Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  17. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  18. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  19. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  20. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  21. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  22. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  23. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  24. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  25. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  26. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  27. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  28. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  29. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  30. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  31. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 23

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 23 : [1] ---

Serie No. 1289v

Babad Tanah Jawi

Jilid: 23

Tumênggung Martapura anggêgalak dhatêng prajurit Cina

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 23 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 23 : [3] ---

Cina Pasisir wetan tata-tata badhe pêrang, Ingkang Sinuhun ing Kartasura ngrêmbag kawontênanipun pêrang Cina lan Kumpêni

4. Martapura mandahane ugi | iya lamun dadia wadana | dene antêp gêgitike | yèn ganêpa têtêlu | dadi rewang angingêr bumi | mung cacad tan jatmika | rada mambu gêcul | ki arya kadang andika | jago kate punapa boya niwasi | bok barèsèt ing karya ||

5. Arya Kudus mèsêm anauri | duka sampeyan sanajan kadang | punika dèrèng têtarèn | kalangkung amarusul | alit mila purun ngêmasi | mangke sêpuh kinarya | punggawaning ratu | lonyote maksih binêkta | Ki Tumênggung Mataun alon nauri | kadi mantêp ing tingkah ||

6. dening ulat dêlik-dêlik andik | yèn mucicil sêmu angêmu rah | mung èndhèkêndhèk. cilik cacade | tangkêpe kudu mabur | paran inggih budi puniki | Dipati Jayaningrat | alon dènnya muwus | têbahe manah kawula | sri narendra botên karsa animbali | mring kang abdi wadana ||

7. nadyan anom Mlayakusumèki | jêr wadana sami binobota | sabudine dhewe-dhewe | amung kang kula tutuh | lurah radèn rêkyana patih | têkajrih umatura | dhatêng sang aprabu | nimbalana pra dipatya | ngarsa dalêm binobot sawiji-wiji | ala bêcik [bêci...]

--- 23 : 4 ---

[...k] karuwan ||

8. Surabrata Mataun nambungi | rêrêmane mung Tirtawiguna | wong kaya tiktak dhapure | yèn rêmbugan aminggu | pijêr nglirik amêmêdèni | mung ngluputakên kônca | iku gunanipun | ling Dipati Jayaningrat | salêrêse mung karya samantên lagi | nora gêpok wong praja ||

9. tinêmpuhna wong papat puniki | ujêr sampun sami pinarcayan | ngrèhkên para bupatine | ingkang pasthi katêmpuh | eman ewuh ing praja iki | Dipati Citrasoma | Tumênggung Mataun | Surabrata Jayaningrat | kang linêwihakên lan sagung bupati | kamuktène akathah ||

10. pantês lamun katêmpuh prakawis | andhawuhêna maring wong papat | sira sun pasrahi gawe | dadèkna karsaningsun | kadi bisa wong papat iki | sakarsane sang nata | wong papat anêmu | rumêksa ing tanah Jawa | yêkti bisa nora nganggo wong nagari | nganggur wong Kartasura ||

11. apa pracumah sri narapati | karya Adipati Jayaningrat | nora dèn têmpuhkên gawe | ing paekan mêmangun | mrih luhure karaton Jawi | sanadyan bêbeyaa | kawajiban ingsun | pamêtune Pakalongan | pan wus akeh sun tandhêg kang sun saosi | wong rumêksèng ing raja ||

12. pêpantêse wong rumêksèng aji | bêbantên donya bêbantên nyawa | yèn luputa pratikêle | donyantèk tombok umur | lamun bênêr pratikêlnèki | rahayu wuwuh donya |

--- 23 : 5 ---

apan sang aprabu | lawas ngimbu Pakalongan | ing Japara ing Jipang ing Pranaragi | gêgêdhug pra dipatya ||

13. têka nora tinêmpuhkên kardi | apa dosane dèn ingubêra | apan wus abot bobote | Surabrata sumaur | lan Mataun sami nambungi | inggih botên kadosa | ing karsa sang prabu | wong sampun sugih dandanan | têka dadak angupaya lare cili | ing rèh môngsa dhêngêra ||

14. sanadyan dhêngêr yèn lare cili | kaduk wani tan nganggo wêweka | durung rêspati nalare | kaworan kurangipun | nora wurung pikir nyanyambi | yèn kaya Jayaningrat | sayêkti amungkul | bekane wong ulah nalar | yèn nyênyambi karêpe wuwuh alinggih | lawas wuwuh ing arta ||

15. pasthi tiwas pêdhot pothar-pathir | tanpa dadi awuwuh sangsara | anggêgawa ing wong akèh | kawiranganing ratu | pan karupak jajahannèki | Rahadèn Surabrata | gitik epokipun | hèh yayi ing Pakalongan | luwih saking bênêre pikire adhi | kula ing Pranaraga ||

16. satus mantri kawula ing wingking | patang puluh nênêm anak kula | kang sampun mawat ing gawe | duwe bêbêcik sèwu | patang puluh mantri pangarsi | awor lawan santana | inggih wolung puluh | bêbêcik ing Pranaraga | sêndhal gilajaran rongèwu pan luwih | yèn tamban pitung nambang ||

17. pasthi asap kocapa ing bumi | Surabrata dadia tanggulang | bêbantên ana ing

--- 23 : 6 ---

gawe | duwe bêbêcik sèwu | yèn kèndêla maring narpati | salah siji wong papat | tinaria ratu | yêkti pun adhi kêwala | ngudhêngêna pun kakang agêdhag-gêdhig | lan Ki Mataun Jipang ||

18. nora cuwa karsane sang aji | prakara durung patut ginarap | lagi othe-othe meme | rinungu durung patut | yèn tan misih ana si adhi | Dipati Jayaningrat | mung pêpatutipun | prakara Cina Walônda | durung pantês kawruhan barang pinikir | katur ing sri narendra ||

19. dèn pasrahêna marang si yayi | mratikêli dadining prakara | kang têlu bau sukune | Citrasoma Mataun | Surabrata iki wuragil | gêgêdhug sêmbêlehan | sun sêngkakkên besuk | bobote wong Pranaraga | yèn êmasa êmas nêmbêlas satail | rêga bèh ro dadia ||

20. alon wau dènira nauri | nênggih Adipati Jayaningrat | yèn makotêna karsane | ki lurah lan sang prabu | dadi wêruh kang duwe kardi | yêkti tan napak lêmah | ing panyiptaningsun | suka lila tinumpêsa | yèn tiwasa cuwa karsane sang aji | yèn ora kalakona ||

21. mati bêbantên ing tanah Jawi | wurung mati ngerea wus jamak | wus lawas dèn muktèkake | pan wong suwitèng ratu | tan kumêdhèp ing lara pati | yèn tiwas dadi tawan | yèn untung angukup | balik karsane ki lurah | yèn makètên witing rèh angêngêmbangi | ing wêkasane tiwas ||

22. lurah pasisir môncanagari |

--- 23 : 7 ---

kang bupati papat tan ginarap | kajaba lêlurah gêdhe | kula pan belanipun | tuwin kakang ing Pranaragi | sami kaprênah besan | pun kakang Mataun | prênah kang bibi dèn alap | ipe paman Japara mantu sayêkti | apa winancak driya ||

23. kajabane wong papat kinulit | jêr wajibe katêmpuh prakara | ing Jawa abot repote | alon dènnya sumambung | adipati ing Pranaragi | amung Tirtawiguna | wong cêcangkok sagung | balebaran Kulonpraga | ngêndi olèh nimbangi wong Pranaragi | sayêkti karangsangan ||

24. salêksa rongèwu Pranaragi | pasthi seje tanting ing wêweka | bisaa kari bobote | lan kari antêpipun | duk praptane ing madya latri | kèndêl sami dhadharan | ana duta rawuh | mantri panumping satunggal | Surantani praptane atur upêksi | matur lamun dinuta ||

25. Kartanadi mring Sang Adipati | Jayaningrat wong agung sakawan | kalamun wau sedane | Ki Kartanagarèku | sami kagèt dènnya miyarsi | kang wong agung sakawan | dene winginipun | sami anèng kapatihan | mantri duta tinanggap aturirèki | botên akawit gêrah ||

26. sakit galihe botên tinari | kawingking marang Tirtawiguna | winawas ing wêkasane | tan sande tiwasipun | manawèling radèn apatih | anut ing aturira | Tirtawigunèku | duk ing nguni pinarcayan | kang wus têtêp sami kaliwon pêpatih |

--- 23 : 8 ---

têngên kalawan kiwa ||

27. Pringgalaya têngên ngaliwoni | Tumênggung Kartanagara kiwa | kang angrèh bupati kabèh | ing mangke tan tinantun | pijêr Pringgalaya tinari | lawan Tirtawiguna | kyana patih anut | ing karsanira sang nata | kalulute ing jro Tirtawigunèki | ing jaba Pringgalaya ||

28. kerat-kerut sira radèn patih | nora wani katur ing sang nata | yèn nimbalana malihe | bupati kang gêgêdhug | ingkang duwe kardi tinari | kang wus cangkok nagara | kang pasthi katêmpuh | pakewuh ing tanah Jawa | pijêr anut anurut karsa narpati | ingkang durung prayoga ||

29. nora wêruh wajibing pêpatih | wania matur angalangana | yèn ratu dudu karsane | Ki Kartanagarèku | apa mati raga pribadi | kaping tri ngulu wisa | anèng gêdhongipun | sami ngungun kang miyarsa | duk punika Jayaningrat Adipati | Mataun Surabrata ||

30. Citrasoma sapakèt ing pikir | anon ing tingkah anut satitah | ing Hyang Suksma sasmitane | yèn putêk para putus | datan wurung rêngkaning bumi | mangkana wus bubaran | kang punggawa catur | antuke mung kang rinêmbag | mung sapakon awêdi lan ngati-ati | dudu bupati praja ||

31. laladane lautan kalêmpit | kurang polat tanpa ngulatira | nora wruh maring jêmbare | pijêr katon kang ciyut | kang asompok rupak tur rumpil | Rahadèn Pringgalaya | rupak pikiripun | yèn [yè...]

--- 23 : 9 ---

[...n] ana bupati pêjah | wani matur ngaturkên kaliwonnèki | kinaryaa punggawa ||

32. Tirtawiguna pikire rumpil | nora jawil yèn ana wong lêpat | nuli pinasang cacade | yèn wus mundur rinêngkuh | duk samana radèn apatih | nimbali pra dipatya | ulas-ulasipun | ing batine wus anduga | pangrasane wus bênêr pratikêlnèki | tan wruh sinoming karsa ||

172. Sinom

1. alon dènira ngandika | rahadèn rêkyana patih | marang sagung pra dipatya | paran undhake kang pikir | punapa inggih misih | kadi pikir kang rumuhun | kèndêl pating julalat | punggawa lirik-linirik | kang nauri mung Dipati Jayaningrat ||

2. kados dèrèng sagêd mindhak | yèn dèrèng kantênan ugi | ing karsa jêng sri narendra | ngandika radên apatih | sawêg ta kang puniki | nanging timbalan sang prabu | sami ngatos-atosa | dandana kaprabon jurit | ngundhakan amuwuhi bobote lama ||

3. pra dipati datan ana | siji kang nêdya nauri | sumêlang ing karsanira | kesahe Martapurèki | dadya sadaya ajrih | angundhonana ing rêmbug | dene nora sajarwa | angesahakên bupati | milu rungak tyase nayaka punggawa ||

4. buntu budining bupatya | ajrihe ngudhoni pikir | sadalu pijêr dhadharan | tan ana ingkang cumuwit | amung Si Adipati | Jayaningrat ingkang matur | watawis patang kêcap | anuli salin dènyangling | pan anyandhak [a...]

--- 23 : 10 ---

[...nyandhak] jago kêmiri lan gêmak ||

5. pra Dipati Kartasura | tan ana wani kumlisik | mung anglirik Pringgalaya | miwah Tirtawigunèki | kalihe tan cumawis | mila sadaya ambisu | pukul kalih bubaran | enjinge radèn apatih | manjing pura punggawa kalih binêkta ||

6. Radèn Arya Pringgalaya | miwah Tirtawigunèki | canthèl atur ingandikan | prapta byantara narpati | wau punggawa katri | radèn patih nêmbah matur | pukulun dèrèng ewah | ature kang pra dipati | abdi dalêm pun Dipati Jayaningrat ||

7. lan malih atur uninga | abdi dalêm angêmasi | Tumênggung Kartanagara | mung sakit sadalu mati | ngungun sri narapati | larapa arane iku | paman sapa prayoga | lêlakone kang gumanti | nêmbah matur Dipati Natakusuma ||

8. abdi dalêm pun Ariya | Pringgalaya anaosi | kaliwonipun punika | pun Singaranu manawi | marêngi ing karsaji | alon ngandika sang prabu | sira apa prayoga | umatur radèn apatih | sayêktose pan inggih dèrèng prayoga ||

9. yèn Singaranu dadosa | kadange taruna maksih | pun Ngabêi Rêksapraja | ulêse pêkik prayogi | yèn botên kadangnèki | lare-lare anakipun | kalih kumala-kala | dinamêl salah satunggil | sri narendra nglirik Arya Pringgalaya ||

10. andhêku ulate pucat | ngandika sri narapati | paman aja gêgawean |

--- 23 : 11 ---

bupati bocah saiki | rubêd mèh akèh kardi | dene Si Rêksaprajèku | lonyot wartane ludhag | durung pantês ambupati | ngulatana kang tuwa ingkang prayoga ||

11. nguthuh wau aturira | rahadèn rêkyana patih | yèn marêngana ing karsa | abdi dalêm sêpuh kêdhik | pun Ônggadiwiryèki | ya ta ngandika sang prabu | iku paman Si Jômbla | anakira tuwa kêdhik | ancêpêna wadanane wong panêkar ||

12. nora pati yèn rarea | iya paman sun arani | Si Arya Wiryadiningrat | lurahing mantri panumping | lan Si Rêksaprajèki | dadia kaliwonipun | Si Roma paringêna | têtinggalane kang mati | nêmbah mijil wau wong agung katiga ||

141. Tumênggung Martapura mapagakên baris Cina ing Puwun

13. kunêng ganti winursita | Tumênggung Martapurèki | sapraptaning Garobogan | Cik Macan lan Mudhaêtik | prasamya dèn timbali | Cina kang baris ing Puwun | prapta binêkta ngiwa | pan sampun dèn bêbisiki | linairkên karsane ingkang parentah ||

14. lamun sira wus kalilan | sira karsa magut jurit | maring kang duwe nagara | yèn wong Cina nêmên jurit | yèn tan nêmên sirèki | ing ayuda têmah mungsuh | lawan kang duwe praja | sing wani unggul ing jurit | sayêktine kanthi kang duwe nagara ||

15. anuli sira tutura | mring Singsèh praptangong iki |

--- 23 : 12 ---

iya anggawa parentah | nanging parentah piningit | yèn wus karuwan wani | wong Cina bêcik prangipun | iku parentah wêdhar | samêngko marma piningit | sawab durung wêruh bobotira ing prang ||

16. parêng wau amiyarsa | Cik Macan lan Mudhaêtik | linge Radèn Martapura | parentah saking nagari | kalihan nampèl wêntis | iku radèn ciptaningsun | amung dèn lilanana | goningsun amangun jurit | amuk numpêr yèn tiwas dipun bubuha ||

17. kabèh donyane wong Cina | miwah wong wadone sami | aja ana kang ngukupa | mung wong Jawa sun lilani | mandah sukaning galih | Ki Singsèh panutan ingsun | ling Radèn Martapura | sira waraha tumuli | lamun ingsun antuk parentah pingitan ||

18. dene besuk lunganira | têka ing Puwun ing ngriki | ya ingsun gawe tarekah | wong Kumpêni dimèn wiwit | nêlas pitungkasnèki | pamit lampahira laju | maring Tanjung Wêlahan | ing lampahira wus prapti | panggih lawan Ki Singsèh panutanira ||

19. kinêcapakên sadaya | wêlinge Martapurèki | praptane saking nagara | gawa parentah paningit | wong Cina dèn kêcêki | yèn tulus wania magut | Singsèh kalangkung suka | ing batin wus antuk idin | angundhangi Cina kang sami samaya ||

20. Singsèh alon wuwusira | hèh Si Macan lan Si Êtik | muliha sira matura | mring Radèn Martapurèki | môngsa bodhoa ugi | ing sapolah tingkah ingsun | anêmah [a...]

--- 23 : 13 ---

[...nêmah] nêdya pêjah | ing aprang magut Kumpêni | apan ingsun iya anuli pratôndha ||

21. wus umantuk Êcik Macan | kalawan sira Mudhatik | sapraptaning Garobogan | lan Martapura wus panggih | Singsèh dènnya kêkirim | baludru maliyo kustup | sorasari lan reyal | pitung atus sungsungnèki | wus tinampan maring Radèn Martapura ||

22. lan sutrane kalih rêmbat | sutra ijo lawan abrit | suka Radèn Martapura | wus matêng barang pinikir | solah-solahe dadi | wong Cina ing batin anut | mring Radèn Martapura | tinumbukna gunung wêsi | nora mingkêd rèh saking Radèn Paridan ||

23. wus mantuk sira Cik Macan | praptèng Puwun lan Mudhatik | pratôndha pacak barisnya | karya bandera wus dadi | lawan kêkênthung bèri | amung Cina kalih atus | kapala Êcik Macan | kalihe lawan Mudhatik | kawuwusa sira Radèn Martapura ||

24. utusan maring Samarang | pêpatihe kang tinuding | pun Dêmang Wargamênggala | lan mantri pangarsa sami | nênêm sawadyanèki | wontên kuda pitung puluh | kalih banderanira | ing Pringapus kang dèn jogi | kinèn ngakên mantuk saking Kartasura ||

25. wus mangkat ambêkta surat | wuwusên nagri Samawis | wus alami rêrêngginya | dene ta wong Cina sami | wetan urut pasisir | wus umadêg barisipun | anèng Tanjung Wêlahan | Kapitan Singsèh têtindhih | wus akathah panglêmpaking kang gêgaman ||

--- 23 : 14 ---

26. misuwur pawartanira | kang katur marang Samawis | anggili sadina-dina | kang angumpul tumut baris | pukul bêndhe lan bèri | sabên enjing baris Tanjung | kumêndur ing Samarang | miyarsèng tyas langkung sêdhih | apan arsa ginitik durung têtela ||

27. lawan kang duwe nagara | mila wibuhwimbuh. tyasirèki |§ Kirang kalih pada[gatra] prayogi dipun wêwahi: bala Kumpêni Samarang / manahipun kêtir-kêtir / Bale Pustaka. Alpisêr Natanahil | Tasmitèn kumênduripun | wau kang kawuwusa | dutane Martapurèki | sakancane prapta nagri ing Samarang ||

28. sampun katur tinimbalan | mring kumêndur sampun panggih | duta ngaturakên surat | tinampèn sampun amanggil | juru basa wus prapti | kinèn maos sêratipun | bêbuka tabenira | Rahadèn Martapurèki | kang pilênggah ing nagari Garobogan ||

29. kang sampun têtêp ing nama | Tumênggung Martapurèki | wiyose sêrat kawula | eklas saking ati suci | katura surat mami | dhatêng ing tuwan kumêndur | alpisêr kang marentah | Tasmitèn bala Kumpêni | ingkang sami lêloji pasisir wuntat ||

173. Pangkur

1. wiyose sêrat kawula | tur uninga lampah kawula nguni | sowan ing garêbêg Mulud | praptaning Kartasura | nuntên ingkang têngga nagarasung wêruh | kalamun sawingking kula | wontên Cina pacak baris ||

2. ing Puwun dhusun Parwata | tigang atus kapala pun Mudhatik | pun Macan satunggilipun |

--- 23 : 15 ---

wus sami ambêbahak | têpis iring dhusun ing Parwata gêmpur | kula enggal tur uninga | ing gusti rêkya patih ||Kurang satu suku kata: ing gusti rêkyana patih.

3. sarta kula nuwun lilah | duk miyarsa radèn rêkyana patih | langkung saking dukanipun | kula kinèn mantuka | kinèn gêcak Cina kang baris ing Puwun | datan kinanthèn punggawa | kula dhewe dèn ayoni ||

4. timbalane radèn patya | lamun sira kalah ingsun kêbiri | wit kula kang darbe unjuk | lancang saguh angrêmak | saking lingsêm inggih milanipun saguh | pan anak rabi kawula | ginadhe wontên nagari ||

5. sêdyane manah kawula | adol saguh pikir kapanggih wingking | mêngsah Cina tigang atus | samêktaning sanjata | pan prajurit kawula mung kalih atus | saking dèrèng pradandanan | mila kawulatur paksi ||

6. tuwan dhatêng jêngandika | kaping kalih nêdha pitulung malih | kaprabone aprang pupuh | dening rencang kawula | kang sapalih mêdal Samawis puniku | satus prajurit turôngga | satus kang kabêkta mulih ||

7. lan inggih tuwan wontêna | tingal tuwan Kumpêni kang jênêngi | sukur yèn angiras bantu | sampun kêdah akathah | kang ngawruhi gèn kawula aprang pupuh | kumêndur duk amiyarsa | padhanging tyas suka ngênting ||

8. gumuyu alatah-latah | tuwan radèn itu tarlalu baik | kêras brani marang mungsuh | lah iya jangan susah | apa kurang barang pasthi beta tulung | Ki Dêmang Wargamanggala | mring juru basa bêbisik ||

--- 23 : 16 ---

9. kumêndur alon têtanya | apa bicara juru basa turnèki |Lebih satu suku kata: apa bicara juru basanèki. duta punika turipun | kuwatir mêlang-mêlang | inggih wêwatêkane bêndaranipun | inggih prapta ing nagara | lajênga umagut jurit ||

10. prajurite kula bêkta | kang sapalih amung binêkta mulih | saking sangêt wantêripun | mèsêm kumêndur suka | aja banjur mulih sipênga sadalu | besuk nuli umangkata | ingsun gawani Kumpêni ||

11. wus kinèn apamondhokan | kunêng dalu kawuwusa ing enjing | duta pinanggil kumêndur | Dêmang Wargamanggala | sabature wus tampi sêrat wêwangsul | lawan apakirim kathah | rongpuluh sanjatanèki ||

12. ingkang bainèt kewala | karbin alus patang pasang lan malih | pistul patang pasang alus | patang tong warni obat | mimis satong lan sangkêlat patang pikul | biru ijo lawan abang | baludru warni kêkalih ||

13. kang cêmêng kalawan abang | renda sèkêt iya kalawan malih | pupusan maleja masru | kang sami dhasar pêthak | langkung kathah kumêndur dènnya kêkintun | kumpênine tigang dasa | pangirid kurnèt satunggil ||

14. pan kêkalih mantrinira | Dêmang Kaligawe lan Kalicari | mangkat angetan anjujur | margi anjog layapan | wus andhinginakên ing utusanipun | Dêmang Wargadimênggala | anuding mantri kêkalih ||

15. sapraptaning Garobogan | panggih lawan Radèn Martapurèki | katur sagunging pisungsung | akathah warninira |

--- 23 : 17 ---

langkung suka Martapura nampèl pupu | kang surat sampun winaca | suka dènira miyarsi ||

16. lajêng angundhangi bala | wus siyaga kapraboning ajurit | atêngara budhalipun | kirab saking nagara | wus lumampah kang caraka maring Puwun | anjawil marang Cik Macan | kalihe lawan Mudhatik ||

17. ajanji ing benjang-enjang | yèn Kumpêni prapta wus amrêpêki | yèn wus katon barisipun | payo prang gêgorohan | aja kêmba dèn arame bêdhilipun | padha kothongan kewala | bêdhil marêpa manginggil ||

18. gêlar aja kawigaran | wus mangkana sadintên lampahnèki | Rahadèn Martapurèku | sampun amasanggrahan | pan kaprênah kidul kilèn saking Puwun | pun Êtik lan Êcik Macan | ing dalu sami manggihi ||

19. wus matêng prajanjinira | kunêng dalu ya ta wuwusên enjing | bala Kumpêni lêlaku | lan patih Garobogan | Dêmang Wargamanggala sakancanipun | lan turôngga pitung dasa | satus darate anunggil ||

20. lan Kumpêni lampahira | munggèng ngarsa prajurit kang turanggi | anèng marga kalih dalu | enjinge wus andungkap | Dêmang Wargamanggala sampun angutus | yèn Kumpêni sampun cêlak | kapirsa swaraning bêdhil ||

21. sigra Radèn Martapura | mêdal anèng ara-ara abaris | parentah mring balanipun | saragni bêbêdhilan | sarta surak wong Garobogan gumuruh | ambêdhil kuda têtiga | ingkang kinarya

--- 23 : 18 ---

pêpati ||

22. Dêmang Wargadimênggala | marang kurnèt asru dènira angling | tuwan punika karungu | swaraning kang sanjata | bokmanawi punika bêndara campuh | sampun prang lan mungsuh Cina | kurnèt asru dènirangling ||

23. yaika swaraning aprang | kayaparan dêmang karsanirèki | Wargadimênggala muwus | tuwan dika ing lampah | sampun owah lan inggih sampun kasusu | yèn wontên lilah andika | kuda kang kalih dasèki ||

24. punika kang kula bêkta | ingkang sèkêt kabèh lan kônca mantri | sarênga tuwan puniku | kula kang ngriyinana | atêtulung bêndara radèn tumênggung | kurnèt asru wuwusira | iya bêtul lêbih baik ||

25. ki dêmang wus têtabean | kuda kalih dasa sarêng nyamêthi | kalih dasa sarêng mamprung | ya ta wus praptanira | panggih lawan Rahadèn Martapurèku | barising Cina katingal | arame bêdhil-binêdhil ||

26. lawan surake gumêrah | wus adangu wau bala Kumpêni | kèndêl rakit gêlaripun | wong Cina wus katingal | rame ulêng-ulêngan prange kadulu | mukul tambure gumêrah | Rahadèn Martapurèki ||

27. katon sinongsongan pêthak | angadhangkrang Cina ngarutug bêdhil | bala Kumpêni kasusu | têtulung sêdyanira | kang wong Cina ingawe kinon lumayu | golong angalèr sadaya | Martapura anututi ||

28. kurnèt asru wuwusira | maring mantri sapa kang payung putih | inggih bêndara puniku |

--- 23 : 19 ---

kang binendrong sanjata | kurnèt angling sira nusula dèn gupuh | bêndaramu aturana | mandhêga barêng Kumpêni ||

29. paran ika mungsuh Cina | apa tadhah wong Cina apa lari | tuwas punika kadulu | kadi sami lumajar | kurnèt angling apa mulane lumayu | sakatone baris ingwang | takut andulu mring mami ||

30. duk jaman apa wong Cina | lali mêngko ngayoni wong Kumpêni | anggagrak suka gumuyu | payo ingsun mring ngarsa | tilar baris adhehan turangganipun | wus cêlak parêng tumêdhak | Rahadèn Martapurèki ||

31. wus sami atêtabean | ciyum jôngga kurnèt suka ningali | ing Radèn Martapurèku | busanane murwendah | bajo wilis baludru rinenda murub | kotang pêthak kancing mirah | udhênge jingga tinêpi ||

32. lancingan baludru abang | rinenda mas cothene bodhik-bodhik | rinênggèng kancana murub | sinasotyèng hèr kêmbang | pêparingan sing radèn patih puniku | sagung busana rinêngga | cahyane mèntèr amintir ||

33. kadya putra Tasikwaja | yèn sinawang pantês pacalang Bugis | mèmpêr Karaèng Trêngganu | kadya satriya mandar | lamun botên punika Dhaèng Tuwajuk | apantês lamun dadia | pêpatih sang radèngRadèn. Acih ||

34. lamun dadia pangeran | pan pangeran nênggih nagarèng Mêntrik | arana pangeran kulup | pantês asugih gêlar | kurnèt asih asuka pandulunipun | kurnèt sinungan pariksa | turanggane kêni mimis ||

--- 23 : 20 ---

35. binêkta mring pangauban | bêkta kursi munggèng soring kusambi | sarwi nganti kang bêbujung | marang ing mungsuh Cina | Dêmang Wargadimênggala praptanipun | ing pukul satêngah lima | kang sami bêbujung jurit ||

36. umatur yèn sampun lêpas | tan akèndêl palajêngira nunggil | amor kang baris ing Tanjung | Singsèh anèng Wêlahan | wadya Garobogan angili sêsuguh | dhahar nèng wana kewala | lajêng makuwon salatri ||

37. langkung sami sukanira | kurnèt pamit pitungkasira ngênting | apan mung kèndêl sadalu | hèh Radèn Martapura | yèn wong Cina prapta malih gawa bantu | sira dèn enggal putusan | minta bantu mring Samawis ||

38. aja kongsi prang sumêngka | lamun sira rusak kumêndur isin | mangkana lampahe laju | sarwi kirim manjangan | ingkang urip tiga wêlas mring kumêndur | wus pisah kilèn Parwata | kurnèt lan Martapurèki ||

39. mangkana wau lampahnya | kurnèt sampun prapta nagri Samawis | katur ing tuwan kumêndur | satingkah lampahira | lan tangkêping prang Radèn Martapurèku | kumêndur kalangkung suka | wartaning prang ngasmarani ||

142. Tumênggung Martapura tampi dêduka saking patih

174. Asmaradana

1. kunêng kawuwusa malih | sira Radèn Martapura | sapraptanirèng dalême | anggung anyakiti badan | pepe lamun rahina | yèn dalu anggung akungkum | nèng

--- 23 : 21 ---

balumbang pakêbonan ||

2. awis dhahar lawan guling | kang dadi rudatinira | dene abote karyane | kinarya sirahing karya | bok datan kalêrêsan | yèn Cina sampun umagut | kang badhe momong wong Cina ||

3. mangkana radèn apatih | myarsa warta bêborotan | rajasuta pinangkane | Cina kang baris Parwata | ing Puwun sampun bubar | Kumpêni ingkang amukul | saking nagari Samarang ||

4. langkung duka ki apatih | maring Radèn Martapura | dene wong Cina bubare | tan ana atur uninga | karya surat dêduka | carakanira lumaku | sapraptaning Garobogan ||

5. dhawuh surate kya patih | maring Radèn Martapura | tinampan tinupiksage | pèngêt iki layang ingwang | wiyose hèh Paridan | mêngkono pêpolahanmu | wong ingandêl mring sang nata ||

6. sira kinarya bupati | lagi sinung pagawean | panggawe kang luwih abot | mêngko sira anggêgampang | sêmbrana kaya bocah | Cina kang baris ing Puwun | dhingin wus katur sang nata ||

7. mêngko pinukul Kumpêni | sira tan atur uninga | dene wong Cina bubare | têgêse êndhasmu papat | roro jaga kêthokan | iya dhas lêlakon iku | kang roro jaga uripan ||

8. sawusnya amaos tulis | jungkêl Radèn Martapura | nangis nungkêmi layange | tangine apucicilan | malêthèt malang kadhak | umuntir jêjenggotipun |

--- 23 : 22 ---

hèh duta ing kapatihan ||

9. dèn agêng pariksa mami | tingale dipun waspada | yèn dêduka dèn cumêplos | puniki wong Cina bubar | kula dèrèng tur priksa | apan kula wong tinuduh | ing gusti radèn apatya ||

10. amrih dadining ajurit | Kumpêni lawan wong Cina | kula kang amrih galake | Kumpêni kula kang ngundang | Cina kula kon bubar | angungsia bangsanipun | kang anèng Tanjung Wêlahan ||

11. pan inggih kula bêciki | kang anèng Tanjung Wêlahan | nuli ngadêga barise | yèn dhèwèke amuk ing prang | nora prang tundha bema | sun rojong sapolahipun | lamun aprang kaya-kaya ||

12. banjur sun gêcak pribadi | ingsun cêkêli sadaya | mring Kumpêni sun srahake | wong Cina sanggup sadaya | datan kumêdhèp ing prang | samangsambêk sura nêmpuh | lah ing mangke dika iras ||

13. hèh dutane radèn patih | apan ta wong kandêl dika | padha wong miji karone | dika sami ngawruhana | pratingkahe wong Cina | kang wus mêdal baris Tanjung | saking tarekah kawula ||

14. lan dika kula bêktani | mantri kêkalih anamar | anèng marga yèn tinakèn | ing wong desa angakêna | ngupaya gêmak pêthak | yèn dika prapta ing Tanjung | ngaku kongkonan manira ||

15. layang manira gawani | sayêkti têtêmunira | lawan Si Kapitan Singsèh | iki pasangon manira | wong roro anglimalas | lan bakal kulambi masru | sukanut ingkang caraka ||

--- 23 : 23 ---

16. mangkat wus binêkta nuli | ngaku wong ing Garobogan | mantri kêkalih kanthine | sami anglugas kewala | lampahe duta kapat | ngalor anjog Cêngkalsèwu | wus praptèng Tanjung Wêlahan ||

17. wus panggih jujug Mudhatik | lajêng binêkta kewala | kapanggih Kapitan Singsèh | sêrate sampun tinampan | kinèn maca pranakan | awasta pun Sabuk Alu | anom abagus prawira ||

18. têmbunging layang kang rêpit | saking Radèn Martapura | anjawil Kapitan Singsèh | bapak puniku caraka | ingkang kalih wong kula | ingkang kêkalih puniku | wonge kang duwe nagara ||

19. lakune nyukma anyandi | maspadakkên dika bapak | Mas Wiryadikararane | lawan Mas Subadirana | pamijèn kapatihan | nanging bapak dika tambuh | sampun andika prih jarwa ||

20. mung dika anggêp ing batin | laire putusan kula | radèn patih parentahe | Kapitan Singsèh kaduga | nuli ngundhangi bala | anabuh bèri kêkênthung | parentah ajar kêkirab ||

21. baris ngara-ara mijil | sakidul Tanjung ajêmbar | kaèbêkan gêgamane | karya ècu wolung dasa | lire mantri sadaya | banderane ciyut-ciyut | binêktèng nèng gigirira ||

22. sèwu sinapanirèki | sèwu pêdhang abir samya | limang atus rontakane | sami tinambêm ing pundhak | rongatus bêdhilela | banderane kawan atus | prasamya jar-ajaring prang ||

23. gumuruh akênthung bèri | sadaya

--- 23 : 24 ---

baris anggabag | anggamêng umung swarane | kang parentah tata gêlar | gêgaman ginunggunga | kang gêgaman kawan èwu | malah kapara langkunga ||

24. sêsumbar pating caruwit | ingkang minôngka manggala | anèng ngarsanira Singsèh | Ampang loji ing Samarang | kula nêdha parentah | benjing punapa umagut | gêcak loji ing Samarang ||

25. singsèh mèsêm anauri | lah iya môngsa wurunga | lagi anganti sangate | mangkana pacak pratôndha | enjing sontên têngara | pukul bèri lan kêkênthung | wus têtêp madêg barisnya ||

26. duta sakawan wus pamit | wus sinangon anyadasa | ingkang kalih anyalawe | kang caraka kapatihan | mangkat anis ing marga | sawêngi anèng dêlanggung | enjing praptèng Garobogan ||

27. lan Martapura wus panggih | lan sampun akarya surat | angangsuli ing layange | rahadèn rêkyana patya | ginêndhing arêmpêga | lan kawruhe dutanipun | Rahadèn Natakusuma ||

28. wus mangkat kang duta kalih | siji Mas Wiryadikara | Subadirana kanthine | bêkta angsul-angsulira | Tumênggung Martapura | ing marga datan winuwus | prapta ing Kartasurenjang ||

29. lajêng sowan dèn timbali | praptèng ngarsa atur surat | anênggih angsul-angsule | saking Radèn Martapura | tinampan tinupiksa | radèn patih langkung ngungun | kaduwung dènnya dêduka ||

30. ature Martapurèki | kang kawrat sajroning sêrat | rêmpêg lan dutane dhewe |

--- 23 : 25 ---

kawruhe Wiryadikara | miwah Subadirana | tan ana gethang sarambut | lawan Radèn Martapura ||

31. rahadyan rêkyana patih | kalangkung kaduwungira | kadya anênggak waspane | nora kaya Si Paridan | dene kaliwat bisa | tiningkêm malih sratipun | binêkta sowan jro pura ||

32. punika sêrate gusti | abdi dalêm pun Paridan | sarambut pan botên gèsèh | kalih putusan kawula | tinitik tinitenan | sabarang pratingkahipun | inggih sayêkti sadaya ||

33. mèsêm wau sri bupati | pan sarwi mariksa surat | duk winaos bêbukane | katura bêkti kawula | gusti rahadèn patya | lan malih kawula sampun | kadhawuhan kang dêduka ||

34. kalangkung ngeram-erami | dhawuhe duka sampeyan | amungkasi kadya lire | langkung panuwun kawula | sasat wahyu kang prapta | kadyanggane mulang muruk | manpangati ing kawula ||

35. kawula datan gumingsir | nadyan kawula pênêda | lamun kinarsakna awon | badan tinêngkêr-têngkêra | amung badan sumôngga | datan kêkalih pandulu | sampeyan inggih sang nata ||

36. mila tan atur udani | dèrèng mangsaning nalika | kula kang darbe panggawe | andhatêngakên Walônda | anggusahi wong Cina | pitungkas tuwan pukulun | lampahan pinrih dadosa ||

37. yèn sandea kawulajrih | dene saatur kawula | tuwan turakên sang katong | kawula sampeyan têdah | anyirahi ing karya | paduka

--- 23 : 26 ---

ingkang anuwun | kula pan darmi kumambang ||

175. Maskumambang

1. duk kawula prapta saking ing nagari | kangên tuwan duta | inggih angêmban rêruntik | dukane radèn apatya ||

2. dene wingking kawula wong Cina baris | padesan Parwata | langkung dukane dyan patih | kula kang kinèn gêcaka ||

3. nuntên kula utusan dhatêng Samawis | yèn antuk kawula | saking ing Kartasurèki | angêmbani kang dêduka ||

4. dêdukane ing gusti radèn apatih | miyarsa wong Cina | wontên ing Puwun abaris | padhusunaning Parwata ||

5. tigang atus pangiride pun Mudhatik | kalawan Cik Macan | angajêngakên Samawis | Alpisêr kalangkung suka ||

6. de wus lami manahe dèn arêrênggi | miyarsa wong Cina | kumpul sami pacak baris | dhatênge surat kawula ||

7. langkung suka nuntên bantoni Kumpêni | inggih tigang dasa | pangirid kurnèt satunggil | sarta kêkintune kathah ||

8. kalih dasa bainèt lan obat mimis | pistul kalih pasang | baludru cêmêng lan abrit | lan renda dados sarêmbat ||

9. kawan rêmbat sangkêlat ijêm lan abrit | nuntên kang wong Cina | wus janji kula salênthik | besuk Kumpêni yèn prapta ||

10. payo aprang goroh sira lawan mami | nuli lumayua | aja kandhêg sun bêdhili | ngumpula Tanjung Wêlahan ||

11. nuli Singsèh iya ajakên abaris | yèn ora pratôndha | tumuli madêge

--- 23 : 27 ---

baris | lamun maksih kaya-kaya ||

12. nganggo malang tumoleh adêging baris | sun dhewe kang gêcak | mangkya kalampahan sami | sadaya ingkang tarekah ||

13. pan utusan paduka sami nupèksi | pun Wiryadikara | miwah Subadiranèki | kalihe sami waspada ||

14. langkung suka pun Singsèh kula kêcêki | kathah arêruba | kawula dipun kintuni | reyal baludru sangkêlat ||

15. kèndêl maos suka gumujêng sang aji | julig Si Paridan | nora mambu èndhèk cilik | akale ngayuh ngawiyat ||

16. ngandikalon sang nata mring radèn patih | yèn mangkene paman | nuli matêngna tumuli | Singsèh pan uwis pratôndha ||

17. patang èwu kang muni ing layang iki | kumpuling gêgaman | wong Cina kapara luwih | lan durung mari kang prapta ||

18. rêmbugira lan sagunging pra dipati | apa wus matênga | tur sêmbah radèn apatih | inggih tan ewah sadaya ||

19. ngabên-abên atambuh anêningali | yèn wus kalampahan | sumôngga ing karsa sami | pun Dipati Jayaningrat ||

20. dèrèng ewah aturipun liring nguni | sagung pra dipatya | mung abdi dalêm kêkalih | pakèwêd dèrèng kantênan ||

21. Pringgalaya lan pun Tirtawigunèki | anèng pasamowan | ing pikir botên ngudhoni | sènès sagung pra dipatya ||

22. yèn pinêksa sumanggèng karsa turnèki | sang nata ngandika | pagene Pringgalayèki | mangkono Tirtawiguna ||

23. lêladhate [lê...]

--- 23 : 28 ---

[...ladhate] paman ora bêbêciki | lah sira pêksaa | iya mari-mari yèn wis | rêmpêg lan sagung punggawa ||

24. iya uwis paman mêtua dèn aglis | nuli matêngêna | lan kancamu pra dipati | dyan patih tur sêmbah mêdal ||

25. sapraptane rahadyan rêkyana patih | anèng dalêmira | nimbali patihe prapti | Ki Ngabèi Surajaya ||

26. kinèn saos prayayi jaga lumaris | maring Garobogan | ature Surajayèki | kawula nuwun bêndara ||

27. botên sae inggih salina priyayi | yèn lampah punika | manawi gotrah tan rêsik | amung pun Wiryadikara ||

28. lan pun Subadirana ingkang prayogi | nanging ingantosa | rêrêma ing tigang ratri | anuntên winangsulêna ||

29. wus anut rahadèn rêkyana apatih | sigra dhinawuhan | wangsul ambêkta pêparing | lawan timbalaning raja ||

143. Kumêndur ing Samarang nyuwun bêbantu dhatêng Ingkang Sinuhun

30. kunêng wontên caraka saking Samawis | jujug kapatihan | sêrat mring radèn apatih | kumêndur kang darbe surat ||

31. duk binuka sêrat saking ing Samawis | kang tabe katura | ing radèn rêkyana patih | Dipati Natakusuma ||

32. wiyosipun kawula atur upaksi | tuwan aputusan | Tumênggung Martapurèki | tuwan kèn gêcêk wong Cina ||

33. kang abaris wontên ing Parwata wukir | sampun kalampahan | kula bêktani [bê...]

--- 23 : 29 ---

[...ktani] Kumpêni | campuh prang wong Cina dhadhal ||

34. mangke ngumpul nèng Tanjung Wêlahan baris | agêng barisira | wontêna bupati malih | ambantoni Martapura ||

35. sampun atis Tumênggung Martapurèki | pênêde wontêna | inggih bupati pasisir | pun Dêmak ingkang prayoga ||

36. sukur lamun pun Kudus lawan pun Pathi | sami anggêcêka | pun Singsèh kang pacak baris | wontên ing Tanjung Wêlahan ||

37. langkung susah Kumpêni waktu puniki | dene kang wong Cina | purun amêngsah ing jurit | lawan kang duwe nagara ||

38. inggih lamun tuwan jêng rêkyana patih | botên darbe karsa | tumuli amarentahi | inggih dhatêng pra dipatya ||

39. ing pasisir kagêngan dalêm nagari | bok kasêlak risak | anggêpe mêngsah puniki | wong Cina anggora gadha ||godha.

40. tur kawula katura ing sri bupati | tamat kang pustaka | mèsêm rahadèn apatih | ing dalune kawuwusa ||

41. wus angutus enjinge radèn apatih | marang Garobogan | amawi suratirèki | lampahe Wiryadikara ||

42. lawan Subadirana praptanirèki | nagri Garobogan | panggih lan Martapurèki | kang surat sampun tinampan ||

43. wus binuka surate radèn apatih | pèngêt layang ingwang | Natakusuma Dipati | dhawuha salam manira ||

44. marang sira Tumênggung Martapurèki | wiyose parentah | saking jêng sri narapati | sirèku nuli mucunga ||

--- 23 : 30 ---

176. PocungTeks asli: Pucung.

1. sang aprabu langkung sukane angrungu | marang layangira | sun aturakên sang aji | duk winaos sang prabu gumujêng latah ||

2. ngandika sru Si Paridan nyata pêthut | mangkene akalnya | kaya wong kajiman iki | wus pracaya sun paman sira kanthia ||

3. paman iku Si Paridan aja tungkul | dèn kêrêp kongkonan | mring Singsèh ngatèn-atèni | pan mangkono timbalane sri narendra ||

4. lawan ingsun kirim reyal patang atus | lawan tumbak benang | mung salawe nora luwih | lawan kore bopong Si Pamuk arannya ||

5. lawan songkok kêmbang jaran gunung guntur | lan tulup patbêlas | pasêre nyaenthong sami | lan gandhewa krêtu gadhing sakêmbaran ||

6. ênthongipun anyèkêt jêmparingipun | lawan wêkas ingwang | poma dèn angati-ati | dèn asamar yèn nrapakên kamandaka ||

7. si kumêndur akirim layang maringsun | wati maring sira | dene dhewe tanpa kanthi | jinalukkên bupati pasisir Dêmak ||

8. iya jalukana akanthinirèku | batine angiras | dadia tawing Samawis | iya Dêmak bupatine kang tinêdha ||

9. nanging durung sun turut panjalukipun | dimène angrengan | ing kene lagi sun pikir | durung têrang ing karsane sri narendra ||

10. sawusira maca layange andhêku | Mas Wiryadikara | punika radèn apatih | kadi kapok dêduka durung pratela ||

11. sru gumuyu katiga sami angguguk |

--- 23 : 31 ---

nèng langgar buritan | Rahadèn Martapura ngling | adhi kula dika rewangi riyaya ||

12. wruhing sêmu Wiryadikara amuwus | wruh yèn anggung tarak | suwawi kula ladosi | wus amundhut dhahar katiga lan duta ||

13. tigang dalu caraka nulyamit mantuk | praptaning nagara | wuwusên radèn apatih | animbali sagung kang para dipatya ||

14. dene amung pasisir wadananipun | lan kaliwonira | sadaya kang pra dipati | Kartasura anèng dalêm kapatihan ||

15. ngandikarum radèn apatih anantun | paran pikir padha | kumêndur dutane prapti | nuwun antukipun pasisir sadaya ||

16. pra tumênggung tan ana ingkang umatur | nadyan Pringgalaya | tinari tan angudhoni | lawan sira Tumênggung Tirtawiguna ||

17. pinêksa wus sumanggèng karsa turipun | rahadèn apatya | kaku tyase ngêmu runtik | ngandika mring Adipati Jayaningrat ||

18. aturipun cinukêngana puniku | paedah punapa | sêsungut angatawisi | luwung inggih sapraja dèn lilanana ||

19. pun tumênggung ing Dêmak katiganipun | sinungan pitungkas | ywa kongsi salayèng pikir | ing batine lan Tumênggung Martapura ||

20. ngandikarum gèh sampun dadi puniku | nêdha bubarana | pikir kêdhik pan wus dadi | sigra bubar sagung kang para dipatya ||

21. awor rêngu radèn patih nulya nundhung | dalu tan winarna | ing enjinge kyana patih | sowan marang jro pura wus ingandikan ||

22. praptanipun ngarsendra nêmbah [nê...]

--- 23 : 32 ---

[...mbah] umatur | pukulun sang nata | pun kumêndur ing Samawis | kintun sêrat nuwun antuke sadaya ||

23. pra tumênggung nênggih pasisir pukulun | yèn botên sadaya | kênia kaliwonnèki | ambêktaa panêkar nyapalih sewang ||

24. sang aprabu pangandikanira arum | paran pikirira | iya apa dèn cukêngi | apadene paman yèn tinurutana ||

25. nêmbah matur rêkyana patih pukulun | abdi padukendra | pun Jayaningrat Dipati | aturipun tanpa kantun cinukêngan ||

26. inggih luwung tinurutana pakantuk | nanging winatara | têtiga dawêg bupati | anggêcêka kang baris Tanjung Wêlahan ||

27. dipun samun sing matine anênuntun | bupati katiga | inggih anuruta sami | ing pikire abdi dalêm pun Paridan ||

28. sang aprabu alon pangandikanipun | bênêr iku paman | pikire Si Adipati | Jayaningrat iya nuli lakokêna ||

29. nêmbah matur sandika lan malihipun | sampun awuyungan | samangke nagri Samawis | pangèdhènge inggih pun Singsèh Kapitan ||

30. sang aprabu pangandikanira arum | yèn mangkono paman | Cina jro nagara iki | salênthikên iya padha konên lunga ||

31. lawan iku paman Si Pringgalayèku | Si Tirtawiguna | ing pikire durung radin | apa arsa golèk ratu liyaningwang ||

32. nêmbah matur rahadèn patih pukulun | môngsa makatêna | saking rubêde kang galih | dèrèng manggih ing manah mila asmara ||

--- 23 : 33 ---

177. Asmaradana

1. rahadèn rêkyana patih | wus mijil saking jro pura | sapraptanirèng dalême | utusan adhêdhêmitan | anyalênthik wong Cina | nulya lungaa dèn gupuh | iya saking jro nagara ||

2. ing dalu dandan ngundhangi | sira pun juru tulis Ham | wus kesah lan sakancane | ing Kêdhu ingkang sinêdya | rina Kumpêni mriksa | Kapitan Langpèl angutus | tur wikan ing radèn patya ||

3. yèn Cina sadaya gusis | anuntên tinututana | tinumpês sakacandhake | gupuh rahadèn apatya | mêmatah pêparentah | kaliwon bumi tinuduh | Ngabèi Mangkudirana ||

4. kinêrig wong mantri bumi | kari wadana kewala | lampah pinarcayakake | kapitan kalangkung suka | gêgaman kang lumampah | langkung saking ênêm atus | kapitan pêparing obat ||

5. sigra-sigra lampahnèki | sampun anyandhang pitungkas | Kaligandhu kacandhake | binêdhilan kêkothongan | giniring mring Saroja | wus praptèng Saroja wangsul | Ngabèi Mangkudirana ||

6. tilar panèwu kêkalih | baris saking katêbihan | sapraptane praja ture | yèn Cina ngungsi Saroja | bangsanipun akathah | pacak baris Cina sèwu | ingkang wontên ing Saroja ||

7. wuwusên radèn apatih | animbali Ki Dipatya | Jayaningrat sapraptane | dhinawuhan kang parentah | timbalan sri narendra | mundhut panêkar têtêlu | para tumênggung [tumêng...]

--- 23 : 34 ---

[...gung] ing Dêmak ||

8. kinèn sayaga ngajurit | ki dipati bêbisikan | sigra pamit sapraptane | ing pondhok nimbali sigra | katri panêkarira | ing Dêmak para tumênggung | sapraptane ngarsanira ||

9. dhawuh parentah bêbisik | Adipati Jayaningrat | wanti-wanti pitungkase | sami umatur sandika | Tumênggung Wirasastra | kinarya sêpuhing laku | kang roro padha anuta ||

10. hèh Suranata sirèki | aja sira kaya bocah | gawe iki luwih abot | angur gitika nagara | kêna ingantêp sura | aja sira rêbut kayun | miwah kang Padmanagara ||

11. si adhi Wirasastrèki | poma aja talanjukan | sampun pinaring sangune | kang roro ngrongatus samya | lan sinapan nyadasa | Wirasastra têlung atus | lan sinapan gangsal wêlas ||

12. wus pamit sami ngabêkti | marang ing wadananira | alon wau pitungkase | Adipati Jayaningrat | lamun padha budhalan | gawa sagêgamanipun | mangkat saking kapatihan ||

13. ki dipati wus ngutusi | pasisir têngên tri praja | urunan para mantrine | ing Pathi Kudus Japara | mantrine anyadasa | lawan sagêgamanipun | kathah kumpuling gêgaman ||

14. ênjing saos sawadyèki | wau kang katri punggawa | radèn patih sawiyose | gêgaman kang padha kesah | wus kinèn rumiyina | winatawis kalih èwu | kang gêgaman tinon abra ||

15. kèndêl kiwa têngên loji |

--- 23 : 35 ---

kapitan sampun samayan | lan radèn patih sabèng jro | kapitan suka tumingal | kathahe kang gêgaman | bupati ingkang anglurug | anggêcak Tanjung Wêlahan ||

16. sapraptanirèng jro puri | radèn patih lan kapitan | kapitan matur ing katong | lan tarima kasihira | lampahe pra dipatya | lan radèn patih wus têmu | mampir ing loji sakêdhap ||

17. wus tabean pra dipati | ambêkta sêrat narendra | miwah kapitan surate | sawusira têtabean | lajêng samyatur sêmbah | mring apatih nguswa suku | sarêng dènira budhalan ||

144. Wadyabala Cina badhe anggêpuk Samarang

18. kunêng gantya kang winarni | nênggih nagari Samarang | orêg yèn Kapitan Singsèh | badhe bêdhah ing Samarang | barise wus samakta | mangkana wau kumêndur | amanggil Kapitan Cina ||

19. praptèng loji dèn parèsi | gègèr Cina ing Samarang | mangkana ta Lutnan Geyong | ing pikir arsa minggata | kesah saking Samarang | lampahipun mandhêg mangu | tinututan wus kacandhak ||

20. Lutnan Geyong dèn parèsi | gusis Cina ing Samarang | sami ngetan palayune | ngumpul ing Tanjung Wêlahan | tumut pacak barisan | ya ta kunêng kang winuwus | praptane katri punggawa ||

21. anèng nagari Samawis | sarta sagêgamanira | kumêndur enggar duk anon | pinêthuk ing

--- 23 : 36 ---

praptanira | bupati kang têtiga | wus tabe binêkta lungguh | wus tinampan ingkang surat ||

22. kang saking jêng narapati | kêkalih ingkang satunggal | radèn patih sul-angsule | sawusnya nupiksa sêrat | kumêndur langkung suka | urmate mariyêm susun | wau bupati katiga ||

23. kalangkung dèn aji-aji | akathah pasungsungira | mung sadalu enjing bodhol | akathah prajuritira | bupati têtabean | wusnyamit budhal anusul | marang ing prajuritira ||

24. wus praptèng Dêmak nagari | bupati katri putusan | sundêp mring Martapurane | Martapura wus atômpa | budhal mring bumi Dêmak | lawan sagêgamanipun | baris kidul wetan kitha ||

25. tigang dalu pra dipati | kèndêl nagrine ing Dêmak | sigra budhal sabalane | marpêki Tanjung Wêlahan | Rahadèn Martapura | nora pisah nora kumpul | sabalane amalawang ||

26. pan sampun anonjok tulis | sira Radèn Martapura | marang ing Kapitan Singsèh | yèn barise linurugan | dèn eling ing pratingkah | katri punggawa wus sinung | parentah kang pêpingitan ||

27. Kapitan Singsèh anuli | ngumpulkên prajuritira | kabèh wus sami tinaros | payo Ping Bulung dandana | papagên baris prapta | Bupati Dêmak katêlu | kang ngirid baris acungan ||

178. PocungTeks asli: Pucung.

1. Cik Ping Bulung bêkta Cina gangsal atus | eling ing pingitan | têngara kêkênthung bèri | budhal ngilèn mêthuk prange baris Dêmak ||

--- 23 : 37 ---

2. wus acampuh anèng sakilèning Tanjung | Ping Bulung parentah | bêdhile tan nganggo mimis | surak rame kêkênthung bèri wurahan ||

3. barisipun katri kang para tumênggung | kilèn Tanjung aglar | wong Cina anêmpuh wani | surak-surak gumuruh bêdhil kothongan ||

4. bubar larut barise para tumênggung | binujung mring Cina | angungsir sarwi bêdhili | pangodhole prapta wêtan kitha Dêmak ||

5. pra tumênggung anèng Dêmak kithanipun | dene mungsuh Cina | Ping Bulung sawadyanèki | baris tugur anèng wetan kitha Dêmak ||

6. samya atur uninga marang kumêndur | yèn ing prang kasoran | kitha Dêmak wus rinampid | pun Ping Bulung wong Cina manggalaning prang ||

7. pitung atus wong Cina angamuk liwung | rusak bala Dêmak | prajurit kathah ngêmasi | pan mangkana surate maring Samarang ||

8. suratipun angrês miyarsa kumêndur | bingung ing tyasira | dènira miyarsa warti | Cina Kêdhu Cina Têgal Pakalongan ||

9. samya ngumpul wus umadêg barisipun | majêng mring Bahrawa | Lêmahbang Barêgas sami | Cina sèwu pangiride mudha Cupyan ||

10. Cik Li Yang Po kang sami manggalanipun | kadya singalodra | saha angajap ing jurit | gora-godha ambêke krura gambira ||

11. milanipun kuwur manahe kumêndur | yèn arsa kongkonan | kuli-kuli dèn opahi | laku momor wong Jawa sangêt arungan ||

12. dutanipun mring nagri Kartasurèku |

--- 23 : 38 ---

anuwun sadaya | antuke kang pra dipati | wadanane pun Dipati Jayaningrat ||

13. inggih lamun ngamungna panêkaripun | ing prang tanpa wêkas | yèn dede pun Adipati | Jayaningrat angirida pra dipatya ||

14. praptanipun Kartasura surat katur | ing sri naranata | saking ing radèn apatih | langkung suka myarsa bingung ing Samarang ||

15. wayang-wuyung awuyungan eyang-eyung | wau ta sang nata | ngandika ing radèn patih | kayaparan iku paman pikirira ||

16. nêmbah matur pukulun sayêktinipun | eca tinurutan | nuwun dhatêng pra dipati | pan sadaya saking wadanane pisan ||

17. gih tinurut nanging sampun kerat-kerut | ukaraning tingkah | pan inggih sampun mangarti | abdi dalêm pun Dipati Jayaningrat ||

18. têngênipun taksih akèndêl pukulun | uruna kewala | gusti ingkang kula pijig | Surapringga abdi dalêm Surèngrana ||

19. sang aprabu pangandikanira arum | iya bênêr paman | nuli lakokna tumuli | wadanane Si Dipati Jayaningrat ||

20. besuk-esuk paman iridên lumêbu | aja nganggo kônca | amunga si adipati | lan sun pijig ya si paman Surèngrana ||

21. nêmbah mundur saking pura wêdalipun | wau praptanira | rahadèn rêkyana patih | animbali kapitan mring dalêmipun ||

22. praptanipun kapitan ing dalêmipun | ingkang pinarcayan | yèn pra dipati pasisir | sapangiwa rolas têlulas wadana ||

--- 23 : 39 ---

23. têngênipun kapijig satunggalipun | dadya kawan wêlas | cacahe kang pra dipati | timbalane sang nata kinèn mukula ||

24. barisipun wong Cina kang anèng Tanjung | wau duk miyarsa | kapitan suka tan sipi | inggih mangke radèn kula damêl layang ||

25. mring kumêndur kya patih malih lingnyarum | iya abarênga | lan surate sri bupati | kang ginawa mring Dipati Jayaningrat ||

26. besuk-esuk pra dipati budhalipun | wus pamit kapitan | ing dalu datan kawarni | enjing sagung pra dipati wus sayaga ||

27. barisipun sami tata lurung agung | lurung kapatihan | pangarsanira kang prapti | ngarsèng loji baris Pamalang lan Kêndhal ||

28. patihipun kang nindhihi barisipun | bupati sadaya | pamit ing radèn apatih | kèrid maring Adipati Jayaningrat ||

29. kabèh sampun lan radèn apatih tundhuk | têlas pinitungkas | lair batining pakarti | sami nêmbah budhal saking kapatihan ||

30. baris agung samyasri busananipun | tiga wêlas bawat | banderane ngalih supit | mung Dipati Jayaningrat pitung pasang ||

31. lajêng mangsuk ing loji bupatinipun | amêthuk ing jaba | kapitan langkung ngurmati | wus atata pra dipati binojana ||

32. têlasipun kapitan wêwêlingipun | saking loji budhal | saking loji anututi | pra dipati ing barise sowang-sowang ||

33. tigang dalu ing Samarang praptanipun | Lampèr [La...]

--- 23 : 40 ---

[...mpèr] pakuwonnya | wus tata kang pra dipati | Adipati Jayaningrat wus putusan ||

34. mring kumêndur maringakên suratipun | kang saking sang nata | kalangkung dipun urmati | sasmitane anglêjarkên tyas taruna ||

145. Patih pasulayan rêmbag kalihan Adipati Cakraningrat ing Madura

179. Sinom

1. kunêng ganti winursita | rahadèn rêkyana patih | ngungun mangu-mangun ing tyas | kaledhon dènira mikir | Madura tan tinari | apan bupati gêgêdhug | prajurit tanah Jawa | ing prang tate nanggulangi | Cakraningrat wijil rèh môngka manggala ||

2. pinikir yèn sinuwêngna | tinambah nora tinari | sanadyan silih kasèpa | sayêkti bêcik tinari | kang surat sampun dadi | Gôndasuli kang ingutus | pangajêng Wirakrama | wus mêsat saking nagari | tan winarna ing marga praptèng Madura ||

3. wus panggih lan Cakraningrat | dutane radèn apatih | kang sêrat sampun tinampan | binuka sinuksmèng galih | wus nira apêpuji | pèngêt bêbukaning têmbung | radèn patih dhawuha | kang salam ing sira yayi | Cakraningrat kang pilungguh ing Madura ||

4. sawuse dhawuh kang salam | ingsun yayi wèh udani | marang jênêng pakênira | iya dene waktu iki | sira kalawan mami | wong Jawa katêmpuh sêpuh | nora kêna suminggah | prakara ruwêding bumi | yèn bêcike sira panggiha [pang...]

--- 23 : 41 ---

[...giha] lan ingwang ||

5. angudhonana prakara | amangun arjaning pikir | ingkang dadi dhadhak sêngkan | ing Kartasura mangkyadhi | rêruwêd malêtiki | pantês sira lawan ingsun | ingkang nampurnakêna | bot repot ing Jawa iki | nora kêna sira dhimas yèn lumuha ||

6. panêdha manirèng suksma | aja kaya dhingin-dhingin | yèn adhi duwe panêdha | pun kakang masthi nanggupi | matur ing sri bupati | aja sira walang kalbu | kaya yèn kalampahan | panuwunira ing nguni | yèn pun kakang misih momong sri narendra ||

7. wus titi pamaosira | sêrat sinèlèh ing lampit | Adipati Cakraningrat | apan wus miyarsa lami | saobahing nagari | Kartasura putranipun | Radèn Sidayu ingkang | kirim layang tur pawarti | sarêmbuge rèh ing praja wus kawruhan ||

8. nimbali pêpatihira | Radèn Mangundara prapti | lan sagung para gunungan | santana mantri prajurit | Rahadèn Wangsèngsari | Radèn Panji Jurudêmung | Panji Adinagara | Radèn Panji Kartasari | prapta Radèn Apanji Dipanagara ||

9. myang Panji Sumanagara | lan Panji Mêndhungkumitir | Radèn Panji Tirtasôngka | Rahadèn Truna tan gingsir | lan Radèn Pulangsari | Panji Purwadisurèku | lan Radèn Jayèngrana | Radèn Purbarana sami | para ipe putra ing Nusakambangan ||

10. Ki Dêmang Jayasudira | Prabakesa Gardhapati | Sumirang Tirtamênggala | Diramênggala wus prapti | Ki Bôngsa Pudhakmiring |

--- 23 : 42 ---

Prabasêca Kêbolawung | Radèn Carangcintaka | Caranggadhing Brajapati | miwah sira Radèn Carangmôndhalika ||

11. Rahadèn Jayaprameya | myang Radèn Jayapramèsthi | Ki Rôngga Jayamênggala | Radèn Sindugalba prapti | Radèn Puspa rannèki | miwah para putranipun | Radèn Ranadiningrat | Radèn Sasranagarèki | Radèn Gêrah lawan Radèn Ujungpakar ||

12. Kartarêja Darmawôngsa | aglar ing ngarsanirèki | Adipati Cakraningrat | ngandika mring duta kalih | pan ingsun tan ngaturi | iya layang angsul-angsul | matura gustinira | dèn eling ajana lali | sauniku iya kabèh aturêna ||

13. ingsun kabèh wus kaduga | kawitan wêkasannèki | sakarsane wus kawruhan | obah osik kang pinikir | lamun sêdya atari | ki lurah marang ing ingsun | aja dèn sêndhal gila | cinêthut sambi lumaris | nora sotah dèn paringi rêmbug sisa ||

14. ingsun ulua kasêlak | amangkêl gorokan mami | dene ta nora kajamak | uwong dèn padhakkên kucing | katujua tinari | ing prakara pan mèh putus | apa alaning ala | iya Cakraningrat iki | têka nora kandêl suwitèng narendra ||

15. andik sêmutên kang jaja | sarwi netrane gumilir | angucap sêgu agarap | dhompo tumpangso dènyangling | pratôndha sêmu runtik | idune pating kalêpyur | poma duta dèn têka | sakèhe wuwusku iki | salawase

--- 23 : 43 ---

dene ingong ngarsa-arsa ||

16. marang ki lurah kakang mas | radèn rêkyana apatih | sun aubi yèn kênaa | mundur têka nyakuthaki | tinari têmu kari | ngudêr nênisani rêmbug | lah sapa duwe nalar | kang matur sri narapati | kudu buwang Kumpêni angukup Cina ||

17. lah iku asile apa | wong Cinarêp dèn tulungi | apa ngundhakkên darajad | Kumpêni yèn dèn tulungi | pasthi yèn nêmu asil | kêna pêthil janjinipun | sayêkti kapotangan | ilang bageyan ngingoni | olèh babah alah bêbakali marga ||

18. sakèhe lêladènira | yèn ora mangkono uwis | karo pisan binuwanga | lamun arsa aprang sabil | sêsukêr anèng Jawi | binirat sadayanipun | lah iya ngêndi ana | buwang cèlèng ngêmpit gênjik | pan wong Cina kirik gudhig andêdilat ||

19. anèng Jawa ngupa-upa | Kumpêni praptaning Jawi | marga dèn suruhi aprang | dandanan gawa pribadi | alabuh akèh mati | nungkêmi karyaning ratu | liwat dene tan asat | agawe nistha kapati | yèn sang nata sida têtulung wong Cina ||

20. lamat kudu karusakan | satriya lan pra dipati | bobote wong Kartasura | sun takêr dadi sapithi | ana ing tangan mami | ngong rêmêd dadi bêkatul | môngsa dadak gawêra | yèn Cinane dèn tulungi | eling-eling dèn eling wong Kartasura ||

21. wong Madura dadi lawan | iya saking nora sudi | aprang anganthi wong Cina |

--- 23 : 44 ---

suka nistha awak mami | yèn tulung wong Kumpêni | ya wong Cina kang dèn mungsuh | kabèh wong Kartasura | ajana kang mèlu jurit | mungsuh Cina wong Sampang bae kang aprang ||

22. amasthi Si Cakraningrat | budhalan lan saanak rabi | tugur anèng Kartasura | rumêksa ing sri bupati | wong Cina sun tumpêsi | ing êndi pangungsènipun | duta sinangon mêsat | ing marga datan winarni | praptèng Kartasura katur ing apatya ||

23. sawuwuse Cakraningrat | katur ing radyan apatih | duk miyarsa langkung duka | kumêdut padoning lathi | jaja lir wora-wari | amundhut Mantri Sidayu | badhe ingkang dinuta | wus dadya akarya tulis | duta mêsat praptane nagri Madura ||

24. katur marang Cakraningrat | sêrate radèn apatih | binuka têmbunging surat | pèngêt iki layang mami | Radèn Rêkyana Patih | Natakusuma kang dhawuh | nora talah ya talah | Cakraningrat luwih bêcik | wong tinari têka dadak asêsumbar ||

25. iya bok dèn eling mana | kabêcikan dhingin-dhingin | talitine luhur ingwang | kabeh padha luwih bêcik | maring kucing pasisir | binêcikan nora tau | têka kaliwat-liwat | murang kramaning dipati | baya nora nana malih kang prakosa ||

26. apa nora bisa mêngkab | Si Natakusuma iki | ana kucing jalalatan | arêp anyolong dhas gêrih | wus sêmpal bau mami | tan bisa nuthuk ing irus | têgêse êntèk pisan | wong lanang ing tanah Jawi |

--- 23 : 45 ---

apa kari wong Madura bae lanang ||

27. wruhanira Cakraningrat | ing Kartasura saiki | akèh andanu wisesa | padha singat purasani | aja komamangêni | akèh banthèng padha lawung | akèh macan tanaya | sudira angambil bukti | nora susah ngalêthak dhase wong Sampang ||

28. wau kalane miyarsa | Cakraningrat Adipati | Madura gumujêng suka | cukakakan ngêntrog wêntis | gusar Jawane iki | baya ta wong agung bingung | nora nyaringi ujar | babo ta dene kumini | gora-godha dadak mêmêdèni bocah ||

29. iya mêningane iya | sanadyan padha pêpatih | jêr ingsun trahing Mataram | tan kêna dèn mêjanani | apa bedane ugi | lan darahing Madurèku | padha trah Brawijaya | siya-siya sun arani | apa ulah pikir apa ulah aprang ||

30. Adipati Cakraningrat | wusnyangling akèn nênulis | kawrat sakèhing pitungkas | dadya sinungkên dutaglis | caraka mêsat nuli | ing marga datan kawuwus | prapta ing Kartasura | katur ing radèn apatih | wus tinampan sêrat sigra tinupiksa ||

31. bêbuka sêmbah kawula | pun Cakraningrat Dipati | Madura inggih katura | mring kakang mas kyana patih | kawula sampun tampi | ing dêduka langkung nuhun | lawan malih punika | kawula botên ngoncati | sakathahe wuwus kang sampun kawêdal ||

32. yèn dhahar atur kawula | lêbura dèn kadi siti | bêbalunge Cakraningrat | ambantêni tanah

--- 23 : 46 ---

Jawi | nora gingsir sanyari | lamun dhahar atur ingsun | balikan lamun nora | kangge atur ingsun nguni | môngsa wande wong Madura dadi lawan ||

33. ngingua macan sayuta | lawan banthènge sakêthi | kabèh padha gêgambula | nora wurung sun kêluhi | kêriga kaki-kaki | kang wus padha kêmpong pikun | kabèh dèn bagasêna | cawêta têkan pawèstri | bêbayine kang dèn lethok kang dèn dulang ||

34. kabèh dèn cêcawêtana | nadyan godhonging waringin | kabêh dadia manungsa | milua amangun jurit | môngsa nêdyaa miris | amuk amrawasèng mungsuh | pasthi yèn ingsun mamah | tan wurung ingsun brak-abrik | yêkti dadi prajane sun dadi karang ||

35. têkan gununge rubuha | Marbabu lawan Marapi | môngsa wong Sampang kalaha | tandhinga siji sakêthi | lamun parentah sisip | apêse prang nora wurung | hèh kang êmas ki lurah | Natakusuma Pêpatih | eling-eling besuk bala Kartasura ||

36. wong wadone dadi tawan | jêr tiwas ing pamugari | gumunggung tiru wong Sampang | kumalungkung kari waris | jêr nora molar-malir | puguh ing prakara bakuh | panggawe wus tumindak | wong Sampang tan mandhêk nolih | ajur mumur rêmak rêmpu wus anêmah ||

37. Adipati Cakraningrat | anuduh mantri prajurit | Gardhapati Prabasêtya | Prabakesa Pudhakmiring | kapat saos sasami | mring Kartasura ngong utus | gawaa wong prang kasab | rongatus kalawan [kala...]

--- 23 : 47 ---

[...wan] malih | truna lawung rongatus iku ngatêrna ||

38. yèn sang nata mungsuh Cina | besuk sun kirimi malih | nêmatus wong singasura | si kacung warahên nuli | lamun mungsuh Kumpêni | dèn akêbat inggatipun | wong nora itung nalar | apa gawe dèn iloni | pasthi lumuh anunut wong bakal rusak ||

39. mantri sakawan tur sêmbah | kawan atus kang dèn irid | prajurit dinulang mangap | kunêng ganti kang winarni | Kapitan Langpèl nênggih | ubêkan awayang-wuyung | dene duta kang prapta | yèn saking nagri Samawis | pan anyilib angedan anganggo gombal ||

40. saungkure barisira | Jayaningrat Adipati | sakancane pra ditya |Kurang satu suku kata: sakancane pra dipatya. wong Cina prapta abaris | Lêmahbang amêpêti | ing margi pangajêngipun | kang baris ing Barêgas | mudha Cupyan Senapati | wontên sèwu kumpule prajurit Cina ||

146. Tumênggung Martapura dipun suwurakên ambalik ngrencangi Cina

41. kunêng malih winursita | Jayaningrat Adipati | lan sagung pra adipatya | lan kumêndur wus apanggih | langkung dipun urmati | apamit panglurugipun | mukul Tanjung Wêlahan | gêgamane wus miranti | saking loji undure lajêng têngara ||

180. Durma

1. sigra budhal Adipati Jayaningrat | lan sagung pra dipati | gumuruh swaranya | kumêndur wus utusan | angaturi obat [o...]

--- 23 : 48 ---

[...bat] mimis | kalawan arak | wau lampahing baris ||

2. anjog bumi Dêmak prapta wetan kitha | kèndêl sagunging baris | Adipati Dêmak | Tumênggung Wirasastra | sakancane wus amanggil | samya rêrangkah | pakuwon pra dipati ||

3. Radèn Martapura wus nampèni sêrat | saking radèn apatih | mangsit ing pratingkah | maring Singsèh Kapitan | yèn ing lampah dèn agêngi | kang ngirid lampah | wadananing pasisir ||

4. kawuwusa ing baris Tanjung Wêlahan | sampun miyarsa warwiwarti. | praptaning surayapuraya. | Dipati Jayaningrat | ngirid sagung pra dipati | agêng barisnya | lawan dutane prapti ||

5. Martapura kang amangsit dhêdhêmitan | Kapitan Singsèh aglis | kumpul kang punggawa | Sabukalu Cik Macan | Cik Êpo lawan Cik Êpi | Singsèh angucap | lah iki sanak mami ||

6. dutèng nata kang pra dipati wus prapta | sêdhênge dhèwèk iki | nuli apratôndha | gêcak loji Samarang | payo padha rêbut kardi | angirid bala | pinaro baris iki ||

7. iki Radèn Martapura wus ambalang | layang parentah batin | yèn ora tôndhaa | sira tan pinarcaya | binubuh kang duwe bumi | satêmah rusak | langit kang angrubuhi ||

8. Êcik Êpo alon wau wuwusira | puniki yèn suwawi | pangiriding lampah | Dipati Jayaningrat | inggih tinonjok ing tulis | lamun wong Cina | pakone sri bupati ||

9. gya Kapitan [Kapita...]

--- 23 : 49 ---

[...n] Singsèh asru dènnya mojar | sirèku kêcil ati | bupati kèh prapta | sayêkti prang têmênan | wus mundura dadi koki | aja mèlu prang | atimu duwe wêdi ||

10. apan iku lakune kang pra dipatya | kang para ngirid baris | parentahing raja | môngsa tan winangsita | Radèn Martapura muni | layange mringwang | yèn iku pra dipati ||

11. senapati Adipati Jayaningrat | kang wus anandhang wangsit | Cik amerang ing tyas | luput pikir sakêcap | asupata kudu mati | têngahing aprang | dadia tawur jurit ||

12. pêparentah Singsèh mring punggawanira | Sabukalu sirèki | mêtua nglautan | Si Êtik lan Si Macan | anjoga ing Lèpèntangi | ing Karanganyar | mingêr anjog Samawis ||

13. kang saparo gawanên prajurit Cina | saparo milu mami | Ping Bulung kewala | ingkang tunggal lan ingwang | sun anjog wetan Samawis | barêng umangsah | ing rêmbug sampun dadi ||

14. sigra dandan palwa kang mêdal lautan | panjajap lawan konthing | wontên pitung dasa | kawot kapraboning prang | wus samya numpak ing konthing | prajurit Cina | Sabukalu nindhihi ||

15. Êcik Macan Mudhatik sami manggala | gumuruh nèng jaladri | sami surak-surak | angrèp konthing panjajap | ing laut datan kawarni | sadaya mêntas | muwara Lèpèntangi ||

16. mingsêr ngetan baris anèng Karanganyar | Singsèh ingkang winarni | budhal saha bala |

--- 23 : 50 ---

kadya hèrnawa bêna | gamêng gumulung kang baris | gumrah swaranya | têngara kênthung bèri ||

17. Cina paranakan Pathi kang kinarya | panganjuring ajurit | wantêr tur taruna | mêmpêng ingkang sudira | bagus tur wani ngêmasi | pinacak nama | Ping Bulung Angabèi ||

18. angêndhanu nêdhêng barise wong Cina | elur-elur anggili | anggung surak-surak | kênthung bèri wurahan | gumuruh samargi-margi | Singsèh balanya | tigang èwu pan luwih ||

19. kawarnaa sira Radèn Martapura | saking kidul wus prapti | wadya kang turôngga | tigang atus binêkta | marêk ing sang adipati | wus bêbisikan | Martapura ngabêkti ||

20. andum lujêng lan Dipati Jayaningrat | salaman pra dipati | wadya Cina prapta | sigra uluk sanjata | bubare Sang Adipati | Janingrat lawan | barise pra dipati ||

21. pan anglurug kinodhol lawan wong Cina | Martapura wus panggih | lan Singsèh Kapitan | mingsêr nindhihi wuntat | angêdhangkrang songsong putih | Radèn Paridan | wus dèn suwurkên balik ||

22. pan anglarug kutha Dêmak linangkungan | barise pra dipati | mring Lampèr sadaya | Dipati Jayaningrat | anuduh satunggil mantri | kinèn lajênga | mring kumêndur tur uning ||

23. bêkta rencang têtiga kang bêkta kuda | kêkalih dèn tatoni | ing bokong lêlima | ngurêng tatu sanjata | rahing tatu anggubrasi | mantri punika | kulambi dèn usari ||

--- 23 : 51 ---

24. ing balêthok katon agulaput lêmah | tumrêcêp amantêsi | kaburu ing aprang | lajêng sang mantri duta | wuwusên ingkang angusir | prajurit Cina | kèndêl pakuwon sami ||

25. maju kalih baris anèng Gênuk Sela | kidul Manangèng baris | munggèng padhusunan | ing Manangèng kèbêkan | gègèr talatah Samawis | sampun ubêkan | yèn mungsuh Cina prapti ||

26. kontrag ing rèh kuwur nagari Samarang | Alpisêr Natanahil | wus miyarsa warta | yèn musuh Cina prapta | dene kang para dipati | prange kasoran | ingamuk Cina ngisis ||

27. wuyang-wuyung kumêndur pamirsanira | Alpisêr Natanahil | jag-jog udhunira | saking panggung angungak | wontên turôngga kang prapti | kang saking wetan | têtiga gubras gêtih ||

28. pan kumêpyur kumêndur ing manahira | mêdhun mring latar loji | panggih mantri duta | gupuh dènnya têtanya | dutane sapa sirèki | saking payudan | caraka matur aglis ||

29. inggih duta Adipati Jayaningrat | ingutus tur upaksi | yèn kasoran ing prang | balane kathah risak | awit cinidra ing jurit | prange wong Cina | anyupit anyidrani ||

30. sami mêndhêm anyilêm ing padhusunan | sudara sang dipati | prang gêdhe yèn adat | tan ana laku cidra | kumêndur sigra nauri | jêr orang gila | Cina pra setan jurit ||

31. ki dipati durung wruh lakuning Cina | culika ing ajurit | dèn rewang [re...]

--- 23 : 52 ---

[...wang] balaka | ewamangkono iya | jangan susah ki dipati | kasoran ing prang | aja ta kêcil ati ||

32. iya besuk yèn aprang sapisan êngkas | iku dèn ngati-ati | duta mantri mojar | mila sudara tuwan | botên lumajêng mariki | manawi Cina | ngusir manjing nagari ||

33. yèn sudara Tuwan Dipati Janingrat | barise wontên jawi | mungsuh Cina taha | nadyan purun anunjang | tinapuk saking ing wuri | kang pra dipatya | anggitik saking keri ||

34. lon nauri kumêndur iya matura | sudara ki dipati | trima kasih ingwang | lan ingsun kirim arak | sanjata alus rong rakit | poma besuk prang | aja kaya kang dhingin ||

35. duta mundur saking loji lampahira | barisan Lampèr prapti | suka Sang Dipatya | Jayaningrat miyarsa | ature dutanirèki | kang kawarnaa | kumêndur dèrèng linggih ||

36. nuntên wontên kang matur atur uninga | yèn mêngsah Cina prapti | kang saking lautan | sampun mêntas sadaya | anjog bumi Lèpèntangi | ing Karanganyar | mingêr ngetan kang baris ||

37. praptèng Tugu Kalibanthèng badhenira | anggêcak ing Samawis | kumêndur miyarsa | langkung kuwur ing nata | ing dalu angati-ati | sampun utusan | marang Sang Adipati ||

38. Jayaningrat pukul wolu praptanira | wusnya tabenirèki | anêdha panêkar | bupati saking gangsal | binêkta anglarag inggih | ing benjang-enjang |

--- 23 : 53 ---

Kumpêni sa-Kumpêni ||

39. mungsuh Cina kang saking lautan prapta | nèng Kalibanthèng baris | lawan sang dipatya | paduka ingaturan | inggih anunggila baris | sudara tuwan | botên keron ing pikir ||

40. angandika Sang Dipati Jayaningrat | wajidan mulih aglis | sira umatura | maring kumêndur ingwang | prakara anunggil baris | lagi kongkonan | nuwun parentah mami ||

41. ya marang gusti sang nata kalah ingwang | saking Dêmak ing nguni | lajêng ngong utusan | mring nagri Kartasura | nuwun parentah ing gusti | apa nunggala | baris lawan Kumpêni ||

42. kaya mêngko bêngi prapta dutaningwang | saking Kartasurèki | esuk sun kongkonan | yèn wis antuk parentah | kumêndur aja prihatin | nora sumêlang | lakune pra dipati ||

43. tabeningsun mring kumêndur aturêna | duta wajidan pamit | ing loji wus prapta | katur sawêlingira | Jayaningrat Adipati | angrês miyarsa | Alpisêr Natanahil ||

44. kawuwusa Adipati Jayaningrat | nimbali pra dipati | ngiras abojana | ing dalu pêparentah | bupati ingkang tinuding | tumut anglarag | enjing tumut Kumpêni ||

45. ki tumênggung ing Batang lawan Pamalang | ing Kêndhal Lèpèntangi | kalimane ika | Bupati Surabaya | kang kari lan Ki Dipati | Barêbês Dêmak | kalawan ing Têtêgil ||

46. pinitungkas ing wangsit rèh pêpingitan | marang sang adipati |

--- 23 : 54 ---

dalu tan winarna | enjing sami sayaga | barise sampun miranti | têngara budhal | baris wêdalmêdal. ing loji ||

47. wontên kalih èwu karang ing gêgaman | dharat lawan turanggi | pra dipati prapta | kumêndur langkung suka | pra tumênggung ngirid baris | sigra pinapag | sarwi nganti iing. wuri ||

181. Pangkur

1. bupati panggih sadaya | lan Kumêndur Alpisêr Natanahil | langkung dènira sêsugun | mulat gunging gêgaman | wus amatah kang wadya Kumpêni satus | pangirid satu Kapitan | Wilêm Yanis kang lumaris ||

2. kang kinarya mata pita | juru basa Kolor ngiras têtindhih | wau kang para tumênggung | nêmbungkên tabenira | Adipati Jayaningrat wêlingipun | yèn sampun tampi parentah | saking kangjêng sri bupati ||

3. barise kinèn nunggila | nora beda pakaryaning Kumpêni | pan iya karsaning ratu | kumêndur langkung suka | duk miyarsa ing sarèh pitungkasipun | Adipati Jayaningrat | baris budhal saking loji ||

4. Kumpêni lan pra dipatya | lawan para Kapitan Bali Bugis | Makasar Kapitan Buyung | miwah Kapitan Awang | lan Kapitan Kasang wontên kalih atus | Bugis Bali lan Makasar | kalih èwu baris Jawi ||

5. Ki Adipati Samarang | anèng alun-alun baris miranti | sagung mariyêm ing laut | samya binêktèng dharat | tuwin mriyêm ing kèci pragota sêlup | sadaya binêkta mêntas | pinasang nèng margi-margi ||

6. wau ta kang kawuwusa | baris ngilèn prapta [pra...]

--- 23 : 55 ---

[...pta] ing Sumurbacin | kèndêl sadaya wadyagung | katon barising Cina | wus tinata Kumpêni kang munggèng ngayun | ing wuri baris Makasar | pra dipati kanan keri ||

7. prajurit Cina katingal | saking Kalibanthèng mêdhun anggili | sarta bèri lan kêkênthung | baris Kumpêni obah | pan sadaya miwah kang para tumênggung | anata prajuritira | anata angati-ati ||

8. nuli baris Cina ical | tan katingal nusup patêbon sami | sirêp bèri lan kêkênthung | eram kang pra dipatya | myang Kumpêni maring êndi Cina mau | juru basa Kolor mojar | Cina kaduwung si anjing ||

9. nora nyana yèn pinapag | mêngko minggat mulat bala Kumpêni | tanpa guna Si Dodoun | wong Cina salawe prah | ingsun siji môngsa ngalahna maringsun | wau kang prajurit Cina | kang nusup patêbon sami ||

10. angrèh ngrampid pinggir marga | majêng ngalèr dhêdhêp andhêpès sami | Kumpêni angajak laju | mangilèn lampahira | juru basa Kolor anggagrak nèng ngayun | watara tigang pamanah | wau lampah ingkang baris ||

11. Cina bêdhil sarwi giyak | munya kênthung bèri angamuk wani | Kumpêni tatane gugup | miwah kang pra dipatya | sami kuwur Cina ngamuk saking kidul | Sabukalu Tik lan Macan | angamuk lan pêdhang abir ||

12. dadya marêp ngidul samya | baris Jawi tuwin baris Kumpêni | angamuk angrok manêmpuh | Kumpêni kathah pêjah | pangamuke kang prajurit [praju...]

--- 23 : 56 ---

[...rit] Cina wuru | amung Bugis lan Makasar | apêngkuh dènnya nadhahi ||

13. lan Pêpatih Surabaya | Sawunggaling bakuh tan wruh ing wangsit | wong Cina angidak purun | Sawunggaling picondhang | wêntis kiwa binayang binêkta mundur | mundur baris Surabaya | angungsi kang pra dipati ||

14. juru basa Kolor prangnya | nêmbêlas tatune arontang-ranting | sarirane dadi marus | mêtu ngungsi wong Jawa | Radèn Surèngrana jinalukan tulung | radèn kula aturêna | mulih marang ing nagari ||

15. têmua lan bojoningwang | juru basa Kolor sawusnya angling | pêjah miris tatunipun | wau ta kang ayuda | langkung rame mati drèl pating kalêpruk | brak-bruk prak pating kalêprak | Kumpêni ingkang ngêmasi ||

16. satus kantun kalih dasa | wolung dasa kang mati ing ajurit | kang kantun sami lumayu | miwah Bugis kèh pêjah | nadyan Cina baris Jawa kang tinêmpuh | akuwur-kuwur wurahan | wong Cina lali ing wangsit ||

17. wong Jawa kasêlak gila | datan ana baris ingkang ngukuhi | Kumpêni pangungsinipun | wurine baris Jawa | tan kelangan saking kras pangamukipun | kadya wre wuru rudira | duk mungsuh rêksasa pati ||

18. satêngah kang pra dipatya | lali wangsit dènnya ngadu wadyèki | kontal asingsal akiwul | Tumênggung Cakrajaya | pan kasêlut kalêbèng bêlbawatipun | mèh binandhang mring wong Cina | kasêlak wontên udani ||

19. ingkang kemutan ing tingkah | dadya kèndêl rungak wong Cina bali |

--- 23 : 57 ---

ngidul mangsuli margagung | Kumpêni kalih dasa | kang lumayu tinut kang anèng lêlurung | Kumpêni palayunira | mariyêm kang urut margi ||

20. ingkang sami kinèndêlan | tigang pangkat gène mariyêm sami | sinumêdan mungsuhipun | Cina satunggil kêna | ingkang wuri anunjang angidak purun | sabên mariyêm ing marga | sinumêd antuk pêpati ||

21. nanging tan kèndêl wong Cina | pambujunge Kumpêni dèn kêkinthil | wau kang para tumênggung | barise amalawang | nèng wurine wong Cina adoh kadulu | Kumpêni kang kalih dasa | lumayu glis praptèng loji ||

22. gègèr kumêndur parentah | mariyêm kang munggèng palatar sami | sinumêdan kadya guntur | mungsuh Cina katulak | mriyêm agung saking palatar gumludhug | obang-abing mimis awat | adrês tibane kang mimis ||

23. wong Cina datan kawawa | anadhahi sayah aprang sakenjing | nulak angilèn angidul | sagung prajurit Cina | nèng Panggiling tanah Pragota angumpul | barise kang pra dipatya | bêdhah angetan lumaris ||

24. prasamya asêsandêran | tinon kadya kaburu ing ajurit | Sawunggaling kang wus tatu | undure pan binêkta | mêdal ngarsaning loji lajêng mangidul | kumpul sagung pra dipatya | lawan wadanane sami ||

25. Adipati Jayaningrat | anèng Lampèr lajêng ngetan kang baris | saengga lajêng amagut | maring barising Cina | nèng Panggiling tanah Pragota angumpul | sangsaya agung wong

--- 23 : 58 ---

Cina | andina-dina kang prapti ||

26. Singsèh ingkang saking wetan | saha bala wus majêngakên baris | prajurit Cina gumulung | lir cakraning gilingancakra manggilingan. | nora bayak ulur asêlur ya ulur | kadya bêdhahing bêndungan | golong mili nut ing kali ||

27. anut ing marga pêpanthan | surak-surak atri kêkênthung bèri | ingkang nindhihi ing pungkur | Tumênggung Martapura | payung putih ginarbêg prajuritipun | Singsèh kèndêl Padurungan | gènira apacak baris ||

28. lawan Radèn Martapura | wus misuwur manggih rêruntik balik | sira Ngabèi Ping Bulung | wus angancik Trabaya | pangirid ulu-ulu sawadyanipun | pitung atus balanira | pangarsa anguswa wèni ||

182. Sinom

1. Adipati Jayaningrat | parentah ing pra dipati | amisah ing pamondhokan | ngilèn kalih wetan kalih | kadya cucuking baris | pangarsa nadhahi mungsuh | sampun akarya surat | kang badhe katur sang aji | lan kang katur rahadèn rêkyana patya ||

2. Ki Dipati Jayaningrat | dutane sampun lumaris | ing marga datan winarna | prapta ing Surakartenjing | katur rahadèn patih | kang surat binuka sampun | dèniratur uninga | yèn sampun rame kang jurit | kang wong Cina ngrabasèng loji Samarang ||

3. mangsah saking kilèn wetan | Kumpêni prange kalindhih | akathah ingkang palastra | kinêmput loji Samawis | radèn rêkyana patih | mèsêm ing tyas duk angrungu | lajêng sowan ing pura | katur

--- 23 : 59 ---

surat ingkang prapti | surat saking Adipati Jayaningrat ||

4. tinupiksa ing sang nata | kadriya têmbunging tulis | yèn Cina sampun pratôndha | anggêcak loji Samawis | unggul dènira jurit | Kumpêni kathah kang lampus | lan Radèn Martapura | kang sampun anunggil baris | lan wong Cina korak ing pambalikira ||

5. apatih wus kinèn mêdal | sandi bilang ing Kumpêni | sapraptanira ing jaba | lajêng mampir praptèng loji | lan kapitan wus panggih | agupuh wusnya alungguh | wontên kang surat wantah | atur kasor ing ajurit | sami saking Adipati Jayaningrat ||

6. winaca ing juru basa | yèn sagung kang pra dipati | kasor binujung ing Cina | Cinanglud marang Samawis | aprang gêcak Samawis | pranging unggul wus angêpung | miris kapitan mirsa | lan baris kang ngalang margi | Mudha Cupyan baris Barêgas Bahrawa ||

7. Kapitan Langpèl turira | punika radèn apatih | Cina kang baris Bahrawa | tuwan kèn gêcak tumuli | langkung amakèwêdi | damêl kuwatiring batur | alon ing saurira | rahadèn rêkyana patih | gih manira sampun atampi parentah ||

8. lamun Arya Pringgalaya | kêrig sapanêkarnèki | lawan Ki Suryadiningrat | Sidayu manira tuding | dene môncanagari | kang urun patang tumênggung | kalima lan wadana | Mataun ing Jipang nênggih | benjing-enjing gèh manira kèn lumampah ||

9. kapitan suka miyarsa | gih bêtul radèn apatih | batur [ba...]

--- 23 : 60 ---

[...tur] kang wontên Samarang | tinarombol saking wuri | yèn botên nuntên aglis | ginêcak Cina puniku | kang baris ing Barêgas | rahadèn patih wus pamit | gya kapitan angatêr jabaning lawang ||

10. ing dalu tan winursita | ya ta kawuwusa enjing | Radèn Arya Pringgalaya | busana sawadyanèki | kêrig panêkar sami | pra mantri kaliwonipun | Radèn Suryadiningrat | Sidayu wadya miranti | apadene Tumênggung Mataun Jipang ||

11. bêkta panêkar sêkawan | ing Jipang Kartasanèki | ing Warung lan Kamagêtan | budhal sawadyanira sri | Arya Pringgalayèki | môngka pangiriding laku | gêgaman abrasinang | wus prapta ngarsaning loji | bupatine manjing loji wus pinapag ||

12. jawi kori têtabean | wus tata binêkta linggih | kapitan suka tumingal | gêgamane pra dipati | kathah dinulu asri | langkung saking urmatipun | anyangoni minuman | ambêktani obat mimis | Radèn Arya Pringgalaya pamit budhal ||

13. tigang èwu winatara | gêgaman ingkang lumaris | kadya panjrahing puspita | busana tulya mawarni | ingkang môngka pangarsi | sira Tumênggung Mataun | wadya môncanagara | prajurit nunggèng turanggi | kadya gora gumuruh reh gara-gara ||

14. ing marga tan winursita | ing Salatiga wus prapti | Radèn Arya Pringgalaya | lan Suryadiningrat nunggil | makuwon Kalicacing | dene Tumênggung Mataun | lawan sakancanira |

--- 23 : 61 ---

makuwon anèng Lopait | munggèng ngarsa bupati môncanagara ||

15. Maha Prabu Kartasura | parentah ing pra dipati | sadaya amakajangan | nayaka santana mantri | amung radèn apatih | kang maksih nèng dalêmipun | apan sadina-dina | sayaga kaprabon jurit | kawuwusa Cina kang baris Bahrawa ||

16. Senapati Mudha Cupyan | ngumpul pagunêman sami | tari mring juru tulis Mam | Cina ing Kartasurèki | kang minggat sami ngungsi | nèng Saroja mangke ngumpul | tinari maring Cupyan | hèh sira Ham juru tulis | iki para dipati ing Kartasura ||

17. prapta nglurugi ing sira | kapriye akalmu iki | sira nguni wus alawas | nèng Kartasura nagari | apa wus wuwuh bêcik | sira lan para tumênggung | angling juru tulis Ham | sadaya wus sami bêcik | pra dipati kang tuwa wus kadi bapa ||

18. kang anom kadi sudara | sanadyan radèn apatih | mila kula minggat ngiwa | wangsit saking radèn patih | Mudha Cupyan sru angling | bêcike sira têtêmu | lan Arya Pringgalaya | amrih enggaling prakawis | Pringgalaya jakên mêcah lêlampahan ||

19. wus sanggup juru tulis Ham | lah inggih ing benjing-enjing | kula bêkta Cina rolas | manggihi Pringgalayèki | Suryadiningrat malih | miwah Tumênggung Mataun | nadyan inggih kathaha | para tumênggung kang prapti | mung têtiga ingkang bupati manggala ||

20. Senapati Mudha Cupyan | langkung sukane miyarsi |

--- 23 : 62 ---

atêgêl juru tulis Ham | ngarani kang pra dipati | ing pikir sampun dadi | kunêng malih kang winuwus | prapta Dêmang Salukat | têlike Pringgalayèki | maspadakkên obah osike wong Cina ||

21. katur Radyan Pringgalaya | sigra dènira ngaturi | mring Radèn Suryadiningrat | Tumênggung Mataun prapti | miwah kaliwonnèki | prapta Radèn Singaranu | ling Arya Pringgalaya | lah paman Mataun mangkin | wontên pikir lan adhi Suryadiningrat ||

22. Cina kang baris Bahrawa | dutane arsa dhatêngi | ngajak mêcah lêlampahan | praptane ing benjing-enjing | utusane mariki | pun Êham ingkang lumaku | punapa tinampanan | inggih punapa tinampik | Ki Tumênggung Mataun alon saurnya ||

23. dene kagungan sampeyan | yêkti kangjêng sri bupati | lawan raka jêngandika | rahadèn rêkyana patih | ing rèh maksih piningit | kawula tan kêni tumut | sumôngga ing parentah | cêkak landhunging prakawis | yèn amêksa wong Cina sumanggèng karsa ||

24. Rahadèn Suryadiningrat | asugal dènnya nambungi | wong Cina tan wruh lukita | apa baya gêdhe cilik | padha wruh ing wêwadi | si bundhêl talotok asu | cacak Si Mudha Cupyan | wruh panggawe kang piningit | nora pantês milua ngingêr nagara ||

25. kakang Arya Pringgalaya | paman Mataun yèn mami | Si Kucir yèn sida prapta | kawula tumpês ing margi | dosane jêjaruhi |

--- 23 : 63 ---

kêkêrane ratuningsun | angundhuh maksih mêntah | sayêkti tinumpês wajib | asu Cina dêstun tan wruh ing wêweka ||

26. Radèn Arya Pringgalaya | tari kaliwonirèki | paman Singaranu paran | iki rêmbuge si adhi | jêr nora bêbêciki | praptaa wong Cina iku | Singaranu turira | lamun pikir kang sayêkti | inggih lêrês ing karsa rayi paduka ||

27. Tumênggung Mataun Jipang | rêmpêging pikir wus dadi | angling Radèn Pringgalaya | uwa Singaranu benjing | inggih dika jênêngi | prajurit wong macan bawuk | wolung dasa kewala | Tumênggung Sidayu angling | uwa Singaranu urun wong manira ||

28. bocah Sidayu caosa | milu si uwa dèn enjing | trunalanang wolung dasa | lan ana Madura prapti | jêng rama ambantoni | kang têka ing winginipun | têlung atus prang kasap | salawe saosa benjing | milu ngadhang wong Cina ing kali Tuntang ||

29. Tumênggung Mataun sigra | dalu wangsul mring Lopait | enjing sigra pêparentah | mêndhêm kiwa têngên margi | sagung wadya prajurit | winitawis kawan atus | kiwa têngêning marga | prajurit sampun miranti | kawarnaa juru tulis Ham lumampah ||

30. bêkta Cina kalih wêlas | Cupyan mitungkas angênting | sakawan kang mawi kuda | wêwolu kang jalan kaki | kuda nèng ngarsa siji | kang têtiga anèng pungkur | sanga kang sampun nyabrang | sakidul karêtêg prapti | tan kawruhan yèn kang têlu durung nabrang ||

31. sakidul karêtêg [ka...]

--- 23 : 64 ---

[...rêtêg] Tuntang | Singaranu angabani | prajurit sarêng umangsah | mêdal saking gène sami | rinampog Cina sami | pating caruwit wus mampus | ingkang têtiga nulak | gagal anandêr wus têbih | ingkang pêjah sadaya wus kinêthokan ||

32. binêkta mring Salatiga | katur sasolahirèki | sapraptaning Salatiga | kumpul kang para bupati | amangun pikir malih | sirahing Cina puniku | apa pantês katura | wus rêmbag katureature. sami | pra dipati sadaya ngutus acungan ||

183. PocungTeks asli: Pucung.

1. wus lumaku duta bêkta sirah sampun | praptèng Kartasura | katur ing radèn apatih | pinariksa sirahe juru tulis Ham ||

2. langkung ngungun lajêng sowan mring kadhatun | prapta ing ngayunan | tur sêmbah radèn apatih | ngaturakên lamun Arya Pringgalaya ||

3. sadaya wus katur mula bunipun |Kurang satu suku kata: sadaya wus katur mula bunipun. ngungun sri narendra | ngandika ing radèn patih | kayapriye kang mangkono iku paman ||

4. nêmbah matur môngsa boronga pukulun | nanging susah suka | yèn mênggah kawula gusti | sapunika môngsa borong padukendra ||

5. ingsun milu ya paman kaya ciptamu | anututi paman | katalangsone kang pikir | amirapêt pakolèh dandanan rênggang ||

6. lawan iku angombèrake budimu | kobêr angrêrata | pikir kang pating caluwik | nuli wèha layang marang Si Paridan ||

7. manawèku ana takon bangsanipun | sira tindhihana | lupute

--- 23 : 65 ---

bangsane sami | êndhas iku pracayakna si kapitan ||

8. nêmbah mundur sapraptane jawi sampun | amundhut kang sirah | sasanga binêktèng loji | langkung gupuh kapitan dènira mapag ||

9. sawusira tutur Pringgalaya campuh | lan prajurit Cina | nèng Tuntang rame ajurit | prange unggul antuk pêpati wong Cina ||

10. duk angrungu kapitan suka kalangkung | sami amariksa | sirahing Cina kang prapti | juru tulis sirahe inguthik rotan ||

11. suka muwus kapitan suka umatur | puniki kang sirah | inggih pun Ham juru tulis | kudu minggat iki kacandhak ing pêrang ||

12. sirahipun paran sumôngga ing kayun | alon saurira | rahadèn rêkyana patih | pinanjêra sira anjing tanpa guna ||

13. sru gumuyu kapitan malih umatur | yèn tuwan utusan | dhatêng Salatiga malih | kula kintun minuman lan mimis obat ||

14. besuk-esuk carakane wangsulipun | mangke sore duta | yêktine pamit mariki | sigra radèn apatih kondur pamitan ||

15. praptanipun ing dalêm sigra angutus | surat pêpingitan | mring Radèn Martapurèki | kang pitungkas kawot caraka umêsat ||

16. tan winuwus lampahe duta wus rawuh | baris Padurungan | surate rêkyana patih | wus katampèn dhawuhing Radèn Paridan ||

17. kadriya wus caraka tinulak sampun | kunêng kawuwusa | Kapitan Singsèh nupèksi | ing surate putusane Mudha Cupyan ||

--- 23 : 66 ---

18. langkung bêndu Singsèh balane angrungu | yèn juru tulis Ham | pinatèn Pringgalayèki | lan Tumênggung Mataun Suryadiningrat ||

19. sigra ngrasuk busana ing aprang pupuh | Cina pitung dasa | pêpilihan wus lumaris | prapta pakuwone Radèn Martapura ||

20. kagyat dulu pinapag binêkta lungguh | bapak ana karya | Singsèh pamuwuse bêcik | ana pisan iki Arya Pringgalaya ||

21. Si Mataun myang Si Tumênggung Sidayu | anumpês wong Cina | Cina prapta nêdya bêcik | pinatenan sasanga nèng kali Tuntang ||

22. priye iku apana ingkang anuduh | apa ta wong Jawa | sida ala sida bêcik | yèn sidala karuhane apan sira ||

23. wakilipun sira piyandêling ratu | jênêngi maringwang | payo prang atakêr gêtih | pan wong Cina tan nêdya mungsuh wong Jawa ||

24. têka nglampus pitênah ing têgêsipun | angling Martapura | dèn rèrèh bapa kariyin | rungokêna iki ana layang têka ||

25. dhawuhipun hèh Martapura sirèku | sira têtakona | marang Singsèh dèn abêcik | ing rèh iki pingitane ratuningwang ||

26. apa iku sok Cina apadha ngrungu | kang durung pinêdhar | kêkêrane sri bupati | pamêdhare yèn ora sarta parentah ||

27. Cina ngundhuh woh mêntah-mêntah ingundhuh | dosa ing nagara | yèn Singsèh nora ngakoni | lah pundhutên êndhase Si Mudha Cupyan ||

28. duk angrungu Singsèh miris [mi...]

--- 23 : 67 ---

[...ris] kêtêripun | wus angrasa salah | lupute bangsanirèki | angrêrêpa Singsèh minta pangapura ||

29. dèn agupuh sira utusane matur | anjaluk ngapura | ing gusti rahadèn patih | panuwunku ngapuraa Mudha Cupyan ||

30. dene besuk yèn kapindho luputipun | pasthi potong ayam | êndhase aturna benjing | dene mêngko anuwun saduka-duka ||

31. lon amuwus Rahadèn Martapurèku | bapak aja susah | nanging aja malih-malih | sok Cinaa kudu mêcah lêlampahan ||

32. bangêt luput mung sira dhewe kang patut | nganggo pasêmayan | lan radèn rêkyana patih | lamun nora mangkono pan nora kêna ||

33. sampunipun sami dhadharan anutug | sarwi pagunêman | sarêmbug-rêmbuge gilig | mudha Singsèh lawan Radèn Martapura ||

147. Pangeran Têpasana lan Pangeran Jayakusuma seda dipun lawe

34. kang winuwus malih ing Kartasurèku | akathah rêrasan | adon-adon angadoni | saking alit angabên-abêni rasa ||

35. dadya katur rasa marang ing wong agung | saking Kaselongan | panthêring warta mratani | nora wingit Pangeran Wiramênggala ||

36. sok kawêtu magang-magang kang tinantun | angiras dèn êbang | dèn bêcik donganirèki | yèn narêngi lêlakon sira sun angkat ||

37. sun aturkên sira marang

--- 23 : 68 ---

bêndaramu | dhimas Têpasana | besuk jumênênga aji | sira besuk sayêkti dadi wadana ||

38. kang malênthuk atine munthuk mathuthuk | madhêdhêg wadhuknya | yèn nora nuli kawijil | nora kamot angaru-aru pawarta ||

39. mila mawur warta sangsaya sumawur | kababar sumêbar | katula katuli-tulikatula-tula katali. | katalangso adawa dadi dêdalan ||

40. wuwus iku kinarya rêruba atur | atutur pawarta | amrih kasatmatèng gusti | mila têtêp tinutup-tutup tan kêna ||

41. pangran sêpuh Wiramênggala puniku | kang angura warta | malah beya gadhe pêthi | pan sakawan kunci pati isi bata ||

42. bilangipun isi rajabrana agung | pan sami gotongan | panggawanira ing wêngi | malah nginêp kang lumaku Puspadirja ||

43. mantunipun Pangeran Têpasanèku | kadange taruna | Tumênggung Batang kang mari | Puspadirja mantri anome wong Batang ||

44. sampun katur ing radèn patih angungun | nanging sinabaran | ing warta kang nuli-nuli | ciptanira tan beda momonganira ||

45. sabên dalu ana dasih kang umatur | bêbahing tyasira | rahadèn rêkyana patih | nitik-nitik tan antuk yêktining warta ||

46. nulya wau Lurah Jayantaka matur | antuk warta nyata | yèn jarumane lumaris | maring loji tan liya mung Puspadirja ||

47. wau dalu lumampah pukul sapuluh | bêkta pêthi papat | mèyèk-mèyèk gotong kalih | malah sipêng ing loji Ki Puspadirja ||

--- 23 : 69 ---

48. sakalangkung kumêjot gègèr tyasipun | dene amiyarsa | dutane sipêng ing loji | enjing seba Ki patih praptèng jro pura ||

49. nêmbah matur kulatur tiwas pukulun | kawula miyarsa | nanging pawarti sayêkti | pratingkahe pun kakang ing Têpasana ||

50. lamun èstu ing karsa tuwan pukulun | atulung wong Cina | atêmah mêngsah Kumpêni | winadulkên rèh punika mring kapitan ||

51. badhe ambyuk Kumpêni yèn aprang besuk | ngangkah ing karajan | mèsêm ngandika narpati | ingsun lawas paman wus miyarsa warta ||

52. kaya iku ing mêngko ingsun angrungu | mêtu saking sira | sun gawe warta wus yakin | ing sèdhènge kakang êmas Têpasana ||

53. kang anuntun prakara sakadangipun | Si Tumênggung Batang | Tumênggung Batang kang mari | kang amondhok iku nèng Suraprameyan ||

54. wus sun sadu kaponakane sun utus | kang dadi saosan | manggih Si Timbêl sun tuding | wus katêmu têtela buke Si Batang ||

55. lah dèn gupuh cêkêlan wong roro iku | Si Dhongkol Si Batang | lawan Si Puspadirjèki | yèn wus kêna wong loro nuli sun lunas ||

56. langkung dhêku rahadèn patih angrungu | pangandika nata | graita wêweka kari | kalancangan panganjur sarining brôngta ||

184. Asmaradana

1. rahadèn rêkyana patih | nêmbah mijil saking pura | sapraptanirèng dalême | kêkasihe tinimbalan | Lêlurah Jayantaka | matêng pasanakanipun |

--- 23 : 70 ---

lawan Puspadirja Batang ||

2. pan sampun dèn bêbisiki | Lurah Jayantaka mentar | bêkta kêmiri sakanthong | praptèng wismèng Puspadirja | wus tan basan-binasan | ngabên kêmiri sadalu | pan kinalahan sadaya ||

3. tiga bêlas kalahnèki | lêlurah wong Jayantaka | binalèkakên saparo | suka lajêng pagujêngan | lajêng sami dhadharan | Lurah Jayantaka muwus | Si Goplêm tutur pawarta ||

4. kakang bêndara ing wingi | ngandika mring Surajaya | andangu prang Balibanthèng | Kyai Cakrajaya Batang | bawate mèh kabandhang | têka dèn tinggal lumayu | bupati mêmirang jagat ||

5. ingsun iki kakang jawil | iya karsane bêndara | sira ingangkat badhene | dene sira misih tigas | lan barèk tiningalan | môngsa tinggala palayu | nora nglungsiti nagara ||

6. lamun sira dèn timbali | esuk maring Surajaya | dèn enggal aja têlangke | prakarane iku uga | kakang dèn eling uga | tininggalan praja iku | ing Batang mring swargi uwa ||

7. èh kowe adhi dalêming | Goplêm mucicil supata | mèsêm angandêl batine | pamit Lurah Jayantaka | enjing Ki Surajaya | wus tampi parentah lamun | anyêkêla Puspadirja ||

8. pangipuke wus nêkani | badhe prapta tinimbalan | dene kang tinuduh malèh | anyêkêl Puspatanaya | Batang dhongkol gènira | Suraprameya puniku | Lêlurah Jayamênggala ||

--- 23 : 71 ---

9. radèn Martatarunèki | lurah wong Jayamênggala | lan dèn patih misanane | kinêpung Suraprameyan | namur adhêdhêmitan | kang mardhayoh wong têtêlu | sakesuk awêwedangan ||

10. Puspadirja kang winarni | tinimbalan sampun prapta | cinêkêl ing pasebane | Ki Ngabei Surajaya | nulya Puspatanaya | Batang dhongkol wus kapikut | anèng Kasuraprameyan ||

11. kalih kinunjara sami | katur ature mring nata | yèn wus kapikut kalihe | langkung suka sri narendra | nimbali Wirajaya | pinitungkas kang ingutus | aprasabên mring kapitan ||

12. Ki Wirajaya lumaris | kang dinuta mring sang nata | wus panggih Kapitan Langpèl | angiwa abêbisikan | tuwan kula dinuta | tabenipun sang aprabu | dhawuha ing pakênira ||

13. pindhone paring udani | tuwan marang pakênira | sampun salah cipta kagèt | sang nata sampun anglunas | maring wong jêjahilan | ambênggangakên sadulur | angêcrahkên pawong sanak ||

14. akarya wutahing gêtih | lamun nora kêbênêran | ing praja karya rusake | animpangakên pawarta | bêcik dèn gawe ala | lamun wontêna anggugu | gawe prang botên karuwan ||

15. kapitan têtanya aris | hèh bapak iku ta sapa | Ki Wirajaya saure | puniku Ki Puspadirja | kapitan duk miyarsa | gumêtêr ulate acum | angrasa yèn kacênthikan ||

16. angrêrêpa dènirangling |

--- 23 : 72 ---

bapak ingsun wus angrasa | yèn iku ujar kastorèn | singa kang tutura warta | ingsun ngrungu kewala | nanging ta nora sun gugu | ingong wruh ujar pra setan ||

17. bapak sun balaka mangkin | ature marang sang nata | aja karungu liyan wong | Pangeran Wiramênggala | titip pêthi sakawan | nanging têmbunge maringsun | asamar nèng wismanira ||

18. lan kagungane kang rayi | pangeran ing Têpasana | kèh maling anèng dalême | tinilar amakajangan | angling Ki Wirajaya | lah punika dede laku | têka titip marang dika ||

19. tuwan puniku tan bêcik | bênêre titip mring kula | inggih yèn botên pêtadospitados. | inggih titipa ki lurah | radèn patih santosa | dika wangsulna puniku | sampun kawruhan parentah ||

20. kula sasat radèn patih | kêni sikuning nagara | dene ta kang ngatêrake | puniku Ki Puspadirja | pan sampun kinunjara | mring dyan patih wau esuk | lan Ki Batang Dhongkol samya ||

21. sangsaya gêtêr ing galih | hèh bapak lamun mangkana | payo tinitèn isine | iki kagunganing raja | kasiku ing nagara | winêdalkên wus winadung | kang pêthi sakawan pisan ||

22. kapitan graitanèki | bêbilas bok ana layang | pingit winor jro pêthine | sawiji kang sampun mênga | amung isine bata | ingkang têtêlu winadung | kabeh mung isine bata ||

23. anjêngêr dangu tan angling | Ki Ngabèi Wirajaya | anjêtung Kapitan [Ka...]

--- 23 : 73 ---

[...pitan] Langpèl | priye akale wong Jawa | bapak sun tan kaduga | akal kang mangkana iku | Wirajaya kadi dika ||

24. puniki paekan drêngki | dede paekan raharja | amrih susahe wong akèh | Kapitan Langpèl anulya | mêdalkên surat warta | saking Pangran Selong pitu | kang ginawa Puspadirja ||

25. sawusnya winaca sami | lan Kiyai Wirajaya | kang maca juru basane | Kapitan Langpèl angucap | bapak puniki layang | pra setan angadu-adu | kula lamine tan gêga ||

26. lidok makotên ing mangkin | tan luput cipta kawula | dawêg surate dèn obong | pracumah datanpa guna | rasane wus kawruhan | ingobar surat pêpitu | Wirajaya lan kapitan ||

27. kêkalih kinèn nglunasi | Ki Wirajaya wus mêdal | mundhut lalaran kalihe | ing Batang lan Puspadirja | saking ing kapatihan | sapraptaning alun-alun | kalihe sampun dèn lunas ||

28. pinocok sirahe kalih | murda pinanjêr galadhag | orêg sanagara kabeh | tan ana kang wruhing purwa | gupita ginupita | ting kalêsik ting palinguk | gung alit wong sanagara ||

29. mangkana radèn apatih | tinimbalan marang pura | prapta ngarsane sang katong | sri narendra angandika | lah paman kayaparan | wus sun lunas kalihipun | Si Batang lan Puspadirja ||

30. balik kalilip kang kari | kakang êmas Têpasana | paman kayaparan kowe | sakadange wus [wu...]

--- 23 : 74 ---

[...s] kawruhan | tan wruh ing kabêcikan | dadi lalaran kinukup | têka ngakali nagara ||

31. têtela amakewuhi | kakang êmas Têpasana | iya sarirane dhewe | kang agawe lara pêjah | poma paman dèn enggal | môngsa bodhoa akalmu | sapa kanthinên prakara ||

185. Kinanthi

1. radèn patih nêmbah matur | sumanggèng karsa narpati | yèn sampun têrang ing karsa | kawula darmi nglampahi | sri narendra angandika | paman wus têrang tyas mami ||

2. lamun nêngna ta puniku | paman sayêkti malêdi | mungguh pakewuhing lampah | umatur rêkyana patih | lêrês karsa padukendra | upami satru kinêmpit ||

3. munggèng cangklakan pakewuh | kya patih tur sêmbah mijil | sapraptanira ing jaba | sigra dènira nimbali | Radèn Malayakusuma | binêkta ngiwa wus panggih ||

4. radèn patih ngandikarum | radèn dika kula tari | mungguh wawrating agêsang | inggih radèn abot pundi | sanak ingkang kadagingan | lan parentahing narpati ||

5. Malayakusuma matur | punika pan dede tandhing | nadyan anak lawan bapa | awrat parentahing gusti | kang amêngku lara pêjah | lawan ingkang angingoni ||

6. rahadèn patih gumuyu | radèn puniku kang pasthi | anggon-anggoning suwita | ingkang kaprah sanagari | anulya mêdhar pingitan | nglairkên karsa sang aji ||

7. dèn bisa radèn puniku | dika kang kula pasrahi | dèn eling lawan dèn yitna | aja tolih [to...]

--- 23 : 75 ---

[...lih] kulit daging | Malayakusuma nêmbah | paman sampun kalih kardi ||

8. kyana patih malih muwus | karya api rapêt dhingin | pangipuk amrih santosa | aja kasulak ing budi | radèn dika ilangêna | graita salah ciptèki ||

9. Malayakusuma sampun | tur sêmbah anulya mijil | wau ta kang kawuwusa | Pangeran Têpasanèki | langkung kagèt tan miyarsa | lunase mantunirèki ||

10. ing purwa wasananipun | dosane kang dadi pati | sêtun têmên tan miyarsa | kang raka pakaryannèki | Pangeran Wiramênggala | julig bangêt tur adrêngki ||

11. tan pati wruh ing pakewuh | lagyantuk pikir samênir | nuli maloto anuntak | durung nitik ngathik-athik | pikir mamak ngenak-enak | kasusu têkaning kapti ||

12. Pangeran Têpasanèku | agung wagugên ing galih | gêlah-gêlah kabarubah | kadhudhah kadhêdhês sêdhih | dènnya kasupit ing môngsa | apês tan sande kaplipis ||

13. kunêng kang manggung mangungkung | Pangeran Têpasanèki | kapêjêng nèng pakajangan | tan kajujud dènnya rujit | rêmpu-rupêk tyase rêmak | lupute dene kapipit ||

14. wontên surat ingkang rawuh | saking nagari samawis | Adipati Jayaningrat | ingkang ngaturi upaksi | yèn sampun pacak graita | Kumpêni angati-ati ||

15. yèn kala prang Cina nêmpuh | baris Jawi dèn kawruhi | tan wontên kenging marêpak | abdi dalêm pun dipati |

--- 23 : 76 ---

Samawis sampun umêdal | wantêr wus atilar loji ||

16. kumpêni lajêng amikut | binêkta malêbèng loji | mila abdi dalêm oncad | dene ta dèrèng atampi | parentah saking paduka | ing mangke sampun anunggil ||

17. lawan kônca pra tumênggung | lawan inggih kaping kalih | rama paduka jêng tuwan | Sayid Ngulu Wiba Pêkih | punika sampun karêmbat | Kumpêni ingkang ngrawati ||

18. satunggil datan karêbut | Sayid Ngumar nèng Kumpêni | tinunggilan para nyonyah | miyarsa radèn apatih | lah iku nora ngapaa | ing kene wus sugih sayid ||

19. iki nênêm sayid ingsun | aja susah ki dipati | dene kang uwis karêbat | Sayid Ngulu Wiba Pêkih | ya têka dèn rawatana | ing kana ingkang abêcik ||

20. wus pinaringan sul-angsul | surate sang adipati | praptane nagri Samarang | Sayid Ngulu Wiba Pêkih | nandhang kanin duk rinêmbat | wong Jawa lawan Kumpêni ||

21. kumpêni kêdah angukup | binêkta malêbèng loji | parêng baris jawi prapta | campuh kang rinêbut kanin | apan kêni pasêr tuwan | Sayid Ngulu Wiba Pêkih ||

22. rangu-rangu kang angrungu | sagung bupati pasisir | anênutuh kabatinan | ing radèn rêkyana patih | nêdya mungsuh ing Walônda | Walandane antuk sayid ||

23. rinêngkuh pangangkuhipun | langkung dènira ngurmati | nêdya angrata agama | trah rasul tan dèn kawruhi | sami angraos [angrao...]

--- 23 : 77 ---

[...s] sumêlang | tyase punggawèng pasisir ||

24. pijêr kaworan têkabur | rahadèn rêkyana patih | sapikir-pikir prakosa | kuwawa kambonan êdir | pikir saokah brêgagah | tan kêna kongkih dèn ungkih ||

25. mangkana malih winuwus | kang kawangkung among kingkin | pangeran ing Têpasana | yèn dalu tan antuk guling | yèn siyang pan awis dhahar | langkung dènira prihatin ||

26. ing dalu pukul sapuluh | wontên dasih tur upaksi | punika rayi sampeyan | radèn arya wontên jawi | nênggih Malayakusuma | gupuh dènira nêdhaki ||

27. kadingarèn ariningsun | cinandhak astaniraglis | binêkta manjing pondhokan | wus tata sami alinggih | kangmas kasêpèn kawula | mila asônja mariki ||

28. kawula ing wau dalu | kangmas botên ngraos urip | tinêtêr tan mawi kônca | inggih kangmas katanggêlis | kalangkung sangêt bramatya | pun paman rêkyana patih ||

29. kang môngka purwaning bêndu | dhawuhe pangandikaji | duk anyêkêl Puspadirja | sapa kang matur sang aji | lanyo-lanyo nora sarta | pêpikiran lawan mami ||

30. sapa duwe akal iku | mokal wania wong cilik | sayêkti iku wadana | nadyan wadana upami | yèn ora mambu santana | pasthi tan wani nglampahi ||

31. kawula tinarka wêruh | kang umatur ing sang aji | kula dèn antêp adêgan | hèh Malayakusumèki | lah sêmpalên bauningwang |

--- 23 : 78 ---

yèn sira arsa ngayoni ||

32. iya maring bobotingsun | Si Natakusuma iki | apa wus karuwan tiwas | angingêrkên tanah Jawi | kula kangmas langkung maras | inggih manawi binanting ||

33. saking sangêt dukanipun | sarirane dadi gêtih | kawula tobat ping satak | saking yêktos tan miyarsi | kang umatur ing sang nata | tan ngangge tari ing mami ||

34. mirsa-mirsa sarêng dhawuh | kakang mas paman dipati | milane ngantos sêsumbar | anglairkên ujar sirik | apa ratune kang salah | apa kang cilik panyakit ||

35. Pangeran Têpasanèku | tumungkul waspanya mijil | saparo susahe ilang | wruh lupute kang nagari | alon dènira ngandika | yayi mas lêrês kang runtik ||

36. paman dipati puniku | dede timbang yèn tinandhing | kalawan Tirtawiguna | parandene inggih yayi | angangge Tirtawiguna | ature marang sang aji ||

37. Malayakusuma matur | mila kangmas wau latri | kula mèh dadi têtiban | dukane paman dipati | yèn sampun kula sumpaha | kadi dukane dhatêngi ||

38. binantinga badan ajur | asèkèng kalangkung ringkih | paman wong gung kadi Boma | kangmas pun paman dipati | gumujêng susahe lêjar | Pangeran Têpasanèki ||

39. asangêt pangandêlipun | pangeran dhatêng kang rayi | Arya Malayakusuma | alômba tampinirèki | hèh yayi lamun ngandikan | dhatêng paman adipati ||

40. dika oleh-oleh [oleh-o...]

--- 23 : 79 ---

[...leh] tutur | yèn saking paman dipati | marang pun adhi atrêsna | sêmune paman dipati | ala bêcik ingkang karsa | linairkên ing pun adhi ||

41. Malayakusuma matur | inggih kangmas kadipundi | bilih angraos katêmpah | kangmas lola kawulèki | saengga kadi sampeyan | sayêkti wajib amardi ||

42. prasamya dhadharan nutug | bubaran ing pukul kalih | Arya Malayakusuma | marang pakajangannèki | Pangran Arya Têpasana | mêndha dènnya sêdih kingkin ||

Lajêng nyandhak jilid: 24.

--- 23 : [0] ---

Isinipun

141. Tumênggung Martapura mapagakên baris Cina ing Puwun. (Sinom, Pangkur). ... kaca 11

142. Tumênggung Martapura tampi dêduka saking patih. (Asmaradana, Maskumambang). ... kaca 20

143. Kumêndur ing Samarang nyuwun bêbantu dhatêng Ingkang Sinuhun. (Maskumambang, Pucung, Asmaradana). ... kaca 28

144. Wadyabala Cina badhe anggêpuk Samarang. (Asmaradana, Pucung). ... kaca 35

145. Patih pasulayan rêmbag kalihan Adipati Cakraningrat ing Madura. (Sinom). ... kaca 40

146. Tumênggung Martapura dipun suwurakên ambalik ngrencangi Cina. (Sinom, Durma, Pangkur, Sinom, Pucung). ... kaca 47

147. Pangeran Têpasana lan Pangeran Jayakusuma seda dipun lawe. (Pucung, Asmaradana, Kinanthi, Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 67