Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 101–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 16-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab 2. Kaanane Wong Cilik lan Para Bupati.

Mungguh ing kaanane bangsa wong cilik dhèk abad 16 lan 17 iku ing saikine ora pati kawruhan cêtha, awit layang-layang babad tumrape jaman iku prêsasat mung ngandhakake bab para ratu lan para gêdhe bae, wong cilik kêsilêb.[1]

Utusan V.O.C. mulih saka nêgara Mataram dhèk jamane Sultan Agung mangun pêrang, mratelakake yèn têgal sawahe wong Mataram padha kêmêton bangêt. Bab iku sanyatane durung kêna kanggo pasêksèn tumrap ing karaharjaning wong cilik, awit tanah ing kono iku bumi lungguh kabèh, gadhuhaning para patuh. Yèn ing sabubaring pêpêrangan Sultan Agungan, pancèn wis têtela yèn wong cilik rêkasa têmênan uripe, marga maune akèh kang ora kobêr têtanèn.

Dene kaanane tanah Priyangan, kacarita yèn kang sisih kulon dhèk ing taun ±1650 isih awujud alas gêdhe. Cacah jiwa ing satanah Priyangan pancèn mung sathithik. Layang palapuran dhèk taun 1686 nyêbutake yèn desa-desa ing Priyangan kang 70%

--- 138 ---

kèh-kèhe mung isi 10 somah. Kang isi luwih saka 20 somah mung 11%-ning cacah desa. Ing satanah Priyangan têkan Indramayu desane kang gêdhe dhewe jênênge Timbangantên (dumunung ana ing tanah ngare saloring Lêlês ora adoh karo Bandhung), jiwane 77 somah. Wong-wong durung padha sêsawah; ênggone nênandur isih ngolah-ngalih milih bumi kang gampang panggarape. Tanah ngare mung sêthithik têtandurane, awit kêrêp kêbanjiran lan akèh kewane bae, dadi pirantine wong tani kaya saiki isih durung kanggo, luku bae durung ana. Malah dhèk ing taun 1809 akèh wong lunga ninggal bale pomahane, amarga Gupêrmèn arêp anjajal andhawuhake supaya wong-wong padha sêsawah.

Wong cilik ênggone nyangga pajêg sok abot bangêt. Akèh tanah-tanah kang kêjibah nglêboni barang-barang kang dadi kabêtahaning ratu. Tanah Krawang iku cacah jiwane sathithik bangêt, kêjaba ing sauruting kali Citarum, kathik andadak kêbagean lêbon kayu marang sang prabu ing Mataram! Nalika jaman Susuhunan Têgalwangi akèh tanah kang ditêmtokake ambayar pajêg sirah, luwih-luwih tanah kang adoh saka Mataram. Kaya ta wong-wong ing Têgal nganti tumandang nêgori kayu ing alas, didol marang V.O.C., mung supaya bisa mbayar pajêg sirah mau. Tumraping tanah Priyangan kèhing pajêg sirah ing dalêm sacacah (= sadesa utawa sajung) sareyal.[2]

Nalika Susuhunan Têgalwangi yasa kêdhaton, wong-wong ing Têgal ora kobêr anggarap sawah, nganti anjalari pacêklik gêdhe. Kêjaba iku sakabèhing tanah kudu nglêboni èdi-èdining barang pamêtune ing kono: Bandhung kêbagean nglêboni jaran kagêm sang prabu, sarang burung lan watu kanggo wungkal. Ukur (sacêdhaking Sumêdhang) nglêboni dhèndhèng mênjangan, Galuh bakal tênunan (corake pêsagèn-pêsagèn), lawe lan nila. Pamotan ing pasisir sêgara anakan mung cêcaos trasi.

Pangetunging lêbune pajêg iku awêwaton kèhing "cacah", dene gêdhening cacah ora ajêg, jiwane sok akèh sok sêthithik, ewadene upama sawijining bupati ing Priyangan bumine gadhuhan sèwu cacah, lêbone pajêg sirah mênyang Mataram banjur diracak bae: 1.000 reyal. Yèn kanggone ing sajroning tanah Mataram pêmerange tanah awêwaton 1.000 utawa 100 somah.

Bab ratu maringi bumi lungguh minangka blanja utawa nugraha marang sêntana utawa punggawa, iku wêrata ing sa-Indhiya kene. Bumi mau têmbunge Jawa bumi lungguh

--- 139 ---

utawa bumi gadhuhan. Ing tanah Mêlayu jênênge kurnia utawa pêrwatasan. Kang duwe gadhuhan iku jênênge cara Jawa patuh, wênang narik pajêg awujud wulu wêtu, dhuwit utawa bau suku. Patuh ing tanah Mataram, kuwasane tumrap bumine gadhuhan, gêdhe bangêt, wus prasat[3] duwèke dhewe, ditêmbungake wênang njênang ebor. Lênggahing para pangeran malah sok turun-tumurun, dene lungguhe para abdi dalêm racake ora. Wong cilik ing kono sing mêsthi luwih abot sêsanggane tinimbang karo wong-wong ing sajabaning bumi lungguh iku mau.

Lêmah kang mung dipundhuti lêbon wulu wêtu thok, tanpa pajêg dhuwit, iku jênênge bumi pangrêmbe.

Wong cilik ing sajroning bawah karaton Jawa padha kêna ing pênggawean kanggo kabêtahaning sang prabu, para putra sêntana dalêm, lan malah iya kanggo butuhing abdi dalêm gêdhe cilik. Wujuding pênggawean warna-warna, kaya ta pênggawean ing ngomah: rêsik-rêsik, nyapu, ngangsu l.s., pênggawean liyane kaya ta: nyithak têgal sawah, yasa blumbang kanggo ngingu iwak (tambak), gawe ratan, gawe bêndungan lan wangan l.s. Ana tanah kang kêbagean nglêboni bau gladhag, jaran momotan lan grobag pranti kanggo ngusung-usung barang kagungan dalêm. Para pênggêdhe ênggone manggawèkake wong-wong mau dikon nggarap têgal-sawah. Ana kang pancèn dipatah andhèrèk yèn tindakan utawa yèn mlêbu mênyang nêgara (Mataram). Ing sajabaning tanah Jawa cara mêngkono iku mau kabèh iya tumindak, minangka dadi pêngasilan angka siji tumrap para panggêdhe.[4]

V.O.C. ênggone ngêtrapi pênggawean marang wong cilik iya abot bangêt, iya iku dikon ngusungi barang-barang ana ing dharat utawa mênyang pêlabuhane, nyambutgawe (nguli) ana ing pabrik-pabrik, godhang-godhang lan ing bètèng-bètèng; jaran, grobag, prau iya dipèk gawene marang V.O.C. Kêbo dikon nyèrèdi kayu (glondhong) saka ngalas; wong-wonge padha kudu dadi blandhong.

Pênggawean iku mau kabèh racake tumindak tanpa nganggo bayaran, mangsa kala ana kang nganggo ingon sêpisan utawa ditêbas mêntah awujud bêras sêkati lan dhuwit sathithik.

G.G. Daendels kagungan niyat arêp nyuwak ananing gugur gunung, nanging nalika sêmana Gupêrmèn ora kagungan dhuwit, mangka K.T. Daendels kumêdah nganakake yêyasan gêdhe-gêdhe, kaya ta ratan kang sêprene karan ratan Daendels. Dadi niyat

--- 140 ---

mau sidane mung ana ing tulis, mêngkono uga sêdiyane K.T. Raffles iya ora nganti bisa kalêksanan. Ing jaman Cultuurstelsel pênggawean mau malah saya diabotake.

Ana ing nêgara Walanda prêkara iku kêrêp dadi rêmbug, pênêmuning akèh saya suwe saya kêncêng murih ilanging bab iku. Kêlakon ing taun 1882 pênggaweane wong cilik kang minangka pêpancèning para priyayi wis disuwak, mêngkono uga pênggawean mikul wong kang lêlungan nglakoni ayahaning nêgara. Kèh-kèhing pênggawean gugur gunung iku maune 52 dina ing dalêm sataun, ing nalika iku disuda kari kèh-kèhe 42 dina, nanging supaya nêgara ora banjur kakehan tomboke wragad, wong cilik banjur ditêtêpake ambayar f 1, (pajêg sirah) ing dalêm sataun tumrap siji-sijine wong kang bênêre nyangga gawe. Suwening suwe gugur gunung iku saya disuda-suda. Tumêkane taun 1911 mung kari 5 dina sataune, lan ing taun 1916 wis ilang babar pisan kêjaba ing tanah Kêjawan lan ing tanah partikêlir. Mung kari yèn prêlu bangêt isih kudu ditindakake, kaya ta yèn nuju ana kacilakan utawa kanggo bêbaya kang arêp nêkani.

Dene pêgawean rukun dêsa, kaya ta: rondha thèthèk, andadani[5] dalan ing desa l.s. mêsthi bae isih lêstari tumindak, nanging mêksa nganggo diprênata wêwaton kêkancingan resident.

Pajêg sirah kang wus dadi bangsa têlung rupiyahan sataun, nalika taun 1927 wis disuwak babar pisan.

Dene tumrape tanah-tanah saliyane tanah Jawa prênatane kurang luwih iya mèmpêr-mèmpêr bae karo ing tanah Jawa.

Wis wiwit ing wêktu iku bab sêsawah wis umum satanah Jawa, nanging rèhne cacahing wong durung pati akèh, ing sawênèhing papan wong-wong ênggone anggarap lêmah isih sagêlêm-gêlêm, nganti pèrèng-pèrènging pagunungan sok êntèk wit-witane, marakake larang udan. Pari racake ora kêkurangan, awit iya saka sathithiking jiwa mau. Malah nganti tumêkane taun 1825 cacah jiwa tanah Jawa mêksa lagi 6 yuta, mangka lêmahe cêkake ora kalah loh karo jamane saiki. Lah iku jalarane, dene dhèk sêmana murah bêras murah pari, sadhengah uwong klawan gampang ênggone bisa olèh pangan, sêmono manawa nuju ora ana kacilakan, ora ana pêrang, utawa mênawa ora nuju kabotan pênggawean kang nganti sok ora kobêr nggarap sawah.[6]

Pênggawean nêgara iku mau kêrêp ngèthèrake wong cilik ênggone [êng...]

--- 141 ---

[...gone] anggarap sawah, luwih-luwih tumraping tanah Kêjawan kaya kang kasbut ing ngarêp, nanging ing jajahan V.O.C. malah iya sok saya bangêt, kaya ta tumraping tanah Priyangan dhèk abad 18 akir. Ing kono wong-wonge marga saka kêpêksa nandur kopi Gupêrmèn, banjur wiwit padha manggrok ora ngolah-ngalih papan, lan ênggone têtanèn iya wis manggon. Dumadakan pênanduring kopi ing abad 18 akir nuli dikèhi bae, nganti pêmêtuning pari ora nyukupi kaya maune.

Ing Priyangan kidul malah nganti kêkurangan pari. Pênènane racak mung sêdhêng dipangan ing dalêm 3 utawa 4 sasi, banjur padha utang-utang bêras utawa pari, pênyaure ngêntèni yèn wis panèn manèh. Yèn ora bisa olèh utangan, banjur padha kêpêksa mung mangan katul utawa krowodan wêtuning alas, kaya ta: gadhung. Siji loro wong kang kêcukupan, pangane luwih enak, kaya ta sêga, lawuhe uyah, mrica, balur utawa gêrèh, dhèndhèng kêbo, lan jangan gêgodhongan.[7]

Yèn wong Surabaya pangane ing jaman iku awujud sêga, lawuhe uyah, lombok, kuluban, lan mangsa kala nganggo iwak loh utawa iwak dhèndhèng.

Ing tanah Kêjawan pangane wong kang rada kêcukupan, awujud sêga, lawuh gêrèh utawa balur, lan lombok. Wêtara ing taun 1824 pangane wong lanang siji, pêngaji 12 dhuwit ing sêdinane: 6 dhuwit kanggo sêga, 3 dhuwit kanggo lawuh, lan 3 dhuwit suruh kambi bako. Mangane iwak mung mangsa kala, kaya ta yèn nuju duwe gawe, bêrsih desa l.s. (iwak kêbo, sapi, utawa sok iwak pitik).

Critane tanah Cianjur ing wêktu sêmana akèh bocah kang ora lêstari urip, jalaran mêrga saka kurange pangan.

Rèhning ing jaman iku anane wong dagang lan têtunggangan durung kaya jaman saiki, wong-wong prêsasat ora tau lêlungan, lan prêsasat ora tau wêruh wong manca utawa barang manca. Toko-toko iya mung siji loro, lan butuhing wong pancèn iya mung sêthithik, awit durung akèh kang diwêruhi, dadi gampang narimane. Gunggung kumpul karaharjaning tanah mung gumantung marang wêtuning sawah. Anggêr sawahe kêmêton, iya cukup dipangan, awit cacah jiwa pancèn lagi sêthithik lan butuhing [bu...]

--- 142 ---

[...tuhing] wong ngêmungake mangan. Yèn sawahe ora kêmêton, banjur padha tumiba ing kêmlaratan! Dene jalaraning ora kêmêtoning sawah warna-warna, kaya ta: ama, kêkurangan banyu, kèthèring panggarap marga saka pênggawean nêgara utawa mêrga saka kêncênging prênatan pênggarap ing kêbon kopi, kêbon kapas, l.l.

Sandhang pênganggone wong tanah Priyangan ing jaman sêmana isih bangêt ing kuciwane. Wong lanang mung cawêtan thok-thok. Kang digawe cawêt lumrahe pupusing gêbang, (panunggalane kang diênggo bakaling karung). Yèn nuju pêsêmuan uga nganggo klambi lan ikêt. Sandhangan kaya carane saiki: sarung, kathok, ikêt, sêmune ing jaman sêmana iya wis ana. Dene para wadon padha mênganggo sarung wêdêlan (biru tuwa), tanpa klambi. Barêng jamane mundhak raharja lan iya marga saka saya rumasuking agama Islam, wong-wong wadon banjur padha mrêlokake klambèn.[8]

Wong lumrah ing tanah Kêjawan pênganggone dhèk wêtara abad 19 awal arupa: ikêt sok wis srothal-srathil, kathok mori kasar, lan klambi kotang tukon pasar rêga 5 kêlip. Dene wong pêgunungan iya lumrah padha mung cawêtan.

Ing jaman sêmana iya wus sok ungsum lêlara kang anggêgirisi, kaya ta dhèk taun 1757 ana pêgêblug bangsaning pest, ngêntèkake wong atus-atusan, luwih-luwih ing Cianjur, Bogor, Bandhung lan Krawang, nganti nyuwungake sêwênèhing desa ing bawah Bandhung lan Krawang mau. Cirêbon iya kêtrajang uga. Saka kono tumular mênyang Banyumas lan Bagêlèn. Pêpati ing Priyangan lan ing dhistrik Indramayu gunggung luwih saka 27.000. Ing tanah Kêjawan malah saya luwih dening akèh kalonging cacah jiwane.[9]

Lêlara cacar uga ngrusak-ngrusakake wong, awit kêlumrahane wong-wong padha ora gêlêm dicacar kaya carane saiki. Ing taun 1800 akèh wong Surakarta kang kêna lara cacar, nganti dadi lan patine. Mêngkono uga ing Bêtawi, ing Padhanghulu lan Lampong, Sumatra. Ewadene nalika Gupêrmèn arêp nglumrahake cacaran nganggo wiji cacaring sapi, akèh wong pêgunungan kang milaur umpêtan ana ing alas. Tatuning cacaran iku pêngrasane wong Priyangan minangka tandha yèn wonge bakal digawe suradhadhu. Anamanèh kang duwe pêngira, yèn cacaran iku sulaya karo adating agama. Kajaba iku, mêrga saka kurang sampurnane kawruh dhèk ing jaman iku, nganti kêlakon ana bocah kang mêntas dicacar, têka iya isih bisa mati jalaran [ja...]

--- 143 ---

[...laran] kêna ing cacar, kaya ta putrane Sultan Anom ing Cirêbon. Mêsthi bae wong sakêdhaton kono banjur ora ngandêl marang dayaning cacar. Dhèk jamane Raffles tumindaking cacaran dikêncêngake manèh. Suwening suwe wong-wong wis ngrêti marang paedahing cacaran iku mau, anjalari kaslamêtaning wong akèh.

Undhaking cacah jiwa ing abad pungkas-pungkasan iki tikêl-matikêl tinimbang karo sing uwis-uwis, mungguh kang dadi sêbabe ora liya kêjaba saka cukuping pangan, ganêping sandhang pênganggo, lan marga saka srana-srana panulaking lêlara, irrigatie, leiding banyu ombèn l.s. Dene wong-wong ing saiki, racake kalah têntrêm tinimbang karo wong ing jaman sêmana, iku ora marga saka kaananing uripe luwih rêkasa tinimbang ing jamane biyèn. Sanyatane marga saka undhake jêmbaring kawruhe kêgawa saka kèhe wêrna-wêrnaning têtumpakan lan barang dagangan, wasana salumrahing wong butuhe ora mung bab pangan lan sandhang thok, kaya kang uwis-uwis.

Ing jaman kuna anggêre nêgara arêp yasa prênatan-prênatan sing maedahi, têka arang bisane tumindak bêcik. Iku jalarane luwih-luwih marga wong-wong pribumi isih padha tuna ing budi durung paja-paja wêruh pojoking pamulangan.[10]

Ing awaling abad 19 prêsasat durung ana pamulangan, anane mung siji loro. Ing desa Indihian lan Cilolohan ing sakidul Tasikmalaya, wis wiwit kuna mula ana pamulangane kanggo bocah-bocah, dene wulangane: basa Arab lan bab agama Islam. Ing Bogor uga ana pamulangan mêngkono iku. Kang padha sinau luwih-luwih mung anaking para priyayi. Ing tanah Krawang akèh pênggêdhe dhistrik (wêdana) kang sasat ora bisa maca nulis, dalasan para pêngulu, naib akèh uga kang durung tau olèh wulangan maca nulis. Kang padha sinau ing pamulanganing para pêngulu utawa naib, mung putraning para pênggêdhe. Ing Sudalarang wêwêngkon Limbangan sêkolahane gêdhe dhewe, yasan Adipati Surianagara ing Sumêdhang. Sêkolahan kang luwih dhuwur sêmune iya wis ana, wulangane bab kawruh agama, nulis lan maca. Etung lan sastra Jawa lumrahe ora kawulangake. Dene kang ditulisi: bumbung, wilah, utawa lontar. Kang kanggo nulis: pangot cilik. Anèhe wong Priyangan dene basane dhewe dianggêp rèmèh, ora pantês klêbu ing tulis. Yèn nulis lumrahe nganggo basa Mlayu katulis ing sastra Arab. Nalika Pêsundhan kêbawah Mataram, kang diênggo basa dhinês

--- 144 ---

yaiku basa Jawa. Têkane akiring abad 19 basa Jawa ana ing Priyangan wis saya ora kanggo.

Ing antero Krawang mau akèh para pênggêdhe kang lempoh marang tulisan. Ing Mataram sêmune Kangjêng Sunan (1677) lan para niyakane sawêtara, iya ora sagêd nyêrat, dene para bupati lan pênggêdhe-pênggêdhe liyane racake padha bisa nulis. Ewadene layange bupati ing Tanggêrang katitimangsan taun 1756 têka mung ditèkên cakar pitik (cap dumuk). Ing sajroning abad kêpungkur iki ana pêngeran dipitakèni sagêd nyêrat lan orane, banjur mangsuli: "Kula botên badhe dados jurusêrat!"

Nganti suwe basa Jawa dadi basane para pintêr ing tanah Pêsundhan. Sêrate para bupati mêsthi nganggo aksara lan basa Jawa. Nanging basane Jawa iku nganggo dicampuri têmbung Sundha, lan dijênêngake basa Jawarèh (= Jawa sawarèh = Jawa mung saperangan), malah cengkoke iya wis Sundha blêjêd. Ing saiki basa Jawarèh iku mau wis mèh ilang larine, dhasar maune ya mung kanggo ing tulis, ora tau kanggo omong-omongan lumrah.[11]

Satusan taun kêpungkur para gêdhe ing Priyangan durung migunakake basa Mlayu. Para bupati yèn ngêndikan dhinêsan malah cara Jawa. Piwulang Mlayu ana ing sêkolahan santri (para putra bupati iya sêkolah mrono), durung nyukupi apa-apa, malah gunêmane Mêlayu bae isih angèl ngrêtèn-ngrêtènane. Yèn caturan karo wong kang ora ngrêti cara Jawa utawa Sundha, mung padha nganggo basa Mlayu pasaran.

Bab pênggaotan kriya racak kêna sinêbut ora ana, awit wong tani cilik-cilikan iku wis ngiras dadi tukang wêrna-wêrna. Gawe omah, gawe grobag, ngundhagi, nukang kayu l.s. iya tumindak, dene kang wadon ngantih lan nênun. Mung wong-wong ing sacêdhake kutha-kutha lan nêgara padha gêlêm dadi tukang têmênan, marga kêtarik saka kêparênging sang nata utawa para gêdhe liyane. Bangsa nganam-anam, ngukir-ukir, gawe grabah l.s. banjur dadi pênggaotan têmênan. Ana kampung utawa desa sing mung diênggoni ing para pandhe thok (pandean), utawa pandhe gêndhing (gêndhingan), pandhe gawe dandanan kuningan (gêmblak, gêmblêkan) l.s. Wong mbathik iya wis akèh.[12]

Jêpara ing wêktu sêmana uga wus kêsuwur ing bab ukir-ukiran lan bêkakas rêrêngganing omah. Sumêdhang kacarita nganti 33 desa mung diênggoni ing bangsa sayang kabèh.

Ing wiwitane jaman iku bab lêlayaran isih rada gêdhe, nanging

--- 145 ---

banjur kalah panggah karo bangsa manca, jalaran bab pêdagangan wis karêgêm ing bangsa manca mau. Dhèk jamane Pati Unus Jêpara isih sugih prau lan wong Jawa bisa mbiyantoni wong Mêlaka pêrang mungsuh wong Portêgis.[13]

Ing Mataram ana pêngadilan warna loro: 1. Prêdata. Kang ngadili sang nata piyambak, yaiku tumrap prêkara kang gawe dukaning sang prabu utawa prêkara kang nglanggar anggêr-anggêring sang prabu. 2. Pêngadilan kang ngrampungi prêkara bab gugat-ginugat, bab pasulayan karo padha dene kawula dalêm sang prabu. Dene kang mutusi para jaksa. Para jaksa uga kêna kadhawuhan ing sang prabu nitipriksa lan ngadili prêkara kang kasbut angka 1. Kangjêng Sultan Agung yasa pêngadilan anyar, ngadili prêkara colong jupuk, apus lan sapanunggalane; dene kang nindakake golonganing para ngulama, putusane isih nganggo disuwunake kêkancingan marang sang prabu. Prêkara salaki-rabi lan warisan iya klêbu ing wêwêngkoning pêngadilan anyar iku. Barêng jumênênge Sunan Prabu Mangkurat I para ngulama mau ilang pangwasane. Ing besuke pangwasaning ngulama iku pulih manèh marga saka dayaning V.O.C. Dene layang anggêr kang kanggo wiwit dhèk dumadining kraton Mataram, jênênge layang Suryangalam, surasane cara Islam sathithik cara Indhu sathithik.[14]

Wong-wong ing tanah jajahaning V.O.C. ênggone ngadili isih wêwaton tata-carane dhewe-dhewe: kang ngasta adil para bupati, nanging bab putusan-putusan kudu dilapurake marang V.O.C. Ewadene ing taun 1747 V.O.C. yasa landraad ana ing Sêmarang, yaiku landraad kang sapisanan. Kang dadi pangarsa tuwan gouverneur, wargane para bupati, 7 cacahe, lan nganggo jaksa gêdhe (bêskal = fiskaal) siji, punggawa Walanda apangkat scriba siji lan secretaris Jawa siji. Dene bupati dhewe isih wênang mutusi prêkara cilik-cilik. Kêjaba iku ana Raad van Yustitie, kanggo mutusi prêkarane wong saliyane bangsa pribumi.

Gunggung kumpul pêngadilan dhèk jaman sêmana isih kuciwa bangêt.

Tumêkane jaman Mataram isih lêstari ana wong tukon, luwih-luwih ing tanah Pasundhan akèh bapa biyung padha ngêdoli anake. Wong dêdosan ana kang diputus ing pêngadilan dadi wong tukon. Pêpêrangan Bantên kambi Mataram uga dadi jalaraning cilakane wong cilik, awit akèh wong-wong tani padha dibandhang para prêjurit kang kêsasar-sasar, didadèkake wong

--- 146 ---

tukon. Malah sok ana bupati kang ngêdol wong ing bawahe.[15]

Ing Sumatra iya akèh wong tukon, kaya ta ing Minangkabau lan Acih. Lan manèh ing Sèlèbês iya ana (Minahasa), ing kapuloan Sundha cilik sarta ing Mêloko wis kêlumrah bangêt.

Mung bae uripe wong tukon mau ora pati sangsara. Yèn apik kêlakuane, utawa yèn laki rabi utawa manèh yèn bisa nêbusi l.s. banjur sok pulih kamardikane. Ana ing sawênèhing panggonan wong tukon dibêciki bangêt. Pênggaweane luwih-luwih anggarap lêmah, kang akèh iya mung anggarap pênggawean ngomah. Para punggawa V.O.C. milu-milu adate wong pribumi: ngingu batur tukon, nanging pangrêngkuhe iya bêcik. Ngêdol uwong mênyang sajabaning Indhiya babar pisan ora kêna, lan "nyolong wong" gantungane ukum pati.

Wong utang ora bisa nyaur, kêna pinêksa dadi gadhèn nganti saêsahe utange, têrkadhang ênggone dadi gadhèn nganti salawase urip, awit pênggawean ing sadinane ditanjakake marang anakan bae sok durung cukup. Ing sawênèhing tanah wong dadi gadhèn iku tumurun marang anak bojo, malah kêbanjur dadi wong tukon. Ing tanah Jakêrta lan Cirêbon dhèk abad 18 maèwu-èwu kèhing wong kang dadi gadhèn ana pangwasaning Walanda lan Cina. Layang Anggêr kang aran Nawala Pradata nyêbutake yèn wong gadhèn olèh pangan lan dhuwit sakêthip sadina, utawa rong kêthip tanpa pangan. Yèn layang anggêr ing tanah Mêlayu anak bojo ora kêna dipêksa nêrusake dadi gadhèn, samono iku yèn anak bojo mau ora ngrêti prêkara utange. Mênawa isih durung lunas anak bojo mung ditêtêpake nyaur saparoning kêkèrène utang. Yèn cara Bugis lan cara Mêkasar wong gadhèn iku prasasat dipadhakake bae karo wong tukon.[16]

Sawijining panggêdhe ing Cianjur tau mujangake wong-wong bawahe, prêlu kanggo mbayar dhêndhan, awit panggêdhe mau kêbênêr didhêndha marga sawijining warise dosa akon matèni uwong.

Dene V.O.C. dhewe ora condhong karo bab wong gadhèn iku. Wis wiwit ing taun 1696 mula V.O.C. ngondhangake larangan ora kêna motangake marang wong pribumi kang nganggo prêjanji dadi gadhèn. Yèn ana prêkara utang mêngkono iku banjur disalini utang cara lumrah bae. Larangan iku saya suwe saya diundhaki kêncênge, luwih-luwih nalika jaman G.G. Daendels taun 1808.

Bupati iku jamane saiki sênadyan jênêng priyagung luhur, pênggêdhening pangrèh praja ing sawêwêngkoning kabupatène,

--- 147 ---

nanging iya klêbu wilanganing punggawa Gupêrmèn, beda karo jamane biyèn, kaya ta ing jaman V.O.C. Ing nalika sêmana bupati iku prasasat bawa dhewe, dudu punggawaning V.O.C., jumênênge dadi bupati marga gumanti waris, nêrusake lêlakone para lêluhure dhèk jaman Mataram, yaiku para adipati kang padha mêngkoni bumi gadhuhan. Tanah sakabupatèn kabèh dadi gadhuhane, wis prasasat kagungane dhewe, mulane bisa turun-tumurun marang putra wayah ing sapiturute. Pangwasane wis mèh saratu, yasa pranatan lan paprentahan dhewe, misudha lan ngundur para priyayi ing sawêwêngkone. Sanajan isih diwajibake caos bulu bêkti marang sang prabu sarta urun prajurit yèn nuju ana pêrang lan liya-liyane, nanging tumindake ora têrusan atas karsane sang prabu, lan ora dititipriksa ing sang prabu. Dadi kang kuwasa ing sakabupatèn kono têtêp mung ingkang bupati. Samono mau tumraping para bupati ing mancanêgara. Dene para bupati ing nêgara gung rada luwih kawêngku ing panjênêngan nata, kurang mardikane tumrap ênggone nyêkêl paprentahan. Gampangane bae anggêr saya adoh karo Mataram iya saya gêdhe kamardikane. Ewadene mangsa kala, luwih-luwih nalika jaman Sultan Agung, pangwasane sang prabu tumrap para bupati mancanêgara gêdhe bangêt. Yèn nuju pêrang para bupati mau abot têtanggungane. Mênawa ana bupati dilurugake, mangka ora bisa unggul, iku banjur dielokake ing sadosane, mêsthi tampa paukuman sing anggêgirisi. Têrkadhang wong-wong ing sabawah kabupatèn iya siniksa luwih dening abot.[17]

Barêng V.O.C. olèh bumi, pangrèhe nglêstarèkake kaya sing uwis-uwis, awit cara mêngkono iku V.O.C. iya nganggêp yèn akèh paedahe, dadine para bupati lêstari mêngkoni utawa nguwasani wong-wong ing sabawahe.

Wong-wong pancèn gêdhe piyandêle marang ingkang bupati, padha wêdi asih, bangêt ing sungkême marang bupati lan sasêntanane, awit rumangsa dadi rèh-rèhane têrkadhang wis turun-maturun nganti atusan taun. Cacade dene kêrêp bae ana sêntananing bupati kang ora pantês tampa pangaji-ajining akèh iku, jalaran saka cêndhalaning budine, mêntala agawe pitunaning wong cilik. Kang mêngkono iku iya kêrêp kêlakon ana ing tanah Priyangan lan tanah liyane, kang arêp dilêboni prênatan anyar karo V.O.C. lumantar ing para bupati.

Ing sajroning abad 18 yakin yèn V.O.C. saya mundhak-mundhak

--- 148 ---

ênggone nguthik-uthik ing bab paprentahane para bupati, malah awêwaton ing sakarêp-karêpe dhewe.

Sawênèhing para bupati ing tanah Pasundhan, luwih-luwih dhèk jaman gêdhe-gêdhening bêbathèn kopi, sugênge wis prasasat ratu. Ana kang mung saka kopi bae bisa tampa 10.000 ringgit. Dalême gêdhe-gêdhe; yèn mênyang Bêtawi, sêtaun sêpisan, nganggo ginarêbêg ing abdi pandhèrèk akèh ngampil upacara ing saganêpe. Wong-wong padha bangêt eram lan mongkog atine mênawa mêruhi bupatine tindak mêngagêm sikêpan gêdhe bludru, janggane binludir êmas, ngagêm cênela apik ing ngarêp dawa nylêkênthung, ngagêm songkok wangun maju têlu, nyêngkêlit wangkingan pusaka turunan saka lêluhure, diiring ing pêndhèrèk akèh. Satêkane ing Bêtawi ditampi Gubêrnur Jendral dhisik dhewe. Tamu liyane kudu nrima kèri. Para bupati mau ngaturake kasugêngan, nyaosake pisungsung, lan banjur ngunjuk anggur.

Kang akèh para bupati iku mau padha kagungan dalêm pondhokan ana ing Bêtawi kono, mulane iya krasan, têrkadhang sok nganti sasèn-sasèn lan kêrêp sok nêlasake dhuwit akèh.

Bupati kang ora pati sugih iya ana, mangsakala asile para bupati sok suda nganti akèh bangêt.

Para bupati ing saliyane tanah Pasundhan racake ora sugih kaya mêngkono.

G.G. Daendels ngowahi caraning para bupati anggone nyêkêl pangwasa. Para bupati mau banjur didadèkake punggawa dalêm sang prabu ing nêgara Walanda, lan banjur ilang jêjêre ênggone bawa madêg dhewe. Kang misudha para priyayi sor-soraning bupati G.G. piyambak lan sakabèhing paprentahan sarta prênatan tumrap wong pribumi nganggo diawat-awati ing punggawa nêgara bangsa Europa. Bupati tampa blanja têtêp, ladèn wulu wêtu disuwak. Ganjaran mêrga wêtuning kopi wis ora ditampa ing bupati, ditampakake wong cilik minangka kauntungane. Tumraping pêngadilan iya dianani prênatan anyar. Bupati mung kari kuwasa mutusi prêkara cilik-cilik.[18]

Miturut surasaning Regeeringsreglement kang gumanti bupati iku putra utawa warise ingkang bupati. Wajibing bupati ngêrèh lan mrênata wong cilik, caos kêtrangan marang resident lan kudu manut ing putusaning Resident. Bupati karo resident mono sungkême kayadene marang sêdulur tuwa. Bupati ora kuwasa bab yasa anggêr, ora campur karo prêkara dhuwit lan ora mrênata pajêg.

--- 149 ---

Bab 3. Kagunan lan Kasusastran.

Èdi-èdining kagunan luwih-luwih tinêmu ana ing sajroning kraton-kraton. Kasbut ing tulisan kuna: wis wiwit dhèk jaman Indhu mula anggêr wong agung, kêjaba kudu wruh ing sastra, gêndhing, prênata mangsa lan kridhaning basa, isih kudu mêngkoni kawignyan 10 warna, kang angka siji: nyungging.[19]

Sing diênggo nyungging jênênge pulas, awujud bubukan, banjur diêjuri nganggo ancur. Dene kang kanggo mbanyoni ancur iku landha jankang kêpoh. Kang disungging kaya ta mori ciyut nanging dawa, sunggingane apik. Wayang bèbèr iku iya panunggalane. Nalika jaman durung ana mori sing dianggo klikaning wit-witan, digêmblong dadi amba dawa kaya mori. Para ratu sok yasa sunggingan kaya mêngkono iku, corèking gambare pêpêthaning salirane dhewe ginarêbêg ing wadyabala, awahana liman lan turangga, utawa pêpêthaning prêjurit campuh pêrang l.s. Rangka saukirane iya sok disungging luwih dening pèni, gambarane bangsa lung-lungan, modangan l.l. Ing Surakarta tumêkaning waktu saiki rangka sungging iku isih kanggo.

Ing Bali, Acih lan tanah liyane kagunan nyungging iya kombul.

Kombuling kasusastran nalika antaraning taun 1601 lan 1755. Ing wêktu iku dumadine layang Bratayuda Jawa lan Rama Jawa, lan manèh layang Manikmaya, nyaritakake dumadining jagad sarta para dewa-dewa, layang Bandhung lan layang Ajisaka. Sêmono uga layang-layang Panji, layang Menak lan layang Damarwulan.[20]

Layang-layang babad yasan jaman iku kasusastrane ora sêpiraa, caritane ora kabèh kêna digugu. Layang babad sing gêdhe nganti 18 jilid folio, gunggung 9.000 kaca, caritane wiwit Adam tumêka taun 1770.

Layang Ambiya nyaritakake para nabi, kasusastrane iya ora sapiraa.

Sinuwun Paku Buwana IV nyalirani yasa layang wulang bêcik, dijênêngake layang Wulang Rèh, piwulange cara Islam lan nganggo rasa Indhu sêthithik.

Layang dongèng sato kewan, sinêbut layang Kancil, iya sumêbar ing akèh.

Kang anggilut kasusastran iku para pujangga, bangêt

--- 150 ---

ingaji-aji. Pênganggêpe para kang ngaji-aji bangêt, pujangga iku nganggo kêturunan wahyu, dadi ora mung sawantahe aoe. Pujangga kêsuwur yaiku Yasadipura I, pinangkat bupati dhèk jaman Kangjêng Sunan Paku III. Turun-turune iya akèh kang kêsuwur yèn pujangga. Ing akire jare wis ora ana pujangga manèh; Ranggawarsita kang yasa layang Pustakaraja Purwa l.s. iku kang minangka pungkas-pungkasane pujangga.

Anane wayang iku gênah wis kuna bangêt. Kang wis mêsthi bae dhèk abad 11 wayang purwa wis ana. Wayang gêdhog lan wayang krucil iku yasan dhèk jaman Majapait. Wayang golèk ayake yasan Pasundhan. Wayang bèbèr anane dhèk sadurunge abad 15. Topèng iku anane ora kalah dhisik karo wayang purwa.[21]

Nalika madêging kraton Mataram anyar-anyaran cacahing kêdhok topèng diwuwuhi lan wiwit diprada barang. Layang-layang carita topèng undhake dhèk jaman Kartasura (1680) têkan panjênêngane Sinuwun Paku Buwana III.

Nadyan topèng isih lêstari kanggo, nanging Mangkunêgara I dhèk têngah-têngahane abad 18 yasa wayang tanpa topèng, karan jênêng wayang wong,[22] ing maune wayang wong iku kaya-kaya arêp ora lana, awit ing abad 19 mung kari kanggo ana ing Ngayoja thok. Mangkunêgara V ±1887 ngudi kêlumrahing tontonan wayang wong mau ana ing tanah Kêjawan lan bisa kêlakon kombul têmênan. P. Mangkunêgara IV yasa bangsaning wayang wong, pocapane nganggo têmbang lan sinawung ing gêndhing, lakone carita Damarwulan-Menakjingga. Yasan anyar iku dijênêngake Langêndriya.

Malaka, Sumatra lan Riouw kawruhe bab wayang pancèn têmpilan saka tanah Jawa.

Wayang wong ing Sumatra caritane pêthuka saka layang Sri Rama (Ramayana), lan iya saka layang-layang Mêlayu liya-liyane. Wayang topèng tumular têkan ing Bali, têkan tanah Mêlayu, lan marang Timur.

Saundure kraton Majapait bab kasusastran rada kapiran, awit lagi ungsuming pêpêrangan kan[23] pasulayan. Agama Islam ing wiwitane uga anjalari kêndhoning pangudi marang kasusastran

--- 151 ---

kuna. Barêng kasusastran Jawa kombul manèh, wong-wong wis kêbanjur ora pati ngrêti marang surasaning layang-layang kuna, têmahan carita-carita wayang l.s. kêpêksa akèh owahe, mangka owah-owahan mono ora mêsthi yèn dadi lan apike.

Wis wiwit ing mau-maune gamêlan iku kanggo nabuhi tontonan wayang, nanging kombule manèh lagi dhèk jaman Sultan Agungan. Ana gêndhing sing apik-apik iya dhèk jaman iku. Gamêlan ing karaton saiki, kang tuwa dhewe sinêbut "Kangjêng Kyai Monggang", apêse wis umur 400 taun, pêprincène mêngkene: 3 rancak kaya bonang nanging mung salarik gêdhe-gêdhe, 2 kêndhang, gêdhe lan cilik, 2 gong, 1 kênong, 2 bêndhe cilik lan kêcèr sawêtara kèhe.[24]

"Kangjêng Kyai Gunturmadu" iya kêsuwur, jarene iku gamêlan asal saka Dêmak.

__________

--- [152] ---

Tambahan 2. Babad Walanda lan tanah liyane.

__________

Perangan I. Tanah Walanda dhèk ing jaman kuna.

Wujuding bumi tanah Walanda dhèk jamane kuna akèh bedane karo jaman saiki. Ana kang biyèn sêgara utawa rawa, saiki dadi dharatan, lan kosokbaline ana kang maune lêmah, saiki kêlêm ing banyu. Gumuk-gumuk wêdhi urut pêsisir iku dhèk kunane malah kêpara nglanjak mêngulon, dadi yèn mirit saka iku bumine mundhak ciyut. Zuiderzee kang saiki nêdiya diêsat, iku ing biyèn-biyène iya mung tlaga, jênênge tlaga Flevo. Dene sunglon ing jaman kuna kang jênêng Middelzee (Friesland) saiki wus awujud lêmah. Ing Zuid Holland lan Zeeland maune prêsasat rawa lan tlaga thok; sunglon-sunglon lan supitan-supitan ing kono amba-amba. Alas lan ara-ara mluwa ngêbaki tanah-tanah kang ora kacakan banyu.

Kira-kira satus taun sadurunge taun Walanda tanah Walanda wiwit diênggoni wong Jerman, asale saka ing Eropah têngah. Kang ana ing sisih lor lan lor kulon jênênge bangsa Fries, dene kang ana ing saantaraning kali Rijn lan Maas aran wong Batavier. Kang manggon ing papan liyane iya padha nduwèni jênêng dhewe-dhewe.[25]

Mirit katrangane bangsa Rum, pangupajiwane bangsa Jerman pirang-pirang golongan iku mau, padha mbêburu, misaya iwak, miyara rajakaya lan nênandur. Praboting wong omah-omah isih sarwa prêsaja bangêt nanging wis ana gêgaman wêsi.

Wong Jerman pêngèdhêpe marang dewa-dewa akèh kang aran Wodan, Donar, Frigga lan liya-liyane.

Ing jaman iku ing Eropah ana praja gêdhe lan kuwasa, jênênge praja Rum. Maune tanpa nganggo ratu (republiek), barêng ing taun 27 sadurunge taun Walanda ana kang jumênêng ratu agung, jêjuluk Augustus. Wiwit nalika isih republiek wis ambawahake Eropah kang sisih kidul, Afrika sisih

--- 153 ---

lor lan tanah-tanah Asiah cilik. Ing têmbene, ing jamane para ratu agung, jajahan Rum mêngalor têkan Inggris, mêngetan têkan Indhu.[26]

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173): Citra 1 dari 7
Ratu Agung Augustus

Kêsuwuring Rum marga saka moncère para senapatining prang, para ahli kukum, ahli micara lan ahli sastra apadene para pintêr yêyasa (architect). Sanadiyan mêngkonoa nanging wong Rum iku iya isih kapir kaya para bangsa liyane ing jaman iku. Kang nêmbah marang Pangeran sêjati mung sabangsa, yaiku bangsa Yahudi. Dewa sêsêmbahane wong Rum dijênêngake Jupitêr, Apollo, Mars, Venus, Bacchus, Saturnus, l.l. Ing jamane

--- 154 ---

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173): Citra 2 dari 7
Sang Keizer Karel Agung

para ratu agung mau uriping wong sarwa mubra-mubru, anggêdhèkake karoyalan lan nêngênake pênggawe maksiyat.

Sang Kristus miyos nalika jaman Ratu Agung Augustus, ana ing tanah Palèstina (Yahudi) kang uga wus kêbawah marang ing Rum. Agama Kristên gêlis pêncare ana ing tanah Rum, nanging para ratu agung mau padha ora rena marang agama Kristên, malah akèh umat Kristên kang siniyasat lan dipatèni.[27]

Ing taun 313 wong Kristên olèh kamardikan ênggone nglakoni agama, yaiku marga saka pranatane Keizer Constantinus, ratu Kristên kang sapisanan ing nêgara Rum.

Wêtara 50 taun sadurunge taun Walanda, Senapati Rum aran Julius Caesar, nêlukake tanah Gallie (mungguha saiki Frankrijk lan Belgie kidul). Barêng wong Rum saya ngangsêg mêngalor, bangsa Walanda andhisiki nungkul aris, awit dirasa bakal tanpa prêlu upama anglawana.[28]

Tanah-tanah kang wus ditêlukake ing bangsa Rum nuli diyasani bètèng-bètèng prêjurit, lan bètèng-bètèng iku digandhèng ing dalan gêdhe, murih cikat lan gampange lakuning wadyabala. Ing saubênging bètèng akèh kang ngênggoni, suwe-suwe dadi rêja, kaya Nijmegen, Maastricht. Kêjaba yasa dalan wong Rum uga yasa tanggul lan susukan dalan banyu, ngêsat rawa lan

--- 155 ---

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173): Citra 3 dari 7
Tindak mênyang Nijmegen

babad alas. Wong Walanda bathi mundhak kawruhe, lan mundhak bêcik basane.

Wêtara taun 400 praja Rum pêcah, jalaran wus suwe para pênggêdhe ênggone nggêdhèkake marang kamuktèn lan karoyalan, budine rêgêd lan wus saya ora tolèh marang kautaman.[29]

Bangsa Jerman banjur mardika, malah wani ngrêbut jajahan Rum kang sisih kulon, kanthi ngrêrusak sakabèhing patilasane wong Rum. Nunggal jaman iku tanah Eropah wetan karoban mungsuh saka ing Asiyah, arane bangsa Hunnen. Akèh kutha-kutha kang jinarah rayah lan rinusak, wong-wonge dipatèni. Kêkèrène padha rêbut urip ngungsi marang tanah ngamanca (Volksverhuizing). Suwene pêpêrangan iku nganti têkan ±taun 600.

Wêtara ngarêpake taun 500 ana pênggêdhening bangsa Jerman kang bisa jumênêng ratu, jêmbar jajahane, jêjuluk Sang Nata Clovis, nêgarane aran Franken. Padha-padha Ratu Franken, kang monjo dhewe jêjuluk Sang Karel Agung (768-814), kêsuwur ing kasudiran lan kawicaksanane, nganti ing satanah Eropah têluk kabèh ora ana kang kuwawa nglawan yudane prêjurit Franken. Kondhanging kaluwihane Prabu Karel têkan ing tanah wetanan uga. Harun al Rasyid kalif ing Bahdad,

--- 156 ---

masrahake kuncining pasareane Sang Kristus ing Yèrusalèm, marang Karel Agung mau.[30]

Ing wêktu iku sa-Eropah ngumpul dadi karajan siji, têntrêm, sêntosa, raharja. Ing taun 800 Karel Agung winisudha ing Kanjêng Paus Leo III ana ing Rum, sinêbut keizer: (ratu agung), awit lêlabuhane tumraping praja Kristên wis prêsasat padha karo Keizer Constantinus ing Rum biyèn.

Keizer Karel ngêjokake bangêt marang panggaotane kawulane luwih-luwih ing bab têtanèn, srana nganakake contoning pêtanèn, mratakake wiji lan ingon-ingon kang maedahi (model boederij), lan ing mangsa kala kasiling têtanèn lan ingon-ingon iku ditontonake ing ngakèh.

Para ratu Franken wiwit sêkawit mula sênêng mbabad alas lan ngurug rawa, banjur digawe pangonan lan patêgalan. Bumi anyar iku dadi kagunganing ratu, lan ana uga kang banjur diganjarake marang para wirya kang gêdhe labuhe marang nêgara. Sawênèhing para wirya bumine ganjaran iku saya tambah-tambah, mulane saya gêdhe kuwasane, malah banjur rumangsa mardika ora mrêduli marang ing ratune. Jaman Karel Agung para wirya iku mau mung diwênangake anggadhuh bumi-bumi mau, nganggo diwajibake mbantu ing sang prabu mênawa nuju pêrang, sarta kudu prasêtya tuhu marang ing sang ratu (Leenheer). Samangsa ana adipati (Leenman) kang nêrak prasêtyane lan lirwa ing wajibe, gadhuhane bumi banjur didhèdhèl. Kang mêngkono iku anjalari sêntosaning praja lan ngundhakake krêta arjaning nêgara. Balik ing jamane para ratu saungkure Karel, wis ora pati dieringi karo para adipati, banjur padha rumangsa mardika madêg dhewe-dhewe, bumine gadhuhan dianggêp duwèke dhewe.

Ing antaraning taun 900–1000 kadipatèn-kadipatèn kang mêngkono iku mau, tumraping tanah Walanda kaya ta: Holland, Gelder, Brabant lan Utrecht.

Kêmajuaning tanah-tanah ing Eropah iku kang akèh marga saka dayaning klooster-klooster (wiara), papaning para tapa (monnik). Para tapa mau ana kang ngawaki babad alas, ngêsat rawa, ngolah sawah, nggulawênthah wong lara, lan ana kang nulis lan nganggit-anggit, marsudi kawruh, mêmulang lan liya-liyane. Malah wong butuh pênginêpan lan pitulungan liyane, playune iya mênyang ing wiara. Têtêping tapane iku dumunung ana ing olèhe nglakoni kasucian, mati raga lan nyambutgawe kang ing sabisa-bisane, dadi ora mung ing sakêpenake.

--- 157 ---

Wis lumrah dadi adate wong Kristên dhèk jaman samana, akèh kang mrêlokake sujarah marang ing patilasan-patilasan lan pasarean Sang Kristus ana ing tanah Palèstina. Nalika Palèstina ing abad 11 ditêlukake ing wong Arab, bangsa Kristên isih kêna bae sujarah mrono, barêng kang kuwasa ing kono wiwit ing taun 1050 bangsa Turki, para wong sujarah padha nêmoni sangsara, marga kinaniaya, dipilara, malah sok nganti têkan ing pati. Lah iku jalarane ana Kruistochten, bangsa Kristên nglurug arêp ngrêbut Palèstina.[31]

Ing taun 1096 wong nglurug iku mau kèhe 300.000; padha nganggo tandha salib abang ana ing dhadha, disenapatèni sinatriya utama asma Godfried van Bouillon. Wong sêmono iku kang bisa têkan Yerusalèm mung kari 25.000, klakon bisa mbêdhah kutha, lan Godfried banjur diangkat jumênêng nata ana ing kana. Ing sasedane Godfried kutha Yèrusalèm kêna rinêbut ing wong Turki, nuli dadi pêpêrangan manèh, mêngkono ing sabanjure. Lurugan kang pungkasan ana ing taun 1270 disenapatèni ratu ing Frankrijk, nanging iya mêksa ora bisa olèh gawe; Palèstina lêstari dikukuhi ing bangsa Turki. Marga saka lurugan bola-bali iku, akèh longe cacahing para wirya ing tanah Eropah, ing wêkasan para kawulane padha mardika, padha kêkumpulan manggaota dhewe-dhewe, gawe rêjaning kutha-kutha kang diênggoni. Mardikane wong-wong mau ana kang marga saka lilaning bêndarane, minangka ganjaran ênggone tuhu sajroning ditinggal nglurug pêrang, utawa ganjaran marga mèlu nglurug l.s.

Desa iku dadine kutha (yaiku kênane nganggo bètèng lan jagang mubêng), mênawa olèh privilegie (= idin) saka raja, graaf utawa hertog, kang ambawahake. Layange priviligie iku nyêbutake kuwajibaning kutha marang sang raja, lan wêwênang-wêwênange wong ing kutha, kaya ta: ing bab sêthithiking pajêg, mayaring wajibe bab mbantu prêjurit, kamardikaning wong ing sakutha kono l.s.[32]

Rèhne kutha-kutha saya gêdhe, dêdagangane uga saya maju, luwih-luwih tumraping Eropah lor lan kidul. Murih kasantosaning para kang dagang layar, kutha-kutha banjur padha pirukunan nganakake sarekat. Dene sarekat kang kêsuwur dhewe jênênge "De Hanza"; kutha-kutha ing nêgara Walanda iya padha mlêbu sarekat. Mungguh kang duwe ada ngêdêgake De Hanza iku mau ing sêkawit kutha-kutha Hamburg lan Lubeck. Para

--- 158 ---

kriya uga ngumpul lan sagolong-golongane dhewe, pêkumpulane iku mau aran "Gilde", pigunane pancèn akèh. Wêrna-wêrnaning gilde kaya ta: timmergilde, weversgilde, smedengilde, metselaarsgilde, lan liya-liyane. Bangsa tukang-tukang lêbda marang ing pênggaweane, olèh pêngaji-aji prêsasat bangsa wirya utawa bangsa winasis, sêsêbutane: meester.

Perangan II. Tanah Walanda dadi siji (1435), — têkan jaman dahuru ing Eropah (±1800).

Kadipatèn (Hertogdom) "Bourgondie" dumunung ing tanah Frankrijk, sawise umur satusan taun bisa dadi gêdhe lan kuwasa, adipatine jêjuluk Philips, ing taun 1435 ngêlun kadipatèn-kadipatèn ing tanah Walanda, yaiku Holland, Utrecht, Brabant lan Gelder, didadèkake praja siji banjur dianani rekenkamer têlung panggonan, kanggo nyêtitèkake lêbu wêtuning dhuwit nêgara. Iag[33] taun 1465 Hertog Philips nglumpukake para wêwakiling kawula ing sa-Nèdêrland, ngrêmbug kabutuhaning praja kaya ta bab lêbuning dhuwit kanggo ragad praja, kang dhèk sêmana isih jênêng "bede" (raja pundhut). Parêpatan iku jênênge Algemeene Staten, lêstari têkan ing jaman satêruse, anjalari têntrêming praja, awit kadipatèn-kadipatèn ing sa-wêwêngkon Nederland nuli mari pasulayan, padha ngrêti yèn nunggal dadi sapraja, wajib tulung-tinulung.

Canggahe Hertog Philips van Bourgondie kang jêjuluk Karel V, putra ratu ing Spanyol, jumênêng ratu luwih dening gêdhe, ngêrèh nêgara Sepanyol, Nederland lor lan Nederland kidul (Belgie lan Bourgondie) malah ing taun 1516 jumênêng Keizer ing Duitschland. Ing nalika iku karaharjaning Nederland saya mundhak-mundhak, awit dipênggalih bangêt karo ing Sang Ratu Agung, jalaran sang nata ngrumaosi yèn kalairan ing kono.

Nederland ora kêna sinêbut kêbawah Sepanyol, awit pancèn durung tau ditêlukake; ênggone tunggal ratu karo Sepanyol mung marga saka pikramane Philips de Schoone darah Bourgondie olèh putri pangeran pati ing Spanyol kang banjur pêputra Karel V. Mulane ing jamane Karel V iku Nederland wênang nganggo prênatan lan adat tatacarane dhewe, ora kêwêngku ing anggêr-anggêring praja Spanyol, wasana nalika jaman Philips II, putra Karel V, kamardikaning Nederland mau ora pati dièngêti.

--- 159 ---

Abad 15 lan 16 iku tumraping buwana Eropah sinêbut jaman owah-owahan, jalaran marga saka monjoning kawruh lêlayaran. Ing abad 15 wong Eropah padha anjajah jagad ngubêngi bumi, anggolèki tanah-tanah kang durung tau kawruhan (dêlêngên kaca 41-44). Dene ing abad 16 owahing jaman iku marga saka lairing agama Protèstan.

Sasedane Karel V Spanyol lan Nederland tumiba marang putra ênom jêjuluk Philips II, dene putra sêpuh, Sang Ferdinand, jumênêng keizer ing Duitschland.[34]

Umume wong Walanda padha ora trêsna marang Prabu Philips II, kêtambahan rada kêkêrêpên ênggone mundhuti "bede", mulane wong cilik akèh kang grundêlan. Para darah uga padha rumangsa ora sênêng, jalaran:

1. Pangkat-pangkat luhur kang gêdhe pangwasane, akèh kang ora tumiba marang wong Walanda.

2. Para darah kang manjing agama Protèstan ora nrimakake ananing larangan ing bab pêncaring agama Protèstan mau.

3. Para darah ing jaman iku wis akèh kang kêmlaratan, mulane ngimpi-impi ananing kraman, pêngarêp-arêpe bokmênawa banjur bisa olèh pangwasa lan kasugihan kaya jaman biyèn-biyène.

Para kang gorèh atine iku padha ngayom marang satriya kang asma Willem van Nassau jêjuluk Prins van Oranje, asal saka darah Nassau ing tanah Duitschland, kagungan bumi ana ing tanah Frankrijk aran Oranje.

Para darah kang anduwèni pangunêg-unêg mau ing taun 1566 padha nganakake pakumpulan, bêbarêngan sowan marang Sang Putri Margaretha van Parma, kang nalika iku dadi Gupêrnur wakile Prabu Philips. Dene pêrlune nyuwun suwaking larangan tumrap pêncaring agama Protèstan, nanging panyuwune iku ora kasil.

Para guru mulang Protèstan, banjur mbêbangus marang sadhengah wong, nuli akèh kang kobong atine, nglêboni greja-greja ngrêrusak rêca lan altaar sauparênggane. Wohing kagunan kang èdipèni akèh kang lêbur tanpa lari. Lêlakon iku sinêbut: beeldenstrom, titimangsane taun 1566.

Prabu Philips mirêng kang mêngkono iku bangêt ing dukane, Jendral Alva kadhawuhan nitipriksa kanthi pinaringan pêngwasa gêdhe murih bisane mungkasi gawe, lan nganggo samêkta prajurit sagêlar sapapan. Gupêrnur Margaretha narima mundur,

--- 160 ---

Alva banjur gumanti pisan. Mungguh trajange Alva pancèn kêras têmênan.

Jalaran saka kêrênge Alva, malah saya akèh wong kang padha ora narima lan padha ambalela, ngangkat Gupêrnur dhewe, yaiku Willem van Oranje didadèkake Gupêrnur dening wong Holland, Zeeland lan Utrecht. Ing taun 1583 seda cinidra ana ing Delft. Ing taun 1585 Gupêrnur Parma, yaiku gêgêntine Alva, ngalahake Antwerpen. Jalaran saka iku dagangan ing Antwerpen mundur bangêt, amarga Schelde dialang-alangi dening bangsa Zeeland, lan uga anjalari perangan sisih kidul mau uwal saka Nederland. Amsterdam banjur saya mumbul, dadi kutha pêdangan gêdhe.

Tanah Nederland banjur diêrèh ing bangsa Nederland dhewe, sing nyêkêl pangwasa umum: Staten-Generaal, iya iku wakiling provincie-provincie kabèh, lan wiwit taun 1588 banjur aran Republiek der Zeven Vereenigde Provincien (Republiek kumpule provincie pitu).

Wiwit taun 1580 têkan taun 1640 nêgara Portêgis kabawahake bangsa Spanyol, mulane uga dimungsuh ing bangsa Walanda.

Barêng putrane Willem van Oranje asma Maurits wis jumênêng Stadhouder, wadyabalane wong Walanda tansah mênang. Sang pangeran dadi senapati pinunjul, mbêdhah kutha-kutha akèh. Pêrange ana ing sêgara, bangsa Spanyol iya apês. Prau pêrang gêdhe-gêdhe akèh, sinêbut armada utawa onoverwinnelijke vloot kang kalurugake mênyang nêgara Walanda ing taun 1588 sida kawus ora mrantasi ing gawe, baline mung kari sêprêtêlon tur karusakan bangêt.

Ing taun 1625 Pangeran Maurits seda, digêntèni kang rayi Frederik Hendrik kang pinaraban: "Sang Pangrabasèng kutha". Ora lawas pangwasane Frederik banjur kaya raja. Jalaran saka iku para pênggêdhening kutha (Regent) apadene pangrèhing provincie, luwih-luwih provincie Holland, padha kurang sênêng; nanging Sang Frederik iku ora dak mênang kaya Maurits, mulane ora nganti ana pasulayan gêdhe.

Ing wêktu sêmono wis wiwit pêrang manèh kara[35] Spanyol. Frankrijk ambantoni Nederland. Frederik Hendrik nêlukake den Bosch, Venlo, Roermond, Maastricht lan Breda.

Pêrange bangsa Spanyol ana ing sêgara kalah babar pisan tandhing karo Admiraal Maarten Tromp lan Witte de With ana ing sacêdhake Duins. Ewadene Nederland kidul maksa ora nganti bisa

--- 161 ---

karêbut. Wasana barêng taun 1648 banjur bêdhami, bubar pêrang; ênggone bêdhami ana ing Munster, surasaning janjine:

1. Republiek Nederland têtêp dadi praja kang bawa dhewe;
2. Nederland lêstari mêngkoni tanah-tanah kang wis ditêukake;
3. bangsa Sêpanyol ora kêna ngêlar jajahan ana ing Indhia Wetan;
4. kali Schelde kêna ditutup ing salawase. Brabant, Limburg lan Staats-Vlaanderen dadi jajahane Republiek Nederland sinêbut provincie-provincie rèh-rehan (Generaliteitslanden). Sanajan ing kono ora ana wong Protèstan, ewadene wong Katoliek dilarangi ora kêna nglakoni apa sacaraning agamane. Wêkasane pêrang 80 taun iku lumrah diarani jaman kuncara-kuncarane Republiek Nederland, kalêbu praja kang sugih lan kuwasa bangêt ing Eropah. Amsterdam jaman iku kutha padagangan kang gêdhe dhewe ing sadonya, amarga padagangan Antwerpen lan Lissabon ngalih mrono. Krajan gêdhe padha ngajak rêrukunan lan mêmitran karo Nederland. Kawruh lan kagunan iya lagi kombul-kombule.[36]

Sawise taun 1648 krajan Spanyol suda bangêt kuncarane, jalaran kêntekan daya dening mangun prang. Nederland ênggone ora ambruk iku jalaran saka dêdagangane ana ing Indhia wetan lan Indhia kulon. Jajahan Spanyol lan Portegal mêksa isih akèh, ana ing Amerikah lor lan Amerikah kidul, ing Pilippijnen (Spanyol) lan ing Indhu (Portegal). Ora suwe Spanyol pêpêrangan manèh, wasana banjur mlorot dadi nêgara kang kuwasane kêgolong cilik. Ing Duitschland iya pijêr ana pêpêrangan bae tu pêrang gêdhe, mulane nganti mèh rong atusan taun bisane pulih otot bayune. Mung Frankrijk kang saya mundhak-mundhak kuwasane, malah ngarah supaya putus-putusane digugua ing nêgara-nêgara Eropah kabèh, nanging luwih-luwih Repubilek lan Inggris mung tansah malang-malangi kêkarêpane Franktijk mau. Zwedên tanahe jêngkar, jiwane sêthithik, ngarah bisaa nguwasani ing Oostzee, awit ing kono wong dagang layar akèh. Inggris lan Nederland padha dene njangkah bisane kuwasa dhewe ana ing lautan. Jalaran saka iku kabèh, ing jaman candhake mangsa iku, pijêr ana pêpêrangan bae, ora ana uwis-uwise.[37]

Ing jaman sêmana Nedreland nguwasani Indhia wetan, lan Indhia kulon. Ing wêktu iku, sing klêbu Indhia kulon ya iku Nieuw Nedreland (saiki jênênge New York), Brazilie, Curacao lan Guinea ing Aprikah. Sarèhning Inggris ana ing tanah Jawa

--- 162 ---

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173): Citra 4 dari 7
Pakumpulane wong Walanda kang

kalah karo Walanda, praja loro iku kabanjur kêrêp kapasulayan. Ing taun 1600 Inggris ngêdêgake Oost-Indische Compagnie lan pêkumpulan-pêkumpulan dagang pirang-pirang panggonan. Ing taun 1652-54 lan 1665–1667 Inggris karo Walanda sida klakon pêrang. Sênapati kang katon bangêt ing kawantarane nalika sêmana, ya iku Maarten Tromp lan Michiel de Ruyter. Tumêkaning bêdhami wong Inggris gêlêm nyuda pênjaluke ing sawatara.[38]

Johan de Witt, narapraja pêng-pêngan jagoning tanah Walanda, panas ing ati dene ratu Frankrijk bangêt têmên ênggone kumudu-kudu ngêrèh ing praja-praja liya. Inggris lan Zweden dijak prêjanjian têlon, anjagani panêmpuhing Frankrijk. Inggris wusanane bisa wudhar saka ênggone prêjanjian iku, lan Nederland banjur ngrasakake wêwalêsing Frankrijk. Inggris, Frankrijk lan praja cilik-cilik loro ing Duitschland, bêbarêngan ngajak pêrang kambi Nederland 1672. Ratu Frankrijk Lodewijk XIV mundur marga saka pangamuke Stadhouder Willem III, lan karo mungsuh-mungsuh liyane iya banjur bisa bêdhami. Nederland karo Inggris malah nuli bisa rukun bangêt, kêgawa saka pikramane Willem III olèh Rajaputri Inggris; ing taun 1688 Willem ngiras dadi ratu ing Inggris. Lodewijk XIV isih nêrusake [nêrus...]

--- 163 ---

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173): Citra 5 dari 7
misuwur ngudi sastra, gêndhing, l.s.±taun 1617

[...ake] ênggone arêp nênêlukake. Pêrang karo Willem III isih ping pindho êngkas. Ing taun 1713 prabu ing Frankrijk kêlakon wis kawus têmênan.

Sabubaring pêrangan-pêrangan mau praja Frankrijk êntèk kêkuwatane. Ingggris saya malah mêmpêng, tansah mundhak gêdhe. Prabu Frederik II ing Pruisen (Duitschland) sagêd njunjung dêrajating nêgarane, nganti sinêbut dadi nêgara kuwasa. Republiek Nederland ing abad 18 bangêt ing mundure, jalaran saka sêbab warna-warna.[39]

Uga marga pêrang-pêrang mau utanging nêgara mundhak dadi 350 yuta rupiyah. Prajurit dharatan lan lautan kêpêksa dilongi akèh. Republiek banjur suda kajèn kèringane, beda bangêt karo ing mau-maune.

Pangrèh praja ing Nederland ing jaman iku ora bêcik. Staten-Generaal lan Provinciale staten padha ora sapiraa kuwasane. Pangrèhing kutha dikuwasani wong gêdhe sawêtara kèhe (para regent), turun-tumurun marang waris. Para regent iku mau kayadene wus saeka praya, kang dipêlêng mung kauntungane dhewe, bab kabutuhaning praja tiba angka loro. Ora kurang para wicaksana kang padha mbudidaya supaya kuncaraning Republiek bisaa timbul manèh, nanging ora akèh kang ambantu

--- 164 ---

ing sêdyane, kalah okol karo golonganing para regent. Sanadyan Willem IV banjur bisa gêdhe pangwasane, dadi stadhouder ngêmbani sakabèhing provincie, ewadene mêksa ora bisa mbengkas pialaning para kang ngajak rusak. Dhasar Willem IV lugune pancèn kurang wicaksana.

Wiwit taun 1672 ing tanah Walanda tansah ana cêcongkrahan rêbut pangwasa anjalari rusaking tanah. Pasulayane wong rong golongan yaiku Staatsgeziden (sing sênêng marang kuwasane Statem) karo Stadhoudersgezinden (sing sênêng marang kuwasane Stadhouder gênti unggul bae. Lêrêm sêdhela banjur rame manèh, mêngkono sabanjure. Ing mau-maune sing padha pasulayan iku mung bangsaning priyayi, barêng jamane Willem II wong cilik barang mèlu nggrubyuk Staatsgezinden, anjalari gêdhening pangwasane.

Golongan anyar iku karan Patriotten, wani mêmancahi lan nyênyeda ana ing layang-layang utawa ing kumpulan-kumpulan marang panjênêngane Stadhouder Willem V, lah banjur cêcongkrahan karo Stadhouder-gezinden sinêbut Oranje-klantên).

Ing taun 1780 Nederland wiwit kambah ing bêncana manèh: dipêrangi wong Inggris. mungguh sing dadi dhadhakane prakara mangkene: nalika Vereenigde Staten van Amerikah ambangkang marang paprentahan Inggris, Frankrijk mbiyantoni. Dhèk samana Walanda lawanan dagang karo Frankrijk lan Vereenigde Staten van Amerikah; kêrêp ngêdoli kayu mênyang Frankrijk digawe prau, sarta ngêdoli timbêl lan obat marang wong Amerikah. Kang mêngkono iku nêgara Walanda dianggêp ngrewangi Inggris, mulane iya banjur dilawan pêrang. Sajrone sasasi ana prau dagang 200 sing wis dirêbut ing wong Inggris, pêngaji 15 yuta rupiyah; lakune prau dagang babar pisan mandhêg; ing taun ngarêpe Nederland isih ngangkatake prau dagangan 2.000 ing supitan Sont, nanging taun iku mung 10; kapitunane gêdhe bangêt.

Ing taun 1784 pêrang bisa lèrèn, bêdhami ing Parijs. Tanah darbèke Walanda sing maune dirêbut Inggris, dibalèkake mung Negapatnam kang ora, lan wong Inggris kêna lêlayaran ana ing Indhia wetan.

Kacarita golongan Patriotten kalah karo Oranjeklanten, awit olèh bantu saka ratu ing Pruisen. Patriotten kêpêksa mundur, akèh kang lolos, lunga saka Nederland.

--- 165 ---

Perangan III. Jaman anyar, wiwit taun 1789 tumêka saiki.

Prabu Lodewijk XIV kalok yèn ngêntèk-êntèkake dhuwit, nêgara Frankrijk nganti kêkurangan wragad. Putra kang gumanti jumênêng, jêjuluk Lodewijk XV (1715–1774) ora sagêd mulihake karaharjaning nêgara. Wong cilik saya ngrêkasa, pajêge mundhak abot. Mung bangsa darah kang isih katon kêpenak, awit mung ditarik pajêg sêthithik.

Wong pintêr sawatara ana sing mêntala nganggit layang-layang kang surasane bangsa mbombong lan ngajak-ajaki supaya wong-wong nganakake gegeran nyuwak kêprabon lan agama.

Ora suwe ing Frankrijk ana gegeran têmênan, paprentahan praja digawe sungsang bêwana balik (Fransche Revolutie). Prabu Lodewijk XVI kêcêkêl ing bala kraman, kinunjara. Praja-praja kaya ta Oostenrijk lan Pruisen, ngancam arêp nggêmpur kutha Parijs mênawa Lodewijk nganti dipisakit gêdhene disedani. Ewadene ing taun1793 sang nata sagarwane mêksa disedani, srana piranti kang jênênge "Guillotine".

Barêng kang nyêkêl pangwasa praja bangsaning para dursila, kaya ta Robespierre, ing Parijs lan ing sawêwêngkon Frankrijk kabèh, kêna sinêbut udan tangis, marga saka kèhe wong kang padha kinisas. Paprentahan praja dirombak, salin prênatan anyar nganggo wêwaton Constitutie utawa Grondwet (bakuning anggêr-anggêr, ing kene dijênêngake anggêr agêng), praja Frankrijk banjur Republiek. Karo Pruisen lan Oostenrijk lêstari memungsuhan. Golongan Patriotten saka Nederland usul marang pangrèh Frankrijk, supaya nglurugana Stadhouder Willem V. Kêlakon ing taun 1794 ngangkatake lurugan ditindhihi senapati kang aran Pichegru, lan dibantu panuntuning bangsa Patriotten, jênênge Daendels. Willem V ing taun 1795 ngungsi mênyang Inggris. republiek der Zeven Vereenigde Provincien ambruk, dadi praja anyar dijênêngake Bataafsche Republiek, caraning paprentahane dièmpêrake karo Republiek Frankrijk, yaiku nganggo anggêr agêng lan wêwakiling para kawula, jênênge Parlement, utawa ing basa Walanda kamer. Frankrijk nganggêp marang adêge Bataafsche Republiek iku mau, nanging nganggo prêjanji ambayar wragad pêrang 100 yuta rupiyah, apadene kudu ngingoni prajurit Frankrijk 25.000, kang dibantokake ana ing Nederland kono.[40]

--- 166 ---

Republiek anyar kêrepotan ênggone mbayar wragad pêrang mau. Surasa lan tumindaking grondwet, akèh kang ora ngrujuki. Lakuning dagang layar mandhêg, iku kabèh andadèkake sangsarane tanah Walanda.

Kacarita tanah Frankrijk nalika iku tansah kisruh bae. Ana jendral jênênge Napoleon Bonaparte, kang marga kaprawirane dieringi ing wong sanagara.

Barêng Napoleon wis mênang mungsuh Oostenrijk lan Italie, banjur bali mênyang Parijs. Paprentahan praja wis katon ringkih

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173): Citra 6 dari 7
Napoleon Bonaparte

bangêt, nuli dirombak. Napoleon gawe constitutie anyar, lan ngasta pangrèh, sêsêbutane "Consul" (1799). Paprentahane Napoleon mèmpêr krajan lawas bae, wakiling kawula prêsasat tanpa daya. Bala Frankrijk disenapatèni Napoleon nêrusake pêrang, mungsuh nêgara-nêgara Eropah kabèh. Wasana Napoleon jumênêng Keizer ing Frankrijk (1804), nêgara-nêgara Eropah liyane dipêksa ngangkat ratu marang sadhèrèk-sadhèrèke Napoleon.[41]

Rèhning Bataafsche Republiek kumpul karo Frankrijk, mulane

--- 167 ---

tansah dimungsuh karo Inggris. Jajahane tanah Walanda dirêbuti Inggris, kang kari mung tanah Jawa. Ewadene ing taun 1802 (bêdhami Amiens), jajahan-jajahan mau dibalèkake, kêjaba Ceylon. Barêng Napoleon wis jumênêng Keizer karsane arêp nyirnakake Bataafsche Republiek; ora antara suwe (ing taun 1806) rayine Napoleon asma Lodewijk Napoleon diangkat dadi ratu ing Nederland.

Sang prabu anyar ngrêksa bangêt marang karaharjaning kawula, kêna dibasakake ambêg paramarta, ora digung-adiguna kaya kang raka. Kang dipilih dadi punggawa kang pêrlu-pêrlu iya wong Walanda. Kêjaba iku sang prabu ngangkah supaya nêgara Walanda aja ngrêkasa bangêt ênggone dadi sêkutuning Frankrijk (bondgenoot). Bab kagunan lan kawruh sang prabu uga mênggalih.

Paprentahane tanah Jawa iya dipênggalih. Daendels kawisudha dadi G.G., dipasrahi mrênata murih bêcike, têmahan klakon kêrusakaning tanah Jawa prêsasat pulih.

Anadene Ratu Agung Napoleon mêksa durung bisa ngalahake Inggris. Murih ringkihe Inggris, Napoleon yasa prênatan, surasane: praja-praja têtêlukaning Frankrijk dilarangi lêlawanan dagang karo Inggris. Prênatan iku jênênge Continentaalstelsel.

Lodewijk Napoleon dianggêp kurang kêncêng ênggone nindakake Continentaalstelsel. Mulane ing sasi Juni 1810 pinêksa sèlèh kêprabon.

Tanah Walanda banjur dadi jajahan Frankrijk (1810–1813). Anggêr-anggêr lan prênatane Keizer Napoleon ndadèkake sangsarane wong Walanda (conscriptie, tierceering). Wong Walanda ora bisa dagang layar, jajahane ilang kabèh, karêbut ing mungsuh.[42]

Taun 1812 Keizer Napoelon nglurugi Ruslan, anggawa prajurit 600.000, nanging kêpêksa mundur; balane rusak bangêt kêtambahan ana ing Leipzig dipêthukake bala Duitsch, Zweden lan Oostenrijk 1813. Keizer Napoleon kapikut sarta dikendhang mênyang Elba. Wong Walanda banjur bisa ngipatake paprentahan Frankrijk. Prins van Oranje (putrane Stadhouder Willem V) kang isih ana ing Inggris, diaturi kondur mênyang nêgara Walanda ngasta pusaraning praja. Tanggal 30 November 1813 Sang Pangeran Willem Frederik têkan ing Vlissingen, bangêt dikurmati ing para kawula Nederland, dijumênêngake nata iya karsa, nanging mundhut supaya ênggone ngasta praja iku nganggo wêwaton anggêr agêng. Sang pangeran banjur têtêp jumênêng ratu. Dene dadine anggêr agêng ana ing taun 1814.[43]

--- 168 ---

Miturut Grondwet iku (gaweane Hogendorp) kang nyêkêl bang-bang pangalum-aluming praja Nederland: ratu, sabiyantu lan Staten-Generaal. Ratu lan Staten-Generaal dikuwasakake gawe anggêr-anggêr, sarta ratu kawajibake nindakake anggêr-anggêr mau, lan para ministers. Sakèhing provincie kumpul dadi sapaprentahan, tunggal padha nganggo anggêr-anggêr sawiji.[44]

Sakendhange Napoleon, para ratu ing Eropah padha parêpatan. Ing kono uga nêtêpake yèn Nederland kidul (Belgie) kagamblokake mênyang Nederland lor, kaparentah ing ratu siji darah Oranje. Inggris iya banjur mari mêmungsuhan karo Nederland, jajahan dibalèkake kabèh kêjaba Demerary, Essequebo lan Kaapkolonie. Baline jajahan iku kasêbut ing prêjanjian taun 1814.

Nalika para raja isih parêpatan ana ing Weenen, Keizer Napoleon oncat saka ing Elba mlêbu tanah Frankrijk, ditampani ing para prajurite lawas kêlawan giyak-giyak, bangêt padha gambira ing ati. Prabu Lodewijk XVIII kang jumênêng ing Frankrijk sapêngkêre Napoleon, nuli lolos mênyang kutha Gent.

Para raja kang parêpatan ana ing Weenen enggal tumandang nglawan Napoleon. Prajurit Frankrijk nglurugi Nederland kidul dipêthukake wadyabala gêdhe, klumpukane saka Inggris, Walanda, Hannover lan Pruisen disenapatèni Wellington. Tanggal 8 Juni 1815 campuh pêrang ana ing Waterloo. Bala Frankrijk kasoran, Napoleon kêcêkêl banjur kakendhang mênyang ing St. Helena, ing taun 1821 seda.[45]

Prabu Willem I lêstari jumênêng ana ing Nederland. Sanajan sang nata ngudi marang karaharjaning praja, nanging ora sagêd ngrukunake pasulayane Nederland lor karo Nederland kidul. Golongan liberaal ora cocoge marang sang prabu, dene kamardikaning piwulang l.s.p. ora ditêtêpi; golongan Katoliek pênggrundêle, dene diprênata manut prênataning agama Protestan. Wusanane wong ing Nederland kidul padha ambalela.

Sang Prabu Willem ngangkatake prajurit kèhe 100.000 kanggo nyirêp kraman. Wiwitane kraman kasoran, nanging banjur olèh bantu saka Frankrijk kèhe 40.000. Prêjurite Prabu Willem gênti kêlindhih. Krajan liya-liyane wis padha nganggêp marang adêging krajan Belgie, mung Sang Nata Willem kang isih puguh. Wong Frankrijk tumandang manèh, lan wong Inggris nimbrung ngêdrèli pêlabuhan-pêlabuhan Walanda. Wasana sang prabu kêpêksa nglèrèni ênggone mêmungsuhan; ewadene bêdhamine nganti taun 1839.

--- 169 ---

Ing taun 1840 Sang Prabu Willem I, sèlèh kêprabon, awit ora sagêd nyêmbadani panyuwune kawula, ya iku undhaking wêwênang lan kamardikan; kang putra gumanti kêprabon, jêjuluk Willem II.

Ing wêktu iku ing sa-Eropah ungsum kraman, luwih-luwih ing taun 1848–1849. Dene jalarane mêrga para ratu agung lan para ratu kang dhisik-dhisik, kaya ta Napoleon ing Frankrijk lan Willem I ing Nederland, padha ngrampas pangwasaning parlement; sasat mung kari diênggo jênggêr bae. Para golongan liberaal ngudi bangêt marang undhaking kamardikan, lan ngarah supaya para wêwakiling kawula digugu rêmbuge. Akèh tanah-tanah kang padha katrajang ing gegeran revolutie. Prabu Willem II ing Nederland pancèn wicaksana tur tinrêsnan ing kawula, sagêd nulak ananing gegeran gêdhe, marga saka ênggone dhawuh ngowahi anggêr agêng. Wiwit nalika iku paprentahan praja Nederland nganggo parlement têmênan, ora mung mandhêg ing pêngaran-aran bae.

Bab bandha nêgara, ing jaman Willem II iya mundhak bêcik.

Kraman Belgie ngêkèhake utanging nêgara, nganti kurang luwih ana f 2.200.000.000. Pambayare anakan bae sataune luwih saka f 34.000.000. Saka rêrigêne Mr. Van Hall, nêgara utang f 127.000.000. Marang wong cilik anakane 3%, pêrlu kanggo ngêsahi utang kang anakane luwih gêdhe. Marga saka dhuwit bathèn saka tanah Indhia, apadene marga saka gêmi lan pêngati-ati karusakane kas nêgara mèh bisa pulih.

Ing sasuwene kang jumênêng ratu Prabu Willem III (1849–1890) lan Prabu Putri Wilhelmina (1890 têkan saiki) Nederland mênangi jaman krêta. Dagang layar, kawruh lan kagunan bisa kombul têmênan, têtimbangane ora kèri karo praja-praja liya kang gêdhe-gêdhe. Pangrèhing praja katon yèn kanthi pêngati-ati, luwih-luwih ing bab kabutuhane kawula cilik tansah mindêng dipênggalih ing nêgara. Dene prêkara trajange mênyang praja liya uga ora kurang surti ngati-ati, nganti bisa sumingkir saka bêbaya pêrang; sênajan dhèk ungsum pêrang 1914–1918 pisan, Nederland iya ora katut. Owah-owahan anggêr agêng ing taun 1917 nêtêpake wêwênang milih tumrap sakabèhing kawula (Algemeen kiesrecht) lan wragad nêgara tumrap pamulangan partikêlir dipadhakake karo pamulangan Gupêrmèn.

Sanajan ing sajabaning Nederland iya kêgolong têntrêm, nanging wiwit ing abad 20 awal, sajak pijêr kudu ana pêpêrangan bae.

--- 170 ---

Kang mêngkono iku kêgawa saka kamurkaning praja sawêtara kang kumudu-kudu ngêlar jajahan, nêdya nênêlukake.[46]

Marga saka ênggone sujana sinujanan banjur padha rêrukunan prêjanji tulung-tinulung mênawa ana bêbaya pêrang,

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173): Citra 7 dari 7
Sri Maharaja Wilhelmina

ya iku Duitschland sêkutu karo Oostenrijk lan Italie, lêlawan Inggris sêkutu karo Frankrijk lan Ruslan. Wis bola-bali arêp ana pêrang, kêna diwurungake marga saka pirêmbugan, dadi mung mandhêg "pêrang catur". Barêng dhèk ing taun 1914 Oostenrijk arêp ngajar Servie, jalaran saka sedaning pangeran pati Oostenrijk cinidra ing sawijining wong Servie, banjur makgrêng dadi pêrang gêdhe, ngorêgake ing sadonya.

Wong Duitschland ana ing Ruslan mênang, ana ing Frankrijk asor yudane marga dibyuki mungsuh prêjurit Frankrijk,

--- 171 ---

Inggris, Belgie lan Vereenigde Staten. Italie ngoncati ênggone rêrukunan kasbut ing dhuwur mau, banjur ditêmpuh prêjurit Oostenrijk, nanging bisa tumanggah. Turki maju pêrang ngrewangi Duitschland, nanging malah kêdhêsuk-dhêsuk, bumine kang sisih kulon akèh kalonge. Nêgara Cina lan Jêpang lan akèh tanah liyane manèh, padha bungah marga milu olèh kamênangan.

Duitschland kêpêksa ngulungake saperanganing bumine lan tanah-tanah jajahane sarta manèh kêtêmpuh mbayar dhuwit lêliruning karusakan, ora karuan kèhe. Turki ana ing Eropah mung kari anduwèni Constantinopel, ana ing sajabaning Eropah mung kari mêngku Asiyah cilik, jajahan-jajahan liyane padha mrucut kabèh.

Cacahing pêpati ing sajroning pêrang gêdhe mau kêna sinêbut tanpa wilangan, êntèking bandha ora kêna pinetung. Kang mêngkono iku anjalari geger-gegeran wêrata sa-Eropah. Akèh paprentahan ambruk dening brontakan revolutie. Gêdhe-gêdhening brontakan ana ing tanah Ruslan. Ing kono banjur disalini pêprentahan kang dijênêngake Soviet-Republiek, kang sêprene kalok ing pialane, ambubrah tataning mênungsa lan mungsuh sakabèhing agama. Ngèlmuning Soviet-Republiek tular-tumular lumêbu marang tanah liya; mirit saka iku mangsane saiki kêna sinêbut jaman kang nyumêlangi. Para kang ngayomi prênatan bêcik lan para kang pinatah prakara agama, padha bangêt ing pangudine, supaya bisa nulak pêngrusake nglèmu kuminis.

Jêpang wiwit sèkêt taunan kêpungkur kêpetung klêbu wêwilanganing praja gêdhe ing donya iki. Ing taun 1904–1905 mênang prang mungsuh Ruslan. Marga saka lohing tanah lan kèhing bangsa pêlikan, Jêpang bisa sêntosa lan raharja, iku kêna kanggo tuladha tumraping tanah liyane ing wetanan kene. Bisane gaduk marang kamardikan abawa pribadi, iku dalane luwih-luwih kudu sarana wis ora kurang bandha beya lan wis ora butuh marang pitulunganing liyan.

Tumraping jagad Islam ing sabubaring mangsa pêrang gêdhe iku mau, iya akèh owah-owahane. Rèhning Turki dadi Republiek, banjur wis ora ana kang jumênêng kalifat. Praja Turki wis ora dadi pêngarêping praja-praja Islam liyane, mangka ora ana kang ditêtêpake gumanti dadi pêngarêp iku.

__________

--- [172] ---

Isine layang iki

Kaca.

Atur uninga ... 3.

Perangan I.

Bêbuka ... 5.
Bab 1. Karajan Indhu ing tanah Jawa-Kulon. ... 6
Bab 2. Karajan Indhu ing tanah Jawa-Têngah. ... 8
Bab 3. Karajan ing tanah Jawa-Wetan. ... 11
Bab 4. Kèn Angrok nêlukake karajan-karajan cilik. ... 14
Bab 5. Jumênênge Kartanagara ing Tumapêl. ... 16
Bab 6. Karajan-karajan Sumatra. ... 18
Bab 7. Pêrang Cina lan adêge karajan Majapait. .... 21
Bab 8. Ayam-Wuruk, Sri Rajasanagara, ratu kang kaping IV ing Majapait. ... 24
Bab 9. Nêgara Cina. ... 28

Perangan II.

Bab 1. Malaka lan pêncaring agama Islam. ... 32
Bab 2. Karajan Dêmak lan karajan Pajang. ... 34
Bab 3. Karajan Mataram, nalika jumênênge senapati. ... 36
Bab 4. Karajan Bantên lan Cirêbon wiwit jumênênge Sunan Gunung Jati tumêka sedane Maulana Mohamad. ... 38
Bab 5. Wong Portêgis lan Sêpanyol. ... 41
Bab 6. Têkane wong Walanda. ... 44
Bab 7. Adêge Vereenigde Oost-Indische Compagnie. ... 47
Bab 8. Karajan Mataram nalika mumbul-mumbule. ... 54
Bab 9. Nêgara-nêgara ing tanah Sumatra. ... 60
Bab 10. Kraman ing Moloko 1650-53. Mataram nalika jamane Amangkurat I lan Amangkurat II. Kraman Trunajaya. Pêrang ing Bantên. ... 63
Bab 11. Mataram nalika pêrang rêbut kaprabon kang sapisan (1704–1708) lan kapindho (1719–1723). ... 68
Bab 12. Kaanane V.O.C. wiwit têngahe abad kang kaping 17 tumêkane têngahe abad kang kaping 18. ... 71
Bab 13. Panguya-uyane wong Bêtawi marang Cina, lan pêngramane wong Cina.- Mas Garêndi didadèkake ratu pênglawane Pakubuwana II.- Pambalelane Mangkubumi lan R.M. Said lan pêcahing nagara.- Pêrang Bantên. ... 75
Bab 14. Kaanane V.O.C. ngarêpake ambruke 1757–1800. ... 83

--- 173 ---

Perangan III.

Kaca.

Bab 1. Tanah Indhia wiwit adêge Bataafsche Republiek tumkane jaman Daendels. Jumênênge G.G. Overstraten (1796) 1800–1801, Siberg, Wiese lan Daendels 1808–1811. ... 87
Bab 2. Karajan Jawa nalika pangrèhe G.G. Daendels.- Tanah Indhia dirêbut Inggris. 1811. ... 92
Bab 3. Pangrèhe L.G. Raffles. Fendall masrahake tanah Indhia marang Parentah Walanda. 1811–1816. ... 95
Bab 4. Pêrang Dipanêgaran. 1825–1830. ... 101
Bab 5. Cultuurstelsel 1830-±1865 (1915). ... 106
Bab 6. Tanah Indhia saliyane tanah Jawa wiwit sabubaring jaman Inggris tumêka saprene, 1816–1924. ... 109
Bab 7. Pêrang Acih. 1873–1904. ... 115
Bab 8. Gagrag anyar. ... 120

Tambahan I.

Bab 1. Kutha-kutha lan dalan-dalan. ... 131
Bab 2. Kaanane wong cilik lan para bupati. ... 137
Bab 3. Kagunan lan kasusatran. ... 149

Tambahan II.

Perangan 1. Tanah Walanda dhèk ing jaman kuna. ... 152
Perangan 2. Tanah Walanda dadi siji (1435), têkan jaman dahuru ing Eropah (±1800). ... 158
Perangan 3. Jaman anyar, wiwit taun 1789 tumêka saiki. ... 165

--- [0] ---

[3 halaman iklan]

 


§ Wong cilik. (kembali)
§ Pajêg. (kembali)
prasasat. (kembali)
§ Pênggawean. (kembali)
andandani. (kembali)
§ Têtanèn. (kembali)
§ Pangan. § Sarèhne kaduga akèh mokale macak sarupaning pratelan-pratelan kabèh kang saka ngêndi-êndi sarta wiwit jaman kuna makuna, mula iya mung mêthiki sarta nyupliki pratelan sawatara kang kasêbut sajroning abad 18. (kembali)
§ Sandhang pênganggo. (kembali)
§ Lêlara. (kembali)
10 § Pamulangan. (kembali)
11 § Basa Jawa ana ing Pêsundhan. (kembali)
12 § Pênggaotan (industrie). (kembali)
13 § Lêlayaran. (kembali)
14 § Pêngadilan. (kembali)
15 § Wong tukon (batur tukon). (kembali)
16 § Wong gadhèn (Mujangan). (kembali)
17 § Para bupati. (kembali)
18 § Bupati jaman anyar. (kembali)
19 § Kagunan. (kembali)
20 § Kasusastran. (kembali)
21 § Wayang. (kembali)
22 § Kang padha dak gunêm ing kene wayang wong kaya apa anane ing saiki, dudu owah-owahe wiwit kuna tumêkane samêngko. Saka pangirane wong ing karaton iku dhèk biyèn pancèn wis ana tontonan jogèd kanthi pocapan l.l. (kembali)
23 lan. (kembali)
24 § Gamêlan (Têtabuhan). (kembali)
25 § Bangsa Jerman. (kembali)
26 § Nêgara Rum. (kembali)
27 § Agama Kristên. (kembali)
28 § Têkane wong Rum ana ing tanah Walanda. (kembali)
29 § Pêcahing praja Rum. (kembali)
30 § Krajan Franken. (kembali)
31 § Pêrang Salib. (kembali)
32 § Adêging kutha ing jaman têngahan. (kembali)
33 Ing. (kembali)
34 § Pêrang 80 taun 1568–1648. (kembali)
35 karo. (kembali)
36 § Bêdhami ing Munster 1648. (kembali)
37 § Kaanane Eropah sawise 1648. (kembali)
38 § 1600 Oost-Indische Compagnie Inggris. (kembali)
39 § Kaanane Eropah lan Republiek Nederland ing abad 18. (kembali)
40 § Adêging Bataafsche Republiek 1795. (kembali)
41 § Napoleon I Keizer ing Frankrijk. 1804. (kembali)
42 § Tanah Walanda bawah Frankrijk. 1810-13. (kembali)
43 § Napoleon kèngsêr. (kembali)
44 § Prabu Willem I 1814. (kembali)
45 § Pêrang ana ing Waterloo 815 [1815]. (kembali)
46 § Sajabaning Nederland. (kembali)