilarsa akan memanggil saudaranya yang untuk menebus. Kudatilarsa meminta janji Jaka Blaru, Jaka Blaru pun berjanji, tempat duduk Jaka Blaru dan Kumuda dibatasi meja, Kudatilarsa berangkat. Setelah kepergian Kudatilarsa Kumuda kasmaran dengan Jaka Blaru, sengaja disuruh mengambilkan kotak sirih ke dalam. Jaka Blaru mengambil kotak sirih lalu disusul, lalu diajak bercinta. Tidak lama datang para saudara. Jaka Blaru lalu ditangkap dan diteriaki pencuri, dibawa hendak dibunuh. Jayengrana melarang, lalu datang Kumuda bersimpuh menangisi Jaka Blaru, para saudara semua melarang, Kumuda meminta agar Jaka Blaru dilepaskan, tetapi tidak diizinkan, lalu dibawa ke Pranaraga, Kumuda ikut serta.

Diceritakan Dewi Turuntangis, menyusul sang suami dan bertemu di jalan, lalu ikut ke Pranaraga.

Diceritakan Dewi Nawangresmi sedang duduk bersama Pengayat, membicarakan sang adik Kudatilarsa. Tidak lama Kudatilarsa datang, berkata banyak hal pada sang embok, serta berkata agar berkenan untuk menebus dirinya. Sang embok hatinya ragu, akhirnya bersedia, dan berangkat. Sesampainya di Ngurawan mendengar kabar bahwa Jaka Blaru ditangkap dituduh mencuri, Dewi Kumuda juga ikut ke Pranaraga. Kudatilarsa dan Sang Putri Nawangresmi lalu menyusul ke Pranaraga.

Diceritakan Prabu Ngurawan, bertemu dengan Prabu Maguwa. Prabu Ngurawan menanyakan perihal pencuri sakti, tidak lama

--- 116 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 33 dari 42

--- 116 ---

[...ngu] dhatêngipun kajinêman, matur yèn pandung aguna sampun kacêpêng, namung lajêng kabêkta dhatêng Pranaraga, Prabu Ngurawan duka, sakathahing prakawis lajêng kapasrahakên Prabu Maguwa, Sinjanglaga kautus dhatêng Pranaraga mundhut pandung, Prabu Maguwa kadhawuhan tumut sarta para raja, lajêng pangkat.

Kocap Dipati Liyangan, Radèn Arya Pênantarja, mirêng warti yèn kang rayi Jaka Blaru kacêpêng, Pênambangan lajêng morot dhatêng dalêmipun mantuk.

Kocap Klana Jayakusuma, dhatêngipun para kadeyan nyaosakên pandung aguna, Jaka Blaru dinangu matur dede pandung, Kumuda nyambêti matur, yèn Jaka Blaru dede pandung, Kumuda lajêng kinèn ngirit lumêbêt dalêm, tan dangu dhatêngipun Kudatilarsa, nyaosakên panêbus, Dèwi Nawangrêsmi lajêng kairit lumêbêt dalêm, Jaka Blaru lajêng dipun luwari, tan dangu dhatêngipun Dèwi Turuntangis, lajêng nungkêmi padaning raka sarwi karuna, lajêng kadhawuhan lumêbêd dalêm. Panji dhawuh pêrdandanan, tan dangu dhatêngipun Sinjanglaga, amundhut pandung aguna, Panji tan suka, lajêng tanglêt agêng, wadya Ngurawan wadya Maguwa dhadhal larut, kapanah barat. Panji anyêngkramani Kirana, byar Onang-onang.

datang kajineman, melapor bahwa pencuri sakti sudah tertangkap, namun langsung dibawa ke Pranaraga. Prabu Ngurawan marah, semua urusan lalu diserahkan pada Prabu Maguwa. Sinjanglaga diutus ke Pranaraga meminta pencuri, Prabu Maguwa dan para raja disuruh ikut serta, lalu berangkat.

Diceritakan Dipati Liyangan, Raden Arya Penantarja, mendengar kabar bahwa sang adik Jaka Blaru tertangkap, Penambangan lalu pulang ke rumah.

Diceritakan Klana Jayakusuma, kedatangan para saudara yang menyerahkan pencuri sakti. Jaka Blaru saat ditanya menjawab bukan pencuri, Kumuda ikut menambahi, berkata bahwa Jaka Blaru bukan pencuri, Kumuda lalu disuruh membawanya ke dalam. Tidak lama datang Kudatilarsa, memberikan tebusan. Dewi Nawangresmi lalu dibawa masuk ke dalam. Jaka Blaru dilepaskan, tidak lama datang Dewi Turuntangis, bersimpuh di kaki kakak sambil menangis, lalu disuruh masuk ke dalam. Panji perintah untuk bersiap, tidak lama datang Sinjanglaga, meminta pencuri sakti, Panji tidak memberikan, lalu bertarung sengit. Wadya Ngurawan dan wadya Maguwa terdesak mundur terkena panah badai. Panji menghibur Kirana. Menjelang pagi Gending Onang-onang.

Punika lampahan Jaka Sidik.
Nomêr: 20.

Ini cerita Jaka Sidik.
Nomor: 20.

Wiwit jêjêr Prabu Kêdhiri, nimbali Patih Jayabadra, Pêrbatakusuma, Pênambangan, angraosi icalipun Căndrakirana, kalih Panji Marabangun, Prabu Kêdhira adamêl siyumbara, sintên kang sagêt manggihakên Căndrakirana kadadosakên prabu anom. Patih kinèn angundhangakên [a...]

Dimulai adegan Prabu Kediri, memanggil Patih Jayabadra, Perbatakusuma, dan Penambangan. Membicarakan hilangnya Candrakirana dan Panji Marabangun. Prabu Kediri membuat sayembara, siapa pun yang bisa menemukan Candrakirana akan dijadikan prabu anom. Patih diperintah untuk mengumumkan

--- 117 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 34 dari 42

--- 117 ---

[...ngundhangakên] lawan Radèn Pêrbatakusuma, ratu kundur, kèndêl gapura kaputrèn.

Kocap pasowan jawi, Patih Jayabadra, Pêrbatakusuma, Pênambangan, rêmbagan angundhang-undhangakên siyumbara, dhatêng ing padhusunan, lajêng pangkat mawi bubar-bubaran.

Kocap Brêmanakăndha wontên ing awang-awang, mêstas nyolong Căndrakirana, Kirana nêdha adus, awit gêrah sangêt. Brêmana mirsa kuntul anglayang lajêng aniyup, lajêng lumêbên[43] banawi palabuhan.

Kocap ing taman ing Kêdhiri, Dèwi Mindaka lan êmban, nimbali pêrtinggi, lajêng karêsmèn. Pêrtinggi pamit badhe madosi kang raka, lajêng pangkat mawi wêwanan.

Kocap Jaka Kêdhungsakêthi, lan kang rayi Dèwi Turuntangis, Turuntangis karuna nyuwun wadêr bang sisik kêncana, Bancak Dhoyok kinèn anjala dhatêng bênawi, Bancak lajêng anjala angsal Brêmana, jala lajêng katatas ing cengkrong, sarêng katarik jala katingal bêdhah, Dhoyok srêngên. Bancak kinèn kantun ing pinggir bênawi, Dhoyok mantuk badhe matur.

Kocap Jaka Kêdhungsakêthi, lan kang rayi Dèwi Turuntangis, kang raka dipun aturi nusul dhatêng bênawi, tan dangu dhatêngipun Wiragatruna, matur dèrèng angsal wadêr brit, jala dipun bêdhahakên Bancak. Panji langkung duka, Bancak kinèn nyêngkalak lajêng kinèn jêgurakên bênawi, Dhoyok nusul dhatêng bênawi malih. Kocap Bancak ingkang nglêlipur manahipun, dhatêngipun Wiragatruna, Bancak lajêng dipun cêngkalak kagêbyurakên ing bênawi, Dhoyok lajêng matur ing gusti.

Kocap Brêmana têngga Kirana wontên mega malang, Kirana [Ki...]

bersama dengan Raden Perbatakusuma, raja masuk, berhenti sejenak di gapura kaputren.

Diceritakan pertemuan di luar (keraton), Patih Jayabadra, Perbatakusuma, dan Penambangan membicarakan pengumuman sayembara, ke pedesaan, lalu berangkat, adegan bubar-bubaran.

Diceritakan Bremanakanda yang berada di angkasa, baru saja menculik Candrakirana. Kirana ingin mandi, karena sangat gerah. Bremana melihat burung kontul yang melayang lalu menukik, kemudian masuk ke pelabuhan.

Diceritakan di taman Kediri, Dewi Mindaka dan emban memanggil pertinggi, lalu diajak bercinta. Pertinggi pamit hendak mencari sang kakak, lalu berangkat, adegan wewanan.

Diceritakan Jaka Kedungsaketi dan sang adik Dewi Turuntangis. Turuntangis menangis minta ikan wader merah bersisik emas. Bancak dan Doyok disuruh menjala ke bengawan. Bancak lalu menjala dapat Bremana, jala lalu dipagas dengan sabit. Setelah ditarik terlihat jala robek, Doyok marah. Bancak disuruh tetap di tepi bengawan, Doyok pulang hendak melapor.

Diceritakan Jaka Kedungsaketi dan sang adik Dewi Turuntangis, sang kakak disuruh menyusul ke bengawan, tidak lama datang Wiragatruna, berkata belum mendapatkan ikan wader merah, jala malah dirobekkan Bancak. Panji sangat marah, disuruh mengikat Bancak dan melemparkan ke bengawan. Doyok kemudian menyusul lagi ke bengawan. Diceritakan Bancak yang sedang menghibur diri, datang Wiragatruna, Bancak diikat dan dilemparkan ke bengawan, Doyok lalu melapor kepada gustinya.

Diceritakan Bremana menunggu Kirana di atas awan. Kirana

--- 118 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 35 dari 42

--- 118 ---

[...rana] priksa bangke kèli wontên bêngawan alembak-lembak. Brêmana kinèn mêndhêt batên purun, namung Kirana mêksa, Brêmana nuruti, bangke lajêng kasaus[44] badhe kabêkta, mawi banyolan, dumugi pêntasan lajêng dipun uculi kasukakakên Kirana, Brêmana pamit adus. Kirana dhawuhi Bancak kinèn nyêlêr sandhanganipun Brêmana, Bancak mangkat. Kocap Brêmana adus, sandhanganipun kasèlèh pinggir bênawi, Bancak lajêng nyêlêr nuntên wangsul, kasaosakên Kirana, kakarsakakên ngangge Bancan,[45] sampun kaangge, Kirana mundhut gendhong, Bancak mêsat ing jumantara.

Kocap Brêmana mêntas sangking siram, badhe dandos sandhanganipun botên wontên, tumênga ngawiyat sampun andugi dipun angge Bancak mêsat ing jumantara, Kirana kabêkta, Brêmana nyipta sandhangan lajêng mêsat nututi, lajêng tanglêt rêbatan Kirana, Brêmana kawon, lumajar mantuk dhatêng Maguwa wadul ingkang putra, Kirana ngajak mantuk dhatêng nagari Kêdhiri.

Kocap ing Maguwa, Klana, nimbali para raja, Patah[46] Jayapuspita, Klana kasmaran Kirana, tan dangu dhatêngipun Brêmanakăndha, paring pirsa Kirana sampun kenging dipun colong, namung karêbat Jaka Sidik, ing Karangjongke, Klana duka, parentah dhatêng para raja anglurug mundhut Kirana, sarta parentah kajinêman, pun Jalasêngara, Jaladriya, kakarsakakên nyidra Jaka Sidik. Brêmana pamit amangun tèki, Klana nimbali kang rayi Dèwi Wêrdeya, kakarsakakên dhèrèk nglurug dhatêng Kêdhiri. Pangkat mawi bubar-bubaran.

Kocap Prabu Kêdhiri, Pandhita Rara, pramèswari, Mindaka, Pêrbatakusuma matur botên angsal damêl, pramèswari

melihat ada bangkai hanyut di bengawan yang meluap. Bremana disuruh mengambil tidak mau, tetapi Kirana tetap memaksa, Bremana akhirnya mau, bangkai disambar dan dibawa, adegan banyolan, sesampainya di daratan dilepaskan dan diberikan Kirana, Bremana pamit hendak mandi. Kirana perintah ke Bancak agar mencuri pakaian Bremana, Bancak berangkat. Diceritakan Bremana mandi, pakaiannya diletakkan di tepi bengawan, Bancak lalu mencuri dan kembali, diberikan Kirana, Bancak disuruh mengenakan, sudah dipakai, Kirana minta gendong, Bancak melesat ke angkasa.

Diceritakan Bremana yang selesai mandi, hendak berpakaian namun pakaiannya tidak ada, melihat ke atas sudah menduga dipakai oleh Bancak melesat ke angkasa, Kirana dibawa. Bremana mencipta pakaian lalu melesat mengejar, bertarung memperebutkan Kirana, Bremana kalah, berlari pulang ke Maguwa laporan putranya. Kirana mengajak pulang ke negara Kediri.

Diceritakan di Maguwa, Klana memanggil para raja, Patih Jayapuspita. Klana kasmaran pada Kirana. Tidak lama datang Bremanakanda, memberitahu bahwa Kirana sudah berhasil diculik, namun direbut oleh Jaka Sidik di Karangjongke. Klana marah, perintah pada para raja untuk menyerbu merebut Kirana, serta perintah pada kajineman bernama Jalasengara dan Jaladriya, untuk menculik Jaka Sidik. Bremana pamit untuk bertapa, Klana memanggil sang adik Dewi Werdeya, disuruh ikut menyerbu ke Kediri. Berangkat, adegan bubar-bubaran.

Diceritakan Prabu Kediri, Pandita Rara, permaisuri Mindaka, Perbatakusuma melapor tugasnya gagal. Permaisuri bersikeras

--- 119 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 36 dari 42

--- 119 ---

mothah kinèn madosi Kirana, dipun ngantos kapanggih, tan dangu dhatêngipun Jayabadra, matur Kirana sampun dhatêng, ingkang manggihakên pun Jaka Sidik. Pêrbatakusuma kadhawuhan nimbali, sarêng prapta lajêng rinangkul ingkang rama lan kang ibu, tuwin ingkang wa Pandhita Rara, Prabu Kêdhiri andangu purwa madya wusana, sarêng kang putra sampun matur, Pêrbatakusuma kautus nimbali Jaka Sidik. Jaka Sidik mopo, Kirana mêdal piyambak nimbali, Jaka Sidik lajêng tumut. Prabu Kêdhiri mriksani Jaka Sidik langkung rêna ing galih, lajêng andhawuhi Pêrbatakusuma kinèn ngundhangakên, Kirana kadhaupakên kalihan Jaka Sidik, sarta ingangkat Prabu Anom, kadalêmakên lèr pêkên, kawênangakên ukêl kêkêlingan, kalihan nabuh găngsa Barung Sinonga, Prabu Kêdhiri kundur, Prabu Anom kaaturan lênggah ing dhampar, Pêrbatakusuma nimbali Patih Jayabadra, Kirana parentah dhatêng kang rayi kinèn angladosi Prabu Anom. Kirana kundur, Prabu Anom lênggah ing dhampar, Pêrbatakusuma Patih Jayabadra sami sowan, mawi banyol pundhutan dhêdhaharan, sarta andhawuhakên awisan, sarta parentah kinèn nimbali ingkang putra Radèn Kêdhungsakêthi, lan Dèwi Turuntangis, sarta Parpat Wiragatruna, kadhawuhana bêkta lumbung ijèn, lan kadhawuhana mutêr sumur, Pêrbatakusuma lan patih lajêng pangkat.

Kocap Jaka Kêdhungsakêthi, lan kang rayi Dèwi Turuntangis, Turuntangis mothah takèn Bancak, tan dangu dhatêngipun Pêrbatakusuma, Patih Jayabadra, kautus Prabu Anom nimbali Jaka Kêdhungsakêthi, lan Dèwi Turuntangis, sarta Wiragatruna, kadhawuhan nitih joli jêmpana, Wiragatruna

untuk mencari Kirana, harus sampai ketemu. Tidak lama datang Jayabadra, berkata Kirana sudah datang, yang menemukan Jaka Sidik. Perbatakusuma disuruh memanggil, setelah datang lalu dipeluk oleh sang rama dan sang ibu, serta sang uwa Pandita Rara. Prabu Kediri menanyakan awal mula sampai akhir. Setelah sang putra menjawab, Perbatakusuma diutus memanggil Jaka Sidik. Jaka Sidik tidak mau, Kirana keluar sendiri untuk memanggil, Jaka Sidik lalu ikut. Prabu Kediri melihat Jaka Sidik hatinya sangat senang, lalu perintah pada Perbatakusuma agar memberi pengumuman, Kirana dinikahkan dengan Jaka Sidik, serta diangkat sebagai Prabu Anom, diberikan tempat tinggal di utara pasar, diberi wewenang mengenakan gelungan jenis ukel kekelingan, serta menabuh gamelan Barung Sinonga. Prabu Kediri masuk, Prabu Anom dipersilahkan duduk di singgasana. Perbatakusuma memanggil Patih Jayabadra, Kirana perintah pada sang adik agar melayani Prabu Anom. Kirana pulang, prabu anom duduk di singgasana. Perbatakusuma Patih Jayabadra menghadap, dengan sambil bercanda menyajikan hidangan, serta menyampaikan larangan, serta perintah agar memanggil sang putra Raden Kedungsaketi dan Dewi Turuntangis, serta Parepat Wiragatruna, disuruh membawa lumbung sendirian, dan disuruh memutar sumur, Perbatakusuma dan patih berangkat.

Diceritakan Jaka Kedungsaketi dan sang adik Dewi Turuntangis, Turuntangis bersikeras bertanya pada Bancak, tidak lama datang Perbatakusuma dan Patih Jayabadra, diutus Prabu Anom untuk memanggil Jaka Kedungsaketi, Dewi Turuntangis, serta Wiragatruna, disuruh naik joli jempana, Wiragatruna

--- 120 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 37 dari 42

--- 120 ---

kadhawuhana bêkta lumbung, Jaka Kêdhungsakêthi matur mopo badhe lumampah dharat, lajêng sami pangkat dharat, Wiragatruna bêkta lumbung.

Kocap para kadeyan, kapêthuk radèn pêrtinggi, sami rêmbagan, mirêng warti ing Kêdhiri jumênêngakên Prabu Anom, sami golong rêmbag nêdya suwita.

Kocap Prabu Anom Jaka Sidik, lênggah akalihan Kirana, dhatêngipun Pêrbatakusuma ngirit Jaka Kêdhungsakêthi, lan Dèwi Turuntangis, Parpat Wiragatruna, lajêng kapasrahakên Kirana lumêbêt ing dalêm, katungka dhatêngipun para kadeyan, matur sami suwita, lajêng kapatut pandamêlanipun, Prabu Anom lajêng kundur.

Kocap Jaka Kêdhungsakêthi, sawêk nuju sare kacidra pun Jaladriya, Jalasêngara, kajinêmanipun Prabu Klana, Kêdhungsakêthi pêjah, Wiragatruna tan trima, Prabu Anom lajêng kabujung-bujung babar Bancak. Kêdhungsakêthi dipun jampèni Kirana, lajêng babar Panji, lajêng kapanggih para kadeyan.

Kocap Klana lan para raja, dhatêngipun kajinêman matur yèn angsal damêl, lajêng parentah ngangsêg dhatêng Kadhiri.

Kocap Panji Marabangun lan para kadeyan, dhatêngipun pêcambêng, matur yèn wontên mêngsah dhatêng, lajêng kapêthukakên, tanglêt agêng, Klana sawadyabalanipun kawon, Panji panggih lan Kirana, byar Pêrcowan.

disuruh membawa lumbung. Jaka Kesungsaketi menjawab tidak mau hendak berjalan darat, lalu semua berjalan darat, Wiragatruna membawa lumbung.

Diceritakan para saudara, bertemu dengan raden pertinggi, saling bercakap, mendengar kabar bahwa di Kediri menobatkan Prabu Anom, semua sepakat hendak mengabdi.

Diceritakan Prabu Anom Jaka Sidik, duduk dengan Kirana, lalu datang Perbatakusuma membawa Jaka Kedungsaketi, Dewi Turuntangis, dan Parepat Wiragatruna lalu diserahkan pada Kirana masuk ke dalam. Disusul kedatangan para saudara, berkata hendak mengabdi, lalu diberi tugas yang sesuai, Prabu Anom lalu pulang.

Diceritakan Jaka Kedungsaketi, saat sedang tidur, dibunuh oleh Jaladriya dan Jalasengara, kajinemannya Prabu Klana. Kedungsaketi tewas, Wiragatruna tidak terima, Prabu Anom lalu dikejar-kejar dan berubah wujud jadi Bancak. Kedungsaketi diobati oleh Kirana, lalu berubah menjadi Panji, dan bertemu para saudara.

Diceritakan Klana dan para raja, kedatangan kajineman melapor bahwa tugasnya telah berhasil, lalu perintah untuk menyerbu Kediri.

Diceritakan Panji Marabangun dan para saudara, datang pecambeng, melapor bahwa ada musuh datang. Lalu disambut, terjadi pertempuran besar. Klana dan seluruh wadyabalanya kalah, Panji bertemu dengan Kirana. Menjelang pagi Gending Percowan.

Punika lampahan Priyambada.
Nomêr: 21.

Ini cerita Priyambada.
Nomor: 21.

Wiwit jêjêr Prabu Kêdhiri, nimbali Patih Jayabadra, Pêrbatakusuma, Pênambangan, angraosi anggènipun badhe ambojakrama ingkang putra Rêtna Mindaka, dhaup Prabu

Dimulai adegan Prabu Kediri, memanggil Patih Jayabadra, Perbatakusuma, dan Penambangan, membicarakan akan diadakannya pesta perkawinan sang putri Retna Mindaka yang menikah dengan Prabu

--- 121 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 38 dari 42

--- 121 ---

Klana ing Maguwa, namung pangantèn gadhah panuwun nyuwun patah sajodho, tan dangu dhatêngipun utusan Maguwa, pun Lanjak Prakosa, Maengsa Nabrang, anyaosakên pasungsung sarta nêrang ing damêl, Prabu Kêdhiri mangsuli katamtokakên, sarta kadhawuhan mundhut patah sajodho, utusan pamit mantuk. Prabu Kêdhiri dhawuh dhatêng patih lan kang putra Pêrbatakusuma, Brajanata, Pênambangan, kakarsakakên tata-tata sumêkta ing damêl, ratu kundur kèndêl gapura kaputrèn lajêng muja sêmèdi.

Kocap pasowan jawi, Brajanata, Pêrbatakusuma, Jayabadra, Pênambangan, rêmbag sami andum damêl, pangkat mawi bubar-bubaran.

Kocap Prabu Maguwa, pinarak ing pagêlaran, animbali Patih Jayapuspita, Prabu Madhêndha, Magada, Răngga Thonathani, mawi kêsmaran, dhatêngipun utusan kalih, sarêng matur Prabu Maguwa suka kang galih, parentah apêrdandanan sarta dhawuhakên ngupados patah, ratu kundur kapêthukakên ingkang rayi, Wêrdeya, Tigaron, kapatêdhan pir[47] liring prakawis sadaya, nuntên angrasuk busana, sarêng sampun miyos pangkat, mawi bubar-bubaran.

Kocap ing pêrtapan, Panji Priyambada lan kang rayi Dèwi Turuntangis, mothah ngajak mantuk dhatêng nêgari, lajêng pamit ingkang eyang bagawan Sidik Wêcana, pamit badhe ningali pangantèn dhatêng nêgari, lajêng pangkat mawi alas-alasan.

Kocap Bugis kang jampangi margi, dhatêngipun Anggot Mêndhali, matur yèn wontên satriya langkung, langjêng[48]

Klana di Maguwa, tetapi pengantin punya permintaan minta patah satu pasang. Tidak lama datang utusan dari Maguwa, yaitu Lanjak Prakosa, Maengsa Nabrang menyerahkan hantaran serta menanyakan perihal perhelatan. Prabu Kediri menjawab sudah ditentukan, serta meminta sepasang patah, utusan pamit pulang. Prabu Kediri memberi perintah pada patih dan sang putra Perbatakusuma, Brajanata, dan Penambangan agar mengadakan persiapan perhelatan. Raja masuk berhenti sejenak di gapura kaputren, lalu bersemadi.

Diceritakan pertemuan di luar (keraton), Brajanata, Perbatakusuma, Jayabadra, dan Penambangan, membicarakan pembagian kerja, lalu berangkat, adegan bubar-bubaran.

Diceritakan Prabu Maguwa, duduk di pagelaran, memanggil Patih Jayapuspita, Prabu Madenda, Magada, Rangga Tonatani, dengan adegan asmara, lalu datang dua utusan, setelah melapor Prabu Maguwa hatinya senang. Perintah agar bersiap-siap serta menyuruh mencari patah. Raja masuk disambut sang adik, Werdeya dan Tigaron. Keduanya diberitahu semua kabar yang ada, lalu mengenakan busana, setelah selesai lalu keluar dan berangkat, adegan bubar-bubaran.

Diceritakan di pertapaan, Panji Priyambada dan sang adik Dewi Turuntangis, memaksa ingin pulang ke negara. Lalu pamit pada sang eyang Begawan Sidik Wecana, pamit ingin melihat pengantin negara, lalu berangkat, adegan alas-alasan.

Diceritakan Bugis yang mengawasi di jalan, lalu datang Anggot Mendali, melapor bahwa ada satria yang hendak melintas, lalu

--- 122 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 39 dari 42

--- 122 ---

kapêthukakên, tanglêt, Bugis kawon, Priyambada lajêng.

Kocap Rêtna Cindhaga wontên dalêm kasatriyan, lan êmban, kêparak, angraosi Căndrakirana anggènipun dipun kubonakên, wontên ing Sokajênar, Cindhaga amuja bêrkasakan, kinèn anggodha Radèn Putra Marabangun, bêrkasakan sami kesah, Cindhaga nusul dhatêng pasowan jawi.

Kocap Dhoyok sarta Bancak sami asukan-sukan, lajêng sowan gustinipun.

Kocap Panji Marabangun, animbali para kadeyan, andangu pawartosipun nagari Kêdhiri, kalih nagari Jênggala, nuntên Rêtna Cindhaga nusul dhatêng pasowan jawi, kadeyan sami katundhung mêdal, Cindhaga anuwun dhatêngipun kang wontên pakubonan, Kirana, Dayaprana, Panji anuruti, Pêrmade kaut[49] nimbali Căndrakirana, Dayaprana, Wirun pangkat.

Kocap ing pakubonan, Căndrakirana, Dayaprana, sami ngraosi kang raka Marabangun. Dayaprana ngajak kesah, matur kautus Radèn Putra, Kirana tumurut, lajêng mangkat. Dayaprana nututi mawi wêwanan, mirsa ungêling pêksi mêrak, bêrkutut, dêrkuku, putêr, sang dyah kalih kagagas ing galih lajêng lampahipun.

Kocap Panji Marabangun, kalih kang garwa Rêtna Cindhaga, angajêng-ajêng Căndrakirana, parpat kinèn mriksa lajêng kinèn nimbali, sarêng dhatêng Panji mungkur sarwi riyak. Cindhaga ngaturi nolèh, Sarag [Sa...]

disambut, terjadi pertempuran, Bugis kalah, Priyambada melanjutkan perjalanan.

Diceritakan Retna Cindaga yang berada di dalam kasatrian bersama emban, para abdi, sedang membicarakan Candrakirana yang diasingkan di Sokajenar. Cindaga memuja dan mendatanagkan berkasakan, disuruh menggoda Raden Putra Marabangun, para berkasakan berangkat, lalu Cindaga menyusul pertemuan di luar keraton.

Diceritakan Doyok dan Bancak sedang bersenang-senang, lalu menghadap gustinya.

Diceritakan Panji Marabangun, memanggil para saudara, menanyakan kabar negara Kediri dan negara Jenggala, lalu Retna Cindaga menyusul pada pertemuan di luar keraton, saudara semua diusir keluar. Cindaga meminta didatangkan yang di pakebonan, Kirana dan Dayaprana. Panji menuruti, Permade diutus untuk memanggil Candrakirana dan Dayaprana, Wirun berangkat.

Diceritakan di pakebonan, Candrakirana dan Dayaprana sedang membicarakan sang suami Marabangun. Dayaprana mengajak pergi, berkata diutus Raden Putra, Kirana menurut, lalu berangkat. Dayaprana mengikuti, adegan wewanan, mendengarkan kicau burung merak, perkutut, derkuku, puter, kedua sang putri merasakan dalam hati dan terus melanjutkan perjalanan.

Diceritakan Panji Marabangun bersama sang istri Retna Cindaga, menanti Candrakirana, parepat disuruh memeriksa lalu disuruh memanggil. Setelah datang Panji berpaling sambil meludah. Cindaga menyuruh untuk menatap, Sarag menyambut Kirana

--- 123 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 40 dari 42

--- 123 ---

[...rag] ambagèkakên Kirana sarwi nosotakên, lajêng mundhut busananipun Kirana, lajêng kasaosakên. Sarag nuntên dhawah api-api katêluh setanipun Kirana, Panji duka dhatêng Kirana sarta dipun pala, lajêng katundhung, Kirana kesah, dumugi jawi kapanggih Dayaprana, sanjang mêntas dipun pala, Dayaprana runtik lajêng lumêbêt, Panji taksih pinarak lan Cindhaga, Cindhaga nakèkakên Dayaprana botên tumut. Panji ngampah, dhatêngipun Dayaprana sarwi dhèhèm, Panji kesah, Dayaprana kantun kalih Cindhaga, lajêng pabên ulêng, Bancak nulungi, Cindhaga kuwalahên. Panji misah Bancak lumajar, Dayaprana dipun jêngkangakên dhatêng Panji, Dayaprana nangis lajêng kesah, dugi jawi panggih Kirana, jarwa-jinarwa, lajêng sami kesah, Bancak balik tumut Kirana, putri kalih lajêng dhatêng Kêdhiri, Bancak kang dhèrèkakên.

Kocap Panji kalih Sarag, animbali para kadeyan, andangu kesahipun sang dyah kalih, Wirun matur kadugi kesahipun sampun têbih, dhatêngipun utusan Kêdhiri pun Supatra Pêngrawit, matêdhani pirsa bab ing damêl, sarta nimbali Panji sak garwanipun, Panji matur sandika, namung Kirana kaaturakên sawêk gêrah, utusan pamit mantuk, Panji dhawuh pradandosan, lajêng pangkat.

Kocap Pêrbatakusuma, kapanggih Supatra Pêngrawit, andangu lampahipun dhatêng kasatriyan, sampun kaaturakên sadaya, Pêrbatakusuma saklangkung gêgêtuning galih, dhatêngipun Panji Priyambada, lan Dèwi Turuntangis, Pêrbatakusuma manggihi kang raka Priyambada, [Priyamba...]

sambil mengumpat, lalu mengambil busana Kirana dan diberikan. Sarag pura-pura jatuh terkena guna-guna setan dari Kirana. Panji marah pada Kirana dan dihajar, lalu disuruh pergi. Kirana pergi, sampai di luar bertemu dengan Dayaprana, berkata bahwa baru saja dihajar. Dayaprana marah lalu masuk, Panji masih duduk bersama Cindaga, Cindaga menanyakan Dayaprana tidak ikut. Panji menahan emosi, kedatangan Dayaprana sambil dehem, Panji pergi, Dayaprana hanya tinggal bersama Cindaga, lalu bertengkar ramai, Bancak menolong, Cindaga kewalahan. Panji memisah Bancak lari, Dayaprana dijungkalkan oleh Panji, Dayaprana menangis lalu pergi, sampai di luar bertemu Kirana, bercakap-cakap, lalu keduanya pergi, Bancak kembali ikut Kirana, kedua putri lalu ke Kediri, diikuti oleh Bancak.

Diceritakan Panji dan Sarag, memanggil para saudara, menanyakan kepergian kedua sang putri, Wirun menjawab diperkirakan perginya sudah jauh. Lalu datang utusan Kediri bernama Supatra Pengrawit, menanyakan perihal perhelatan, serta memanggil Panji dan istrinya. Panji menjawab bersedia, namun Kirana dikatakan sedang sakit, utusan pamit pulang. Panji perintah untuk bersiap, lalu berangkat.

Diceritakan Perbatakusuma, bertemu dengan Supatra Pengrawit, menanyakan perjalanannya ke kasatrian, sudah diceritakan semuanya. Perbatakusuma hatinya sangat kecewa, lalu datang Panji Priyambada dan Dewi Turuntangis, Perbatakusuma menemui kakak Priyambada,

--- 124 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 41 dari 42

--- 124 ---

[...da] namung sêmu lingsêm, jarwa-jinarwanan, Priyambada kaaturan kèndêl, jênêngi pandamêlan, lajêng dipun aturi lumêbêt kadhaton kapanggih Mindaka.

Kocap Mindaka kalihan êmban, angraosi anggènipun dipun lamar Prabu Maguwa, dhatêngipun Pêrbatakusuma kalih Priyambada, nanging Dèwi Turuntangis kantun, Pêrbatakusuma masrahakên Priyambada, Priyambada kipa-kipa nanging pinêksa, Pêrbatakusuma lajêng kesah, Priyambada lajêng gunturi srênggara, lajêng karêsmèn.

Kocap Turuntangis badhe madosi ingkang raka, Prêbatakusuma[50] priksa lajêng nututi, ngindhik-indhiki sangking wingking, Turuntangis dipun cêpêng kagèt ujêg-ujêgan, lajêng karêsmèn, bakda lajêng sami pinarak mêdal, dhatêngipun Căndrakirana kalih Dayaprana, katiga Bancak, Turuntangis, Mindaka inggih manggihi, jarwa-jinarwa, Căndrakirana priksa patrapipun ingkang rayi langkung gêgêtun ing galih, Pêrbatakusuma ngaturi kang bok sêkalihan, angrakit sêgah tamu, sang dyah kalih lan ingkang rayi sami kundur, Bancak kasuwun kantun kadamêl wakil manggihi tamu, Pêrbatakusuma dhawuhi dhatêng patih, yèn kang manggihi tamu wakil Bancak. Satriya kalih lajêng mriksani pandamêlan. Banca[51] lajêng lênggah kaparak ing para parêkan, mawi banyolan, mundhut pintan sajèn dhaharing wakil, dhatêngipun tamu, Patih Jênggala, Ngurawan, Singasari, sarta para bupati sami nyumbang.

Dhatêngipun Panji Marabangun lan kang garwa Cindhaga, dipun sêgah sêkul mambu, dhaharan sarwa kulit,

tetapi terlihat agak malu, bercakap-cakap, Priyambada disuruh berhenti, memeriksa pekerjaan, lalu dipersilahkan masuk ke kadaton untuk bertemu Mindaka.

Diceritakan Mindaka bersama emban, membicarakan lamaran Prabu Maguwa pada dirinya, datang Perbatakusuma dan Priyambada, tetapi Dewi Turuntangis tertinggal. Perbatakusuma menyerahkan Priyambada, Priyambada menolak keras namun dipaksa, Perbatakusuma lalu pergi. Priyambada lalu memberikan rayuan, kemudian diajak bercinta.

Diceritakan Turuntangis hendak mencari sang kakak, Perbatakusuma mengetahui lalu mengikuti, mengawasi dari belakang. Turuntangis dipegang terkejut hingga terjadi pergumulan, lalu diajak bercinta. Selesai bercinta kemudian duduk di luar. Datang Candrakirana, Dayaprana, dan yang ketiga Bancak, Turuntangis dan Mindaka juga menemui, bercakap-cakap. Candrakirana mengetahui perilaku sang adik hatinya kecewa, Perbatakusuma mempersilahkan kedua sang embok, menyiapkan hidangan tamu. Kedua sang putri dan sang adik semua pulang, Bancak disuruh tetap tinggal sebagai wakil menemui tamu. Perbatakusuma perintah pada patih, jika yang menemui tamu diwakili Bancak. Kedua satria kemudian memeriksa pekerjaan. Bancak lalu duduk di samping para parekan, adegan banyolan, minta jatah sajen hidangan wakil. Lalu datang tamu, Patih Jenggala, Ngurawan, Singasari, serta para bupati memberi sumbangan.

Datang Panji Marabangun dan sang istri Cindaga, disuguh nasi basi, makanan serba kulit,

--- 125 ---

Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), 1902, #1034 (Cerita 13–21): Citra 42 dari 42

--- 125 ---

Panji duka, Bancak dipun bujung sarwi ngliga dhuwung, Bancak lumajar dipun cêgati Căndrakirana, sarwi angumpah-umpah, Dayaprana ngisin-isin. Panji lilih dukanipun, Cindhaga priksa lajêng lumajar, dipun adhangi Brajanata kasingidakên.

Kocap Prabu Maguwa, lan para raja, dhatêngipun têlik, matur ingkang wontên kadhaton Kêdhiri Panji lan para kadeyan, Klana nêdya soroh amuk, tanglêt agêng, Klana lan para raja kawon. Panji panggih Kirana, byar Onang-onang.

Panji marah, Bancak dikejar sambil membawa keris terhunus, Bancak lari dihadang Candrakirana, sambil mengungkit-ungkit, Dayaprana mengolok-olok. Kemarahan Panji reda, Cindaga mengetahui lalu berlari, dihadang Brajanata dan disembunyikan.

Diceritakan adegan Prabu Maguwa dan para raja, kedatangan prajurit mata-mata, melapor yang berada di kadaton Kediri adalah Panji dan para saudara, Klana hendak mengamuk, terjadi perang besar, Klana dan para raja kalah. Panji bertemu dengan Kirana. Menjelang pagi Gending Onang-onang.

 


Bagian judul ini muncul pada halaman sebelumnya. (kembali)
mêdal. (kembali)
dene. (kembali)
kesah. (kembali)
nimbali. (kembali)
tata-tata. (kembali)
angrêmbag barising. (kembali)
lan. (kembali)
kagagas. (kembali)
10 kabuntêl. (kembali)
11 cènthèlakên. (kembali)
12 mêdal. (kembali)
13 kacandhak. (kembali)
14 pêpèngêt. (kembali)
15 sawêg. (kembali)
16 Cindhaga. (kembali)
17 angèngêtana. (kembali)
18 drubigsa. (kembali)
19 pangkat. (kembali)
20 Kirana. (kembali)
21 Madubrăngta. (kembali)
22 Kirana. (kembali)
23 Kirana. (kembali)
24 kapanggih. (kembali)
25 nututi. (kembali)
26 Bugis. (kembali)
27 Ngurawan. (kembali)
28 malêbêt. (kembali)
29 kinèn. (kembali)
30 Klana. (kembali)
31 kadeyan. (kembali)
32 ngintip. (kembali)
33 Ywang. (kembali)
34 dhaup. (kembali)
35 Suksmalêngkara. (kembali)
36 Madhêndha. (kembali)
37 ngrêbat. (kembali)
38 Suksmalêngkara. (kembali)
39 tindak. (kembali)
40 Paningron. (kembali)
41 prayitna. (kembali)
42 Kumuda. (kembali)
43 lumêbêt. (kembali)
44 kasaut. (kembali)
45 Bancak. (kembali)
46 Patih. (kembali)
47 pirsa. (kembali)
48 lajêng. (kembali)
49 kautus. (kembali)
50 Pêrbatakusuma. (kembali)
51 Bancak. (kembali)