Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 101–137)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 101–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 17-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab 4. Pêrang Dipanêgaran. 1825–1830.

1820–1823 Paku Buwana V (S. Sugih).
1822–1855 Hamangku Buwana V (S. Menol)
1819–1826 G. G. van der Capellen.
1823–1830 Paku Buwana VI. (S. Banguntapa).
1826–1830 Luit. G. G. de Kock.
1830–1858 Paku Buwana VII.

Nalika sedane Kangjêng Sultan Hamangku Buwana III ing taun 1814, pangeran patine lagi yuswa 13 taun. Saka karsane Kangjêng Tuwan Luitenant-Generaal Raffles, Pangeran Paku Alam I tinanggênah angêmbani kaprabon; Pangeran Paku Alam iki bêcik têpunge karo bangsa Inggris, lan besuke iya bêcik karo bangsa Walanda. Dhèk samana ing Ngayogya uga akèh wong sing ora sênêng marang bangsa Europa. Sing dadi lêlajêring golongan mau Pangeran Dipanêgara.

--- 102 ---

Pangeran Dipanêgara kang nalika nènèmane asma Pangeran Antawirya iku putrane Kangjêng Sultan Raja, kang sêpuh dhewe nanging saka garwa ampeyan, mulane ora gumantos jumênêng. Sang pangeran ora narimakake dene ora olèh pangwasa apa-apa tumraping paprentahan. Saya bangêt ora sênênge, barêng nalika Sultan IV jumênêng, têka iya ngatingalake suyude marang pangwasaning bangsa Europa. Rèhning Sultan Sêpuh biyèn iya ora sênêng marang bangsa Europa, dadi golongane Dipanêgara uga sinêbut golongan kasêpuhan.

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 101–137): Citra 1 dari 2
Dipanêgara

Kangjêng Sultan H.B. IV jumênênge ora suwe, mung watara 8 taun seda, mêntas kondur saka bêsiyar. Pangeran patine lagi yuswa 2 taun. Para gêdhe ing karaton padha duwe pênyuwun marang Kangjêng Parentah Luhur ing Bêtawi supaya pangrèhing praja aja dipasrahake marang Pangeran Paku Alam. Panyuwune kapiturutan, prakara pangrèh praja kang nindakake pêpatih dalêm apangkat Rijksbestuurder, sarta tumindake kanthi dititipriksa ing kangjêng tuwan resident. Dene kang minangka êmbane Sang Prabu Timur lan kinuwasakake mranata

--- 103 ---

barang kagungan dalêm, yaiku Kangjêng Ratu Agêng, Kangjêng Ratu Kêncana, Pangeran Mangkubumi lan Pangeran Dipanêgara.

Prênatan mêngkono iku bangêt ora ndadèkake sarjuning panggalihe Pangeran Dipanêgara, jalaran pêpatih dalêm suyud bangêt marang Walanda, sarta kêlakuane ambtenaren Walanda ing Ngayogya kono ing nalika iku pancèn ora bêcik.

Kajaba iku pranataning Walanda nyewa bumi ana ing tanah karajan Jawa iya ora ndadèkake sarjune P. Dipanêgara. Dhèk taun 1774 bumi lênggah ana 677.000 cacah. Ing taun 1820 mung kari 52.300 cacah, awit bumi kasultanan ing taun 1812 kalong tanah Kêdhu lan liya-liyane. Marga saka iku para gêdhe kêpêksa suda bangêt pamêtune, luwih-luwih barêng ananing prênatan wong Walanda nyewa tanah, cacahing bumi lungguh sangsaya suda.[1]

G. G. van der Capellen ing taun 1823 ndhawuhake nyuwak ananing prênatan nyewa lêmah ing dhuwur mau, prajanjian-prajanjian padha diwurungake. Wiwitane golongan kasêpuhan sênêng bangêt krungu bab suwakan pranatan iku, wasana kabèh padha kagêt, barang ditêmtokake padha mbayar karugian marang para tuwan, awit ênggone nyewa lêmah durung tumêka mangsa prajanjiane, kêpêksa dibubarake. Bandha kasultanan banjur comprang-camprèng bangêt.

Wong cilik uga rêkasa atine; sanggane saka nagara abot, luwih-luwih barêng bumi kagungane Kangjêng Sultan wis diungkrêd. Lan manèh suwaking prênatan nyewa tanah uga agawe kasusahane wong cilik. Dene kang bangêt digêthingi ing wong cilik yaiku panariking dhuwit beya, kang ditêbasake marang Cina-cina, awit para Cina sok kêbangêtên ênggone ngêbotake panarike. Kang ditarik beya iku wong, utawa wong nggawa barang, liwat ing panambangan, liwat ing watês lan ing papan liya kang wus tinamtokake; papan-papan iku ing basa Walanda diarani "tolpoorten".[2]

Pangeran Dipanêgara saya suwe saya gêdhe pamuring-muringe anguningani kaanan ing dhuwur mau lan ngraosake kisruhe sajroning kraton, sarta manèh trajange para ambtenaar Walanda kêrêp agawe sêrik. Nalika sêmana parentah arêp yasa ratan, nrajang tanah palêmahane P. Dipanêgara. Iku bangêt ndadèkake panggrantêse [panggran...]

--- 104 ---

[...têse] sang pangeran. Wasana sang pangeran banjur kèndêl ora karsa campur prêkara apa-apa; tekade mung kari suwiji; nêdya madêg kraman.[3]

Mirid surasaning babad anggitane Adipati Cakranêgara, bupati ing Purwarêja, S. Pangeran banjur mêmpên ana ing Selaraja bae, rina wêngi anggêntur panuwune, sinambi ngaji Kor'an lan maos babad kuna. Pangagêmane sarwa irêng (wulung). Barêng wis yakin yèn wong kabèh ngrêti kang dadi antêpe sang pangeran, yaiku arêp madêg kraman, sang pangeran banjur wis ora sumêlang manèh marang ing katekadane: "Wong mono bisa ana bêgjane!"

Dalême Pangeran Dipanêgara ana ing Têgalrêja watara sapal saka ing nagara kaprênah ing lor kulon. Para kang kêcuwan pikire klumpuke ana ing kono.

Dadining kraman tinamtokake tumiba malêm tanggal 7 sasi Sura. Durung nganti klakon, kêtungka utusaning resident, narik Pangeran Dipanêgara arêp dinangu apa kang dadi karsane. Sang Pangeran oncat saka kono kanthi Pangeran Mangkubumi, mênyang Sêlarong.

Wong cilik akèh kang nggrubyug Dipanêgara, anggusah para Cina, ngrayah dhuwit beya lan njarah pasar-pasar.

Barêng wis rumangsa kêconggah, Dipanêgara sabalane anêmpuh, kraton Ngayoja kinêpung wakul binaya mangap.

Golongan Dipanêgaran: 1. Pangeran Mangkubumi, 2. Kyai Maja, 3. Basah Prawiradirja (Sênthot). Kang dimungsuh: priyagung karaton sapunggawane, patih lan ambtenaar Walanda.[4]

Kangjêng Sultan Timur nuli diungsèkake marang sajroning bètèng Walanda, kang uga banjur kinêpung ing bala kraman nganti watara suwe. Walanda ing sajabaning bètèng akèh kang nêmu pati.

Parentah Luhur ing Bêtawi mirêng-mirêng kabar, barêng kraman wis sêntosa; tumuli enggal nglakokake Jendral de Kock, supaya nyirêp kraman, nanging sarèhne bêbarêngan kraman ing Palembang lan ing Bone, dadi de Kock kêkurangan prêjurit, ora bisa nyirêp ubaling kraman ana ing Rêmbang lan Kêdhu. Rahayune ing Surakarta saka pambudidayane de Kock ora klakon ana kraman, ewadene kraman ing Ngayoja sangsaya gêdhe, awit banjur diondhangake dadi pêrang sabil prêlu kanggo ngukuhi agama. Dipanêgara ênggone ngondhangake pêrang sabil iku saka panuwune Kyai Maja.[5]

Pêrange prajurit Walanda rêkasa bangêt, jalaran Dipanêgara ora tanggon, barise ana ing papan kang angèl ambah-ambahane,

--- 105 ---

panêmpuhe ngêntèni lenane bala Walanda, lan kêrêp mênang, mulane bala kraman mundhak gêdhe atine, lan bisa wuwuh-wuwuh akèhe.

Ana senapatining kraman satriya nonoman lagi umur 18 taun, jênênge Basah Sênthot Prawiradirja, ewadene wus katon kawantêrane lan bisa nata bala.

Sarèhne Parentah Luhur rada kêrepotan, nuli golèk akal liya kanggo ngêndhakake atining kraman. Sultan Sêpuh kang wis dikendhang dening Raffles, dibalèkake manèh mênyang Ngayoja, supaya para kraman padha nungkula aris. Sultan Sêpuh dijumênêngake ratu, nganggo prêjanji kudu mitulungi marang Kangjêng Guprêmèn lan ngijoli wragad pêrang. Dene Sultan Timur bakal kajumênêngake manèh, besuk ing sasedaning eyange. Jumênênge Sultan Sêpuh ora bisa ngêndhakake atining kraman, malah nawala dalêm Sultan Sêpuh marang Pangeran Dipanêgara, diwangsuli cêcampah lan panguman-uman. Ing taun 1828 Sultan Sêpuh seda.[6]

Jendral de Kock pancèn ora rujuk marang gupêrmèn ênggone ngangkat Sultan Sêpuh, mulane golèk akal dhewe sing luwih mikolèhi, yaiku ngêdêgake bètèng cilik-cilik ing watêsing papan kang wis kêna dirêbut, bètèng iku padha diisèni prêjurit. Wasana Pangeran Dipanêgara sangsaya rupak jajahane. Sanajan Commissaris-Generaal Du Bus nacad marang tindake Jendral de Kock mêrga ênggone ambêborosi, mangka Commissaris-Generaal tinanggênah anggêmèni bandha gupêrmèn, ewadene Jendral de Kock isih ora mundur, awit nyatane sênajan akèh wragade, kraman iya enggal kêrupakan papan, mung kari mubang-mubêng ing Bagêlèn lan kidul Ngayoja. Ing taun 1829 prêjurit gupêrmèn ngangsêg, tur nuli olèh bantu prêjurit anyar saka nêgara Walanda. Senapatining kraman akèh kang padha nungkul. Sênthot mbalik ndhèrèk Gupêrmèn, Kyai Maja kêcêkêl, Pangeran Mangkubumi asrah bongkokan.[7]

Ing taun 1830 Dipanêgara têtêmonan lan de Kock ana ing Magêlang. Sarèhne Dipanêgara kukuh ênggone njaluk jumênêng sultan panatagama, banjur dicêpêng, dikendhang mênyang Mênadho, ing têmbene diêlih mênyang Makasar. Ing taun 1855 seda.[8]

Sênajan Pangeran Dipanêgara wis kêcêpêng, tanah Kêjawan mêksa durung têntrêm babar pisan, têntrême têmênan ing taun

--- 106 ---

1850. Mêrga anane kraman, tanah Kêjawan rusak bangêt, kalonge jiwa tanpa wilangan, prêjurit Gupêrmèn bae kang mati 15.000, dene wragade pêrang 20 yuta rupiyah.

Supaya ing têmbe yèn ana kraman aja nganti bisa gêdhe mênèh, jajahan-jajahan Ngayoja diêlongi Bagêlèn lan Banyumas, minangka pambayaring wragad pêrang. Sênajan Surakarta ora mèlu barang-barang malah urun prêjurit, ewadene jajahane Madiun lan Kêdhiri uga dipundhut ing Kangjêng Gupêrmèn, kang mêngkono iku murih têntrêming nêgara. Kangjêng Sunan mêsthi bae ora lêga, nuli lolos tindak mênyang Imagiri lan Parangtritis, nênuwun marang lêluhure, nanging kêtututan utusaning resident Surakarta nuli dikendhang mênyang Ambon, awit kadakwa arêp ngraman. Kang gumanti Susuhunan Paku Buwana VII, ndhèrèk marang karsaning Gupêrmèn, Madiun lan Kêdhiri dadi tanah gupêrmenan.[9]

Ing sawuse ana kraman Dipanêgara, katon yèn pamerange jajahan Ngayoja lan Surakarta, ora prayoga, jalaran jajahan-jajahane ora anggolong dadi siji, ana kang pating cruwil pating slêmpit. Wasana tansah ndadèkake pasulayan lan yèn ana kraman gampang tumulare ing liyan jajahan, mulane watêsing jajahan Surakarta lan Ngayogyakarta banjur diprênata manèh.

Bab 5. Cultuurstelsel 1830–±1865 (1915).

Cultuurstelsel iku prênatan kang didhawuhake G. G. van den Bosch dhèk taun 1830. Surasane pranatan cêkake namtokake marang wong pribumi nandur têtanduran kang kêna diêdol mênyang Europa, kaya ta: kopi, têbu, kapas lan tom, ana ing saperanganing palêmahane. Pamêtune têtanduran iku kudu dilêbokake mênyang Parentah Gupêrmèn, supaya parentah bisa banjur luwih kêncêng ênggone gawe raharjaning tanah.

Apa sababe dene Gupêrmèn têka nganakake prênatan iku?

Ing abad 17 lan 18 V.O.C. mung ngudi kauntungane dhewe, dhasar salugune V.O.C. iku mung pakumpulan dagang. Ing abad 19 barêng tanah Indhiya tumiba pangwasane praja Nederland, bab ngudi kauntungane dhewe wis ora tumindak. Nederland duwe wajib gawe têntrêming tanah lan raharjaning kawulane anyar, yaiku bangsa pribumi. Lah kêpriye rekane bisane tumindak murih bêciking bab pangrèh praja, bab sêkolahan, bab têtanèn lan katêntrêmaning umum? Iku kabèh bakal sêpira wragade. Mangka Parentah Gupêrmèn ora nindakake monopolie kayadene V.O.C. wuwuh-wuwuh praja Nederland ing nalika iku akèh bangêt

--- 107 ---

utange kang jalaran saka pêrang Napoleon, pêrang Dipanêgara lan pêrang Belgie. Ing taun 1828 praja Nederland kêpêksa ambayari kabutuhan Indhiya kèhe 37,000,000, mangka Nederland dhewe lagi rêkasa-rêkasane. Olèhe dhuwit 37,000,000 iku saka ênggone utang-utang marang kawula ing Nederland.

Dhèk sêmana kêkarêpane wong Nederland ing bab pangrèh praja kêna kaperang dadi rong golongan: 1. bangsa liberaal lan 2. bangsa conservatief. Bangsa liberaal njaluk tumraping Indhiya supaya pêdagangan lan pênggaotan dimêrdikake, gugur gunung lan lêbon wulu wêtu kasuwaka, mung kêbon-kêbon gupêrmèn iku digêdhèkna. Hogendorp, Daendels, Du Bus, Elout kêkarêpane iya mêngkono iku. Malah ana kang nêdya ngêjokake wong pribumi ênggone têtanèn lan nggaota. Dene golongan conservatief kaya ta: Nederburgh, van der Capellen, njaluk balining prênatan tanduran pêksan, lêbon wulu wêtu l.s.p.

Kang akèh wong ing Nederland ngrujuki panêmu liberaal mau, ewadene prênatane ana ing Indhiya ora ditindakake, utawa mung sêthithik kang ditindakake, marga ora ana wragade.

Panêmuning akèh bisane ngajokake kêmajuan iku kudu ana dhuwite. Dhuwit iku wêtune saka têtanduran kang pamêtune payu larang, mulane parentah majêgna tanahe, kang durung ana tandurane, marang bangsa Europa, supaya mêtu kasile; ing nalika iku ing tanah Jawa kang sinêbut "loh jinawi" iki mung sêthithik bangêt pamêtune: lêbuning barang ing tanah Jawa pêngajine luwih gêdhe tinimbang barang kang mêtu saka tanah Jawa.

Barêng van den Bosch jumênêng Gouverneur-Generaal mênggalih yèn kabudidayaning Walanda nênandur ana ing tanah Jawa iku ora bakal bisa kêdadean, yèn mêngkono dadi ora bisa gawe karaharjaning tanah. G. G. van den Bosch banjur ngajokake wulu wêtune tanah Jawa, supaya nênandur tanduran kang payu ana ing Europa kaya dhèk jaman V.O.C., nanging aja nganti gawe sangsaraning wong Jawa kaya sing uwis-uwis.[10]

Panêmune van den Bosch kang mêngkono iku ora nyimpang saka mêsthine, awit miturut saka kaananing cara ing tanah Jawa, sapa kang nyêkêl pangwasa nêgara (ratu utawa gupêrmèn) iku kang nduwèni bumi sauwonge. Bumi iku diparingake marang wong cilik supaya digarap, lan saperangane pamêtune katur marang ratu (Gupêrmèn). Saka karêpe G. G. van den Bosch lêbon saperangane pametu iku disalini sapralimaning lêmah kang ditanduri kopi, têbu, kapas utawa tom, lan wonge kang ora duwe panduman bumi, ditamtokake nglakoni gugur gunung 66 dina ing dalêm sêtaun, lan manèh lêbuning wulu wêtu iku isih bakal nganggo dibayar sêthithik minangka ganjaran. Dadi lêbuning wulu wêtu iku mau sêjatine minangka pajêg utawa landrente. Petungane ora luwih tinimbang lêbuning landrente pranatan Raffles.

Ministêr van Koloniën Tuwan Elout ora cocog karo panêmune G. G. van den Bosch, nganti dilabuhi sèlèh ênggone dadi ministêr. Dene Sang Nata Prabu Willem I ing Nederland, ngèngêti bangêting kêkuranganing dhuwit nêgara, kêpêksa cocog lan karêpe van den Bosch:

1. Wong Jawa dipêksa nandur têtanduran kang durung diwêruhi, lan banjur kèthèr ênggone têtanèn dhewe.[11]

--- 108 ---

2. Dhuwit kang minangka ganjaran ênggone nglêbokake wulu wêtu mung sêthithik, luwih-luwih tumraping kopi, mangka sadurunge têlung taun kopi mono durung kêna diundhuh.

3. Panggarape tanduran anyar iku akèh kang luwih abot tinimbang panggaraping tanduran Jawa, upama: pari.

4. Tindaking para ambtenaar sok sawênang-wênang; lêmah kang ditanduri tanduran Gupêrmèn iku dipilihake sing apik, tur luwih saka sapralimaning palêmahan lan liya-liyane.

5. Landrente jêbul iya isih ditindakake.

Wong Jawa bathine mung dumunung mundhak kawruhe ing bab nênandur lan mundhak kasrêgêpane. Tumraping praja Nederland akèh bathine, awit pamêtuning Cultuurstelsel wiwit taun 1830 têkan taun 1878 ora kurang saka 800,000,000 rupiyah (batig saldo).

Wong Jawa ora duwe wragad lan ora kobêr anggarap pêsawahane, mulane dadi lan kêmlaratane. Ing sawêtara panggonan malah nganti kambah ing pacêklik lan pailan, kaya ta: Cirêbon, Dêmak lan Grobogan (1848–1850).[12]

Kang mêngkono iku sêjatine iya ora diniyati dening para kang yasa Cultuurstelsel, lan wong ing nêgara Walanda akèh kang ora rujuk yèn tindaking Cultuurstelsel banjur sawênang-wênang mêngkono.

Sawise taun 1854 akèh kang mbudidaya amrih suwaking Cultuurstelsel lan gugur gunung.[13]

Ing taun 1865 tanduran tom disuwak, mêngkono uga tèh, manis jangan lan cochenille (nopal). Mrica suwak 1860, têmbako 1866, têbu taun 1870. Wêt taun 1915 nyuwak tanduran pêksan kang isih kari, yaiku kopi. Dadi wiwit ing taun 1915 iku Cultuurstelsel wis ilang babar pisan.

Ana ing nêgara Walanda kana kang bangêt ênggone ngêmohi Cultuurstelsel yaiku Tuwan Pandhita van Hoëvell. Ing taun 1848 miturut owah-owahaning Gronwet, Staten Generaal olèh pangwasa nitipriksa tindaking Prentah Luhur tumrap Indhiya lan ngulat-ulatake lêbu wêtuning dhuwit nêgara, lan manèh Staten-Generaal dipasrahi nêtêpake "Reglement op het beleid der Regeering in Nederlandsch Indië" (Regeeringsreglement) lan pranatan liya-liyane. Marga saka iku van Hoëvell lan sagolongane bisa ngandharake panêmune ana ing Tweede Kamer. Regeeringsreglement taun 1854 wis nyêbutake yèn kabutuhaning kawula Indhiya kudu diprêlokake dhisik lan kawula Indhiya mau sangkaning sêthithik kudu didadèkake bangsa kang nyêkêl pamarentah (zelfbestuur). (Ing taun 1927 R.R. iku owah lan salin jênêng dadi Indische Staatsinrichting = I.S.)

--- 109 ---

Bêbarêngan lan suwaking Cultuurstelsel ana pranatan-pranatan anyar, kang bêcik, kaya ta: pasar wis ora dipajêgake (marang Cina). Ananing batur tukon lan sapêpadhane diilangi (1860) lan bab pangêdole candu dikuwasani Gupêrmèn piyambak (opiumregie).

Ing taun 1864 ana Compabiliteitswet, nêtêpake yèn begrooting Nederlansch Indie iku kang gawe Parentah Indhiya bêbarêngan lan Parentah Nederland sarta disahake srana anggêr-anggêr dening Staten-Generaal.[14]

Ing taun 1870 ana Agrarische Wet surasane: Gupêrmèn kêna majêgake bumi kang durung tau digarap marang wong Walanda suwene ing dalêm 75 taun. Palêmahane wong Indhiya ora kêna didol marang wong kang dudu golonganing wong pribumi, yèn ora srana lantaran Parentah Gupêrmèn.

Marga saka iku:

1. Banjur bisa ana kabudidayan-kabudidayan gêdhe.

2. Palêmahane wong pribumi ora gampang bisane tumiba ing tangane wong liya lan wong pribumi ora gampang kênane apus.

Pêdagangan lan pêlajaran bisa maju bangêt. Ing taun 1870 anane pakumpulan pêlajaran kang dhisik dhewe jênênge Stoomvaart Maatschappij "Nederland".

Ing taun 1872 nalika G. G. Loudon rawuh ing Indhiya, wis prêsasat kari nêmu kêpenake, prêkara-prêkara kang ndadèkake rêkasane wong pribumi wis prêsasat ilang.

Bab 6. Tanah Indhiya Saliyane Tanah Jawa Wiwit Sabubaring Jaman Inggris Tumêka Sêprene.[15]

Nalika pamarentah Walanda dikuwasakake ngêrèh tanah Indhiya manèh, tanah-tanah sajabaning tanah Jawa, kang banjur ngakoni winêngku ing pamarentah Walanda, yaiku:

Lampung, Palembang, Bangka lan Padhang ing tanah Sumatra,
Kasultanan Pontianak lan Banjarmasin ing Borneo,
Makasar lan Mênadho ing Sèlèbês,
Pulo-pulo ing Moloko.

--- 110 ---

Mungguh trajange Gupêrmèn anggone ngasta tanah Indhiya, owah-owah nganti têlung rambahan, yaiku: 1º taun 1816–1850, 2º taun 1850–1898, 3º taun 1898 tumêkane saprene.

Pangwasaning pamarentah Walanda ana ing tanah-tanah iku mau prêsasat mung pêngaran-aran, awit Gupêrmèn nganti wêtara suwe kèndêl bae, ora mênggalih marang pêprentahaning tanah-tanah kasêbut ing dhuwur, marga saka ora ana wragade. Kêjaba Sumatra, Bangka lan Bandha mèh ora ana kang mêtu kasile, dadi iya ora ana wragad kang kanggo nganakake prênatan-prênatan murih bêciking pêprentahan. Wuwuh-wuwuh ing nalika iku pamarentah lagi ngudi bangêt bisane olèh bathi kang akèh, awit pancèn lagi butuh-butuhe nganggo dhuwit kaya kang wus katêrangake ing ngarêp.[16]

Suwening-suwe Gupêrmèn sok kêpêksa tumandang ngebarake pangwasane, jalaran kuwatir mênawa kêndhih ing pangwasane bangsa liya.

Tandanging Gupêrmèn kang mêngkono iku racak kêna dianggêp bêcik tumraping wong-wong ing kono, awit wong-wong iku kêrêp mung kinaniaya ing para panggêdhe lan ratu-ratune dhewe.

Ana ing Sumatra Gupêrmèn kêrêp olèh pêkewuh marga ênggone têtanggan lan wong Inggris kang isih mêngkone tanah Bêngkulên, (Raffles) lan Nias. Raffles iku pêngarahe biyèn supaya sa-Indhiya iki bisaa lêstari kaêrèh marang Inggris. Tumêkaning wêktu iku, rèhning Indhiya wus bali marang Walanda, pangarahe Raffles mung kari arêp njêmbarake jajahan ana ing Sumatra, awit surasaning "Conventie van Londen" 1814 pancèn isih pêtêng. Ing taun 1824 klakon ana prêjanjian anyar kang sinêbut "tractaat van Londen". Ing kono kasêbut: jajahan ing tanah Sumatra lan sacêdhake Sumatra kêjaba Singapura, kaêrèh Gupêrmèn Walanda; Inggris olèh ijol jajahaning Walanda ing buwana Azië, yaiku Malaka. Kêjaba iku Walanda kêbubuhan nglarangi ananing bajag laut ing Acih, nanging aja nganti nganggo ganggu gawe marang kamardikaning praja Acih.

Dhèk wêtara taun 1850 Gupêrmèn wiwit nyantosakake pangwasane lan njêmbarake bawahe, nanging mung nrima anggêre wus bisa nênêlukake, dadi ora banjur marentah ing kono, awit saka ora ana wragade. Luwih-luwih barêng kêtungka pêcahing pêrang Acih kang wragade nganti yutan rupiyah, ênggone arêp nata paprentahan dadi kandhêg nganti suwe.[17]

--- 111 ---

Sabubaring pêrang Lombok ing taun 1894 lan sawise mênang karo Acih ing taun1898, Gupêrmèn wiwit ngowahi trajange tumraping tanah-tanah sajabaning tanah Jawa sarana nindakake kaya tandange generaal van Heutz ana ing Acih (pandhingên kaca 119). Srana prajanjian cêkak kang sinêbut "Korte Verklaring" para raja-raja padha dianggêp ênggone ngasta paprentahan dhewe, nanging kudu ngakoni yèn kabawah ing pamarentah Nederland. Tumêkane sêprene "Prajanjian Cêkak" iku wus dianggêp ing para raja 330. Tanah-tanah liyane kang ora ana rajane utawa kang wus ora dianani raja, banjur dibawah Prentah Gupêrmèn piyambak (Rechtstreeksch bestuur). Gupêrnur Jendral van Heutz gêdhe lêlabêtane tumraping jajahan sajabaning tanah Jawa.[18]

Ing ngisor iki prêlu kawruhan apa kang klakon ana ing jajahan sajabaning tanah Jawa.

1. Sumatra.

Wus watara suwe bangsa Padri mêmungsuhan lan para raja ing Minangkabau. Bangsa Padri iku golonganing bangsa Islam kang arêp ngêncêngake tindaking agama sarta anjangka supaya pêprentahaning praja anaa ing pangwasane para ulama. Para raja lan pênggêdhe dimungsuh lan kinuya-kuya, banjur padha njaluk pitulunganing wong Inggris, nanging ora olèh gawe, wasana banjur njaluk pitulunganing Walanda. Gupêrmèn rumangsa kêpêksa nuruti, awit kuwatir mênawa kêdhisikan pitulungane wong Inggris lan sumêlang yèn pangwasane bangsa Padri mundhak-mundhak. Pêrang Padri iku mau wiwit taun 1821 têkan taun 1837, rampunge barêng Bonjol, têlênging pangwasane bangsa Padri, wus kêna diêjègi Jendral Cochius. Padhang hulu banjur dibawah prentah ing Gupêrmèn njalari ayêm têntrêming wong-wong ing kono.[19]

Ing taun 1816 tanah Palembang ana pêrang rêbut kaprabon.[20]

Kang jumênêng ing wêktu iku jêjuluk Sultan Najam, dene kang arêp ngrêbut pangwasa asma Sultan Badhar, kang wis diundur saka ing kalênggahane nalika jamane Raffles isih jumênêng litnan jendral.

Sultan Najam minta sraya marang Raffles lan iya disaguhi, nanging ora nganti klakon olèh pitulungan, jalaran Parentah Inggris ora marêngake.

--- 112 ---

Putusaning Gupêrmèn Walanda kang digawe mênang lan dijumênêngake Sultan: Badhar, dene Najam diundur lan dikendhangake. Wasana ora suwe Sultan Badhar jêbul mungsuh marang Walanda, Gupêrmèn nganti kêpêksa nêmênani ênggone abandayuda, Sultan Badhar kêcêkêl lan banjur dikendhang (Generaal De Kock). Putrane Sultan Najam diangkat jumênêng sultan, nanging para kawula wus kêbanjur bubrah pikire, akèh kang ora nganggêp marang Sri Sultan anyar, wasana ing taun 1824 padha mbangkang ing parentah. Kaparênging Gupêrmèn wiwit nalika iku ing tanah Palembang wis ora dianani sultan.

Ing taun 1856 tanah Lampung dibawah ing Parentah Gupêrmèn piyambak. Lêt sawatara taun Rejang lan Lebong, ênggone wong-wong kang padha gawe rêrusuh ana ing Bêngkulên, kêna ditêlukake. Ana ing Sumatra pasisir wetan pangwasaning Gupêrmèn mundhak-mundhak gêdhene. Nias uga kêna dijègi Walanda, kanggo papan pananggulanging mungsuh yaiku bajag laut ing Acih. Mêntawei ditêkani wêwakiling Gupêrmèn, nanging ênggone kêbawah pinarentah ing Gupêrmèn wis ana ing taun 1905.[21]

Ing karajan Siak wis wiwit taun 1855 ana rusuh. Sri Sultan mêmungsuhan lan kang rayi, kang dadi pêpatihing karajan, banjur mundhut bantu marang wong bangsa Inggris, jênênge Wilson. Klakon sang pêpatih bisa têluk, nanging Wilson gênti dadi mungsuh. Tujune Sri Sultan bisa olèh pitulunganing Gupêrmèn Walanda, kang banjur bisa nyingkirake Wilson. Ing taun 1858 Siak lan Gupêrmèn prêjanjian, surasane wiwit nalika iku Siak sawêwêngkone kêbawah ing Parentah Nederland.[22]

Ing taun 1884 nalika Sri Sultan olèh pakewuh saka ing tanah jajahane, banjur rêrêmbugan lan Gupêrmèn, kêdadeaning gunêm: pangwasane sultan diliyêrake marang Gupêrmèn, klawan nganggo ijol dhuwit, marga iku Sultan Dhèli, Asahan lan Langkat katut dibawah ing Parentah Walanda.

Jambi nganti suwe ora dipênggalih karo Parentah Gupêrmèn. Ing wiwitane abad 20 lagi bae Gupêrmèn mêrangi para santanane sultan kang ora gêlêm diajak bêcik. Ing taun 1906 Jambi didadèkake residentie. Ing taun 1917 ana kraman, nanging banjur kêna disirêp.[23]

2. Borneo.

Ing taun 1840 ana wong Inggris aran James Brooke tuku tanah ing Serawak saka sultan ing Brunei, lan besuke Brooke malah bisa gumanti dadi sultan ing Brunei iku. Pulo Labuhan didadèkake statsiun arêng watu. Iya mêrga James Brooke iku anane paprentahan Inggris ing Borneo sisih lor kulon.[24]

Gupêrmèn Walanda banjur sumêlang, manawa tanah-tanah liyane bakal ana manèh kang tumiba ing pangwasaning praja liya, mangka awêwaton kontrak-kontrak lawas Gupêrmèn nduwèni wêwênang tumraping tanah-tanah mau. Gupêrmèn banjur cancut taliwanda, nêtêpake pangwasane ana ing tanah-tanah iku srana rêmbug bêdhami utawa srana pamêksa.

--- 113 ---

Ing jajahan Sambas lan Pontianak akèh bangsa Cina kang padha manggaota golèk êmas, sarta padha ngêdêgake pakumpulan kang dijênêngi kongsi. Para Cina iku rumangsa yèn mêrdika, mulane ora maèlu marang paprentahane sultan utawa Gupêrmèn. Kang mêngkono iku mêsthi bae dadi pêrang, lan Cina kêpêksa nungkul, nanging sawise taun 1824 Gupêrmèn ora kobêr mênggalih kaananing Borneo, awit lagi ribut marga saka prêkara pêrang Padri lan pêrang Dipanêgaran. Ing taun 1854 Gupêrmèn nglurugi lan bisa ngêbroki bètènge wong Cina ing Montradho, ora suwe wong Cina ing Borneo wis ora gêlêm gora godha manèh nganti tumêka saprene.[25]

Ing taun 1859 ing Banjarmasin ana kraman, marga saka sultan kang jumênêng iku pancèn dudu bênêre gumanti sultan.[26]

Barêng karsane Gupêrmèn tanah Banjarmasin arêp digamblokake dadi tanah gupêrmenan, trajanging bangsa kraman saya nggêgirisi, gêdhe-gêdhening pêrang nganti sajroning 3 taun. Bala kraman banjur munggah mênyang dhusun Landên lan isih tansah ngajak mêmungsuhan. Ing taun 1899 kraman ndadi manèh ana ing Kandhangan. Nungkule babar pisan ana ing taun 1905; Borneo sisih kidul lan wetan kabèh wis têtêp kabawah Parentah Gupêrmèn Walanda.

3. Sèlèbês.

Gouverneur-Generaal van der Capellen nganyarake prêjanjiane para raja ing Sèlèbês lan nganggo owah-owahan sawêtara, nanging Sultan Bone ora gêlêm malah banjur ngajak pêpêrangan. Jendral van Geen diutus ngajar marang kwanène wong Bone, nanging ora ditêlukake babar pisan. Wong Bone ora duwe kêndhak, malah raja-raja bawah Gupêrmèn akèh kang dianggêp têlukane, sarta nariki pajêg ana ing tanah bawah Gupêrmèn. Ing taun 1859 Bone dilurugi nanging ora olèh gawe, banjur ditungka lurugan anyar disenapatèni van Swieten. Rajane ing nalika iku putri, balane kasoran; sang raja dèwi klakon diundur. Kang gumanti raja, jêjuluk Aru Palaka, ora dikira-kira yèn bakal arêp mbangkang marang Gupêrmèn manèh. Wasana barêng otot bayune wong Bone wis pulih, wani nyidrani prajanjiane karo Gupêrmèn, lan banjur ana rêrusuh manèh.

--- 114 ---

Lupute Gupêrmèn dene andêl-andêlan têmên, ing kono têka ora mau-maune didokoki suradhadhu.[27]

Ing taun 1905 pambangkange wong Bone wis kêna dikêndhakake babar pisan. Raja-raja kang kêplayu padha dioyak. Sèlèbês têngah lan kidul wis nungkul têmênan. Sèlèbês wetan nalika taun 1907 iya wus dadi tanah gupêrmenan srana dituku saka sultan ing Têrnate. Wiwit nalika iku Sèlèbês ngrasakake katêntrêman lan duwe pangarêp-arêp marang têkane jaman kang luwih bêcik.[28]

4. Moloko lan Nieuw Guinea.

Wong-wong ing Moloko ora sênêng dene Walanda bali ngwasani tanah Moloko, awit kanji nalika siniasat dhèk jamane V.O.C. Ing taun 1817 ing Saparua ana kraman malah nganti mrèntèk marang pulo-pulo ing sakiwa têngêne. Van der Capellen paring kamayaran warna-warna marang wong Moloko. Ing taun 1863 tanduran pêksan cêngkèh lan pala ing Ambon lan Bandha wis disuwak, ewadene Moloko ora bisa karta raharja. Ing wiwitane abad 20 iki Seram têngah ditêntrêmake lan didokoki suradhadhu. Raja-raja Têrnate lan Tidhore nganggêp prajanjian cêkak. Halmahera iya wus kêna diprênata.[29]

Wiwit taun 1898 ing Nieuw Guinea wiwit dianani paprentahan prênatane Kangjêng Gupêrmèn.[30]

5. Pulo-pulo Sundha cilik.

Pulo-pulo iki iya prasasat ora diprêduli karo Kangjêng Gupêrmèn. Mung kala-kala Kangjêng Gupêrmèn nglurugake wadyabala. Kang sapisanan dhèk taun 1849 (pulo Bali) pêrlune kanggo nglarangi adat kang dudu samêsthine, kaya ta: dol tinuku batur, randha pinêksa bela obong, lan adate wong pasisir mênawa ana prau kandhas banjur dibèki lan wonge didol didadèkake batur tukon.

Wong-wong ing Lombok bangsa Sasak, padha mbangkang marang ratu-ratune lan angraman. Ratu-ratune iku darah Bali. Gupêrmèn arêp nyapih ênggone mêmungsuhan nanging ditulak, mulane ing taun 1894 nglurugake wadyabala 2.400 disenapatèni Jendral Vetter lan van Ham. Ana ing Cakranagara prajurite van Ham karusakan marga linimpe tinêmpuh ing mungsuh. Jendral van Ham dhewe nganti tumêka ing tiwas. Jendral Vetter sawise wuwuh prêjurite banjur mbêdhah Mataram. Ratune diundur, lan Gupêrmèn gumanti ngasta pangwasa ing kono. Karangasêm kang maune bawah Mataram, iya klêbu dadi jajahane Gupêrmèn, mêngkono uga karajan-karajan cilik ing Bali liyane. Wiwit nalika iku pêrang-pêrangan ing Bali Lombok wis sirna, dol tinuku batur lan bela marang kakung srana pati obong (pungkas-pungkasane klakon ing taun 1903) wis ora kêna ditindakake. Gupêrmèn saya têmênan ênggone mênggalih marang kapuloan Sundha Cilik iku.[31]

--- 115 ---

Bab 7. Pêrang Acih 1873–1904.

Pêrang Acih iku wiwitane dhèk taun 1873 rampunge nganti têkan taun 1904. Tumraping Kangjêng Gupêrmèn pêrang iku kang mutawatiri dhewe lan wragade êntèk akèh dhewe; tumêka taun 1884 bae wis êntèk wragad ±150 yuta rupiyah, lan ing sabanjure wragade ing dalêm sataune kurang luwih 7 yuta rupiyah.

Dhèk sêmana Acih iku praja kang isih madêg dhewe, ora kêbawah ing ngêndi-êndi. Rèhne tumindaking pangrèh praja ora bêcik, mulane kêrêp gawe pakewuhing tanah jajahan Nederland lan Inggris. Wong ing Acih akèh kang gawe gawating dalan ing lautan, yaiku sarana ambêbajag, ngalang-alangi tumindaking dagang layar lan isih nindakake dol tinuku batur tukon.[32]

Katone saka ing jaba Acih nalika sêmana praja sêwiji wêwêngkone sultan ing Acih, ananging satêmêne pêcah-pêcah dadi praja cilik-cilik akèh, panggêdhene prasasat madêg dhewe-dhewe, ora rèh-ingêrèh. Sri Sultan iya mung kari pangaran-aran bae: ratu ing Acih, nanging satêmêne ora duwe pangwasa marang pênggêdhe-pênggêdhening tanah, mung yèn lêlawanan rêmbug karo mancanêgara Sri Sultan isih dianggêp sêsulihing satanah Acih kabèh. Mungguh pamerange tanah Acih iku mêngkene:

Kampung-kampung sawatara ngumpul dadi satanah, diêrèh ing panggêdhe apangkat ulubalang. Wêwêngkone ulubalang sawêtara ngumpul dadi sapêprentahan, jênênge sagi dipênggêdhèni ulubalang pêpilihaning kono asêbutan panglima sagi. Acih Bêsar iku kaperang dadi têlung sagi, jênênge mukim XXII, mukim XXV lan mukim XXVI.

Mukim mono kumpuling kampung-kampung kang tunggal samasjid. Sabên samukim ana pênggêdhene tumraping agama, apangkat imam, sarta imam iku iya duwe pangwasa tumraping prêkara pêprentahan, nanging isih kawêngku ing pangwasaning ulubalang. Panglima sagi ing mukim XXII sinêbut Panglima Polêm (polêm = kakang, raka) lan kajèn kèringan dhewe.

Ulubalang iku kêrêp sulaya ing panêmu karo teungku utawa ulama, kang mèlu-mèlu ngrêmbug prêkara pangrèh praja awêwaton kitab Kor'an.

Sri Sultan ênggone isih dipundhi-pundhi ing akèh iku mung marga nglêluri nalikane Sultan Acih isih kuwasa kaya dhèk jamane Sultan Iskandar (1636), nanging sajroning abad 18-19 kwasane mung kari ing sakubênge kutha Acih, kêdhatone wis rusak lan ora kopèn. Jumênênge sultan saka pêmilihing panglima sagi, nanging sultan lan para panglima sagi iku padha madêg dhewe-dhewe, ora bawah-binawah. Mula iya layak bae yèn tumindaking praja rusuh lan ora ana têntrême (anarchie).

Marga saka iku Acih kêrêp ndadèkake karibêdaning paprentahan Inggris, Nederland lan liya-liyane. Ing taun 1824 Inggris

--- 116 ---

lan Nederland gawe prêjanjian, karan Tractaat van Londen, surasane Nederland dipasrahi njaga kaslamêtaning prau-prau kang ngambah sêgara wêwêngkone Acih, nanging Nederland ora kêna nyahak kamardikaning Acih, awit disumêlangake manawa pangwasaning Nederland ana ing Sumatra banjur mundhak-mundhak.[33]

Ing taun 1857 Sri Sultan Ibrahim Mansur Syah kêtamuan utusaning Gouverneur-Generaal Bêtawi. Têkane utusan samêkta kapal pêrang, nggawa nawala kanthi barang warna-warna, katur Sri Sultan. Nalika iku Sri Sultan lan Gupêrmèn yasa prêjanjian minangka tandhaning pamitran: ênggone dagang layar bangsa Walanda ora bakal dimunasika, bajag sêgara, begal ing urut pasisir lan dol tinuku batur arêp dialang-alangi. Prêjanjian iku Sri Sultan ora sagêd nêtêpi, awit ora kagungan pangwasa tumrap marang sagi utawa kampung liyane.

Ing taun 1858 Nederland prêjanjian karo Sri Sultan Siak (Siak-tractaat) surasane: Siak lan sawêwêngkone dadi jajahan Nederland. Mangka jajahan Siak iku satêmêne jajahan Acih, têka saiki dadi bawah Nederland. Prakara iku nangèkake kasujananing wong Acih marang wong Walanda, nganggêp yèn wong Walanda nglanggar ênggone prêjanjian mêmitran karo Sultan Ibrahim Mansur Syah. Wong Acih banjur wani mbajag prau Walanda lan wani mbêdhili bètèng Walanda ing Batubara ana ing wêwêngkon Siak.

Wiwit taun 1869 yaiku sabukaking kanaal Suez, dalaning dagang layar mênyang Asiah mêtu ing sêgara loring Sumatra, dadi bangsa kang padha dagang layar iku mau mêsthine padha sênêng mungguh bisaa olèh palerenan ana ing Acih utawa duwe tandhon arêng watu ana ing kono. Bangsa Walanda lan Inggris malah ora bisa ngarah kang mangkono iku, awit wong Walanda digêthing ing wong Acih lan wong Inggris kêpalang tractaat 1824, wis ora arêp duwe karêp apa-apa ana ing Sumatra.

Mangka wong Acih, rèhning praja mêrdika, ing samangsa-mangsa bisa sarêmbug karo praja liyane, kaya ta: Turki, Italie, Vereenigde Staten lan Frankrijk.

Marga saka prêkara iku mau kabèh, Inggris lan Walanda rumangsa prêlu ngowahi tractaat Londen. Ing taun 1872 gawe prêjanjian anyar kang jênêng Sumatra-tractaat, surasane: Nederland ana ing Sumatra kêna tumindak ing sakarêpe, mung bae Inggris olèh jajahan Nederland kang ana pasisire tanah Guinea ing buwana Afrika, sarta ana ing Siak lan ana ing tanah-tanah Sumatra kang bakal dadi jajahan Nederland, Inggris kêna dêdagangan lan sapanunggalane, kayadene wong Walanda.

Prentah Walanda banjur tumindak nglarangi dagang batur tukon lan nggusahi bajag ing Acih, sarta mèlu ngrêmbug prêkaraning nêgara-nêgara cilik. Mêsthi bae wong Acih saya gêthing bangêt marang Walanda.[34]

--- 117 ---

Utusaning sultan kêtêmu karo Residhèn Walanda ing Riouw ngrêmbug murih bêciking Acih lan Nederland, Gupêrmèn nuruti apa kang dadi karêping Acih, balining utusan malah ditêrake nganggo kapal pêrang, lakune ngliwati Singapura. Sajrone lèrèn ana ing Singapura iku, utusan têpung rêmbug karo Consul Italie lan Amerika, njaluk supaya dibiyantoni mênawa Acih klakon mêmungsuhan karo Nederland. Consul Amerika nyaguhi. Kêjaba iku wong Acih iya golèk bantu mênyang Frankrijk.

Prentah Walanda nguningani iku kabèh. Tinimbang kêdhisikan têkaning bantu saka Amerika utawa praja liya, Minister van Kolonien Franssen van de Putte dhawuh marang Gouverneur-Generaal Mr. J. Loudon supaya nêmênani ênggone rêmbugan karo Acih. G.G.J. Loundon banjur utusan Vice-President Raad van Indie mênyang Acih kanthi kapal pêrang papat lan prêjurit ora kurang saka 3.800 anggênahake bab prêkara rêrêmbugan karo Consul Amerika lan Italie ana ing Singapura. Barêng katrangane Acih dianggêp ora sah, utusan Nederland banjur nantang pêrang, lan iya klakon dadi pêrang, suwene nganti 31 taun.

Senapatining prêjurit Walanda mêdhun saka prau nindhihi bala kèhe 3.800. Wong Acih wus prayitna. Campuhing pêrang gègèt gênti kalindhih, wasana senapatining Walanda Generaal Kohler kèsisan wadya, kêna rinangsang ing pêdhange wong Acih, ambruk kapisanan, nêmahi tiwas.[35]

Bala Walanda bilulungan bingung kelangan senapati, banjur kêpêksa mundur, munggah mênyang paru, bali mênyang Bêtawi.

Wong Acih bangêt gambiraning atine, rumangsa unggul ing jurit, ora ngira yèn banjur ditêkani Generaal van Swieten nggawa bala 8.000, lan kapal pêrang pirang-pirang. Prajurit Acih ora kuwat nadhahi pangamuking wadya Walanda, sasisaning kang mati padha mundur ngungsi urip. Kêdhatone Sri Sultan dijègi bala Walanda, lan banjur digawe ênggon klumpukaning saradhadhu lan papan padununganing pangwasa Gupêrmèn, sarta jênênge lêstari sinêbut Kottaraja. Ora lêt suwe Sri Sultan seda, kêcandhak ing cholera, ananging sedaning Sri Sultan prasasat ora ngowahake lêlakon apa-apa.[36]

Tumêkaning praja Nederland golongan Walanda sênêng bangêt krungu yèn kêdhaton Acih wis kêna dijègi, pangrasane, wong Acih kabèh wis prasasat kêna ditêlukake. Dene kanyataane ora mêngkono. Para panglima, ulubalang lan liya-liyane isih nginggit-inggit bangêt marang wong Walanda. Panglima Polêm kang minangka têtuwane.

--- 118 ---

Prentah Walanda banjur wis êmoh nganggêp marang para panglima iku, sawêwêngkoning Acih Bêsar dianggêp dadi duwèking Walanda, nggêntèni pangwasaning sultan. Van Swieten sèlèh, digêntèni Kolonel Pel, ngwasani pêprentahan civiel lan militair. Wadya Walanda akèh kalonge marga kêtrajang ing cholera, malah ing taun 1876 Pel piyambak iya seda. Ing taun 1879 kèhing wadyabala Walanda kang maju pêrang ana 11.000, yèn ana kalonge banjur digênêpi manèh.

Ing taun 1878 Generaal Karel van der Heijden nyêkêl pangwasa ing Kottaraja apangkat militair gouverneur.[37] Pêrange wadyabala Walanda bisa olèh gawe, jajahan Walanda mundhak-mundhak, para panglima lan ulubalang akèh kang nungkul. Acih Bêsar wus kêna kawêngku babar pisan. Gupêrnur van der Heijden dianggêp wis rampung gawene, dhinawuhan sèlèh panguwasa, kapasrahna marang Pruijs van der Hoeven, apangkat civiel gouverneur.[38]

Panêmune Gouverneur van der Hoeven mênawa gouvernement bêcik pangrèhe lan ora pijêr gora godha mêrangi wong Acih, mêsthi banjur gawe têntrêming tanah Acih, wong-wonge bakal mapan dhewe, manut marang prênatan anyar. Kêdadeane panêmu iku kliru, awit wong Acih banjur malah mundhak kwanène, ora rumangsa yèn dikalahi.[39]

Begal kaya diunggar karêpe. Kampung-kampung kang wis têluk marang gouvernement dirusak, dijarah rayah, prêjurite Teungku Umar ngrêrusak tanah pêsisir kulon. Luwih manèh kwanène wong Acih barêng niyate ênggone pêrang dianggêp pêrang sabil, sangsaya suwe wus ora wêdi ing bêbaya, nganti Kottaraja pisan iya arêp ditêmpuh. Pruijs van der Hoeven rumangsa ora kwagang ngantêpi panêmune dhewe, banjur lèrèh. Kang nggêntèni ora suwe iya nrima sèlèh, awit ora kwagang nindakake pangrèh civiel mau.

Ing taun 1884 Gupêrmèn salin gêlar kang diarani Concentratie-stelsel.[40] Pangrèhing Militair lan Civiel dadi siji. Wadyabala diklumpukake ana ing Kottaraja lan sakiwa-têngêne. Wiwit saka pasisir kulon têkan pasisir wetan didêgi bètèng-bètèng, digandhèng srana dalan trèm. Pêsisir Acih dijaga ing suradhadhu lautan. Concentratie-stelsel iki wragade mung watara f 7,000,000 sêtaun-taune, mangka kang uwis-uwis kanan keringe f 15 utawa 20,000,000 sataun. Tanah ing sajroning pajagan [pa...]

--- 119 ---

[...jagan] suradhadhu têntrêm. Pangarêp-arêpe supaya para panglima wêruh kang mêngkono iku bisaa padha nungkul aris saka karêpe dhewe, jêbul iya isih dianggêp yèn Walanda ora wani nêmpuh, dadi sajabaning pajagan concentratie-stelsel lêstari rusuh lan mêmungsuhan.

Ing taun 1893 Teungku Umar nungkul marang Gupêrmèn banjur ngajak nêlukake sa-Acih kabèh. Gupêrmèn nuruti, lan iya klakon Teungku Umar katon lêlabuhane, mulane banjur pinarcaya, kêna tinêmbungake kandêl ing pasuwitane. Barêng kêlenan Teungku Umar banjur lolos nggawa dhuwit lan gêgamaning Walanda, ngumpul karo bangsane manèh (1896). Bangsa Acih bisa mundhak sêntosa, awit olèh wragad, olèh tambah gêgaman, lan mundhak pangêrtine marang mungsuh.

Ing taun 1893 sarjana C. Snouck Hurgronje ngêtokake buku kang dijênêngake "De Acehers" ngêmot kaananing tanah lan wong Acih, bab cara lan pranatane ing Acih, bab ênggone pêrang lan bab klirune trajanging Gupêrmèn.[41]

Kêbarêngan ing wêktu iku Majoor J.B. van Heutsz nyêbar layang surasane: Acih iku kêna ditêlukake srana saradhadhu kang ana Acih iku bae, ora susah mundhak wragad, anggêre wong Acih diwêruhna yèn mungsuhe luwih kwasa lan sêntosa. Pranatan Concentratie isiha lêstari nanging saradhadhune tumandanga ngrêbut tanah Acih Bêsar, sawuse iku banjur nêluk-nêlukna sagi liyane. Minister van Kolonien J.T. Cremer lan G. G. van der Wijck ambombong kêkarêpaning van Heutsz.

Prentah Gupêrmèn anggega panêmuning sarjana loro iku mau. Ing taun 1896 Generaal Vetter ngangsahake wadyabala. Ing taun 1899 Teungku Umar asor jurite nêmu pati ing satêngahing paprangan. Ing taun 1897 Acih Bêsar wis kêna dianggêp têntrêm. Wadya Walanda banjur nglurugi Pêdir (Pidie) panggonane mungsuh kang ngangkah dadi Sultan. Têluking Pêdir nalika van Heutsz jumênêng gouverneur ing Acih.[42]

Ing taun 1901 Samalangan wis bisa têluk. Para panglima, ulubalang sapêpadhane kang ora gêlêm nungkul padha ngumpul ana ing tanah kidul. Overste van Daalen ing taun 1904 nglêboni tanah Gayulan Alas, tanah kang durung tau kambah ing wong Europa, gawe girising mungsuh Acih.[43] Ing taun 1904 iku pungkas-pungkasane prang Acih, awit ing taun ngarêpe 1904 Muhamad Dawot (kang bakal kaangkat sultan) Panglima Polêm lan raja ing Keumala wus nungkul têmênanan marang pangwasaning Nederland. Para raja kang wis têluk iku, manawa isih dilêstarèkake mrentah nagarane, nganggo kudu nandhani prêjanjian kang diarani Korte verklaring yasane G. G. van Heutsz. (pandhingên k. 111).[44]

--- 120 ---

Sabubaring pêrang Gupêrmèn mrêlokake bangêt ênggone ndandani tanah Acih, lan mêmulih katêntrêmaning atine wong.

Plabuhan Sabang ing taun 1903 iku nambahi ajuning padagangan. Bab têtanèn lan ngingu rajakaya dipêrsudi bangêt. Sêkolah-sêkolahan iya ora kari. Wong Acih katon sênêng marang anane pamulangan, mulane cacahing pamulangan tansah mundhak. Ananing dalan, krêtêg lan trèm nambahi rêjane tanah Acih.

Siji loro isih sok ana wong kang nêdya ala ngrusak katêntrêman. Wong kang mêngkono iku iya prasasat mung nyidham bêdhiling saradhadhu, nanging tumêkaning saiki wis arang bangêt anane.

Mungguh ing pêprentahan Acih Civiel lan Militair isih winêngku dadi siji ana ing kwasaning gouverneur Civiel, awit parentah isih kwatir, mênawa kliru manèh kaya dhèk taun 1881.

Saiki Acih kêrta. Tanah lan wonge krasa marang enaking pêprentahan Walanda, awit ing maune mung tansah orêg-orêgan, kèlu marang ardaning para pênggêdhe.

Bab 8. Gagrag Anyar.

I. Tindaking Pêprentahan.

Watara wiwit abad 19 akir tindaking Gupêrmèn mungguhing anggone ngajokake bangsa pribumi owah-owah saka sathithik, kêtara yèn arêp nganggo gagrag anyar.

Marga saka apa? Ing taun 1860 ana layang anggitane "Max Havelaar" nyaritakake alaning kaanan ing tanah Jawa. Buku iku ana ing Nederland akèh kang maca, kaya ta: para punggawa narapraja, lan liya-liyane.

Sadurunge iku, predikant Baron van Hoevell wiwit dhèk taun 1848 ana ing Tweede Kamer wis bangêt ênggone ngungsil-ungsilake supaya wong pribumi dirêmbuga kabutuhane. Wasana ing taun 1899 Mr. van Deventer ngandharake panêmune ana layang kabar "De Gids" ing dhuwur ditulisi: Eereschuld; têgêse: utang kautaman.

Têlung bab iku kang nênarik atine wong Nederland, supaya mbêcikna kaananing tanah Indhiya.

Zending lan Missie, luwih-luwih ana ing jajahan sajabaning tanah Jawa, malah wis ndhisiki nggone ngajokake bangsa, yaiku srana gawe pamulangan lan panti roga.

Sênajan wis ora prêlu bangêt kanggo mitulungi karusakaning kas Nederland, bêbathène Cultuurstelsel isih digawa mênyang Nederland bae. Tujune prênatan kang kaya mangkono iku saka sathithik bisa suwak (pandhingên kaca 108), mulane wong pribumi ing wêktu iku (± wiwit taun 1872) wis olèh kamayaran.[45]

Ing taun 1882 prênatan gugur gunung kanggo para panggêdhe [pang...]

--- 121 ---

[...gêdhe] pribumi wus disuwak, disalini pajêg sirah klawan mayar. Nalika taun 1827 pajêg sirah disuwak uga. Gugur gunung tumrap pakaryan nêgara (Guprêmèn) isih lêstari, nanging mung kari sêthithik bangêt. Maune 40 utawa 50 dina ing sataune, dikarèkake 7 utawa 8 dina ing dalêm sêtaun.

Anane Credietwezen, pranatan lumbung desa lan pêgadhean Gupêrmèn iku uga maedahi bangêt tumrap kabutuhaning bangsa pribumi, awit rada bisa sumingkir saka nafsuning para kang gawe cilakaning wong kêmlaratan srana motangi nganggo anakan kang luwih saka ngekat.

Ananing lêlara warna-warna iku dadi pêpalanging kêmajuan, mulane Gupêrmèn yasa Burgerlijke Geneeskundige Dienst (saiki Dienst voor Volksgezondheid. D.V.G.) kanggo nanggulang lêlara mau, supaya ora ngambra-ambra.[46]

Ing sakawit wong pribumi ora pati gêlêm têtamba cara Europa, awit saka dianggêp nyulayani karo adat tatacarane utawa marga ora pati wani marang bangsa Europa sarta pancèn saka kurang ing pangrêtine.

Banyu ombèn saka yêyasan nêgara ana ing kutha-kutha gêdhe, iku nyêgah tumularing lêlara cholera, typhus, dysenterie l.s.p.

Sumêbaring kênini (tablèt), apadene pangêsating rawa-rawa lan jêjêmbêg, agawe tintrime si satru malaria. Pira bae wragade nêgara kang kanggo nanggulang ardaning pênyakit pest. Suntik cholera, suntik typhus lan suntik cacar iku gêdhe bangêt paedahe. ('s lands koepokinrichting en Instituut Pasteur). Lan suntik lêlara pathèk lagi sadhela bae wis bisa marasake wong maèwu-èwu. Sêkolahan Indische artsen ing Bêtawi lan Surabaya sabên taun ngêtokake dhoktêr akèh. Verplegers lan verpleegsters bangsa pribumi undhake sabên taun iya ora sêthithik.

Panggarape lêmah wong Indhiya isih kurang sampurna, kari bangêt yèn ditandhing karo ing tanah-tanah liyane. Piranti lan rabuk-rabuk cara panêmu anyar, sênajan ana ing tanah Jawa pisan mêksa durung akèh kanggone. Ananing Irrigatie gêdhe bangêt paedahe. Bumi jêmbare gunggung 500,000 bau, kang maune mung anjagakake tibaning banyu udan, banjur bisa dadi sawah sorotan, nanging wragade Kangjêng Gupêrmèn iya akèh. Saprene wis êntèk watara 50 yuta rupiyah kang kanggo yasa irrigatie mau. Biyèn kali Solo ana ing bawah Rêmbang arêp dibêndung, nanging ora bisa kasil, tur wus ngêntèkake wragad 17 yuta rupiyah! Ewadene saiki mêksa isih arêp ditandangi manèh.[47]

--- 122 ---

Yèn bangsa Indhiya ora olèh piwulang kang têmênan, mokal bisane ambêcikake kaanane kaya kang kasêbut ing angka 1, 2, 3, ing dhuwur iku. Lan manèh sarèhne cacahing wong mundhak-mundhak (jiwa ing tanah Jawa lan Madura nalika 1845 ana 9 yuta; taun 1905 dadi 30 yuta luwih, ing taun 1912 wis 35 yuta), suwe-suwe apa bisa têtanèn kabèh? Lah sapira ambaning sawah! Ora wurung yèn ora ana dalan liya, mêsthi bakal rêkasa ênggone padha ngupajiwa. Marga saka iku tumêkane sêprene bab pamulangan dianggêp prêlu dhewe tumrape kêmajuaning bangsa pribumi.[48]

Sajroning pêprentahane Gouverneur-Generaal Rochussen (1845–1851) wis ana pêpintaning wragad (f 25.000) kanggo pamulangan tumrap bangsa pribumi. Ing taun 1866 adêge sêkolahan guru pribumi kang sapisanan (Bandhung). Ing taun 1872 wragade pamulangan pribumi diundhakake dadi akèh lan sabanjure prênatane tansah dibêcikake lan wragad diundhaki, nganti tumêkane sêprene.

Golongan Zending kaya kang wus kapratelakake ing ngarêp ênggone ngrewangi kamajuaning wong tanah Indhiya srana yasa sêkolahan, malah andhisiki Gupêrmèn, ing taun 1835 wis duwe Kweekschool calon guru pribumi ana ing Ambon.

Cacahe pamulangan tumrap bangsa pribumi ing tanah Jawa lan Madura dhèk taun 1865 mung 58; ing taun 1910 ana 613, volksscholen: 1161.

Cacahe pamulangan ing satanah Indhiya dhèk taun 1927 kaya ing ngisor iki:

Volksonderwijs: pamulangan 14.211, gurune 21.398, muride 1.018.560.

Standaardonderwijs: pamulangan 2.621, gurune 9.735, muride 361.669.

H.I.S. Schakelsch.: pamulangan 335, muride 61.740.

Bocah pribumi, kang sinau ana ing pamulangan Walanda ing nalika iku 4.314, ana ing Mulo 5.091, ana ing H.B.S. 197, ana ing A.M.S. 457 (ing taun 1919 : 22), ana ing T.S. 493, ana in Ambachtsschool 2.410, ana ing pamul. dhoktêr 321, ana ing Geneeskundige Hoogeschool 7, ana ing Rechtshoogeschool 70.

Kêjaba iku ing taun 1927 cacahing Opleidingsschool voor Inl. Ambtenaren 5, muride 289, Kweekschool 838, Normaalschool 1.780, Cursus voor Volksonderwijzers 4.297.

Golongan partikêlir iya duwe pamulangan calon guru nganti ana 20 cacahe. Kang akèh-akèh pamulangan iki mung gawe guru kanggo ing pamulangan desa, nanging iya ana kang ajine dipadhakake karo yêyasan Gupêrmèn, kaya ta Kweekschool lan Normaalschool Muntilan, Kweekschool Majawarna.

Kartinischolen iku yêyasane pakumpulane, kanggo pangeling-eling marang asmane

--- 123 ---

sang linangkung Radèn Ajêng Kartini, putri winasis ing Jêpara. Muriding Kartinischool mung bocah wadon thok, wulangane kaya ing H.I.S.

Dene van Deventerschool iya mung kanggo bocah wadon, lan digadhang bisaa dadi guru; mangkono uga sêkolahan ing Mêndut.

Ing taun 1916 racake wong kang wêruh ing sastra mung 15; ing taun 1926: 89; bocah lanang: 144 ing dalêm sèwune.

Onderwijsraad iku adêge dhèk taun 1918. Kang dadi wargane para sarjana kang jajah kawruhe tumraping bab pamulangan. Pêrluning Onderwijsraad atur pamrayoga marang Dhêpartêmèn Onderwijs ing bab kaanan lan undhaking sêkolahan lan piwulang.

Ing sasi Juli taun 1920 ing Bandhung didêgi pamulangan luhur kanggo calon ingenieurs. Kang ngêdêgake pakumpulane Koninklijk Instituut voor Hooger Technisch Onderwijs in Nederlandsch Indie, Gupêrmèn mung urun sêparoning wragad kabèh. Ing taun 1923 cacahing studenten 60, pribumi 16.

Ing sasi October 1924 Technische Hoogeschool iku diliyêr dadi kagungane Gupêrmèn, lan banjur diwuwuhi pamulangan luhur siji êngkas, yaiku: Rechtshoogeschool ing Bêtawi, bukake tanggal 28 October 1924 malah wis ana professore Jawa siji, yaiku Prof. Dr. R.A.H. Djajadiningrat, satriya saka Bantên.

Ing taun 1927 tambah pamulangan luhur bab kadhoktêran, yaiku Medische Hoogeschool ing Bêtawi.

II. Ombyaking Wong Pribumi.

Marga saka ing dhuwur iku kabèh, wong pribumi sêngkut ênggone ngudi marang kaundhakaning kabisan lan kawruh murih mundhaka gêdhening pangupajiwane.

Kaananing saiki wis beda bangêt karo dhèk sêlawe taun kêpungkur.

Ênggone padha gawe pêkumpulan lan maca layang kabar iku bae wis kêna kanggo titikan undhaking kapintêran. Dene pêkumpulan-pêkumpulan iku kang kaanggêp gêdhe dhewe: Budi Utama lan Sarekat Islam.

Budi Utama iku pakumpulane bangsa Jawa, Sundha lan Madura, dununge ana ing Ngayoja. Ênggone tampa rechtspersoonlijkheid wis dhèk 28 Dec. 1909. (G.B. 28 Dec. 1909 No. 52). kang dadi jangkane: ngêjokake wong pribumi ing tanah Jawa lan Madura sarta wong pribumi ing Indhiya-Nederland kang padha ana ing tanah Jawa lan nggampangake ing bab pangupajiwane bangsa mau.[49]

Madêge pêkumpulan iku marga saka ichtiyare Mas Waidin Sudira Usada, dhoktêr pênsiyun ing Ngayogyakarta. Dhèk taun 1906 Mas Waidin njajah tanah Jawa lan Madura prêlu ngandharake panêmune, arêp anjunjung dlajade wong pribumi lan ngajak marang golongan ambtenaar gawe studiefonds kanggo bocah Jawa kang wong tuwane ora bisa ngragadi pasinaone. Dene kang dianggo waton nulungi

--- 124 ---

bocah mung kapintêran lan klakuane, dadi ora ngetung dlajad utawa kaluhuraning darahe. Kang miwiti tumandang murid-murid Stovia ing Weltevreden, ing sasi Mèi 1908 ngêdêgake pakumpulan Budi Utama, trajange kaya pangajake Mas Waidin. Ora suwe akèh para murid-murid kang padha mlêbu dadi warga B.U. yaiku murid Veeartsenschool lan Landbouwschool ing Bogor, B.A.S. ing Surabaya, Osvia Magêlang lan Prabalingga, Kweekschool Bandhung, Ngayoja lan Prabalingga lan akèh para priyayi Jawa kang padha mlêbu dadi warga uga. Ing sabên sêkolahan kang kasêbut mau diadêgi pang B.U. Ing kutha Ngayoja mêngkono uga; kang dadi wargane: para priyayi Gupêrmenan lan Paku Alaman.

Ing wêkasane taun 1909 cacahing warga Budi Utama ana 10.000, cacahing cabang-cabange ana 40, kang têlu ora dumunung ana ing tanah Jawa utawa Madura.

Adêge Sarekat Islam ing taun 1911 ana ing Surakarta kampung Laweyan, kêsuwur panggonaning dagang bathik. Kang ngadêgake Kaji Samanhudi sudagar bathik, ayake dibantoni R.M. Tirta Adisurya kang wus wiwit taun 1909 gawe pakumpulan Sarekat Dagang Islamiyah ana ing Bêtawi.[50]

Sêdyaning pakumpulan ing sêkawit ngumpulake sudagar pribumi supaya bisaa tandhing ênggone sudagaran karo bangsa Cina.

S.I. ing sêkawit disujanani ing para kang kêjibah ngrêksa marang katêntrêman umum, ewasêmono ing taun 1912 bisa tumindak klawan ora ana kang ngalang-alangi.

Dene Centrale S.I. ing taun 1916 iya wus dianggêp ing pamarentah luhur.

S.I. sawise dadi pêkumpulan politiek, wargane mundhak akèh, malah nganti têkan Sumatra lan Sèlèbês. Trajanging para warga ênggone arêp anggayuh marang kasêmbadaning sêdyane, sok beda-beda, malah nganti ana kang nyimpang bangêt saka wêwatone. Kang kasêbut S.I. afdeeling B ing tanah Pêsundhan dhèk ing taun 1920 dibubarake ing parentah, awit niyate arêp ambubrah pangrèhing praja ana ing tanah kene.

Wasana saperanganing warga S.I. mêthal gawe partij kang dijênêngake Perserikatan Komunist Indhia, ngajak mogoking bangsa punggawa sêpur, tujune ora bisa kêlakon. Trajanging partij iku lan uga partij liyane kang tunggal ancas, kaya ta Sarekat Rayat, padha ora pati dipaèlu karo para pribumi kang akèh-akèh, malah ing Priyangan tau ana pêkumpulan jênênge Sarekat Hijou, mung prêlu nanggulang marang trajanging Communisme.

Kêjaba pêkumpulan gêdhe-gêdhe iku mau, isih akèh pêkumpulan-pêkumpulan [pêkum...]

--- 125 ---

[...pulan-pêkumpulan] liyane kang sêdyane luwih-luwih ngrêmbug kabutuhaning siji-sijining tanah utawa golongan-golongane dhewe, kaya ta Pasundhan, Ambonsche Vereeniging, Perserikatan Minahasa, Jong-java, Pakumpulan Politiek Katholiek Jawa, 1.1.1. Wus mêsthi bae yèn bangsa liyane ing Indhiya kene, kaya ta bangsa Eropah, iya padha gawe kumpulan manut kaantêpane dhewe-dhewe, mung bangsa Cina kang akèh-akèh padha ora ngrêmbug marang prêkara politiek. Kumpulane para bangsa Eropah iku mau jênênge: Christelijk Ethische Partij, Indische Katholieke Partij, Nederlandsch Indische Vrijzinnige Bond lan Indische Sociaal Democratische Partij. Ana pêkumpulan manèh kang wargane wang[51] bangsa warna-warna, kaya ta: Politiek Economische Bond, wosing sêdyane anjunjung drajading bangsa. Sarekat Hindhia, anjangkah supaya tanah Hindhia bisa mardika babar pisan.

Para Walanda Indho, nguwatirake yèn kêdhêsêg ing bangsa pribumi, banjur gawe pakumpulan jênênge Indho-Europeesch Verbond, gandhèng panêmu karo P.E.B. Kasbut ing ngarêp I.E.V. ngêdêgake sêkolahan-sêkolahan, lan mragadi bocah-bocah sêkolah, kang mêngkono iku ngarah murih sêntosaning golongane.

Kuminis. Bangsa Kominis dhèk Novèmbêr 1926 gawe antran-antran, luwih-luwih ana ing tanah Pasundhan, sarta uga ana ing Jawa Têngah lan Sumatra pêsisir kulon. Tandange agawe rusak, natasi kawat tilpun lan tilgram, ndhungkari dalan sêpur, mêmatèni punggawa desa lan pulisi. Mirit layang-layang kang tinêmu, sêdyaning gegeran arêp mêmatèni punggawa nêgara kang gêdhe-gêdhe dhisik, banjur arêp gawe paprentahan anyar. Ora nganti sapiraa kraman wis sirêp dening tandanging punggawa militair. Januwari 1927 ing Sumatêra pasisir kulon uga kêtrajang gegeran, lan ing Palembang ana titike yèn arêp ana rêrusuh. Nanging kabèh iku mau parentah nêgara bisa ambengkas, ing satêmah saiki sirêp, ora ana sawiji apa. Tinêmuning pêpriksan kraman iku mau marga saka pênggawene bangsa kuminis ing Rusland lan Canton, mawa lantaran matapitayane kang padha ana ing Singapur. Kêmlarataning bangsa pribumi ing sawatara panggonan iku kêna digawe srana kanggo anggêgasah murih muntabing atine wong akèh, wasana kèlu marang pangajake kaum kuminis. Mirit andharan ing Volksraad, [Volks...]

--- 126 ---

[...raad,] têtela yèn bangsa pribumi umume pancèn malah sêngit marang ambêg roda paripêksa kaya kasêbut ing dhuwur mau. Sanajan para kang sinêbut nationalisten pisan (kang ngarah supaya Indhiya mardika, ucul saka wêwêngkon Nederland) iya ngrumangsani, yèn trajanging Communisme ora mikolèhake apa-apa, kajaba mung gawe rusak.

Pênuntuning kraman Kominis padha disingkirake mênyang ing tanah Digul ing Nieuw-Guinea.

III. Tumapak Ngambah Dalan Marang Zelfbestuur.

Nadyan akèh alangan warna-warna ewadene Parentah Luhur, bêbarêngan lan para pribumi kang ngarah marang kêmajuan sêjati, ora kêmba ênggone tumandang ambudidaya supaya tanah Indhiya bisaa jêmbar kawruhe lan wasanane bisaa mêngku paprentahan pribadi (Zelfbestuur).

Ing taun 1903 Staten-Generaal nganakake prênatan tumrap Indhiya kang diarani Decentralisatie-wet, namtokake yèn paresidhenan-paresidhenan utawa kutha-kutha bakal diwênangake mêngku paprentahan dhewe, ora susah ngatas kaparênging Parentah Luhur tumraping kabutuhane dhewe-dhewe. Ora suwe sakabèhing paresidhenan ing tanah Jawa kajaba Surakarta lan Ngayojakarta banjur winêngku ing paprentahaning Gewestelijke Raad; ing Cultuurgebied Sumatra pasisir wetan ana Cultuur Raad, lan manèh saiki wis luwih 30 kutha kang wus winêngku ing Gemeente-Rad. Raad-raad ing dhuwur iku kabèh garbane dijênêngake Locale Raden.[52]

Warganing Gewestelijke Raden kang misudha Parentah Luhur piyambak, dene warga Gemeente-Raad dadine srana pinilih ing wong ing kutha kono. Ing raad wong wêrna iku uga ditamtokake kudu ana wargane bangsa pribumi. Wiwit taun 1917 Gemeente-Raad kang gêdhe-gêdhe wis nganakake burgemeester.

Ing taun 1917 marga saka panuwune (voorstel) minister Pleyte, ing Indhiya didêgi Volksraad kang dianggêp pêpucuking parlement. Wargane volksraad ana 48 kêjaba voorzitter lan secretaris. Warga 48 mau kang sêparo dumadi saka pilihaning Locale Raden, dene kang sêparone wisudhane K. T. Gouverneur-Generaal sarêmbug lan Raad van Indie. Wajibing Volksraad caos pamrayoga marang kangjêng Parentah Luhur, dene K.T.

--- 127 ---

Gouveneur-Generaal kuwajiban mundhut panimbange Volksraad mau ing bab kang prêlu-prêlu, kaya ta yèn yasa rancangan

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 101–137): Citra 2 dari 2
Parêpatan Volksraad

bab lêbu wêtuning wragad nêgara (begrooting) lan liya-liyane.[53]

Volksraad uga duwe wêwênang angusil-usilake kabutuhaning [kabutuh...]

--- 128 ---

[...aning] Indhiya, supaya dadi panggalihaning Sri Maharaja, Staten-Generaal lan Gouverneur-Generaal.

Yèn parêpatan, Volksraad iku kêna ditonton ing sadhengah wonga.

Wiwit taun 1918 akèh para kawula nyuwun marang Parentah Luhur, supaya diparingana "parlement" kang wargane pilihane wong kabèh sarta parlement mau duwea wêwênang kang sampurna tumraping yasa anggêr-anggêr. Marga saka iku Parentah Luhur banjur yasa Commissie kang bakal ngrêmbug kêpriye ênggone arêp gawe pranatan anyar (hervormingen).

Kang dadi warganing Commissie para wêwakiling pakumpulan-pakumpulan (organisaties) warna-warna.

Commissie kasêbut ing dhuwur mau dadine diarani Commissie Bestuurs-hervorming, sarta wus ngladèkake panêmu-panêmune kang banjur dianggo wêwaton ênggone yasa owah-owahan tumrap tumindaking paprentahan.

Dene wosing owah-owahan iku ngarah, supaya:

1. Perangan-perangan kang wis bawa dhewe, bisaa tumandang ngeguhake butuhe dhewe-dhewe, ora mung gumantung ing kêparênging Parentah Luhur.

2. Para pangrèh praja kang bangsa pribumi mundhaka jêmbar pêngwasane.

3. Para kawulaning praja bisaa mèlu ngrêmbug ing bab pangêmbating praja. Cêkake pêprentahan ing Indhia supaya saya bisa bawa dhewe, ora gumantung bangêt-bangêt marang ing prentahan nêgara Walanda. Kêlakon ing taun 1922 wis ana owah-owahan Grondwet, lan uga owah-owahan Regeeringsreglement van Ned. Indie. Ing taun iku uga tumapaking owah-owahan tumraping paprentahan; lan ing taun 1925 Regeeringsreglement dibangun manèh lan salin jênêng, dadi Indische Staatsinrichting.

Ing taun 1925 iku tanah Jawa Kulon wis didadèkake perangan kang mrênata lan marentah ing sawêwêngkone dhewe, jênênge provincie Pasundhan. Kang nyêkêl pêprentahan jênênge Provinciale Raad wargane 45, yaiku kang 20 bangsa Walanda, 20 pribumi lan 5 bangsa manca Asiah. Dumadine warga iku ana kang dipilih (11. 13. 3). lan ana kang wisudhan saka kaparênge K. T. Bêsar. Dene kang tumandang ngasta paprentahan ing sabên dinane yaiku tuwan gupêrnur, pênggêdhening provincie, lan pilihaning warga Prov. Raad sawatara, jênênge College van

--- 129 ---

Gedeputeerden. Provincie pinerang dadi pirang-pirang residhenan lan residhenan pinerang dadi kabupatèn-kabupatèn. Sakabupatèn iku pinarentah ing raad kabupatèn dipênggêdhèni ing bupati. Wargane raad kabupatèn cacahe manut kèh sêthithiking wêwêngkone, kaya ta ing Bêtawi wargane 27, kajaba pangarsane (bupati), yaiku pribumi 20, wong manca Asiah 5, Walanda 2, warga pribumi kang 14 dumadi sarana pilihan, dene wargane liyane kabèh padha wisudhan saka kêparênge K. T. Bêsar.

Indische Staatsinrichting kasbut ing ngarêp mau tumraping Parentah Agung mrênata mêngkene.

K. T. Bêsar G. G. ngasta tuntunaning Parentah Agung atas asma dalêm Sri Maharaja, kagungan pangwasa nindakake pêprentahan (uitvoerende macht) lan yasa anggêr (wetgevende macht).

K. T. Bêsar kabantu ing Raad van Indie, wargane 5, kang siji pangkat mudha pangarsa. Dhèk sadurunge taun 1925 warga 5 iku kudu bangsa Walanda kabèh, nanging saiki mung sinêbut kudu kawulaning praja Walanda (Nederlandsche onderdanen), dadi pribumi utawa Cina Indhiya mêsthi iya kêna. Ing sajroning taun 1928 iki ana usul, supaya warga Walanda 5 iku diwuwuhana 2, bangsa pribumi utawa Cina. Wêwênange R.v.I. lawas: yasa anggêr, caos panimbang marang G. G. lan milu ngêrèh praja. Ing saiki wêwênange yasa anggêr wis dipasrahake marang Volksraad. K. T. Bêsar yèn nindakake pakaryan kang prêlu-prêlu, kudu wus kalawan sarujuke R.v.I.

Dene Volksraad saiki wargane 61. Wong wadon uga kêna dadi warga. Cacah 61 iku pinilah mêngkene: 1. pangarsa angkatan dalêm Sri Maharaja, 30 bangsa Walanda, 25 pribumi lan 5 wong manca Asiah (Cina). Gunggung kumpul kang 38 dadi warga pilihan, kang 28 wisudhan.

Volksraad iku ênggone parêpatan sêtaun kaping pindho, yaiku wiwit 15 Mèi têkan suwe-suwene 3 sasi, lan wiwit October ing dina Sêlasa kang katêlu, têkan kancane 20, dipasrahi nindakake pakaryaning Volksraad yèn nuju ora mangsa parêpatan, sarta 20 iku dijênêngake College van Gedelegeerden.

Wêwênange Volksraad lan K. T. Bêsar, yasa mèh sakabèhing anggêr-anggêr (wet) lan kabèh prênatan-prênatan (ordonantie) kang kanggo ing Indhiya kene. Tumraping begrooting (rancangan wragad nêgara) Volksraad maune mung wênang usul lan ngaturi pênimbang marang ing Staten Generaal ing nêgara Walanda, dene saiki kari nêtêpake utawa nulak, ora wênang ngowah-owah surasane. [sura...]

--- 130 ---

[...sane.] Dadi gunggung kumpul Indhiya wis prêsasat bawa dhewe, wênang nata kabutuhane dhewe.[54]

Yèn sakabèhing wong ngrêti lan nuhoni apa kang dadi karêping prênatan-prênatan anyar iku mau, kaya-kaya ora suwe tanah Jawa bakal mundhak karta raharja ngluwihi kang uwis-uwis. Ing kono ayake kêlakon tumapaking jaman "Kala Suka" kasbuting layang Jangka kae.

Ya mung muga kêlakona!

__________

--- [0] ---

Karajan Bantên:

S. Gunung Jati
1552–1570 Hasanudin
1570–1580 P. Yusup
1580–1596 Maulana Mohamad Ranamanggala
Adêge V.O.C.

Karajan Dêmak:

Pan. Jimbun ±1500–1518
Pati Unus 1518–1521
S. Trênggana 1521–1550

Karajan Pajang:

Adiwijaya 1550–1582

Karajan Mataram:

1582–1601 Senapati 1500–1600
(1596)
1624–1643 S. Abu'l Mafachir
1643–1651 S. Abu'l Maali 1609–1614 G. G. Both
1619–1623 G. G. J. P. Coen
1623–1627 G. G. de Carpentier
1627–1629 G. G. J. P. Coen
1636–1645 G. G. van Diemen
1601–1613 P. Seda Krapyak
1613–1645 S. Agung 1600–(±)1650
1651–1683 S. Abu'l Fatah (I) Tirtayasa, S. Agung
(1671)
1684–1687 S. Abu'n Natsar (S. Haji)
1650–1653 G. G. Reiniers
1653–1678 G. G. Maetsuycker
1678–1681 G. G. Rijkloff van Goens
1681–1684 G. G. Speelman
1645–1677 Mangkurat I
1677–1703 Mangkurat II (±)1650–(±)1700
1687–1690 S. Abu'l Fadhl
1690–1733 S. Abu'l Maasin
1691–1704 G. G. van Outhoorn
1704–1709 G. G. van Hoorn
1703–1704 (1708) Mangkurat III
1704–1719 Paku Buwana I
1719–1727 Mangkurat IV ±1700–±1800
1733–1749 S. Abu'l Fatah Zeinu'l Arifin
1750–1753 S. Abu'l Maali (P. Arya Adi Santika)
1753–1777 S. Abu'n Natsar (P. Gusti)
1777–1832 S. Abu'l Mafachir
1725–1729 G. G. de Haan

1737–1741 G. G. Valckenier
1743–1750 G. G. van Imhoff
1750–1761 G. G. Mossel
1761–1775 G. G. van der Parra
1783–1796 G. G. Alting
1727–1749 Paku Buwana II
1749–1787 Paku Buwana III
1787–1820 Paku Buwana IV
(Mas Garendi. Mangkurat V)

Yogyakarta

1755–1792

Hamangku Buwana I

1792–1812

Hamangku Buwana II (S. Sêpuh)

Mangkunêgaran

1757–1795

Mangkunêgara I

1832 Kasultanan Bantên disuwak.
1808–1811 G. G. Daendels
1811–1816 L.G. Raffles
1819–1826 G. G. van der Capellen
1830–1833 G. G. van den Bosch
1904–1909 G. G. van Heutz
1909–1916 G. G. Idenburg
1916–1921 G. G. Graaf van Limburg Stirum
1921 G. G. Fock
1820–1823 P. Buwana V
1823–1830 P. Buwana VI
1830–1858 P. Buwana VII
1858–1861 P. Buwana VIII
1862–1893 P. Buwana IX
1893– P. Buwana X
1812–1814 Hamangku Buwana III
1814–1822 Hamangku Buwana IV
(1814–1820 diêmbani Paku Alam I)
1822–1855 Hamangku Buwana V
1855–1877 Hamangku Buwana VI
1877–1921 Hamangku Buwana VII
1921– Hamangku Buwana VIII
±1800–saiki

--- [131] ---

Tambahan 1. Bab kaananing bangsa pribumi.

__________

Bab 1. Kutha-kutha lan dalan-dalan.

Dhèk jaman kuna wong iku racake padha manggon ana ing padesan. Dumadine kutha utawa nêgara sing akèh-akèh awit saka dinalêman para ratu utawa adipati, utawa manèh, luwih-luwih saurute pasisir marga saka anane palajaran tuwin padagangan.[55]

Nêgara kono ana ratune suwe, banjur dadi gêdhe, akèh wonge atêka lunga padha dol tinuku lan liya-liyane sarta banjur ana panggaotan warna-warna.

Desa Sala nalika taun 1746 dadi kêdhatone sang prabu, banjur dadi nêgara dadakan, dijênêngake nêgara Surakarta Adiningrat. Kêdhaton iku ana perangane loro: dalêm lan kêputrèn, kinubêngan ing tembok dhuwur, rangkêp loro. Tembok kêdhaton kang ing jêro kinubêngan ing dalan cilik, jênênge Supiturang, lêbune mênyang kêdhaton mêtu ing gapura lawange gêdhe kandêl sinêbut lawang gapit. Ing palataraning pêndhapa ing sisih lor diyasani panggung dhuwure 30 M., jênênge Panggung Sangga Buwana. Saka ing panggung kana salumahing nêgara bisa katon, siraping dalêm-dalêm kraton katon cêtha.[56]

Têmbung "panggung Sangga Buwana" kêjaba jênêng pancèn ngiras kanggo pangeling-eling angkaning taun, kang mêngkono iku kêgolong bangsaning sêngkalan mêmêt, mungguh têrange mangkene: "panggung" kaanggêpa muni paagung, wujude 8 lah iku angka 8. Têmbung "Sangga" kaperanga dadi "song" lan "ga". Dene song iku ana ing sêngkalan awatêk 9, ga = 1 pancèn angka 1, buwana watêk 1. Dadi muni taun 1198, mêsthine taun Arab, (= 1783 t. Wal. = Je 1710). Ing pucaking panggung kono ana pandoman ancêr angin, wujud gambar naga ditunggangi ing wong, iku uga sêngkalan mêmêt, muni: naga muluk tinitihan janma, dadi angka: 1708, iki mêsthine ing taun Jawa Ehe = 1781 = 1196 taun Arab. Yèn mêngkono ênggone anjênêngi "Sangga Buwana" iku wis êlêt rong taun karo nalika dadine, lan kang yasa têtela Kangjêng Sunan Paku Buwana III (1749–1787).

Sajabaning tembok ing jêro dadi pomahaning para sêntana lan abdi dalêm. Sakabèhe iku kinubêng ing tembok banjur wangun pêsagi dawa, alang ujure 500 lan 700 M., kêna diênggoni [diêng...]

--- 132 ---

[...goni] jiwa 10.000. Ing sisih êlor lan kidul ana alun-alune, ing têngah padha tinanduran ringin kurung sakêmbaran. Tumraping alun-alun lor sitinggile ana ing sisih kidul, banjur pagêlaran papan pasowananing para abdi dalêm mênawa sang prabu sinewaka ana ing sitinggil. Dene pasar-pasare padha ana ing njaban tembok, ing pinggir dalan gêdhe.

Kêputrèn iku padunungane para putri putra sêntananing sang prabu lan sabdi-abdine. Putra kakung nalikane isih timur iya ana ing kêputrèn. Kang nguwasani lan mrênata sakêputrèn kono priyagung putri sinêbut Nyai Adipati Sêdhah Mirah, dibantu ing para nyai mênggung, nyai lurah l.s.

Dene K.G.P.A. Mangkunagara dalême sinêbut "pura Mangkunagaran", ana ing brang kiduling kali Pepe, pancèn apik. Sapralimaning kutha Surakarta klêbu wêwêngkon Mangkunagaran, dene kang liyane klêbu ing Kasunanan.

2. Kêdhaton Ngayogyakarta iku yasan dhèk taun 1760, alang ujure 750 lan 1.100 M., mubênge lakon saêjam. dhuwuring bètèng 3¾ M., kandêle ana sing têkan 4 M., ing pojokan majupat bètènge nganggo yêyasan pranti pajagan prajurit sarta ana mênara-mênarane. Ing jaba dhèk biyène nganggo jagang mubêng. Uran-uran kanggo ngeling-eling dhèk jamane sêmana, muni mêngkene: (Mijil: Ing Ngayogya bètèngira inggil, ngubêngi kêdhaton. Plêngkung (gapura) lima mung papat wêngane, jagang jêro toyanira wêning, tur pinancak suji, gayam turut lurung).[57]

Kangjêng Sultan isih kagungan prajurit dipraboti cara kuna. Bangsa kriya akèh kang pancèn pinunjul kagunane, kaya ta undhagi, juru sungging gêmblok (pandhe bangsa kuningan) l.s.

Ing sajroning bètèng kono ana patilasan padalêmaning K. Sultan, arane Tamansari, cara Walandane sinêbut Waterkasteel. Iku yasan dhèk jaman sinuwun kapisan, ing taun 1758, kang anggarap kasêbut Kyai Tumênggung Mangundipura kanthi abdi dalêm bangsa Bugis, jênênge Lurah Dawêlingi. Tamansari iku pancèn wus gagrag Europa, minangka pasanggrahan dalêm Kangjêng Sultan yèn pinuju among langên. Dununging dalêm ana pulo gawean aran pulo Kênanga. Saka ing dalêm iku ana dalane kaya urung-urung, mubang-mubêng mênyang ngêndi-êndi, olèhe pêpadhang saka ing mênara-mênara kang ing dhuwur nganggo bolong-bolongan kanggo dalan hawa.

--- 133 ---

Wong-wong ing wêwêngkon kraton Sala-Ngayogya kêna pinerang dadi rong golongan.

a. Para sêntana (= para darah), para abdi dalêm yaiku para kang cêkêl gawe lan para ngulama.

b. Wong lumrah, sinêbut: kawula dalêm.

Golongan a. iku pinerang 5 "kawêdanan", yaiku:

1. Rèh Kadipatèn, mêngkoni para pangeran gusti lan sapiturute, wadanane K.G.P. Adipati Anom.

2. Rèh Kamisêpuhan, mêngkoni para pangeran bêndara lan sapiturute, kang dadi wêdanane sinêbut Pangeran Kamisêpuh, yaiku rayi dalêm tumuli utawa putra dalêm pambajêng saka ing buri kang asma Pangeran Angabèi.

3. Rèh Kapatihan, yaiku sakabèhing para abdi dalêm kang cêkêl gawe, diwadanani Kangjêng Radèn Adipati (pêpatih dalêm).

4. Rèh Kaprajuritan, mêngkoni para golongan prajurit sasanak kadange. Wadanane apangkat Pangeran Kolonèl Comandant.

5. Rèh Kabupatèn pangulon, mêngkoni para ngulama kabèh, kang madanani sinêbut Kangjêng Pêngulu, apangkat bupati.

3. Kutha Cirêbon yasane Sunan Gunungjati, ing wiwitan dadi kutha pêdagangan rada gêdhe nanging banjur kalah karo Bantên lan nuli kêdhêsuk ing Bêtawi. Ing taun 1632 Cirêbon iku dadi jajahan Mataram. Barêng diwaris ing para putra, praja Cirêbon banjur bangêt saya ringkihe. Kang tampa warisan iku asmane: 1. Pangeran Martawijaya, banjur jumênêng Sultan Sêpuh. 2. Pangeran Kartawijaya, jumênêng Sultan Anom. Sultan loro iku banjur kêpêksa ngangkat kang rayi, Radèn Godhong utawa Pangeran Wangsakarta, dadi panêmbahan, sinêksèn ing kontrake V.O.C. taun 1681. Panêmbahan kang kalima seda ing taun 1773 ora apêputra, tanahe banjur tumiba marang Kasêpuhan lan Kanoman. Ing taun 1813 lan 1815 dhèk jamaning Gupêrmèn Inggris, paprentahan Kasultanan disuwak, didadèkake tanah Gupêrmenan. Kang mangkono iku kacarita mêrga saka pênuwuning wong cilik.

Tanah Cirêbon iku kêgolong cêngkar, mangka nalika V.O.C. wis pungkas-pungkasan pancèn bangêt ing pamlindhêse. Wong-wong padha kêmlaratan, akèh kang wis ora rikuh ngrêrêbut, ambêbegal. Ing wêktu sêmana ungsum pacêklik lan ungsum

--- 134 ---

lêlara warna-warna bêbarêngan. Kêrêp bae wong Cirêbon nekad ngraman mungsuh bangsa Cina, ambalela marang para sultan lan marang V.O.C.

Ing wêktu saiki Cirêbon isih ana pêdalêman têtêlu, sinêbut kraton, yaiku kraton Kasêpuhan, Kanoman, lan kratone Pangeran Arya Cirêbon kang uga sinêbut sultan. Pangeran Arya iku têdhake Pangeran Arya Cirêbon rayi Sultan Sêpuh II, kang nalika sêmana uga ngasta praja, bêbarêngan lan Sultan Sêpuh sarta Sultan Anom. Dene kraton têtêlu mau kang gêdhe dhewe kêdhaton Kasêpuhan, ing kono ana guwane yasan, dijênêngake Sunyarage.

4. Surabaya iku madêge dhèk akiring abad XV, kang yasa Radèn Rachmat, sinêbut Sunan Ngampèl, awit desane iku aran desa Ngampèl. Radèn Rachmat yasa mêsjid gêdhe, kang tumêkane sêprene isih, dumunung ing satêngahing kutha.

Bupati Surabaya banjur kêbawah Dêmak lan nuli kêbawah Mataram nganti têkan taun 1743. Kutha Surabaya gêdhene iya sajroning dikuwasani ing para bupati iku, papane pancèn adhakan, kaline kêna diambah ing prau, nanging suwe-suwe walêd, mulane G. G. Daendels banjur dhawuh ngowahi lan andawakake pêlabuhan-pêlabuhan sarta anjêrokake kali Mas. Ing satêruse Gupêrmèn ngudi bangêt supaya pêlabuhan ing Surabaya aja nganti kêbanjur kêbak wêdhi, malah muaraning bêngawan Sala diêlih mêngalor, lan ing Ujungpiring (Madura) dipasangi tanggul mlêbu mênyang sêgara dawane 13 K.M. Prêlune tanggul iku supaya ilining banyu ing supitan kono (Westgat) bisa santêr, dadi supaya êndhute bisa katut, ora mandhêg. Ing taun 1917 ing Surabaya diyasani pêlabuhan anyar lan apik (Tanjung Perak).

Kêjaba kutha-kutha kasbut ing dhuwur mau, kutha Têgal lan Sêmarang ing abad 17 uga wis rada gêdhe, akèh wong pêdagangan. Dene Bantên lan kutha liyane wis kasbut rambah-rambah, ora prêlu dibalèni manèh. Mungguh Bandhung dadine kutha gêdhe lagi ing abad kêpungkur iki bae.

Wis mêsthi bae yèn ratan-ratan dhèk jaman sêmana ora alus kaya ratan saiki. Ratan ing jaman saiki iki akèh kang pancèn ratan kuna, sarta ratan gêdhe utawa dêlanggung (= dalan agung) dhèk biyèn iya ana, mung bae sok ora kopèn, yèn kang nyêkêl pêprentahan rada kêndho malah nganti sok rusak bangêt. Ing sadurung

--- 135 ---

lan sajroning jaman V.O.C. akèh dalan sing mung kari aran bae, angèl ambah-ambahane.[58]

Ratan sing gêdhe-gêdhe yaiku: saka Sêmarang ngliwati Ungaran lan Salatiga mênyang ing Mataram. Ana cathêtaning wong lêlungan ngandhakake yèn ngliwati kali Dêmak ana ing tanah pagunungan, ana krêtêge acagak kayu jati gêdhe-gêdhe, lan blabage watara 10 utawa 12 dim pêsagi, kêna diambah prajurit kang samêkta gajah ewon lan mriyêm-mriyêm gêdhe. Dawane krêtêg iku mau 300 tindak.

Saka ing nêgara Mataram ana dalan gêdhe têtêlu: 1. kang mênyang ing Sêmarang mêtu ing Gapura Tadi. Iki dalan kang kapenak dhewe ambah-ambahane. 2. Dalan mênyang Têgal, angèl ambah-ambahane, ngliwati Gapura Turayam. 3. Dalan mêngetan mênyang Blambangan nganggo simpangan mênyang Grêsik ngliwati Gapura Bongor (Bongor iku uga jênênge kali kang gêdhe dhewe ing satanah kono).

Ing sakidul gunung Lawu iya ana ratane, awit kasêbut yèn Kapitan Hurdt sabalane nalika ambantu Kangjêng Sunan arêp nyêkêl Tarunajaya, mangkat saka Jêpara liwat ing kidul gunung Lawu mênyang Madiun, suwene sêsasi muput.

Ing taun 1746 G. G. van Imhoff saka Surabaya arêp tindak mênyang Grêsik, nanging ora sida, awit dalane mêtu ing têngah sawah durung diambakake. Dalan-dalan ing Pasuruan nalika ing sabubaring pêpêrangan iya padha rusak bangêt. Dene dalan saka Sêmarang mênyang Surakarta kêna diambah kreta titihane K. T. Jendral sêsarêngan karo Kangjêng Sunan. Barêng wis kliwat Surakarta tindake K. T. Jendral kêpêksa nitih tandhu utawa jaran, dalane legok-gênêng lan jêblog nganti têkan Dêlanggu, têrus mênyang Nyayogyakarta, Brosot, Gombong, Banyumas, Margasari, Têgal. Ing sadalan-dalan sok andadak ngrampasi wit-witan ing ngalas, marga dalane kêciyutên ora sêdhêng tandhu, tur mung tandhu kursi. Ajaa K. T. Bêsar iya ora klakon tindak mêngkono iku. Pêpatih ing Surakarta lan Ngayogyakarta sarta para bupati-bupati padha andhèrèk, gunggung kumpul ora kurang 2.000 uwong sing anggrêbêg tindake K. T. Imhoff iku; dene dragonder cacahe 40. Têkan Têgal dipetung saka Sala lakon 86 jam, nanging karo mandhêge barang, dadi 12 dina. Ratan kagungane para sultan ing Cirêbon, sing wiwit Cirêbon têkan Indramayu, pancèn kopèn têmênan, mulane K. T. Jendral banjur sagêd nitih kreta.

--- 136 ---

Kali-kali akèh kang ora ana krêtêge, mung nganggo prau tambangan utawa prau dijèjèr, minangka krêtêg.

Ing jajahan V.O.C. dalan-dalane iya ora bêcik. Dalan saka Bêtawi mênyang Bogor sukête rungkut, sok mèh ora kêna diambah, luwih-luwih tumraping kreta. Ing tanah kono iku nalika sêmana isih sathithik bangêt wonge.

Miturut carita dhèk jaman Majapait wis ana bangsaning kreta, jênênge grêbong, nganggo diklamboni mubêng. Radèn Patah tampa ganjaran saka Majapait awujud gajah, jaran, pêdhati lan grêbong. Raja ing Bali mêthukake têkane Walanda ana ing pasisir, nitih kreta diukir-ukir pèni, pênarike kêbo putih sêrakit diompyong-ompyong ing rêrênggan (1597). Kanggone kreta tumraping ngakèh iku wis jaman Daendels. Sadurunge iku Kumpêni malah ndhawuhake larangan, ora kêna nganggo kreta apik-apik lan ora kêna akèh-akèh (ana ing Bêtawi).[59]

Sing kêlumrah yaiku tandhu, joli. Sing gêdhe nganggo emper-emperan utawa plataran mubêng, jênênge jolang utawa jêmpana l.s.

Lagi ing jaman Daendels bae bêciking dalan lan têtunggangan ing tanah Jawa iki. Nganti rada suwe kêsuwur apik dhewe ing Asiah wetanan kene, malah akèh tanah-tanah ing Europa kang kalah karo tanah Jawa ing atase bab ratan-ratan mau. Ing taun 1809 Bêtawi lan Surabaya wis bisa gandhèng sarana kreta jaran (karaning akèh jênêng kreta pos, cara Landane: postwagen).

Kêjaba ing Buitenzorg isih ana 11 panggonan manèh kang didêgi hotèl cilik-cilikan (herberg), kamare pêturon apik-apik cacahe 5 tumêkane 8. Ing papan-papan liyane diarani pasanggrahan. Wong lèrèn ing kono ambayar f 2,55 ing dalêm sadina sawêngi wis samangsane pisan. Dene sewaning kreta 5 kêlip ing dalêm saêpal tumrap wong siji, wong kang pangkat cilik disêdhiyani tunggangan pêdhati, sewane luwih murah. Tarip kreta lan tarip hotèl iku mau ing têmbene isih dilarangake manèh.

Lakuning layang-layang beda bangêt karo jaman saiki. Layang kang mêtu marang sajabaning Indhiya nganggo dipasrahake marang Raad van Justitie ing Bêtawi, dipriksa surasane lan dibukoni, awit ing nalika iku ana larangan, ora kêna nulis bab pêdagangan V.O.C. kêjaba punggawa V.O.C. dhewe. Dene yèn tampa layang iya nganggo nyadhong marang Justitie mau. Mulane kêpetung arang bangêt ênggone padha kirim-kiriman layang saka nagara Walanda lan saka Indhiya. Ing sajroning tanah Indhiya dhewe

--- 137 ---

wiwit ing taun 1754 wis ana layang pos, digawa ing prau pêndhak 14 dina sapisan, êndhêg-êndhêgane prau ana ing Bêtawi, Cirêbon, Têgal lan Sêmarang. Postkantor kang dhisik dhewe ana ing Bêtawi, adêge dhèk taun 1746, sêkabèhing layang kudu nganggo disêksèkake marang punggawa pos, sarana dicathêti (aangeteekend). Awit saka pranatan Daendels lakuning layang bisa luwih rikat. Yèn rikat-rikatan bangêt wiwit saka poncot kulon têkan têmbing wetaning tanah Jawa bisa têkan ing dalêm 6½ dina. Bêtawi lan Bogor sabên dina ana playangan. Tumrap ing kutha-kutha liyane pitung dina kaping pindho. Palayangane (Postillon) nganggo dipraboti minangka têtêngêr, lalang-layange[60] diwadhahi ing tas walulang, dene lakune diêtêrake wong kang tuduh dalan, yèn bêngi kanthi wong kang anggawa obor ngiras kanggo nyingkirake sato galak. Yèn dhong ngambah dalan gawat nganggo kanthi wong loro samêkta gêgaman. Palayangan Bêtawi-Bogor mangkate pêndhak jam 9 sore, sawise olèh 6 pal (nênunggang) gawane ditundhakake playangan liya kang wus ngadhang ana ing kono.

Yèn têkaning Bogor utawa Bêtawi nganti kêrinan, kêdhisikan plêthèking srêngenge, palayangane tampa paukuman.

 


§ Kaanane para gêdhe. (kembali)
§ Kaanane wong cilik. (kembali)
§ Dipanêgara ngraman. (kembali)
§ Para kang padha pêrang. (kembali)
§ Jendral de Kock. (kembali)
§ S. Sêpuh jumênêng manèh. (kembali)
§ Bètèng-bètèng yasane de Kock. (kembali)
§ Dipanêgara dikendhang. (kembali)
§ Jajahan Kêjawan diêlongi. (kembali)
10 § Panêmune van den Bosch. (kembali)
11 § Tumindake Cultuurstelsel. (kembali)
12 § Alane Cultuurstelsel. (kembali)
13 § Suwaking Cultuurstelsel. (kembali)
14 § Anggêr-anggêr kang maedahi. (kembali)
15 § N.B. Murih gampilipun ingkang sami sinau, cariyosing pulo-pulo sajawining pulo Jawi dipun lajêngakên kemawon dumugi ing wêkdal samangke (1928), amung cariyos pêrang Acih ingkang kapithat dipun piyambakakên. (kembali)
16 § Dhèk taun: 1816–1850. (kembali)
17 § 1850–1898. (kembali)
18 § 1898. (kembali)
19 § Pêrange bangsa Padri 1821–1837. (kembali)
20 § Pêrang ing Palembang. (kembali)
21 § Lampung lan tanah-tanah liyane. (kembali)
22 § Siak. (kembali)
23 § Jambi. (kembali)
24 § Brunei. (kembali)
25 § Kongsi-kongsi. (kembali)
26 § Banjarmasin. (kembali)
27 § Bone 1859. (kembali)
28 § Sèlèbês dadi tanah gupêrmenan. (kembali)
29 § Moloko. (kembali)
30 § Nieuw Guinea. (kembali)
31 § Pêrang Lombok. 1894. (kembali)
32 § Jalar-jalaraning pêrang. (kembali)
33 § Tractaat van Londen 1824. (kembali)
34 § Dhadhakaning pêrang Acih. (kembali)
35 § Pêrang taun 1873–1881. (kembali)
36 § Generaal van Swieten. (kembali)
37 § Yèn sawijining militèr (jendral) nyêkêl pangwasa praja, disêbut militair gouverneur. Militair bestuur = pangrèh prêkara pêrang lan bab suradhadhu. Civiel bestuur = pangrèh prêkara liyane kabèh. (kembali)
38 § K. van der Heijden. 1878. (kembali)
39 § Pêrang taun 1881–1896. (kembali)
40 § Concentreeren têgêse ngringkês utawa nglumpukake marang panggonan siji; kosokbaline: mratakake, nyêbar. Stelsel têgsee[têgêse] pranatan. (kembali)
41 § Pêrang taun: 1896–1904. (kembali)
42 § Van Heutsz. (kembali)
43 § Van Daalen. (kembali)
44 § Prajanjian Korte Verklaring. (kembali)
45 § 1. Ajuning karaharjan. (kembali)
46 § 2. Nanggulang lêlara. (kembali)
47 § 3. Prakara têtanèn. (kembali)
48 § 4. Pamulangan. (kembali)
49 § Budi Utama. (kembali)
50 § Sarekat Islam. (kembali)
51 wong. (kembali)
52 § Decentralisatie. (kembali)
53 § Volksraad. 1917. (kembali)
54 § Begrooting. (kembali)
55 § Kutha-kutha. (kembali)
56 § Surakarta. (kembali)
57 § Ngayogyakarta. (kembali)
58 § Dalan gedhe. (kembali)
59 § Tunggangan. (kembali)
60 layang-layange. (kembali)