Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 101–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 17-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab 11. Mataram Nalika Pêrang Rêbut Kêprabon kang Sapisan (1704–1708) lan Kapindho (1719–1723).

1703–1704 (1708) Sunan Mas, Mangkurat III.
1704–1719 Pangeran Pugêr, Paku Buwana I.
1691–1704 G. G. van Outhoorn.
1719–1727 Prabu Mangkurat IV.
1705–1706 G. G. van Hoorn.

Kang anjalari pêrang rêbut kaprabon kang sapisan iya iku congkrahe Sunan Mas karo Pangeran Pugêr, apadene era-èru marga saka panggawene Untung Surapati.

Untung Surapati iku batur tukon saka ing Bali, wis dadi prajurit ing Bêtawi, diunggahake dadi litnan manggêdhèni prajurit Bali sagolongan. Nalika pêrang Bantên Untung minggat ndhèrèk Sultan Agung ing Bantên, salêbaring pêrang nuli nggawa kancane sawatara nglambrang ana ing bawah Priyangan, gawene njarah-rayah. Barêng dioyak ing prajurit V.O.C. Surapati sakancane Bali mlayu mangetan nyuwun pangauban marang Sunan Mataram. Sênajan Surapati mungsuhing V.O.C., ana ing Kartasura ditampani bêcik malah dadi andêl-andêl. G. G. Camphuys nuli utusan Majoor Tak mênyang Kartasura pêrlu nyêkêl Surapati lan nagih utange Mataram marang V.O.C. Nalika prajurit Walanda têka ing nêgara, wong Jawa lan wong Bali wis pêrang dhèwèkan. Sasuwene ing paprangan gègèr-gegeran, Majoor Tak dikrocok ing gêgaman, prajurite 70 milu mati. Surapati sakancane bablas mlayu mangetan.[1]

--- 69 ---

Ana ing Pasuruan Surapati ngêdêgake karajan. Surapati jumênêng adipati jêjuluk Wiranagara, jajahane saya jêmbar, nênêlukake ing sakiwa-têngêne malah nganti têkan ing Kêdhiri.[2]

Sarèhne Surapati saya ndadra, Mangkurat II mintasraya marang V.O.C. nanging G. G. van Outhoorn durung mituruti. Nalika sêmana ing satanah Jawa akèh sêkaitan nglawan wong Walanda. Sawênèhing panggonan disêbari layang nyalawadi kang ngêmu rasa ngojok-ojoki supaya padha numpês wong "kapir". Akèh priyagung Bantên lan Mataram sing padha mbiyantu sêkaitan iku. Malah ana wong Mêlayu saka Sumatra aran Ibnu Iskandar kang mèlu dadi pênuntune sêkaitan mau, nglurugi Bêtawi nggawa prau akèh. Barêng konangan ing Walanda banjur ditêmpuh, wasana rusak bêbarisaning prau.

Prakara iku njalari ênggone V.O.C. ora gêlêm ngrewangi Mangkurat II. Ing taun 1703 Mangkurat II seda. Kang gumanti jumênêng, Sunan Mas utawa Mangkurat III; marga saka cacading sampeyan, uga katêlah asma Sunan Kêncèt.

Sunan Mas congkrah lan pamane yaiku P. Pugêr; mungguh kang dadi jalarane marga saka siyane Kangjêng Sunan. Sunan Mas iku pancèn misuwur siya lan sawênang-wênang tindake. P. Pugêr lolos saka Kartasura, tindak mênyang Sêmarang mundhut pitulungane Compagnie.

Sunan Mas wis rambah-rambah kirim layang mênyang Bêtawi, mundhut balining pamane, nanging ora dirèwès, awit Parentah Bêtawi priksa yèn Sunan Mas sêkutu lan Surapati nêdya nglawan Compagnie. Parentah Bêtawi uga ora gêlêm nganggêp sunan marang Mangkurat III; kang dianggêp malah P. Pugêr, awit sang pangeran ana ing Sêmarang uga wis kaangkat sunan dening para priyagung akèh, jêjuluk Sunan Paku Buwana.

Anane pêrang rêbut kaprabon iku wiwit ing taun 1704, têkan taun 1708. Marga saka pitulungane V.O.C. Paku Buwana bisa lêstari jumênêng ratu, nanging miturut prajangjian ing taun 1705 jajahane V.O.C. diêlar mangetan, watêse sisih lor Ci Losari, ing sisih kidul Ci Dhonan ing Cilacap.[3]

Sunan Mataram wis ora nduwèni wêwênang ingatase tanah Sumênêp lan Pamêkasan. V.O.C. diwênangake kêna sêdhiya prajurit ana ing Kartasura manèh.

--- 70 ---

Nalika Kartasura ditêkani wadyabala Walanda, Sunan Mas lolos mangetan mundhut pitulungan marang Surapati. Ing taun 1706 prajurit V.O.C. kang disenapatèni Knol nêmpuh ing Bangil, yaiku bètènge Surapati kang santosa dhewe. Ing Bangil bêdhah, nanging Surapati ora kêcêkêl, mung bae marga saka wis kêtaton, ora antara lawas mati.

Ing taun 1707 prajurit V.O.C. nglurug mangetan mêrangi

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101): Citra 1 dari 7

--- 71 ---

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101): Citra 2 dari 7
Undhaking jajahane V.O.C.

para anake Surapati kang mbiyantu Sunan Mas. Ing taun 1708 S. Mas asrah bongkokan marang Knol, nuli kakendhang mênyang Ceylon.

Ing taun 1719 Paku Buwana I seda, njalari pêrang rêbut kaprabon kang kapindho. Para sadhèrèke Sunan Prabu Mangkurat IV padha mèri marang sang prabu anyar nganti nganakake pêrang. V.O.C. mitulungi marang Mangkurat IV. Para pênganjure kraman padha dibuwang mênyang Ceylon utawa mênyang jajahan Compagnie ing Afrika sisih kidul (Kaapkolonie).

Bab 12. Kaanane V.O.C. wiwit têngahe abad 17 tumêkane têngahe abad 18.

Nalika J. Maetsuycker madêg dadi Gouverneur Generaal (1653–1678) jajahan darbèke Compagnie wis rada akèh.

--- 72 ---

Bêtawi lan wêwêngkone, wiwit 1619.
Kutha Malaka lan wêwêngkone 1641.
Ambon, kapuloan Bandha, Makasar 1667.
Punto de Gale lan Legombo ing Ceylon 1658.
Tlatah-tlatahane pasisir Coromandêl lan Malabar 1661.

Kêjaba iku V.O.C. iya duwe kantor ana ing pasisire sunglon Pèrsi, ana ing Bênggala, Siyêm, Formosa lan Decima.

Saking jêmbaring jajahan lan kèhing kauntungan, V.O.C. bisa sugih lan kuwasa. Para aandeelhouder wis akèh bangêt bathine, ngungkuli bathèn kang wis katêmtokake, iya iku 12½%. Ing taun 1642 bageaning bathi nganti mundhak têkan 50%, V.O.C. dadi ndêdêle bêbathèn ing saantarane taun 1630 lan taun 1650 bisa tikêl 3 utawa 4.

Kauntungane V.O.C. iku jalaran saka pranatan monopolie. Marga saka monopolie mau V.O.C. bisa kulak murah lan yèn dodolan dilarang-larangake. Upama bumbon crakèn: pangulake pala sapun têrkadhang mung 7½ sèn, pangêdole 3½ rupiyah. Pangulake cêngkèh sapun 20 sèn, pangêdole sok 10 rupiyah.

Pangrèhing V.O.C. (Bewindhebber) ing tanah Walanda kang diarah mung ngêncêngake pranatan monopolie, ora susah njêmbarake jajahan. V.O.C. kudu ngêdêgake loji-loji manèh, awit V.O.C. kudu mung salugu dêdagangan.[4]

Balik pangrèhing V.O.C. ing Bêtawi karêpe ngêndhokake monopolie. Wong bumi kêrêp disuwunake idin G. G. Coen lan van Diemen ing bab kamardikaning dêdagangan, nanging para Bewindhebber ora mituruti.

Punggawane V.O.C. akèh kang wong asor lan ala, wuwuh-wuwuh blanjane ana ing tanah Indhiya mung sathithik. Blanja kawitan (assistèn = carik) ing sêsasine mung 10 rupiyah, mundhak-mundhak têkan 55 rupiyah (koopman) lan 75 rupiyah (opperkoopman). Blanja sêmono iku andadak isih nganggo dicowok upamane kanggo têtanggungan. Kang mangkono iku njalari para punggawa padha dagang pêtêng utawa dagang colongan. Ananging sarèhne dagangan V.O.C. nalika sêmana gêdhe bangêt lan bathine dudu sêbaene, dadi prêkara klèrune pranatan monopolie apadene tindake para punggawa sing ora bênêr isih samun, durung pati katara.

Ing kawitane abad kang ping 18 jajahane V.O.C. akèh bangêt, apamanèh ana ing tanah Jawa. Jajahan lan panguwasane karajan Bantên lan Mataram saya kalong-kalong.[5]

Bêtawi, Krawang têkan kali Indramayu, Priyangan têkan sêgara kidul; Sêmarang lan wêwêngkone 1677. Cirêbon wus ngaub marang V.O.C. Tapêl watêse jajahan Bantên sisih wetan Ci Sêdhane. Jajahane V.O.C. mêngetan têkan Ci Losari lan Ci Dhonan 1705.

Ing taun 1659 V.O.C. prajangjian karo sultan ing Palembang, olèh idin ngêdêgake bètèng ing bawahe. Ing taun 1667 V.O.C. ngêdêgake loji ana ing Padhang.

--- 73 ---

Sawise prajurit Walanda mitulungi marang para kawulane Ratu Acih, kang jajahane dhèk maune kêtug ing Indrapura (Sultan Iskandhar Mudha), V.O.C. ora mung katon gêdhe panguwasane nanging iya katon sugih.

Kutha Bêtawi saya suwe saya gêdhe lan asri, nganti diarani "ratuning kutha ing bumi sisih wetan". Dadi ing jaman iku V.O.C. kaya-kaya lagi mumbul-mumbule.

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101): Citra 3 dari 7
Kutha Bêtawi ing taun 1682

Mungguh ing satêmêne sênajan gêlare kuwasa lan sugih bangêt, V.O.C. wis mundur, ngalamat arêp bobrok. Kasugihane saya kalong, malah têrkadhang uga nganti tuna, nanging kêjaba

--- 74 ---

para Bewindhebber ora ana kang wêruh, awit digawe wadi bangêt. Para Bewindhebber ênggone awèh dividend (anakaning andhil) marang para aandeelhouder isih ajêg akèh. Dadi saya suwe bandhane V.O.C. saya suda.[6]

Mungguh karêpe para Bewindhebber ênggone ngrêndhêm wadi mau, supaya V.O.C. diaranana isih sugih, lêstaria diandêl, aja nganti kêpatèn ubêd. Wasana ing têngahane abad 18, V.O.C. wis kêtandhêgan utang 3 yuta.

Kang dadi jalaran sudaning kasugihane V.O.C. warna-warna, kaya ta:

1. Kèhing wragade V.O.C. kanggo pêpêrangan, tansah kêpêksa sadhiya prêjurit lan prau pêrang akèh.

2. Rèhne jajahan saya jêmbar, punggawa saya mundhak akèh, anjalari undhaking wragad.

3. Kauntungane laku dagang wis ora kaya dhèk abad kang kêpungkur, awit akèh punggawa V.O.C. lan wong bumi kang padha laku dagang pêtêng utawa dagang colongan. V.O.C. ênggone mblanjani punggawane kêsêthithikên, dadi punggawane kapêksa golèk kauntungan liya sarana dagang pêtêng. Dene wong bumi ênggone dagang colongan lêlawanan wong Inggris utawa bangsa manca liyane. Marga saka malaking V.O.C. ênggone nindakake monopolie, wong bumi padha gêlêm nêrak prajangjiane monopolie.

Rèhne wong bumi wis dadi mlarat marga saka pamêrêsing V.O.C. lan punggawane karajan Jawa, barang pêdagangan saka Europa mung sathithik payune.

4. V.O.C. ênggone dêdagangan ana ing Europa kêrêp tuna bangêt, marga dijori ing bangsa Inggris lan Prasman.

Rekane para Bewindhebber ênggone arêp nututi kapitunane sêrana ngêncêngake tindaking monopolie lan nglarangi dagang pêtêng. Ewadene sanajan dagang pêtêng iku dilarangi bangêt kanthi ancaman ukuman abot, mêksa saya ndadra, awit V.O.C. ora ngundhaki blanjane punggawane, lan pangulake barang dêdagangan kêmurahên.

Ana rêkadayane V.O.C. kang sakawit ndadèkake kauntunganing V.O.C. dhewe lan bangsa bumi, yaiku ênggone nganakake wulu-wulu liya, kaya ta: nila, lawe, sêcang (kanggo pulas). Kang akèh bangêt pamêtune yaiku kopi. G. G. Zwaardekroon ngudi bangêt marang ajuning tanduran kopi mau (1718–1725).[7]

Wiwite V.O.C. dagang kopi iku maune saka rêmbuge P. van den Broecke, nalika isih ana ing Mokka (jajahan Arab). Saya suwe kopi mau ana ing Europa saya payu. V.O.C. ênggone kirim kopi wêton Mokka mênyang Amstêrdam ing sataun-taune nganti 300.000 pun. Barêng wong Turki ngêngèl-êngèl wêtoning dagangan kopi, V.O.C. nuli nyoba nandur dhewe ana ing tanah Jawa (1706).

G. G. Zwaardekroon prêjangjian lan wong bumi dikon nandur kopi, pamêtune sabên sêdhacin bakal dituku 15 ringgit. Wong bumi sênêng atine dene pituwase mèmpêr, mulane iya saya mêmpêng panggarape, tanah Jawa saya akèh pamêtune.

--- 75 ---

Nanging suwening suwe V.O.C. saya sawênang-wênang, rêgane kopi didhunake nganti 1 dhacin mung diajèni 5 ringgit. Wong bumi banjur suda bae kamêmpêngane, wit kopi akèh kang ditêgori.

Ing taun 1721 parentah ing Bêtawi mèh bae kabilaèn, marga saka panggawene Pieter Elberfeld, iya iku sawijining wong pranakan Jerman lan Jawa. Pieter Elberfeld mau duwe sêdya arêp ngraman jalaran nalika patine bapakne saperanganing warisane dadi mèliking parentah. P. Elberfeld banjur ngirup bala dibantu wong Jawa aran Kartadirja, andêl-andêle Surapati. Ana bangsa mutihan kang ngojok-ojoki wong sarana andum jimat. Karêpe Elberfeld sakèhing Walanda bakal ditumpês, dinane ditêmtokake tanggal 1 Januari 1722. Barêng ndungkap tumêkaning waktune, Parentah Bêtawi lagi bae olèh warta. Elberfeld sakancane sawatara enggal ditukup: sawuse ngaku banjur dipatèni siya-siya. Êndhase Elberfeld dikêthok, ditanjir ana ing regole pakarangane dhewe, omahe dirombak, pomahane disangarake ora kêna diênggone ing wong. Dhawuhe parentah katulis ing watu, tumêkane saiki isih têtêp mêngkono.[8]

Bab 13. Panguya-uyane Wong Bêtawi marang Cina, lan Pêngramane Wong Cina. — Mas Garêndi Didadèkake Ratu Ngêndhih Paku Buwana II. — Pambalelane Mangkubumi lan R. M. Said lan Pêcahing Nagara — Pêrang Bantên.

Mas Garêndi (Wayahe Mangkurat III) Ut. Sunan Kuning, Mangkurat V. Mangkubumi, R. M. Said.

1727–1749 Paku Buwana II.
1749–1788 Paku Buwana III.
1725–29 M. de Haan.
1637–29 A. Valckenier.
1743–50 G. van Imhoff.
1750–61 J. Mossel.
1755 Hamangku Buwana I.
1757 Mangkunagara.

Ing wiwitane abad kang kaping 18 ing Bêtawi akèh bangêt Cinane. Ora antara suwe wong Cina mau akèh sing angguran; ing kutha Bêtawi lan wêwêngkone kêrêp ana rêrusuh.[9]

Nalika adêge kutha Bêtawi akèh wong Cina kang diboyongi saka Bantên mênyang Bêtawi kanggo ngrêjakake kutha, awit wong Cina mau srêgêp lan pintêr gêgawean. Sêsanggane diènthèngake, supaya Cina liyane padha kêpengin gêlêm manggon ing kono.

Wasana ing wiwitane abad 18 duga-duga ing sajroning kutha bae ana jiwa Cina 60.000 lan ing wêwêngkon Bêtawi 40.000. Dene kang dadi pangupajiwane: nênukang, adol gula, tèh, nganti akèh kang bisa dadi sugih.

--- [76] ---

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101): Citra 4 dari 7
Dalême Gouverneur-Generaal ing Bêtawi

--- 77 ---

Ewadene suwe-suwe ing Bêtawi saya akèh Cina kang ora duwe panggaotan, gawene mung ngêmis, malah ora sêthithik kang gêlêm nindakake kadurjanan.

Kang ndadèkake ora trimane wong Cina iya iku:

1. Dhawuhe G. G. van Swol (1713–1718) bab rêganing tèh Cina.

Têkane Cina saka ing nêgarane padha nunut prau kang momot tèh didol marang V.O.C. Barêng para Bewindhebber rumangsa ora pati akèh kauntungane ênggone dagang tèh, G. G. mau banjur namtokake yèn tèh wêton nagara Cina, kang maune diajèni 60 rupiyah ing sadhacine, ing sabanjure bakal dirêgani 40 rupiyah. Têmahan nuli ora ana prau momot tèh têka ing Bêtawi. Saka pangudining G. G. Zwaardekroon wiwit ing taun 1722 ana prau momot tèh manèh.

2. Ing taun 1706 wis ana anggêr nglarangi wong Cina têka ing Bêtawi tanpa panggaotan. Wiwit taun 1722 parentah dhawuh nggawa Cina kang tanpa panggaotan mênyang Ceylon, Bandha utawa Kaap de Goede Hoop. Mung kang duwe layang pratandha idining prentah, kêna lêstari manggon ing tanah Jawa. Ewadene ing Bêtawi ora êntèk-êntèk Cinane kang angguran sarta gawe rêrusuh.

Wusana ing taun 1740 G. G. Valckenier nêmtokake putusan: sakèhing Cina kang sakira nyumêlangi, sênadyan duwe layang pratandha, kudu dicêkêl kalêbokake ing kunjaran, pêrlu katitipriksa. Cina mau yèn ora duwe panggaotan kudu digawa mênyang Ceylon, diwènèhi pagawean nggarap kêbon manis jangan.[10]

Para punggawa kang nindakake dhawuh mau, padha golèk kasil; sênajan Cina sugih padha diancam arêp dikirimake mênyang Ceylon, supaya mêtu bêsêle. Wêkasan dikabarake yèn karêping parentah nêdya numpês Cina kabèh. Cina padha sêrik lan miris atine akèh kang lunga saka kutha, klambrangan gawe rêrusuh malah nganti wani nêmpuh kutha.

Wong Walanda saya giris barêng krungu warta yèn kraman sajabaning kutha sêkaitan karo kang ana ing jêron kutha, pratandhane dene padha tandho gêgaman lan nyingkirake anak bojone; besuk yèn ana omah kobong, Cina ing jaban kutha lan ing jêron kutha bakal bêbarêngan nêmpuh. Dumadakan sawijining dina ana omah kobong têmênan.

Bangsaning Walanda arahan dibiyantu para matrus sarta saradhadhu apadene wong Jawa lan batur tukon banjur padha tumandang ngiras malês ukum marang pangrusake Cina. Gênining omah kang kobong diubal-ubal, sakèhing Cina kang ora bisa oncat padha dipatèni, barang darbèke dijarah rayah. Nganti 7 dina suwene mung mangkono bae kaanane. Omah kang kobong ana 600, Cina kang dipatèni kira-kira 10.000.

Prentah ing Bêtawi nguningani pangrusak kang nggêgirisi iku nanging kèndêl bae. Para prajurit mèlu gawe rusuh ora dilarangi. Malah nalika lagi ana era-èru iku G. G. Valckenier dhawuh

--- 78 ---

matèni sakèhing Cina kang ana ing pakunjaran. Barêng ing kutha wis rada têntrêm Parentah ngundhangake pangapura marang Cina, kang gêlêm masrahake gêgaman. Akèh kang gêlêm manut, nuli diwènèhi panggonan ing jaban kutha dadi sakampung.

Cina kang padha oncat saka Bêtawi lan Cina ing liya panggonan, ngumpul dadi baris gêdhe, ngêpung kutha Sêmarang. Sunan Paku Buwana II mbiyantu marang Cina, awit digalih Cina bakal bisa nglungokake Walanda, lan banjur dhawuh nêmpuh bètèng Walanda ing Kartasura. Para upsir ana ing kono padha dipatèni.[11]

Ing sawuse wong Walanda ing Sêmarang olèh bantu saka Bêtawi, wong Cina kêplayu. Wong Madura uga mbiyantu marang V.O.C. Dhèk samana Sunan Mataram sumêlang yèn bakal tampa piwalêse V.O.C. mulane enggal ênggone minta pangaksama.

Para priyagung Jawa kang sêngit marang Walanda lêstari mbiyantu Cina, dadi mungsuh ratune dhewe. Kartasura ditêmpuh, Paku Buwana II kèngsêr. Banjur Radèn Mas Garêndi, wayahe Sunan Mas kajumênêngake ratu, ajêjuluk Mangkurat V, nanging katêlahe sinêbut Sunan Kuning.[12]

Parentah Bêtawi nuli nglakokake bala mênyang Kartasura. Kêbênêran dene kraman Jawa êcrah lan kraman Cina, dadi gampang ênggone nungkulake. Mas Garêndi dibuwang. Kratone Paku Buwana II banjur diêlih mênyang desa Sala, kang nuli dijênêngake Surakarta Adiningrat. Pulo Madura lan tanah Jawa pasisir lor banjur dipasrahake marang V.O.C.[13]

Surasane prajangjian ing taun 1743 mangkene: Sunan Paku Buwana ngakêni yèn ênggone lêstari ngrênggani kaprabon iku mung saka kawêlasane V.O.C.[14]

Barêng Cakraningrat ing Madura tampa dhawuh yèn nêgarane dipasrahake marang V.O.C., bangêt ing pambangkange, malah ngêjègi tanah Madura sisih kulon, lan tlatah-tlatah ing tanah Jawa Wetan. Têmahan dipêrangi ing V.O.C. Ora lawas Cakraningrat kêcêkêl, dibuwang mênyang Kaap de Goede Hoop. Putrane diangkat bupati dening V.O.C. ngêrèh Madura kang kulon.

Tanah wêwêngkoning Bêtawi nalika ana kraman bangêt karusakan. Dhèk sêmana kang jumênêng Gouverneur-Generaal Baron Van Imhoff (1743–1750) iya iku priyagung kang srêgêp lan cakêp ing gawe. Saka pêngudine Van Imhoff tanahe bisa rada rêja manèh.

Nalika taun 1744 Van Imhoff pêpriksa mênyang wêwêngkoning Bêtawi nganti têkan ing pagunungan. Sawusing pêpriksa, kêrsane G. G. van Imhoff, tanah-tanah kang bêra arêp disewakake utawa digadhèkake, karêbèn mêtu kasile. Wong kang nggadhe utawa nyewa tanah bakal olèh wêwênang sarta pangayoman saka Parentah, nanging wulu wêtune kudu didol marang V.O.C., rêgane ditêmtokake ing Parentah.[15]

--- 79 ---

Van Imhoff dhewe nuladhani, mbukak tanah ing sukune gunung Salak, sarta ana ing kono ngêdêgake pasanggrahan dijênêngi Buitenzorg (1744). Para Bewindhebber nuli nêtêpake yèn Buitenzorg katêtêpake dadi pasanggrahane para Gouverneur-Generaal. Kêjaba saka iku Van Imhoff nêkakake wong saka nagara Walanda kang pancèn baku tani.

Banjur pranatan kang ndadèkake kapitunane wong Jawa disuwak, yaiku yèn pamêtune kêbon kopi kakehan, kêbon mau dibabadi amrih undhaking rêgane kopi. Tindak mêngkono iku dilarangi, nuli G. G. van Imhoff nêmtokake kèh sathithiking kopi kang dadi ladèn marang V.O.C.

Van Imhoff sawise njajah tanah Jawa Têngah sarta Wetan, nuli ngarang layang palapuran kang maedahi bangêt ingatase Parentah.

Ing ngisor iki kacarita bab prang lan rêribêde V.O.C. sarta Mataram kang marga saka kurang wêwekane tindake Van Imhoff.

Nalika G. G. van Imhoff ana ing Surakarta ing wêktu sêmono Pangeran Mangkubumi lagi sêsêrikan karo kang raka Kangjêng Sunan. Saka karsane van Imhoff arêp ngelingake marang sang pangeran nganti kêwêtu sêrênge ana ing pasamuan, andadèkake bangêt sêrike Pangeran Mangkubumi, awit rumangsa bênêr, kok malah disrêngêni. Ing saundure saka pasamuan sang pangeran trus lolos saka nagara, ngimpun bala sarta banjur gandhèng karo Radèn Mas Said, kang ing wêktu iku wis madêg kraman. Priyagung sêkarone wis sêkuthu ngraman marang Sunan Paku Buwana II. Ing taun 1749 kraman surung kêna disirêp, banjur Kangjêng Sunan seda, iku saya andadèkake kisruhing nagara.[16]

Nalika Paku Buwana II isih gêrah, van Hogendorp, Gouverneur ing pasisir lor, ditimbali, dingêndikani bab orêging nagara. Dadining rêmbug karajan Surakarta dipasrahake babarpisan marang V.O.C. Dadi ing satêmêne wiwit taun 1749 para ratu Jawa wis ora kagungan bumi. Sanajan saka karsane kang rama Pangeran Adipati Anom wis ora duwe wênang marang karajan Surakarta, nanging Sang Pangeran mêksa kajumênêngake nata dening van Hogendorp, mung bae ênggone jumênêng mêngku nagara dumunung anggadhuh.[17]

Para priyagung ing Surakarta akèh kang ora lila ing ati barêng krungu yèn tanah Surakarta dadi darbèking V.O.C., banjur padha mbalik ngiloni Pangeran Mangkubumi.

Sadurunge P. Adipati Anom jumênêng Paku Buwana III, Mangkubumi wis ngaku jumênêng ratu ana ing Banaran.

Sarèhne P. Mangkubumi kumpul lan R. M. Said, dadi santosa bangêt, nganti bisa ngêlun luwih saparone Mataram. Paku Buwana III ora kagungan wragad sarta prajurit ora

--- 80 ---

bisa lumawan pêrang, dadi anane mung mangsa bodhoa marang V.O.C. Pêrange kraman lan Compagnie gênti unggul gênti kasoran, wusana ing taun 1751 P. Mangkubumi bisa ngalahake prêjurit Compagnie ing sacêdhake kali Bagawanta. De Clerq senapatining prang kêpupu ing ngadilaga. Sang pangeran banjur nglakokake bala mêngalor nêlukake Pêkalongan malah mèh nglojok jajahan Compagnie.

Parentah ing Bêtawi sumêlang bangêt, nuli nyantosani prajurit, wasana Mangkubumi kêpêksa mundur, mubêt ana ing wêwêngkon Mataram.

Ora antara lawas P. Mangkubumi êcrah lan R. M. Said nganti padha pêpêrangan dhewekan, awit R. M. Said duwe pamelik arêp jumênêng sunan dhewe.[18]

Prakara iku kang ndadèkake kamayarane V.O.C. ewadene parentah iya mêksa rada wêgah; utawa manèh sarèhne ngeman rusaking nagara lan wong cilik, mulane G. G. Mossel rujuk lan karêpe van Hogendorp, para panggêdhening kraman arêp dirukun bae, dicuwilake tanah Mataram. Ing taun 1754 G. G. Mossel tindak mênyang Sêmarang rêrêmbagan lan Kangjêng Sunan, ing bab ênggone arêp merang karajan Mataram. Paku Buwana manut bae, awit ora ana kang diêndêlake.

Kêlakon van Hogendorp bisa rêmbugan lan priyagung sêkarone kang ngraman, nanging ora kêdadean. Kang gumanti Gouverneur Harting iku bisa angon mangsa. Sarèhne Mangkubumi lan R. M. Said tansah mêmungsuhan, mangka R. M. Said kêgêdhèn panjaluk, mulane tumrape Harting gampang bae ênggone bêdhami karo Mangkubumi.

Ing taun 1755 Sang Pangeran Mangkubumi bêdhami lan Compagnie sarta Kangjêng Sunan ana ing Giyanti.[19] Putusing bêdhami sang pangeran kajumênêngake ratu ngêrèh saparoning karajan Mataram, nanging kudu nêtêpi prajangjiane karo Compagnie. Sang Pangeran Mangkubumi banjur akadhaton ing Ngayogyakarta Adiningrat jêjuluk Sultan Hamangku Buwana I, senapati ing Ngalaga Abdulrahman Sayidin Panatagama Kalipattullah.[20]

Wiyosane malêm Rêbo Pon kaping 27 Ruwah Wawu windu Sêngara taun 1641 sinêngkalan "Janma karya wayanganing rat," utawa kaping lima malêm 6 Agustus 1717.

Mungguh luhuring panggalihane sang prabu dicritakake ing layang Rajaputra, mêngkene:

(Sinom)

brataning galih sang nata | tansah olah jayèng jurit | atiti prana niskara | surambêg putus mikat sih | muja suraning dasih | pinrih samya grêgêtipun | sura asmarèng laga | mêmêthèk kang wus wiradi | sinakayun dinadar boga busana ||

sinuksma gung balatantra | panglêmbananira ngênting | kongas ing prabawa nata | murba prabaning mêmanis | mawênês ing prajasri | asri rasaning rum-arum | sumiram martèng wadya | warata èsthining dasih | srah susêtya rena lir manggih suwarga ||

warga gung gambira samya | sumyak tejaning nayadi | adining kawirotaman [kawiro...]

--- 81 ---

[...taman] | tumamèng karya narpati | ketang sihnya sang aji | lumrah kang bala wadya gung | galaking parangmuka | tanah ing liyan nagari | myang ing manca kêkês samya mèstudeya ||

Ing layang Rajaputra kono uga nyêbutake krêsanane sang prabu: dhahar sêga pulên wangi, jangan loncom tanpa santên, bubuk dhêle lan têmpe gêdhe ginorèng. Kang minangka dhaharan (panganan): kêtan êntèn-êntèn, lêmpêr iwak pitik, kêtan kolak gêdhang raja.

Dadi mung sarwa gampang tur murah nanging mirasa.

Tanah wêwêngkoning praja Kasunanan lan Kasultanan dhèk sêmana ora dadi siji kaya saiki; jalaran lêmah lênggahe priyayi ing Surakarta lan Ngayogyakarta padha pating plêncat lan ora silah. Wêwêngkoning karajan karo-karone kêna kabedakake dadi têlung warna: 1. Nêgara yaiku kutha karajan; 2. Nêgara gung, tanah sakiwatêngêne nêgara lan 3. Mancanêgara. Kanggo lumrah lêmah lungguhe para punggawa iku ana ing nêgara gung, ana siji loro kang ana ing mancanêgara. Tanah mancanêgara mau dipênggêdhèni bupati kang banjur kêna sanggan pajêg marang sang prabu. Barêng kabupatèn-kabupatèn urut pasisir kalilakake marang Kumpêni, nganggo diijoli pajêg pabandaran (strandgelden), tanah Kêjawan mung kari:

I. Kutha Surakarta lan Ngayogyakarta, II. Nêgara gung iya iku: 1. Mataram = Ngayogyakarta, 2. Pajang = Surakarta sisih kidul-kulon, 3. Sukawati = Surakarta sisih lor kulon lan III. Mancanêgara, yaiku Banyumas, Mêdiyun, Kêdhiri, Japan = Surabaya sisih kidul kulon, Jipang = Rêmbang sisih kidul wetan, Grobogan lan tanah cilik-cilik sawatara.[21]

Murih dhamange silahing tanah Kêjawan karone diwujudake gambar, kamot ing buku Klêpu, panggawene ana ing desa Klêpu dhèk tanggal 26 Sèptèmbêr 1757, nanging buku iku ilang, mulane banjur ndadak gawe manèh ana ing Sêmarang (2 Novèmbêr 1773). Kamot ing layang kang dijênêngake "Semarangsche legger".

Sajrone paprentahane Sultan Swarga, Ngayogyakarta dadi karta raharja, nganti karusakane nalika paprangan wis pulih ora ana labête. Tumêkaning seda, Sinuwun Hamêngku Buwana I lêstari bêcik karo Kumpêni. Bangsa Jawa ngluhurake bangêt karo panjênêngane lan ngalêm marang kasêtyan lan kasudirane, nanging marga sugênge iku kêrêp ngrêkaos ing galih, banjur rada nêmahi watêk brangasan sêthithik. Kêrêp bangêt pradondi prakara watês karo karaton Surakarta. Dene lêrême marga ananing watês anyar ing taun 1773. Tangkêbe karo Pangeran Mangkunêgara, yaiku putrane mantu, rada kurang bêcik. Luwih-luwih wiwit taun 1763 saploke Kangjêng Sultan mindhahake putrane (Kangjêng Ratu Bêndara) karo kangjêng pangeran. Banjur kêrêp bangêt padha êjèg-ingêjegan rêbutan bawah nganti angèl pisah-pisahane, marga prêkara ênggone padha pasrahan punggawa kang padha alihan bêndara, banjur padha pêrang manèh. Kêjaba iku Pagneran Mangkunêgara ora sagêd ngapura marang Sultan Hamêngku Buwana I marga garwane dipundhut bali mau. Dene kangjêng sultan ndakwa, yèn Pangeran Mangkunêgara gawe rusuh ana ing bawah kasultanan. Kangjêng susuhunan ing Surakarta ngeloni Pangeran Mangkunêgara. Pêrange iku nganti têkan taun 1777. Wiwit taun iku tangkêpe Sultan Swarga marang Kangjêng Sunan lan Pangeran Mangkunêgara katon bêcik.[22]

Kacarita R. M. Said isih mbanjurake pêrange, nanging suwe-suwe ora bisa lawan, awit dibut prajurit V.O.C. lan balane Sultan Hamêngku Buwana.

Barêng kêpèpèt, ing taun 1757 gêlêm bêdhami ana ing Salatiga; R. M. Said kacuwilake karajan Surakarta, kajumênêngake

--- 82 ---

Pangeran Adipati, jêjuluk Mangkunêgara, ngêrèh tanah Kêduwang lan Wanagiri, nanging iya nganggo prêjangji mbangun miturut marang V.O.C.

Nalika V.O.C. lagi nêngah-nêngahi pêrang lan kraman Surakarta, yaiku ing taun 1750, ing Bantên ana kraman uga; mungguh kang dadi jalarane mangkene. Wiwit ing taun 1733 kang jumênêng ing Bantên Zeinu'l Arifin. Iku panggalihane ora kukuh, nganti kêna diêpak ing garwane trah Arab, asma Sarifah Fatimah. Karêpe Fatimah arêp mikolèhake kaponakane asma Sarif Abdu'llah, kang wus kapundhut mantu sarta kaangkat pangeran dening Sultan Zeinu'l Arifin. Nadyan wus katêmtokake mawa kasaksenan ing Compagnie, yèn kang kawênangake gumanti jumênêng ratu, putrane Kangjêng Sultan kang wus kaangkat Pangeran Gusti, ewadene Sarifah Fatimah ora gumingsir. Saka pangojok-ojok lan wêwadule Fatimah, Sultan ing Bantên nganti kalimput, duwe panjaluk marang Van Imhoff supaya Sarif Abdu'llah kênaa kajumênêngake Adipati Anom, dene Pangeran Gusti bakal kalorod.[23]

Barêng Pangeran Gusti krungu pawarta kang mêngkono iku, enggal-enggal nyuwun pangeyuban mênyang Bêtawi. Saking pintêre Fatimah lan sumêlange V.O.C. bokmanawa bakal kêpêksa pêrangan manèh yèn ora nurutana karsane Sultan Bantên lan Fatimah, murih katêntrêmaning nagara sang pangeran gusti disingkirake mênyang Ceylon.

Lêt sataun Sultan Bantên kaya-kaya gêrah èngêtan, Sarifah Fatimah age-age mitêmbung marang Van Imhoff, supaya nglèrèhana K. Sultan. G. G. Van Imhoff mituruti, Sultan Bantên banjur dikendhang dibuwang mênyang Ambon, ora lawas seda ana ing kono.

Sakendhange Sultan ing Bantên, kang ngêrèh nagara Fatimah kabantu ing Sarif Abdu'llah. Sarèhne pangrèhe sawênang-wênang, tur wong Bantên kang dipanggêdhèni Ki Tapa lan Ratu Bagus, êmoh diratoni ing priyagung kang dudu darah Bantên, dadi ora suwe banjur ana kraman. Compagnie têtulung nguruni prêjurit, nanging kalah, awit kraman pancèn santosa.[24]

Nalika nêdhêng-nêdhênge geger-gegeran ing Bantên iku G. G. Van Imhoff seda. Saka pamanggihe G. G. Mossel, Sarifah Fatimah utawa Sarif Abdu'llah pancèn ora nduwèni wajib jumênêng ratu, mulane pangeran gusti bakal dikundurake dibiyantoni V.O.C. bisane jumênêng sultan.

--- 83 ---

Ing taun 1750 Fatimah lan Sarif Abdu'llah kêcêkêl kabèh sarta banjur padha dikendhang.

Pangeran Arya Adi Santika, kang rayi Sultan Zeinu'l Arifin katêtêpake dadi sultan, ajêjuluk: Abu'l Maali Mohamad Waçiu'l Halimin, nanging nalika jumênêng iku nganggo prajanjian yèn ênggone jumênêng mung nggadhuh, malah tanah Lampung banjur dadi darbèking V.O.C.

Prakara iku isih ndadèkake kraman manèh: Ki Tapa lan sagolongane wong Bantên, kang ora gêlêm rujuk lan wong Walanda, ora narimakake. Pangeran Bagus Buang diangkat jumênêng ratu, mêrangi Arya Adi Santika, pangeran gusti lan V.O.C., nanging suwe-suwe Ki Tapa kalah.[25]

Ing taun 1753 ing Bantên wis têntrêm. Pangeran Arya Adi Santika sèlèh kêprabon marang pangeran gusti kang banjur ajêjuluk Abu'n Natsar Mohamad Arif Zeinu'l Açekin. Ratu anyar iku nalika jumênênge iya nganggo nganyarake prajangji kayadene prajangjiane Sultan Adi Santika lan V.O.C.

Bab 14. Kaanane V.O.C. Ngarêpake Ambruke 1757–1800.

Ing sasirêpe kraman Mataram lan Bantên, ing tanah Jawa têntrêm, kang isih orêg mung ing Blambangan, marga saka panggawene wong ing Bali lan turune Surapati. Sarèhne ing wêktu iku wus ana wong Inggris kang dêdagangan ing kono, V.O.C. sumêlang yèn tanah bang wetan bakal dirukun, mulane banjur nglurugake bala mrono. Wiwit ing taun 1772 orêging Blambangan wis sirêp.

Dadi satanah Jawa ing jaman iku wis kêlakon kawêngku ing Compagnie kabèh. V.O.C. jumênêng maharaja, sakèhing mungsuhe padha dipunthês, kira-kira wis ora bakal mbêbayani, ora abot sanggane. Nanging mungguh sranane kang kanggo munthês iku ing jaman wêkas-wêkasan wis dudu kasêntosaning wadyabala thok, uga nganggo akal kajuligan, mratandhani yèn V.O.C. êntèk kakuwatane, kaya kang dicritakake ing ngisor iki.

Sabakdane jaman pêpêrangan ing tanah Jawa, saya suwe saya katon yèn Compagnie bakal ambruk. G. G. Mossel (1750–1761) lan Van der Parra (1761–1775), apadene para G. G. kang padha gumanti yaiku van Riemsdijk (1775–1777), de Klerk (1777–1780)

--- 84 ---

padha mbudidaya ngêntèkake akal, murih tuluse V.O.C., nanging ngrêkasane tanpa pituwas, Compagnie wis ora kêna digendholi.

Nalika sêmana ing tanah Jawa malah wiwit têntrêm, awit wis ora ana pêpêrangan, sarta Compagnie tansah nglêstarèkake bisane tansah mêmitran karo Kangjêng Sunan lan Kangjêng Sultan. Kang iku V.O.C. suthik cawe-cawe ing bab paprentahan ing Kêjawan. Sanajan tindake para ratu Jawa kêrêp ndadèkake kapitunane wong cilik, nanging Compagnie trima mênêng, awit pancèn ora ngrêmbug marang bêgja cilakane wong bumi. Yèn kadhangkala Surakarta lan Ngayogyakarta padha gèsrèk prakara watêsing nagara, V.O.C. iya ora gêlêm mèlu-mèlu.[26]

Jajahane ing sajabane tanah Jawa ing wêktu iku V.O.C. iya ora pati bisa ngrêmbug, wasana suda kuwasane. Ana ing Indhu ngarêp kuwasane wong Inggris saya gêdhe. Malah ana ing Bênggala kuwasane ngungkuli V.O.C.[27]

Kêrêp bae wong Walanda lan wong Inggris ana ing kono padha grêjêgan, malah têrkadhang nganti dadi pêrang. Sarèhne V.O.C. kalah kuwasa, wasana kantor-kantore ing Bênggala kudu nganggo diawat-awati ing wong Inggris.

Ana ing Ceylon V.O.C. kêrêp sulaya karo raja ing Kandhi prakara padagangan manis jangan lan pandumaning bêbathèn, nanging rahayu isih bisa têrus panguwasane. Ana ing Pèrsi V.O.C. ora bisa têrus dêdagangan. Padagangan ing Sumatra pasisir kulon lan wetan ora bisa ngolèhake kauntungan kang mèmpêr marang V.O.C., samono uga padagangan ing Borneo. Ana ing kapuloan Moloko V.O.C. iya isih lêstari olèh dagangan bumbon crakèn, nanging saya katon yèn suda-suda.

Sarèhne Compagnie kaya mangkono kaanane, ora lawas masthi bakal ambruk. Kêbarêngan tanah Walanda banjur pêrang lan Inggris, iku kang nyêngkakake ambruke V.O.C., awit V.O.C. wis ora bisa ngukuhi jajahan ing Asia, marga saka kuranging prajurit, mangka ora bisa olèh bantu saka nagara Walanda. Kantor-kantor ing Indhu ngarêp tiba ing tangane wong Inggris. Jajahan ing Sumatra pasisir wetan lan kulon kêna dirêbut ora nganggo bisa lawan.[28]

Kaanane V.O.C. ing nagara Walanda luwih rêkasa tinimbang ing tanah Indhiya. Prau-prau kang saka Indhiya akèh kang padha dirampas dening wong Inggris. Saking kêkêsing ati nganti ora ana prau dagang kang wani mingsêd saka pêlabuhan. Dadi laku dagang mandhêg babarpisan. Ing Bêtawi ora ana prau têka anggawa prajurit, gêgaman utawa dhuwit, utawa njupuk dagangan, nganti sakèhing gudhang-gudhang padha kêbak tandhon, saking suwene ana ing simpênan nganti padha bubruk, mulane yèn ana prau saka nagara liya kang gêlêm kulak dagangan murah-murahan bae, parentah ing Bêtawi wis rumangsa bungah.

Nganti têlung taun lawase tanah Indhiya ênggone karibêdan mangkono iku, wasana ing taun 1784 pêrange nagara Walanda lèrèn. Miturut prajangjiane bêdhami: Compagnie ora kêna

--- 85 ---

mbanjurake bêdhami monopolie ing tanah Indhu, wong Inggris ora kêna dilarangi ênggone dagang layar ana ing kono.[29]

Ing sabakdane pêrang V.O.C. saya katon ngrêkasane, ing taun 1791 kêcupêtan 96 yuta, mangka arêp golèk utangan wis ora ana kang ngêndêl.

Mangkana iku kaanane V.O.C. nalika nagara Walanda lagi jaman dahuru, wiwit taun 1795 nagara Walanda banjur kêcêkêl ing para kraman ing Frankrijk, mangka nagara Frankrijk mungsuhan karo Inggris. Awit saka iku tanah Walanda iya mèlu mungsuhan karo nêgara Inggris.

Kacarita Willem V, Stadhouder ing tanah Walanda in[30] sajroning jaman dahuru mau sumingkir mênyang tanah Inggris. Dene V.O.C. saka panêmune Willem V luwih bêcik dititipna dhisik mênyang wong Inggris supaya aja kêcêkêl ing para kraman Walanda, awit yèn wis kêcêkêl ing para kraman bisa uga dirêbut ing krajan Inggris (Layang saka Kew.), nanging panimbang iku ora digugu, mulane V.O.C. sida dipêrangi karajan Inggris.

Wiwit taun 1796 jajahane V.O.C. mèh kabèh, kêjaba tanah Jawa lan Têrnate, klakon dirêbut Inggris.

Wasana ing taun 1799 V.O.C. ambruk, dibubarake, barang darbèke diliyêr ing Parentah Walanda kang lagi têtêp anyar.[31]

--- [86] ---

[...]

--- [87] ---

Perangan kang katêlu.

Babad Jawa wiwit ambruke V.O.C. tumêka saprene. 1800–1928.

__________

Bab 1. Tanah Indhiya Wiwit Adêge Bataafsche Republiek Tumêkane Jaman Daendels. Jumênênge G. G. Overstraten (1796) 1800–1801, Siberg, Wiese lan Daendels 1808–1811.

Ing saambruke V.O.C., tanah Indhiya kacêkêl ing parentah praja Walanda (Bataafsche Republiek), nanging mungguh pranatane pêprentahan wiwitane ora owah, sakèhing punggawa dilêstarèkake pangkate lawas, mung bae salin bêndarane, yaiku parentah praja Walanda.

Ing jaman iku Parentah Walanda duwe karêp mbêcikake pangrèhing tanah Indhiya; nanging mungguh ing rekane isih rêkasa, awit ing Bataafsche Republiek panêmune para pintêr gèsèh-gèsèh. Ana sarjana loro maune padha dene panggêdhening Compagnie, nanging karêpe malah kosokbalèn. Sing siji, kang aran Mr. Nederburgh, maune Commissaris-Generaal, karêpe nglêstarèkake monopolie lan pranatane V.O.C. liyane, punggawaning nêgara uga ngiras dadi sudagar. Sijine aran van Hogendorp kang maune dadi Gezaghebber ing tanah Jawa Wetan, duwe karêp misahake pêprentahan karo dagang lan manèh nêja nyuwak monopolie. Sêsanggan pêksan lan gugur gunung arêp diilangake. Van Hogendorp uga bangêt panyuwune marang Parentah Walanda, supaya pêprentahaning tanah Indhiya bisa bêcik, pangadilan bisaa sabênêre, apadene supaya wong pribumi diparingana lêmah dhewe-dhewe (individueel grondbezit).

Parentah Walanda banjur nganakake Commissie, kang dipatah gawe rancangan mungguh ing pêprentahan tanah Indhiya.

Wasana ing taun 1805 panêmune van Hogendorp dianggêp ing Parentah Walanda. Mung bae wong kang diutus supaya anindakake pêprentahan mau, ora bisa têkan ing tanah Indhiya, nuli didhawuhi mulih, awit kêtungka owahing pêprentahan ing tanah Walanda.

Kacarita ing tanah Walanda wiwit taun 1806 Bataafsche Republiek salin dadi karajan, kang jumênêng ratu Lodewijk Napoleon, sadhèrèke Keizer Napoleon ing Frankrijk. Mangka Sang Keizer bangêt sumêlange yèn tanah Indhiya bakal dirêbut ing karajan Inggris, mulane Lodewijk Napoleon kêpêksa nêtêpake Gouverneur-Generaal kang awatak senapati, miturut dhawuhe Keizer Napoleon. Kang dipilih Mr. H. Daendels.

--- 88 ---

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101): Citra 5 dari 7
G. G. Daendels yasa dalan gêdhe

Mungguh kaanane tanah Indhiya ing nalika iku kalêbu raharja. G. G. van Overstraten rumêksa bangêt marang tanah Jawa, Bêtawi disêntosani. Klakon wong Inggris nêmpuh Bêtawi nanging kêna dibalèkake. Lakuning têtanèn ing tanah Jawa sêmpulur; kang akèh pamêtu kopi lan têbu.[32]

Sarèhne isih nêngah-nêngahi jaman pêrang dadi wulu wêtune tanah Jawa, yaiku: kopi, gula, kapas l.s.p. ora kêna dikirimake mênyang nagara Walanda, nanging malah kêbênêran, awit dagangan tanah Jawa banjur dikulak bangsa liya (Denemarken, Amerika) ana ing tanah Indhiya kene, dadi sing padha bathi para sudagar ing tanah Indhiya dhewe, dudu sudagar ing nagara Walanda.

Tanggal 1 Januari 1808, G. G. Daendels rawuh ing tanah Jawa. Miturut unining kêkancingane Gouverneur-Generaal kabawah marang Minister van Koloniën, nanging sarèhne lagi nêngah-nêngahi pêrang, lan tanah Jawa tansah dinganglangi wong Inggris, dadi G. G. Daendels prasasat madêg dhewe. Sanajan Gouverneur-Generaal iku mêsthine kudu nganggo rêmbuge Raad van Indhie, nanging yèn prakara pêrang, G. G. Daendels ora gêlêm tarèn marang Raad van Indhie, kang digugu mung karêpe dhewe, malah dalasan prakara paprentahan, apa sing dikarêpake, iya kudu klakon, dadi panguwasane prasasat tanpa wangênan.

--- 89 ---

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101): Citra 6 dari 7
G. G. Daendels yasa dalan gêdhe

Saking kêncênging kêkarêpan lan kawicaksanane, sajrone dadi Gouverneur-Generaal ing dalêm 3 taun, wis akèh lêlabuhane, mung kuciwane sok kurang wêlasan.

Ing sajumênênge Daendels enggal mêrlokake pananggulanging mungsuh ana ing tanah Jawa.

Kèhing prajurit diundhaki sarta diajari têmênan. Sarèhne ora bisa olèh kiriman prajurit bangsa Walanda, banjur golèk wong pribumi kang gêlêm angkil, sakèhing batur tukon kang sakira kuwat, anggêr gêlêm dadi saradhadhu, banjur dimêrdikakake. Daendels kêncêng bangêt panyêkêle paprentahan militair, nanging uga nyêmbadani panyuwune saradhadhu, dadi ora kaya jaman V.O.C. Sarèhne ora bisa olèh pitulungan saka tanah Walanda, apa kabutuhaning prajurit ing tanah Jawa dianakake dhewe, kaya ta: pabrik gêgaman ing Surabaya, pabrik mriyêm ing Sêmarang, rumah sakit saprabote, sêkolahan kadhèt (magang opsir). Kajaba iku ing Surabaya didêgi bètèng lan ing Bêtawi disêntosani bangêt.

Sarèhne parentah ing tanah Indhiya ora duwe eskader, kêrsane Daendels arêp yasa dhewe ing sakuwasane.[33]

Ora antara lawas tanah Indhiya wis duwe prau 45, sênajan cilik nanging kukuh-kukuh lan rikat lakune. Dene prau-prau mau gunane kang gêdhe digawe mêrangi bajag.

Sarèhne wis ana eskader, kêrsane Daendels arêp gawe pêlabuhan pêrang kang sêntosa, kang dipilih: sunglon Meeuwenbaai (Cimayang).

--- 90 ---

Barêng wis sawêtara ing panggarape lan toh nyawa akèh, mangka ora maju pagaweane, banjur ngalih sunglon Mêrak, kang arêp didadèkake pêlabuhan, nanging mêksa ora kadadean, marga saka kangelaning panggarape. Dene pêlabuhan kang sida dadi, yaiku pêlabuhan ing Surabaya. Mungguh panggarape sakèhing pêlabuhan mau iya srana nindakake gugur gunung (= pagawean tanpa bayaran).

Dalan gêdhe saka Anyêr têkan Panarukan, kang tumêkane saiki isih aran dalan Daendels, iku pêrlune pancèn kanggo anggampangake ênggone ngukuhi tanah Jawa, apadene uga anggampangake bab lakuning dagangan.[34]

Dalan gêdhe mau kêna kanggo tandha sêksi kakêncênganing karsa lan kakêrasaning galihe G. G. Daendels; ingatase dalan 600 pal (±1.000 K.M.) rampung ing dalêm sêtaun; kang maune lakon 40 dina banjur kêna dilakoni ing dalêm 6½ dina. Panggawene dalan mau uga srana nindakake gugur gunung. Sarèhne dalan iku lakune urut pasisir, nrajang rawa-rawa lan ana kang urut papèrènging gunung, dadi panggawene rêkasa bangêt, wong kang mati tanpa wilangan, ewadene Tuwan Daendels ora keguh, dalan mêksa dirampungake. Marga saka anane dalan Daendels, kutha-kutha akèh kang dadi rêja, awit gampang bisane lêlawanan dagang lan papan liyane. Wulu wêtuning padêsan gampang panggawane mênyang kutha-kutha. Ing sauruting dalan iku sabên lêt sapos didêgi papan palerenan, ngiras êndhêg-êndhêgan kreta post, pêrlu salin jaran. Dadi sanajan dalan Daendels iku ngrêkasa panggarape lan toh jiwa akèh, nanging kurup lan paedahe.

Para Gouverneur-Generaal sadurunge Daendels ora bisa nyirnakake tindak kaculikaning para punggawa, nanging saking kêncêng lan kêrase G. G. Daendels kang mangkono mau bisa sirna. Daendels ngrêti yèn culikane para punggawa, marga saka kurang cukuping blanja. Para punggawa padha diundhaki blanjane, nanging iya mung banjur mligi nampani blanja thok, ora bisa olèh blêdug kaya maune. Supaya gampang ênggone mriksa lêbu wêtuning dhuwit Daendels nganakake Algemeene Rekenkamer (Kantor pangetungan lêbu wêtuning dhuwit). Ing sakawit para punggawa bangsa Walanda utawa bangsa pribumi padha bisa nindakake gugur gunung kanggo kabutuhane dhewe, nanging wiwit jamane Daendels kang mangkono mau babar pisan ora kêna. Bayaran saka parentah mênyang wong cilik kang nganggo lumantar marang punggawa bangsa pribumi iku ndadèkake bangêt kapitunaning wong cilik. Barêng Daendels ngrêti, pranatan lantaran iku disuwak, tampane dhuwit wong cilik têrusan saka kantor Gupêrmèn. Yèn ana punggawa kang mêksa isih culika, abot bangêt ukumane, apêse didhêndha akèh, munggahe manèh marang dicopot, malah ana kang têkan ukum kisas.[35]

Wiwit kawitan mula tanah-tanah kang kacêkêl ing Walanda

--- 91 ---

padha diwajibake ngladèkake wulu wêtu kanthi pêpulih murah-murahan (Contingenten-stelsel).[36]

Pranatan kang kaya mangkono iku ngrêkasa bangêt ingatase wong pribumi, ewadene nalika jamane Daendels isih diabotake manèh.

Jêmbaring kêbon kopi ditikêli, didadèkake 72 yuta uwit, lan pêpulihing dhuwit minangka pituwasing pênandur diudhunake. Manut pranatan lawas kopi sadhacin dirêgani 4½ ringgit, manut pranataning Daendels diudhunake dadi 4 ringgit. Kajaba iku Daendels uga gawe pranatan bab panggarape alas pajatèn. Murih bêcike koffiecultuur lan boschwezen banjur dianane Inspecteur-generaal. Bangsaning blandhong olèh kêmayaran uripe: kasangsarane dimayarake srana dicadhongi bêras lan uyah, kêjaba iku ora kêna dikêrigake gugur gunung, mangkono uga wong kang anggarap kêbon kopi.

Tumêka jamane Daendels para punggawa bangsa Europa lan pribumi isih gêdhe bangêt panguwasane, dadi Parentah Agung ora pati dhamang sumurupe marang ruwêt rêntênging nêgara, wasana para panggêdhe akèh kang sawênang-wênang tindake; ndadèkake kasangsaraning kawula cilik. Akale Daendels arêp nyuda panguwasaning para gêdhe lan punggawa mau.[37]

Gupêrmèn ing tanah Jawa pasisir lor disowak, awit Gupêrmèn iku kêgêdhèn bangêt panguwasane nganti kêna gawe ada dhewe, dadi pangrèhing nagara iya sakarêpe dhewe. Jajahan Gouverneur nuli diperang dadi 9 landdrostambt (paresidhenan), kapanggêdhenan ing landdrost (residhèn). Panyêkêle paprentahan para residhèn mau mung manut dhawuh saka Parentah Luhur. Dene kang nglantarake dhawuhing parentah marang kawula lêstari para bupati; dadi rumangsane wong cilik isih kaêrèh ing panggêdhene dhewe. Para Bupati lan para panggêdhe bangsa Europa wis ora wênang nêtêpake punggawa andhahane; sanajan punggawa cilik kang nêtêpake iya Gouverneur-Generaal. Para residhèn ing Ngayogyakarta lan Surakarta ing maune kêbawah Gouverneur pasisir lor, sawusing rombakan, banjur macung kaparentah ing Bêtawi dhewe. Dadi wiwit ing wêktu iku sakèhing panguwasa nglumpuk mênyang Bêtawi kabèh dicêkêl ing Parentah Agung piyambak. Tataning paprentahan praja kang mêngkoni iku diarani Centralisatie van het Bestuur.

Nalika jaman Compagnie ora ana pradata bangsa bumi kang prayoga, kang manut adat lan tata carane bangsa bumi dhewe. Daendels banjur nganakake pradatan-pradatan: Vredegericht, Landgericht lan Landraad.[38]

Kang dadi lid Vredegericht para pangulu lan para punggawa bangsa pribumi, nanging mung kêna ngadili prêkara rèmèh-remehan. Kajaba iku ing siji-sijining landdrostambt dianani Landgericht, kang dadi lide para punggawa bangsa pribumi, nanging dipanggêdhèni Landdrost akanthi Secretaris bangsa Europa. Aliya saka iku ing Sêmarang lan Surabaya dianani Landraad, yaiku pradatan kang wênang mutusi prakara sing gêdhe-gêdhe kaya ta: rajapati. Wong kang ora nrimakake putusaning pradata cilik-cilik iya kêna munggah njaluk adil marang Landraad.

Pradatane bangsa Europa lan bangsa manca liyane, ing wêktu iku uga dibêcikake, dene kang mutusi prakarane bangsa militair

--- 92 ---

(prajurit) tumraping prêkara kang pêrlu-pêrlu, yaiku Hooge Militaire Vierschaar ing Bêtawi.

Nalika jamane V.O.C., ora ana kamardikaning agama, kang diwênangake mardika mung agama Protestant. Sanajan wong Katholiek kêna dadi punggawane V.O.C., nanging agama Kristên Katholiek ing Indhiya ora olèh kamardikan; barêng sajumênênge G. G. Daendels, sakèhing agama dimardikakake kabèh.[39]

Nalika jaman G. G. Daendels, hawa ing Bêtawi ala bangêt, jalaran muarane kali Cimiwung[40] lalêd[41] dadi cêthèk, kêpêpêtan wêdhi; ing sakiwa têngêning kutha akèh rawane, wasana kutha Bêtawi kêrêp katrajang ing pêgêblug. Daendels banjur dhawuh ngurugi jagang-jagang lan yasa kalèn-kalèn kanggo ngêsat kutha, anjugrugi baluwarti, supaya sajroning kutha bisa olèh angin saka sêgara; malah sakèhing bangsa Europa padha didhawuhi ngêdohi pasisir (Weltevreden).

Bab 2. Karajan Jawa Nalika Pangrêhe G. G. Daendels. – Tanah Indhiya Dirêbut Inggris 1811.

Para Gouverneur-Generaal kang uwis-uwis racake padha ngêmong sêmu ngêmpèk-êmpèk marang para ratu bangsa pribumi, supaya aja diewuh-ewuh ênggone laku dagang, karo manèh ing sabisa-bisa padha nyingkiri pêrang; nanging yèn Daendels ora, awit pancèn watak kêras lan kurang duga-duga ingatase karo ratu. Tindake Daendels kang mangkono iku andadèkake kurang sênênge para ratu marang Kangjêng Goepêrmèn.

Ora antara lawas G. G. Daendels congkrah karo Sultan ing Bantên, prakara ênggone gawe dalan gêdhe lan pêlabuhan ing sunglon Meeuwenbaai.[42]

Sultan Bantên wus mituruti pamundhute G. G. Daendels, ngladèkake kuli gugur gunung kèhe 1.500 nggarap pêlabuhan, nanging padha mati kabèh, jalaran kajaba pêgaweane rêkasa, hawane ing kono pancèn ala bangêt. Karsane Sultan Bantên wis aja dijaluki manèh, nanging Daendels mêksa isih njaluk bau kuli 1.000 ing sadinane. Kangjêng Sultan ora mituruti. Kyai patih didakwa ngojok-ojoki Sri Sultan supaya mbangkanga marang Parentah Gupêrmèn, mulane dijaluk mênyang Bêtawi

--- 93 ---

arêp diadili. Wong Bantên nêpsu bangêt olèh dhawuh saka Daendels mêngkono iku.

Commandant Du Puy, yaiku utusan kang ndhawuhake timbalane Daendels mênyang Bantên mau, dirampog ing akèh, tumêka ing pati. Barêng Daendels mirêng, banjur nyalirani mênyang Bantên ngirid prêjurit 1.000. Kutha Bantên digêmpur, kratone dijarah rayah. Kyai patih kapikut banjur didrèl. Sultan Bantên dikendhang mênyang Ambon. Esuke kaondhangake yèn karajan Bantên wis dadi darbèke Gupêrmèn, mung kang saperangan digadhuhake marang Sang Adipati Anom, diangkat sêsêbutan sultan.

Nalika Daendels dadi Gouverneur-Generaal anyar-anyaran ing Cirêbon mêntas ana era-èru, malah nganti dirawuhi Daendels iya durung sirêp babar pisan. Saka panggalihe Daendels, ing Cirêbon ora bisa têntrêm yèn durung dicêkêl ing Gupêrmèn, wasana banjur katêmtokake bae yèn Cirêbon dadi tanah Gupêrmèn. Jajahan Cirêbon kidul, Limbangan (Sukapura, Galuh) dirèh ing resident. Jajahan Cirêbon lor (paresidhenan Cirêbon saiki) kagadhuhake marang sultan têlu, kang kuwasane mung kaya panguwasane punggawa. (Dêlok: Cultuurgeschiedenis). Wong cilik kapasthèkake ênggone ngladèkake wulu wêtu marang Kangjêng Gupêrmèn. Kajaba iku ing kono uga banjur kadhawuhake nandur kopi. Ora lawas sultan kang sêpuh katon arêp mbangkang, iku banjur têrus dipocot bae marang Daendels.[43]

Sarèhne Compagnie nyingkiri sakèhing prakara kang magêpokan karo pangrèh Ngayogyakarta lan Surakarta, dadi para resident ngêmong lan nglumuhi bangêt, yèn sowan mênyang kraton iya manut apa tatacarane kono. Barêng jamane Daendels ana dhawuh pangkat resident ing Surakarta lan Ngayogyakarta diganti sêsêbutan ministêr, lan ana ing kono dadi sulihing gupêrmèn, wis ora wajib nganggo tatakrama kaya kang uwis-uwis tumraping marang para ratu. Mulane Daendels dhawuh kang mangkono, awit para ratu Jawa padha ngêsorake bangêt marang resident, mangka pamanggihe Daendels Ratu Jawa kudu ngrêtos yèn Ratu Walanda lan Gupêrmèn iku kuwasa, pantês diajènana, sêsulihe ora kêna disorake (1808).[44]

Ora lawas Sultan Ngayogyakarta lan Surakarta padha dêrdah prêkara watêsing nêgara. Sultan Ngayogyakarta rada mêmpêng, nganti ngundhaki kèhing wadyabala. Daendels rada sumêlang yèn prakara iku nganakake bêbaya gêdhe. Wuwuh-wuwuh Sultan Ngayogyakarta kagungan karsa mundhut kalênggahane Pangeran Adipati Anom, bakal diparingake marang putra mantu. Daendels nuli mênyang Ngayogyakarta mbêkta prêjurit sagêlar sapapan. Kangjêng Sultan Hamangku Buwana II dilèrèhi, Sang Adipati

--- 94 ---

Anom dijumênêngake, apangkat Pangeran Raja (Prins Regent). Saka panuwune sang pangeran, kang rama isih lêstari ana ing kêdhaton, sêsêbutan Sultan Sêpuh. Sawuse iku Daendels nganakake Commissie, kang dipatah nêtêpake watêsing karajan Ngayogyakarta lan Surakarta. Wasana sawênèhing jajahan ana kang didadèkake tanah Gupêrmèn.

Awit saka kaya kang kacritakake ing dhuwur iku kabèh, têrang bangêt yèn pangrèhe G. G. Daendels ngêntèkake dhuwit, mangka tanah Indhiya ora bisa olèh pitulungan saka nagara Walanda, malah Parentah Walanda kêkurangan dhuwit dhewe. Wasana rekane G. G. Daendels murih bisane olèh dhuwit, ngêdol tanah Gupêrmèn marang wong partikêlir. Nganti tumêkane saiki isih ana tanah partikêlir kang durung ditêbusi. Reka liyane manèh: a. mêksa wong partikêlir dikon ngutangi dhuwit, b. majêgake dagangan candhu, c. nganakake monopolie bêras. Miturut anane prênatan monopolie iku, saanane bêras kudu didol marang Gupêrmèn, wong kang nêmpur banjur kudu mbathèni. Lan manèh G. G. Daendels nganakake dhuwit kêrtas, mangka Gupêrmèn ora duwe tanggungan sing kanggo nêbusi. Mêsthi bae ajine dhuwit kêrtas iku ana ing pêdagangan suda bangêt. Ewadene Gupêrmèn anggone ambêbayari iya nganggo dhuwit kêrtas mau diturutake apa anane bae, ora nganggo ngèngêti sudaning rêga.[45]

G. G. Daendels ora pati mêrlokake marang pulo-pulo liyane sajabaning tanah Jawa. Mulane ing sajrone jaman pêrang Napoleon, akèh jajahan kang dirêbut ing Inggris.[46]

Pangrèhe Daendels kaya kang kacêtha ing ngarêp mau mêsthi iya akèh paedahe, mung bae kêkêrasên tindake marang punggawa, wasana ing taun 1811 Daendels kondur mênyang nêgara Walanda digêntèni G. G. Janssens.

G. G. mau satêmêne mung kêpêksa ênggone gêlêm dadi Gouverneur-Generaal, jalaran tanah Indhiya kêkurangan dhuwit lan para ratu bangsa pribumi isih padha mungat-mungêt marang Gupêrmèn, marga saka tindake Daendels. Ora antara suwe Bêtawi kêtêkan mungsuh wong Inggris; kang nyenapatèni Lord Minto Gouverneur–Generaal ing Indhu. Wong Walanda karoban lawan, Janssens kêplayu mênyang Sêmarang. Para ratu Jawa dijaluki bantu, nanging prajurit saka Kêjawan ora kêna diêndêlake ing gawe, malah Sultan Sêpuh ing Ngayogyakarta mbalik ngiloni Inggris.[47]

--- 95 ---

Wasana ana ing Tuntang kêpêksa nungkul kanthi prajanjian ing taun 1811.

1. Satanah Jawa dadi duwèke wong Inggris.
2. Sakabèhing prajurit dianggêp tawanan.
3. Wong Inggris ora gêlêm ngakoni utange parentah ing Bêtawi ing sajroning tanah Walanda dadi golonganing Frankrijk.
4. Sakèhe punggawa kang gêlêm ngèngèr marang O. I. C. Inggris, dilêstarèkake ing kalungguhane.

Sarampunge prajanjian tanah Jawa dadi jajahane Oost-Indische Compagnie Inggris.

Bab 3. Pangrèhe L. G. Raffles.

Fendall masrahake tanah Indhiya marang Parentah Walanda.

1787–1820 Paku Buwana IV. (Sinuwun Bagus).
1812–1814 Hamangku Buwana III. (S. Raja).
1814–1822 Hamangku Buwana IV. (S. Jarot).
(1814–1820 diêmbani Paku Alam I).
1813 Paku Alam I. (P. Nata Kusuma).

Tanah Indhiya miturut dhawuhe Lord Minto, diperang dadi 4 gupêrnêmenan, yaiku Malaka, Sumatra pasisir kulon, Moloko, tanah Jawa lan wêwêngkone.[48]

Gouvernement tanah Jawa lan wêwêngkone kang ngêrèhake Luitenant Gouverneur (wakile Gouverneur-Generaal) Thomas Stamford Raffles, kabantu ing Adviseerende Raad, lide ana têlu yaiku Gillespie, wong Inggris, Cranssen lan Muntinghe, wong Walanda.

Raffles ngrêmbug bangêt marang prakara ing karajan-karajan Jawa, namtokake wêwênange Parentah Inggris tumrap karajan-karajan mau.

Nalika tanah Jawa kabawah Inggris, ing Bantên isih dahuru bae, jalaran sultan sing ditêtêpake Daendels ora disuyudi ing kawulane. Ing taun 1813 Sultan Bantên dirukun karo Raffles, kablanja 10.000 ringgit sataun, nanging jajahan Bantên dijaluk. Mêngkono uga Sultan Cirêbon têtêpane Daendels iya mung diblanja taunan, tanahe dadi duwèking Gupêrmèn Inggris.[49]

Nalika kang nyêkêl tanah Jawa ganti Parentah Inggris, Ngayogyakarta wis salin kang jumênêng sultan: Hamêngku Buwana II

--- 96 ---

(Sultan Sêpuh), kang dilèrèhi Daendels, ngêsur kêprabone Pangeran Raja. Sultan Sêpuh mau ing sakawit ngrewangi wong Inggris anggone nglungakake wong Walanda, nanging olèhe têtulung iku mung kanggo sarana ngarah bisane têtêp jumênêng sultan manèh, dadi ora pisan marga saka trêsnane marang Parentah Inggris; sajatine malah sêngit uga. Sultan Sêpuh ngudi bangêt marang pulihe kuwasaning kêprabon kang wis

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101): Citra 7 dari 7
L. G. Thomas Stamford Raffles

disuda-suda marang Daendels biyèn. Ora lawas Crawfurd krungu yèn Sunan Sala iya nêdya mungsuh Parentah Inggris. Raffles tumuli têka ing Ngayogya nggawa wadyabala. Sultan Sêpuh dibuwang mênyang pulo Pinang (1812). Sultan Raja ditêtêpake manèh jêjuluk Hamangku Buwana III. Nanging jajahane kang saperangan dijaluk Parentah Inggris sarta bandhane

--- 97 ---

Sultan Sêpuh kurang luwih 2 yuta, dianggêp dadi barang jarahan.[50]

Nalika pambêdhahe kraton Ngayogyakarta, wong Inggris olèh pitulungane Pangeran Natakusuma.

Minangka ganjaran, sang pangeran dijumênêngake pangeran mêrdika, ngêrèh tanah Kêmuning lan Kulonpraga, jêjuluk Pangeran Adipati Paku Alam.[51]

Saka kêrsane Raffles, sang pangeran kudu ngingu prêjurit 100 iji kanggo mbiyantu Parentah Inggris.

Nalika pambêdhahe Ngayogyakarta, Raffles olèh katrangan, yèn Sunan Sala pancèn wis sêkutu karo Yoja nêdya nglawan Parentah Inggris.[52]

Raffles nuli mênyang Surakarta nggawa wadyabala lan katrangan kang tinêmu. Sunan Sala kêpêksa manut marang prajanjiane Raffles.

Jajahan Surakarta kaya ta: saperangane tanah Kêdhu kang isih kêbawah Sala, banjur dadi melike Gupêrmèn Inggris; kèhing prajurit diêlongi, mung kari prajurit kang kanggo kêprabon bae, prênatan ngladèkake wulu wêtu ing tanah Kêjawan disuwak; prabeyan sêkèthèng diliyêr marang Gupêrmèn.

Para raja ing sajabaning tanah Jawa, uga disuda panguwasane dening Raffles, kaya ta: Bali, Banjarmasin, Borneo kulon, Palembang, Madura. Pulo Bangka lan Billiton, sarèhne ana pamêtune timah, banjur didadèkake tanah Gupêrmèn, mari dadi jajahan Palembang.[53]

Mungguh sêdyane L. G. Raffles arêp ngêlun jajahan, mung Sèlèbês kang ora klakon. Raja Bone, kukuh bangêt ênggone anggêgêgi panguwasane. Wis nganti sawatara rambahan Raffles nglakokake gêgaman mênyang Sèlèbês, nanging ora olèh gawe.

Barêng tanah Jawa dicêkêl Raffles banjur diperang dadi 18 paresidhenan. Pranatan gugur gunung, ladèn wulu wêtu lan kuwajibaning wong cilik nandurake pundhutaning prentah, ing sabisa-bisa disuwak; wong cilik mung dijaluki pajêg "landrente".

Kèh sathithiking pajêg manut lêmahe. Yèn loh, pajêge nganti saparoning pamêtu. Yèn cêngkar têrkadhang mung sêprapate. Gugur gunung kang lêstari, mung nggarap krêtêg, lan dalan-dalan. Wong pribumi kang didhawuhi nandur kopi ladèn mung ing Priyangan sarta wong kang nyambutgawe ing alas pêjatèn isih ditêrusake padatan lawas.

Raffles uga arêp ngilangi anane batur tukon lan pamujangan (pandelingschap).

--- 98 ---

Wiwit taun 1812, wong ngingu batur tukon nganggo dijaluki pajêg. Wiwit taun 1814 ora kêna dol tinuku batur tukon. Pulisi ora diwênangake ngukum batur tukon kang mung marga panjaluking bêndarane.

Marga ananing pranatan mau suda bangêt kèhing batur tukon, malah pamujangan wis dilarangi babar pisan.

Nalika jamane Daendels pradatan ing tadah[54] Indhiya wis dibêcikake, nanging saka panêmune Raffles mêksa durung nyukupi. Ing siji-sijining paresidhenan nuli dianani landraad. Kêjaba iku Raffles isih nganakake pradatan ubêngan, yaiku pradatan kang ora mathok pamanggone, ngalih-ngalih marani papan kang pêrlu diparani. (Raad sambang).

Prêkarane bangsa Europa ênggone ngadili ana ing Raad van Justitie: Bêtawi, Sêmarang, utawa Surabaya.

Raffles iku pangrèhe ngêntèk-êntèkake dhuwit akèh. Rekane ênggone golèk dhuwit srana nganakake pajêg lan adol tanah-tanah kaya Daendels. Tanah kang didol mênyang wong partikêlir iku iya bênêr ngolèhake dhuwit, nanging pakolèhe katimbang karo pitunane ora mantra-mantra timbang, awit ing besuke tumêka saiki ênggone nêbusi kangelan bangêt, jalaran ajine dadi yutan-yutan.[55]

Srana kang prayoga kanggo ngisèni kas nêgara, yaiku monopolie dagangan uyah. Kang sêkawit uyah iku dipajêgi wong Cina, ndadèkake kapitunane wong cilik, awit larang bangêt pangêdole. Barêng uyah dicêkêl Gupêrmèn banjur murah, tur ngolèhake kauntungan akèh. Wiwit taun 1813 kang kêna gawe lan ngêdol uyah mung Gupêrmèn dhewe.

Ing taun 1814 Napoleon kalah pêrange, Nederland bisa mardika. Miturut prajanjian ing Londen taun 1814 jajahane ing Indhiya dibalèkake marang wong Walanda manèh, kang ora mung Ceylon, Kaapkolonie lan jajahan sawatara ing Indhiya kulon (ing Amerika) sarta Indhu ngarêp.

Ing taun 1816 Raffles digêntèni Luitenant Gouverneur John Fendall. Lêt sawatara sasi John Fendall pasrah jajahan marang Commissaris-Generaal, yaiku utusan Walanda saka Europa, kang dipatah ngêrèh kapuloan Indhiya.[56]

Miturut Grondwet taun 1814 kang nyêkêl pêprentahan ing Koloniën, sri maharaja piyambak, kabantu ing Departement Onderwijs, Nationale Nijverheid en Koloniën. Dadi Staten-Generaal ora nduwèni panguwasa. Sarjana têtêlu kang diutus

--- 99 ---

nampani tanah Indhiya, asmane: Mr. Elout, Baron van der Capellen lan Buyskes, apangkat Commissaris-Generaal sarta diparingi rancangan wêwatone pangrèhing Indhiya.[57]

Commissaris-Generaal ngrêkasa bangêt ênggone nglakoni ayahane iku, awit tanah Indhiya kêcupêtan ragad, tur ora bisa olèh pitulungan saka nêgara Walanda. Gawane prajurit mung 1.800, ora nyukupi kanggo ngebarake panguwasane Gupêrmèn anyar. Apamanèh ratu-ratu ing tanah Indhiya wis mèh lali marang Parentah Walanda. Ewadene ora nganti lawas Commissaris-Generaal wis bisa mapan lan tumindak apa mêsthine.

Kang nyêkêl panguwasa kang gêdhe dhewe lêstri Gouverneur-Generaal dibantu Raad van Indhie, pilihane Gouverneur-Generaal dhewe.

Pamerange tanah Jawa didadèkake paresidhenan kaya dhèk jaman Raffles. Cacahe Resident didadèkake 20. Jajahan sajabaning tanah Jawa diperang-perang dadi Gupêrmèn, dipanggêdhèni Gouverneur.

Dene wong cilik lêstari dirèh panggêdhene dhewe.

Pranatane pêngadilan dititipriksa manèh. Pranatan saka Raffles sing bêcik-bêcik isih dilêstarèkake, kang kurang prayoga dibêcikake. Prakarane bangsa pribumi dadi bubuhane landraad, kang dadi jêksa bangsa pribumi, presidhène bangsa Walanda. Supaya ana kang ngawat-awati pêngadilan-pêngadilan iku sarta ngiras kanggo pangapelan (Hof van appel) dianakake Hoog Gerechtshof. Kangjêng Parentah Luhur wis ora nduwèni pangwasa babar pisan ingatase mutusi prakara.

Supaya panyêkêling dhuwit Gupêrmèn aja nganti kisruh, nuli dianakake Raad van Financiën lan Rekenkamer. Pangrèhe Gupêrmèn anyar marang wong cilik isih dilêstarèkake kaya panêmune Daendels lan Raffles, ing sabisa-bisa nyingkiri prênatan pêksan.

Sadurunge Commissarissen Generaal mangkat mênyang tanah Indhiya, wis katêmtokake yèn prênatan monopolie kudu disuwak, awit iku ndadèkake kêsusahane wong pribumi.

Prêkara dagangan digawe mêrdika, wong manca padha kêna dêdagangan mênyang tanah Indhiya, nanging bangsa Walanda pêmbayare prêbeya dikacèk karo bangsa ngamanca. Kang nyêbal saka pranataning kamardikan mung monopolie bumbon crakèn. Prakara têtanèn iya dimardikakake, wong pribumi kêna nandur sakarêpe dhewe, mung ing Priyangan kang isih ana pêksan wong cilik diwajibake nggarap kêbon kopi sarta kuli blandhong isih kudu nyambut gawe ana ing alas pêjatèn.

--- 100 ---

Parentah anyar iku iya dipatah mêrlokake gawe kêmayarane wong cilik, mulane prênatan bumi lingguh disuwak, para punggawa bangsa pribumi mari olèh tanah gadhuhan, kari padha diblanja sasèn bae, supaya aja nganti bisa gawe rêkasaning bawahe. Lan para punggawane gupêrmèn dilarangi dêdagangan utawa nyambi panggaotan liyane. Dol tinuku batur tukon ing sabisa-bisa disirnakake, malah ana ing tanah Jawa lan Madura bab iku wis dilarangi babar pisan, mangkono uga prênatan pamujangan.

Nalika jaman Commissaris-Generaal, ing tanah Jawa klêbu têntrêm. Ngarêpake taun 1818 jajahan ing satanah Indhiya kabèh dipasrahake ing Parentah Inggris marang Gupêrmèn Walanda. Wasana ing wiwitane taun 1819 Commisarissen pasrah marang G. G. van der Capellen. Elout lan Buyskes padha bali mênyang Nederland. Satêkane nêgara Walanda Elout kaangkat dadi Minister van Koloniën.[58]

Commissaris-Generaal olèhe yasa prênatan bab kamardikaning dagangan, têtanèn l.s.p. manut panêmu liberaal (bakal ditêrangake ing kaca 107). Balik G. G. van der Capellen 1819–1826 ora ngrujuki panimbange wong liberaal mau; mulane ing tanah Jawa suda bangêt karaharjane (dêlêngên kaca 102).

Amrih raharjaning tanah Indhiya, kang dianggêp prêlu, ngajokake dêdagangan.[59]

Supaya wong Walanda bisa mumbul manèh ênggone dêdagangan nuli dianakake pakumpulan dagang aran Nederlandsche Handel-maatschappij, adêge taun 1824. Pangarahe Prentah Walanda pakumpulan iku kênaa kanggo ngêjori padagangane bangsa manca, dadi bisa ngurip-urip dagangane bangsa Walanda dhewe. Ora lawas pakumpulan iku bisa olèh pawitan 37 yuta rupiyah.

Wiwit jaman Napoleon tanah Indhiya ora bisa lêlawanan lan tanah Walanda, dagangane akèh kang didol marang sudagar manca, luwih-luwih wong Inggris lan Amerika.

Sawise tanah Indhiya kacêkêl ing Parentah Walanda manèh, wong Walanda mêksa durung bisa maju dêdagangane, awit isih kêkurangan pawitan, mangka kaêjoran bangsa Inggris. Kajaba iku sudagar Walanda partikêlir pancèn ora dhamang sumurupe marang ubêting pêdagangan tanah Indhiya, jalaran maune kang kêna lêlawanan lan tanah Indhiya mung V.O.C., wuwuh-wuwuh nganti 20 taun tanah Walanda wis ora ana gandhèngane karo tanah Indhiya.

Nederlandsche Handel-maatschappij mau iku mêksa ora kasêmbadan sêdyane, awit kurang kuwat, ora bisa ngêjori wong Inggris, kajaba iku pancèn ora dirujuki sudagar Walanda partikêlir, marga duwe sumêlang manawa pakumpulan dagang anyar mau diparingi wêwênang kayadene V.O.C. biyèn, têmahan

--- 101 ---

malah ndadèkake kapitunane sudagar partikêlir. Wasana Nederlandsche Handel-maatschappij ora bisa mumbul, malah tansah kapitunan, wiwitane bisa urip barêng ana Cultuurstelsel.

Pakaryane van der Capellen kang pantês olèh pangalêmbana yaiku ênggone ngajokake kawruh, mêrlokake marang ajuning pamulangan cilik kanggo bangsa Europa. Ing bab onderwijs van der Capellen kabiyantu ing Reinwardt. Reinwardt iku sarjana kang uga miwiti gawe kêbon raja ('s lands platentuin) ing Bogor (1817) kanggo ngundhakake kawruh têtanèn.[60]

Kêbon raja ing Bogor iku ora mung bêcik lan nyênêngake kanggo dolan-dolan bae, mungguh ing pigunane nyata gêdhe bangêt tumraping kawruh tanêm tuwuh lan têtanèn. Jêmbare kèhing lan wêrnaning wit-witane, kêbon-kêbon raja ing satanah hawa panas (tropen) ora ana kang nyundhul Bogor. Kang padha mandhegani pakaryan ing kono para sarjana kang wus kêsuwur asmane, kaya ta: Tuwan Teysmann (1831) lan Dr. Hasskarl ênggone nandur wis ana 8.000 wêrna wit-witan lan thêthukulan. Ing taun 1863 cacahing têtanduran dadi 10.000 wêrna. Sarjana Dr. M. Treub ing sajroning taun 1880–1909 yasa laboratoria pêrlu kanggo marsudi kawruh botani, schekunde l.s.p., gandhèng karo anane kêbon raja iku mau. Para sarjana saka ing jagad ngêndi-êndi akèh kang golèk kawruh ana ing laboratoria kono, awit laboratoria mau uga kanggo papan panyoban bab nênandur, bab mêruhi ama sarta lêlaraning tanduran, lan liya-liyane, mulane Bogor kêna sinêbut dadi tuking kawruh lan sêndhanging ngèlmu têtanèn. Proefstation ing satanah Indhiya iku asale uga saka Bogor. Marga saka dayane proefstation, kabudidaian lan têtanèn nganti bisa dadi kaya kaanane saiki iki.

 


§ U. Surapati. (kembali)
§ Era-èru ing satanah Jawa. (kembali)
§ Wiwitane pêrang 1704. (kembali)
§ Kuciwane V.O.C. (kembali)
§ V.O.C. ing kawitane abad 18. (kembali)
§ Sudaning kasugihan. (kembali)
§ Têtanduran anyar (kopi). (kembali)
§ Pieter Elberfeld. (kembali)
§ Kraman Cina. Jalarane. (kembali)
10 § Cina kinuya-kuya. 1740. (kembali)
11 § Kraman ing tanah Jawa Têngah. (kembali)
12 § Paku Buwana II kèngsêr. (kembali)
13 § Adêge Surakarta. (kembali)
14 § Pêrang ing Madura. (kembali)
15 § Pangudine G. G. van Imhoff marang bab têtanèn. (kembali)
16 § Pambalelane P. Mangkubumi lan R. M. Said. (kembali)
17 § Pasrahing karajan marang V.O.C. (kembali)
18 § Êcrahe Mangkubumi lan R. M. Said. (kembali)
19 § Prajangjian Giyanti 1755. (kembali)
20 § Adêge Karajan Ngayogyakarta. (kembali)
21 § Silah-silahing tanah Kêjawan. (kembali)
22 § Paprentahane Sultan Hamêngku Buwana I. (kembali)
23 § Pêrang Bantên 1750–1753. (kembali)
24 § Fatimah ngêrèh ing Bantên. (kembali)
25 § Pêngramane Ki Tapa. (kembali)
26 § Ing tanah Jawa têntrêm. (kembali)
27 § V.O.C. ing sajabane tanah Jawa. (kembali)
28 § Pêrang Inggris. (kembali)
29 § Pranatan monopolie ing Indhu lèrèn. (kembali)
30 ing. (kembali)
31 § V.O.C. dibubarake. (kembali)
32 § Kaanane tanah Indhiya 1800–1808. (kembali)
33 § Prau pêrang. (kembali)
34 § Dalan gêdhe. (kembali)
35 § Ngilangi culikane para punggawa. (kembali)
36 § Tanduran pêksan. (kembali)
37 § Ada-ada Centralisatie. (kembali)
38 § Pangadilan. (kembali)
39 § Kamardikaning agama. (kembali)
40 Ciliwung. (kembali)
41 walêd. (kembali)
42 § Bantên. (kembali)
43 § Cirêbon. (kembali)
44 § Ngayogyakarta lan Surakarta. (kembali)
45 § Tanah partikêlir. (kembali)
46 § Daendels ditimbali. (kembali)
47 § Indhia dirêbut Inggris 1811. (kembali)
48 § L. G. Raffles 1811–1816. (kembali)
49 § Bantên lan Cirêbon. (kembali)
50 § Ngayogyakarta. (kembali)
51 § Adêge Pakualaman 1813. (kembali)
52 § Surakarta. (kembali)
53 § Sajabaning tanah Jawa. (kembali)
54 tanah. (kembali)
55 § Ênggone golèk dhuwit. (kembali)
56 § L.G. Fendall. (kembali)
57 § Tanah Indhiya kabawah Walanda manèh. (kembali)
58 § G. G. van der Capellen. 1819–1826. (kembali)
59 § Nederlandsche Handel-maatschappij. (kembali)
60 § Plantetuin ing Bogor. (kembali)