Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 101–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 17-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Babad Tanah Djawi lan Tanah-tanah ing Sakiwa-tengenipoen

Gubahanipun
L. Van Rijckevorsel
Directeur Normaalschool Ambarawa

Kabantu
R. D. S. Hadiwidjana
Guru Kweekschool Muntilan

Cap-capan ingkang Katiga
f 1,75
Pangêcapan J. B. Wolters' U. M.
Groningen-Den Haag-Weltevreden — 1929
Gang Scott 5

--- [2] ---

Boekdrukkerij Van J.B. Wolters

--- [3] ---

Atur Uninga

__________

Panganggitipun sêrat punika manut pêpacaking parêpatanipun para Directeur Normaalschool wontên ing Ngayogya nalika wulan December taun 1921.

Nalika pakêmpalan wau ingkang dipun rêmbag inggih punika prêkawis sêrat-sêrat cap-capan kangge murid-murid Normaalschool. Putusaning rêmbag makatên: amrih cancutipun sabên Directeur sagah damêl handboek nyêtunggal, mawi dipun bantu salah satunggaling collega sanèsipun.

Mênggah cap-capan ingkang katiga punika kathah malih wêwahipun, langkung-langkung tumraping rêmbag bab kabudayan lan kagunan punapa malih bab kawontênaning tiyang alit. Amargi dèrèng wontên sêrat Babad Walandi, ing riki dipun sambêti rêringkêsanipun babad wau.

Ingkang kathah ewahipun inggih punika cariyos bab karajan Çrivijaya, awit sapunika lajêng sampun wontên kêtrangan-kêtrangan ingkang langkung maton tinimbang kala dumadosipun cap-capan ingkang angka kalih.

Dene uruting piwulang salugunipun botên pêrlu katindakakên kados ing buku punika. Bokmênawi malah prayogi mênawi kawiwitan saking perangan ingkang kaping kalih kangge murid ing pangkat I, awit perangan ingkang kapisan punika mila pancèn angèl tumraping lare alit.

Ing wasana kula matur nuwun sangêt dhatêng paduka tuwan Handleiding-adviseur, G. BOSWINKEL, kalihan paduka sarjana Dr. PIGEAUD dene kêparêng nyaruwe lan paring ancêr-ancêr kawrat ing kala-warti "Djawa" lan kawrat ing sêrat kintunan, amung murih saenipun sêrat babad punika.

Lêlêrêsan utawi ewah-ewahan pêpringipun para sudyarsa, taksih tansah kula cêcadhang.

Ambarawa 31 Juli 1928 L.v.R
Muntilan D. S. H.

--- [4] ---

[...]

--- [5] ---

Perangan kang kapisan.

Jaman Indhu.

Abad 2 utawa 3 têkan abad 16.

__________

Bêbuka.

Mungguh babading tanah Indhiya-wetan dhèk durung kêtêkan bangsa Indhu, sêprene lagi sêthithik bangêt kang wus kawruhan. Malah wong Indhu iku bae iya durung kasumurupan têrang dhèk kapan têkane ing kene lan kêpriye kaanane ing kala wiwit-wiwitane.

Mung bae wus yakin, yèn kêmajuan lan tata-susilaning wong Indhiya kene iki bibit-sêkawite saka dayaning wong Indhu kang asale saka ing tanah Indhu ngarêp sisih kidul.

Kacarita nalika taun 261 sadurunge taun Walanda ing Indhu ngarêp ana ratu ajêjuluk Prabu Açoka, jumênêng nata ing nêgara Pataliputra (ing sawetan Bênarès), lan agamane Budha. Krêsane sang prabu praja cilik-cilik ing saubênging kono arêp digulung didadèkake nagara siji, kang gêdhe lan sêntosa. Akire bisa kêlakon, mèh satanah Indhu ngarêp kabèh mlumpuk, kinuwasan ing ratu sawiji. Mung ing puncit kidul, wiwit saka saloring Madras lan Mangalore, kraton-kratone prêsasat madêg dhewe-dhewe, ora pati kêwêngku ing praja-praja tanah lor. Praja-praja sisih kidul iku mau uga gêdhe dayane tumraping kêmajuan lan tata susilaning tanah-tanah ing sakubênge. Dene kang jumênêng ratu: 1. para Pandhawa (Pandava) kang kocap ing layang Mahabharata. 2. Darah Pallava (ayake ing pêkêcapan Jawa: Malawa) kêsuwur wiwit atusan taun sadurunge taun Walanda nganti têkan abad 9, dene kombul-kombule wiwit ing têngahing abad 6 têkan têngahing abad 8. Ing jaman iku titimangsa adêging yêyasan kang èdi-èdi, kaya ta:

--- 6 ---

candhi-candhi yasane Mahendrawarman (600-625). Ana wong Cina agama Budha jênênge Hüen-Tsang nyandra praja Pallava iku surasane nelakake yèn tanahe loh lan bêcik pêngolahe, wong-wonge [wong-...]

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036): Citra 1 dari 7
Dalane bangsa Indhu, Gujarat lan Arab
Dalane bangsa Cina

[...wonge] padha punjul ing kawantêrane, sêtya tuhu, rukun lan ngudi marang undhaking kawruh.

Kang kêndêl lêlayaran, nganti bisa gawe koloni-koloni ana ing

--- 7 ---

Indho-Cina, Malaka lan kapuloan Sundha, iya para bangsa ing Indhu sisih kidul iku, luwih-luwih wong Pallava. Wiwit satus taunan sadurunge taun Walanda wis ana papan-papan sawêtara kang diênggoni wong Indhu, dene gêdhe-gêdhening emigratie ana ing sajroning abad 2 têkan 6, bokmênawa kêgawa saka ing tanah Indhu kana kakèhên jiwane lan marga saka papêrangan karo bangsa-bangsa ing sisih êlore.

Koloni sing gêdhe-gêdhe, yaiku:

Campa ing Annam pasisir wetan.
Kamboja, kaêdêgake ing taun 435. Ing kono diyasani candhi-candhi Brahma utawa Budha akèh bangêt.
Kutèi ing Borneo Lor lan Sukadana ing Borneo Kidul.
Palembang (Çrivijaya).
Jawa Têngah.

Têkane ing tanah-tanah iku wong Indhu anggawa agama (Budha utawa Brahma) lan kagunan warna-warna, kaya ta maca, nulis, mbathik, mêdêl; banjur yasa candhi-candhi lan omah apik-apik. Wong pribumi diwêruhake marang barang pêdagangan warna-warna, yaiku bangsa sandhang pênganggo, bangsa gêgaman, pèni-pèni awujud oncèn motiara, bêkakas-bêkakas liyane kang abakal gadhing utawa êmas, lan sapanunggalane.

Çrivijaya iku têrang yèn kêgolong kang gêdhe dhewe, malah bokmênawa dadi baboning kawruh lan kagunan tumraping tanah-tanah liyane kang kasbut ing dhuwur. Ana kang ngira yèn Prabu Jayawarman, narendra ing Kamboja, kang miwiti yasa kutha lan candhi-candhi Angkor, iku darahing ratu ing Sumatra.

Praja-praja mau ing sêkawit nganti suwe ênggone nganggo agama Budha.

Bab 1. Karajan Indhu ing tanah Jawa Kulon. (wiwit abad kaping 2 utawa 3).

Kang wus kasumurupan, karajane bangsa Indhu ana ing tanah Jawa, kang dhisik dhewe, diarani karajan "Tarumanagara" (Tarum = tom. kaline jênêng Citarum). Karajan iku mau dhèk abad kaping 4 lan 5 wis ana, dene titimangsaning adêge ora kawruhan. Ratu-ratune darah Purnawarman. Mirit saka

--- 8 ---

gambar-gambar kêmbang tunjung kang ana ing watu-watu patilasan, darah Purnawarman iku padha nganggo agama Wisnu.[1]

Ing taun 414 ana Cina aran Fa Hien, mulih saka ênggone sujarah mênyang patilasane Rêsi Budha ing tanah Indhu-ngarêp mampir ing tanah Jawa nganti 5 sasi. Ing cathêtane ana kang nêrangake mangkene:

1. Ing kono akèh wong ora duwe agama (wong Sundha), sarta ora ana kang tunggal agama karo dhèwèkne: Budha.

Bangsa Cina ayake iya ora ana, awit ora kasêbut ing cathêtan.

2. Barêngane nunggang prau saka Indhu wong 200, ana sing dêdagangan, ana kang mung lêlungan bae, karêpe arêp padha mênyang Canton.

Yèn mangkono dadi dalane dêdagangan saka tanah Indhu-ngarêp mênyang tanah Cina pancèn ngliwati tanah Jawa. Ing taun 435 malah wis ana utusane Ratu Jawa-Kulon mênyang tanah Cina, ngaturake pisungsung mênyang maharaja ing tanah Cina, minangka tandhaning têtêpungan sarta murih gampang lakuning dêdagangan.

Karajan Tarumanagara mau ora kasumurupan pirang taun suwene lan kapriye rusake. Wong Indhu ana ing kono ora ngowahake adat lan panguripane wong bumi, awit pancèn ora gêlêm mulangi apa-apa, lan wong bumi uga durung duwe akal niru kapintêrane wong Indhu. Ewadene mêksa ana kaundhakaning kawruhe, yaiku bab mbathik lan mêdêl.

Bab 2. Karajan Indhu ing Tanah Jawa-Têngah. (abad kaping 6).

Mirit saka:

1. cathêtane bangsa Cina,
2. unining tulisan-tulisan kang ana ing watu-watu lan candhi,
3. cathêtane sawijining wong Arab,

wis bisa kasumurupan sathithik-sathithik mungguh kaananing wong Indhu ana ing tanah Jawa-Têngah dhèk jaman samono.

Nalika wiwitaning abad kang kanêm ana wong Indhu anyar têka ing tanah Jawa Kulon. Ana ing kono padha kêna ing lêlara, mulane banjur padha nglèrèg mangetan, mênyang tanah Jawa-Têngah.

Wong Jawa ing wêktu samono, isih kari bangêt kapintêrane, yèn ditandhing karo wong Indhu kang lagi nênêka mau; mulane banjur dadi sor-sorane.

Wong Indhu banjur ngadêgake karajan ana ing Jêpara. Omah-omah padunungane wong Jawa, ya wis mèmpêr karo

--- 9 ---

omah-omahe wong jaman saiki, apayon atêp utawa êduk lan wis nganggo kepang.[2]

Ênggone dêdagangan lêlawanan karo wong Cina; barang dêdagangane kaya ta: êmas, salaka, gadhing lan liya-liyane.

Bangsa Cina ngarani nagara iku "Kalinga", besuke ya diarani: "Jawa".

Karajan mau saya suwe saya gêdhe, malah nganti mbawahake karajan cilik-cilik wolulikur. Wong Cina uga nyêbutake asmane sawijining ratu putri: Sima; dikandhakake bêcik bangêt ênggone nyêkêl pangrèhing praja (674).

Tulisaning watu kang ana cirine taun 732, dadi kang tuwa dhewe, katêmu ana sacêdhake Magêlang, nyêbutake, manawa ana

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036): Citra 2 dari 7
Candi Barabudhur

ratu kang jumênêng, jêjuluk Prabu Sannaha, karajane gêdhe, kang klêbu jajahane yaiku tanah-tanah Kêdhu, Ngayogyakarta, Surakarta lan bokmanawa tanah Jawa Wetan uga klêbu dadi wêwêngkone karajan iku.[3]

Kang gumanti jumênêng nata ing karajan mau, Sanjaya, yaiku kang nulisi watu mau.

Mirit caritane, karajan iku tata têntrêm bangêt kaya kang kasêbut ing tulisan kang katêmu ana ing watu patilasan: Nadyan wong-wong padha turu ana ing dalan-dalan, ora sumêlang, yèn ana begal utawa bêbaya liyane.

Mirit kandhane sawijining wong Arab, dhèk têngah-têngahane abad kang kaping sanga, ratu ing tanah Jawa wis mbawahake tanah Kêdah ing Malaka, (pamêlikan timah).

Karajan ing dhuwur iku sakawit ora kawruhan jênênge, nanging banjur ana katrangan kang katulis ing watu kang titimangsane

--- 10 ---

taun 919, nyêbutake karajan Jawa ing Mataram. Jêmbar jajahane, mungguha saiki têkan Kêdhu, Ngayogyakarta, Surakarta; mangalore têkan sagara; mangetane têkan tanah-tanah ing tanah Jawa Wetan sawatara. Kuthane karan: "Mêndhangkamulan".[4]

Wong Arab ngandhakake, ana ratu Jawa mbêdhah karajan Khamêr (Indhu buri). Sing kasêbut iki ayake iya karajan Mataram mau. Kajaba Khamêr, karajan Jawa wis mbawahake pulo-pulo akèh. Pulo-pulo iku padha mawa gunung gêni.

Karajan Jawa mau sugih êmas lan bumbon crakèn. Wong Arab akèh kang lêlawanan dagang.

Sabakdane taun 928 ora ana katrangan apa-apa ing bab kaanane

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036): Citra 3 dari 7
Candi Barabudhur

karajan Mataram. Kang kacarita banjur ing tanah Jawa Wetan. Ayake bae karajan Mataram mau rusak dening panjêbluge gunung Mêrapi (Mêrbabu), dene wonge kang akèh padha ngungsi mangetan.

Ing abad 17 karajan Mataram banjur madêg manèh, gêdhe lan panguwasane irib-iraban karo karajan Mataram kuna.

Agamane wong Indhu sing padha ngêjawa rupa-rupa. Ana ing tanah wutah gêtihe dhewe, ing kunane wong Indhu ngêdhêp marang Brahma, Wisynu lan Siwah,

--- 11 ---

iya iku kang kaaranan Trimurti. Kêjaba saka iku uga nêmbah marang dewa akèh liya-liyane, kaya ta: Ganesya, putrane Bathari Durga.[5]

Manut piwulange agama Indhu pamerange manungsa dadi patang golongan, yaiku:

para Brahmana (bangsa pandhita).
para Satriya (bangsa luhur).
para Wesya (bangsa kriya).
para Syudra (bangsa wong cilik).

Piwulange agama lan padatane wong Indhu kaêmot ing layang kang misuwur, jênênge Wedha.

Kira-kira 500 taun sadurunging wiwitane taun Kristên, ing tanah Indhu ana sawijine darah luhur pêparab Syakya Muni, Gautama utawa Budha. Mungguh piwulange gèsèh bangêt karo agamane wong Indhu mau. Rêsi Budha ninggal marang kadonyan, asêsirik lan mulang muruk marang wong. Kêjaba ora nêmbah dewa-dewa, piwulange: sarèhne wong iku mungguhing kamanungsane padha bae, dadine ora kêna diperang pirang-pirang golongan. Para Brahmana Indhu mêsthi bae ora sênêng pikire, mulane kêrêp ana pasulayan gêdhe. Ana ing tanah Indhu wong Budha banjur pêpêrangan karo wong agama Indhu. Agama Budha sumêbar mênyang Ceylon sisih kidul, Indhu buri, Thibèt, Cina, Jêpang.

Mungguh wong Jawa ing jaman kuna pêngêdhèpe marang agama Indhu beda-beda. Ana sing bangêt olèhe mêmundhi marang Syiwah yaiku para Syiwaiet; ana sing bangêt pangèdhêpe marang Wisynu, yaiku para Wisynuiet.

Kêjaba saka iku uga akèh wong agama Budha; ana ing tanah Jawa agama-agama pancèn sok dicampur bae.

Patilasane agama Indhu mau saikine akèh bangêt, kaya ta:

Candhi-candhi ing plato Diyèng (Syiwah), iku bokmanawa yasane ratu darah Sanjaya.

Candhi ing Kalasan ana titimangsane taun 778, ayake iki candhi tuwa dhewe (Budha), yasane ratu darah Syailêndra.

Candhi Budha kang misuwur dhewe, yaiku Barabudhur lan Mêndhut.

Candhi Prambanan (Syiwah). Ing sacêdhake Prambanan ana candhi campuran Budha lan Syiwah.

Bab 3. Karajan ing tanah Jawa Wetan. (wiwitane abad 10 têkan taun 1220).

Ing dhuwur wus kasêbutake yèn tanah Jawa Wetan, kabawah karajan Indhu ing Mataram; nanging wong Indhu kang manggon ana ing tanah Jawa Wetan ora pati akèh, yèn katimbang karo kang manggon ing tanah Jawa Têngah (Kêdhu). Marga saka iku wong Indhu kudu kumpul karo wong bumi, prasasat tunggal dadi sabangsa.[6]

Ing wiwitane abad 10 ana pêpatihing karajan tanah Jawa Têngah aran Êmpu Sindhok lolos mangetan. Lêt sawatara taun Êmpu Sindhok mau jumênêng ratu ana ing tanah Jawa Wetan, karajane ing Kauripan (Paresidhenan Surabaya sisih kidul).

--- 12 ---

Ambawahake: Surabaya, Pasuruan, Kêdhiri. Bali bokmanawa iya kabawah. Ênggone jumênêng ratu têkan taun 944 lan iya jêjuluk: Nata ing Mataram. Nata ing Mataram mau bangêt pangèdhêpe marang agama Budha.

Êmpu Sindhok misuwur wasis ênggone ngêrèh praja. Ana cathêtan kang muni mangkene: "Awit saka suwening ênggone jumênêng ratu, marcapada katon têntrêm; wulu-wêtuning bumi nganti turah-turah ora karuan kèhe."

Ing taun 1010–1042 kang jumênêng nata canggahe Êmpu Sindhok, jêjuluk Prabu Èrlangga.

Nalika Èrlangga durung jumênêng nata, kratoning marasêpuh ditêmpuh ing mungsuh nganti kêlakon bêdhah, sang prabu seda ana ing paprangan, sang pangeran oncat kanthi punggawa sawatara, singidan ana ing alas Wanagiri, banjur puruita marang para pandhita lan para tapa.

Karajane sida dijègi ing mungsuh, nanging ora lawas kêna dirêbut manèh.

Ing taun 1010 Èrlangga têtêp jumênêng ratu, banjur nêrusake ênggone mangun paprangan lan ngêlar jajahan.[7]

Ing taun 1037 ênggone paprangan wis rampung, nêgara rêja, para kawula padha têntrêm. Dene karatone iya ana ing Kauripan.

Sang Prabu Èrlangga ora kasupèn marang kabêcikaning para pandhita lan para tapa kang gêdhe pitulungane nalika panjênêngane lagi kasrakat. Minangka pamalêsing kabêcikane para pandhita, sang nata yasa pasraman apik bangêt, dumunung ing sukune gunung Pênanggungan. Pasraman mau kinubêng ing patamanan kang luwih dening asri, lan rêrênggane sarwa pèni sarta endah. Saka èdine, nganti misuwur ing mancapraja, sabên dina asêlur wong kang padha sujarah mrono.

Pangadilane sang nata jêjêg. Wong dosa kang nrajang anggêr-anggêr nagara padha kapatrapan paukuman utawa didhêndha. Kècu, maling, sapanunggalane kapatrapan ukum pati.

Sang prabu ênggone nindakake paprentahan dibantu ing priyagung papat, padha olèh asil saka pamêtuning lêmah lênggahe. Saka ênggone manggalih marang têtanèn yaiku pagaweaning kawula kang akèh, sang nata yasa tanggul lan bêndungan gêdhe ana ing kali Brantas.

Sang nata uga mênggalih bangêt marang panggaotan lan dêdagangan. Kutha Tuban nalika samono panggonan sudagar, olèh biyantu akèh bangêt saka sang prabu murih majuning dêdagangan lan lêlayaran.

Sang nata yèn sinewaka lênggah dhampar (palênggahan cêndhèk pêsagi), ngagêm agêm-agêman sarwa sutra, remane diukêl lan ngagêm cênela. Yèn miyos nitih dipangga utawa rata, diarak prajurit 700. Punggawa lan kawula kang kapêthuk tindake sang nata banjur padha sumungkêm ing lêmah, (ndhodhok ngapurancang?).

Para kawula padha ngore rambut, ênggone bêbêdan têkan ing watês dhadha. Omahe kalêbu asri, nganggo payon gêndhèng kuning utawa abang. Wong lara padha ora têtamba mung nyuwun pitulunganing para dewa bae, utawa marang Budha. Wong-wong padha sênêng praon lan lêlungan turut gunung, akèh kang nunggang tandhu utawa joli. Dhèk samono wong-wong iya wis padha bisa njogèd, gamêlane suling, kêndhang lan gambang.

--- 13 ---

Karsane sang prabu besuk ing sapêngkêre kang gumanti jumênêng nata putrane loro pisan, mulane kratone banjur diparo: Jênggala (sabageaning Surabaya sarta Pasuruan) lan Kêdhiri. Dene kang minangka watêse: pagêr tembok kang sinêbut "pinggir raksa", wiwit saka pucaking gunung Kawi mêngisor, nurut kali Lêksa banjur urut ing brang lore kali Brantas saka wetan mêngulon têkan ing desa kang saiki aran Juga, nuli munggah mêngidul, têruse kira-kira nganti tumêka ing pasisir. Gugur-gugurane tembok iku saiki isih ana tilase, kaya ta ing sacêdhaking kali Lêksa, sakulon lan sakiduling kali Brantas, ing watêsing Malang lan Blitar.[8]

Mungguhing babad Jawa jumênênge Prabu Èrlangga kaanggêp minangka pêpadhang ing sajroning pêpêtêng, awit rada akèh caritane kang kasumurupan.

Kawruh kasusastran wis dhuwur. Layang-layange ing jaman iku têkane ing jamane saiki isih misuwur bêcik lan dadi têturutaning crita-crita wayang. Layang-layang mau basane diarani basa Jawa kuna, kaya ta:

1. Layang Mahabharata.
2. Layang Ramayana lan layang Arjunawiwaha.

Karajan Jênggala ora lêstari gêdhe, awit pêcah-pêcah dadi karajan cilik-cilik, marga saka diwaris marang putraning nata; yaiku praja Jênggala (Jênggala anyar), Tumapèl utawa Singasari lan Urawan 1.1. Karajan cilik-cilik kang cêdhak watês Kêdhiri ora suwe banjur ngumpul mèlu Kêdhiri, liyane isih têrus madêg dhewe nganti têkan abad 13.[9]

Karajan Kêdhiri (Daha, Panjalu) mungguha saiki mbawahake paresidhenan Kêdhiri, saperangane Pasuruan lan Madiun. Kuthane ana ing kutha Kêdhiri saiki. Karajan mau bisa dadi kuncara. Ing wêktu iku kasusastran Jawa dhuwur bangêt, nalika jamane Jayabaya (abad 12) ngluwihi kang uwis-uwis lan tumêkane jaman saiki isih sinêbut luhur durung ana kang madhani.[10]

Pujanggane Jayabaya aran Êmpu Sêdhah lan Êmpu Panuluk. Êmpu Sêdhah ing taun Çaka 1079 (= 1157) mêthik saperanganing layang Mahabharata, dianggit lan didhapur cara Jawa, dijênêngake layang Bharatayudha.

Wong Jawa ing wêktu iku wis pintêr, wong Indhu kêsilêp, karajan Indhu wis dadi karajan Jawa.

Ing taun 1104 ing kêdhaton ana pujangga jênênge: Triguna utawa Managuna. Pujangga iku sing nganggit layang Sumanasantaka lan Krêsnayana.

Radèn putra utawa Panji kang kacarita ing dongèng kae, bokmanawa iya ratu ing Daha, kang jêjuluk Prabu Kamesyawara I. Jumênêng ana wiwitane abad kang kaping 12. Garwane kêkasih Ratu Kirana (Candra Kirana) putrane Ratu Jênggala. Ing mangsa iki ana pujangga jênênge Êmpu Dharmaja nganggit layang Smaradhana. Radèn Panji nganti saiki tansah kacarita ana lakone wayang gêdhog lan lakon topèng.

--- 14 ---

Bab 4. Kèn Angrok nêlukake karajan-karajan cilik. 1220–1247.

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036): Citra 4 dari 7
Rêcane Sang Prabu Èrlangga ana ing Bêlahan (Fruin-Mees, Babad Tanah Jawa)

Ing taun 1222 ana ratu ing Tumapèl utawa Singasari, jêjuluk Kèn Angrok.

Critane Kèn Angrok iki saka layang Pararaton. Kêtêmune layang iki ana ing Bali dhèk taun 1894. Kèn Angrok lair ana ing sacêdhake Tumapèl (Singasari), asal wong tani lumrah bae. Kèn Angrok kacarita bagus rupane lan bisa nênarik katrêsnaning

--- 15 ---

wong, nanging bangêt karême marang pangaji-aji lan wani marang pênggawe luput.

Ing sawijining dina ana Brahmana katêmu karo dhèwèkne, kandha yèn dhèwèkne titising Wisynu. Anggone kandha mangkono iku, awit Brahmana mau ngêrti yèn Kèn Angrok wong kang gêdhe karêpe lan kêncêng budine. Brahmana banjur golèk dalan bisane Kèn Angrok kacêdhak karo adipati ing kono, Sang Tunggul Amêtung. Ora antara suwe kêlakon Kèn Angrok kaabdèkake. Barêng wis mangkono, Kèn Angrok banjur tansah golèk dalan kapriye ênggone bisa ngêndhih sang adipati, nggêntèni jumênêng. Kêtêmuning nalar Kèn Angrok banjur ndandakake kêris bêcik marang Êmpu Gandring.

Sawise kêris dadi, katon bêcik têmênan, nganti mitrane Kèn Angrok aran Kêboijo kêpencut kêpengin nganggo, banjur nêmbung nyilih: olèh.

Saka sênênge, kêris mau sabên dina dianggo sarta dipamèr-pamèrake, dikandhak-kandhakake yèn duwèke dhewe. Barêng wis sawatara dina Kèn Angrok nyolong kêrise dhewe kang lagi disilih ing mitrane mau dianggo nyidra sang adipati. Kêlakon seda, kêris ditinggal ing sandhinging layon. Urusaning prakara: mitrane Kèn Angrok sing kêna ing dakwa, diputus ukum pati. Kèn Angrok banjur bisa olèh sang putri randhaning Tunggul Amêtung lan gumanti madêg adipati: sang putri asmane Kèn Dhèdhès.

Sasuwene dicêkêl Kèn Angrok nêgarane tata, rêja, wong cilik bangêt sungkême. Sawise mbêdhah karajan cilik-cilik ing Jênggala, Kèn Angrok banjur êmoh kêbawah ing Kêdhiri, malah ing taun 1222 mbêdhah praja Kêdhiri nganti kêlakon mênang, ratu ing Kêdhiri Prabu Kêrtajaya seda (nggantung) sabalane kang padha tuhu. Kêdhiri banjur ditanduri adipati kêbawah Singasari. Barêng para ratu darah Êmpu Sindhok wis kalah kabèh karo Kèn Angrok, Kèn Angrok banjur jumênêng ratu gêdhe, jêjuluk Prabu Rêjasa, yaiku kang nurunake para ratu ing Majapait.[11]

Kacarita Sang Rêtna Dhèdhès nalika sedane Adipati Tunggul Amêtung wis ambobot. Barêng wis têkan mangsane, sang rêtna mbabar putra kakung, diparingi pêparab Radèn Anusapati. Wiwit timur nganti diwasa sang pangeran ora ngêrti yèn satêmêne dudu putrane Prabu Rêjasa, nanging rumangsa yèn ora ditrêsnani ing sang prabu, beda bangêt karo para rayi-rayine. Ing sawijining dina Anusapati kêlair marang ibune mangkene: "Ibu, punapaa, dene kangjêng rama punika têka botên rêmên dhatêng kula?" Sang rêtna bangêt trênyuhing galih mirêng atur sêsambate kang putra, wasana banjur kêprojol pangandikane; kang putra dicaritani lêlakone wiwitan têkan wêkasan. Anusapati bangêt ing pangungune, sanalika banjur duwe sêdya malês ukum, nanging isih sinamun ing sêmu. Kêris yasane Êmpu Gandring disuwun, pawatane mung kêpengin arêp wêruh. Kang ibu lamba ing galih, kêris diparingake.[12]

Ana ing dalême Anusapati nimbali abdine kêkasih, diparingi kêris mau lan diwêruhake ing wêwadine. Bêngine sang prabu seda kaprajaya ing duratmaka.

Layone sang prabu dicandhi ana ing Kagênêngan (cêdhak Malang). Anusapati nggêntèni jumênêng nata.[13]

Anusapati jumênênge ora suwe, awit Radèn Tohjaya ngrêti yèn Anusapati kang nyedani ramane, mulane sumêdya malês

--- 16 ---

ukum lan iya kêlakon. Tohjaya jumênêng nata, nanging ora suwe. Tohjaya utusan mantrine aran Lêmbu Ampal, didhawuhi nyirnakake kalilipe loro, yaiku: Ranggawuni, putrane Anusapati, lan nakdulure kang aran Narasingamurti; yèn ora bisa kêlakon Lêmbu Ampal dhewe bakal kêna ukum pati.[14]

Dumadakan ana sawijining Brahmana kang wêlas marang radèn loro, banjur wêwarah sapêrlune. Satriya loro nuli ndhêlik ana ing panggonane Panji Pati-pati. Lêmbu Ampal nggolèki radèn loro ora katêmu, banjur ora wani mulih, ngungsi marang panji Pati-pati. Barêng ana ing kono mbalik ngiloni radèn loro, malah ngrêmbugi para punggawa kang ora cocog karo Tohjaya diajak ngraman, wasana kêlakon, sang prabu nganti nêmahi seda.

Ranggawuni jumênêng nata ajêjuluk Syri Wisynuwardhana. Narasinga pinangkat sêsêbutan Pangeran Angabaya. (Ing kêjawan saiki isih ana kang jumênêng pangeran hangabèi). Nganti têkan ing seda priyagung loro mau rukun bangêt, dibasakake: "kaya Wisynu lan kang raka Bathara Endra."[15]

Karatone mundhak gêdhe pulih kaya dhèk jamane Prabu Èrlangga, malah jajahane wuwuh Madura.

Sang nata seda ing taun 1268, layone diobong kaya adat, awune sing sêparo dicandhi ana ing Wêlèri, ditumpangi rêca Syiwah, sing sêparo dipêtak ana ing candhi Jago (Tumpang) nganggo rêca Budha.

Dadi têtela ing wêktu iku agama Syiwah karo Budha campur.

Bab 5. Jumênênge Kartanagara ing Tumapèl. 1268–1292.

Ratu Singasari kang kaping V, jumênêng mêkasi. Sasedane Syri Wisynuwardhana pangeran-pati jumênêng nata, ajêjuluk Prabu Kartanagara. Sang prabu mênggalih marang kawruh agama Budha, lan kasusastran, lan iya mênggalih marang undhaking jajahan, nanging kagungan cacad gêdhe rong warna, yaiku kurang ngatos-atos, lan krêsa ngunjuk kêrêp nganti wuru.

Ana nayakaning praja aran Banyakwidhe utawa Arya Wiraraja, têpung bêcik lan Jayakatwang, adipati ing Daha. Satriya iku ora sungkêm marang ratune, malah wis sêkuthon karo Jayakatwang, arêp mbalela. Dumadakan ana punggawa kang matur prakara iku, nanging sang prabu ora mênggalih, Wiraraja malah diangkat dadi adipati ana ing Madura.

--- 17 ---

Pêpatihe sang nata aran Raganatha rumêksa bangêt marang ratune, nganti sok wani ngaturi pèngêt marang sang prabu ing bab kang ora bênêr, nanging sang prabu ora rêna ing galih, ora nimbangi rumêksaning patih sêtya iku, malah banjur milih patih liya kang bisa ngladèni karsane. Patih wrêda diundur, winisudha dadi nayaka pradata, dadi wis ora campur karo prakara pangrèh-praja. Patih anyar sênênge mung ngalêm marang ratune lan ngladosi unjuk-unjukan.[16]

Ana utusan saka ratu agung ing nagara Cina (Chubilai) dhawuh supaya Prabu Kartanagara nyalirani dhewe utawa wakil sowana marang nagara Cina pêrlu saos bêkti (1289). Sang prabu duka bangêt. Bathuking Cina utusan digambari pasêmon kang ora apik, nelakake dukane sang prabu. Barêng têkan ing nagara Cina patrape Ratu Jawa kang mangkono iku njalari dukane ratu binathara ing Cina. Ing taun 1292 ana prajurit gêdhe saka ing Cina arêp ngukum ing kuwanène wong Jawa.[17]

Wiraraja sasuwene ana ing Madura isih ngrungok-ngrungokake apa kang kalakon ana ing Singasari, lan iya wêruh uga yèn ing waktu iku prajurit Singasari dilurugake mênyang Sumatra. Wiraraja ngajani Jayakatwang akon nangguh mbêdhah Singasari, mumpung nagara lagi kesisan bala. Jayakatwang nglêksanani, lan Singasari kêlakon bêdhah. Ratu lan patihe katungkêp ing mungsuh isih têrus unjuk-unjukan bae (wuru), mulane ora rêkasa pinurih sedane.[18]

Radèn Wijaya, wayahe Narasinga, nuli umangsah ngêtog kaprawiran mbelani nagara lan ratune, nanging wis kaslêpêk karoban wong Daha, mulane banjur kêpêksa ngoncati, mung kari nggawa bala 12, gênti-gênti nggendhong sang putri garwane Radèn Wijaya, putrane Prabu Kartanagara. Lampahe R. Wijaya sasêntanane nusup angayam alas. Kalêbu wilangan 12 iku ana satriyane loro, putrane Wiraraja, duwe atur marang gustine supaya ngungsi mênyang Madura.[19]

Sang pangeran maune ora karsa, nanging suwe-suwe nuruti. Ana ing Madura ditampani kalawan bêcik.

Rêmbuge Wiraraja, Radèn Wijaya diaturi suwita mênyang Daha. Wiraraja sing arêp nglantarake. Yèn wis kêlakon suwita R. Wijaya diaturi nyêtitèkake para punggawa ing Daha, sapa sing kèndêl utawa jirih, tuhu utawa lamis. Yèn wis antara suwe diaturi nyuwun tanah Trik, dibabada banjur diênggonana.

Radèn Wijaya nurut ing pituduh, lan iya kêlakon suwita ana ing Daha.

Kacarita pasuwitane kanggêp bangêt, amarga saka pintêre nuju karsa, lan saka pintêre ulah gêgaman; wong sa-Daha ora ana sing bisa ngalahake. Kabèh piwulange Wiraraja ditindakake, dilalah sang prabu têka dhangan bae, malah barêng tanah Trik wis dibabad, R. Wijaya nyuwun manggon ing kono iya dililani.

Kacarita nalika babade tanah Trik mau, ana wong kang mêthik woh maja dipangan, nanging rasane pait. Awit saka iku desa ing kono dijênêngake Majapait.

Barêng R. Wijaya wis manggon ing Majapait, rumangsa wis wayahe tata-tata malês ukum, ngrusak kraton Daha, ananging Wiraraja akon sabar dhisik, awit isih ngêntèni prajurit saka nagara Cina kang arêp ngukum wong Singasari. Karêpe Wiraraja arêp ngrewangi Cina bae dhisik, besuke arêp mbalik mungsuh Cina. Wiraraja banjur boyong sakulawargane lan saprajurite mênyang Majapait ngumpul dadi siji karo R. Wijaya.

--- 18 ---

Bab 6. Karajan-karajan Sumatra.

Dhèk ing abad wiwit-wiwitan wis akèh wong lêlayaran saka Indhu mênyang tanah Cina lan kosokbalèn. Nachoda Arab ing abad 4 wis ana kang anduwèni tanah jajahan (kolonie) ana ing Canton. Prau Indhu lan prau Cina uga ngambah ing Canton lan Arab iku.

Marga saka iku mêsthi bae akèh prau kang liwat ing Sumatra; ing sisih kidul wetan banjur akèh pêlabuhan-pêlabuhane, kanggo ampiraning prau-prau kang andon lêlayaran adoh.

Ora suwe wong-wong Indhu akèh kang anjrak arêraton ana ing Sumatra kono. Rèhning karajan Indhu ing kono nganti pirang-pirang panggonan, mulane padha rêbut unggul, rêbut kuwasa, rêbut akèh cacahing prau-dagang kang lumêbu marang ing pêlabuhane. Dene kang bisa unggul iya iku praja ing Çrivijaya (Sriwijaya), mungguha saiki ing Palembang, ambawahake tanah Malayu (= Jambi) lan Bangka. Malaka iya wis prêsasat kêbawah. Ing tanah Jawa suwe-suwe uga akèh karajane Indhu. Ing nalika iku Çrivijaya wus gêgandhengan karo tanah Jawa. Ora suwe kang kêsuwur kuwasa dhewe ing sanuswantara kene, iya Çrivijaya iku. Ratu-ratune padha darah ratu kinawasa kang ajêjuluk Warman. Ing tanah Jawa (Purnawarman), ing Kutèi (Mulawarman) lan ing Indhu buri iya akèh darah warman kang padha jumênêng nata.[20]

Kêjaba bangsa sudagar akèh para marsudi ngèlmu Budha padha milu lêlayaran. Sarjana bangsa Cina jênêng I-Tsing mangkat saka Canton ing taun 671, sinau paramasastra ana ing Çrivijaya suwene 6 sasi banjur nglêboni tanah Malayu suwene 2 sasi. Sawise iku nuli mênyang ing Indhu ngarêp, sinau ana ing pamulangan luhur ing Nalanda, suwene 10 taun, wasana ing taun 685 wis bali têkan Çrivijaya manèh. Ana ing kono gaweane nyara-Cinakake lan nurun layang-layang gawan saka Indhu; sawise patang taun rumangsa yèn ora bakal bisa ngrampungake ijèn, mulane banjur marani kanca 4 mênyang Canton, dijak nêrusake pêgaweane ana ing Sumatra. Gaweane layang bab ngèlmu Budha kang wis rampung, digawakake marang wong Budha kang mangkat marang nêgara Cina. Ing taun 695 awake dhewe iya banjur mulih marang tanah kêlairane, anggawa layang pêthikan saka kitab-kitab Budha isi 500.000 pada.

Ing Çrivijaya pancèn akèh para sarjana mancapraja kang ngangsu kawruh, dadi ora mung I-Tsing dhewe.

Mirit saka kang kasbut iku kabèh, têtela yèn Çrivijaya ing jaman iku sawijining praja kang kombul bangêt. Basa kang tinulis ana ing pêtilasan-pêtilasan kuna, ing saiki kêna sinêbut

--- 19 ---

basa Mêlayu kuna, akèh campurane basa Indhu kayadene basa Jawa kuna, nanging basa Mêlayu kuna lan Jawa kuna iki pancèn iya isih akèh bedane.

Ing nalika iku ing Çrivijaya pandhitane Budha ana wêtara 1000. Para kang sujarah mênyanging Indhu ditêrake nganggo prau kagungane sang nata. Ing taun 717 ana pandhita Budha pangkat saka Ceylon akanthi prau Pèrsi cacahe 35. Têkane ing Çrivijaya bangêt diaji-aji karo sang prabu ing kono. Sang pandhita nêrusake lakune mênyang ing Canton, lan baline mênyang Ceylon numpak prau Mêlayu.

Çrivijaya ajêg anggone nglakokake utusan mênyang nagara Cina. Ing taun 724 misungsung marang sang prabu ing Cina arupa: cebolan loro, wong tukon siji (wadon), lan manuk jakatuwa sawêtara kèhe. Para ratu ing tanah Cina kêrêp paring sêsêbutan dhuwur-dhuwur marang para raja ing Sumatra. Salah sijining raja iku sinêbut Çri Indrawarman. Barang pêdagangan kang prêlu-prêlu kaya ta cêngkèh, kayu cêndhana, kapur barus, pala, timah. Sumatra iku dhèk sêmana uga kasuwur yèn sugih mas.

Tumêka ing abad X Çrivijaya têrang yèn praja kang kuwasa dhewe ing sakiwa-têngêne kono. Barêng ing pungkasane abad X gênti Jawa Wetan kang anjênggarang, malah nganti wani nglurugake prêjurit mênyang ing Çrivijaya, iya iku nalika ratu ing Jawa Wetan ajêjuluk Prabu Dharmawangça, marasêpuhe Èrlangga.

Ana caritane ratu ing Cola ing Indhu ngarêp, nalika taun 1024 nglurugi tanah Sumatra, bisa nêlukake kuthaning praja Çrivijaya, ratune dicêkêl, banjur ngalahake Acih lan nuli mulih mênyang Indhu. Ewadene pangwasane Ratu Indhu mau ana ing Sumatra kono ora bisa lêstari.

Pangwasaning praja Çrivijaya ana ing nuswantara sisih kulon isih tulus, tanah Sundha (Jawa Kulon) sêmune iya kêbawah, nanging pêprentahane ing kono ora pati bêcik, mulane pêdagangan iya ora gêdhe. Ing wêktu iku nuswantara sisih wetan kêwêngku ing pangwasaning ratu kinawasa, jêjuluk Sri Èrlangga.

Suwening suwe pangwasane para raja Jawa saya mundhak-mundhak gêdhe. Ratu ing Çrivijaya kurang mulat marang kêmajuaning tanah Jawa, andadak jêngkar saka praja, nglurug marang Ceylon, ing taun 1251, ngrêrusak ambêbahak tanpa uwis, wasanane malah kalah, kêpêksa mundur bali marang Çrivijaya.

--- 20 ---

Lêt watara taun ngambali nglurug mênyang Ceylon mênèh, nganggo olèh bantu prêjurit saka Indhu ngarêp, nanging iya mêksa kalah mênèh malah kêpêksa oncad ora tolih garwa, rajabrana, gêgaman lan kêprabone.[21]

Prabu Kartanagara ing Jawa wetan nguningani apêsing ratu ing Çrivijaya, banjur nêdya nangguh. Ing taun 1275 ana prajurit Jawa mancal saka pêlabuhan Tuban, nêmpuh tanah Mêlayu, yaiku Jambi. Wiwit ing nalika iku Jambi kêbawah marang tanah Jawa, kang iku tumraping raja ing Çrivijaya pancèn mutawatiri. Lurugan mênyang Jambi iku mau karan Pamalayu. Saka ing Jambi kono pangwasaning Ratu Jawa mundhak-mundhak jêmbar, akire sumrambah marang ing Nuswantara sisih kulon.

Praja Siyêm uga ganggu gawe marang ratu ing Çrivijaya; tanah-tanah sawêtara bawah ing Çrivijaya kêna rinêbut.

Ing Samudra, ing Pêrlak, dhèk jaman iku wis dadi karajan Islam cilik-cilikan.

Kombuling nêgara Majapait tansah gawe sumêlanging karaton Çrivijaya.

Praja Malayu (Jambi) jajahan Jawa, bisa mundhak-mundhak kêmajuane. Ing taun 1281 nglakokake utusan mênyang nêgara Cina. Raja ing Malayu iku jêjuluk Mauliwarmmadewa. Kuthane gêdhe, asri, akèh pêdagangane bumbon-crakèn lan barang liyane.[22]

Wong andon lêlana ing taun 1292 nyaritakake yèn ing Sumatra ana karajane 8. Sing wis diambah dhewe ana 6, kaya ta: Pêrlak, wis dadi praja Islam; Samudra Pase; wong andon-lêlana mau lèrèn ing kono nganti 5 sasi, manggon ing pondhokan kang nganggo tinanggul mubêng, awit ing kono isih ana wong kang doyan mangsa sabangsane manungsa; Dagroiam lan Lambri (Acih Bêsar); ing kono isih akèh wonge alasan lan durung Islam.

Gandhènging tanah Jawa lan Malayu tambah saya rakêt marga saka pikramane Radèn Wijaya karo Sang Dara Pêthak, putri Malayu.

Ing Mênangkabau akèh patilasan-patilasan kang nelakake yèn Prabu Adityawarman ing Malayu, pangwasane nganti têkan ing kono (1347).

Praja Çrivijaya saya suwe saya ringkih, pêcah dadi karajan cilik-cilik, padha macung dhewe-dhewe marang tanah Cina, pêngarahe padha bisaa olèh pêngayomaning sang raja binathara ing Cina, nanging praja Jawa, barêng wis saya kuwasa, ora wêdi marang sapa-sapa, wani nglurugi Çrivijaya lan kalakon bisa

--- 21 ---

ambêdhah. Barêng wêruh yèn nêgara Cina milu-milu ngrêmbug tanah Sumatra, wong Jawa bangêt nêpsune, utusane Sang Nata Cina padha dicêkêli lan dipatèni. Iku kêlakon dhèk taun 1377.[23]

Kuthane tanah Çrivijaya diêlih mênyang Palembang, nanging rèhning pancèn tanah wis ringkih, mangka wong Jawa wus banjur ora gêlêm cawe-cawe, Palembang mau banjur dilêboni ing bajag laut bangsa Cina, pênggêdhene ajênêng Leang Tao-Ming. Marga saka iku tanah lan pêlabuhan ing kono saya suwe saya kêrusakan.

Saproproking Çrivijaya kang banjur katon malela ing satanah Sumatra ora ana liya kêjaba karajan Malayu. Jêmbaring pangwasane nganti têkan ing Malaka, nanging isih têtêp ing pêngèdhêpe mênyang tanah Jawa; nalika jaman Ayam Wuruk ora towong anggone nglakokake utusan minangka tandhaning sungkême marang praja Majapait. Utusan Majapait têkane ing tanah Mêlayu iya ajêg, prêlu mundhut lêbuning pisungsung bulu-bêkti.

Saungkure Prabu Adityawarman watara ing awale abad XV, gênti praja-praja Islam kang katon kuwasane ana ing tanah Sumatra.

Têkaning dina saiki Prabu Adityawarman isih dièlingi karo wong-wong ing Sumatra têngah, mêngkono uga Sabatang lan Katumanggungan, yaiku para patih dhèk ing jaman kunane.

Ing dhuwur wus kacaritakake yèn praja Malayu kêbawah marang Majapait, nanging sanjatane praja Jawa ora gêlêm ngowah-owah ing bab prênataning paprentahan ing tanah Mêlayu kono. Jajahan-jajahan Majapait iku anggêre wis nêtêpi nglakokake utusan, nglêboni pajêg, lan ora nyulayani marang karsaning sang prabu bae, banjur wis prêsasat mardika, kêna pinarentah nganggo tata cara lan anggêr-anggêring tanah kono dhewe, luwih-luwih tumraping tanah-tanah sabrang. Tanah Sumatra iku marga saka adhakaning papane tumrap wong dagang layar, akèh praja-praja manca kang sok milu ngrêmbug, kaya ta praja Cina lan Siyêm. Kosokbaline Sumatra uga kêrêp anjaluk pitulungan marang para raja-raja ing tanah Cina.

Bab 7. Pêrang Cina lan Adêge Karajan Majapait. 1292.

Ing têngah-têngahane taun 1292 Maharaja Chubilai sida ngangkatake wadyabala mênyang tanah ing Jawa pêrlu arêp ngukum Prabu Kartanagara. Ana ing Pacêkan (ing Surabaya) prau Jawa kalah, nuli bala Cina arêp nglurugi Daha, kang dikira

--- 22 ---

panggonane Kartanagara (kang nalika iku wis seda). Kacarita R. Wjaya dhèk samana wus wiwit mbalela marang Jayakatwang ratu ing Daha, lan gawe gêlar ethok-ethok nungkul marang Sênapati Cina, pêngarahe supaya bisa olèh bantu arêp ngringkês kêraton Daha.

Kabênêran ora lêt suwe Majapait, panggonane R. Wijaya ditêmpuh ing wong Daha, R. Wijaya entuk pitulungane wong Cina bisa mênang. Wasana ing taun 1293 kutha Daha dikêpung ing balane Shih Pi lan R. Wijaya, Daha bêdhah, ratune kacêkêl, pèni-pèni rajapèni dijarah rayah, R. Wijaya nulungi putri-putri, putrane Prabu Kartanagara digawa oncat mênyang Majapait. Ora antara suwe, marga saka akale Wiraraja, R. Wijaya bisa ngungsir prajurit Cina. Wondene prajurit mau, sênajan kêsusu-susu mêksa isih bisa anggawa barang rayahan, pêngaji mas satêngah yuta tail lan tawanan wong satus saka Daha.

Radèn Wijaya banjur jumênêng nata ing Majapait, jêjuluk Kêrtarêjasa Jayawardhana utawa Brawijaya I (1294–1309).[24]

Sawise jumênêng nata, sang prabu anggêganjar marang sakabèhing kawula kang maune labuh marang panjênêngane. Wiraraja dibagèi tanah Lumajang saurute.

Putrine Kartanagara papat pisan dadi garwane sang prabu, lan isih ana garwa paminggir siji saka tanah Mêlayu aran Sri Indrèsywari. Saka garwa pamingggir iki sang prabu kagungan putra R. Kalagêmêt, kang besuke nggêntosi kaprabon, ajêjuluk Jayanagara. Saka pramèswari sang prabu pêputra putri loro.

Ing taun 1295 R. Kalagêmêt lagi yuswa sataun wis diangkat dadi pangeran pati lan dadi ratu ing Kêdhiri, ibune kang ngêmbani nyêkêl praja Kêdhiri. Ing nalika panjênêngane Prabu Kêrtarêjasa Jayawardhana iku, tanah Jawa karo Cina bêcik manèh, padagangane gêdhe, wong Cina têka ing tanah Jawa nggawa mas, salaka, mêrjan, sutra biru, sutra kêmbang-kêmbangan, bala pêcah lan dandanan wêsi. Saka ing tanah Jawa Cina kulak: bêras, kapri, rami, bumbon crakèn luwih-luwih mrica, rajakaya, barang-barang mas utawa salaka, bangsa dandanan kuningan utawa têmbaga, tênunan kapas lan sutra, wêlirang, gadhing, cula warak, kayu warna-warna, manuk jakatuwa lan barang nam-naman.

Ing tanah Jawa ing wêktu iku akèh pêlabuhan gêdhe, kaya ta: Tuban, Sêdayu, Canggu. Syahbandar ing Majapait kira-kira manggon ing Canggu iku.[25]

Nalika jamane Jayanagara ing bawah karaton Majapait kêna dibasakake ungsum kraman. Para satriya kang mèlu lara lapa dhèk jamane R. Wijaya saiki ora olèh ati, awit sang prabu mung anggêga aturing nayakane kang aran Mahapati, wasana para satriya mau banjur gênti-gênti padha ngraman, nanging têmahan asor jurite.

--- 23 ---

Ing taun 1328 sang prabu seda, dicidra ing dhukun kang didhawuhi ambêdhèl salirane.

Sasedane Prabu Jayanagara kang gumanti sadhèrèke putri, kang sêsilih Bhre Kauripan banjur jêjuluk Jayawisynuwardhani. Sang nata dèwi krama olèh satriya, kêkasih Kartawardhana, [Kartawar...]

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036): Citra 5 dari 7
Regol patilasan bètèng Majapait, jênênge Bajang Ratu. (Fruin-Mees, Babad Tanah Jawa)

[...dhana,] misuwur pintêr, srêgêp lan jêjêg panggalihe. Sang pangeran diangkat dadi panggêdhening jaksa lan olèh lungguh bumi Singasari sawêwêngkone. Gajahmada dadi warangkaning ratu. Karêpe Gajahmada arêp nungkulake satanah Jawa kabèh lan pulo-pulo sakiwa-têngêne.[26]

--- 24 ---

Ora lêt suwe yaiku ing taun 1334 Sumbawa lan Bali bêdhah banjur kabawah marang Majapait, mangka Bali nalika samana wis mbawahake Lombok, Madura, Blambangan lan Sèlèbês sabagean. Senapatining prajurit kang ngêlar jajahan ing sajabaning tanah Jawa aran Nala.

Ing taun 1334 sang prabu putri mbabar miyos kakung diparabi Ayam Wuruk, kang banjur dijumênêngake nata, nanging isih diêmbani kang ibu nganti têkan taun 1350.

Bab 8. Ayam Wuruk, Syri Rajasanagara, Ratu kang Kaping IV ing Majapait. 1350–1389.

Awit saking gêdhene lêlabuhane Patih Gajahmada, nagara Majapait saya suwe saya misuwur kuwasane. Prabu Ayam Wuruk têtêp jumênêng ratu agung binathara ngêrèh sapêpadhaning ratu. Sang nata krama olèh putri ing Wêngkêr, asêsilih Sang Rêtna Susumnadèwi.

Para santanane padha ginadhuhan tanah dhewe-dhewe ing samurwate. Dene kuwajibane para santana utawa adipati mau ing mangsa kang wus ditamtokake kudu ngadhêp ing panjênêngane nata, mulane kabèh padha duwe dalêm bêcik-bêcik ana ing Majapait, muwuhi asrining nagara.

Ing jaman iku ana pujangga kraton aran "Prapanca" (Budha). Ing taun 1365 pujangga iki nganggit layang kang aran Nagarakêrtagama. Ana manèh pujangga aran Êmpu Tantular nganggit layang Arjunawijaya.

Majapait ing wêktu iku mbawahake mèh satanah Indhiya wetan kabèh, kaya ta: tanah Jawa Wetan lan Têngah, Sumatra, wiwit Lampung têkan Acih, Borneo (Banjarmasin), Sèlèbês (Banggawai, Salaiya, Bantaiyan), Florès (Larantuka), Sumbawa (Dhompo), saparoning Malaka lan sabageaning Nieuw Guinea.

Tanah Sundha ora ditêlukake. Kang jumênêng ratu ana ing tanah Sundha mau ajêjuluk Prabu Wangi, putrane putri dilamar Prabu Ayam Wuruk iya dicaosake, ananging Prabu Wangi banjur pasulayan karo Patih Gajahmada, nganti dadi pêrang. Prabu Wangi seda ing paprangan lan akèh punggawane kang kêtiwasan; ewadene tanah Sundha ora banjur kêbawah Majapait, isih madêg dhewe ing satêruse.

Ing jaman samana para ajar utawa pandhita (agama Budha utawa Syiwah) mèlu nindakake lakuning paprentahan nagara,

--- 25 ---

mulane padha diparingi lungguh bumi dhewe-dhewe kang diarani bumi "Pradikan".

Padesan ing sakubênging candhi utawa padhepokaning para pandhita lumrahe uga dadi bumi pradikan, wonge diwajibake jaga lan ngopèni candhi padhepokan mau. Kawula liyane padha kêna ing pajêg prapuluhan (saprapuluhing pamêtuning bumine), lan kêna ing pagawean gugur gunung lan sapêpadhane.

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036): Citra 6 dari 7
Gajahmada sowan marang Ayam Wuruk

Pajêg rajakaya, pajêg panggaotan lan tambangan ing wêktu samono iya wis ana. Pamêtuning praja gêdhe bangêt, pêrlu kanggo ragad pêrang lan kanggo kapraboning sang nata sarta kanggo yêyasan nagara, kaya ta: kraton, gêdhong-gêdhong, pasanggrahan-pasanggrahan lan liya-liyane.

Ing nagara Majapait wis akèh omah kang bêcik-bêcik, payone sirap, dene omah kang lumrah padha apagêr gêdhèg, ananging ing jêro racake ana pêthine watu santosa pêrlu kanggo nyimpên barange kang pêngaji. Wong-wong dhèk samana

--- 26 ---

padha doyan nginang. Sênêngane padha tuku bala pêcah saka juragan Cina, pambayare nganggo dhuwit sing diarani kèpèng.

Wong lanang padha ngore rambut, wong wadon gêlung têkuk. Wiwit ênom wong-wong padha nganggo gêgaman kêris, lan gêgaman iku kêrêp diêmpakake. Wong yèn mati jisime diobong. Yèn sing mati iku bangsa luhur utawa wong sugih bojo-bojone (randha-randhane) padha mèlu obong. Ana uga kang disetrakake utawa dilarung.

Ora adoh saka nagara ana papan kanggo adu-adu kewan utawa uwong lan uga kanggo karamean liya-liyane. Papan iku arane "Bubat".

Sang nata kêrêp lêlana tinggal nagara, ing Blambangan saurute iya wis tau dirawuhi.

Prakara padagangan iya dadi gêdhe bangêt, awit saka majuning lêlayaran kagawa saka kèhing nagara-nagara ing tanah sabrang kang kabawah ing Majapait.

Bab kagunan, kaya ta ngukir-ukir sapêpadhane, kombule ing tanah Jawa Wetan dhèk pungkasane abad kang katêlulas lan ing wiwitane abad kang patbêlas, mung bae panggawene rêca-rêca kang apik-apik iku nganggo tuntunaning wong Indhu utawa nurun kagunan Indhu.

Cêkaking carita: Nalika panjênêngane Prabu Ayam Wuruk, Majapait lagi unggul-unggule, samubarang lagi sarwa monjo.

Prabu Ayam Wuruk tilar putra kakung miyos saka sêlir asma Bhre Wirabhumi jumênêng nata ana ing bagean kang wetan (bang wetan). Dene kang nggêntèni kaprabon Majapait putra mantune sang nata, ajêjuluk Wikramawardhana, 1389–1400.[27]

In[28] taun 1400 sang prabu sèlèh kaprabon kêrsane arêp mandhita; ananging sapêngkêre sang nata, putra lan sêntanane padha rêbutan gumanti ing kêprabon.

Prabu Wikramawardhana kêpêksa kondur jumênêng ratu manèh nganti têkan taun 1428. Sajrone jumênêng sing kèri iku sang prabu nêrusake mêrangi santanane kang wus kêbanjur ngraman nalika sang prabu jêngkar saka kraton. Rèhning pêrang mau nganti suwe dadi nganakake kêpitunan akèh lan karusakan gêdhe, awit têluk-têlukan ing tanah sabrang banjur padha wani mbangkang wus ora gêlêm kabawah Majapait.

Tataning kawula iya banjur rusak. Prakara patèn-pinatèn wis dadi lumrah. akèh wong main lan adu jago totohane gêdhèn.

Ing taun 1428–1447 kang jumênêng nata ratu putri jêjuluk Rêtna Dèwi Suhita, putrane Prabu Wikramawardhana saka garwa paminggir. Têruse banjur Prabu Kêrtawijaya

--- 27 ---

1447–1452 lan manèh Prabu Bhra Hiyang Purwawisyesa 1456–1466, Pandhan Salas 1466–1468, banjur Prabu Bhrawijaya V 1468–1478. Mungguh babade ratu-ratu kang wêkasan iki ora têrang, mulane ora disêbutake ing kene.[29]

Ana ratu ing nagara Kêling (salor wetane Kêdhiri, sakidul kulone Surabaya) jêjuluk Prabu Ranawijaya Girindrawardhana ngêlar jajahan nêlukake Jênggala, Kêdhiri lan uga mbêdhah Majapait (1478). Bêdhahe Majapait iku kuthane ora dirusak, awit ing taun 1512 lan 1541 nagara Majapait isih ana lan ing taun 1677 isih kocap, ginambar ana ing gambar tanah. Suwe-suwe kutha Majapait dadi rusak, awit wong-wonge kang ora sênêng kaêrèh ing kraton liya, padha lunga tinggal

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036): Citra 7 dari 7
Layang buku ing jaman kuna

nagara, nglèrèg marang tanah Bali. Saiki Majapait mung kari patilasan bae, awujud pagêr bata tilas mubêng lan tilas gapura (candhi Tikus, Bajang Ratu).

Isih sajroning jaman Majapait, agama Islam wis bisa mlêbu saka sathithik, saya suwe saya bisa ngalahake dayaning agama Indhu ana ing Jawa Wetan.

Mungguh kaananing tanah Sundha ing wêktu iku ora pati kasumurupan. Sawise krajan Tarumanagara dhèk abad 4 lan 5, mung ana kang kacarita krajan Sundha ing taun 1030 nagarane kira-kira ing Cibadhak. Ênggone ora ana wong manca kang mlêbu mrono iku, marga saka kèhing bajag kang padha ganggu gawe ing suruting pasisir.[30]

Ing Priyangan sisih wetan ana karajane aran Galuh, kang ngêdêgake ayake ratu aran Pusaka, ratu liyane jêjuluk Wastukancana lan Prabu Wang(g)i.

--- 28 ---

Ing taun 1433 sang ratu dewa iya Raja Purana, ngêdêgake kutha anyar aran Pakuan yaiku kutha kêrajaning tanah Pajajaran. Tulisan ana ing watu ing Batutulis (sandhing Bogor) nêrangake yèn sang prabu yasa sêgaran.

Pajajaran sêmune krajan rada gêdhe lan ngêrèhake Cirêbon barang.

Bab 9. Nêgara Cina.

Wis wiwit kuna mula para narendra ing Cina uga ngaruhake marang para bangsa ing Nuswantara kene. Bangsa Cina ênggone anjrak lan turun-tumurun dêdunung ana ing Nuswantara wus wiwit ing antaraning taun 700–800. Kang mêngkono iku mêsthi bae ana dayane tumrap kêmajuaning Nuswantara, ananging anèhe dene kabudayan Cina kang dêlês, ora ana tilas-tilase yèn anyrambahana marang kêbatinan lan adad tata caraning bangsa pribumi, beda têmên karo dayaning kabudayan Indhu. Mangka bangsa Cina iku ing kuna mula wis luhur kabudayane. Nalika kang jumênêng ratu para darah luhur kabudayane. Nalika kang jumênêng ratu para darah Chou (1122–255) wus ana sujana asma Lau-tzoe (605–531) kang ngebarake panêmu kamot ing kitab aran Tao Tèh King, nêtêpake yèn manungsa iku kudu anggayuh supaya ngèmpêri marang Tao (Kang Maha Sae) alantaran kautaman (Tèh). Sujana Lao-Tzoe ngêmohi rêrangkèn tata caraning panêmbah (ceremonieel) lan mulang supaya wong kabèh sing kêpara andhap asor. Kang mêngkono iku Lao-Tzoe kaanggêp nyêdhiyani papan tumraping agama Budha.[31]

Confucius (551–479) malah ngluwihi kêsuwure tinimbang Lau-Tzoe, pinundhi-pundhi ing ngakèh nganti 24 abad lawase, luwih-luwih tumraping piwulange bab kabutuhaning ngaurip (sociaal). Dhèk samana sakabèhing wong kang arêp dadi punggawa nêgara kudu didadar kawruhane ing bab ngèlmu Confucius.[32]

Bangsa Cina ênggone bisa maca nulis wis wiwit sadurunge ratu darah Chou. Sastrane sinêbut ing basa Europah ideographisch, anggambar jênêng-jênênging samubarang. Wong ing satanah Cina lan Jêpang sastrane padha, dadi padha bisa kirim-kiriman layang nanging olèhe ngunèkake beda-beda. Dene sastra Latin, Arab, Jawa iki sinêbut sastra phonetisch, anggambar swara bae, mulane sênajan bisa ngunèkake durung mêsthi yèn ngrêti têgêse.

Saungkure para nata darah Chou, kang ngrêbut pangwasa bisa jumênêng ratu, iya iku adipati ing Ch'in. Jênênging nêgarane sang adipati iku mau banjur dadi jênênging satanah [sa...]

--- 29 ---

[...tanah] kabèh, kang kêtêlahe ana ing pêkêcapan Jawa muni Cina. Rampunging panggarape bètèng gêdhe kang mèh ngubêngi ing satanah Cina iku dhèk taun 204 v.C., lêt rong taun karo sirnaning ratu darah Ch'in kang pungkasan. Dene prêlune bètèng mau kanggo nanggulang mungsuh kang kumudu-kudu nêmpuh saka ing lor.

Ing sajrone jumênênge para darah Han (202 sad.t. W.-221) ana kang nêmu pratikêle ngêcap layang. Ing wêktu iku titimangsa lêbune agama Budha saka ing Turkêstan kidul, lan marga iku jajahan praja Cina banjur mêlar mêngulon. Miturut dêdongengan: Sang Ming-Ti supêna kêtêmu wong dhuwure 16 kaki mawa sorot kaya soroting srêngenge ing sakubênging jangga. Sang prabu banjur nglampahake utusan marang tanah kulon, baline karo amboyongi Rêsi Buda.[33]

Ngèlmu Confucius prêsasat ora makèwuhi apa-apa tumrap lêbune kawruh Buda.

Fah-hien sujarah mênyang patilasane Rêsi Buda ing Indhu ana ing sajroning abad 5, ing taun 414 têkan ing tanah aran Y-p'o-t'i, yaiku kang lumrahe dianggêp tanah Jawa.

Sapêngkêre para ratu darah Han ing tanah Cina bubrah prênatane lan pêcah dadi têlung krajan. Para ratu darah Tang sagêd mulihake pangwasa lan katêntrêman. Marga saka krêtaning jaman iku nganti para mudha ing Jêpang lan Korea padha têka, mêguru ana ing pamulangan-pamulangan luhur. Sênadyan ing jaman iku kêpêksa akèh pêprangan, nanging uga akèh prênatan-prênatan anyar kang maedahi ing umum, marga saka lêlabêtane nayaka wicaksana kang asma Wang-An-Shih. Kanggo pênjaganing katêntrêman dianakake locale militie sinêbut "Pao Chia". Ora suwe karajan Cina pêcah-pêcah manèh. Bangsa Kin Tartar (kin = êmas) dimintasraya nêntrêmake nêgara, lan banjur têrus manggon ing sisih lor, kang didadèkake kutha krajan yaiku Pêking.[34]

Ing jaman iku ana bangsa anyar kang katon kêwantêrake, sinêbut bangsa Monggul, pêmanggone ana ing saantaraning talaga Baikal, karo kali Amur (Mong = kêndêl). Ora suwe banjur bisa ngêlun tanah Cina lor, tanah Korea, lan Kharezm. Pênggêdhene kang pancèn wantêr ing pêrang, jênênge "Khan" Genghis. Malah wis tau nekad nglurugi tanah Ruslan.[35]

Salah sawijining ratu kang gumanti Khan Genghis ana kang jêjuluk Kublai Khan = Choebilai (1260–1294), pindhah

--- 30 ---

nêgara saka Karakorum mênyang ing Pêking. Ênggone ngasta praja iku sinêbut pangrèh praja kang sêkawit (Yan = isih kang sêkawit). Tanah Cina kidul kêna ditêlukake klawan gampang. Tanah Jêpang dilurugi nanging ora olèh gawe. Lurugan mênyang tanah Jawa ing taun 1293 uga tanpa gawe. Ing jaman iku ana sarjana lêlana têkan ing tanah Cina, asale saka Venetie, jênênge Marco Polo, kanthi wong tuwane lan bapa pamane. Pêmanggone ana ing Combulac (yaiku Pêking) wiwit taun 1275 têkan 1292, baline liwat ing Siyêm, ing Jawa, Sumatra, Ceylon, lan Indhu.

Nalika bangsa Monggul nyêkêl pangwasa, ing tanah Cina kêrta raharja lan akèh kêmajuane. Bangsa Cina rumangsa ora rêkasa winêngku ing bangsa Monggul iku, sarta padha ora diwajibake kêkuciran minangka tandha pênungkul kaya ing jaman besuke nalika kaêrèh ing bangsa Manchu.

Ing taun 1368 ana kraman, dipênggêdhèni wong asli tani jênênge Hung Wu. Kraman mênang, wong Monggul kausir. Hung Wu jumênêng nata binathara, bêcik paprentahane, nurunake ratu-ratu kang sinêbut darah Ming. Sajroning jaman iku kêmajuaning tanah Cina ngluwihi kang uwis-uwis. Rèhning ora mrêlokake panêmpuhing mungsuh, mulane banjur kobêr yasa tanggul-tanggul lan irrigatie gêdhèn-gêdhèn. Nêgara nganakake lumbung-lumbung akèh kanggo anjagani yèn nuju mangsa pacêklik. Wose bae warata ing satanah: krêta raharja. Dhuwit krêtas iya wis ana. Wong Arab padha dêdagangan mrono. Kagunan lan bab yêyasan lêstari pangudine kaya dhèk jaman pangrèhe darah Han lan Tang.[36]

Ratu darah Ming kang luhur dhewe jêjuluk Yung-Lo (1401–1424) nglurugake wadyabala gêdhe rambah kaping 5, disenapatèni Cheng-Ho. Kang dilurugi tanah-tanah ing sisih kidul lan uga tanah-tanah ing Nuswantara. Wong-wong ing Nuswantara mau-maune isih dirèmèhake bangêt, dijênêngake Nan-Man (bangsa kasar, alasan). Lurugan kang kapisanan anggawa prau gêdhe 62, ana kang dawane 400 pêcak, isi prêjurit 27.800, sangu pangan, mas lan sutra. Ing taun 1407 Cheng-Ho wis bali saka tanah Jawa, mampir ing Sumatra, Malaka, Manila lan Sulu. Marga saka lurugan iku, banjur akèh utusan saka praja ngêndi-êndi têka ing Pêking, prêlu nelakake pêngèdhêpe praja-praja mau marang Sri Maharaja Yung-Lo. Barêng ing têngah-têngahane abad XV mung kari praja loro

--- 31 ---

utawa têlu kang nglakokake wêwakil mênyang nêgara Cina.

Ing dhuwur wus kacaritakake yèn dayaning bangsa Cina tumraping wong pribumi Nuswantara ora nyrambahi ing bab kabatinan lan bab tatacara, nanging mungguhing prêkara barang-barang kabutuhaning ngaurip, akèh kang asal saka Cina, kaya ta: wêsi, timbêl, mas, sêlaka, sutra lan bangsa bala pêcah (porsêlin).

--- [32] ---

Perangan kang kapindho.

Babad Tanah Jawa wiwit adêge karajan-karajan Islam lan têkane bangsa Europa, tumêkane gêmpale karajan Mataram lan ambruke Vereenigde Oost-Indische Compaigne. 1500–1799.

__________

Bab 1. Malaka lan Pêncaring Agama Islam.

Madêge Malaka iku dhèk ±1350, kebawah marang nagara Siyêm. Mundhake gêdhe marga kêtêkan bangsa satriya sapunggawane, playon saka nêgara-nêgara kiwa têngên.

Para satriya mau salungane saka tanah wutah rahe, ayake jalaran giris marang prajurit lurugan saka tanah Jawa dhèk jaman Kartanagara, banjur ngalih-ngalih manggon ing Sumatra wetan, Borneo kidul lan Borneo kulon, wêkasan ana ing kutha anyar aran Tumasik, ing saiki jênêng Singgapura. Ora lawas Tumasik uga kêbawah marang tanah Jawa (Majapait), para satriya Sumatra mau ngoncati, golèk pêngungsèn mênyang Malaka.

Dene agamane kang akèh Buda lan ana kang Islam, nanging tumêkane wêtara taun 1450 wis Islam kang ngêkèhi. Kang mêngkono iku marga saka bangêting pamarsudine para ngulama ênggone nyiarake agama.

Ajuning Malaka iku rikat bangêt; lagi umur 50 taun bae wis wani nisihi tanah Jawa, mung bae nganggo sêrana ngayom marang nêgara Cina. Ing têngah-têngahe abad XV Malaka kêrêp katon ing kawantêrane: Sultan Mudhafar Syah wani ngipatake marang pangwasa nêgara Siyêm. Sang nata binathara ing Cina akèh paringe pêmbantu, mulane Sultan Mannu Syah, putra Mudhafar Syah, bisa ngêlun ambawahake ing satanah jasirah Malaka lan Sumatra têngah. Ing taun 1481 prabu ing nêgara Cina dhawuh, yèn Malaka kudu wis bisa mêntas dhewe lan samêkta ing gêgaman dhewe, têgêse wis ora olèh bantu saka nêgara Cina, ewadene mêksa isih bisa ngukuhi kamardikane, ora nganti kêbawah marang Raja Jawa utawa liya-liyane, malah ing sajroning abad XV iku gêdhe dayane tumrap marang kaananing tanah Indhiya kabèh.

Agama Islam pêncare marang tanah saperangan gêdhe iya saka

--- 33 ---

Malaka nganggo lantaran dagang layar. Ing sadurung-durunge wêktu iku wis ana bangsa Arab utawa Pêrsi ngambah ing Indhiya lan ing tanah Cina, sênadyan tunggangane mung prau kang isih sarwa kuciwa. Para sudagar bangsa Islam kang banjur manggon ing tanah-tanah Indhiya iya wis padha omah-omah karo bangsa pribumi, malah lumrahe kang bangsa priyayi, nanging cacahing wong Islam mêksa lagi sêthithik bangêt, durung bisa andayani marang kaananing ngakèh. Barêng Malaka dadi tanah Islam mangka pêdagangane gêdhe, minangka pasaring tanah-tanah wiwit saka Indhu ngarêp têkan tanah Cina, pêncaring agama Islam ana ing kapuloan Indhiya kene rikat bangêt. Ing taun 1440 wis mêncar ana ing Têrnate, Moloko lan Bandha, saya suwe saya jêmbar lan lumrahe mêncare iku sarana apik-apikan bae, dadi ora srana pêksa utawa liyane.

Sudagar asal Malaka lan asal Indhu ngarêp padha manggon ing tanah Jawa lan akèh kang rabi wong Jawa. Lah kang mangkono iku bisa anjêmbarake têbaning agama Islam, awit bojoning wong Islam mêsthine iya dadi Islam.

Pêncaring agama Islam iku mêsthi bae agawe suda-sudaning pangwasane para ratu Jawa agama Indhu, nanging pangwasa iku mau sanyatane pancèn wis cilik marga saka kalah ingêr karo nêgara Cina, lan marga saka kêrêping pêprangan karo padha tunggal bangsane, dadi jajahan-jajahan sajabaning tanah Jawa padha gampang ucule.

Ewadene sênadyan Malaka pisan ing taun 1509 isih rumangsa miris, nyumêlangake yèn ditêmpuh ing prêjuriting ratu Jawa kang anggêgirisi.

Mungguh kaananing Malaka ing jaman sêmana, cathêtane Ma Huan kang andhèrèk tindake Senapati Chèng Ho nalika nitipriksa ing tanah kono, nyêbutake mêngkene: raja lan kawulane padha têtêp anggone nglakoni agama Islam. Tanahe ora pati loh, mulane têtanèn ora pati gêdhe, mung pêdagangan kang maju. Urut ing krêtêging kali cilik akèh omah-omahane cilik, kanggo adol barang warna-warna. Pêlabuhane diambah ing prau dagang saka nêgara Cina, ana ing kono nganggo ambayar beya. Kuthane wis tinembok mubêng, mawa gapura papat lan mênara-mênara pêjagan prêjurit. Ing jêro ana têmboke mubêng manèh, lah ing jêrone kono akèh godhang-godhange kanggo nandho barang-barang dagangan lan gêdhong-gêdhong kanggo simpên rajabrana. Kang kanggo bayar-binayar (dhuwit) timah ênggone mêlik dhewe saka ing tanah kang têngah. Sri Sultan agêm-agêmane srêban putih, sandhal wêwulang, lan jubah ijo utawa biru kinêmbang-kêmbang. Bab wujude wong-wong ing kono, omah-omahe, pênguripane iya dicathêti, nanging ora prêlu dikandhakake ing kene. Pênggaotan misaya iwak ing kono kêlumrah. Pêmêtu kang dadi dagangan: bangsa kayu, luwih-luwih kayu arêng (ebbenhout, warnane irêng), blêndok lan timah.

--- 34 ---

Mungsuhing Malaka ing tanah lor: Siyêm, wis dialang-alangi. Mungsuh ing kidul: tanah Jawa, lagi ewuh pasulayan, pêcah dadi perangan cilik-cilik.

Ewadene kamardikaning Malaka wis mèh têkan titi mangsaning ilang.

Bangsa Portêgis kang padha ana ing Goa, ngrêti yèn asale bumbon crakèn iku isih mêngetan manèh. Ing taun 1509 Diego Lopez de Sequeira nitipriksa mêngetan, têkan sauruting pêsisir Sumatra lan uga têkan ing Malaka. Ing sêkawit ana ing kono ditanduki bêcik, nanging marga saka kasaring tindake prêjurit Portêgis lan marga saka pênggosoking para sudagar Islam, banjur dadi lan ora apike. Wong Portêgis 20 cinêkêl, dikunjara. Sequeira ora wani nêmpuh marga kêsêthithikên prêjurite, banjur anjaluk bantu marang d'Albuquerque. Ing taun 1511 d'Albuquerque têka samêkta kapal pêrang akèh, Malaka kêna dikukup. Wong Portêgis rumangsa kêbênêran ênggone olèh tanah Malaka iku awit mêruhi gêdhening pêdagangan ing kono, mulane banjur saya digêdhèkake pisan, ora suwe Malaka kondhang dadi papan pêdagangan kang gêdhe dhewe ing satanah wetanan, mung kalah karo Goa.

Lêt satusan taun êngkas bangsa Walanda ngancik ing bumi tanah wetanan. Ing taun 1640 kutha Malaka kinêpung wakul binaya mangap marang prêjurit Walanda nganggo bantu prêjurit saka Johor. Ing taun 1641 Malaka kêlakon nungkul. Dene kèhing pêpati marga kinêpung ing mungsuh iku prêsasat tanpa wilangan.

Bab 2. Karajan Dêmak lan Karajan Pajang. ±1500–1582.

Wiwitane ing tanah Jawa ana agama Islam ing antarane taun 1400–1425.[37]

Ing taun 1292 ing tanah Pêrlak pulo Sumatra wis ana wong Islam; ing taun 1300 ana wong Islam manggon ing Samudra Pasêi. Ing pungkasane abad kang ping 14 ing Malaka iya wis ana wong Islam. Têkane padha saka Gujarat. Saka Malaka kono agama Islam mêncar marang tanah Jawa, tanah Cina, Indhiya buri lan Indhiya ngarêp.

Kang mêncarake agama Islam ing tanah Jawa dhisike yaiku sudagar Jawa saka Tuban lan Grêsik, kang padha dêdagangan ing Malaka, padha sinau agama Islam; dadine Islam têrkadhang sok kêpêksa. Sudagar-sudagar Jawa mau padha bali marang tanah Jawa Wetan, sudagar Indhu lan Pèrsi uga ana sing têka ing kono lan nuli mêncarake agama Islam marang wong-wong. Sing misuwur yaiku: Maulana Malik Ibrahim (asal Pèrsi?), seda ana ing Grêsik ing taun 1419, nganti saiki pasareane isih.

--- 35 ---

Barêng kuwasane karaton Majapait saya suwe saya suda, para bupati ing pasisir rumangsa gêdhe panguwasane, wani nglakoni ing sakarêp-karêp. Para bupati mau lumrahe wis padha Islam wiwit tumapaking abad kang kaping 16 (1500–1525). Jalaran saka iku kêrêp bae pêrang karo para raja agama Indhu kang manggon ing têngahing tanah Jawa.[38]

Miturut carita: Sang Prabu Kêrtawijaya ing Majapait iku krama karo putri saka ing Cêmpa (tanah Indhiya buri). Putri mau kaprênah ibu alit karo Radèn Rahmat utawa Sunan Ngampèl (Surabaya). Sunan Ngampèl kagungan putra kakung siji, asma Sunan Bonang, lan putra putri siji, asma Nyai Gêdhe Malaka. Nyai Gêdhe Malaka iku marasêpuhe Radèn Patah utawa Panêmbahan Jimbun, yaiku kang sinêbut: Sultan Dêmak kang sapisan.

Sunan Ngampèl lan Sunan Bonang dadi panunggalane para wali. Para wali mau kang misuwur: Sunan Giri (sakidul Grêsik), ana ing kono yasa kêdhaton lan mêsjid; Ki Pandhan Arang (ing Sêmarang) lan Sunan Kalijaga (ing Dêmak). Ing taun 1458 ing Dêmak wis ana mêsjid bêcik.

Padha-padha bupati pasisir, kang kuwasa dhewe sinêbut asma Pati Unus utawa Pangeran Sabrang Lor, putrane Panêmbahan Jimbun. Ing taun 1511 Pati Unus mbêdhah Jêpara. Ing taun 1513 nglurugi Malaka. Ênggone tata-tata arêp nglurug nganti pitung taun lawase, lan bisa nglumpukake prau kèhe nganti sangang puluh, prajurit 12.000, apadene mriyêm akèh, nanging kapêksa bali ora olèh gawe, awit ora kêconggah mungsuh lan wong Portêgis kang ana ing Malaka.

Pati Unus ing taun 1518 uga ngalahake Majapait nanging Majapait dhèk samana pancèn wis ora gêdhe. Kuthane ora dirusak, mung pusaka kraton banjur digawa mênyang Dêmak sarta P. Unus ngaku nggêntèni Ratu Majapait.

Ing taun 1521 Pati Unus seda isih ênèm lan ora tinggal putra. Kang gumanti rayi lêt siji yaiku Radèn Trênggana, jalaran rayine tumuli: Pangeran Sêkar Seda Lèpèn, wis disedani putrane R. Trênggana, kang aran Pangeran Mukmin.

Sajroning jumênênge Sultan Trênggana (1521–±1550) karaton Dêmak kuwasa bangêt; nguwasani tanah Jawa Kulon, ngêrèh kutha-kutha ing pasisir lor lan uga mbawahake jajahan Majapait, sarta karaton Supit Urang (Tumapêl) uga banjur kaprentah ing Dêmak. Dene Blambangan iku bawah Bali. Pêlabuhan bawah Dêmak akèh sing gêdhe, kaya ta: Jêpara, Tuban, Grêsik lan Jaratan. Grêsik lan Jaratan iku sing gêdhe dhewe, wong kang manggon ing kono luwih saka 23.000.[39]

Ing taun 1546 Sultan Trênggana kanthi Sunan Gunung

--- 36 ---

Jati nglurugi Pasuruan. Kutha Pasuruan kinêpung ing wadyabala. Nanging durung nganti bêdhah, pangêpunge diwurungake, jalaran Sultan Trênggana seda diprêjaya ing sajawining punakawan santana, kang mêntas didukani.

Putrane Sultan Trênggana akèh. Putra putrine padha krama olèh para gêdhe. Ana sing krama olèh bupati ing Pajang, kang asma: Adiwijaya, yaiku Mas Krèbèt, Ki Jaka Tingkir utawa Panji Mas. Putra kakung loro: Pangeran Mukmin utawa Sunan Prawata, lan Pangeran Timur, kang ing besuke dadi adipati ing Madura banjur dipindhah mênyang Madiun.[40]

Sunan Prawata iku kang nyedani Pangeran Sêkar Seda Lèpèn. Putrane Pangeran Sêkar Seda Lèpèn kang asma Arya Panangsang arêp malêsake sedane kang rama. Sakawit Arya Panangsang nyedani Pangeran Mukmin sagarwane, nuli putra mantune Sultan Trênggana. Nanging barêng sumêdya nyidra Adiwijaya, ora olèh gawe, malah Arya Panangsang barêng dipapagake pêrang, kalah lan nêmahi pati. Adiwijaya banjur nguwasani tanah Jawa: amboyong pusaka kraton mênyang Pajang lan nuli dijumênêngake Sultan dening Sunan Giri.[41]

Nalika Adiwijaya jumênêng ratu ana ing Pajang, Blambangan lan Panarukan kabawah ratu agama Syiwah ing Blambangan, kang uga mbawahake Bali lan Sumbawa (1575).

Jajahan-jajahan ing Pajang kang kaprentah ing pangeran (adipati) yaiku: Surabaya, Tuban, Pati, Dêmak, Pamalang (Têgal), Purbaya (Madiun), Blitar (Kêdhiri), Sêlarong (Banyumas), Krapyak (Kêdhu sisih kidul), Mataram (Ngayoja) lam[42] Pajang dhewe, yaiku Surakarta sisih kidul kulon, sakulone bêngawan Sala. Ana ing tanah Pasundhan karaton Pajang mèh ora duwe panguwasa, jalaran ing taun ±1568 tanah Bantên dimêrdikakake dening Hasanuddin, dadi tanah Kasultanan.

 


§ Karajan Tarumanagara. (kembali)
§ Karajan Jêpara. (kembali)
§ Karajan ing Kêdhu. (kembali)
§ Karajan Mataram 919. (kembali)
§ Agama Indhu lan Budha. (kembali)
§ Êmpu Sindhok. (kembali)
§ Prabu Èrlangga. (kembali)
§ Pêcahing nagara. (kembali)
§ Karajan Jênggala. (kembali)
10 § Karajan Kêdhiri. (kembali)
11 § Bêdhahe Kêdhiri. (kembali)
12 § Tiwase Prabu Rêjasa. (kembali)
13 § Anusapati 1247–1248. (kembali)
14 § Tohjaya 1248–1249. (kembali)
15 § Ranggawuni 1249–1268. (kembali)
16 § Pambalelane Wiraraja. (kembali)
17 § Dhadhakaning pêrang Cina. (kembali)
18 § Sedane Kartanagara. (kembali)
19 § Radèn Wijaya ngungsi mênyang Madura. (kembali)
20 § Çrivijaya. (kembali)
21 § Pamalayu 1275–1292. (kembali)
22 § Malayu. (kembali)
23 § Çrivijaya bêblês. (kembali)
24 § Kêrtarêjasa ing Majapait I. 1294–1309. (kembali)
25 § Jayanagara ing Majapait II. 1309–1328. (kembali)
26 § Jayawisynuwardhani ing Majapait III. 1328–1334. (kembali)
27 § Wikramawardhana ing Majapait V 1389–1400. (kembali)
28 Ing. (kembali)
29 § Ratu-ratu ing Majapait wiwit taun 1428. (kembali)
30 § Tanah Sundha ing abad 5–16. (kembali)
31 § Lao Tzoe 605–531. (sad. t. Wal). (kembali)
32 § Koeng-foe-tzoe (Confucius) 551–479 (sad. t. Wal). (kembali)
33 § Lêbune agama Budha. (kembali)
34 § Jaman rêrusuh. (kembali)
35 § Bangsa Monggul ngêlun nêgara Cina, abad 13. (kembali)
36 § Darah Ming 1368 jaman kêmajuan. (kembali)
37 § Pêncaring agama Islam. (kembali)
38 § Panguwasane para bupati ana ing pasisir. (kembali)
39 § Sultan Trênggana 1521–1550. (kembali)
40 § Êcrahe para putrane Sultan Trênggana. (kembali)
41 § Adêge karajan Pajang. (kembali)
42 lan. (kembali)