Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian SY–Z)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian A–B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian C–G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian H–K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian KH–P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian R–S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian SY–Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

SY

sya'ban
sasi Ruwah.
syafa'at
supangat (bêrkah).
syafakat
syafkat: wêlas asih.
syah
ratu.
syahadat
sahadat.
syahbandar
panggêdhe palabuhan.
syahdan
anadene, banjur.
syahid
saksining kanyataan.
syahwat
sahwat.
syak
sumêlang, samar, gojag-gajêg.
sya'ir
kidungn; kc. sair.
syal
cal.
syam
nagara Siria.
syamsiah
tahun syamsiah: tahun srêngenge.
syamsyir
pêdhang.

--- 176 ---

syamsu
srêngenge.
syara'
sarak, anggêr-anggêring agama.
syaraf
(ilmu) paramasastra.
syarat
1 janggêlan; 2 wêwaton.
syari'at
sarengat, anggêr-anggêr.
syarif
sarip.
syawal
sasi Sawal.
syeh
sèh (kyai, bêndara).
syukur
sokur, matur nuwun.

T

ta'
ora; ta'kan jangan: aja tan ora (kudu).
ta'adib
piwulang bêcik, panggulawênthah bêcik; dita'adibkan: diwulang wuruk.
ta'ajub
gumun, eram.
ta'ala
mahaluhur.
ta'at
mbangun miturut marang Kang Kuwasa, utama uripe.
tabah
I têbah, gêblog; menabah: ngukur nganggo têbah (gêblog). II tatag, panggah atine.
tabak
bngs. talam gêdhe nanggo[1] sikilan.
tabal
I bêdhug kanggo ngundhangake jumênêngan ratu; ditabalkan: dikêpyakake ênggone jumênêng ratu. II ar. dolanan bngs. dham-dhaman.
taban
ar. wit.
tabaraka
muga olèh bêrkah!
tabia
bngs. kêndhang cilik.
tabi'at
watak, bêbudèn.
tabib
dhukun, dhoktêr, ahli tamba.
tabik
tabe, pakurmatan; diberi tabik: ditabiki; minta tabik: kula nuwun.
tabir
gubah, langse, gêbêr; tabir mabir: langse warna-warna.
ta'bir
katêrangan têgêsing impèn lsp; dita'birkan: ditêrangake maknane (tmr. impèn lsp.)
tabkit
ditabkitkan: disrêngêni, disênggrang.
tabuh
1 tabuh (bêdhug, gamêlan lsp); 2 bêdhug (kanggo têngara); menabuh: nabuh gamêlan lsp; tabuh-tabuhan: têtabuhan (gamêlan lsp).
tabuhan
bngs. tawon.
tabun
menabun: kumêlun nggêmbulêng tmr. kêbul.
tabung
1 bumbung kanggo wadhah dhuwit, taji lsp; 2 kas, celengan; ditabungkan: dicèlèngi; tabungan: celengan.
tabur
ditabur: disêbar, disawur-sawurake; ditaburi: disêbari; ditaburkan: disêbarake disawurake, diwratakake; bertaburan: pating slêbar.
tabut
pêthi prajanjian.
tadah
ditadah: ditadhahi.
tadah-peluh
tadhah kringêt.
tadbir
prentah, pranatan; ditadbirkan: diprentah, dipranata.
tadi
mau.
tafakkur
ngangên-angên, ngêningake cipta.
tafsir
tapsir (katêrangan surasaning koran); ditafsirkan: ditapsiri, ditêgêsi maknane.
tagak
ditagak: ditêmpuh, ditrajang tmr. bêbaya lsp.
tagal
watu ing pasisir.
tagan
urunan, toh, undhi.
tagar
gludhug.
tagarak
udan ès.
tagih
ditagih: ditagih; ketagihan: kêtagihan.
tagil
jalu.
tagur
bertagur: kêrêngan ana ing banyu (kapyuk-kapyukan lsp).
tah
I êmbuh; kc. entah. II panambang mratelakake pitakon gojag-gajêg, up. apatah sebabnya (baya apa sababe).
tahadi
mau, dhèk mau.
tahak
bertahak: antop glègèkan.
tahan
1 bêtah, awèt; 2 (ut. bertahan) panggah, tanggon, kuwat; 3 sabar; ditahan: 1 disandhang, disangga kalawan sabar tmr. sangsara lsp.; 2 dicandhêt, diduwa, dicêgah; 3 ditahan tmr. prakara, pasakitan lsp; 4 ditrap, dipasang tmr. pasangan, wuwu lsp.; ditahani: 1 dibêtahake; 2 dicandhêt, dipênggak tmr. hawa nêpsu lsp.; dipertahankan: dikukuhi, dikêncêngi, ditanggulangi; pertahanan: pananggulang.
tahana
kaluhuran, kamulyan; duduk bertahana: linggih nggêdhangkrang.

--- 177 ---

tahang
jurang jêro nanging ciyut.
tahar
bertahar: 1 ngêngurangi; 2 wani nadhahi bêbaya, pakewuh lsp; ditahar(kan): dicandhêt (ora diwènèhake).
tahjut
nglilir, tangi turu; sembayang tahjut: sêmbayang yèn pinuju nglilir.
tahi
1 tai, 2 têtai, up. tahi bêsi; 3 rêrêgêd, up. tahi mata (blobok) tahi têlinga (curêk); 4 êndhêg-êndhêg, up. tahi kahwa.
tahil
tail (1/16 kati).
tahi-lalat
andhêng-andhêng.
tahir
rêsik, suci; ditahirkan: dirêsiki, disucèkake.
tahkik
kanyataan; ahli tahkik: wong kang ngudi kanyataan (ahli pikir).
tahlil
pêpujian nyêbut la ilaha illa'llah.
tahu
1 wêruh, sumurup; 2 ngêrti, bisa; 3 tau, kulina; tidak tahu menahu: padhadene êmoh wêruh; bertahu-tahu: kumintêr (ambêk ngrêti apa-apa); diketahui: disumurupi, diwêruhi, dingrêtèni; ketahuan: kawêruhan, konangan; pengetahuan: kawruh; setahu: êmbuh; dengan setahu ayahnya: kanthi kawêruhan ing bapakne.
tahun
taun; hari taun: wêton taunan; bertahun-tahun: têtaunan; menaun: naun (nganti sataun).
taiko
lara budhug; kc. kusta.
tajak
1 bngs. wangkil lancip kanggo matun, malik lêmah lsp; 2 kêjèn; menajak: nggarap lêmah nganggo tajak.
tajali
wêdharaning Allah (têrang pangrêtine marga olèh wisik).
tajam
landhêp.
tajau
bngs. èncèh.
taji
1 taji; 2 bngs. lading cilik.
tajin
tajin, kanji; ditajinkan: dikanji.
taju
I 1 nyongat; 2 kuku êmas ut. slaka kanggo rêrênggan; menaju: nyongat. II ut. tajuk: makutha.
tajung
ar. tênunan Bugis.
tajur
1 buntuting wuwu; 2 (menajur) dawa nglojok ing sêgara tmr. pulo lsp.
tajrib
kupiya, panêmu.
tajwid
bêcik lan bênêr pakêcapane tmr. maca, ngaji.
tak
ora.
takah
tataran ing prau kanggo munggah; kc. takuh.
takak
kain takak (bertakak): sarung sambungan; ditakak: disambung sarana didondomi supaya mundhak amba tmr. layar, sarung lsp.
takal
kerekan, katrol.
takang-takik
sakèhing gêrêtan (tataran, gêthêtan).
takar
I bngs. klênthing porsêlin wêton Tiongkok, II takêran; ditakar: ditakêr.
takat
nganti têkan ing.
takbir
têkbir, têkbiran.
takdir
takdir, pêpêsthèn; ditakdirkan: tinakdir, pinêsthi.
takdis
suci, disucèkake.
takhayul
takhyul, gugon-tuhon.
takhta
(-kerajaan): dhampar palênggahan; ditakhtakan: dijumênêngake ratu.
taki
menaki: tukaran, rêgêjêgan, padon.
takik
kowekan ing wit, tataran; ditakik: ditatari, dikowèki (kyt. wit karèt lsp); kc. takang-takik.
takir
takir; kc. limas.
takuh-takah
1 mawa tataran (gêrêtan lsp). warna-warna, pating plênggik; 2 ent. sakèhing pratingkah (ala bêcik warna-warna).
takuk
tataran; ditakuk: ditatari.
takung
mênêb; ditakung: diênêbake.
takur
menakur: ndhungkluk, nungkul.
takut
wêdi, ering; di(ke)takuti: diwêdèni; ketakutan: wêdi; penakut: (wong) jirih.
takrim
pangabêkti, pangaji-aji.
taksir
I kainan, weya, sêmbrana. II ditaksir: ditêksir, dikira-kira.
takwim
pananggalan (almanak).
tal
wit tal.
tala
ditala: dilaras; setala: laras; penala: piranti kanggo nglaras.
talai
menalai: rêmbên, ora cekat-cèkêt.
talak
I talak pêgatan; ditalak: dipêgat. II ditalak: diuja sakarêpe.
talam
talam, tembor.
talan
ar. wit.
talang
1 ar. iwak sagara; 2 ar. pring; 3 talang; bujang talang: jaka tuwa.
talar
ut. bertalaran: blaka suta, ngêblak, ngèdhèng barès.
talas
talês.
tali
1 tali, tampar, sakabèhe kang kaya tali

--- 178 ---

kyt. godhi, apus, gadhag lsp; 2 rentengan dhuwit; 3 (se-) satali (f 0.25): bertali: gêgayutan karo, sêsambungan karo; bertali-tali: urut-urutan sêsambungan.
tali-air
1 kalenan; 2 corak galêr-galêr ing gêgambaran.
tali-api
upêt.
tali-arus
ilining banyu.
tali-duga
tampar dianggo njajagi sêgara.
taligrap
telegrap, telegram.
ta'lik
taklèk, janggêlan ut. prajanjian tmr. pêgatan.
tali-kang
apus kêndhali.
tali-leher
1 kalung; 2 dhasi.
ta'lim
I ut. ta'zim: taklim, pakurmatan. II piwulang, wêwuruk.
tali-perut
usus.
talipun
tilpun.
tali-pusat
usus ari-ari.
tali-temali
warna-warnaning tampar ing prau.
tali-tudung
bewok.
talkin
tlêkim (wêwarah marang wong kang arêp mati).
talu
wiwit; talu bertalu, bertalu-talu: ambal-ambalan, bola-bali.
ta'luk
1 têluk, nungkul; 2 wêwêngkon, jajahan; dita'lukkan: 1 ditêlukake; 2 dibawahake.
talun
bertalun; ngumandhang.
tam
swara mak glêgêr, gludhug.
tama'
murka, srakah.
tamadadun
tata-susila.
tamah
kc. rajah-tamah; ramah-tamah.
tamam
rampung, êntèk.
taman
taman, patamanan.
taman perdiaman
tanah pêrdikan.
taman-pustaka
pabukon.
taman sari
taman kêkêmbangan.
tamar
kurma.
tamarhindi
asêm.
tamasya, temasya
tontonan, pasawangan kang adi aèng; hari tamasya: dina karameyan; bertamasya: lêlungan ndêdêlêng pasawangan kang apik-apik.
tamat
tammat, tamat, katam.
tambah
ut. bertambah: wuwuh, mundhak; ditambah: diwuwuhi, diundhaki, diimbuhi; tambahan: wuwuhan, undhakan, imbuh; tambahan pula (lagi): lan manèh, karo manèh, wuwuh-wuwuh.
tambai
lêlagoning wong nyambutgawe (wêlahi lsp).
tambak
1 tanggul; 2 tambak (blumbang kanggo ngingu iwak); ditambak: ditambak, ditanggul, dibêndung, ditablêg.
tambal
ditambal: ditambal.
tamban
(-jebu, -setu) ar. iwak sagara.
tambang
I ditambang: ditambangi, dipraoni; ditambangkan: ditambangake, dipraokake, disabrangake; tambangan: tambangan. II pamêlikan; anak tambang: wong kang padha nyambut gawe ing pamêlikan. III ditambang(kan): 1 dipasang tmr. layar, jaring lsp.; 2 didokok ing kramatan lsp. supaya sêtijab tmr. tamba lsp.
tambar
ditambari: ditambani; tiada tertambar: ora kêna ditambani.
tambat
ditambat: dicancang, digandhèng; ditambati, ditambatkan: ditalèni kêncêng, dicêncang karo; tambatan hati: kang disihi (ditrêsnani).
tambera
ar. iwak lan ar. wit.
tambi
panyêbut marang wong Kêling (atêgês kowe).
tambo
babad, naluri.
tambu
babad, naluri; kc. tambo.
tambul
I nyamikan, ombèn-ombèn. II gêndam, jantur; menambul: nggêndam, njantur.
tambun
lêmu wêwêg; ditambunkan: dilêlêmu.
tambung
cênthula, kurang ajar; pertambung: wong kurang ajar.
tambur
tambur.
tambus
ditambus: diurug, ditablêg; kc. timbun.
tameng
tamèng.
tammat
tamat, katam, rampung.
tammatu'lkalam
ing wasana (kanggo ing layang ibêran).
tampa
panyana, pangira; menaruh tampa: duwe pangira (panyana); salah tampa: klèru tampa; ditampa: dikira, dinyana.

--- 179 ---

tampah
kc. tempah.
tampak
katon, katone kaya; nampak: 1 wêruh; 2 katon, ngaton; ditampakkan: dikatonake diwêruhake.
tampal
1 tambal(an); 2 lepa; ditampal(kan): 1 ditambal; 2 dilepa.
tampal-besi
ar. têtuwuhan.
tampan
bêcik (tmr. pawakan lsp.), ngèngrèng (tmr. pasawangan lsp.); prayoga (tmr. dununging panggonan, tatanan lsp.).
tampang
I 1 wrata tmr. irisan lsp; 2 (ut. penampang) lumahing barang kang diiris, digraji, digêbing lsp.; 3 irisan blebekan; 4 timah blebekan (½ ut. 2 kati); 5 ar. dhuwit jaman biyèn ajine ± 12 sèn; ditampang: diiris lsp. ilap-ilapan kayata ngiris roti, daging lsp. II (-burung, -manis) ar. wit.
tampar
tabok, tampêk; ditampar(i): ditabok, ditampêk; tamparan: panabok; tamparan nyamuk: têpak, walikat.
tampas
ditampas: dikêpras, dipapras, dirata.
tampi
ditampi: ditapèni, diintêri.
tampias
tampu; kc. tempias.
tampik
ditampik: ditampik.
tampil
(-kemuka): maju (arêp sêsorah, nêsêk mungsuh lsp.); ditampilkan: diajokake, diangsahake tmr. prajurit, dicêpakake tmr. têtunggangan lsp.
tampin
bngs. conthong godhong sagu.
tampoi
(-batang, -bunga): ar. wit.
tampu
têbah, gêblog.
tampuk
1 blongsong ut. tutup tmr. bantal, kasuran lsp; 2 slaga (ing kêmbang ut. woh), pucuking gantilan kang gathuk karo wite; 3 kupingan (ing gêndhèng, pot lsp.)
tampuk-susu
pênthil ing susu.
tampuk-tampuk
ar. iwak loh.
tampung
I tambal(an); badak tampung: tapir (sênuk); ditampung: ditambal. II ditampung ut. ditahan tampung: ditadhahi kyt. lêgèn ditadhahi ing bumbung.
tamsil
sanepa, pêpindhan; ditamsilkan: disanepakake.
tamu, tetamu
dhayoh.
tamuk
ar. iwak sagara.
tan
(-kuda) gêdhogan jaran.
tanafus
ambêkan, napas.
tanah
1 tanah, lêmah, palêmahan; 2 ar. ukuran dawa = 4 hasta; bertanah: 1 ngoyod; 2 manjing ut. ndadi ênggone sêngit lsp.
tanah-air
1 wêwêngkon, laladan; 2 (ut. tanah kelahiran, tanah tumpah darah) tanah kalairan.
tanah-hidup
palêmahan kang ditanduri.
tanah-liat, tanah-pekat
lêmpung.
tanah-mala
lêmpung alus.
tanah-mati
palêmahan bêran (ora ditanduri).
tanah-negara
palêmahan kang diênggoni lan ditanduri.
tanah-sirih
lêmah wêdhi abang.
tanak
bertanak: ngliwêt; di(per)tanak: diliwêt; sepertanak, sepetanak, sepenanak: sapangliwêt.
tanam
bertanam: nênandur; tanam-menanam: bab nênandur; ditanam: ditandur, dipêndhêm; tanaman: tanduran.
tanang
ditanang: digawa srana disangga ing tangan.
tanbiat
wêwêcan.
tancang
kucir.
tanda
tandha, têtêngêr, titikan, ngalamat; ditandai: ditandhani, ditêngêri; pertanda: singanêgara; pertandaan: pratandha, sasmita.
tanda-hayat
tanda-hidup: pawèwèh (barang) minangka tandha pangeling-eling.
tandak
jogèt, tlèdhèk; bertandak: njogèt.
tanda-mata
tandha-mata (pawèwèh ut. barang kanggo pangeling-eling).
tandan
dhompolan ut. rentengan woh (janjangan, tundhun).
tandang
bertandang: sanja, patêmon; ditandangi: 1 disanjani, ditêkani; 2 ditêkani lan dikulaki; ditandangkan: dipamèrake mrana-mrana; pertandangan: pasanjan, sêsanjan.
tandas
I jumblêng. II êntèk babar pisan.
tanda-tangan
tandha-tangan.
tandil
1 opsir kapal sorsorane serang; 2 mandor kabudidayan.
tanding
1 tandhing, babag; 2 taningan, tumpukan barang; bertanding: tandhing, [tan...]

--- 180 ---

[...dhing,] babag; tiada bertanding: tanpa timbang; ditanding: 1 ditandhing; 2 ditaningi, dipantha-pantha tmr. dagangan; pertandingan: adu-adu bal-balan lsp.
tandu(an)
tandhu, tandu berayun: tandhu gandhul.
tanduk
sungu; ditanduk: dibijig, disundhang, digudag.
tandun
zaman tandun: jaman kuna, mêrbung.
tandus
1 bêra, ora ditanduri; 2 sêgara wêdhi.
tang
swara thing, cring.
tangan
tangan, tanganan, lêngênan; lepas tangan: ngèngèr tanpa ingon; (me-) masuk tangan: mèlu cawe-cawe; singkat tangan: cêthil, suthik wèwèh; cepat tangan: lancang; ditangani: 1 ditangani, ditandangi, digarap; 2 dipangan nganggo tangan.
tangan-besi
mung ngêndêl-êndêlake panguwasane.
tangan-dingin
yèn nênambani mandi tmr. dhukun.
tangan-naik
lagi mujur (kêrêp mênang).
tangan-panjang
dawa tangane (clêmêr).
tangan-turun
sêbêl (kêrêp kalah).
tangas
adus banyu angêt, kêmulan disumubi banyu angêt; ditangas: diangêt-angêt sarana dikêmuli lan diuwabi.
tangga
1 andha, undhak-undhakan; 2 kanggo wilangan omah; tangga seniga: andha lanang; tangga sulur batang: undhak-undhakan mubêng.
tanggah
ar. dhuwit timah; penanggahan: pawong(an) ing kraton.
tanggak
ditanggak: disumênèkake (diêndhêgake) tmr. garapan.
tanggal
coplok, copot, ompong; ditanggalkan: dicoplok, dicêthil tmr. untu; 2 diuculi tmr. panganggo; penanggalan: bngs. pêri tanpa awak. II tanggal; penanggalan: pananggalan; almanak.
tanggam
cathokan ing sambungan kayu; ditanggam: 1 disambung nganggo cathokan tmr. kayu; 2 digathukake, dijodhokake.
tanggar
ditanggar: disaguhi arêp digarap nganti rampung.
tangguh
bertangguh: sêmaya; di(per)tangguhkan: disumênèkake, diundur, wêktutune.[2]
tangguk
bngs. serok ut. jaring cilik dianggo golèk urang lsp.
tanggul
I dhêklak-dhêkluk, kompal-kampul tmr. prau; II tanggul.
tanggung
ditanggung: 1 disangga ing pundhak (dipanggul lsp.); 2 disandhang (tmr. sangsara lsp.); dibêtah-bêtahake; 3 ditanggung, disanggêmi; 4 disimpên tmr. wadi, dianggo tmr. jênêng, sêbutan lsp.; ditanggungkan: 1 ditanggungake 2 dibubuhake, dipracayakake, dipasrahake marang; tanggungan: 1 sêsanggan, bubuhan; 2 tanggungan; penanggung: tanggungan (cêkêlan); penanggungan: lêlakon kang disandhang.
tanggung-bulan
têngah-têngahan sasi.
tanggung-jawab
tanggung-jawab.
tangis
tangis; menangis: nangis.
tangkai
I gagang, gantilan, garan. II ut. tangkaian: lumbung.
tangkai-hati
woding ati (kêkasih).
tangkai-pena
gagang pèn.
tangkal
ut. penangkal: srana panulaking bêbaya (jimat, têtulak lsp.); ditangkal: ditulak (disranani) tmr. lêlara lsp.
tangkap
ditangkap: 1 dicêkêl, dicandhak (tmr. maling lsp.); 2 diwisaya tmr. iwak diburu lan dicêkêl tmr. bêburon lsp.; (penyakit, sakit) ketangkapan: lara bêrurte; sepenangkap: sadawaning tangan saka sikut têkan athik-athikaning tangan nggêgêm.
tangkas
cukat, trêngginas.
tangki
jêdhing wadhah banyu ing prau.
tangkil
ditangkil: 1 ditangkil (diadhêp, disowani); 2 ditata tmr. barang-barang.
tangkis
ditangkis(kan): ditangkis.
tangkul
bngs. anco (jaring gêdhe nganggo senggotan); menangkul: golèk iwak nganggo tangkul.
tangkulak
bakul kang kêkulak wulu wêtu.
tangkup
ut. menangkup: tumangkêp, gathuk adu manis; ditangkup: ditangkêbake, diingkêmake.
tanglung
ting roling.
tangsi
tangsi.

--- 181 ---

tani
tani; bertani: têtanèn; pertanian: têtanèn.
tanjak
I nyongat munggah; bertanjak: kaki: jinjit. II nglurug.
tanju
bngs. diyan teplok, wadhah diyan teplok.
tanjul
jirêt (kala) diuncalake kanggo ngala urang lsp.; ditanjuli: dikala (dijirêt) nganggo tanjul.
tanjung
1 tanjung, pongol; 2 wit tanjung; menanjung: 1 mongol; 2 lêlayaran turut tanjung.
tansi
(tali) bngs. kênur ut. kawat rêbab.
tanti
(-baju) pinggiran klambi mawa plipidan bênang êmas.
tanya
bertanya, takon; ditanya(i): ditakoni; pertanyaan: pitakon.
tapa
bertapa: tapa, mêrtapa; pertapa: wong tapa.
tapa-tapa
bngs gêrèh.
tapah
ar. iwak kali.
tapai
I tape. II truwèlu.
tapak
1 (-tangan) èpèk-èpèk; 2 (-kaki) dlamakan, tlapakan; 3 pêcak, têbah; tapak-tapak: 1 thèklèk; gamparan; 2 ar. kewan sagara; menapak: tumapak (ngambah lêmah tmr. bocah); ditapak: dipêcaki, diukur nganggo têbah; (ke-) tapakan: undhak-undhakan.
tapak-tangan
1 èpèk-èpèk; 2 tandha-tangan.
tapak-tukul
isih durung diêlus tmr. gêgarapan.
tapak-canai
wis rampung ut. wis diêlus tmr. gêgarapan.
tapelak
taplak.
tapi
nanging; kc. tetapi.
tapis
ditapis: disaring; tapisan; penapisan: saringan, ayakan.
tapung
(baju-) klambi dawa.
tapuk
bertapuk: 1 mbêsisik, rêgêd; 2 (ut. bertapuk-tapuk): burik.
tara
1 rata (ora mayat, ora mêndhukul); 2 babag, tandhing, timbang; tiada taranya: ora ana kang madha; setara: timbang, babag pêpangkatane lsp.
tarah
rata alus tmr. untu, kayu lsp. ditarah: diprèjèngi tmr. nggarap kayu, watu lsp.; penarah: bngs. pêthèl dianggo mrèjèngi.
tarah baju
klewang Acèh.
tarjamah
salinan, pertalan; ditarjamahkan: disalin, dipêrtal.
tarak
bertarak: cêcêgah, sêsirik.
taram (-temaram)
surêm rêmêng-rêmêng kaya rêmbulan kasaput mêndhung.
tarang
petarangan: patarangan.
tarbil
1 bngs. tamèng; 2 jinising gêndewa dianggo nglêpasake glintiran lêmpung.
tarbus, terbus
topi Turki.
tarekat
1 dêdalan; 2 laku lan tatananing agama (tmr. ngudi kasampurnan); ilmu tarekat: ngèlmu kabatinan (kasampurnan).
tari
jogèd; menari: njogèd.
tarikh
1 petungan taun, titimangsa, waktu; 2 pêpakêm, babad; ditarikhkan: dititimangsani.
tarik
ditarik: 1 ditarik (digèrèt, didudut, dicènèng lsp); 2 dipupu (tmr. beya, wragad, pajêg lsp.), dijupuk (asile, pamêtune lsp.); 3 dibukani (tmr. têmbang, gêndhing).
tarikah
I tarekat. II 1 tinggalane wong mati tanpa waris; 2 randha tanpa sanak sadulur.
taring
1 siyung; 2 lêlancip (kaya siyung).
taris
ditaris: ditalèni ut. digodhi tmr. buntêlan lsp.
tarkas
wadhah panah.
taruh
ditaruh: 1 disèlèh, didokok; 2 dipasang tmr. totohan; 3 (ut. ditaruhkan) dititipake, dipasrahake dikon ngrumati; 4 diduwèni, diingu; menaruh dendam: ngigit-igit (êndhêm-êndhêman); menaruh uang: duwe dhuwit; bertaruh: totohan; bertaruhkan: ngêtohake, totohan arêbut ...; petaruh: 1 barang cêkêlan; 2 toh udhu; pe(r)taruhan: barang titipan.
taruk
thikilan, sogolan.
tarum
tom.
tas
I swara dhor, jêdhot. II ar. wit. III tas.
tasak
sarana dianggo mampêt gêtih; menasak: mampêt gêtih.
tasawuf
ngèlmu tasawup (kasampurnan).

--- 182 ---

tasbih, tesbih
têsbèh.
tasik
tlaga, sêgara.
taslim
bêkti, urmat, supêkêt marang Pangeran.
tasyrih
(ilmu-) ngèlmu anatomi.
tatah
bertatahkan: tinrètès ing intên lsp.; ditatah: diêmbani, ditrètès.
tatal
tatal.
tata-negara
dhapukaning praja.
tatang
ditatang: digawa srana kasangga ing èpèk-èpèk dilumahake ut. dicêkodhongake.
tata-usaha
administrasi.
tatap
makan tatap: landhêp bangêt; ditatap: ditamatake, diiling-ilingi, dipatitisake.
tatih
oyag-ayig arêp tiba tmr. mlaku; ditatih: 1 ditetah (diajari mlaku); 2 ent. diajari nindakake pagaweyan.
tating
ditating: 1 digawa kasangga ing èpèk-èpèk; kc. tatang; 2 dipondhong, diunjukake.
tatkala
nalika.
taubat
tobat marang Allah.
taufik
pitulunganing Allah.
tauhid
tokid.
tauke
daoke (juragan).
taurat, taurit
kitab Torèt.
taul
menaul: njirêt dhayung (jangkar) banjur digantung supaya ora kambah banyu.
ta'un
pagêblug (kolera, pès lsp.).
taung
bngs. lesus ing sêgara.
tawa
di(ke)tawai, di(ke)tawakan: digêguyu; tertawa: gêguyu.
tawak-tawak
bngs. bêndhe gêdhe.
tawakkal, tawakkul
tuwêkal (sumarah ing Allah).
tawalu'
andhap asor.
tawan
ditawan: ditawan.
tawar
I 1 tawa, tawar; 2 cêmplang, sêpa, tanpa rasa; 3 angluh tanpa daya; 4 (-hati) êntèk kakêndêlane; ditawari: 1 ditênung, dicinthung; 2 dibujuk; ditawarkan: ditawar tmr. wisa lsp.; penawar: tamba, panawar wisa lsp.; penawar jambi: ar. têtuwuhan dianggo srana mampêt gêtih; penawaran: panênung, gunadhêsthi, panawar. II ditawar: diênyang; ditawarkan: ditawakake; ditawari: ditawani; tawaran: kang ditawakake; penawaran: pangênyang.
tawar-hambar (-mawar)
sêpa bangêt, cêmplang bangêt.
tawarikh
babad.
ta'wil
katêrangan; dita'wilkan: ditêrangake surasane.
tawon
tawon; kc. lebah, tabuan.
ta'zim
taklim, urmat.
ta'zir
pisrêngên minangka paukuman; dita'zirkan: diukum srana disrêngêni nganggo ukuman kang ora kasêbut ing anggêr.
tebah
menebah dada: têbah-têbah dhadha; ditebah: digêblègi, digêdhigi, dikêplèki.
tebak
I ditebak: dibadhe, dibatang; tebakan: cangkriman. II ditebak: dikêprasi ut. dibacoki lsp. ora karuwan wangune.
tebal
kandêl, kêtêl (tmr. rambut); cukêng, ora wêlasan; tebal telinga: ora prêdulèn, ndablêg.
teban
toh, udhu; diteban: diêcèh-êcèh, dibêboros.
tebang
ditebang: ditêgor.
tebar
bertebaran: pating slêbar; ditebar(kan): 1 disêbar tmr. wiji lsp.; 2 dibèbèr lan diuncalake tmr. jala lsp.
tebas
ditebas: dibabadi tmr. rêrungkudan têtuwuhan lsp.
tebat
bêndungan (rumpon, suwakan); ditebat: dibêndung, ditambak, digawe suwakan.
tebeng
têbêng, tèdhèng, aling-aling.
teberau
bngs. glagah.
tebing
bambing kang njulêg (tmr. kali, jurang lsp.).
tebok
ditebok: ditampêk (ditabok, dicablèk, diantêm).
tebu
têbu.
tebuan
tawon.
tebu-tebu
bngs. glagah.
tebuk
bolong têrus, butul; ditebuk: dibutul, dijêbol tmr. tembok.
tebus
ditebus: ditêbus; orang tebusan: batur tukon.
tedas
têngah kandêl pinggire tipis tmr. barang kang gèpèng kaya wilahaning kêris, wêlah lsp.

--- 183 ---

teduh
1 lêrêm, mêndha (tmr. angin ombak), têrang (tmr. udan); 2 aub ora kêtampêk ing angin; diteduhi: diaubi, dialing-alingi (nganti ora kanginan); berteduh: ngaub.
tedung
ular tedung: ula dumung; ayam tedung: pitik cêmani.
tegadas
ar. bêdhil (mriyêm) jaman kuna.
tegah
ditegah(kan): dipênggak, dicêgah, dicandhêt, dipênging.
tegak
jêjêg, ndêgèk; ditegakkan: diêdêgake jêjêg, didêgèkake.
tegal
sarèhne, marga.
tegang
kêncêng, manthêng.
tegap
1 kiyêng, gothot; 2 kukuh, sêntosa; 3 puguh, wangkod; tegap janji: têtêp kasaguhane.
tegar
1 atos bangêt, mbêngkayang, kukuh bangêt; 2 mbrêngkêlo, puguh; tegar tengkuk: puguh (wangkod) bangêt.
tegarun
ar. tênunan sutra mawa bênang mas.
teguh
1 kukuh, pêngkuh, awèt; 2 têtêp tmr. janji, ati lsp.; diteguhkan: 1 dikukuhake; 2 ditêtêpi ut. sukêt lsp.; muka tebal: saèn; tebal jangat: ora rumangsan; tebal hati: dituhoni tmr. prajanji lsp.; 3 dikêncêngake tmr. supêkêting pamitran.
teguk
I seteguk: sacêgukan; diteguk: digogok, diombe. II meneguk: mbangkang, ora manut.
tegun
I ora obah-obah kyt. wong sêmadi, sêrdhadhu jaga lsp. kc. tekun. II ar. wit.
tegur
(-sapa): aruh-aruh; ditegur: 1 diaruh-aruhi; 2 dielikake kalawan alus.
teh
tèh; air teh: wedang tèh.
teja
1 teja; 2 layung, mega sumamburat abang; teja membangun: layung gêgunungan.
teji
(kuda-) jaran tèji.
teka-teki
cangkriman.
tekaan
ar. mainan nganggo dhadhu.
tekabur
jubriya; kc. tekebur.
tekah
bngs. kêthèk tangane dawa; kc. kekah.
tekak
I 1 cêthak; 2 pangrasaning cangkêm; anak tekak: sêntil. II wangkod, wangkal, puguh.
tekal
atos; kaku.
tekam
ar. wit.
tekan
ditekan(kan) diênêtake, dipidih, dipênêt; tekanan suara: panjêngèking swara.
tekang
ditekang: dicuwaki (tmr. urung-urung ing pamêlikan).
tekap, tekup
tutup kang kuwung; ditekap, ditekup: 1 ditutupi (didhêkêp lsp.) nganggo apa-apa kang kuwung; 2 ent. dibungkêm.
tekat
bludhiran; ditekat: dibludhir.
tekebur
kibir, jubriya.
teki
rumput teki: sukêt têki.
tekik
ngèyèl, ngrèngkèl.
tekis
nggawing, mbambing, minggir.
teko(an)
teko.
tekoh
mandhor gudhang, juru gêdhong.
tekua
(baju-) klambi takwa.
tekuk
ar. iwak sagara.
tekukur
dêruk, drêkuku.
tekun
(bertekun) tumêmên, nyrêmpêng ênggone sêmadi, nyambut gawe lsp.
tekup
ditekup: didhêkêp.
tekur
menekurkan kepala: ndhungkluk.
tela
I peranganing bêdhil kuna tutupan wadhah obat. II omah ing buri tmr. kraton.
telabat
bertelabat: mlaku mêndhak-mêndhak (ndhadhap).
teladan
tuladha, pola; meneladan: nulad, niru, mola.
telaga
tlaga.
telah
I uwis; setelah: sauwise. II ditelah: diwêca, dipêthèk; penelah: juru pêthèk; penelahan: pêthèk, wêwêcan.
telampung
kambang; telampung perahu: pringang kiwa têngên prau.
telan
I bngs. cacing cilik. II ditelan: diulu, diuntal, diêlêg.
telang
kêmbang têlêng; buluh telang: ar. pring cilik akèh banyune; kc. talang.
telangkai
congkog, panglantar.
telangkup
kuwalik mangkurêb.
telanjang
ut. bertelanjang: wuda, ngliga, ligan; telanjang bogel (bulat): wuda mblêjêt; ditelanjangi(kan): diwudani.
telanjur
kêbanjur, kêbacut, kêlojok, kêtrucut.

--- 184 ---

telantar
gumlethak, kapiran, ora kopèn.
telap
menelap: tumancêb, bisa tumama tmr. gêgaman.
telapak(an)
1 tlapakan, dlamakan; 2 (tangan) èpèk-èpèk; kc. tapak.
telatah
sêmuning polatan, pratingkah.
telau
dlêmok padhang ing lumah kang pêtêng; bertelau-telau: 1 pating dlêmok padhang (lumah irêng ana dlêmok-dlêmoke putih); 2 dlêmok-cung.
teledor
karêm turu, tledhor.
teleng
tèngèng, pèncèng, miring.
telepok
bngs. trate.
telepon
tilpun.
telekan
bertelekan: sêduwa.
telekap
obat telekap: koyuk.
telekung
makêna.
teleku
berteleku: njêngku nganggo sikut.
telempap
têbah (-ing èpèk-èpèk).
telentang
mlumah.
telepa
bngs. gêbyas wadhah lênga wangi.
telepuk
cêplok (kêmbang-kêmbangan mas, slaka lsp).
telinga
kuping, kupingan (ing wajan, pêthi lsp.).
telingkah
1 beda, sulaya, gèsèh; 2 pratingkah.
telingkuh
bertelingkuh: pasulayan; drêdah.
teliti
sêtiti, titi.
telor
cêlat, pelo, cedhal.
teluk
têluk (sunglon, tikunganing sêgara).
telukup, telungkup
I kuwalik mangkurêb; kc. telangkup. II kuwalik mangkurêb.
telunjuk
(jari-): driji panuding.
telur
êndhog; bertelur: ngêndhog.
telus
ut. menelus: butul têrus.
telut
I bertelut: jèngkèng. II ditelut: dicangkok tmr. wit-witan.
temabur
sumawur, sumêbar; kc. tabur.
temali
tali-temali: warna-warnaning tali (tampar) ing prau.
teman
kanca, rewang; teman sejawat: kanca tunggal pagaweyan.
temara
tomara, tumbak.
temaram
terang-temaram: padhang njingglang.
temasa
pasawangan endah; kc. tamasya.
temas-temas
mêmêthèk nganggo kunir sagrigih.
tembaga
têmbaga; tembaga kuning: kuningan.
tembak
ditembak: 1 dibêdhil, dimriyêm; 2 diênêr (tmr. lakuning prau); ditembakkan: dilêpasake tmr. bêdhil lsp.
tembakau
têmbako.
tembakul
ar. iwak loh.
tembam
mlênuk.
tembarau
ar. wit.
tembatar
bngs. bukur sok mangani pathokan ing sêgara lsp.
tembatu
woh nipah.
tembek
nyrèmpèd (mèh kêna lesane).
tembel
timbil.
tembelok
bngs. bukur; kc. tembatar.
temberang
tampar tiyag prau.
tembereng
porsêlin, bêling.
tembelang
kêmlêkêrên tmr. êndhog.
temberih
ar. iwak sagara.
tembesu
ar. wit.
tembiang
bngs. tlêmpak.
tembikai
sêmangka.
tembikar
1 porsêlin, bêling; 2 wingka, pêcahan porsêlin lsp.
tembilang
lêncêg, klênyêm.
tembiring
cuwilaning barang kang bundêr, tanggalan (tmr. cakran); tembiring tajam: kèpètan (tmr. cakran).
tembok
I tembok (pagêr bata). II ditembok: diêdhêmake srana diilang-iling ing wadhah liya (tmr. wedang lsp).
tembuk
bolong cilik-cilik (jarit, dluwang lsp.), krowok (tmr. untu).
tembuku
bantalaning tiyang prau.
tembuni
êmbing-êmbing (ari-ari).
tembung
sodor (toyak, watang) kanggo main silat; bertembung: 1 sêsodoran, tangkis-tangkisan nganggo pênthung dawa; 2 tataban, tumbukan, pêthukan.
tembus
têmbus (butul, bolong têrus); ditembus: ditêmbus (dibutul, ditrowong); bertembusan: butul têrus ing êndi-êndi; tembusan: 1 trowongan; 2 rangkêban tik-tikan.
tembolok
têlih, wadhuk.
tembosa
cincin tembosa: ali-ali nganggo cêpukan cilik.

--- 185 ---

temenung
ar. iwak sagara.
temenggung
ar. pangkat sor-sorane datuk bêndhahara.
temiang
1 bngs. pring tipis; 2 ar. kewan sagara.
temin
karah kolongan (alèn-alèn).
tempa
ut. tempaan: gêmblengan; ditempa: digêmblèng, dipandhe.
tempah
têmpah, êmpingan; ditempah: ditêmpahi, diwènèhi êmpingan ut. manjêr.
tempala
1 (bertempala) colot-colot; 2 ar. iwak sagara.
tempan
palang, sladhangan.
tempaus
têmpaos.
tempap
ut. telempap: têbah (-ing èpèk-èlèk); menempap: nggrayangi tangane dijêbèbèhake; ditempapi: diukur nganggo têbah.
tempat
1 ênggon, papan, dunung, panggonan; 2 wadhah; 3 kang ... (dak-, ko-, di- lsp.), up. orang tempat bertanya (wong sing ditakoni); bertempat: manggon; ditempatkan: 1 dipapanake, didunungake; 2 diwadhahi; setempat-setempat: ênggon-ênggonan.
tempawan
gêmblengan; emas tempawan: êmas gêmblengan (murni).
tempayak
gana tawon lsp.
tempayan
gênthong.
tempel
menempel: tumèmpèl, nèmplèk; ditempel(kan): ditèmpèlake, ditèmplèkake.
tempeleng
ditempeleng: ditêmpiling.
tempelak
ditempelak: dicogêmol, diwêlèhake, dipongor-pongorake.
temperau
bertemperau: mangsuli kambi ngundhamana.
tempiar
bertempiar: buyar, bubar mrana-mrana.
tempias
nyiprat-nyiprat, tampu.
tempik(-sorak)
surak sêru.
tempinis
ar. wit lan ar. iwak sêgara.
tempo, tempoh
1 waktu, mangsa, nalika; 2 inah, sêmaya; 3 libur, ngaso.
tempong
(ut. penempong) gacuk; ditempong: 1 dituju nganggo gacuk; 2 diborong, dituku kabèh; 3 diduwa nganggo sikil ut. wêlah tmr. prau.
tempolong
têmpolong (paidon).
temponeh
ar. têtuwuhan.
tempoyak
asêman durèn.
tempua
manuk manyar.
tempuh
ditempuh: ditêmpuh, ditrajang, ditêrak.
tempuling
bngs. tumbak nganggo grèthèl.
tempur
bertempur: têmpur, gathuk, tarung; pertempuran: tarung, pêrang; kapal penempur: ar. kapal pêrang gêdhe; pesawat penempur: montor mabur panyêrang.
tempuras
mawut, kocar-kacir, muncrat-muncrat.
tempurung
bathok; tempurung kepala: cumplung; tempurung lutut: gandhu.
tempuyung
ar. têtuwuhan.
temu
I ut. temurat: têmu (lawak, giring lsp). II bertemu: kêtêmu, kêpêthuk; ditemui: diprêgoki, dialami; di(per)-temukan: 1 ditêmokake, digathukake; 2 dipulihake, dikumpulake; pertemuan: patêmon, pakumpulan.
temurun
turun-temurun: turun-têmurun.
temut-temut
ora cekat-cèkêt, rêmbên, klêlar-klêlêr.
tenaga
kakuwatan, kamêmpêngan.
tenang
antêng, mênêng tmr. banyu.
tenar
wis sumêbar tmr. banyu.
tenda
tendha.
tendang
ditendang: ditêndhang, didhupak, didugang.
tendas
êndhas; ditendas: ditigas (dikêthok) gulune.
teng
I swara thêng. II ting, lêntera. III 1 tèng (wadhah lênga lsp); 2 tèng (montor waja).
tengadah
bertengadah, menengadah: tumênga; ditengadahkan: ditêngakake mandhuwur.
tengah
1 têngah; 2 satêngahe; 3 nêdhêng-nêdhênge, lagi; sama tengah: têngah bênêr; tengah dua: 1½; tengah dua puluh: 15; tengah duaratus: 150; menengah: mêntêngah, nêngahi, têngah-têngahan, têngahan; ditengahi: ditêngahi, dipisah; penengah: 1 panêngah (kang têngah); 2 pamisah; pertengahan: 1 têngah-têngah, sêdhêngan; 2 (ing)

--- 186 ---

têngah-têngahe; setengah: 1 satêngah, saparo; 2 (-nya) sawènèh ... sawatara ana ...
tengah-hari
wayah awan jam 12.
tengah-malam
têngah wêngi.
tengah-naik
kira-kira jam 9 esuk.
tengah-turun
lingsir kulon (jam 3 sore).
tengar
ar. wit.
tenggala
luku; ditenggala: diluku.
tenggalung
trênggalung (bngs. rase).
tenggan
lêmpitan ut. gèmblèhing kulit.
tenggang
1 padha pandumane; 2 wangênaning wêktu, pêpancèn wêktu; dipertenggangkan: digatèkake; diklumuhi; dipikir.
tenggang-daya
wangênaning wêktu kanggo mêmikir, golèk reka lsp.
tenggara
(angin saka) kidul wetan; tenggara mandi: angin saka kidul wetan nganggo ombak; menenggara: ngidul ngetan.
tenggat
ditenggat: diêndhêg-êndhêgi ajune (tmr. lakuning prau, panggaweyan lsp.).
tenggayun
ar. wit.
tenggek, tengger
bertenggek, bertengger: mlangkring, mêthangkrong.
tenggelam
kèrêm, klêlêp, amblês ing banyu lsp.
tenggiling
trênggiling.
tenggiri
têngiri.
tengguli
wit trênggulun.
tenggulung
luwing; kc. senggulung.
tengik
têngik.
tengkalak
bngs. wuwu wangune kaya kukusan.
tengkalang
lumbung cilik.
tengkaluk
isining wowohan ênom kang kêna dipangan, kaya ta kolang-kaling, pêlok lsp.
tengkam
ukuran bobot êmas = 6 kupang (saiki wis ora kanggo).
tengkar
padu; bertengkaran, bertengkar mulut: padu, pêpadon, pasulayan.
tengkarap
ditengkarapkan: 1 dirusak, ditumpês; 2 dipocod tmr. ratu.
tengkawang
ar. wit (digawe lênga).
tengkel
gêglintiran, blindhèn kyt. pil. cêmêndhil lsp.; menengkel: pating pringkil.
tengkerong
ar. iwak loh.
tengkes
cilik cêndhak tmr. cagak, sikil lsp.
tengkiki
othe-othe, cênggèrètnong.
tengking
ditengking: disêntak, disênggrang; kc. dengking.
tengkoh
tike, candu.
tengkolok
kacu dianggo ubêl-ubêl, bngs. ikêt.
tengkorak
cumplung. (balung êndhas).
tengku
sêsêbutan darahing raja; tengku besar: kangjêng gusti.
tengkuyung
kuwuk (bngs. kêrang).
tengkuk
1 githok; 2 gantilaning pari.
tengkulak
bakul (kêkulak ana ing padesan lsp.).
tengok
ditengok: didêlêng, ditonton; ditengoki: ditamatake, diiling-ilingi.
tenong
tenong.
tentang
1 adhêp-adhêpan, ngarêpan; 2 mungguh ing; bertentangan: 1 adhêp-adhêpan, adu arêp; 2 kosokbalèn, sulaya; ditentang: 1 dipandêng; 2 didhêpake; pertentangan: pasulayan.
tentera
wadyabala.
tentu
mêsthi, têmtu; ditentukan: ditêmtokake, dipêsthèkake.
tenuk
sênuk.
tenun
tênun(an); ditenun: ditênun.
tenung
ditenung: 1 dipandêng; 2 ditênung, dipêthèk bêgja cilakane lsp.
tepak
I ditepak: ditangkis nganggo tangan. II kothakan nam-naman pandhan dianggo wadhah kinang.
tepak-tepak
ar. iwak loh.
tepam
ditepam: diêmêk-êmêki, didêmèk; menepam: mêngkurêp.
tepas
I tutup krukup (ing momotan prau, sandhangan ing kopêr lsp.). ditepas(i): ditutupi brukut nganggo motha lsp.; penuh tepas: kêbak mêncêb. II ênêr, sisih, padon; tepas barat: sisih kulon (bang kulon); keempat tepas dunia: keblat papat.
tepat
bênêr, trêp, pênêr bangêt; tepat barat: kulon bênêr; menepat: trêp, pênêr bangêt; ditepati: dituhoni tmr. janji.
tepeh
bngs. keyong.
tepek
1 blêntong rêgêd (kêna ênjêt lsp.); 2 lempengan, êmplèk-êmplèkan (tmr. panganan, têmbako lsp.); 3 wilanganing

--- 187 ---

barang kang lêlempengan; ditempek: ditèmplèkake.
tepekong
têpekong.
tepekur
ngêningake cipta (sêmadi).
teperam
bngs. tali ing bathuk kanggo rêrênggan.
tepermana
tiada tepermana: tanpa wilangan; kc. permana.
tepet
ditepet: ditèmplèkake ut. dipopokake tmr. tapêl lsp.
tepi
têpi, pinggir; menepi: minggir, mlipir; tepian: pinggiraning kali kang cêthèk (dianggo adus lsp.).
tepis
ditepis: ditampèl, ditangkis.
te'poh
mainan tèkpo.
tepok
jimpe ut. pêpês tmr. sikil.
tepu
kêbak mêncêb.
tepuk
(ber)tepuk tangan: kêplok; tepuk tari: jogedan karo kêplok-kêplok; ditepuk: ditêbak, ditampèk, ditamplèk, ditabok.
tepung
glêpung; ditepung: digawe glêpung.
tepung-tawar
glêpung kuning kanggo têtulak.
tepus
bngs. jae.
ter
tir, tir.
tera
cap; ditera: diêcap.
teragung
kêtatap, kêbêntus.
terai
ar. wit.
terajam
ar. wit.
terajang
diterajang: disepak, didugang; kc. terjang.
teraju
1 traju; 2 taligoci (tmr. layangan).
terak
I ampas timah (wêsi lsp.) kang diluluh. II susuh gaweyan, patarangan. III penuh terak: kêbak bangêt; elok terak: endah bangêt.
teral
diteral, disrêmpêng, dimêmpêngake.
teraling
1 bngs. manuk bèthèt; 2 ar. wit.
teran
meneran: 1 nyrêmpêng, mêmpêng; 2 ngêdên, mêthênthêng.
teranas
padhas ing sagara.
teratai
ar. wit.
terang
1 padhang; 2 têrang, cêtha; menerang: sumilak padhang; diterangi: dipadhangi; diterangkan: ditêrangake; keterangan: katêrangan; penerangan: pêpadhang, sêsuluh.
terang benderang
padhang njingglang, padhang bangêt.
terang bulan
padhang rêmbulan.
terang tanah
wayah saput lêmah.
terang cuaca
padhang langite (ora mêndhung).
terap
I diterap: 1 dicithak (ing puthon lsp.); 2 ditrap sarana dilepa (up. bata), diêtrapi intên (sêsotya). II ar. wit.
terapai
ar. wit.
terapang
pêndhok.
terapung
kumambang; kc. apung.
teras
1 galih (ing kayu); 2 las-lasan (bêras lsp.); diteras: 1 dijupuk galihe tmr. kayu (sarana dijupuki gubale); 2 disosoh tmr. bêras lsp.
terasi
trasi.
teratai
trate.
teratak
tratag, gubug.
teratu
siksa, siyasat.
terau
diterau: dislundupake ing klêting tmr. lawe kang ditênun.
terawang
I kandhêg ana ing awang-awang; kc. awang-awang. II krawangan; kc. kerawang.
terawangsa
bngs. rêbab (gamêlan Sundha).
terban
ambrol, jugrug, amblêg.
terbang
1 mabur; 2 mabul, mubal tmr. blêdug lsp.; terbang lalat: ngarêpake srêngenge mlêthèk; terbang-terbang lalat: grag-grêg tmr. maca; terbang semangat: êntèk kasabarane.
terbis
jurang têrbis.
terbit
1 mêncungul mêtu (timbul, tuwuh lsp.); 2 mêtu tmr. buku layang kabar lsp.; 3 mlêthèk tmr. srêngenge, ndhadhari tmr. rêmbulan; diterbitkan: diwêtokake; penerbit: kang ngêtokake buku lsp.
terbul
ar. iwak loh.
terbus
bngs. kopyah abang.
terbut
pantèk gêdhe (baud kayu) ing prau.
terendak
bngs. caping gunung.
terenang
bngs. kêndhi gêdhe.
terentang
ar. wit.
teret
larikan; kc. dhèrèt.
terhal
kêpalang, kêna alangan, kc. hal.
terhala
katon saka ing kadohan.

--- 188 ---

teri
iwak têri.
teriak
pambêngok; berteriak: mbêngok, nguwuh-uwuh.
teriba
ar. têtuwuhan.
terigu
gandum.
terihujung
trisula.
terik
kêncêng, singsêt bangêt; panas terik: panas bangêt; diterikkan: dikêncêngi, disingsêti.
terisula
trisula.
terimurti
trimurti.
teripang
tripang.
teteriti
maneriti; jèntrèk-jèntrèk, tharik-tharik.
teritik
ar. wit.
teritip
bngs. kece cilik-cilik sok nèmplèk ing pathokan lsp.
terjali
(olèh) wisiking Allah; kc. tajali.
terjang
diterjang: disepak, ditêndhang, didhupak.
terjemah
salinan, pêrtalan; diterjemahkan: dipêrtal.
terjun
1 anjog, mêncolot mudhun, ambyur; 2 luwih cêndhèk tinimbang kiwa têngêne tmr. jrambah lsp.; 3 (dukun-): dhukun kang dianggo dadakan tanpa dicalangi dhisik; diterjunkan: 1 dijlogake, diudhunake; 2 ent. diêsorake bangêt; keterjunan: kêna ing lêlara.
terka
diterka: dibatang, dibadhe.
terkam
diterkam: didêmak, ditubruk.
terkas
wadhah panah; kc. tarkas.
terkejut
kagèt, nratab.
terkiah
tiada terkiah: tanpa wilangan.
terkul
bêdhil cêndhak.
terkup
menerkup: numbuk, natab.
terkoteng
ijèn thil.
terlalu
bangêt, kêluwih-luwih.
terlampau
kêliwat, bangêt.
termengkelan
kêlêlêgên, kalolodên.
ternak
1 (orang-) (wong) kang wis lawas manggon ing sawijining panggonan; 2 (binatang-) kewan omahan ut. kang ditangkar-tangkarake; diternakkan: diingu murih bêbranahan; beternak: ngingu, ngupakara kewan.
terok
I diterok: dicoblos (dijojoh) arêp disumurupi isine. II bngs. manuk blêkok.
terompah
gamparan, thèklèk.
terompet
slomprèt.
terongko
kunjara.
teropong
1 bumbungan, pipa wêsi; 2 sêmprong, kèkêr; diteropong: dikèkêr.
terpa
diterpa: ditubruk, disandêr.
terperanjat
kagèt.
terperling
clorot-clorot.
tersenyum
mèsêm.
tertawa
ngguyu; ditertawakan: digêguyu.
tertiarap
tiba krungkêb, mêngkurêb.
tertib
tata, kanthi pranatan.
terubuk
trubuk.
teruk
bangêt tmr. lêlara.
terum
njêrum (linggih) tmr. gajah; diterumkan: dijêrumake (tmr. gajah).
terumbu
karang ing sêgara.
teruna
1 ênom; 2 wis diwasa (jêjaka).
teruntum
wit truntum.
terung
terong.
terupam
sanglingan.
terus
1 têrus; 2 têmbus; 3 (-terang) ngêblak, blaka suta; terus-menerus: têrusan bae, mblandrêng; menerus: têrusan, têmbus, rumêsêp; diteruskan: 1 ditêrusake; 2 dibutul, ditêmbus, disidhat; terusan: susukan, sidhatan kali.
terusi
prusi.
terwelu
truwèlu.
tesbih
têsbèh.
tesmak
têsmak.
tetak
ditetak: dibacok, dikêthok.
tetal
1 madhêt, jêjêl bangêt; 2 kêkêr tmr. tênunan; ditetal: dipadhêtake, ditêtêl manêt.
tetamu
dhayoh.
tetampan
bngs. samir sutra kuning.
tetangga
tangga.
tetap
I 1 têtêp, ajêg, ora owah, lêstari; 2 (-hati) panggah, tatag; ditetapi: 1 dikukuhake; 2 ditêtêpi; ditetapkan: ditêtêpake, dilêstarèkake; dipertetapkan: ditatagake atine. II ditetap: ditutul (diêlap lsp.) supaya garing.
tetapi
(akan-) ananging.
tetas
ditetas; dibotol, dibolong, dibêdhah tmr. pagêr lsp.; menetas: nêtês.
teteguk, teguk-teguk
manuk darès; kc. pungguk.
tetek
susu; menetek: nusu; diberi tetek:

--- 189 ---

disusoni.
tetua
têtuwa (irêng-irêng ing rai).
tewas
tiwas, kalah; ditewaskan: dikalahake.
tezi
tèji.
tiada
ora ana, ora; ditiadakan: 1 dipaido, digorohake; 2 diwurungake; 3 dibirat, disirnakake; 4 dirèmèhake, diêpisake.
tian
mandi tian: adus tingkêban.
tiang
tiyang, cagak, saka, pathokan.
tiap-tiap
sabên, siji-sijine.
tiarap
meniarap: ungkêb-ungkêb, mêngkurêb; ditiarapi: dirungkêbi; tertiarap: krungkêb.
tib
donga ut. lapal kanggo njamoni lsp.
tiba
layang primbon.
tiba
têka; tiba-tiba: dumadakan, dadakan; ketibaan: kêna ing lêlara.
tida', tidak
ora; ditidakkan: 1 diselaki; dipaido, digorohake; 2 dirèmèhake, kc. tiada.
tidur
turu; tidur ayam: rêm-rêm ayam.
tiga
têlu.
tika
(-tika) ikalan lawe (gêmuh); ditika: diikal (digulung).
tikai
bertikai: sulaya; menikai: nyulayani; pertikaian: pasulayan.
tikal
1 ar. dhuwit Siyêm; 2 ar. panganan.
tikam
ditikam: 1 disuduk; 2 diêlès ing gacuk (tmr. dolanan dhir-dhiran lsp.); pertikaman: wong kang nggawa tumbak.
tikar
klasa, lampid; tikar bantal: klasa bantal (prabot omah).
tikas
papan kang tilas kambah banyu, galêran tilas robing sagara, pinggêtan tilas ditalèni lsp.
tike(h)
tike, candu.
tikpi, ti'pi
tumbak cawang têlu (trisula).
tiku
ar. manuk.
tikus
(-busuk ut. turi, -munduk) tikus (clurut, wirog).
tilam
kasur.
tilik
pamawas, kawaskithan; menilik: nitik saka; ditilik: 1 disawang, diwawas; diwaspadakake; 2 disêtitèkake, dititèni, dititik; 3 dièringi; 4 dibincili, dipêthèk; penilik: wong kang waskitha.
tilisim
jimat.
tim
nasi tim: sêga tim-timan; ditim: ditim.
timah
(-putih, -hitam, -sari): timah (-putih, -budhêng, -sari).
timang
ditimang: 1 diumbulake lan disawang tmr. tumbak, bocah lsp.; 2 dikudang; timangan: 1 bocah kang dikêkudang, digadhang-gadhang; 2 (ut. timang-timangan) paraban.
timba
timba; ditimba: ditimba, ditawu, dicidhuki.
timbal
babag, tandhing; bertimbal; 1 ana têtimbangane; 2 karo sisih, sakarone padha; 3 (ut. bertimbalan dengan) babag, tandhing; ditimbal: ditimbangi, ditandhingi; timbalan: tandhing, timbangan; setimbal: babag, tandhing.
timbal-balik
karo-karone, karo pisan.
timbang
ditimbang: 1 ditimbang, dibobot; 2 (ut. dipertimbangkan) ditimbang-timbang, dilimbang-limbang tmr. rêmbug lsp.; ditimbangi: diijoli; timbangan: timbangan, panglimbang; pertimbangan: rêmbug kan diajokake.
timba-ruang
godhagan ing têngahing prau.
timba-tasik
ar. têtuwuhan.
timbau
ditimbau: diwuwuhi dawane (dhuwure).
timbul
timbul, mêncungul mêtu.
timbun
tumpuk(an), undhung-undhungan; ditimbuni: diurug(i); ditimbunkan: ditumpuk, diundhung-undhung.
timbus
ditimbus: diurug, ditablêg, disumpêt.
timpa
timpa-menimpa: tumpang tindhih; ditimpa: 1 ditumpangi, ditindhihi, dibruki; 2 ent. kêna ing (sangsara lsp.).
timpal
setimpal: timbang, babag.
timpang
1 pincang, jonjing; 2 ent. ora timbang; menimpang: pêpincangan.
timpas
1 wrata (ora ngombak); 2 (-perbani) surut bangêt; 3 asat (tmr. kali lsp.).
timpe
tempe.
timpuh
bertimpuh: linggih timpuh.
timpus
mêrit mangisor (tmr. sikil meja lsp.).
timun
timun.
timur
wetan; timur laut: lor wetan.
tindak
bertindak: tumandang; tindakan: rêrigên.
tindan
ditindan: ditumpuk tanpa ditata

--- 190 ---

(tmr. barang kang rowa-rowa, lêlonjoran lsp.).
tindas, tindis
ditindas, ditindis: dipênêt, ditindhês, disiya-siya.
tindih
ditindih: 1 ditindhihi, ditindhês, dipênêt; 2 ent. disiya-siya.
tindik
ditindik: ditindhik, dicoblos bolong.
ting
I swara thing, thèng. II ar. wit.
tinggai burung
ar. wit.
tinggal
1 kari, turah; 2 manggon; 3 isih tansah; 4 ilang, lunga; meninggal: mati; ditinggali: 1 ditinggali; 2 diênggoni, didunungi; ditinggalkan: 1 ditinggal, dikarèkake, diturahake; 2 ditinggalake marang; 3 disingkur, dibuwang tmr. kamanuhan ala lsp.; 4 ora ditutugake, ditegakake; sepeninggal: salungane, sapatine; ketinggalan: kari.
tinggi
dhuwur; di(per) tinggikan: didhuwurake, diluhurake; meninggi: munggah, mêndhuwur.
tingging
ar. iwak.
tinggung
meninggung: ndhodhok.
tinjau
ditinjau: diungak (didêlêng) saka kadohan; peninjau: têlik, pacalang; peninjauan: pangukan.
tinjau-karang
pangukan ing prau.
tinju
ditinju: dijotos, diantêm.
tingkah
(-laku): pratingkah, patrap, solah tingkah; ditingkah: 1 disênggaki, digerongi; 2 disêlani tmr. wong rêmbugan.
tingkal
patri.
tingkap
bolongan kanggo ngungak (ngincêng lsp.), cêndhela; meningkap: ngincêng (nginjên, ngungak) saka ing cêndhela.
tingkas
nasi tingkas: sêga putih diubêngi sêga mawa warna.
tingkat
lotèng, payon ing prau, undhak-undhakan; ent. tataran, pêpangkatan.
tingkis
ar. iwak sagara.
tingting
ênting-ênting.
tinta
mangsi.
tintiang
ditinting: 1 ditintingi (bêras lsp.); 2 dithinthing.
tipis
tipis, ent. sathithik.
tipu
apus; tipu-daya: apus, krênah; ditipu: diapusi.
tir
bètèng (ing dolanan sêkak).
tirai
gêbêr, klambu, gubah.
tiram
tirêm.
tiras
lawe udhar-udharan ing tênunan, jarit lsp.
tiri
kuwalon; ditirikan: dikuwalokake.
tiris
trocoh, borot, rêmbês mili; ditiriskan: diilèkake ut. diwêtokake tmr. gêtih.
tiru
ditiru: ditiru.
tirus
mêrit, mbluncing tmr. sikil.
tis
se(dingin) tis: adhêm bangêt; panastis: panastis.
titah
dhawuh, pangandika; dititahkan: didhawuhi, diutus, ingandikakake; bertitah: ngandika.
titar
menitar-nitar: mobat-mabit, obah rêrikatan; dititar-titar(kan): diobat-abitake (pêdhang lsp.).
titi
meniti: nguwot, ngambah papan kang ciyut; titian: wot.
titik
I 1 titik, cêcêk; 2 tetesan, prêntuling banyu lsp.; menitik: tumètès, mrêntul. II dititik: dithithik, dithuthuk.
titip
dititipkan: dititipake.
titir
titir; dititir: dititir (ditabuh nggêjêg); titiran: kitiran kanggo nggusah manuk.
titis
tètèsan, prêntul; menitis: tumètès, mrêntul, nitis; titisan: tetesan, titisan; 2 turun.
tiuman
ar. wit, kc. embalau.
tiung
manuk menco.
tiup
bertiup, meniup: sumilir, midid, mlaku tmr. angin; ditiup: disêbul, didamu, diangini.
tiwas
tiwas; kc. tewas.
tobak
ditobak: dikêthoki papak tmr. kuku.
tobat
tobat, kapok, kêduwung.
todak
ar. iwak sagara cangkême lancip.
tofan
prahara.
togan
ditogan: dituju nganggo gacuk; turun menogan: mudhun sadurunge têkan tmr. nunggang prau.
togel
buntung (buntute).
togok
1 gêmbung tanpa tangan; 2 dêlêging wit kang wis dipaprali pange; bertogok: mlanggrok, mbêgêgêg.
tohok
I bngs. tumbak nganggo tali (ditlorongake); ditohok: 1 ditlorong ing tumbak; 2 dijojoh ing tumbak lsp.

--- 191 ---

II (ikan-): bngs. wadêr; 2 (bintang-) lintang gubug pèncèng.
tohor
cêthèk.
tojang
menojang: linggih ungkang-ungkang sikile mancik.
tokak
1 ar. lêlara sikil; 2 ar. iwak sagara.
tokak-tokek
babak bundhas.
toke
juragan (daoke).
tokek
I 1 babak ing êndhas; 2 cowèl ut. rusak ing dhuwur. II têkèk.
toko
toko.
tokoh
wangun, dhapur, wujud.
tokok
I imbuh, lanjar; ditokok: diimbuhi, dilanjari. II ditokok: didhodhog.
tokong
I 1 pulo karang tanpa wit-witan; 2 tukung tmr. pitik; tokong pulau: kapuloan cilik-cilik; ditokong: dijêbol rambute. II klênthèng.
tolak
ditolak(kan): 1 disurung, disodhokake; 2 ditulak, ditampik, diêmohi; 3 disuda (ing petungan); bertolak: mangkat.
tolak-bala
têtulak, tumbal.
tolak-bara
tulak bara (momotan kanggo ngêbot-êboti).
tolak-senjata
1 bulubêkti; 2 wong kang murungake pêrang.
tolan
kanca.
toleh
menoleh: nolèh.
tolok
I tandhing, timbang; ditolok; ditandhing. II ar. wit.
tolol, tolor
gêblêg, gêndhêng.
tolong
tulung, pitulung; ditolong: ditulung(i); pertolongan: pitulungan.
tom
swara mak dhêng.
toman
ar. iwak sagara.
tombak
I tumbak; tombak kering: wong cêthil. II ar. ukuran dawa (2 dhêpa).
tombol
1 pênthol, pêncu, bêndhul; 2 prongkolan ing kulit lsp.
tombong
têdhun, mlorod wadhahe bayi; tombong nyiur: wiji krambil.
tomong
bngs. mriyêm cêndhak.
tompek
ar. panganan kang digawe sagu.
tonjol
pênyonyo, prongkol; menonjol: mênyonyo, mrongkol.
tonton
ditonton: ditonton; tontonan: tontonan.
tong
I tong, II swara dhong, thong.
tonggak
I ditonggak: disuntak lan dikêtog-kêtogake. II 1 congating oyod kang nlosor; 2 rêbatang lsp. kang katon mêncungul; 3 pathokan, pal, cagak omah panggung.
tonggok, tonggong
tumpukan (pêthi, dhuwit lsp.).
tongkah
I pancalan yaiku blabag kang dianggo ngambah ing êmbêl ut. rawa; menongkah: ngambah ing rawa lsp. nganggo pancalan. II ditongkah: disambungi (didawakake) tmr. klambi lsp.
tongkang
ar. prau nganggo tiyang loro; emas tongkang: êmas campur têmbaga.
tongkat
têkên, cuwak sanggan; ditongkati: dicuwaki.
tongkeng
1 balung ing silit kodhok; 2 kêtongkèng.
tongkol
prongkal, prongkol, kêthokan; bertongkol hati: mêndhokol, judhêg.
tongkong
cowalan (kêthokan, tugêlan) kayu.
tongong
pêngung, gêblêg.
tongtong
kênthongan.
tonyoh
ditonyoh: dijawil nganggo garisan lsp.
top
I swara tlêpok, pok, thok. II ar. prau.
topan
prahara gêdhe.
topang
canggah, cagak cawangan kanggo cuwak; bertopang dagu: sangga wang; ditopang: disangga, dicuwaki.
topekong
têpekong.
topeng
topèng.
topes
ndêdêr, njulêg.
topi
topi.
topong
bèsèk tanpa tutup.
torak
tropong (prabot panênunan).
toreh
tores: ditoreh, ditores; 1 digêthaki dirajangi, dikurêki (tmr. kayu lsp.); 2 diiris pinggirane tmr. dluwang, amplop lsp.; 3 digaris (digarit) nandhês.
torek
kopok, tèlèr.
totok
totok.
tua
tuwa; tua bangka: tuwa bangêt; tua renta: tuwa pikun, jêmpo; tua-tua: 1 pinituwa; 2 têtuwa; ketua: kang dianggêp tuwa, pangarsa (presiden); diketuai:

--- 192 ---

dipangarsani.
tuah
bêgja, kabêgjan; bertuah: 1 sugih bêgja, (ora apêsan, luput ing kasangsaran lsp.); 2 mênangan, patohan; 3 njalari (marakake) bêgja.
tuai
dituai: diênèni; penuaian: panenan.
tuak
tuwak.
tuakang
wong umuk.
tual
kêthokan kayu; ditoal: dikêthoki cêndhak-cêndhak tmr. kayu.
tuala
sêrbèt, andhuk, taplak.
tuam
seka; dituam: diseka.
tuan
1 tuwan, bêndara; 2 wong kang duwe, up. tuan rumah, tuan tanah; 3 panjênêngan; tuanku: sampeyan dalêm; tuan besar: 1 gupêrnur jendral; 2 sêsêbutane panggêdhening kabudidayan lsp. yang dipertuan: ingkang minulya (kanggo sêsêbutan raja); pertuanan: para bêndara.
tuang
dituang: 1 diêsok, diiling; 2 dicithak tmr. gêntha lsp.; tuangan: cithakan.
tuang-tuang
bumbung disêbul kanggo têngara.
tuar
incir; kc. lukah.
tuas
bngs. antru ut. gol; dituas: disongkèl nganggo antru, senggotan lsp.; tuasan: senggotan ing anco.
tuba
tuba, (bngs. jênu).
tuban-tuban
kêndhangan bungkus bayi; air tuban-tuban: banyu kawah.
tubi
bertubi(-tubi): mêmpêng, nyrêmpêng; ditubi: disrêmpêng.
tubin
patang dina angkas.
tubir
1 têpining kali, têpining sagara lsp. kang kacakan banyu; 2 lêgokan jêro (kêdhung) ing kali lsp.; menubir: 1 ngêdhung; 2 nglojok manjêro.
tubuh
badan, awak; bersetubuh: sanggama.
tuding
nlèsèr (njlampar) mangisor, up. mengasah tuding: (ngasah dijlamparake mangisor, sisihe siji dijongatake sathithik).
tuduh
dituduh: didakwa, ditrêka; tuduhan: pandakwa.
tudung
tudhung, kudhung, tutup (ing lawang, saji lsp.); ditudung(i): dikudhungi, ditutupi.
tugal
tanja, gêjig; menugal: nanja.
tugas
1 mblandrêng tanpa kêndhat (tmr. udan, angin lsp.); 2 mêmpêng tanpa ngaso tmr. nyambut gawe; 3 bubuhan (pagaweyan); ditugas: disrêmpêng ênggone nandangi.
tugu
tugu.
Tuhan
Pangeran (Gusti Allah).
tuhfatu'ajnas
(pawèwèh warna-warna) layang ut. barang-barang kiriman.
tui
I ar. wit lan ar. keyong. II tomprang.
tujah
ditujah: dijojoh (ing tumbak lsp.).
tuju
1 tuju, ênêr, 2 karêp, maksud; 3 tuju layaran; dituju: diênêr, dituju, diarah; setuju: cocog, mathuk, mupakat; disetujui: dimupakati, disayogyani; tujuan: ênêr, maksud, lesan; persetujuan: mupakatan, cocoging rêmbug.
tujuh
pitu; menujuh hari: mitung dina.
tukal
tukêl (etungan lawe = 40 rian).
tukang
tukang; menukang: nênukang; ditukangi: diêbasi; pertukangan: kriya.
tukar
ut. bertukar: ijolan, liron, salin; tukar bicara: rêmbugan, padon; tukar ganti: ijol, têtêmpuh, liru; ditukar: diijoli, dilironi, disalini.
tukas
I ditukas: didakwa, diarani ala. II bngs. pênjalin.
tuka-tuka
ar. iwak loh.
tukik
tataran; geretan; kc. tokek.
tukil
bumbung.
tukul
palu (gandhèn) cilik.
tukun
karang sing ora katon.
tukus
angin tukus: angin saka lor kang kawitan (bakda rêndhêng).
tul
sanggan wêlah ing bambing prau.
tulah
tulah, wêwêlak, walat; ditulahi: disotake, dipujèkake kêna wêwêlak; ketulahan: kuwalat, kêna ing wêwêlak.
tulang
1 balung; 2 balungan, êri (iwak, ula lsp.), ada-adaning godhong; tulang bubung: molo; tulang dayung: garan wêlah; tulang empat kerat: tangan lan sikil; tulang-tulang: ar. têtuwuhan; (tulang)-tulangan: bêbalungan, ragangan.
tular
menular: nular.
tulat
têlung dina êngkas.
tulen
tulèn.
tuli
budhêg.

--- 193 ---

tuli-tuli
ilat-ilatan wadhah kêris.
tulis
bertulis: mawa tulisan; ditulis: ditulis(i); tulisan: tulisan, karangan.
tulung
kc. tolong.
tulus
tulus, têmên-têmên têrusing ati.
tum
swara dhêng (dhêr, glêgêr).
tuma
tuma.
tuman
ar. iwak kali.
tumang
1 pathokan kanggo cancangan (sapi, motha lsp.); 2 barang kang sawise dianggo banjur dibuwang; ditumangkan: ditinggal, ditegakake.
tumbal
ditumbal: diulu, diêlêg.
tumbang
rungkad, sol.
tumbas
(habis-) êntèk blas; ditumbaskan: dijablasake, diêntèkake.
tumbuh
thukul, tuwuh; tumbuh-tumbuhan: têtuwuhan, thêthukulan; ketumbuhan: lara cacar.
tumbuk
I ditumbuk: 1 ditutu, dibêbak, didhêplok; 2 ditumbuk; 3 didhodhog, dibithi; 4 dibêjad sarana didhodhogi up. lawang; 5 diublak tmr. jladrèn lsp. II ar. iwak sagara.
tumis
tomis.
tumit
1 tungkak; 2 tungkakan (cêngil ing pêdhang lsp.).
tumu
ar. wit.
tumus
kongsêb; ditumuskan: diungsêb-ungsêbake.
tumpah
wutah; tumpah darah: tanah kalairan; tumpah ruah: wutah glogok.
tumpang
menumpang: 1 tumumpang, nunggang (prau lsp.); 2 nunut, nginêp, mondhok; ditumpangkan: 1 ditumpangake, ditunggangake; 2 dinunutake, dipondhokake, dititipake.
tumpas
tumpês; ditumpas: ditumpês.
tumpat
jêjêl, kêbak bangêt.
tumpu
ut. tumpuan: pancikan, pancadan, bancik sikil; tumpuan orang: papan kang kêrêp diambah wong akèh; menumpu, bertumpu: mancad, mancik, ngidak.
tumpuk
1 tumpukan; 2 pantha, golongan.
tumpul
kêthul, papak.
tun
sêsêbutane patih lan têmênggung.
tuna
ut. bertuna: tatu, kêtaton.
tunai
1 kêncèng; 2 (wang-) dhuwit têmênan (dudu kêrtas lsp.); ditunaikan, dibayar tunai: dikêncèng.
tunak
tlatèn, jênak, ajêg mêmpêng.
tunam
1 upêt (sumbu) sêpêt; 2 ucêng-ucêng mriyêm, mêrcon lsp.
tunang
bertunang: pacangan; ditunangkan: dipacangake; tunangan: pacangan.
tunas
thikilan, sêmèn, trubusan, sogol.
tunda
sampan tunda: prau gèrèdan; ditunda: 1 digèrèd (lmr. tmr. prau); 2 diwrata nganggo blabag digèrèd tmr. lêmah; 3 diundur wêktune, disumênèkake; tali penunda: tampar kanggo nggèrèd prau.
tunduk
1 ndhungkluk, tumungkul; 2 têluk.
tundung
ditundung: 1 ditampèl, ditangkis; 2 diadhangi ora kêna mlêbu; 3 ditundhung.
tunjal
ditunjal: ditudingi (dituduhi) sarana didumuk.
tunjang
1 sulur ing wit; 2 oyod saka ing pang utawa wit tumancêb ing lêmah prasasat nyuwaki wite; 3 cagak ut. cuwak payon; ditunjang: 1 dicongkogi, dicuwak; 2 ent. ditulungi, disumbang; tunjangan: sumbangan, panjurung.
tunjuk
ditunjuk: 1 ditudingi; 2 dituding, dipatah; 3 ut. ditunjukkan: dituduhake, dituduhi, ditêrangake; penunjuk: panuduh; pertunjuk, petunjuk: pituduh; dipertunjukkan: dipitontonake; pertunjukan: tontonan sêtèlingan.
tunjung
tunjung, trate.
tunu
ditunu(kan): diobong tmr. mayid lsp.
tuntun
dituntun: dituntun; tuntunan: tuntunan.
tuntung
I pucuk kang lancip up. pucuking dom. II bngs. bulus. III dituntung: 1 dioyog supaya amot akèh; 2 dikêtog-kêtogake supaya rêsik.
tuntut
dituntut: 1 diêlut (dioyak arêp dicêkêl); 2 diarah, dijangka, dipêrsudi, diudi tmr. kawruh lsp.; 3 ditagih, dijaluk kanthi pêksa; 4 digugatake, diprakarakake.
tung
swara thung, dhung.
tungau
gurêm, têngu.
tunggal
1 siji, sawiji; 2 (anak-) ontang-anting; 3 (ut. menunggal) ijèn, ngijèn,

--- 194 ---

ndhewe.
tunggang
I sungsang, kuwalik (malik); tunggang balik (-langgang, -menunggang) kuwolak-walik, nungsang-njêmpalik; menunggang: nungsang, njêmpalik; ditunggangkan: disungsang. II kuda tunggang: jaran tunggangan; menunggang: nunggang.
tunggik, tunggit
njênthit bokonge.
tungging
ut. menungging: njêngking.
tunggu
ditunggu: 1 diêntèni; 2 (ut. ditunggui) ditunggu, dijaga.
tunggul
1 tunggak, cagak, uwat-uwat; 2 gêndera, rontèk.
tungkap
papan ing mênara prau kanggo ndêlêng kang adoh-adoh.
tungkap
kêmancing ilate; kancingan (ora bisa gunêman).
tungku
dhingkêl (lmr. watu têlu).
tupai
bajing.
tupai-tupai
cakil ut. kayu palang ing wit-witan lsp. kanggo pancadan mènèk.
turap
1 lapis, lepa (ing tembok, prau lsp.); 2 tumpukan watu lsp. kanggo sanggan perengan (tanggul lsp.) supaya aja nganti longsor; diturap: dilapis, dilepa.
turas
dituras: disaring nganggo gombal.
turi
turi.
turun
1 mudhun, mangisor; 2 turun, têdhak; 3 mudhun tmr. rêrêgan lsp.; 4 sèlèh kêprabon; turun menurun: turun tumurun; dituruni: diudhuni; diturunkan: 1 diudhunake; 2 (-kepada) dipasrahake marang; 3 dilèrèhi, dilorod; 4 diturunake; turunan: turun(an); turunan lurus; pancêr; keturunan: 1 trah, turun; 2 kêsurupan lêlêmbut.
turus
1 turus; 2 cagak ut. pathokan kanggo uwat-uwat, lanjaran lsp.; menurus: kumêlun munggah; dituruskan: 1 dicancang ing cagak lsp.; 2 ditrapi uwat-uwat.
turut
mèlu; menurut: manut, miturut, nurut; dituruti: diturut; turutan: tuladha kang diturut; angin turutan: angin kang ênêre padha karo lakuning prau; rumah turutan: omah tambêlan (èmbèl-èmbèl).
tus
I swara jêdhot, dhor, dhèr. II tètès, atus; ditus(kan) diêtus.
tusuk
ditusuk: 1 dicoblos, disuduk; 2 ent. diadoni-adoni.
tutuh
ditutuh: ditutuhi, dipancasi.
tutuk
ditutuk: dithuthuk, didhêdhêg.
tutup
tutup, inêb; ditutup: 1 ditutup, diinêb; 2 ditutupi, dialing-alingi; 3 disidhêm; 4 dipungkasi (tmr. sêsorah lsp.); 5 dikunjara, diblui; tutupan: 1 tutup; 2 kunjara.
tutur
(-kata, -bahasa) gunêm, pangucap; dituturkan: digunêm, dicritakake, diucapake; petuturan: pocapan pagunêman, paclathon.

U

ua
tuwa; pa' ua: uwa; kc. tua.
uak
menguak: mbêngah.
uan
ut. wan: tuwan; kc. tuan.
uang
ut. wang: dhuwit; uang buta: bayar tanpa nganggo nyambut gawe (wagêl); wang sirih: opahan, dhuwit kanggo cêkêlan.
uap
I (ut. wap) uwab, kukus; beruap: nguwap; diuap: dikukusi. II menguap: angop.
uar
diuar-uar: diwarak-warakake, diundhangake, dikabarake.
uba
blandhongan kanggo ngênêbake pathi sagu.
ubah
ta' ubahnya: ora siwah karo, padha; berubah: owah, malih; mengubah: malih; diubah(kan): 1 diowahi; 2 ora dituhoni tmr. kasaguhan lsp.
uban
uwan; menguban: 1 mêtu uwane; 2 dadi klawu tmr. lêmah kang disêbari wiji sawise wijine tuwuh; 3 mbubuti uwan.
ubang
diubang: dibacoki (dikowèki) tmr. wit kang arêp ditêgor.
ubar
I wit noja. II diubar: dijèrèng, digêlar tmr. gulungan layar lsp.
ubi
pala kêpêndhêm (uwi, talês, kimpul

--- 195 ---

lsp); ubi kayu: kêtela pohung.
ubik
diubik: dicuwik, dioncèki nganggo kuku.
ubin
(batu-) jubin.
ububan
ububan.
ubun-ubun
êmbun-êmbunan.
ubur-ubur
uwur-uwur (ar. kewan sagara wujude kaya jamur kumambang); payung ubur-ubur: payung pinggirane nganggo rompyo-rompyo.
ucap
mengucap: ngucap, gunêman; diucapkan: ditêmbungake, diucapake; ucapan: gunêm, têtêmbungan, sêsorah.
ucus
usus.
uda
pa uda: pak cilik; kc. muda.
udah
wis; kc. sudah.
udam
surêm, kucêm.
udang
urang.
udap-udapan
saèm. gadho-gadho (pêcêl, rujak lsp).
udara
hawa, awang-awang.
udik
1 peranganing kali kang dhuwur; 2 desa kb. kutha.
udip
ar. iwak sêgara.
udu
wulu ngarêpake sêmbahyang; kc. wudu.
uduk
nasi uduk: sêga wuduk.
udut
mengudut: udud, nyêrèt; udutan: bêdudan.
ue
ut. we: bngs. wajan lêmah wêton Tiongkok.
ufti
bulu bêkti, pisungsung; kc. upêti.
ugahari
sêdhêngan, samadya.
ugama
agama.
ugut
diugut: diwêdèni srana diagag-agagi lsp.
uh
wadhuh, wah.
uih
ut. wih: kanggo ngundang marang mitra lsp.
uik
menguik: nywara wèk-wèk (bèbèk).
uir-uir
garèngpung.
uit
diuit: diogak-ogak; diuitkan: dioyag-oyag, dikipat-kipatake.
ujah
mengujah: ngujêg.
ujana
kc. yojana.
ujar
ujar, clathu.
uji
batu uji: watu pangleleran; diuji: 1 dilèlèr; 2 ditètèr, diiksamên; ujian: iksamènan.
ujul
ar. têtuwuhan rambat.
ujung
1 pucuk; 2 (-tanah) pongol, tanjung.
ujur
ut. 'uzur: alangan, têngadur.
ujrat
opahan, bayar, sewan.
'ukab
manuk garudha.
ukas
kima.
ukik
ar. dolanan.
ukir
diukir: diukir; ukiran: ukir-ukiran.
ukup
kutug, ratus kang dianggo ngukup; mengukup: kumutug; berukup: 1 kêkutug; 2 ukupan; diukupi: dikutugi, diukup; ukupan: padupan.
ukur
diukur: diukur; ukuran: ukuran.
ula-ula
ulan-ulan, klèncèr dawa.
ulai
bngs. kece.
ulam
lalab(an); ulam-ulam: 1 lalaban; 2 sêlir ora dinikah.
'ulama
ngulama, ahli agama.
ulan tempala
cêplok êmas kanggo rêrênggan rambut.
ulang
berulang-ulang: bola-bali, ambal-ambalan; mengulang: mbalèni; diulangi: dibalèni, diambali manèh.
ulang-aling
bola-bali.
ulap-ulap
jênang talês.
ular
ula.
ulas
1 ulês (buntêl, blongsong); 2 ajaran (ing jêruk), nyamplungan ing nangka lsp; diulas: diulêsi, dibrongsong.
ulat
ulêr; ulat-ulat: kewan gêgrêmêtan.
ulayat
kc. wilayat.
uli
I diuli: diulèni, diulêt. II uli-uli: korok mriyêm.
ulir(-ulir)
uliran ing sêkrup lsp.
ulun
batur, kula.
ulung
patohan.
ulup
bolongan ing prau kanggo ngulur jangkar.
ulur
I diulur: diulur(i); diulurkan: diacungake (diajokake) tmr. tangan, sikil lsp. II saèm. batur tukon kagunganing ratu.
uman
diuman: diuman-uman, dirèmèhake.
umang-umang
bngs. yuyu sagara manggon ing cangkok kang kothong.
umat
umat, wong-wong kang dadi warganing agama Islam lsp.
umbai
rompyo-rompyo; kc. rumbai.
umban
(tali-) bandhil; diumban: 1 dibandhil, dibandhilake, disawatake; 2 dibalak tmr. saksi.

--- 196 ---

umbang
wagu, njênggênêg; mengumbang: gumêdhe.
umbara
kc. kembara.
umbi
perangan kang tumancêb kyt. oyoding untu, pacêking saka, peranganing wit kang kêpêndhêm; akar umbi: oyod lajêr.
umbuk
diumbuk: diglêmbuk, dirimuk, diapusi.
umbut
pondhoh; diumbut: 1 dijupuki pondhohe; 2 dicuthiki, didudud, dicabut, disêndhal.
umm
biyung.
ummu'lboldan
kutha krajan.
'umum
umum; diumumkan: digiyarake.
'umur
umur.
umpak-umpak
bngs. klarap.
umpama
1 umpama; 2 (ut. seumpama) kayadene; diumpamakan: diupamakake kaya; perumpamaan: pêpindhan, paribasan.
umpan
pakan ing pancing, kewan lsp. kang dianggo masangi; diumpan: dipasangi nganggo pakan, kewan lsp.
umpat
pangala-ala; diumpat: diala-ala, digrundêli.
umpil
diumpil: diungkil, disongkèl, digol; pengumpil: ungkil, songkèl, gol, antru.
unai
jêmèk kêlèt (kaya candu).
unak
bngs. pênjalin mawa êri.
unam
unêm (bngs. kece).
uncang
I bngs. kasang ut. kandhi. II bngs. taji kang digawe pring.
uncang-uncit
srabutan, cak-cêk.
uncat
diuncat-uncat: disêndhal munggah mudhun tmr. pancing lsp.
uncit
menguncit: 1 thar-thir saka sathithik (ora mbabar pisani); 2 nicil, ngêncrit-êncrit tmr. mbayar lsp; 3 ora tuwajuh ora ajêg tmr. nandangi pagaweyan.
uncai
pipa honcoe.
unda
ibu; kc. bunda.
undak
mengundak: ongkrag-angkrêg (ora bisa maju-maju tmr. lakuning prau).
undan
I manuk trêmbayak. II berundan: rêndhêt, rêmbên, suwe ênggone mêmangan lsp.
undang
I undang-undang: undhang-undhang, anggêr-anggêr; diundangkan: diundhangake, diwara-warakake. II undang-undang: ruji, pancak suji. III diundang: diulêmi, disuruhi; undangan: ulêm-ulêm.
undi
undhi; membuang undi: ngundhi, nglotre; diundi: 1 diundhi, dilotre; 2 disêtèm tmr. pilihan lsp.
unduk-andal
cekat-cèkêt.
unduk-unduk
ar. kewan sagara.
undur
mundur; undur buntut: mlaku mundur; diundurkan: diundurake.
unjam
diunjam: ditancêbake nunjêm; pengunjam tenggala: kêjèn.
unjang
diunjang: ditancêbake sêru.
unjuk
diunjuk(kan), 1 diulungake, ditampakake marang; 2 diaturake, diwènèhake.
unjun
diunjun: disêndhal, dibêthot,digodog.
unjung
diunjung(i): ditiliki, ditêkani; kc. kunjung.
unjur
mengunjur: slonjor.
ungah-angih
oglak-aglik, oklak-aklik.
ungap
mengungap: unjal ambêkan.
ungar
ar. iwak sagara.
unggal
I anak unggal: ontang-anting; kc. tunggal. II mengunggal: cungal-cungul ana ing banyu.
unggang-unggit
jêngat-jêngit, jênthat-jênthit.
unggas
kewan iwèn (bngs. manuk-manuk).
unggat
mengunggat: jumbal-jumbul, ndhungklak-ndhungkluk.
unggis
diunggis: dikrikiti, dibrakoti.
unggit
mengunggit: njênthit, njêngit.
unggun
totor, kayu dianggo gêgêni; berunggun: 1 gêgêni; 2 murub kaya mawa.
unggut
diunggut: disêndhal, dicènèng sêru; berunggut-unggutan: sêndhal-sêndhalan, tarik-tarikan nganggo tampar lsp.
ungka
wawa.
ungkai
diungkai: diuculi (diudhari) tmr. bundhêlan lsp.
ungkak
bolongan kanggo nguluri jangkar.
ungkang-ungkit
jongkat-jongkit, oyag-oyig.
ungkap
mengungkap: gunêman mung ngêngakake cangkêm tanpa nywara.

--- 197 ---

ungkil
diungkil: diungkil, disongkèl, diegol, diantru.
ungkit
diungkit: diungkil, dijongkèng; mengungkit-ungkit: oglag-aglig kaya kursi goyang.
ungkur
êndhêg-êndhêg kêkèrèn; kc. pungkur.
ungu
wungu.
unsur
bêbakal, jasad asal.
unta
unta; burung unta: manuk unta.
untai
untingan, tukêlan lawe; menguntai: kumlawèr, gandhul-gandhul; beruntaian: pating klawèr.
untal
glintir(an); menguntal: ngglintiri.
untang-anting
montang-manting (obah ngiwa nêngên).
until
menguntil: kanthil-kanthil, konthal-kanthil.
unting
unting-unting: sipat gantung, watêrpas; diunting: disipat.
untuk
1 panduman, bageyan, bubuhan; 2 tumrap marang; diuntukkan: 1 dibagèhi, dipandumi; 2 ditumrapake marang.
untung
1 bêgja, kabêgjan; 2 bathi; 3 (-nasib) papêsthèn; untung malang: bêgja cilaka; beruntung: bêgja, olèh bathi; diuntungkan: 1 dipêsthi ing Allah; 2 diolèhake bathi, diwènèhi bathi.
untut
lara abuh (ing sikil).
uok
le, ndhuk.
upaduta
utusan, kongkonan.
upah
opah, buruhan; diopahi: diopahi; upahan: 1 buruh, glidhigan; 2 opahan.
upaya
(daya upaya) rekadaya, srana; diupayakan: direkadaya, disêtiyari, disranani.
upam
sangling; diupam: disangling (digilapake).
upama
upama; kc. umpama.
upar
diupar: diglindhingi.
upas
upas (wisa).
upacara
1 upacara; 2 tandha pakurmatan, pakurmatan; 3 kêpyakan dhinês.
upau
pao-pao (wadhah dhuwit).
upeti
I bulu bêkti, pajêg pisungsung. II (ut. mupeti) juru rêmbug babagan agama; kc. mufti.
upih
upih.
upu
sêsêbutan Bugis.
ura
berura-ura: mêmikir (nglimbang-nglimbang); mengura-ura: nglimbang, nggagas.
urai
udhar; diuraikan: 1 diudhari; 2 diandharake, dijlèntrèhake; uraian: andharan.
urap
diurap(i): diurap, diusar-usari, diblonyo.
urat
1 urat, bayu, otot; 2 sêrat ing kayu; urat putih: tali rasa (saraf); urat kasar: otot.
urdi
ordi, dhawuh, prentah.
uri
menguri: mubêng ngganjrêt.
uring
brengos ing gumun, jawès.
uring-uring
grênêngan, grundêlan, muring.
urna
warna.
urung
I berurung: rubung; diurung: digrubyug, dirubung; diurungi: dirubung. II wurung; diurungkan: diwurungake.
urup
mengurup: ijolan dhuwit; pengurup: preyalan.
urus
I corèk, garitan kanggo cêngkorongan; diurus: dicêngkorongi sarana digaris (digarit). II diurus: diurus; pengurus: pangurus, pangrèh.
urut
diurut: diurut (dipijêti).
usah
ta'usah: ora susah, ora pêrlu; usahkan: aja sing, aja manèh.
usaha
pangudi, pamarsudi; dengan usaha: kalawan mêmpêng; berusaha: ngudi, marsudi, nyrêmpêng; diusahakan: 1 diudi, dipêrdi; 3 digêgulang, disrêmpêng, digarap tmr. lêmah lsp; perusahaan: pakaryan.
usai
ut. mengusai: udhar, rucat, padha lolos; diusai(kan): 1 diudhari; dirucati, dilolosi tmr. lawe lsp; 2 diwiwiri tmr. rambut.
usai
suwung wis ora ana wonge (tmr. tontonan).
usak
suda, kalong; diusaki: diêlong, disuda.
usang
ut. mengusang: garing kumrapak, ngrapak garing kêsêt tmr. rambut.
usap
diusap: 1 diêlus-êlus; 2 diusap-usap ing banyu sarta dijapani tmr. jago, wong kêrêngan lsp.
usat
ar. iwak sagara.
usia
umur.

--- 198 ---

usik
diusik: diganggu gawe, disruwe, diarubiru, dibêbeda.
usir
diusir: 1 dioyak, diburu; 2 ditundhung, digusah; usir-mengusir: gênti ngoyak.
usul
I asal. II usul; diusulkan: diusulake.
usung
diusung: diusung; usungan: joli, tandhu, bandhosa.
usus
usus.
usut
diusut: dititipriksa.
utama
utama, kang nomêr siji, kang bêcik dhewe; diutamakan: diprêlokake, dianggêp wigati; terutama: kang baku, luwih-luwih.
utang
utang; utang budi: kêpotangan kabêcikan; utang kepala: utang pati; utang piutang: utang kapiutang; diutangi: diutangi; orang utangan: wong kang dadi gadhèn (kanggo cêkêlan utang).
utar-utar
bngs. tamèng bundêr.
utara
lor; diutarakan: 1 diwêntarake, digiyarake; 2 diurutake, diwahyakake.
utas
I pintêr gêgaweyan; orang utas: 1 kriya; 2 blandhong. II 1 tali; 2 wilanganing barang kang kaya tali.
utih
kc. putih.
utuh
wutuh.
utus
diutus: diutus, dikongkon; utusan: kongkonan, wêwakil pakumpulan lsp.
uzur
alangan, têngadur.

W

wa
lan, karo.
waad
janji, prajanjiyan.
waba
pagêblug (lêlara nular).
wa ba'dah, wa ba'dahu, wa ba'du
lan sawise iku (kanggo ing layang).
wa bihi nasta'nu bil'lahi 'alihi
lan karana iki aku pada nênuwun pitulunganing Allah mungguhing bab iki (kanggo bêbukane layang kuna).
wa'dat
prajanjiyan.
wadlih
cêtha, têtela.
wadun
wong wadon.
wafa
tuhu, nêtêpi janji.
wafak
trêp wêktune ut. petungane.
wafat
seda, surud.
wah
wah.
wahadad
panunggal (sawiji).
wahai
dhuh, adhuh, e.
waham
panyana, gojag-gajêg, sujana.
wahi
impèn, ilham, wahyu.
wahid
siji, sawiji.
wahyu
wahyu, wêdharaning Pangeran.
wai
we lah, dhuh.
waja
waja.
wajah
rai.
wajib
wajib; yang berwajib: ingkang wajib; diwajibkan: diwajibake, dikudokake.
wajik
wajik.
wa', wak
wa; kc. uak.
wakaf, wakap
wakap (kang dianggo dana driyah).
wakil
wakil, sêsulih.
waktu
waktu, wayah, nalika.
walakin
ananging.
walang-ati
walangati (sumêlang, samar).
walau(pun)
sanajan.
waljama'ah
lan gêgolongane wong akèh.
wali
I 1 wali (wakiling bapa); 2 (-Allah) mitraning Allah (wali, uliya); (-negeri) panggêdhening praja ut. nagara, gupêrnur jendral; diwalikan: didadèkake wali (wakil); 2 diêmbani tmr. nagara, didadèkake pangarêping nagara. II (pisau-): wali (lading cilik kanggo ngukir). III saèm. kacu kuning kanggo samir ing pundhak.
wa'llahi
dêmi Allah (kanggo sumpah).
wa'llahu a'lam
Gusti Allah kang wuninga (uga atêgês êmbuh).
wa'llahu a'lam bissawab
Gusti Allah kang ngawuningani sabênêre.
wan
sêsêbutan ngajèni; kc. tuan.
wang
dhuwit; wang ayapan: dhuwit cadhong; wang buta: dhuwit (pamêtu) murgan; wang jasa: dhuwit ganjaraning lêlabuhan, pènsiyun.
wangi
wangi.
wangkang
bngs. jong cilik.

--- 199 ---

wap
uwap.
wapat
seda, surud.
wara'
cêcêgah, sêsirik.
wara-wiri
wira-wiri.
warga
kulawarga, sanak.
warid
I urat dalan gêtih; II naluri; membaca warid: maca miturut naluri.
waris
waris; diwarisi: diwaris; diwariskan: diwarisi, diwarisake; warisan: warisan.
warkah, warkat
layang.
warna
warna.
warung
warong, warung.
warta
kabar, warta.
wartawan
juru kabar, jurnalis.
wasangka
uwas, sumêlang, sanggarunggi.
wasiat
wasiyat (piwêlinge wong kang ajal).
wasir
lara ambe; kc. bawasir.
waswas
1 godhaning pikiran (kêtuwuhan niyat ala lsp); 2 sumêlang, sanggarunggi.
wat
pahuman Buda.
watan
tanah kalairan.
watas
watês.
wati
awang-uwung (langit, jagat).
wau
layangan.
wayang
wayang; diwayangkan: diwayangake (dianggo lakon); wayang gambar: gambar sorot; wayang orang: wayang wong; wayang kulit: wayang lulang.
wazir
patih.
wih
e! (kanggo ngundang).
wikalat
wêwênang (hak, panguwasa) makili.
wiladah
(mandi-) wiladah (adus mitoni).
wilayat
paprentahaning nagara wêwêngkon ut. tlatah; kc. ulayat.
wilis
ijo gilap (irêng sêmu ijo).
wizurai
wêwakiling ratu, raja muda (mèmpêr Gupêrnur Jendral).
wudu
wulu (rêrêsik arêp sêmbayang).
wujud
wujud; diwujudkan: diwujudi, dianani têmênan.

Y

yakin
yakin, ngrêti lan ngandêl têmênan; diyakinkan: diyakinake, ditêmênani.
yakut
yakut.
yamyam
juru madharan.
yamtuan
wc. yang dipertuan (sêbutan marang para luhur).
ya'ni
ya iku.
yang
I 1 sing, kang; 2 kanggo panggandhèng atêgês yèn, dene. II hyang, dewa.
yangyang
para dewa.
yaumu'ddin
dina pangadilan (kiyamat).
yas
rêrênggan; kc. hias.
yat, yad
barang darbe.
yatim
yatim, lola.
yazan
tulisan.
yiyid
yayid.
yogia
patut, pantês, layak; seyogianya: sapantêse, wis prayoga, wis layak.
yojana
ut. yujana, ujana: sapandêlêng.
yu
iwak cucut; kc. hiu.
yuran, hiuran
panjurung, kontribisi.
yuta
yuta; kc. juta.

Z

zabad
dhêdhês; kc. jebad.
zabah
nyêmbêlèh; kc. debah.
zabaniah
malaekat kang ngrêksa naraka.
zabarjad
bngs. intên.
zabib
kismis, woh garingan.
zabur
kitab Jabur.
zadah
anak, lmr. kanggo jamboran up. halal zadah (anak kang absah), haram zadah (anak kang ora absah).
zafin
jogèd Arab.
zahar
kêmbang, endah.
zahid
wong tapa.
zain
rêrênggan, pêpasrèn.
zaitun
jaetun.
zakar
dakar (palanangan).
zakat
jakat, dana.
zakiah
rêsik lan tulusing ati.
zaman
jaman.

--- 200 ---

zamin
tanah.
zamrud
jumêrud.
zamzam
banyu janjam.
zariah, zariat
pandhêdhêran, pamulangan ngulama (guru).
zarrah
perangan kang cilik dhewe (mêndhang).
zat
1 dat; 2 jasading barang-barang.
ziarah
1 jiyarah mênyang kramatan lsp.; 2 kramatan.
zikir
dhikir; kc. dikir.
zina, zinah
laku jina.
zirah
(baju-) klambi kere.
zirafah
jarapah.
zohal
ar. planit (Saturnus).
zohar, zohrah
lintang johar (panjêr esuk, Vènus).
Zu'lhijjah
sasi Bêsar.
Zu'lka'edah
sasi Dulkangidah.
zurriat
turun, trah.

__________

 


nganggo. (kembali)
wêktune. (kembali)