Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 12)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 03). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 04). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
6. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
7. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
8. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
9. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
10. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
11. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
12. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
13. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
14. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
15. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
16. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
17. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
18. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
19. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
20. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
21. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
22. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
23. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 23). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
24. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
25. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
26. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
27. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
28. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
29. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
30. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
31. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 07-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 12

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 12 : [1] ---

Serie No. 1289k

Babad Tanah Jawi

Jilid: 12

Gègèr Trunajaya. Nagari Mataram risak. Sunan Mangkurat seda, sumare ing Têgalwangi

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 12 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 12 : 3 ---

Trunajaya santun nama Panêmbahan Madurêtna ing Surabaya, ambalela mêngsah Mataram dipun biyantu prajurit Makasar [lanjutan].

49. ing Japara samana wis prapti | samya amondhok sajroning kitha | lwir grah kapitu swarane | pangran dipati wau | masanggrahan griyanirèki | Ngabèi Wăngsaprana | Pangran Singasantun | mondhok sakiduling pura | Dyan Pangeran Purubaya pondhoknèki | wontên ing Kasatusan ||[1]

50. dene Pangeran Balitar nênggih | sami amondhok Bayularangan | pangran ing Sampang pondhoke | jawining kitha iku | wong pasisir bang kilèn prapti | kapanggih ing Jêpara | Kêndhal Kaliwungu | ing Batang lan Pêkalongan | ing Barêbês Pêmalang lawan Tatêgil | tanapi ing Sêmarang ||

51. ing Dêmak ika sarênge prapti | tiyang Kudus Pathi lan Juwana | pêpak Jêpara ênggone | sampuning tigang dalu | kawarnaa pangran dipati | prasamya parêmbagan | lan kang eyang wau | pangeran ing Purubaya | pan pêpakan para santana Matawis | miwah para dipatya ||

52. miwah pangeran ing Singasari | Pangran Balitar pangran ing Sampang | pangran dipati dêlinge | marang kang eyang wau | kadipundi eyang kang warti | têtiyang ing Madura | lan Makasaripun | matur Pangran Purubaya | wartinipun wong Sampang anunggil baris | kalawan [kala...]

--- 12 : 4 ---

[...wan] wong Makasar ||

53. tiyang pasisir bang wetan nênggih | sami sowan dhatêng Surapringga | mring Trunajaya suyude | ing Sidayu kalulun | ing Garêsik miwah ing Tubin | ing Rêmbang Pajangkungan | Lasêm wus anungkul | măncanêgari bang wetan | wus kakêlun sadaya sami awingwrin | dhumatêng Trunajaya ||

54. pangran dipati grahitèng ati | Si Trunajaya ngentasi karya | kayapriye wêkasane | awak ingsun kalamun | undurana anglêlingsêmi | pasthiningsun yèn merang | marang sang aprabu | yèn ta mundura ing karya | yèn ta durung ana kaananing jurit | mandah ucap ing jana ||

55. ing ayuda arsa sun têmoni | wong Madura ya Si Trunajaya | polahe aku kang akèn | èmênge manah ingsun | wantuningsun wong pulang jurit | yèn wis atêmu watang | merang lamun mundur | yêktine alongkang pêjah | wong Mataram akarya ingsun mangsiti | pasthine ingsun merang ||

56. awêkasan pangeran dipati | angandika dhumatêng kang eyang | yèn makotên pawartine | lah suwawi ing besuk | binubarna bala Matawis | sami dharat kewala | dèn rêmpêg ing laku | dening sakèhing baita | winawratan sangune tiyang Matawis | kawota ing baita ||

57. sakathahe bupati pasisir | adharat angiringa maringwang | kalawan sagêgamane | ya ta sami arêmbug | kang santana miwah prajurit | pangandikanya pangran | Si Răngga Sidayu | aja pisah lan manira | mêsakake

--- 12 : 5 ---

iku tinilar wadyalit | lan adhi mas ing Sampang ||

58. ana ing ngarsa manawa eling | wong Madura marang yayi êmas | padha undhangana kabèh | sakyèh wadya Matarum | budhalêna lah dipun enjing | lawan Si Wăngsadipa | iya aja milu | tunggua ana Japara | lan anake kalawan bala Kumpêni | tugura ing Japara ||

59. ya ta datan kawarna ing latri | enjangane anêmbang têngara | gong bèri umyung swarane | bêndhe munya angungkung | têngêrane bubar kang baris | sakèh sanguning wadya | winrat ing parau | wus pêpak bala Mataram | yèn sinawang gêgaman kagiri-giri | kadya prawata sêkar ||

60. tiyang pasisir măncanagari | ingkang dadi cucuking ayuda | anèng ing ngarsa lakune | dening bala Matarum | wong bumija lawan panumping | wong sèwu numbakanyar | tiyang agêng wau | sami marapit rahadyan | lan Pangeran Purubaya tan atêbih | kalawan ingkang wayah ||

61. ya ta anglarug lampahing baris | ênêngêna kang lagi lumampah | ya ta kawarnaa malèh | sang aprawirèng kewuh | ingkang ngadhêp ing Surabanggi | Rahadèn Trunajaya | ingkang ajêjuluk | Panêmbahan Madurêtna | sampun angron sineba tiyang pasisir | ingkang wetan sadaya ||

62. atanapi kang măncanagari | ing bang wetan anungkul sêdaya | Ki Madurêtna barise | apan sampun akumpul | lawan Raja Galèngsong singgih | wong Makasar malatar | sami purunipun [puruni...]

--- 12 : 6 ---

[...pun] | polahe lwir Singalodra | dhasar mangke wong Sampang pan angsal galih | akanthi wong Makasar ||

63. sira Radèn Madurêtna nênggih | sêdyanira umadêg narendra | sarta lawan panjungjunge | Raja Galèngsong iku | kang nanggupi bêdhah Matawis | mila Ki Madurêtna | langkung trêsnanipun | dhumatêng Raja Makasar | Trunajaya pan datan kemutan singgih | yèn kinarya lampahan ||

64. Trunajaya akarsa pribadi | wantu wong ngêmut lêgining gula | kêmanisên arsa dhewe | apan ta datan emut | lamun wontên ingkang ngajani | Prabu Anom Mataram | tan kemutan wau | angrasa sampun kuwawa | Trunajaya dene sampun angsal kanthi | Prabu Anom Makasar ||

65. apan sampun amiyarsa warti | yèn Adipati Anom Mataram | ingkang anindaki dhewe | lawan kang kamisêpuh | sira Pangran Purubayèki | lan Pangeran Balitar | Pangran Singasantun | kêrigan bala Mataram | atanapi pasisir măncanagari | kalumpukan Jêpara ||

66. apan ta sampun bubar kang baris | saking Japara sawadyabala | pangeran dipati anèm | kang anindhihi laku | Trunajaya sampun acawis | lawan tiyang Makasar | sumêdya amêthuk | wong Sampang wus asiyaga | mêpak baris solahe anggêgilani | miwah ta wong Makasar ||

67. apan asêdya angantêp jurit | apan yudane wadya Mataram | lir singa galak olahe[2] | warnanên kang lumaku | Adipati Anom Matawis |

--- 12 : 7 ---

kang dadi senapatya | sêmana wus rawuh | ing Masahar tatan-tatan | bêbarisan saksana ngangsêg ing jurit | ing Gagodog sinêdya ||

68. tiyang Madura amapag jurit | lan wong Makasar kadi hèrnawa | apan ta sami purune | sami arêbut dhucung | kaya age panggih ajurit | ing Gêgodog wus prapta | pan dulu-dinulu | wong Sampang lan wong Mataram | pan sadaya tan ana angucap ajrih | suraking wêwingkingan ||

95. Pangkur

1. mangsah sikêp ing Madura | yèn sinawang kadi banthèng akanin | angajrihi tandangipun | kadi ta singalodra | rêbat măngsa sadaya pan sami purun | prasami aonclang watang | Makasar aonclang lêmbing ||

2. prajurite wong Madura | Mangkuyuda têguh prakosa wani | dening wau sisihipun | aran Dhangdhangwacana | anadene ing wau ta sisihipun | kang kiwa Ki Wăngsaprana | sami prakosa ing jurit ||

3. iku têtindhihing rana | dyan umangsah kadi banthèng akanin | tiyang Makasar agêmbul | kadya ta singalodra | ing ayuda punika têtindhihipun | awasta Dhaèng Marewa | kalawan Dhaèng Makinci ||

4. mangsah sikêp ing Mataram | punang bêdhil dadi cucuking jurit | swarane lwir gunung rubuh | mimis tiba lir udan | pêtêng dhêdhêt ing ayuda kadi dalu | dening kukusing sundawa | awor suraking lan janmi ||

5. nora sangsaya ajriha | wadya Sampang mirsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh [a...]

--- 12 : 8 ---

[...soroh] amuk | binendrong ing sanjata | wadya Sampang pinuntir babrêngosipun | pêdhang ingikal ing kilat | sami ngagêm tamèng Bali ||

6. sawênèh aonclang watang | dyan umangsah sarwi anaun rawis | wong Madura sami purun | rame têmpuh ing yuda | lwir andaka wong Sampang pangamukipun | arame prang long-linongan | tan ana angucap ajrih ||

7. wong Makasar dènnya aprang | ngagêm lêmbing ing yuda tan ngobari | prasamya asoroh amuk | kadya ta singalodra | baya silih takdir karsaning Hyang Agung | wadyabala ing Mataram | wingwrin tan darbe kawanin ||

8. para mantri lan satriya | kang prajurit manahe lir pawèstri | kêkês tan darbe pêpurun | ingamuk de wong Sampang | wong Mataram pan aewon mawut-mawut | akathah ingkang palastra | apan datan angudhili ||

9. rusak wadya ing Mataram | prajurite prasamya angawaki | kang dados andêling kewuh | Pangeran Purubaya | anyamêthi kuda samana dyan magut | ingiring ing wadyanira | sarêng mangsah ing ajurit ||

10. Ki Ngabèi Wirajaya | dyan umangsah lan Panji Wirabumi | miwah Ki Răngga Sidayu | angamuk ambêg pêjah | para mantri Mataram sarêng umagut | dening andêling ayuda | Pangran Purbaya ngawaki ||

11. Tumênggung Rajamênggala | Arya Pamot sarêng mangsah ajurit | Pangran Balitar tan kantun | sarêng antêp ing yuda | wong Makasar sadaya sarêng umagut | Raja [Ra...]

--- 12 : 9 ---

[...ja] Galèngsong priyăngga | ingkang nindhihi ing jurit ||

12. dening Radèn Trunajaya | tiyang Sampang wau kang dèn tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran | wong Madura pasthi lanang juritipun | pilih bobot ing ayuda | tan ana angucap ajrih ||

13. wadyabala ing Mataram | kathah pêjah manahipun awingwrin | kang katrajang mawut-mawut | nora măngga puliha | prajurite apan akathah asambut | pan Ngabèi Wirajaya | pan sampun anandhang kanin ||

14. santanane kathah pêjah | ki ngabèi branane angranuhi | sêmana tiba alungguh | ludirane drês muncar | dan aniba Wirajaya datan emut | rinêbat santananira | saundure angêmasi ||

15. kang ajurit kawuyungan | Panji Wirabumi anandhang kanin | anèng ing rana kasambut | kondur wus binandhosa | Kyai Răngga Sidayu apan kasambut | ing rana sampun palastra | wingwrin wadya ing Matawis ||

16. kang dados lajêring yuda | Pangran Purbaya tinilar wadya alit |[3] prajurite kèh kasambut | nora măngga puliha | Pangran Purbaya angling sajroning kalbu | baya karsaning Pangeran | apês wadya ing Matawis ||

17. salaminingsun ayuda | apan iya nora kaya puniki | prajurit Mataram gêmpur | singa maju kabranan | wong mataram padha kêkês manahipun | dhingin kang para prawira | mangko manahe lir èstri ||

18. kapriye yèn sun mundura | wong

--- 12 : 10 ---

Mataram tan ana kaya mami | sinêmbah sinêpuh-sêpuh | mring putra myang santana | ana wrate ingsun mundura ing kewuh | tan baya angur matia | anèng têngahing ajurit ||

19. watarane manah ingwang | ing ajurit yèn tan kentas ing kami | kêrigên wadya Matarum | măngsa angêntasana | parandene ingsun iki uwis sêpuh | sêdhêng matia ing karya | rèh ingsun momong nrêpati ||

20. yèn nyata rusak Mataram | panêdhaku ingsun aja mênangi | wong Mataram sirna larut | wong Sampang lan Makasar | Pangran Purbaya wau ingkang tinêmpuh | sasêdyane anèng rana | tan gumingsir anadhahi ||

21. sira Pangeran Purbaya | pangamuke lir banthèng tawan kanin | apan wus kapanggih sêpuh | mandah kala taruna | wong Madura sing katrajang mawut-mawut | angamuk lawan curiga | dhuwunge aran pun Panji ||

22. wantu kêkathahên lawan | jêng pangeran kudane sampun mati | anumpêr pangamukipun | apan maksih adharat | wong Makasar lan wong Sampang angrarubut | pangeran pan kinathahan | winatang lawan linêmbing ||

23. nadyan si otota kawat | akulita têmbaga balung wêsi | tiyang satunggil pan rêmpu | kinarubut ngakathah | pan pangeran sakalangkung timbulipun | datan pasah dening braja | kinarubut ing ajurit ||

24. ing jro sarira wus rêmak | pan Pangeran Purbaya tiba linggih | watêk wong agung wus sêpuh | Dyan Pangeran Balitar |

--- 12 : 11 ---

pan uninga lamun kang raka kasambut | ing rana gêpah rinêbat | wong Sampang ingamuk wani ||

25. sira Pangeran Purbaya | wus karêbat binêkta mundur aglis | nanging pangeran tan emut | ingkang sarira rêmak | wong Mataram anèng payudan pan mawut | dening Pangeran Purbaya | wus kasambut ing ajurit ||

26. lwir pendah dhawuhan bêdhah | pêdhot lajêripun kari angisis | deding[4] lajêre wus rawuh | milane asasaran | dyan pangeran dipati kalulun kondur | lan Pangeran Singasêkar | de wadya tan kêna pulih ||

27. sira pangeran dipatya | manahira alit dhatêng awingwrin | dening kang eyang kasambut | ya ta apamondhokan | arêrangkah sami prayitna ing kewuh | Pangran Purbaya wus seda | lwir gêrah swaraning tangis ||

28. apan sampun binandhusa | jêng pangran binêkta mantuk Matawis | duk seda sinangkalan trus | ngamuk kapinrang janma |[5] sinusulan sangkala kalapa dêmung | naga sanga prang ing jagat |[6] ri sampun ing mangkanèki ||

29. wusing mantuk kang bandhusa | kawarnaa wau ta ingkang kari | sakèhe wadya Matarum | akêkês manahira | dening andêling kewuh sampun kasambut | para prajurit sadaya | manahe kadya pawèstri ||

30. miwah kang para santana | para putra manahira awingwrin | sampun karsaning Hyang Agung | apês wadya Mataram | yèn wus takdir tan kêna owah lan gugur | duk sedanira pangeran | ing taun Êdal anênggih ||

--- 12 : 12 ---

31. anglêrêsi sasi Saban | nuju tanggalipun ping lima nênggih | wong Mataram sami kusut | tan bêtah nora mangan | lan pinarag ing gêgêring sangêtipun | wong Mataram alorodan | apan sami minggat mulih ||

32. pangran dipati Mataram | pan kalulun sampun kondur tumuli | lan Pangeran Singasantun | miwah Pangran Balitar | lampahira sêmana apan alaju | sêdya mantuk ing Mataram | kèndêl Japara sawêngi ||

33. lajêng mantuk mring Mataram | kawarnaa duta Sampang nututi | ingkang dados tunggulipun | Tumênggung Mangkuyuda | wong Makasar Dhaèng Mrewa tunggulipun | ingkang kinèn nututana | lanpahe[7] wadya Matawis ||

34. tingkahe lir singa galak | dhasar baring mangke mêlêng ajurit | marminipun saya lacut | wong Madura sumahab | saparane anjêjarah bêbaruwun | ingkang lanang pinatenan | ingkang èstri pan ingambil ||

35. apan ta dadi bêbasan | bajag Sampang tuhu kalamun baring | kang kadalanan anungkul | tan awani malanga | ing Juwana sampun kèdêgan anungkul | darbene pan jinarahan | wong Juwana samya ngili ||

36. ing Pathi wus kaèdêkan | dening Mangkuyuda prawirèng jurit | tiyang ing Pathi kalulun | akathah ingkang pêjah | dennya mapag tiyang Sampang pêrangipun | tiyang Pathi asar-saran | sami lumayu angili ||

37. ing Kudus sampun kabêdhah | jinarahan tiyang alit awingwrin | kalangkung dening arusuh | tingkahe [ting...]

--- 12 : 13 ---

[...kahe] wong Madura | pan ing Warung Garobogan wus kalulun | binoyong lan jinarahan | puyêngan sami angili ||

38. nanging nêgari ing Dêmak | mêksih băngga angawali ing jurit | arame dènnya acampuh | tan ana kang kasoran | ing ayuda arame buru-binuru | surak lir pendah ampuhan | tan ana mundur ing jurit ||

96. Durma

1. surakipun wong Dêmak kadya ampuhan | tangkêpira ngajurit | aran prit anêba | tiyang Sampang sudira | milane rame kang jurit | tiyang ing Dêmak | prasamya ambêdhili ||

2. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadya udan | langkung ramening yuda | tiyang ing Sampang kalindhih | kathahên lawan | akathah ingkang mati ||

3. sampun kèngsêr yudane wadyèng Madura | ya ta mangetan malih | nagari Japara | wau ingkang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | apan ta ana | wau bêbanton malih ||

4. Trunajaya utusan mring wong Madura | bantoni kang kalindhih | wong măncanagara | ing bang wetan sadaya | wau ingkang ambantoni | wadya ing Sampang | ingkang dadi têtindhih ||

5. ing Japara ing wau sampun kakêpang | wadya alit atintrim | pan angungsi kitha | miwah angungsi wana | ya ta dhinêsêk tumuli | kutha Japara | arsa ginêcak wani ||

6. Wăngsadipa amuwêr sajroning kutha | akanthi lan Kumpêni | kang tunggu Japara | watawis rong bragada | sêdya rêrêmpon ing

--- 12 : 14 ---

puri | Ki Wăngsadipa | sampun angati-ati ||

7. para putra tansah pinêpêk ing ngarsa | Kiyai Jagapati | Ki Wăngsamênggala | kalawan Wăngsaprana | lan malih Ki Wirapati | Ki Imarêksa | lawan Ki Wiramantri ||

8. tan atêbih wau kang kula santana | sumêdya ambêg pati | rêrêmpon kewala | anèng sajroning kitha | anging datan amêdali | tiyang Japara | mawut kang alit-alit ||

9. amung kari uwose anèng jro kitha | akanthi lan Kumpêni | wus rakit sadaya | nèng alun-alun sira | tambure tinêmbang muni | pun mayor sira | pun Êbron kang sawiji ||

10. Kapitan Bèlêm iya kalawan lutnan | iku gagêdhenèki | saradhadhunira | apan sampun malatar | sanjatanira wus rakit | pasang bandera | sadandanan ing jurit ||

11. anèng alun-alun Kumpêni amapan | tangkêpira ngajurit | apan lêlumbungan | tambur muni brang-brangan | mayor ingkang anindhihi | sampun prayitna | sakathahing Kumpêni ||

12. kawarnaa wong Sampang angangsêg kitha | lawan măncanêgari | pasisir sadaya | samya ngêpang Jêpara | sadaya sami ambalik | măncanêgara | miwah tiyang pasisir ||

13. wus kacukup kitha Japara kakeyang | surake wanti-wanti | lir rubuh kang wiyat | dening suraking bala | Wăngsadipa tan mêtoni | muwêr ing kitha | sampun angati-ati ||

14. wong Madura sampun malêbêt ing kitha | polahe gêgilani [gê...]

--- 12 : 15 ---

[...gilani] | kanthi wong Makasar | polahira lwir yêksa | lir banthèng atawan kanin | lir singalodra | rêbat măngsa ngajrihi ||

15. wus malêbêt ing kitha sagêgamannya | Kumpêni anadhahi | mariyêm kang munya | kalawan kalantaka | nanging datan angudhili | wadya ing Sampang | ing alun-alun prapti ||

16. wong Walănda tangkêpipun lêlimbungan | sarta tambure muni | sanjata sinapan | sarêng muni sadaya | kadya rubuha ing langit | mimis lir udan | sarta swaraning janmi ||

17. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | sanjataning Kumpêni | tan ana kèndêlnya | Ngabèi Wăngsadipa | apan ta sampun umijil | lan para putra | amêtoni ing jurit ||

18. tan atêbah para mantri ing Japara | sadandanan ing jurit | arame kang yuda | anèng lun-alunira | wong Sampang akathah mati | maksih sudira | wong Madura angukih[8] ||

19. nanging Kumpni datan kêna sinawawa | bêdhile tan ngagopi | mimis kadi udan | ngalun-alun Jêpara | rakiting bala Kumpêni | alêlumbungan | nora kêna ingukih[9] ||

20. jawining alun-alun kadi ampuhan | tiyang măncanagari | pan mangsah sumahab | mong[10] pasisir arusak | tiyang Japara atintrim | jawining kitha | ngalun-alun ajurit ||

21. wong ing Sampang nèng alun-alun kèh pêjah | sami kenging ing mimis | kang ngamuk [ngamu...]

--- 12 : 16 ---

[...k] tinumbak | tiyang Sampang sudira | kang mati akêre wêsi | agêgêndèran | kêre kuningan dening ||

22. wênèh wong Sampang akulambi walulang | ya ta sampun kalindhih | yudane wong Sampang | mêdal jawining kitha | bature akathah mati | wong kawan dasa | apan pating gulinting ||

23. wong Madura undure apamondhokan | nèng Jagatamu nênggih | balane malatar | tiyang măncanagara | tanapi tiyang pasisir | sami rêrangkah | padha prayitna wèsthi ||

24. kawarnaa Wăngsadipa pagunêman | kalawan para mantri | lawan para putra | angling Ki Wăngsadipa | lah kadipundi sirèki | mêngsah kang prapta | angêpung ing nêgari ||

25. ing Jagatamu ênggone bêbarisan | kadyaparan gèn amrih | undure kang mêngsah | nora wande yèn rusak | Jêpara kalamun lami | wadya Madura | nèng Jêpara ngêbèki[11] ||

26. ya ta matur Ki Ngabèi Wăngsaprana | punika yèn suwawi | inggih kang sanjata | wontêna Danaraja | kang agêng lah dèn pilihi | ingarah-arah | tibanipun kang mimis ||

27. Jagatamu punika kang kawuwunga | ing mriyêm miwah bêdhil | saking Danaraja | lawan ing pamondhokan | ugi ingulungkên mimis | wadya Madura | inggih saking ing ardi ||

28. ya ta Ki Wăngsadipa sampun arêmbag | minggah dhatêng ing ardi | gunung Danaraja | pan sakèhing sanjata | gêng-agêng wontên ing wukir | mantri Mataram | saragêni nunggoni ||

29. Kyai Gulu [Gu...]

--- 12 : 17 ---

[...lu] kalawan Ki Singalodra | lawan Ki Gunturgêni | sapraptaning arga | ya ta Ki Wăngsadipa | sanjata dipun pilihi | ingarah-arah | mimise anibani ||

30. ing Jagatamu mêngsah Sampang malatar | ya ta pun Kumbarawi | wau kang prayoga | kang layak nibanana | ing Jagatamu ngungkuli | sigra pinasang | wau pun Kumbarawi ||

31. ing Jagatamu wau kang binênêran | pan sampun dèn isèni | ingantêp isinya | mimise wus pinasang | ya ta sinulêt tumuli | ungêl sanjata | lwir obah kang pratiwi ||

32. mimis umêsat nibani pasanggrahan | Jagatamu bênêri | gègère puyêngan | kayu katrajang sêmpal | wau katibanan mimis | saking ing arga | langkung agênging mimis ||

33. kang kasêrèmpèt wong Sampang kathah pêjah | wong pasisir awingwrin | lan măncanagara | dening ta katungkulan | kawuwung saking ing ardi | ing pamondhokan | pan ingulungkên mimis ||

34. tan antara mimis malih anarajang | wau saking ing wukir | kathah ingkang wrêksa | sami katrajang sêmpal | ya ta wau anibani | têngah pondhokan | gègèr yayah sinipi ||

35. ing Jagatamu gègère apuyêngan | dening katiban mimis | akathah kang pêjah | lumayu salang tunjang | bodhol sakala kang baris | pan apuyêngan | kalulun tan wruh warti ||

36. pan kalulun wong Madura bodholira | ing Jagatamu gusis | têtiyang Madura | lawan tiyang Makasar | ing Kudus kang dipun [di...]

--- 12 : 18 ---

[...pun] ungsi | banjur mangetan | kuwur kang wadya alit ||

37. kawarnaa Ki Ngabèi Wăngsadipa | apagunêman sami | lawan para putra | arsa atur uninga | dhatêng prabu ing Matawis | yèn ing Jêpara | wau dipun inggahi ||

38. wong Madura kawan dasa ingkang pêjah | kupinge dèn irisi | akarsa binêkta | katura ing sang nata | saksana lumampah aglis | pan putranira | ingutus mring Matawis ||

71. Mataram dipun lurugi prajuritipun Trunajaya.

39. tan kawarna lampahe ingkang utusan | apan datan alami | ya ta duta Sampang | minggah dhatêng Mataram | prajurit anglêlanangi | Dhangdhangwacana | wau ingkang kêkasih ||

40. mêdal Jipang apan anjog Jagaraga | tiyang măncanagari | bang wetan sumahab | saha gêgamanira | Dhangdhangwacana dèn iring | lan wong Madura | polahe gêgilani ||

41. nagri Pajang maksih băngga linawanan | anglawani ngajurit | nanging tan kawawa | nagari Pajang rusak | têtiyang alit awingwrin | marang wong Sampang | lwir banthèng tawan kanin ||

42. Dhangdhangwacana angancik ing Kajoran | tingkah anglêlanangi | nagari ing Pajang | anungkul kaèdêkan | tiyang jro kitha atintrim | têtiyang Sampang | tansah anjêjarahi ||

43. Dhangdhangwacana pangancike Kajoran | saha bala awrêgil [awrê...]

--- 12 : 19 ---

[...gil] | Panêmbahan Rama | sampun akumpul sira | angadêgakên kang baris | anèng Kajoran | wong Madura kinanthi ||

44. padêdesan rinayah kathah binahak | kang tumut ing Matawis | wong desa puyêngan | padha abilulungan | ingkang amiyarsa tintrim | dening wong Sampang | anginggahi Matawis ||

45. tiyang Pajang sampun anungkul sadaya | miwah măncanêgari | Warung Garobogan | Balora lan ing Japan | ing Jipang lan Jagaragi | apa-Magêtan | Madiun Panaragi ||

46. ing Kaduwang sampun anungkul sêmana | tiyang măncanagari | bang wetan sadaya | miwah pasisirira | sadaya sami ambalik | tiyang Mataram | padêdesane tintrim ||

47. sampun katur mring susunan ing Mataram | yèn wong Sampang nginggahi | ran Dhangdhangwacana | angancik ing Kajoran | ing Pajang sampun ambalik | apan kèdêkan | tiyang Pajang awingwrin ||

48. Panêmbahan Rama akêmbul wo[12] Sampang | apan sampun ambalik | ngadêgkên gêgaman | wau anèng Kajoran | apan tansah ambahaki | ingkang padesan | ingkang tumut Matawis ||

49. sri narendra sakêlangkung dukanira | sigra miyos tinangkil | pêpak para putra | miwah para santana | Pangran Dipati Matawis | munggèng ing ngarsa | lan Pangran Singasari ||

50. atanapi pangeran ing Martasana | Pangeran Pugêr nangkil | Pangeran Balitar | Pangeran Pringgalaya | lawan Radèn Wirasari | lan Wiratmêja | Wiramênggala [Wiramêngga...]

--- 12 : 20 ---

[...la] nangkil ||

51. angandika sri narendra ing Mataram | mring pangran adipati | sira tumindaka | iya maring Kajoran | lah dadia wakil mami | sira kêriga | sakèhe wong Matawis ||

52. yèn wis kalah wong Kajoran boyongana | gawanên mring Matawis | sakèh putraningwang | milua kakangira | angantêpa ing ajurit | marang Kajoran | wong Sampang kang ngunggahi ||

53. putraningsun Ki Pugêr sira milua | lawan Ki Singasari | adhi Pringgalaya | kalawan Ki Balitar | lan Si Tumênggung Matawis | Mangunnêgara | milua putra mami ||

54. alah payo sira nêmbanga têngara | mangkata padha mangkin | kang kinon anêmbah | sigra nêmbang têngara | orêg wadya ing Matawis | mêpak gêgaman | lwir udan sinêmèni ||

55. pating bêr[13] lêba wau tiyang Mataram | sami amêpak baris | ngalun-alun aglar | ing pasar kaèbêkan | gêgaman awarni-warni | tanpa wilangan | kadi prawata sari ||

56. ambêranang kang tunggul gula kalapa | pangirid saragêni | anglir kadi udan | gêbyar sanjata lanang | gêgaman dalêm arakit | wakil sang nata | pangeran adipati ||

57. lêlayua myang katub ing samirana | lwir ombaking jaladri | lan kriciking watang | srang gadêbêg ing bala | kadi ngobahakên bumi | pangriking kuda | angrok gamêlan muni ||

58. pangran dipati lagi amit mring rama | lan Pangran Singasari | Pangran Pugêr sira | Pangeran Martasana | ing rama winêling-wêling | dèn aprayitna [apra...]

--- 12 : 21 ---

[...yitna] | sun srahakên ing Widi ||

59. para putra wus atur bêkti sadaya | ya ta kondur sang aji | lumêbèng ing pura | ing jawi awurahan | punggawa lan para mantri | mêpak gêgaman | kadi prawata sari ||

60. sampun kondur Pangran Dipati Mataram | Pangeran Singasari | Pangran Martasana | Pangeran Pugêr sira | wus kondur saking anangkil | sigra adandan | sakapraboning jurit ||

61. wus sumaos wahana turăngga aglar | kadi prawata sari | barising kaputran | gêgaman warna-warna | wus pêpak kang punang baris | dyan kawarnaa | pangeran adipati ||

62. wus siyaga sadandananing ayuda | waos agêm wus mijil | miwah kang sanjata | dhahar wus tinampanan | ing wadya andêl pinasthi | para lêlurah | sami saos ing jawi ||

63. pangran dipati wus angrasuk busana | sadandanan ing jurit | dhuwung acuriga | rasukan lapis tiga | kadi Hyang Asmararêsmi | wus asiyaga | pangran dipati mijil ||

64. ginarêbêg dening kang para lêlurah | swarane gêgêtêri | lir măngsa kasapta | wau swaraning bala | kêrigan wadya Matawis | lwir wrêdu angga | dhêndhêng baris ing wingking ||

97. Pangkur

1. budhal baris ing Mataram | yèn sinawang kadi prawata sari | lêlayu myang umbul-umbul | katub ing samirana | asrang umung swaraning bala anguwuh | ing rowang lir kadi gêrah | kriciking astra agathik ||

2. Pangran Dipati Mataram | nitih kuda rêspati songsong kuning | waos [wao...]

--- 12 : 22 ---

[...s] sulam munggèng pungkur | mamas kang munggèng ngarsa | amarapit payung agung munggèng ngayun | kang munggwing awuri pisan | wong satus anumbak putih ||

3. ginarêbêg ing lêlurah | atanapi para andêling jurit | kang para rayi ing pungkur | samya anitih kuda | ginarêbêg ing wadyanira kumutug | dening asring tiningalan | prasamya asongsong kuning ||

4. gêgamane warna-warna | amarapit kanan kalawan kering | ingkang lumampah ing ngayun | bupati ing Mataram | para arya ngabèi lawan tumênggung | pangeran ing Pringgalaya | kang dadi cucuking jurit ||

5. lawan Pangeran Balitar | atanapi tumênggung ing Matawis | sawadyanira kumutug | wau ing lampahira | Mangunnêgara ika kang munggèng ngayun | lawan Radèn Wiratmêja | Wiramênggala prajurit ||

6. marga agêng kaèbêkan | ambalabar wadyabala Matawis | prasamya prayitnèng kewuh | kêrig wadya Mataram | sampun mêdal saking Taji pan anglurug | ing Kajoran kang sinêdya | kuwur manahe wong cili ||

7. ya ta wau kawara |[14] Pangran Kajoran sampun ngadêg kang baris |[15] sêmana sampun angêmbul | lan baris ing Madura | bala Sampang dening ta têtindhihipun | awasta Dhangdhangwacana | agêng ainggil tur wani ||

8. ing Pajang apan kabahak | samya nungkul mring Dhangdhangwacanèki | măncanagara wus têluk | Kaduwang Kamagêtan | wong Madura angajrihi tandangipun | ya ta wau kawarnaa | barise [bari...]

--- 12 : 23 ---

[...se] tiyang Matawis ||

9. ing Kajoran sampun prapta | wong Mataram sampun prayitnèng wèsthi | Kajoran sampun kakêpung | surak kadi ampuhan | Panêmbahan Rama wus prayitnèng kewuh | apan sampun asiyaga | sadandananing ajurit ||

10. miwah ingkang para sabat | wus adandan sêdya tumut ing gusti | tiyang Madura kumutug | sira Dhangdhangwasana[16] | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing Mataram | surake awanti-wanti ||

11. tanapi tiyang Kajoran | wus akumpul sêdya mêtoni jurit | tiyang Madura anggrêgut | tanapi wong Mataram | sami purun kadar pira mungsuhipun | tiyang Mataram akathah | ya ta acampuh kang jurit ||

12. sanjata muni lwir bêntar | kang pratala anglir udan kang mimis | pêtêng lir pendah pêpêdhut | satêngahing ayuda | dening kukusing sundawa kadya jawuh | mimis satêngahing rana | arame kang punang jurit ||

13. arame kang punang yuda | wong Madura kalawan wong Matawis | swaraning surak lir guntur | sêsambating kabranan | ingundurkên ingkang wingking maksih purun | wau têtiyang Madura | yudanira pan kalindhih ||

14. prajurite kathah pêjah | wong Kajoran wau sigra nulungi | saha gêgaman anggrêgut | nanging si kêkathahan | wong Kajoran ing wau kathah kasambut | wantu kêkathahên lawan | prasasat katiban wukir ||

15. kondur têtiyang Madura | wong Kajoran kondurira awingwrin | ya ta kasaput [kasa...]

--- 12 : 24 ---

[...put] ing dalu | sami apamondhokan | arêrangkah sami aprayitnèng kewuh | wau têtiyang Madura | manahe tan kêna pulih ||

16. tanapi tiyang Kajoran | manahira apan asangêt miris | ya ta sêmana ing dalu | pan sami parêmbagan | Panêmbahan Rama lan sêntananipun | prayoga yèn angêmbula | mangetan tunggal abaris ||

17. kalawan Ki Trunajaya | nora nana ingkang keron ing pikir | pasthi ing ayuda kukuh | benjang nadyan wangsula | mring Mataram bêktaa gêgaman agung | aja atanggêl ing lampah | Dhangdhangwacana mêthuki ||

18. ya ta prasami arêmbag | Pangran Kajoran sigra dandan tumuli |[17] sumêdya lolos ing dalu | lan saanak rayatnya | wus adandan awatara têngah dalu | kang kulawarga sadaya | apan sami dèn wangsiti ||

19. saksana anuli bubar | wong Madura kang lumakyèng ing wuri | apan kasuswa ing laku | akyèh ingkang tinilar | Panêmbahan Rama lampahe andarung | sumêdya angêmbul lampah | lan kang anèng Surabanggi ||

20. wong Mataram pan uninga | yèn Panêmbahan alolos wêngi |[18] wus raina dyan tinumpu | Kajoran jinarahan | pan binoyong tiyang Kajoran kang kantun | dalêmira ingobongan | dening têtiyang Matawis ||

21. sampunira jinarahan | wong Kajoran binêkta mring Matawis | pangeran dipati kondur | lawan para santana | tan kawarna kang mantuk dhatêng Matarum | sira Pangeran Kajoran |

--- 12 : 25 ---

lajêng dhatêng Surabanggi ||

22. apanggih lawan kang putra | Trunajaya langkung marmaning galih | tan kawarna laminipun | ya ta agênti warsa | Panêmbahan Madurêtna wus arêmbug | sumêdya angalih praja | akêkutha ing Kadhiri ||

23. sadaya wus samya rêmbag | wong măncanagara miwah pasisir | ingkang wus sami atêluk | datan ana sumêlang | ing saparentah mapan sami asuyud | sêmana datan winarna | ing marga praptèng Kadhiri ||

24. tan winarna polahira | karya kutha sasamêkta wus dadi | kalangkung samêkta kukuh | adan atata gêlar | ing ayuda saha sanjata wus dinum | kang mungguh ing asrèng[19] wuntat | kanan kering wus arakit ||

25. dening ingkang tinanggênah | anêtêpi kantun ing Surabanggi | ingkang anjaga pakewuh | santana ing Madura | pan akanthi lan wong Surabayanipun | tansah amawi gêgaman | tan ana sumêlang kapti ||

26. ya ta wau kawarnaa | kang umadêg nagara ing Kadhiri | kang tansah agunêm catur | amrih arjaning lampah | Panêmbahan Madurêtna wus arêmbug | lan Raja Galèngsong sira | minggah dhatêng ing Matawis ||

27. miwah Panêmbahan Rama | angrêmbugi satu kalawan pasthi | ing Mataram pan wus sêpuh | ungsume yèn rêngkaa | wus apêpak gêgaman sajuru-juru | pasisir măncanagara | wau kang sami ambalik ||

28. sami amêpak gêgaman | wus arakit sêdya minggah Matawis | wus [wu...]

--- 12 : 26 ---

[...s] prapta samayanipun | sigra anuli bubar | apan pinaju kalih ing lampahipun | dening ingkang mêdal wetan | wau ingkang anindhihi ||

29. awasta Ki Wăngsaprana | lampahira pan mêdal ing Sêmawis | mêdal Pingit lampahipun | ing Têrayêm sinêdya | wontên malih Mangkuyuda kanthinipun | awasta Dhangdhangwacana | sami prakosa ing jurit ||

30. tanapi bala Makasar | ingkang anunggil Mangkuyuda sami | dening ta pangajêngipun | wasta Dhaèng Marewa | wontên malih awasta pun Busung Marnung | polahe lir warduangga | pan sarêng bubar kang baris ||

31. têtiyang măncanagara | ing bang wetan apan sami angili | lawan sagêgamanipun | kèhing bala sumahab | tan kawarna lakuning baris anglurug | sakathahe wong bang wetan | suyud manahe awingwrin ||

32. tan kawarna lampahira | ing Garompol wau pan sampun prapti | ya ta amondhok akumpul | dènnya apadandanan | angantèni rowangira ingkang kantun | anèng sabranging bangawan | kalangkung agênging baris ||

33. wong sabrang wetan puyêngan | agegeran sadaya sami ngili | lumayu arêbut dhucung | lawan saanak rena | tiyang Sampang ambêbajag polahipun | angling[20] pendah saradula | kang abăngga dèn patèni ||

34. tiyang èstrine tinawan | jinarahan rajakayane ênting | wong Pajang [Pa...]

--- 12 : 27 ---

[...jang] sami misuwur | yèn wadya Sampang minggah | sampun prapta sabrang bangawan gènipun | ing Garompol binarisan | risak wong pinggir banawi ||

35. tiyang Pajang apuyêngan | samya ngili manahira awingwrin | dening ing warta misuwur | akarsa ingunggahan | dening tiyang Madura nèng sabrang banyu | para punggawa ing Pajang | pan sami amêpak baris ||

36. kawarnaa wong Madura | Mangkuyuda sampun nabrang banawi | ing kali Sêmanggi umung | saha bala sumahab | tiyang măncanagara suwarninipun | sami kêrigan sadaya | anglurug dhatêng Matawis ||

37. tanapi tiyang Makasar | solahira kadi banthèng akanin | wus nabrang sawarninipun | wadyabala bang wetan | anèng kali Sêmanggi swarane umung | kang para umbul ing Pajang | sêdyane amapag jurit ||

38. sinêrang datan kawawa | pan kalulun wadya Pajang awingwrin | saanak rabi lumayu | angungsi mring Mataram | apuyêngan têtiyang Pajang pan mawut | ing padesan kagegeran | sadaya sami angili ||

39. angungsi dhatêng Mataram | kang sawênèh angungsi dhatêng wukir | tiyang padesan wus kêbut | angungsi apuyêngan | wong Madura gêgilani tandangipun | ing Pajang wus kaancikan | durmane kang anglakoni ||

98. Durma

1. tiyang Pajang kang kantun mirut sadaya | apan sami ambalik | tan ana akawal | ing Pajang wus kèdêkan | sangsaya agêng kang baris | Dhangdhangwacana | dadya cucuking

--- 12 : 28 ---

jurit ||

2. wontên dene kang dadi panêngênira | ingkang pangawat keri | Arya Măndhalika | miwah tiyang Makasar | kang dadi cucuking jurit | Ki Dhaèng Mrewa | lawan Dhaèng Makinci ||

3. Busung Marnung kalawan Dhaèng Mabelah | gêgamannya saligi | towok lawan pêdhang | wong Makasar malatar | tanapi măncanagari | pan amêlatar | kadya prawata sari ||

4. ya ta budhal bala bang wetan sadaya | untabe angajrihi | sira Mangkuyuda | kang dados gêgunungan | arusuh lampahing baris | tansah bêbahak | wong Madura lir bêlis ||

5. padêdesan lèr Mataram apuyêngan | sêdya sami angili | angungsi jro kitha | wênèh angungsi arga | wong Sampang ambêbajagi | tiyang Mataram | kang lanang dèn patèni ||

6. ingkang èstri tinawan tur dhinedhelan | kang kumbi dèn gantungi | wênèh kinukusan | amrih sami mêdala | darbene kang dèn pêndhêmi | pan anggêgila | wong Madura lwir bêlis ||

7. tan kawarna lakune wadya bang wetan | ing Kajoran wus prapti | lajêng lampahira | ing Taji Pamondhokan | sigêgên kang anèng Taji | kang kawarnaa | ingkang mêdal Matawis ||

8. sabubarira saking ing Pingit ika | ing Tarayêm wus prapti | ya ta pamondhokan | sira Ki Wăngsaprana | sigêgên datan kawarni | dyan cinarita | Sri Narendra Matawis ||

--- 12 : 29 ---

72. Sunan Mangkurat tilar kadhaton, Mataram bêdhah.

9. pan pinêpak wadyabala ing Mataram | arsa mapag ing jurit | ingkang para putra | miwah para santana | pêpakan ing păncaniti | pan asiyaga | sakapraboning jurit ||

10. putra sêpuh Pangran Dipati Mataram | sumêdya angawaki | lawan arinira | Pangeran Pugêr sira | lan Pangeran Singasari | lan Martasana | wus siyaga ing jurit ||

11. sampun pêpak para dipati Mataram | sakaprabon arakit | Pangran Pringgalaya | tumênggung ing Mataram | para putra ing Matawis | wus apamitan | ing rama atur bêkti ||

12. wus linilan bubar gêgaman Mataram | kang dadi sênapati | pangran adipatya | rêspati nitih kuda | prajurite amarapit | awarna-warna | gêgaman ing Matawis ||

13. munggèng ngarsa tiyang sèwu numbakanyar | dadya cucuking jurit | lawan wong bumija | gêgaman ambêranang | priyayi agêng nambungi | sagêgamannya | kalawan wong panumping ||

14. tanpa wilangan gêgaman ing Mataram | kadya prawara[21] sari | marga kaèbêkan | balabar padêdesan | anglarug lampahing baris | dyan kawarnaa | kang abaris ing Taji ||

15. wus ingangsêg gêgamaning wong Madura | ingkang saking ing Taji | myang Ki Wăngsaprana | saking Tarayêm bubar | wus kumpul lampahing baris | nèng Pajarakan | sampun anunggil kapti ||

--- 12 : 30 ---

16. tan antara wus sami ngangsêg ing yuda | ingkang wadya amalih | lawan wong Makasar | mangulon lampahira | Dhangdhangwacana kang ngirid | Talagawana | wau kang dèn anciki ||

17. atanapi Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun angangsêg baris | lawan Wăngsaprana | wong Sampang amalatar | polahe kang gêgilani | wadya Mataram | kang amapag wus prapti ||

18. sarêng mulat wong Sampang lan wong Mataram | anèng ing Kalianjir | têmpuhe kang yuda | arame long linongan | kadya rubuha kang langit | dènnya ayuda | mimis kadya garimis ||

19. ing Talagawana arame ayuda | wong Makasar nindhihi | kadya saradula | wong Makasar kotbuta | angamuk angowak-awik | miwah wong Sampang | kadya banthèng akanin ||

20. nora bakal baya wus karsaning Suksma | rusake ing Matawis | pan sapolahira | wong Mataram kasoran | dènnya ajurit kalindhih | de wong Madura | baya karsaning Widi ||

21. para prawira prajurit ing Mataram | nora duwe kawanin | miwah para putra | manahe lir wanodya | tan darbe kawanèn wingwrin | marang wong Sampang | wong Mataram kèh mati ||

22. pan kalindhih yudane tiyang Mataram | alorodan kang baris | tan kêna tinata | nora măngga puliha | para prawira awingwrin | pan kapalajar | para putra Matawis ||

23. angungsi kitha wadyabala Mataram | puyêngan sanagari | tiyang ing Mataram |

--- 12 : 31 ---

lir gabah ingintêran | sadina-dina atintrim | saanak rena | dening miyarsa warti ||

24. atanapi têtiyang jawining kitha | apuyêngan angili | lan saanak dhara | wênèh angungsi kutha | ana kang angungsi wukir | pan apuyêngan | lir gabah dèn intêri ||

25. wong Madura sampun angangsêg ing kitha | lan wong măncanagari | anèng Pajarakan | Tumênggung Mangkuyuda | prajurite dèn undhangi | sira dhêsêka | kuthane wong Matawis ||

26. obongona omah sajawining kitha | manawa wong Matawis | ana ingkang băngga | lah sira patènana | payo obongana aglis | karêpe uga | ing jro kitha atintrim ||

27. ingobongan omah sajawining kitha | sarta dipun jarahi | surak lir ampuhan | wong Sampang ambêbajag | sajroning kitha atintrim | pan apuyêngan | manahira awingwrin ||

28. para punggawa miwah para santana | myang ingkang para mantri | anèng pagêlaran | miwah kang para putra | pêpak anèng păncaniti | pan asiyaga | sakapraboning jurit ||

29. anyaosi karsanira sri narendra | manawa sri bupati | miyosi ngayuda | mila para punggawa | asaos ing păncaniti | dyan kawarnaa | Sri Narendra Matawis ||

30. wus uninga lamun jangjining Pangeran | tan kêna dèn gingsiri | yèn kitha Mataram | pan sirna jênêngira | sri narendra ing Matawis | pan anarima | marang titahing Widi ||

31. sri

--- 12 : 32 ---

narendra akarsa atilar pura | kèngkêr[22] saking Matawis | tan kêna ingampah | nagri Mataram rêngka | pan sampun têka ing jangji | ing satus warsa | jênênge ing Matawis ||

32. ingundhangan para sêlir lawan garwa | tiyang sajroning puri | kinèn adandana | karsane sri narendra | akarya lolos ing wêngi | saking Mataram | busêkan wong sapuri ||

33. pan adandan sakêlarira ambêkta | lir gabah dèn intêri | miwah para putra | pan sampun winangsitan | sang nata lolos ing wêngi | saking jro kitha | ya ta datan tumuli ||

34. malêm Akad tanggal ping wolulas Sapar | taun Be măngsa kalih | ya ta sinangkalan | dening ingkang anurat | rusaking nagri Matawis | pan sirna ilang | rasane ingkang bumi |[23]|

35. pan ing dalu bubare sri naranata | saking sajroning puri | ing pura puyêngan | tangis kadya ampuhan | tunjang-tinunjang pawèstri | sakêlalira | dunya kang dèn bêktani ||

36. apuyêngan tambuh mungsuh lawan rowang | gègèrira ing wêngi | wisma ingobongan | tangis kadya ampuhan | kadya gabah dèn intêri | wadya Mataram | padha arêbut urip ||

37. salang tunjang kasêlêk pisah lan trêsna | amung kang anak rabi | binêkta tan pisah | dunya datan kaetang | amung anake dèn indhit | gigal dêdalan | anake tan dèn tolih ||

38. rabinira angucap nakira gigal | kang lanang anauri | lah gigal oraa | ginawe

--- 12 : 33 ---

apa bocah | prandene gampang kinardi | balikan sira | dèn akêbat lumaris ||

39. ilang oraa sok aja ilang sira | lah biyangane kênyik | sun ênggo bibitan | ya ta sêlêk katunjang | wênèh angulari rabi | kantun wong kathah | wênèh pisah lan laki ||

40. pan ambondhèt marang ing wong lanang liya | awak ingsun kiyai | dawêg dika bêkta | benjing kartaning jaman | awula[24] andika kawin | sun angawula | prandene laki mami ||

41. pan aninggal si jênat tan angruruha | kathah solahing èstri | mêdal saking kitha | wadyabala Mataram | angulon dènnya angili | tut wingking sira | marang sira narpati ||

42. kang sugih anak kalangkung susahira | ginendhong lan dèn indhit | sawênèh punika | ana winot ing kuda | pating barêngèk anangis | kawêlasarsa | kang mêksih dèn susoni ||

43. pan katunjang dening wisma ingobongan | lwir grah swaraning tangis | sawênèh angucap | anakmu ilang papat | ingkang lanang anauri | ilang oraa | pan ora dadi pikir ||

44. parandene tan ngomani sêga wadhang | aja maras ing ati | sun maksih nonoman | wasis akarya bocah | ing benjing ingsun ilèni | agawe bocah | parandene agampil ||

45. kawarnaa sri narendra ing Mataram | ingkang atilar puri | anitih dipăngga | wus anabrang Paraga | angilèn [angi...]

--- 12 : 34 ---

[...lèn] sêdya dèn ungsi | kang para putra | tumut tan ana kari ||

46. kawarnaa Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun midhangêt warti | yèn Prabu Mataram | gingsir saking ing pura | angilèn nabrang banawi | suwêng ing pura | putra tan ana kari ||

47. ri saksana Ki Tumênggung Mangkuyuda | kitha dipun lêbêti | wong Sampang sumahab | samya lumêbèng kitha | apan angrêrayah sami | lir warduangga | puyêngan wong Matawis ||

48. Ki Tumênggung Mangkuyuda anèng pura | wau kang dèn kakahi | têtiyang Mataram | kang kantun apuyêngan | kalangkung kawêlasasih | sami tinawan | kang lanang dèn patèni ||

49. sakalangkung wong Madura sumawawa | polahe gêgilani | pan dadi bêbasan | bajag Sampang arêsah | giris sakèh aningali | dhasar andhugal | mênang aprang pan baring ||

50. Dhangdhangwacana kang kinèn anusula | marang sri narapati | ambêkta wong Sampang | miwah tiyang Makasar | anututi ing nrêpati | tiyang Mataram | kang kacandhak kyèh mati ||

51. kang anutut pinapala dhinedhelan | darbèke dèn ambili | kang èstri tinawan | pan sarwi tinataban | bêbêktane dipun ambil | sarwi jininah | ing pikir saha tintrim ||

52. Ki Tumênggung Mangkuyuda kantun pura | amung ingkang nututi | Ki Dhandhangwacana[25] | bêkta bala sumahab | sigêgên datan winarni | dyan kawarnaa | ingkang atilar puri ||

--- 12 : 35 ---

73. Sunan Mangkurat seda, sumare ing Têgalwangi.

53. Prabu Mataram kalawan para putra | sampun anabrang mangkin | lèpèn Bagawănta | pan mêdal ing Wêwaja | angilèn datan anolih | mêdal ing rawa | lampahe sri bupati ||

54. gêrawalan[26] ingkang wadya kadhungsangan | manawa dèn tututi | dening wong Madura | miwah kang wong Makasar | urut sèwu dèn margani | datan kawarna | polahira ing margi ||

55. wontên dene putra kang angiring sira | Pangeran Pugêr nênggih | Pangran Martasana | Pangeran Singasêkar | Radèn Tapa mêksih alit | anging kang raka | jêng pangeran dipati ||

56. ingkang tansah lumampah anèng ing wuntat | mila lumampah wuri | sêmu lampahira | ngajêng-ajêng putusan | saking Trunajaya ugi | ubangginira | mangke wus anglampahi ||

57. nanging angajêng-ajêng tan ana prapta | warnanên sri bupati | lajêng lampahira | dumugi bumi rema | wastaning dhusunnirèki | ing Kawisanyar | nèng ngriku sri bupati ||

58. ing patêgalan dhusun ing Kawisanyar | binegal sri bupati | mring wong Kawisanyar | tandange anggêgila | sakathahing para nyai | sami karuna | sadaya dèn dhèdhèli ||

59. maring têtiyang Karanganyar punika | angandika nrêpati | iya bênêr sira | ambegal maring ingwang | ujêr sira durung polih | ing barkat ingwang | angandika sang aji ||

60. hèh bocah wadon lah padha tawurana | uwang iku dèn gêlis |

--- 12 : 36 ---

wong kang ambêbegal | saksana tinawuran | uwang maring para gusti | kang ambêbegal | nanging mêksa dhèdhèli ||

61. asmu duka sang nata dènnya ngandika | apan ngipat-ipati | mring wong kang bêbegal | ora salamêt sira | mêngkono polahirèki | sigra sang nata | lajêng dènnya lumaris ||

62. kang ambegal sami alumpuh sadaya | tan wontên bisa mulih | maring wismanira | wontên dene sang nata | lajêng angilèn lumaris | bumi Toyamas | wau kang dèn margani ||

63. lampah dalêm dumugi ing Ajibarang | arêrêp sri bupati | ya ta kawarnaa | pangeran adipatya | saarinira angiring | lampahira gya | sumusul ing nrêpati ||

64. sapraptane ing ngarsanira sang nata | jêng pangran adipati | wus samyatur sêmbah | saha lênggah mangrêpa | sri narendra ngandikaris | dhatêng kang putra | pangeran adipati ||

65. adipati anom sira abalia | sira rêbuta mangkin | ya nêgaranira | kalawan arinira | padha milua abali | rêbut nagara | ya ta pangran dipati ||

66. aturira saha sêmbah mring kang rama | kawula sri bupati | nuhun duka nata | yèn kawula wangsula | datan purun anglampahi | sêdya kawula | pêjah gêsanga ugi ||

67. sampun pisah kawula lan sri narendra | sang nata ngandikaris | lah pagene iya | têka mêngkono sira | lamun mêngkono sirèki | wis arinira | sun tarine ing mangkin ||

68. lah sirèki Dipati Pugêr [Pu...]

--- 12 : 37 ---

[...gêr] balia | sira rêbuta ugi | ya nagaranira | dene ing jênêngingwang | pan wun[27] karsaning Hyang Widi | mulane sira | wong anom kang sun srahi ||

69. kayapriye Ki Pugêr ing aturira | Pangeran Pugêr angling | matur ing sang nata | inggih dhatêng sandika | yèn antuk pangèstu aji | jasad kawula | sampun dhatêng ing sakit ||

70. nadyan dhatêng ing pêjah tan gumingsira | kawula anglampahi | saandika nata | sang nata angandika | yèn mêngkono sira kaki | mugi ta sira | rinêksaa Hyang Widi ||

71. lan maninge sira sun wèhi gêgaman | sira anggoa kaki | dhuwung babrêkatan | ran Ki Maesanular | lawan tumbak ingsun kaki | ababrêkatan | Ki Palèrèd rannèki ||

72. iku padha sun warisakên ing sira | pikukuhing ajurit | tumbak dhuwungira | karoban babrêkatan | ingsun wus pracayèng galih | amung ta ingwang | titip arinirèki ||

73. ya Ki Tapa kang sun titipkên ing sira | poma mongên dèn bêcik | benjang jinênêngna | anèng Pathi nagara | wruhanira iku kaki | ing têmbe yogya | dadi kanthinirèki ||

74. wêcaningsun arinira iku benjang | yèn wis ngadêg ing Pathi | pan pilih bobotnya | ujare ing wirayat | kang putra sahatur bêkti | sira sang nata | ya ta ngandika malih ||

75. alah uwis kaki sira abalia | arêbuta nagari- | nira ing Mataram | kang milua ing sira | Si Martasanarinèki | ngadêga Jênar | lawan Si Singasari ||

76. dening

--- 12 : 38 ---

ingsun kaki laju lakuningwang | anging kakangirèki | iya Ki Dipatya | Anom Mangkunagara | aywa pisah lawan mami | têlas wêlingnya | sang nata brăngta kikin[28] ||

99. Asmaradana

1. kang putra sigra tur bêkti | sumungkêm padaning nata | mangusap lêbu mukane | apamit gya bali sira | ing Jênar kang sinêdya | kawarnaa sang aprabu | ya ta lajêng lampahira ||

2. ing Ajibarang kawingking | nanging lampah dèrèng liwat | saking bumi Toyamase | sêmana sri naranata | lampahe sarêng prapta | dhusun Pasiraman wau | sang nata anyandhak gêrah ||

3. dening putra kang umiring | kang tan têbih lan sang nata | mung Pangran Dipati Anom | Mangkunagara Mataram | kalawan arinira | anênggih kang mêksih timur | ingkang nama Radèn Tapa ||

4. sêmana sri narapati | ngandika mundhut dawêgan | dhatêng pangran dipatyanom | sigra ngutus wadyanira | pangeran adipatya | amundhut dawêgan wau | sigra katur kang dawêgan ||

5. dhatêng pangeran dipati | wau kang punang dawêgan | sigra anuli binolong | dawêgan mring jêng pangeran | ngaturakên sang nata | kalane dawêgan katur | wus kapanggih bêbolongan ||

6. ya ta ngandika sang aji | lah tarima ki dipatya | gonira wèh dêgan mring ngong | ingsun wêruh karêpira | yèn sira gege ingwang | ywa sira gegea ingsun | iya ta măngsa wurunga ||

7. lah têka mêngkono kaki | iya mêngko karsanira | apan ta sira bêngiyèn [bê...]

--- 12 : 39 ---

[...ngiyèn] | ingsun kon angrêbut sira | marang nagarinira | dene sira nora purun | ing mêngko mangkono sira ||

8. lah iya wruhanirèki | ki dipati jênêngira | amung awakira dhewe | ingkang mukti awibawa | datan têrah ing suta | lan duwe wawêkas ingsun | ki dipati maring sira ||

9. ing besuk sapungkur mami | sira myang nak putunira | ora sun kawênangake | nyadran na astananingwang | ya ta sri naranata | saya ngranuhi grahipun | pangran dipati uninga ||

10. yèn kang rama angranuhi | gêrahira tiningalan | ya ta pangran dipatyanom | tansah sira mêkul pada | saha mijil kang waspa | kang rama wungu angrangkul | ing janggane ingkang putra ||

11. sarya ngandika sang aji | dhatêng putra jêng pangeran | adhuh nyawa anak ingong | ki dipati wruhanira | lah ingsun iki uga | wus pasthi karsa Hyang Agung | yèn wus puput jênêng ingwang ||

12. iki babrêkatan mami | kabèh sira tampanana | yogya sira kang aduwe | pan sira putra ngong tuwa | kang yogya gumantia | marang panjênênganingsun | nanging ta wawêkas ingwang ||

13. marang sira ki dipati | yèn ingsun têkèng wêkasan | poma ta wawêkas ingong | kaki sira angetana | ngajaka wong Walănda | iku kanthinên prang pupuh | amalêsa ukum sira ||

14. marang wong bang wetan benjing | iya sun amini sira | sira rêbuta palugon | nagaranira Mataram | yèn kanthi wong Walănda |

--- 12 : 40 ---

ing ajurit pilih mungsuh | pan wus karsaning Hyang Suksma ||

15. iku mingêr sawab salin | iya mangsane ing benjang | si kapir unggul yudane | karane sira kanthia | ing mangko Si Walănda | angrêbut prajanirèku | ing Mataram iku benjang ||

16. lan malih wawêkas mami | ki dipati maring sira | yèn sun wus têkèng sumados | wus mantuk ing rahmattolah | iku ta layon ingwang | sarèkna Têtêgil iku | tunggalna lan guruningwang ||

17. kang sinare ing Têtêgil | iku kaki guruningwang | dening ta wawêkas ingong | ki dipati maring sira | iku kalamun ana | ing kono lêmah mamundhuk | dèn enggal sira găndaa ||

18. kalamun gandane wangi | ing kono panggonaningwang | ri sampun têlas wêlinge | sang nata ing gêrahira | saya nglayadi ika | saksana amapan sampun | kang nangis kadya ampuhan ||

19. amung pangran adipati | kang nungkuli sedèng rama | lan putra kang wuragile | kang anama Radèn Tapa | sigra pangran dipatya | wus sung wruh mring Ki Tumênggung | Martalaya ing Têtêgal ||

20. saksana mangkat tumuli | Ki Tumênggung Martalaya | dhatêng Toyamas lampahe | mêthuk lalone[29] narendra | sigra binêkta enggal | kang layon mring ki tumênggung | dhatêng nagri ing Têtêgal ||

21. pangran dipati tan kari | ngiringkên layoning nata | sêmana prapta lampahe | nênggih sêstana Têtêgal | bumi wangi kapêdhak | tan antara layon prabu | apan sampun sinêstana ||

--- 12 : 41 ---

74. Pangeran Pugêr jumênêng nata, jêjuluk Senapati Ing Ngalaga, kadhaton ing Jênar (Puragănda).

22. ri uwus sumalah mangkin | sri bupati ing Mataram | ing Têgalgănda sinare | ingkang kantun kawarnaa | para putra têtiga | sakawan lan arinipun | ingkang dèrèng antuk nama ||

23. mangkana wau winarni | sasedane ingkang rama | sumêdya samya apulèh | dènnyarsa ngrêbat Mataram | pan wus anunggil karsa | ing Pagêlèn ênggènipun | ing Jênar gènnya palênggah ||

24. ing Pamalang uwus ngalih | apan ta suyud sadaya | sakathahipun wong kilèn | dening mantri ing Mataram | nama Gajah Pramana | punika wau kang kantun | ngawula mring rajaputra ||

25. Pangeran Pugêr anênggih | asare dalu supêna | panggih lan rama tingale | ingkang sampun tulus seda | jro supêna ngandika | lah balia anak ingsun | rêbutên nagri Mataram ||

26. mêngko wus usume kaki | kêkuthaa anèng Jênar | sapanglilire asare | rajaputra pan kalintang | gêgêtun supênanya | atari pra mantrinipun | tanapi para punggawa ||

27. miwah para tapa nênggih | karsanira sang aputra | arsa jumênênga katong | sinebaa pra punggawa | miwah pra mantrinira | sakèh pra punggawa mêthuk | tanapi kang para tapa ||

28. ya ta sang aputra aglis | sampun jumênêng narendra | Senapati Ngalagane | Sayidin Panatagama | akêkutha ing Jênar | Puragănda wastanipun [wa...]

--- 12 : 42 ---

[...stanipun] | pra mantri suyud sadaya ||

29. yèn sineba sri bupati | pinarêg anèng dhêdhampar | sêmana pra santanane | akathah ngantuni ika | Radèn Wirataruna | Radèn Răngga apan kantun | tanapi para punggawa ||

30. miwah ingkang para mantri | Tumênggung Gajah Pramada | apan kantun sakancane | ngawula mring radèn putra | miwah rayi katiga | wong Bagêlèn apan suyud | sami kinulawisudha ||

31. wau limanê sang aji | tinilar anèng ing marga | pan wus pinurugan age | warnanên tiyang Madura | ingkang nututi ika | Dhangdhangwacana pangayun | kandhêg wontên Jagabaya ||

32. polahe anggêgilani | wong Kalagan kang amapag | pranging Wêwaja arame | tiyang Bagêlèn sumahab | sami ngantêp ing yuda | mantri ing Kalagan wau | sami ngawaki priyăngga ||

33. arame dènnya ajurit | dènnya aprang Jagabaya | tan arsa mundur tandange | prajurit Dhangdhangwacana | ika apan kawasa | tan pasah ing waos dhuwung | arame prang long-linongan ||

34. ing sabên dina ajurit | kalawan tiyang Kalagan | bêdhil-binêdhil arame | wadya akathah kang pêjah | buru-binuru ika | anèng ing Jagabayèku | wong Bagêlèn tinindhihan ||

35. mring pra santana Matawis | ing sabên dina ayuda | kasaput wêngi arèrèn | enjang anêmbang têngara | sira Dhangdhangwacana | ngundhangi ing wadyanipun | kalawan prajuritira ||

36. tiyang ing Madura sami | anggrêgut ing

--- 12 : 43 ---

tandangira | sêdya angantêp jurite | ing keri tiyang Makasar | prajurit ing Madura | apan asiyaga sampun | miwah wadya ing Kalagan ||

37. sêdya ngantêp ing ajurit | Panêmbahan Ing Alaga | ingkang nindhihi jurite | dadya kang prajurit samya | miwah para santana | sadaya apan anggrêgut | Rahadèn Wirataruna ||

38. Radèn Wiramênggalèki | Tumênggung Gajah Pramada | Pangeran Martasanane | lan Pangeran Singasêkar | samya nitihi yuda | sumêdya rêbat kadhatun | sigra campuh ing ayuda ||

39. arame têmpuhing jurit | buru-binuru kang yuda | wong Sampang kasor jurite | malah akathah kang pêjah | wong Madura Makasar | sêmana sampun kaburu | wong Sampang lorod mangetan ||

40. dènnya amburu mangungkih | wau prajurit Kalagan | wus nabrang Jagabayage | sumêdya arêbat pura | pan saya angsal manah | tiyang Bagêlèn anggrêgut | myang Panêmbahan Ngalaga ||

41. wau kalawan kang rayi | wus anabrang Jagabaya | wong Madura palayune | datanpa nolih ing wuntat | kalawan wong Makasar | ngungsi kitha sêdyanipun | warnanên kang kari ika ||

42. ingkang angakahi puri | Ki Tumênggung Mangkuyuda | punika ingkang angrêngkoh | nênggih kadhaton Mataram | polahira wong Sampang | lwir yêksanon daging wau | Dipati Sampang kacandhak ||

43. ingkang anèng ing Matawis | Ki Dipati Cakraningrat | sampun lami

--- 12 : 44 ---

kacêkêle | mring prajurit Mangkuyuda | wus binoyong mangetan | sêmana pan sampun katur | dhatêng Radèn Trunajaya ||

44. ya ta wau dèn sakiti | ingkang paman Cakraningrat | dinèkèk ing Lodhayane | wau lawan rabinira | langkung kawêlasarsa | ênêngêna tan winuwus | warnanên Dhangdhangwacana ||

45. ingkang kaburu angungsi | ing jro kathi[30] ing Mataram | tan kari lan sarowange | ya ta wau Panêmbahan | Ing Alaga kalawan | ingkang rayi ambêbujung | dhatêng Ki Dhangdhangwacana ||

46. saha gêgaman ngajrihi | ya ta têtiyang Mataram | sêmana kathah kang rawoh | dening amiyarsa warta | kalamun gustinira | wangsul malih juritipun | marminipun wong Mataram ||

47. sumahab wau kang prapti | apan sami angawula | nênggih dhumatêng sang katong | Panêmbahan Ing Alaga | saya kêkah kang yuda | dening têtiyang Matarum | kang mawut sami ngalêmpak ||

48. lampahira sampun prapti | wau nagri ing Mataram | sumahab wau barise | anèng sajawining kitha | Tumênggung Mangkuyuda | kang anèng jroning puragung | kalawan Dhangdhangwacana ||

49. lawang kitha dèn tangkêbi | samya miris manahira | wong Madura sakathahe | kang sami kaburu ika | miwah bala Makasar | samya miris manahipun | dening sajawining kitha ||

50. malatar kang punang baris | kang sinêmbah Ing Alaga | kang sêdya ngrêbat purane | tan kawarna polahira | dènnya amagut yuda | wong Sampang miris tyasipun | lolos [lolo...]

--- 12 : 45 ---

[...s] ing dalu sêmana ||

51. saking kitha ing Matawis | Ki Tumênggung Mangkuyuda | datan kari sabalane | apan sami garawalan[31] | palayune angetan | Kadhiri sêdya jinujug | tan kawarna lampahira ||

52. warnanên sri narapati | kalawan kang rayi ika | sampun karêbat purane | Panêmbahan Ing Alaga | wus ngadhaton Mataram | wus têtêp malih sadarum | wadyabala ing Mataram ||

53. kathah ingkang sami prapti | para mantri myang kapêdhak | miwah pra santana kabèh | têtêp panjênêngan nata | anèng kitha Mataram | ingkang wadya pan sumuyud | sêmana kang pra santana ||

54. prasami jinunjung linggih | wontên kang rayi satunggal | sêmana dèrèng alunggoh | ya ta kinulawisudha | jinunjung lungguhira | sinungan kêkasihipun | Pangeran Arya Panular ||

55. miwah pra santana sami | sadaya jinunjung lênggah | tanapi tiyang Bagêlèn | sami kinulawisudha | pan akathah lêlênggah | lampit nèng nagri Matarum | prasamya suka manahnya ||

56. ingkang kinarya pêpatih | dhumatêng sri naranata | Ki Arya Măndhalikane | aparentah wong Mataram | wau para santana | pan sami jinunjung lungguh | Rahadèn Wirataruna ||

57. pan sampun jinunjung linggih | ing wau kêkasihira | Dipati Mangkubumine | ingkang anisihi ika | pan wus jinunjung lênggah | Radèn Răngga namanipun | Adipati Martasana ||

58. pan ingkang santana malih |

--- 12 : 46 ---

nama Radèn Ănggayuda | sampun jinunjung lungguhe | anênggih kêkasihira | Pangran Natakusuma | sêmana sampun misuwur | ing wong Mataram sadaya ||

59. wau ta ingkang winarni | kang nama Kiyai Kamal | sampun jinunjung lungguhe | dados pangulu Mataram | têtêp jênênging nata | têtiyang alit jrih lulut | anglampahi ukumolah ||

60. parentahe sang nrêpati | apan adil palamarta[32] | wong Mataram suyud kabèh | nanging kalane sêmana | nagara ing Mataram | asangêt gêgêringipun | têrag[33] udan lawan pangan ||

61. sangêt wawêlêk[34] Matawis | gêsêng wau kang nêgara | apan ta têksih awane | rèh nagara mêntas rusak | mila sangêt sêmana | Mataram gêgêringipun | gêsêng tan kêna ingambah ||

62. kêkere aglar ing margi | pan tinut ing kudhis ika | abêlarongan gandane | bêbêdhil anut sikilnya | kêkere kathah pêjah | andulur anèng lêlurung | miwah ing lèpèn atembak ||

63. wadya pan kirang abukti | têrak udan lawan pangan | ingkang wong tambuh polahe | saking sangêting wawêlak | nagari ing Mataram | langkung kawlasasihipun | wong sêsambat guladrawa ||

100. Dhandhanggula

1. ya ta sangêt wêwêlak nagari | pan akathah saking ing sujanma | panastis lawan rumabe | nadyan pating karuruh | ingkang gêring soresuk mati | saking sangêting lara | ingkang gêring esuk | apan sore pêjahira | wong Mataram anandhang [a...]

--- 12 : 47 ---

[...nandhang] datan kuwawi | asangêt larang pangan ||

2. Adipati Martasana sakit | tan alami ya ta nuli seda | sarêng kalawan arine | iya pangeran iku | Singasari iya ngêmasi | wong cilik têtumpêsan | wadya ing Matarum | sangêt susahe kang manah | ing Mataram asangêt dènnya gêsêngi | datan kêna ingambah ||

75. Pangeran Adipati Anom jumênêng nata wontên ing Têgal, jêjuluk Susuhunan Amangkurat.

3. ênêngêna kang madêg narpati | sira Panêmbahan Ing Alaga | kang ngadhaton ing purane | wau ingkang winuwus | putra sêpuh kang agêng brangti | pangeran adipatya | tansah nganyut wuyung | sasedane ingkang rama | sakalangkung wau dènnya agêng brangti | sumêdya anglêlana ||

4. lampusing manah atêmah brangti | pangran dipati ing karsanira | anggung mendra ing sêdyane | apan sampun anglampus | tan anêdya wau ngulati | ing marga kawibawan | wau sêdyanipun | minggah kaji dhatêng Mêkah | pan kapalang punggawa anggêgendholi | sadaya tan arêmbag ||

5. nanging samana pangran dipati | maksa dhatêngkên aliting manah | pan sampun sêpi karsane | yèn gumantia ratu | mung dhatêngkên dènira amrih | munggah kaji mring Mêkah | nuntên paras wau | nanging aturing punggawa | sangêt mambêng samana muwah Kiyai [Ki...]

--- 12 : 48 ---

[...yai] | Tumênggung Martalaya ||

6. mangkana aturing para abdi | sarta Ki Tumênggung Martalaya | yèn sawawi nah ing anggèr | lêng jumênênga ratu | anggêntosi rama narpati | angandika pangeran | adipati arum | iya bênêr aturira | Martalaya anging ingsun iki mangkin | apan ora akarsa ||

7. yèn jumênênga ratu ing mangkin | balik ingsun sira golèkêna | parau pira rêgane | kang amicisi ingsun | ingkang layak sun gawa mangkin | munggah kaji mring Mêkah | Martalaya matur | inggih sandika pangeran | nanging pun Martalaya botên sawawi | gusti anglugas raga ||

8. sanadyan benjing nglugasa ragi | gusti yèn sampun pun Martalaya | golang-galing mastakane | kalayan malihipun | mêngsah dalêm sampun kawatir | têtiyang ing Madura | saprakosanipun | kapanggiha ing kawula | de manawi pun Martalaya ngêmasi | rêmak binandhêmêna ||

9. angandika pangeran dipati | Martalaya iya sun tarima | ing sakèhe prasêtyane | kang marang jênêngingsun | nanging ingsun samêngko iki | nora arsa ayuda | amung sêdyaningsun | arsa sun laksananana | munggah kaji têka upayakna mami | parau kang prayoga ||

10. Ki Martalaya umatur aris | gusti nagari dalêm Têtêgal | tan wontên baita sae | kaantosna karuhun | kula dadak damêl ing mangkin | baita kang prayoga | katitihan besuk | kabêkta dhatêng ing Mêkah | minggah [ming...]

--- 12 : 49 ---

[...gah] kaji ngandika pangran dipati | iya sun anti sira ||

11. nanging dèn kêbat dènira kardi | palwa sun antèni ing Banyumas | saksana pangran budhale | mring Banyumas awangsul | wontên dene ingkang angiring | wong nom-anom punika | pan lêlurahipun | awasta pun Măndaraka | sarêng dhatêng Toyamas lajêng mring masjid | sira pangran dipatya ||

12. tansah manêkung samadi êning | munggèng ing masjid pangran dipatya | tan alami antarane | pan lagya pitung dalu | anggènira sare ing masjid | ing madya ratri ika | nênggih wancinipun | anuju malêm Jumuwah | jêng pangeran adipati aningali | wulan pêpitu prapta ||

13. pangran dipati awas ningali | wulan pêpitu datan antara | têka manjing ing jajane | masjid katon garuwung | sirah gada datan kaèksi | nanging langit kawuryan | wau kang kadulu | ana manusa tumêdhak | saking wiyat cahya nêlahi jro masjid | gêdhene saukiran ||

14. munggwing ngarsa cinandhak tan kêni | manusa têka manjing jro grana | mangkana ing sajarahe | pangran dipati wau | kalanira ana ing masjid | sampuning kalêbêtan | cahya ingkang luhung | sanès saraosing driya | lawan saban jagat sa-Jawa puniki | wus kagêgêm ing asta ||

15. cahyanira pangeran dipati | dumêling anglir wulan purnama | amicara ing driyane | iya salaminipun | mangkenea raosing galih | kaya ta nora bêdhah | nagri ing Matarum | karsane pangran dipatya |

--- 12 : 50 ---

arsa madêg narendra padha samangkin | anggêntèni kang rama ||

16. sakèh bêbêrkatan ing Matawis | apan ta wontên raja pinutra | wau kang wasiyat kabèh | ya ta nuli rinasuk | kang rasukan Kiyai Gondhil | mangkin Kyai Balabar | ngagêm Kyai Baru | pan sarwi ingêmbat-êmbat | Kyai Baru samana pangran dipati | wus munggèng ing dhêdhampar ||

17. kang punggawa supênuh anangkil | sakathahe kawula aseba | gêgêtun mulat gustine | apan sanès dinulu | lawan saban-saban tinangkil | ingkang cahya lir wulan | nêlahi dinulu | kucêm sakèhing aseba | upamane lir surya miyat ing langit | wintang tan katingalan ||

18. angandika pangeran dipati | dhatêng sira Kyai Măndaraka | lawan Ki Sêndhi jajare | hèh kawruhanirèku | Măndaraka lan sira Sêndhi | mêngko ta karsaningwang | kaya ingsun wurung | goningsun arsa mring Mêkah | munggah kaji dening karsaningsun mangkin | mangun karaton ingwang ||

19. kaya yèn kêlar mêngko sun iki | angagêma Kyai Baru uga | hèh Măndaraka ing mangke | miwah Sêndhi sirèku | payo padha andum parèki | lah sira Măndaraka | lan Nirdakartiku | miyanga ing Batawiyah | alah sira mundhuta bala Walandi | marang si kaki jendral ||

20. padha sira mangkata samangkin | sira waraha si kaki jendral | yèn karsaningsun ing mangke | arsa mangsaha ingsun | ngadilaga amapag jurit | yudane wong Madura | sigra kang ingutus | kalih wus [wu...]

--- 12 : 51 ---

[...s] atur pranata | mêsat kalih saking ing ngarsaning gusti | jêng pangeran ngandika ||

21. hèh Sêndhiwiradipa sirèki | Ănggajaya sira lumaluwa | marang Têtêgal dèn age | warahên Si Tumênggung | Martalaya yèn ingsun mangkin | wurung marang ing Mêkah | munggah kaji ingsun | amangun karaton ingwang | karsaningsun angrêbut nagara mami | lawan sira waraha ||

22. yèn ingsun arsa mangkat tumuli | amasanggrahan anèng Têtêgal | lan wêwêkas ingsun manèh | Si Martalaya iku | asaosa samêktèng jurit | lah wis sira mangkata | sigra kang ingutus | wus mangkat saking ngajêngan | wontên malih abdi kadipatèn lami | aran Ki Pranantaka ||

23. Si Gêndhowor wastane duk alit | kala taksihe amanakawan | kala samana kinèngkèn | dhatêng gustine wau | iya kangjêng pangran dipati | alon dènnya ngandika | marang kang ingutus | kang aran Ki Pranantaka | lah Gêndhowor sira lungaa ing mangkin | iya marang ing Donan ||

24. sira ngularana sêkar adi | iya sêkar Wijayakusuma | lah iku sira dèn olèh | sigra saha wotsantun | Pranantaka saking ing ngarsi | sampun mangkat sadaya | wau kang ingutus | awatara pitung dina | kang ingutus mring Têgal bubar tumuli | mangkat dhatêng Têtêgal ||

25. tan kawarna lampahirèng margi | sigra prapta ing nagari Têgal | kang ingutus katigane | cundhuk lan Ki Tumênggung | Martalaya utusan katri | andhawuhkên timbalan- [timbalan...]

--- 12 : 52 ---

[...-] | nira sang sinuhun | bungah amarwata suta | Ki Tumênggung tampi timbalaning gusti | sigra ngatag ing wadya ||

26. wadyanira gupuh dènnya kardi | pasanggrahanira jêng pangeran | adipati mèh praptane | miwah Kyai Tumênggung | Martalaya sira tumuli | mêpak ponang gêgaman | sigra kya tumênggung | lajêng dhatêng ing Toyamas | karsanipun mêthuk pangeran dipati | mangkat sarêng utusan ||

27. kang kawarna lampahirèng margi | sigra prapta nagri ing Toyamas | Ki Martalaya lampahe | lajêng asowan wau | pan kapirid dhatêng Ki Sêndhi | Wiradipănggajaya | wus munggwing ing ngayun | kapat samyatur pranata | jêng pangeran adipati angandikani |[35] dhatêng Ki Martalaya ||

28. lah bagea satêkanirèki | Martalaya sahatur prana |[36] dhatêng anuhun ature | Martalaya umatur | amangsuli andikèng gusti | anggèr pun Martalaya | pan salaminipun | ngajêng-ajêng yèn ing karsa | karsa dalêm ingkang manguna ngajurit | amangkua karatwan ||

29. mila ing mangke kawula gusti | langkung sukane manah kawula | ngraos dhatêng pangantose | kalayan malihipun | abdi dalêm kang kantun wingking | sami saos sadaya | pasanggrahan sampun | pangran dipati ngandika | iya ingsun angrêbut nagara mami | nanging sira antèkna ||

30. dene ingkang lagi ingsun anti | iya lakune Si Ondakara | Si Nirdakarti karone | iku padha sun utus | yêkti ingsun anti

--- 12 : 53 ---

yèn prapti | ana nagaranira | ing pangantiningsun | wruhanira iku uga | ing lakune Măndaraka Nirdakarti | sun kon mring Batawiyah ||

31. iku sun kon mundhuta ingkang sih | pitulung marang si kaki jendral | Ki Martalaya ature | yèn sawawi pukulun | asru mambêng kawula gusti | inggih lamun kenginga | sampun minta tulung | dhumatêng pun kaki jendral | karantêne adate bala Kumpêni | akathah ingkang cidra ||

32. wontên dene mêngsah dalêm gusti | nênggih tiyang Maduntên punika | sampun dados watir malèh | yèn taksih pun tumênggung | pangran sampun tumut ajurit | inggih pun Martalaya | andêlên nèng kewuh | ingkang tanggah nanggulanga | mêngsah dalêm pun Martalaya tan gingsir | jêng pangeran ngandika ||

33. iya bênêr aturirèng kami | Martalaya lah ta wruhanira | iya awak ingsun kiye | wus janjining Hyang Agung | apan pasthi tan kêna gingsir | iya ing jaman kuna | kala ibuningsun | amawratakên maringwang | kala ingsun dèn wawratkên limang sasi | ibu ngandikan eyang ||

34. barêng ibu katingal anuli | eyangku sultan datan antara | samana enggal têdhake | têka dhêdhamparipun | eyang Ratu Kulon ningali | yèn eyang sultan têdhak | samana umatur | eyang ratu marang sultan | mangkana ature eyang ratu dhingin | sultan lah punapaa ||

35. sarêng katingal bok ratu prapti | sampeyan têdhak saking dhêdhampar | inggih punapa ajrihe | dhumatêng ing bok mantu | eyang Sultan [Sulta...]

--- 12 : 54 ---

[...n] Mataram angling | mangkana andikanya | lah iya bok ratu | iku kawêruhanira | kang dèn kandhut mantunira iku benjing | têmbe jumênêng nata ||

36. tur iku ratu abala kalih | iya ingaran bala bacingah | mulane sun têdhak age | deneku[37] kaya ingsun | padha ratu lan jênêng mami | lah iku Martalaya | eyang dikanipun | tumungkul Ki Martalaya | pan rumaos kaluhuran sabda yêkti | dadya sumanggèng karsa ||

37. ri sampuning pangran mituturi | mring Martalaya saksana bubar | mangkat mring Têgal lampahe | tan kawarna ing ênu | sigra praptèng nagri Têtêgil | lajêng amasanggrahan | sigêgên karuhun | kocapa Ki Ondakara | Nirdakarti katri malampahirèki | dhatêng ing tuwan jendral ||

38. malah binêktan bala Kumpêni | pangaggênge nênggih Tuwan Amral | Hèldhuwèldhèh kêkasihe | lan malih kanthinipun | tan lyan bala Makasar Bugis | kêkalih pangagêngnya | kang jaga pakewuh | awasta Kraèng Kadhadhrang | Kraèng Naba kêkalih samya prajurit | ri sampune mangkana ||

39. tuwan jendral ngaturi pakirim | pangangge langkung dening akathah | kabêkta dening lampahe | Ki Ondakara iku | lawan iku Ki Nirdakarti | ri sampuning mangkana | têlas wêlingipun | tuwan jendral dhatêng Amral | Hèldhuwèldhèh anuntên mangkat tumuli | Amral lan Ondakara ||

40. mêdal baita lampahirèki | tan kawarna ing palayarira | akêbat palwa lampahe |

--- 12 : 55 ---

sigra anuli rawuh | ing muara nagri Têtêgil | ya ta Ki Ondakara | mêntas saking laut | lajêng dhatêng pasanggrahan | angaturi uninga yèn angsal kardi | dhatêng ing gustinira ||

41. sarêng katingal ingawe aglis | Ki Ondakara dhatêng pangeran | dipati sigra lampahe | prapta ngajêngan sampun | Ondakara saha wotsari | mangrêpa lungguhira | dèrèng kongsi matur | kasêlak pangran ngandika | Ondakara apa sira olèh kardi | iya ing lakunira ||

42. Ondakara matur awotsari | saking sawab barkat jêng pangeran | inggih kawulangsal gawe | rèhning kawula ngutus | pan ingêmban timbalan gusti | inggih pun kaki jendral | tan sawalèng kayun | saos karsa jêng pangeran | inggih mangke ambêktani bala Wlandi | dhatêng lampah kawula ||

43. dene pangagêng kang anindhihi | bala Walandi ingkang kabêkta | wasta Amral Hèldhuwèldhèh | lan wontên malihipun | kang minăngka kanthi Walandi | inggih bala Makasar | sapangagêngipun | dene pangagêng punika | wastanipun Kraèng Kadhadhrang[38] satunggil | kalih Karaèng Naba ||

44. dene mangke kang bala Walandi | taksih sami wontên ing muara | jêng pangeran andikane | lah timbalana iku | Ondakara dipun agêlis | konên munggah ing dharat | wong Walănda iku | ingsun akarsa uninga | Ondakaratur sêmbah sigra lumaris | dhumatêng ing muara ||

45. sapraptaning muara anuli | tuwan Amral [Amra...]

--- 12 : 56 ---

[...l] Hèldhuwèl ngandika | sigra mangkat sabature | saking muara wau | ya ta dhatêng dharat pasisir | kèrid mring Ondakara | lajêng lampahipun | dhumatêng ing pasanggrahan | sapraptane ing ngarsa pangran dipati | sami ngadêg kewala ||

46. pangadêge sami ngêmpit topi | ya ta kangjêng pangeran ngandika | mring Ondakara atakèn | apa karane iku | Ondakara Walănda iki | têka angadêg padha | ngêmpit topinipun | têka tan gêlêm asila | ngarsaningwang Nirdakarti awotsari | matur ing jêng pangeran ||

47. inggih sampun tatanipun gusti | wontên ing griyanipun punika | inggih makatên tatane | pangran suka gumuyu | aningali tata Walandi | saksana Tuwan Amral | Hèldhuwèldhèh matur | dhumatêng Kangjêng Pangeran | Gusti Raja Mataram kula puniki | ngutus pun kaki jendral ||

48. ngaturakên tabenipun kaki | akathah-kathah dhatêng pangeran | sarta pun kaki wêlinge | ngaturi pakêkintun | kang awarni pangangge adi | katura ing sampeyan | pangran ngandikarum | lah iya ingsun tarima | sih mulène kaki jendral marang kami | tambuh sun walêsêna ||

49. kala samana pangran dipati | ya ta amêpak wadyabalanya | sarta para ngulamane | gènnyarsa madêg ratu | anggêntèni jênêng ramaji | amrih ingèstrènana | ngulama gung-agung | miwah kang para pandhita | para ngalim miwah kang wadyagung alit | sampun pêpak sadaya ||

50. angandika pangeran dipati | hèh sakèhe

--- 12 : 57 ---

kabèh wadyaningwang | mêngko sun jaluk yêktine | pangèstokêna ingsun | madêg nata iya gêntèni | ing jênêngira rama | pan jêjuluk ingsun | Susuhunan Amangkurat | Senapati Ngalaga Ngabdurrahmani | Sayidin Natagama ||

51. wadyabala miwah para mukmin | maolana ngèstrèni sadaya | susunan pangandikane | Si Ondakara iku | ingsun gawe pêpatih mami | sun wênangakên ika | marentaha sagung | iya marang wadyaningwang | Si Ondakara mêngko ingsun arani | Tumênggung Măndaraka ||

52. kala jumênêng sri narapati | ing Rêbo Êpon dinane ika | nuju tanggal patlikure | ing Sura sasinipun | taun Wawu dèn sangkalani | janma anèng gêgana | sinayang ing ratu |[39] samana Ki Pranantaka | kang ingutus mring Donan amundhut sari | praptane antuk karya ||

53. kang ingupaya angsal sarakit | aran sêkar Wijayakusuma | samana wus ngaturake | dhumatêng sang aprabu | langkung suka galih narpati | rumaos yèn sih ing Hyang | nugrahèng Hyang Ruhur | dhawuh rumasuking nata | panjênêngan tanah Jawa wus kapusthi | kagêm anèng ing asta ||

54. Ki Pranantaka kalangkung dening | kapracaya ing salampahira | kinulawisudha mangke | apan jinunjung lungguh | Pranantaka sinung kêkasih | jinunjung saking ngandhap | sumêngkèng aluhur | aran Arya Sindurêja | Kyai Sêndhi apan sinungan kêkasih | aran Dêmang Urawan ||

55. Ondakara pan jinunjung linggih | aran Ki Ngabèi Wiradigda | sampun madêg [ma...]

--- 12 : 58 ---

[...dêg] karatone | wong Têngahan sumuyud | apadene kang wong pasisir | ngawula ing Susunan | Mangkurat linuhung | miwah kang wong ing Mataram | sami prapta angawula ing narpati | Prabu Anom Mangkurat ||

56. nanging kang dèrèng jinunjung linggih | Ki Nirdakarti lan Hănggajaya | miwah Ki Wiradipane | apan wau kasaru | akèh karya kang dèn lampahi | nênggih kala samana | kangjêng sang aprabu | taksih kathah kang rumêksa | upacara sakapraboning narpati | dèrèng wontên kang bêkta ||

57. dadya amundhut tiyang Têtêgil | jêng susunan kinarya kapêdhak | cacah wong pitung atuse | dadya andêling kewuh | apan sampun dipun wastani | aran wong jagasura | sadaya sumuyud | saya akathah kang prapta | wong Mataram miwah ingkang abdi lami | tuwin kang panakawan ||

58. apan ta sami jinunjung linggih | wau tiyang kadipatèn lama | akathah kang linggih lante | anèng ing Têgalarum | kawarnaa sri narapati | pan akarsa putusan | mring pasisir iku | pamrihe sri naranata | wong pasisir sebaa marang Têtêgil | samana sri narendra ||

59. duk sineba munggwing păncaniti | sri narendra nèng nagri Têtêgal | kang tansah munggwèng ngarsane | kang aran Ki Tumênggung | Măndaraka kalawan malih | Ki Arya Sindurêja | jajare alungguh | Ki Ngabèi Wiradigda | Ki Urawan Madurêtna munggèng ngarsi | lan Tumênggung Awăngga ||

60. angandika wau sri bupati | mring Măndaraka lah karsaningwang | iya mêngko [mêng...]

--- 12 : 59 ---

[...ko] ing bêcike | Si Sindurêja iku | Măndaraka arsa sun tuding | iya nênêlukêna | mring pasisir iku | pamrih ingsun iku uga | wong pasisir sebaa ing ngarsa mami | Sindurêja dandana ||

61. Măndaraka kayapa sirèki | awotsêkar Măndraka sumăngga | ing karsa langkung pênêde | angandika sang prabu | alah uwis mangkata aglis | Sindurêja dèn yatna | Kêndhal Kaliwungu | iku sira têlukêna | dêdimène padha seba ngarsa mami | lêgane atiningwang ||

62. upama yèn tan ngidhêp sirèki | saprayogane ing lakunira | gawaa wadya dèn akèh | Si Madurêtna iku | lawan Si Tumênggung Awanggi | iku ingkang milua | ing lakunirèku | iya padha jêjêgana | marang ing salakunira iku ugi | nuli sira mangkata ||

63. iya lawan wêkas ingsun malih | lah ing Kêdhu sira paranana | padha sira juma kabèh | lawan nagri Matarum | imbangana sira dèn bêcik | ingkang anèng Mataram | sapa aranipun | lan kayapriye kang warta | dèn prayitma sun ora mêmêkas maning | Sindurêjatur sêmbah ||

64. ya ta kondur wau sri bupati | kawarnaa Arya Sindurêja | wus adandan sabalane | tan kawarna ing ênu | wus samêkta kang ponang baris | kadi prawata sêkar | swaranipun umung | Sindurêja wus adandan | Madurêtna wadyane sampun acawis | sigra anuli bubar ||

65. datan kawarna lampahirèki | sampun prapta nagari ing Kêndhal | wong alit sumuyud [sumuyu...]

--- 12 : 60 ---

[...d] kabèh | miwah ing Kaliwungu | datan ana suwalèng kapti | apan sami asowan | wong ing Kaliwungu | dhumatêng Ki Sindurêja | atur bêkti asêgah tur pati urip | miwah tiyang ing Kêndhal ||

66. tan kawarna solahe ing nguni | sami sowan dhatêng ing Têtêgal | lawan sawadya mantrine | wong Kêndhal Kaliwungu | kawarnaa wau kang kari | Ki Arya Sindurêja | lajêng dhatêng Kêdhu | kalawan Ki Madurêtna | sabalane sami prayatna ing wèsthi | tiyang Kamangkuratan ||

67. desa ing Kêdhu kalane mangkin | apan ta maksih wayang-wuyungan | tan ana pangidhêpane | têtiyang alit truwu | sabêdhahe nagri Matawis | wong bumi lan bumija | tansah wayang-wuyung | dening keron manahira | pan akathah bahak-binahak ing jawi | kathah wong ambêbegal ||

68. nanging Ki Wăngsacitra ing mangkin | pan ingidhêp dening wong akathah | dadi gêgunungan dhewe | anèng desa ing Kêdhu | datan ana lêngganèng kapti | sira Ki Wăngsacitra | prakosa atêguh | kalawan bawalêksana | marmitane kinalulutan wong cilik | sira Ki Wăngsacitra ||

69. kawarnaa wau kang lumaris | kang anama Arya Sindurêja | nênggih Kathithang jujuge | samana sampun rawuh | ing Kathithang rêrêb tumuli | andhèr kang pamondhokan | ing desa supênuh | kawarnaa Wăngsacitra | sigra sowan mring Sindurêja tumuli | sarwi ambêkta sêgah ||

70. sakalangkung dènira mintasih | Sindurêja lêga ingkang manah | dening

--- 12 : 61 ---

tumingal sakèhe | wong Kêdhu kathah rawuh | pan sumuyud sarwi tur bêkti | sira Ki Wăngsacitra | kang dadya gêgunung | wong ing Kêdhu ingirupan | Sindurêja sakalangkung dènirasih | marang Ki Wăngsacitra ||

71. malah akarsa jinunjung linggih | apan dinamêl bêbundhêlira | tiyang Kêdhu sakathahe | ya ta sampun arêmbug | kintun sêrat dhatêng Têtêgil | mring Susunan Mangkurat | tan kawarnèng ênu | apan sampun ingidenan | ing susunan pinaring lorodan nyamping | sira Ki Wăngsacitra ||

72. tan kawarna wus jinunjung linggih | ingkang anama Ki Wăngsacitra | sampun alêlinggih lante | anama Ki Tumênggung | Mangkuyuda dadya têtindhih | tiyang Kêdhu sadaya | pan sampun sumuyud | ing Tumênggung Mangkuyuda | Sindurêja kalangkung lêga ing galih | ing Kêdhu wus atata ||

73. tan kawarna solahirèng nguni | kawarnaa kang anèng Têtêgal | wong pasisir suyud kabèh | sowan ing Têgalarum | datan ana sawalèng kapti | suyud marang Susunan | Mangkurat Sinuhun | ing Barêbês dèrèng sowan | tan kawarna alama anèng Têtêgil | enggar sakèhing wadya ||

76. Nagari Dêmak dipun bêdhah têtiyang Madura.

74. ênêngêna kang anèng Têtêgil | kawarnaa têtiyang Madura | kang bêdhah ing Dêmak mangke | nênggih punggawanipun | kang awasta Ki Wangsènggati | ri sampunira bêdhah | nagri Dêmak wau | wong Madura angrêrayah | kang rinayah apan bêdhug prangmadani [pran...]

--- 12 : 62 ---

[...gmadani] | nanging kala samana ||

75. nagari ing Dêmak pan winaris | pinêcah-pêcah wus tinanêman | mantri wêwolu kathahe | pan wus sami lumayu | mantrinipun ing Dêmak mangkin | nanging kala samana | wontên kang winuwus | Pangran Pugêr ing Mataram | pan adarbe pamijèn ing Dêmak nênggih | aran Ki Martalaya ||

76. ing Têmpalong wismanipun nênggih | kacarita apan sugih sanak | têdhak Gadamastakane | Ki Martajaya iku | sarêng wau amyarsa warti | yèn bêdhug prangmêdanya | rinayah ing mungsuh | Sampang kang ana ing Dêmak | sigra dènnya amêpak santana aglis | sira Ki Martajaya ||

77. lajêng anulya mangsah ing jurit | wus apanggih lan mêngsah Madura | apan ta kapanggih ijèn | Ki Martajaya wau | sigra aprang lan Wangsènggati | rame tumbak-tinumbak | asuduk-sinuduk | nèng alun-alun ing Dêmak | ramening prang kongsi kasaput ing wêngi | pisah dènnya ayuda ||

78. praptèng wisma rêraosan angling | Ki Martajaya lan para sanak | ya ta ujare arine | kakang kulasung pemut | kadipundi polah puniki | dening andika pêrang | tan wontên kang ngutus | yèn mênang sintên ngalêma | lamun kalah sayêktine tanpa kardi | yèn tan wontên parentah ||

79. yèn suwawi dawêg nusul gusti | Jêng Pangeran Pugêr kang amurba | nuhun parentah pênêde | Ki Martajaya muwus | iya bênêr ujarirèki | nanging ta ingsun ora | adhi ing karêpku |

--- 12 : 63 ---

payo nusul mring pangeran | adipati ing mêngko ana ing Têgil | lah payo nuli mangkat ||

80. arinira angling kadipundi | kakang dene pangeran dipatya | dede kang amuktèkake | têka andika susul | dene Pangran Pugêr ing nguni | kang muktèkakên dika | Martajaya muwus | ora alah payo uga | mring Têtêgal adhi lah turutên mami | payo ja kalayatan ||

81. payo mangkat adhi mring Têtêgil | sigra mangkat lawan arinira | Ki Martajaya lampahe | tan kawarna ing ênu | sigra dhatêng nagri Têtêgil | malêbwèng pasanggrahan | wau kang winuwus | sun dawêg rêrêmbagan |[40] pan kasaru Ki Martajaya duk prapti | sang nata angandika ||

82. hèh Martajaya de sira prapti | ingutus paran maring adhi mas | ing Pugêr de praptèng kene | Martajaya umatur | mring susunan saha wotsari | anggèr dhatêng kawula | pan botên ingutus | dhumatêng rayi paduka | sayêktose sêdya ngawula pribadi | angabdi ing sang nata ||

83. lan pêjah gêsang kawula gusti | konjuka dhumatêng ing sang nata | sumăngga sakarsa angrèh | mila kang abdi wau | ngunjukakên kang pati urip | dening jasad kawula | gusti kamipurun | angrumiyini ayuda | lawan mêngsah Sampang kasaput ing wêngi | dadya pisah kewala ||

84. nadyan mangke kawula tan miris | taksih purun ingabêna aprang | lawan wong Sampang jurite | nadyan kapanggih besuk | dèrèng ulap [u...]

--- 12 : 64 ---

[...lap] tandhing kawanin | sang nata langkung suka | amiyarsa atur- | ripun[41] sira Martalaya | angandika wau sang sri narapati | dhatêng Ki Martajaya ||

85. iya sun srahakên ing sirèki | Martajaya nagara ing Dêmak | lah sira mangkata age | larên jajahaningsun | Martajaya sigratur bêkti | amit agya umangkat | ing Dêmak dinunung | wau nuntên Tuwan Amral | Hèldhuwèldhèh matur dhatêng sri bupati | gusti amit kawula ||

86. dhatêng Jêpantên kawula gusti | dene ingkang jagi ing paduka | sawingking kawula anggèr | Kumpêni pitung puluh | rumêksaa ing karsa gusti | sang nata angandika | iya Si Tumênggung | Martalaya ing Mataram | lan Si Wija Amral milua sirèki | ngirida lakunira ||

87. Tuwan Amral umangkat siraglis | saking ing Têgal numpak baita | wus samêkta dandanane | ambabar layar sampun | angin barat kang andhatêngi | kêbat lampahing palwa | tan kawarnèng ênu | praptèng muara Japara | tuwan Amral layar wus kinèn anggiling | ya ta alabuh jangkar ||

88. dene wau kang mêntas kariyin | Tumênggung Martalaya kalawan | Ki Wija ika rowange | mila mêntas karuhun | andhawuhkên dikaning gusti | yèn lampahipun Amral | sakarsa sang prabu | Ki Tumênggung Martalaya | wus apanggih lan Ki Wăngsadipa mangkin | wus dhawuh kang timbalan ||

89. kalangkung dening suka kang galih | Ki Wăngsadipa têkane Amral | saksana umêntas age | Amral saking ing

--- 12 : 65 ---

laut | Wăngsadipa pan sampun panggih | kalawan Tuwan Amral | wus tata alungguh | Tuwan Amral atêtanya | mring Ki Wăngsadipa lah mangke nèng êndi | mêngsah dalêm kang prapta ||

90. Ki Wăngsadipa nauri aris | inggih tuwan kariyin kang mêngsah | ing Jagadhayoh ênggène | nanging mangke wus kawur | kalahipun kula bêdhili | saking gunung punika | rencang kula wau | ambêdhili lan wong Prêsman | myang wong Inggris kang dagang wontên ing ngriki | punika rencang kula ||

91. malah mangke punika pan taksih | têtiyang Inggris Prêsman punika | taksih atunggu ing kene | kagyat sajroning kalbu | Tuwan Amral mirsa wong Inggris | Prêsman yèn dadya rowang | dadya ing tyasipun | Tuwan Amral yèn ngucapa | pan mangkana angur kelangana mami | uwang nora ngapaa ||

92. amung iki aja kongsi kaksi | iya marang ing Raja Mataram | ya ta Tuwan Amral age | ngundang wong Inggris wau | lan wong Prêsman prapta ing ngarsi | wus alinggih atata | Tuwan Amral muwus | mring wong Inggris lan wong Prêsman | hèh wong Inggris wong Prêsman gawenirèki | wus padha katarima ||

93. wis katrima mring Raja Matawis | iya ing sapagaweanira | lah iki pêparingane | rong lêksa kathahipun | rupa reyal marang sirèki | anging sira muliha | karsane sang prabu | sira aja anèng Jawa | pan wong Inggris wong Prêsman padha nauri | tuwan kula sêsambat ||

94. dening palwa kawula [ka...]

--- 12 : 66 ---

[...wula] ing mangkin | lagi padha ngulihkên dagangan | Tuwan Amral gya wuwuse | ingong awèh parau | maring sira ywa sira watir | sigra sinungan palwa | Inggris Prêsman sampun | dhumatêng ing Tuwan Amral | wus tinampan anulya umangkat aglis | wong Inggris lan wong Prêsman ||

95. nanging dèn êbur maring Kumpêni | parau kang sinungakên ika | sampun nêngah palayare | praptaning têngah laut | ya ta kèrêm palwanirèki | wong Inggris lan wong Prêsman | sampun samya lampus | tan ana gêsang satunggal | Inggris Prêsman sigêgên datan kawarni | kocapa sang abrăngta ||

101. Asmaradana

77. Sinuhun Amangkurat têdhak dhatêng Japara.

1. wau ta ingkang winarni | kang anèng nagri ing Têgal | Jêng Susunan Mangkurate | sinebèng pra mantrinira | utusan sampun prapta | kang saking dhusun ing Kêdhu | kang aran Ki Sindurêja ||

2. ing Kêdhu sampun aradin | miwah pasisir nagara | sakilèn Samarang kabèh | pan sampun radin sadaya | Kaliwungu ing Kêndhal | Batang Pakalongan wau | Pamalang sampun arata ||

3. Barêbês datan winarni | iku purwaning arata | kalawan wong Têtêgale | samana sri naranata | akarsa mring Japara | amêpak sakèh wadyagung | myang para mantri punggawa ||

4. ingkang datansah tinari | Ki Apatih Măndaraka | Sindurêja datan kaot | Ki Urawan jajarira |

--- 12 : 67 ---

lawan Ki Wiradigda | ika kang samya tinantun | yèn mangke kangjêng susunan ||

5. karsa mring Japara nênggih | punggawa rêmbag sadaya | ri sampun nunggil rêmbage | sigra dènira siyaga | sakapraboning yuda | samakta lan barisipun | sajawining pasanggrahan ||

6. aglar pindha taman sari | karsanira sri narendra | tan arsa bêkta garwane | ampilan sampun agêlar | kang sami sinongsongan | pêpak kapraboning ratu | kang munggwing ngarsa sang nata ||

7. saksana bubar tumuli | Jêng Susunan Amangkurat | saking ing pasanggrahane | gumêrah swaraning wadya | awor pangriking kuda | kang tinitihan wadyagung | lampahira sri narendra ||

8. tan arsa mêdal jaladri | apan adharat kewala | kang baris nglurug lampahe | datan kawarna ing marga | Pangangsalan sinêdya | kêbat lampahing wadyagung | samana pan sampun prapta ||

9. lampahira sri bupati | rêrêb anèng Pangangsalan | kala samana lampahe | Jêng Susunan Amangkurat | mêndhêt wong Pangangsalan | nênggih cacah pitung atus | karsane sri naranata ||

10. kinarya kapêdhak nênggih | apan sampun winastanan | wong Judhipati arane | ya ta wau sri narendra | karsa lajêng lampahnya | mring Japara lampahipun | nanging ta sri naranata ||

11. arsa miyos ing jaladri | tan arsa mêdal dharatan | dening arêmbên lampahe | yèn maksih amiyos dharat | dadya kang pra punggawa | pasisir

--- 12 : 68 ---

dandan parau | sadaya sampun samakta ||

12. kadya gêrah kang wadyalit | andhèr baitèng muara | palwa dhasar wus sumaos | datan antara samana | bêbêktan sampun mêdal | samya winrat ing parau | miwah kang para prawira ||

13. sakapraboning ajurit | saprabot sampun samakta | wus winrat ing baitane | ya ta kangjêng sri narendra | sampun mijil saksana | ya ta mangkat dhatêng laut | sampun minggah ing baita ||

14. palwa kapal dèn titihi | wau têtiyang Walănda | sigra ambabar layare | sigêgên datan kocapa | lampahe sri narendra | kang layar wontên ing laut | wontên malih kang kocapa ||

15. duk kala sri narapati | taksih kadipatènira | anèng Mataram purane | adarbe kêkasih wadya | wasta Ki Martanaya | pan Ki Martanaya iku | etang abdi tumut lara ||

16. kala bêdhahing Matawis | Ki Martanaya punika | amisah lawan gustine | mila pisah sêdyanira | ngungsèkkên umurira | arêbat koripanipun | pan angalèr lampahira ||

17. saking nagari Matawis | pan anjujug ing Samarang | sapraptaning Samawise | tan adarbe manah liyan | mung anganggur kewala | nanging kang ingayun-ayun | datan liya gustinira ||

18. timbule ingkang pawarti | panjênêngane gustinya | ya ta wau rikalane | samana Ki Martanaya | wus miyarsa pawarta | yèn mangke nèng Têgal sampun | gustinira

--- 12 : 69 ---

jêng pangeran ||

19. malah wus jumênêng aji | anèng nagari Têtêgal | nulya malih mirsa wartos | yèn mangke sampun alayar | karsa maring Japara | Ki Martanaya agupuh | sêdya asaos sugata ||

20. sadarbe-darbenirèki | rèhning tiyang alit ika | samana wus samaktage | Ki Martanaya umangkat | minggah dhatêng samodra | ya ta apêpanggih sampun | lan Kangjêng Sunan Mangkurat ||

21. kagyat sang nata ningali | ri sampuning atur sêgah | Ki Martanaya wotsinom | umatur dhatêng sang nata | dhuh gusti sang pinundhya | pun Martanaya pukulun | ngaturakên pêjah gêsang ||

22. kenging tan kenginga gusti | kang abdi pun Martanaya | sêdya umatur sang katong | sanadyan pêjah gêsanga | sampun têbih lan nata | pun Martanaya sru matur | de sangêt datan kawawa ||

23. têbiha lan gusti mami | kadyapa polah kawula | sang nata ngandika alon | lah iya ta Martanaya | dahat ingsun tarima | prasêtyanira maringsun | nanging sun tanya ing sira ||

24. lawase sira nèng êndi | sapisahira lan ingwang | matura ing sayêktine | ngungsi urip ngêndi sira | Martanayatur sêmbah | umatur dhatêng sang prabu | kula wontên ing Samarang ||

25. lamine pisah lan gusti | kawula tan darbe manah | amung gusti wontên panon | mila ing mangke kawula | kenging botên kenginga | apan wus kasêdyèng kalbu | pêjaha ngarsa narendra ||

26. sang aprabu ngandikaris | iya

--- 12 : 70 ---

uwis Martanaya | apa ta sapangèstune | yêkti sun tarima uga | nanging parentah ingwang | ing mêngko maring sirèku | iya têka lakonana ||

27. aywa kuwatir ing ati | lah têka sira karia | ana ing Samarang bae | aja sira milu mringwang | lah têka tutugêna | lakunira dèn amujud | ana ing bumi Samarang ||

28. andêdongaa ing Widi | iya dongakêna ingwang | ing saolah lakuningong | muga ingsun tinêkana | sakajat lakuningwang | dening Hyang Suksma kang agung | lah iku wêwêkas ingwang ||

29. sok si kalakona ugi | ingsun mêngku nuswa Jawa | aja sira watir manèh | yêkti nagara Samarang | sun ganjarkên ing sira | Martanaya awotsantun | langkung masgul manahira ||

30. dening panêdyanirèki | saking ing mangke kapêtak | ing parentahe gustine | dadya ature sandika | wau Ki Martanaya | ri sampuning mangkanèku | sri narendra angandika ||

31. hèh Martanaya sirèki | lah uwis sira karia | têka têtêpa ing mangko | sira ana ing Samarang | lan aja gingsir sira | ibadatirèng Hyang Agung | iya ing sapungkur ingwang ||

32. Martanaya awotsari | sampun lèngsèr saking ngarsa | mudhun sing palwa kapale | saulihe Martanaya | susunan sigra layar | apan lajêng lampahipun | dhatêng nagri ing Japara ||

33. datan kawarna ing margi | lampahe sri naranata | wus prapta ing muarane | nênggih nagari

--- 12 : 71 ---

Japara | susunan sigra têdhak | saking kapal sampun rawuh | nênggih nagri ing Japara ||

34. wus masanggrahan narpati | anèng nagri ing Japara | wau kang andhèrèk age | Ki Martanaya Têtêgal | sampun praptèng Japara | samya masanggrahan sampun | sakwèhning para dipatya ||

35. mangkana ingkang winarni | wau Kyai Wăngsadipa | kinon anglar jajahane | saksana Ki Wăngsadipa | gya mangkat sabalanya | sapraptaning jawi wau | wong desa wus tinimbalan ||

36. sadaya wus nungkul sami | desa lyan saking Japara | tan wontên malanga ing rèh- | ira Kyai Wăngsadipa | sadaya wus arata | saprentah iya pan anut | wong kiwa têngên Japara ||

37. malah dumugi ing Pathi | tan wontên purun malanga | mring Ki Wăngsadipa rèhe | sami nurut anglêmbana | malah naosi samya | sapratandhaning anungkul | dhatêng Kyai Wăngsadipa ||

38. ri sampunira aradin | Ki Wăngsadipa tumulya | wangsul sowan mring sang katong | wau ta ingkang winarna | Martajaya ing Dêmak | pan sampun praptaning laku- | nira nagarèng Japara ||

39. wus sowan ing sri bupati | atur uninga yèn mangkya | ing Dêmak wus rata kabèh | eca tyasira sang nata | datan malih sumêlang | dènnya rata sadaya wus | jajahan ing keri kanan ||

40. dadya karsanya sang aji | sakathahe para garwa | karsa tinimbalan kabèh | duta sampun lumaksana | mring nagari

--- 12 : 72 ---

ing Têgal | ya ta wau sang aprabu | enjing miyos sinewaka ||

41. munggèng ing dhêdhampar gadhing | Kumpêni samya asowan | munggèng kursi panggêdhene | miwah kang mantri sadaya | para prajurit kapang | miwah kya patih nèng ngayun | kang anama Măndaraka ||

42. Arya Sindurêja nênggih | kalawan Dêmang Urawan | Ngabèi Wiradigdane | Angabèhi Jagapatya | tan kantun Wăngsadipa | Nirdakarti jajaripun | kalawan Ki Martajaya ||

43. Ki Wija jajare linggih | angandika sri narendra | mring Ki Măndaraka alon | alah iya Măndaraka | mêngko Si Wăngsadipa | sun kulawisudha iku | ingsun junjung lungguhira ||

44. saking ngandhap maring nginggil | ingsun alihakên aran | Dipati Martapurane | duwea nagri Japara | lawan maninge iya | ywa salaya karonipun | padha sun junjung lungguhnya ||

45. ing mêngko Si Jagapati | padha sun kulawisudha | karo barênga muktine | padha sun alihkên aran | jênênga Adipatya | Sujanapura puniku | padha duwea Japara ||

46. lawan maninge ing mangkin | Si Martajaya pan iya | ingsun junjung ing lungguhe | sun sêngkakakên ngakasa | sun alihakên aran | Tumênggung Suranata wus | anduwènana ing Dêmak ||

47. lawan Si Wija ing mangkin | ingsun junjung lungguhira | sun sêngkakkên ngaluhure | ingsun alihakên aran | jênênga Adipatya | Mangunonêng apilungguh | ing Pathi anduwènana ||

--- 12 : 73 ---

48. lan malih Si Nirdakarti | iya nagri Garobogan | ing mêngko sun paringake | ingsun alihakên aran | tumênggung ajênênga | Tumênggung Binarong iku | lan maning Si Martalaya ||

49. iya jênênga dipati | Adipati Martalaya | wadya anaksèni kabèh | sampun têlas jinunjungan | abdi kang tumut lara | wontên ta malih winuwus | kang aran Ki Hănggawăngsa ||

50. wismane ing Surawèsthi | duk samana kandhanira | kesah sing Surabayane | apan datan mawi rowang | numpal kèli lampahnya | sêdya nusul kakangipun | kang wasta Ki Hănggajaya ||

51. anèng nagari Têtêgil | apan ta sampun kapanggya | wau kalawan kakange | kang aran Ki Hănggajaya | sapraptane rinira | Ki Hănggawăngsa puniku | ingaturakên saksana ||

52. dhumatêng sri narapati | samana gya tinimbalan | Hănggawăngsa mring sang katong | pinariksa aturira | sira Ki Hănggawăngsa | pukulun jêng sang aprabu | kawula atur uninga ||

53. dhatêng paduka narpati | ing mangke pun Trunajaya | sampun miyarsa wartine | yèn lampah paduka nata | saking atasing warta | akanthi Kumpêni agung | miwah kang bala Walănda ||

54. nanging sampun dèn saosi | ingkang mêthuk yudanira | bala Walănda sakèhe | anênggih pun Darmayuda | punika kang datansah | tinandhing-tandhing ing cucuh | lan pun Galèngsong punika ||

55. kang badhe mêthuk Kumpêni |

--- 12 : 74 ---

kanthinipun Darmayuda | dene Galèngsong ing mangke | ingambil mantu punika | dhatêng pun Trunajaya | apan angsal anakipun | ingkang kêkasih punika ||

56. anak kang dipun wastani | Rahadèn Ayu Surêtna | punika angsal Galèngsong | sri naranata ngandika | ya uwis Hănggawăngsa | liwat ing tarimaningsun | prasêtyanira maringwang ||

57. yèn kontung puniku benjing | sok salamêta ing lampah | tinêkan sasêdyaningong | nagara ing Surabaya | sun srahakên ing sira | nanging mêngko ingsun jaluk | Hănggawăngsa lakunira ||

58. dene ta Si Amral iki | ing lakune iku sira | ing mêngko sira sun tudoh | dadia kartawadana | layak iku majua | sira ngajokêna iku | yèn layak iku mundura ||

59. sira ngundurêna ugi | Hănggawăngsa awotsêkar | nuhun sandika ature | angandika dhatêng Amral | wau sri naranata | hèh Amral wruhanirèku | mêngko Si Kraèng Madhangdhrang ||

60. sun pundhut sun kon anêlik | aturira Tuwan Amral | sumăngga karsa sang katong | angandika sri narendra | hèh Karaèng Madhangdhrang | iya sun kongkon sirèku | anêlika mêngko sira ||

61. maring nagara Kadhiri | anadene lakunira | sira muluta atine | maring Si Galèngsong ika | aywakèh kang minêngsah | ingsun kanthèni sirèku | Si Mirmagati milua ||

62. iku sun kanthèkkên mangkin | iya maring lakunira |

--- 12 : 75 ---

marmane lakunta mêngko | Si Mirmagati sun têdah | anganthèni ing sira | de Si Mirmagati iku | bisa ing basa limalas ||

63. dene kanthinira maning | Si Dipati Martapura | lawan Si Martalayane | lah iku padha milua | mring Si Kraèng Madhangdhrang | nêlik mring Kadhiri iku | kang kinon samyatur sêmbah ||

64. sandika ature sami | samana sarêng umangkat | wus tur bêkti mring sang katong | wau Ki Kraèng Madhangdhrang | mring Kadhiri nêlika | prayayi tri kanthinipun | Martapura anèng wuntat ||

65. lan Ki Martalaya sami | lumampah munggèng ing wuntat | apan ambêkta jambene | Ki Mirmagati samana | dahat anamur lampah | datan kawarna ing ênu | lampahe ingkang andhustha ||

66. sampun prapta ing Kadhiri | sira Ki Kraèng Madhangdhrang | ya ta ingularan age | tan adangu gya kapêdhak | Kraèng Galèngsong ika | emut Galèngsong tan pandung | dhatêng ing sadhèrèk tuwa ||

67. saksana rinangkul aglis | Madhangdhrang tur tinangisan | Madhangdhrang asmu waspane | lingira Kraèng Madhangdhrang | dhatêng ing arinira | adhuh nyawa ariningsun | lah aja sira karuna ||

68. iya wruhanira yayi | praptaningsun kene uga | iya sira kang sun ruroh | dening mêngko iki ingwang | ngabdi natèng Mataram | anadene lakuningsun | têkèng kene iki uga ||

69. dinuta rajèng Matawis | kinèn ngupaya ing sira | iya yayi samangsane | katêmua yayi sira | pan sira tinimbalan |

--- 12 : 76 ---

lah kayangapa sirèku | Galèngsong aris aturnya ||

70. inggih kakang kadipundi | anggèn kawula tumuta | ing lampah dika samangke | nanging ta kawula kakang | gadhah atur kewala | mênggah salêbêting kalbu | kawula sampun sumêlang ||

71. ing sungkême manah mami | tan mèngèng dhatêng sang nata | ing Mataram sayêktine | amung mênggah kalairan | kenginga kula samar | kapirapêtaning wuwus | ingkang dhatêng Trunajaya ||

72. Madhangdhrang suka ing galih | mirsa ature rinira | Madhangdhrang alon dêlinge | iya iku ariningwang | kang kinarsan sang nata | iya raja ing Matarum | apan ujar kang mangkana ||

73. Galèngsong amuwus aris | kakang ubanggi kawula | benjing yèn dhatêng prang rame | kula ngamuk saking wuntat | lawan sabalaningwang | dupi Galèngsong andulu | wau mring tiyang têtiga ||

74. sampun kaduga ing ati | lajêng têtanya mring raka | lah kakang kawula takèn | puniku sintên kang nama | kang andhèrèk andika | Kraèng Madhangdhrang amuwus | lah yayi kawruhanira ||

75. kang duwe batur puniki | pan iya Ki Mirmagatya | Galèngsong angling jro tyase | adhuh iki tarkaningwang | prajurit ing Mataram | abêcik-bêcik sun dulu | kaya tate ing ayuda ||

76. kaya nora kalah ugi | sang aprabu ing Mataram | amungsuh Trunajayane | Kraèng Madhangdhrang dan lingnya | poma wêwêkas ingwang | adhi dèn bêcik sirèku | dèn sayêkti ing wacana ||

--- 12 : 77 ---

77. anadene ingsun iki | adhi Galèngsong mring sira | wus liwat pracayaningong | poma aywa sira cidra | nanging sira ywa lena | lah uwis apamit ingsun | dèn yatna sapungkur ingwang ||

102. Pangkur

1. samana sampun pamitan | Kraèng Madhangdhrang lan Ki Mirmagati | Dipati Martapurèku | Dipati Martalaya | datan pisah wong têtiga pan akumpul | sakawan Kraèng Madhangdhrang | sarêng dhatêng ing banawi ||

2. tiyang Maduntên uninga | lamun wong Mataram lampahe nêlik | mring Galèngsong pondhokipun | mila ingadhang marga | sarêng mulat wong Sampang sigra angêpung | mring lampahira Madhangdhrang | banawi anuju banjir ||

3. Kraèng Madhangdhrang tumulya | kêbatira nyandhak Ki Mirmagati | binêkta malumpat sampun | banawi kalumpatan | Martapura Martalaya datan kantun | apan ta sarêng lumumpat | ing bangawan ing Kadhiri ||

4. pan wus sami kalumpatan | kang bangawan Kadhiri nuju banjir | ya ta lajêng lampahipun | wau Kraèng Madhangdhrang | sarêncange wong sakawan maksih kumpul | praptèng nagari Japara | lajêng marêk ing narpati ||

5. sapraptanirèng ngajêngan | Kraèng Madhangdhrang matur ing sri bupati |[42] gusti kawula pan sampun | nglampahi pangandika | angulari pun Galèngsong akêpangguh | nêlas timbalan kawula | dhatêng pun Galèngsong gusti ||

6. pun Galèngsong langkung suka | kadhawuhan timbalan sang narpati | malah agêng galihipun | amung ingkang tinêdha | sampun kirang

--- 12 : 78 ---

ingkang pariksa sang prabu | yêkti lair Trunajaya | batin tan mèngèng narpati ||

7. sasampuning aprasêtya | pun Galèngsong gusti gadhah ubanggi | ubangginipun ing besuk | samangsane ngayuda | pan angamuk sêdyanipun ing prang cucuh | dhumatêng pun Trunajaya | suka ing tyas sri bupati ||

8. wau ingkang kawarnaa | Martalaya sadhatênge anêlik | tansah apikir ing kalbu | kang dadya manahira | de sang nata tan angangge aturipun | winawrat lawan mêngsahnya | kaya datan dadi watir ||

9. mangkana ing ciptanira | yèn mangkana bae wong Madurèki | ênggoning mungsuh ing ratu | ingsun pan durung ulap | nadyan wuwuh wong Madura wawratipun | aywa kanthia Walănda | ingsun kêlar anadhahi ||

10. dene têka sri narendra | ora karsa andhahar atur mami | coba apa karyaningsun | mapan kangjêng susunan | tan akarsa andhahar ing atur ingsun | iya uwis pedah apa | ingsun darma atut wuri ||

11. marmane ki adipatya | datan purun sowan awad asakit | ya ta katur ing sang prabu | tekade Martalaya | kang mangkana dahat dukane sang prabu | sigra ngandika sang nata | mring Martapura sira glis ||

12. hèh Martapura dèn enggal | Martalaya patènana samangkin | maringa pondhoke iku | lan sagêgamanira | aja kari bok Si Martalaya ngamuk | iku sira aja tiwas | kêlara anêmbadani ||

13. Si Wiradipa milua | iku

--- 12 : 79 ---

kang anjênêngana sirèki | Martapura awotsantun | aturira sandika | Wiradipa matur sandika wotsantun | wong kêkalih sarêng mangkat | saha gêgaman umiring ||

14. sapraptaning pamondhokan | Martapura Wiradipa tan kari | Martalaya sampun wêruh | wus mêndhêm barisira | udakawis kathahe wong kalih atus | sarta lan lêlurahira | wus samya angati-ati ||

15. sami ukiran kancana | pan jajaran dening lêlurah sami | baris jroning pondhokipun | praptane Martapura | Martalaya pan sampun angliga dhuwung | wontên sandhaping kalasa | pun Kasur aran si kêris ||

16. dene Kyai Martapura | pan pun Jakatuwa araning kêris | apan kapanggih alungguh | sira Ki Martalaya | Martapura dhawuhkên timbalan wau | lah ta anak Martalaya | ingsun ingutus sang aji ||

17. mundhut pêjah gêsangira | Martapura sarya anarik kêris | aran Jakatuwa wau | ature Martalaya | inggih dawêg Ki Martapuraja dangu | Ki Martalaya wus yatna | dhuwunge pun Kasur aglis ||[43]

--- 12 : [0] ---

Isinipun

71. Mataram dipun lurugi prajuritipun Trunajaya. (Durma, Pangkur, Durma). ... kaca 18

72. Sunan Mangkurat tilar kadhaton, Mataram bêdhah. (Durma). ... kaca 29

73. Sunan Mangkurat sêda, sumarê ing Têgalwangi. (Durma, Asmaradana). ... kaca 35

74. Pangeran Pugêr jumênêng nata, jêjuluk Senapati Ngalaga, kadhaton ing Jênar (Puragănda). (Asmaradana). ... kaca 41

75. Pangeran Adipati Anom jumênêng nata wontên ing Têgal, jêjuluk Susuhunan Amangkurat. (Dhandhanggula). ... kaca 47

76. Nagari Dêmak dipun bêdhah têtiyang Madura. (Dhandhanggula). ... kaca 61

77. Sinuhun Amangkurat têdhak dhatêng Japara. (Asmaradana, Pangkur). ... kaca 66

 


Titik awal: Babad Tanah Jawi, Jilid 12 (Serie No. 1298k). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1940, 79 hlm. Judul jilid: Gègèr Trunajaya, nagari Mataram risak. Sunan Mangkurat seda, sumare ing Têgalwangi. (kembali)
solahe. (kembali)
Lebih satu suku kata: Pangran Purbaya tinilar wadyalit. (kembali)
dening. (kembali)
Tanggal: lima (5) Saban (Ruwah) Êdal (Dal): trus ngamuk kapinrang janma (AJ 1599). Tanggal Masehi: 13 Oktober 1676. Lihat: Bait 30.7, 31.1-2 di bawah untuk hari, bulan dan tahun dari tanggal ini. Watak bilangan "ngamuk" dalam sangkala ini kurang jelas, tetapi di sumber lain kata "muka" atau "mamuka" dengan watak bilangan sembilan (9) digunakan (lihat: BTJ van Dorp 1925 Jilid 3 hlm. 147; dan Babad Mantaram Wăngsadilaga 1860 hlm. 372). Tanggal tersebut mengacu pada wafatnya Pangeran Purbaya (paman dari Sultan Agung) yang meninggal dalam pertempuran dengan Trunajaya di Gogodog pada Oktober 1676. Lihat: BTJ Meinsma 1874 hlm. 305; Ricklefs 1981 hlm. 71. (kembali)
Tanggal: naga sanga prang ing jagat (AJ 1598). Tahun AJ 1598 jatuh antara tanggal Masehi: 28 Maret 1675 sampai dengan 15 Maret 1676. (kembali)
lampahe. (kembali)
angungkih. (kembali)
ingungkih. (kembali)
10 wong. (kembali)
11 ngèbêki. (kembali)
12 wong. (kembali)
13 balêbêr. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: ya ta wau kawarnaa. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: Pangran Kajoran sampun ngadêg baris. (kembali)
16 Dhangdhangwacana. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: Pangran Kajoran gya dandan tumuli. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: yèn Panêmbahan alolos ing wêngi. (kembali)
19 arsèng. (kembali)
20 anglir. (kembali)
21 prawata. (kembali)
22 kèngsêr. (kembali)
23 Tanggal: Akad (Ngahad) wolulas (18) Sapar Be: sirna ilang rasane ingkang bumi (AJ 1600). Tanggal Masehi: Kamis 22 April 1677. Pada bulan Sapar tahun AJ 1600, hari Ngahad jatuh pada tanggal 7 (Ngahad Wage), 14 (Ngahad Lêgi), 21 (Ngahad Pon), dan 28 (Ngahad Kliwon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 7, 14, 21, atau 28 Sapar Be AJ 1600 (11, 18, 25 April, atau 2 Mei 1677 M). Sangkala ini menandai runtuhnya kerajaan Mataram, dengan Amangkurat I melarikan diri dari istana ke Tegail saat pasukan Trunajaya mendekat (Ricklefs 1981 hlm. 72; Javaansche Zamenspraken 1882 hlm. 20). Beberapa bulan kemudian, pada bulan Juli 1677 Amangkurat I meninggal (Ricklefs 1981 hlm. 72). Menurut Javaansche Zamenspraken (Winter 1882 hlm. 20) Amangkurat I meninggal pada tahun AJ 1601 (1678/9 M). Bandingkan: Babad Mataram (Dirjaatmaja 1904 hlm. 111): malêm Ngahat (Ngahad) wolu (8) Sapar Be: sirna ilang rasaning bumi (AJ 1600). Tanggal Masehi: Senin 12 April 1677. Perbedaan satu hari (Ngahad versus Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
24 kawula. (kembali)
25 Dhangdhangwacana. (kembali)
26 gurawalan. (kembali)
27 wus. (kembali)
28 kingkin. (kembali)
29 layone. (kembali)
30 kitha. (kembali)
31 gurawalan. (kembali)
32 paramarta. (kembali)
33 têrak. (kembali)
34 wawêlak. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: jêng pangeran adipati ngandikani. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: Martalaya saha atur prana. (kembali)
37 deniku. (kembali)
38 Kadhakrang. (kembali)
39 Tanggal: Rêbo Êpon (Pon) patlikur (24) Sura Wawu: janma anèng gêgana sinayang ing ratu (AJ 1601). Tanggal Masehi: Jumat 18 Maret 1678. Pada bulan Sura tahun AJ 1601, hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 22, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rêbo Pon 22 Sura AJ 1601 (Rabu 16 Maret 1678 M). Sangkala ini mengacu pada saat Susuhunan Amangkurat II naik takhta. Sebagaimana disebutkan di atas (Pupuh 98.34.7), menurut Ricklefs (1981 hlm. 72–3) Amangkurat I meninggal pada Juli 1677 dan Amangkurat II naik takhta pada tahun yang sama. Bandingkan: Javaansche Zamenspraken (Winter 1882 hlm. 21) Amangkurat I meninggal pada tahun AJ 1601 (1678/9 M). (kembali)
40 Kurang satu suku kata: sun dawêg arêrêmbagan. (kembali)
41 ipun. (kembali)
42 Lebih satu suku kata: Krèng Madhangdhrang matur ing sri bupati. (kembali)
43 § Lajêng nyandhak jilid: 13. (kembali)