Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8)

Judul
Sambungan
1. Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 1). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
3. Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 2). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
4. Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 3). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
5. Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 4). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
6. Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 5). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
7. Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 6). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
8. Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 7). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
9. Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
10. Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 9). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8): Citra 1 dari 9

Pratelan Cacah Namanipun Wuku Tigang Dasa, Kados ing Ngandhap punika

1. Sinta | 2. Landêp | 3. Wukir | 4. Kurantil | 5. Tolu | 6. Gumbrêg | 7. Warigalit | 8. Warigagung | 9. Julungwangi | 10. Sungsang | 11. Galungan | 12. Kuningan | 13. Langkir | 14. Măndhasiya | 15. Julungpujut | 16. Pahang | 17. Kuruwêlut | 18. Marakèh | 19. Tambir | 20. Madhangkungan | 21. Maktal | 22. Wuye | 23. Mênail | 24. Prangbakat | 25. Bala | 26. Wugu | 27. Wayang | 28. Kulawu | 29. Dhukut | 30. Watugunung

--- [0] ---

Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8): Citra 2 dari 9

[...]

--- I ---

Wuku Sinta dewa bumi Bathara Yamadipati, kayu kandhayakan, watêke dadi pangaubane wong lara lan wong kang kangelan, manuke gagak, watake wêruh ing wangsit, gêdhonge ana ngarsa, watêke ngatonake dunyane, amandhi umbul-umbul, watêke ana kamulyane wong wuku Sinta iku, pradikane wuku Sinta lintang karainan, watêke tan asarèh, budine kêbat, budi tanpa dadia, bilaine satêngah tuwuh, tur tandrêman, sidhêkahe sêkul punêl dang-dangan bêras sapitrah, ulame pindhang maesa tukon salikur kèthèng aja nganyang, dongane tulak bilai, Bathara Yama sukune wuri kakobok toya, watêke parentahe panas ngarsa asrêp wuri, yèn lara tambane godhong luntas.

Akad Paing, Dèwi Sri wontên ngandhap, tungle, dangu, wasesa sagara, rahayu.
Sênèn Pon, Endra, aryang, sampar wangke.
Salasa Wage, Dewa Guru, wurukung.
Rêbo Kaliwon, Dewa Yama, paningron, dangu.
Kêmis Lêgi, Dewa Lodra, nuju uwas jagur.
Jumungah Paing, Dewa Brama, mawulu gigis.
Sêtu Pon, Dewa Kala, tungle kerangan turuning sapi gumarang.
Kala wontên wetan majêng ngilèn, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Landêp dewa bumi Bathara Mahadewa, kayune kandhayakan, watêke dadi pangaubane wong lara, manuke atat kêmbang, dadi ingon-ingoning wong agung, karêp ngawula wong kang wuku landêp, gêdhonge ana ngarsa. Watêke ngatingalakên dunyane, sukune wuri kêkobok warih, parentahe adhêm wuri panas ngarsa, wong kang wuku landêp iku, pradikane wuku landêp, surating raditya, amadhangi atine wong sapêpadhane, bilaine karubuhan kayu, têtulake tumpêng dang-dangan bêras sapitrah, ulame mênjangan, dèn olah kalak lan gêcok bakar, dongane kabula, slawate patang kèthèng. Yèn lara tambane kêmbang sumba.

Akad Wage, Dewa Uma, aryang nohan.
Sênèn Kaliwon, Dewa Sri, wurukung wogan.
Slasa Lêgi Dewa Endra, paningron nuju tulus.
Rêbo Paing, Dewa Guru, nuju uwas wurung, taliwangke.
Kêmis Pon, Dewa Yama, mawulu nuju dadi.
Jumungah Wage, Dewa Lodra, tungle dangu, nuju turuning cèlèng têmbalung.
Saptu Kaliwon, Dewa Brama, aryang jagur sêngkaning kuthilapas.
Kala wontên kilèn lêrês, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Wukir dewa bumi Bathara Mahayêkti, kayune nagasari, watêke bagus warnane tur anduwèni prihatin, manuke manyar, tan kêna kaungkulan budine, beda lan [la...]

--- II ---

Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8): Citra 3 dari 9

[...n] manungsa kathah, banyu jêmbangan nèng ngarsa, watêke budine andhap asor, watêke gunung saênggon-ênggone kudu angrèh, gêdhonge ana ngarsa, watêke ngatingalakên dunyane, apêradhah wong kang wuku wukir, gunung asri katon tiningalan pinaranan ambêbayani, têgêse tan kêna sinêdya budine, bilaine kinaniaya, têtulake sidêkahana sêga wuduk dang-dangan bêras sapitrah, ulame ayam putih sawayahe, dèn olah lêmbaran, dongane rajukna, kuluban warna lima, salawate limang kèthèng. Yèn lara tambane kapas.

Akad Lêgi, Dewa Kala, wurukung nuju gigis, sêngkaning srigati.
Sênèn Paing, Dewa Uma, paningron kerangan.
Salasa Pon, Dèwi Sri, owas[1] nohan.
Rêbo Wage, Dewa Endra, mawulu wogan.
Kêmis Kaliwon, Dewa Guru, tungle nuju tulus.
Jumungah Lêgi, Dewa Yama, aryang wurung.
Setu Paing, Dewa Lodra, wurukung nuju dadi turuning asu ajag.
Kala wontên kidul wetan majêng ngalèr ngilèn, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Kurantil dewa bumi Bathara Langsur, kayu ingas, watêke panasbaranan ananging alon, manuke salindhitan, watêke tan bisa nganggur, gêdhonge malumah gumuling ngarsa, watêke lèrwèh nora bisa simpên lan boros, angiwakakên banyu, watêke budine ngiwa, mawi umbul-umbul, ana kamulyane wong kang wuku kurantil, wuku kurantil Anggara Kasih, nuju wogan, têgêse nora lana budine, bilaine mêmènèk, sidêkahe sêga dang-dangan bêras sapitrah, ulame ayam lurik sawayahe, dongane pina, sêlawate pitung kèthèng, yèn lara tambane terong.

Akat Pon, Dewa Brama, paningron dangu, turuning sapi gumarang.
Sênèn Wage, Dewa Kala, owas jagur.
Salasa Kliwon, Dewa Uma, owas nuju gigis.
Rêbo Lêgi, Dèwi Sri, kerangan.
Kêmis Paing, Dewa Endra, aryang nohan.
Jumungah Pon, Dewa Guru, wurukung wogan.
Sêtu Wage, Dewa Yama, paningron tulus, turuning cèlèng têmbalung.
Kala wontên ngandhap majêng manginggil, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Tolu dewa bumi Bathara Bayu, kayune walikukun, watêke kukuh, manuke baranjangan, watêke ora sarèh, umbul-umbule kawuri, bêgjane kapanggih wingking, gêdhonge ana ing ngarsa, watêke angatingalakên dunyane, wong kang wuku tolu. Candrane wuku tolu wangkawa kuwung, watêke gêdhe [gê...]

--- III ---

[...dhe] piangkuhe, tan kêna jinăngka atine, bilaine kêna sungu lan kêna siyung, sidêkahe sêkul wuduk dang-dangan bêras sapitrah, ulam ayam lêmbaran saulêse, slawate têlung kèthèng, dongane kabula. Yèn lara tambane kunir asêm.

Akat Kaliwon, Dewa Lodra, uwas wurukung sêngkaning kuthilapas.
Sênèn Lêgi, Dewa Brama, mawulu dadi, srigati tumurun pawon.

Salasa Paing, Dewa Kala, tungle dangu.
Rêbo Pon, Dewa Uma, aryang jagur.
Kêmis Wage, Dewa Sri, wurukung, gigis.
Jumungah Kliwon, Dewa Endra, paningron kerangan.
Sêtu Lêgi, Dewa Guru, owas nohan.
Kala wontên kilèn majêng ngetan, ngèncèng ngidul, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Gumbrêg dewa bumi Bathara Cakra, kayune waringin, manuke ayam alas, watêke kayu waringin dadi pangauban, ayam alas pinilala ing wong agung, gêdhonge ana kiwa, watêke lila lan ora karana ngati, akêkobok banyu sukune ngarsa, parentahe adhêm ngarêp panas ing wuri, candrane wuku gumbrêg, gêtêr patêr wong tinuku abane, bilaine kabêlabak, kalêbu banyu, sidêkahe sêkul abang dang-dangan bêras sapitrah, ulame ayam barumbun, dèn pindhang lan dèn kulub warna sanga, salawate patang kèthèng, dongane rajukna, yèn lara tambane soga.

Akad Paing, Dewa Yama, mawulu wogan, sêngkaning asu ajag.
Sênèn Pon, Dewa Lodra, tungle turuning sapi gumarang.
Salasa Wage, Dewa Brama, aryang wurung.
Rêbo Kaliwon, Dewa Kala, wurukung dadi.
Kêmis Lêgi, Dewa Uma, paningron dangu.
Jumungah Paing, Dèwi Sri, owas jagur.
Sêtu Pon, Dewa Endra, mawulu gigis.
Kala wontên kidul bênêr majêng ngalèr, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Warigalit dewa bumi Bathara Asmara, kayune sulastri manuke podhang, watêke kayu sulastri bêcik rupane lan dadi pêpêthetane wong agung, wohe dadi tămba, manuke podhang watêke butarêpan, angarêpakên candhi, watêke prihatinan, lambange janma mati, watêke kangelan kêrêp kêna ing lara, candrane kayu kêmladhehan, saênggon-ênggone bisa urip, agêdhe rijêkine, bilaine kaèmbèt, sidêkahe sêkul dang-dangan bêras sapitrah, ulame ranjapan dèn gêcok, sêlawate patang

--- IV ---

Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8): Citra 4 dari 9

kèthèng, dongane tulus bilai wêkasan slamêt, yèn lara tambane sarananana godhong kapas.

Akad Wage, Dewa Guru, tungle, kerangan, sêngkaning cèlèng têmbalung.
Sênèn Kaliwon, Dewa Yama, aryang, nohan, sêngkaning kuthilapas, sampar wangke.
Salasa Lêgi, Dewa Lodra, wurukung, wogan, sêngkaning srigati.
Rêbo Paing, Dewa Brama, paningron tulus.
Kêmis Pon, Dewa Kala, owas, taliwangke.
Jumungah Wage, Dewa Uma, mawulu, dadi.
Saptu Kaliwon, Dewi Sri, tungle, dangu.
Kala wontên nginggil majêng mangandhap, pitung dintên sampun mêmènèk.

Wuku Warigagung dewa bumi Bathara Maharêsi, watêke abot sanggane, gêdhong ngarsa wuri, lila ngarêp mburi etung amrih untung, kayune cêmara, rame wicarane nanging manis arum, ing satêmah barang parentahe kinawêdèn kinèdhêpan, manuke bèthèt, wantêr ing tyas wignya ngupaya pangan, umbul-umbul wuri, bêgjane katêmu mburi, lambange patining iwak lodan, sêmune yèn lagi apêsan akèh kang ngukup, candrane kêtug lindhu, watêke luwih guna tan katara, nanging linyok jroning ati, bilaine kabandan dening prasanakane, slamêtane sêga uduk dang-dangan bêras sapitrah, iwake bèbèk putih, ingolah gurih, kuluban warna lima, slawate limang kèthèng, dongane rasul, yèn lara tambane sarananana godhong sawi binakar, utawa kunir.

Akat Lêgi, Dewa Endra, aryang, jagur.
Sênèn Paing, Dewa Guru, wurukung, gigis, turuning asu ajag.
Salasa Pon, Dewa Yama, paningron, kerangan, sêngkaning sapi gumarang.
Rêbo Wage, Dewa Lodra, owas, nohan.
Kêmis Kaliwon, Dewa Brama, mawulu, wogan.
Jumungah Lêgi, Dewa Kala, tungle, tulus.
Saptu Paing, Dewa Uma, aryang, nuju wurung.
Kala wontên êlèr lêrês majêng mangidul, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Julungwangi dewane Bathara Sambo, watêke bisa manjing ajur ajèr, barang kang dadi karêpe kudu kajuwara ing ngakèh, toya jêmbangan nèng ngarsa, lila nanging kudu kinatokna kabêcikane, kayune cêmara, rame wicarane nanging manis arum, parentahe kinèdhêpan, manuke kuthilang, kanggêp pangawulane marga saking pamicara, umbul-umbule nèng ngarsa, ana kamuktène tur kinasihan, lambange banthèng lumpuh, nadyan malarat misih kinèringan. Yèn sugih sansaya luwih, candrane kêmbang, arum wicarane, wignya karya mêmanis, nanging jroning tyas bosênan, lan asring amrih dudu, bilaine tinêbak [tinêba...]

--- V ---

[...k] macan, sidêkahe sêga kabuli, ulam ayam abrit winor ing sêga, slawate kucing, dongane tulak bilai wêkasan mulya, yèn lara sarananana tămba alang-alang kêmangi.

Akat Pon, Dèwi Sri, wurukung, nuju dadi.
Sênèn Wage, Dewa Indra, paningron dangu, turuning cèlèng têmbalung.
Salasa Kaliwon, Dewa Guru, sêngkaning kuthilapas.
Rêbo Lêgi, Dewa Yama, gigis, turuning srigati.
Kêmis Paing, Dewa Lodra, tungle, kerangan.
Jumngah Pon, Dewa Brama, aryang, nohan.
Saptu Wage, Dewa Kala, wurukung, wogan.
Kala wontên kilèn majêng mangetan, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Sungsang dewane Bathara Gana, watêg panasbaranan pêtêngan atèn, ngajêngakên toya, tăndha bèrbudi nanging kinatonakên, gêdhonge nèng wuri, lila nanging wêkasan petung, kayune tangan, watêg anggalidhig tan bisa nganggur, krambudi arêp-arêp darbèking liyan, manuke nori, luwih boros tarabas, saking lila ing dunya tan nganggo krana rai, doh bêgjane tur murka budi ala, lambange jaka puruhita, watêk sêpi ing kaprayitnan, kaburu wani têmah sangsara, candrane sêkar wora-wari bang, watêk gêng nêpsune nanging kêna dèn pasangi, bilaine kawêsèn, sidêkahe dang-dangan bêras rong pitrah, kang sapitrah tinumpêng blaka, kang sapitrah kinarya mêgana, ulame balebekan ayam winor ing tumpêng, janganan warna sanga, slawate sapuluh kèthèng, donga slamêt kabula, yèn lara tambane sarananana godhong gêdhang saba, utawa bonggol.

Akad Kaliwon, Dewa Uma, paningron, tulus.
Sênèn Lêgi, Dèwi Sri, uwas, wurung.
Salasa Paing, Dewa Endra, mawulu, nuju dadi, sêngkaning asu ajag.
Rêbo Pon, Dewa Guru, tungle, dangu, turuning sapi gumarang.
Kêmis Wage, Dewa Yama, aryang, jagur.
Jumungah Kaliwon, Dewa Lodra, wurukung, gigis.
Saptu Lêgi, Dewa Brama, paningron, kerangan.
Kala majêng mangulon wontên wetan lêrês, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Galungan dewane Bathara Kamajaya, watêke lèmèrên, nanging bisa gawe lêjaring sungkawa, mangku banyu ing bokor, watêke dana badan, tur boros, kayune tangan, wignya marang kawignyan, manuke bidho, watêke kêras ing budi bisa anyandi pamrih, lambange pring anggagar, watêk malarad sabarang karêpe kêrêp kacuwan, candrane paksi nèng luhur, watêke yèn amèt asil nênungkul, tutupe nganggo garagadha, bilaine [bilai...]

--- VI ---

Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8): Citra 5 dari 9

[...ne] tukaran, tulak slamêtana sêga adhêm, iwak pitik irêng mulus sawayahe, lan iwak wêdhus padha pinindhang, slawate sangang kèthèng, dongane slamêt pina, yèn lara tambane sarananana godhong kênthang, laos lan daringo bêngle.

Akat Paing, Dewa Kala, owas, nohan, dhêndhan kukudan.
Sênèn Pon, Dewa Kala, mawulu, wogan, dhêndhan kukudan.
Salasa Wage, Dewane Kala, tungle, nuju tulus, dhêndhan kukudan.
Têlung dina mau ala bangêt, ora kêna ditrajang, amarga pêngapêsaning dewa.
Rêbo Kliwon, Dewa Uma, aryang, wurung, turuning kuthilapas.
Kêmis Lêgi, Dèwi Sri, wurukung, nuju dadi, sêngkaning srigati.
Jumungah Paing, Dewa Endra, paningron, dangu.
Saptu Pon, Dewa Guru, owas, jagur.
Kala wontên lèr wetan majêng ngidul ngilèn, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Kuningan, dewane Bathara Endra, akèh kaluwihane, kaeringan, kayune wijaya kusuma, dahat pèni angkêr panggonane, cacade tambuh ing paramean, manuke urang-urangan, kêbat cukat barang karya têrampil, nanging kumêt, lambange lata paruthul, èpèh ing kadang wêkasan lola, tan pati drêman putra, candrane garojogan, rame wicarane, akèh gorohe, nanging sanyatane ora bisa, bilaine kaamuk, sidêkahe sêkul punar, iwake ranjapan ginorèng, slawate picis anyar kang putih sawêlas kèthèng, dongane slamêt kabula, yèn lara tambane sarananana kunir.

Akat Wage, Dewa Brama, mawulu, gigis.
Sênèn Kaliwon, Dewa Kala, tungle, kerangan.
Slasa Lêgi, Dewa Uma, aryang, nohan.
Rêbo Paing, Dèwi Sri, wurukung, wogan.
Kêmis Pon, Dewa Endra, paningron, tulus, sêngkaning sapi gumarang.
Jumungah Wage, Dewa Guru, owas, wurukung, taliwangke.
Saptu Kaliwon, Dewa Yama, mawulu, dadi.
Kala wontên kilèn lêrês majêng mangetan, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Langkir dewane Bathara Kala, murka angkara budi, balik yèn laku kapandhitan, enggal sumurup, kayune ingas lan cêmara sol, watêk panastèn kêna ingauban, tur panastèn panasbaranan, manuke gêmak, cêndhala ing budi tan amawang, saking dènnya bèr kuwanèn, tan ajrih ing sasama, karêm ing panggawe luput, nanging kèh kang milala, lambange andaka wani, watêke wutah kêkêndêlan rada kèringan, candrane gunung gumaludhug, barang swarane anyilikkên ati, nanging tan ngapaa, bilaine kêkêrêngan myang kadurjanan, sidêkahe sêga uduk, iwak-iwakane wêdhus lan iwak êloh linêmbaran, janganane [ja...]

--- VII ---

[...nganane] kang pêpak, dongane slamêt pina, yèn lara tambane sarananana bêngle sawit.

Akat Lêgi, Dewa Rudra, tungle, dangu.
Sênèn Paing, Dewa Brama, aryang, jagur, sampar wangke.
Salasa Pon, Dewa Kala, wurukung, gigis.
Rêbo Wage, Dewa Uma, paningron, kerangan, turuning cèlèng têmbalung.
Kêmis Kaliwon, Dèwi Sri, owas, nohan, sêngkaning kuthilapas.
Jumungah Lêgi, Dewa Endra, mawulu, wogan, srigati tumurun ngiringan.
Saptu Paing, Dewa Guru, tungle, tulus.
Kala wontên kidul wetan majêng mangalèr ngilèn, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Măndhasiya, dewane Bathara Brama, watêke rosa, budine kêras, panasbaranan, gêdhonge minêp ing ngarsa, gêmi maring arta, yèn wèwèh lumaku kinatokna, lan rada angkuh kagungan, tur kumingsun, kayune asêm, watêke dadya pangaubaning wong kangelan lan wong kawlasarsa, manuke palatuk bawang, rosa ing budi tur akèh kawisayane, candrane watu itêm munggwing paprêman, lan wrêksa gung jro pancêre, luwih sabar, nanging yèn mêtu nêpsune anêmêni, bilaine kasiyung lan jinailan, sidêkahe sêga abang, jangan bayêm bang, slawate picis anyar kawan dasa kèthèng, dongane salamêt pina, yèn lara tambane sarananana gêgodhongan utawa bawang.

Akat Pon, Dewa Yama, aryang, wurung.
Sênèn Wage, Dewa Lodra, wurukung, dadi.
Rêbo Lêgi, Dewa Kala, owas, jagur.
Kêmis Paing, Dewa Uma, mawulu, gigis, sêngkaning asu ajag.
Jumungah Pon, Dèwi Sri, tungle, kerangan, turuning sapi gumarang.
Saptu Wage, Dewa Endra, aryang, nohan.
Kala wontên ngandhap majêng manginggil, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Julungpujut, dewane Bathara Guritna, rêmên karamean, bêcik pocapane, ana kawisayane ana lungguhe, gêdhong ngiringan madya watêke, kayune rêmbuyut, bagus warnane nanging tanpa gănda, parandosipun saênggènnya kêdah dèn upaya, manuke prit joan, tan sugih nanging gêng karsane, ngarêpakên gunung, saênggènnya kêdah angrèh, candrane palwa nèng lautan, ngalor ngidul dènnya ngupaya bêkti,[2] nanging tan kurang rijêki, bilaine katuwak myang katêluh ing setan, sidêkahe tumpêng, iwake ayam abrit, ingolah panggang lan sarêm kewala, sarta kuluban warna sanga, salawate tigang dasa kèthèng, dongane [do...]

--- VIII ---

Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8): Citra 6 dari 9

[...ngane] balasrèwu, yèn lara tambane sarananana alang-alang kêmangi.

Akat Kaliwon, Dewa Guru, wurukung, wogan.
Sênèn Lêgi, Dewa Yama, paningron, tulus.
Sêlasa Paing, Dewa Lodra, owas, wurung.
Rêbo Pon, Dewa Brama, mawulu dadi.
Kêmis Wage, Dewa Kala, tungle, dangu.
Jumungah Kaliwon, Dewa Uma, aryang, jagur.
Saptu Lêgi, Dèwi Sri, wurukung, gigis, nuju sêngkaning srigati.
Kala wontên lèr kilèn majêng mangidul ngetan, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Pahang, dewane Bathara Tăntra, paksa luwih pangucape, nanging bêtah lumaku, ngiwakkên toya nèng wuri, bêbudène rêmên angiwa, gêdhong malumah, luwih boros saking dènnya lila ing donya, kayune kandhayakan, dadi pangaubane wong lara sangsara kawlasarsa, manuke cocak, juwèh ing pangucap nanging rukun akêkadang, amandhi kris ligan, sugih yitna nora parah, rada anduwèni panastèn, candrane pulo katon saking doh, kasusra sabarange, suci jaba jroning ati angkuh, lan tansah prihatinan, bilaine kinaniaya lan kêna ing apus, sidêkahe sêga wuduk, ayam putih mulus linêmbaran, kuluban warna sawêlas, slawate patang puluh kèthèng, dongane rasul, yèn lara tambane sarananana godhong woh kudhu lan durèn utawa dhuku.

Akat Paing, Dewa Endra, paningron, kerangan.
Sênèn Pon, Dewa Guru, owas, nohan.
Slasa Wage, Dewa Yama, mawulu, wogan.
Rêbo Kaliwon, Dewa Lodra, tungle, tulus.
Kêmis Lêgi, Dewa Brama, aryang, wurung.
Jumungah Paing, Dewa Kala, wurukung, dadi, turuning asu ajag.
Saptu Pon, Dewa Uma, paningron, dangu, sêngkaning sapi gumarang.
Kala wontên kidul lêrês majêng mangalèr pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Kuruwêlut, dewane Bathara Wisnu, watêke mantêp sabarang karya, sarta angagêm cakra, tăndha lamun sugih prayitna, rêmên amrajurit, gêdhong ing ngarsa, ngatonakên kasugihane, nanging lila ing karsa, kayune parijatha, bêcik pinangkanya, anggraita tyase, rada prihatinan, manuke sêsêpahan, bêcik bêbudène, nanging kêdhik pangane, candrane banyu banjir agung, wicarane andhadhalakên, puwara tan bisa tèyèng ing wigati tur anggêgawa ing kathah, bilaine kinaniaya, sidêkahe menda tujah, slawate samas, dongane slamêt kabula, yèn lara tambane sarananana godhong baligo, saoyode.

Akat Wage, Dèwi Sri, owas, jagur.

--- IX ---

Sênèn Kaliwon, Dewa Endra, mawulu, gigis.
Salasa Lêgi, Dewa Guru, tungle, kerangan.
Rêbo Paing, Dewa Yama, aryang, nohan.
Kêmis Pon, Dewa Lodra, wurukung, wogan.
Jumungah Wage, Dewa Brama, paningron, tulus, turuning cèlèng têmbalung.
Sêtu Kliwon, Dewa Kala, owas, wurung, taliwangke, sêngkaning kuthilapas.
Kala wontên nginggil majêng mangandhap, pitung dintên sampun mêmènèk.

Wuku Marakèh, dewane Bathara Surènggana, watêke anarima ing titah, gêdhonge pinandhi angatonakên pasihaning Gusti, kayune trêngguli, tanpa kêmbang wohe bagus, watêk bêcik turune, manuke parênjak, cilik minăngka gêdhene, dumadi kumalungkung nanging waspada ing gaib, umbul-umbule kabalik, cêpak kamuktène, candrane sêkar sataman sinêngkêran, watêke kumêt nanging manis ing pamicara, yèn tinuju ing rêmbug aja clomplrongan amrih dudu, bilaine kabalabak, sidêkahe sêga wuduk lêmbaran ayam pêthak, lan juwadah warna-warna, kuluban warna sanga, slawate satus kèthèng, dongane kabula, yèn lara tambane sarananana godhong brambang lan kunci.

Akat Lêgi, Dewa Uma, mawulu, dadi, srigati, tumurun lumbung.
Sênèn Paing, Dèwi Sri, tungle, dangu.
Salasa Pon, Dewa Endra, aryang, jagur.
Rêbo Wage, Dewa Guru, wurukung, gigis.
Kêmis Kaliwon, Dewa Yama, paningron, kerangan.
Jumungah Lêgi, Dewa Lodra, owas, nohan.
Sêtu Paing, Dewa Brama, mawulu, wogan, sêngkaning asu ajag.
Kala wontên lèr majêng mangidul, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Tambir, dewane Bathara Siwah, watêke bêcik ing lair, batine angarêp-arêp kamelikan, tan balaka kudu olèh, gêdhonge ana têngah, gêgêndhungan budine, sapa sugih kaya aku, gumunggung tan arja tyase, kayune upas, tan kêna dèn aubi myang pinarpêkan, manuke parênjak, kumalungkung nanging wruh ing wadi, lan wêruh ing wangsit, candrane gajah mêta nèng wantilan, agêng prabawane, agêng nêpsune, nanging akèh pêpagêre, bilaine kêna ing pasangan, sidêkahe sêga pulên, iwake pindhang bèbèk lan pitik, nganggo duduh putih lan abang, slawate pangot waja, lan dom waja siji, dongane slamêt pina, yèn lara tambane sarananana godhong ranti utawi têmu brambang sunthi.

Akat Pon, Dewa Kala, tungle, tulus, turuning sapi gumarang.
Sênèn Wage, Dewa Uma, aryang, wurung, sampar wangke.
Salasa Kliwon, Dèwi Sri, wurukung, dadi.

--- X ---

Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8): Citra 7 dari 9

Rêbo Lêgi, Dewa Endra, paningron, dangu.
Kêmis Paing, Dewa Guru, owas, jagur.
Jumungah Pon, Dewa Yama, mawulu, gigis.
Saptu Wage, Dewa Lodra, tungle, kerangan, sêngkaning cèlèng têmbalung.
Kala wontên kidul kilèn majêng mangalèr ngetan, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Madhangkungan, dewane Bathara Basuki, watêk putus ing pamicara, sabarang rèh anarima, gêdhonge nèng luhur, kèh rêmên asih kang mulat, katarima ing gustine, kayune palasa, tan ana karyane mung dadi kêkêmbanging wana, manuke pêlung, karêmane anèng toya, pikire katêmu buri, nanging kèh rêmên kang mulat, candrane brakutut gung mencok sapucaking wukir, watêknya angungasakên kasutapane, satêmah dadi nistha, marga tan sukuran manah adarêngki, bilaine kênèng upata lan kasamaran, tulakana yèn nuju wêtone, sidêkahe tumpêng punar, iwake ayam wiring kuning, utawa ayam barumbun ginorèng, janganan warna sanga, sinarêng lan jênang abang, slawate picis lima, donga ngumur lan balasrèwu, yèn lara tambane sarananana jae sunthi.

Akat Kaliwon, Dewa Brama, aryang, nohan, turuning kuthilapas.
Sênèn Lêgi, Dewa Kala, wurukung, wogan, turuning srigati.
Sêlasa Paing, Dewa Uma, paningron, tulus.
Rêbo Pon, Dewa Sri, owas, wurung.
Kêmis Wage, Dewa Endra, mawulu, nuju dadi.
Jumungah Kliwon, Dewa Guru, tungle, dangu.
Sêtu Lêgi, Dewa Yama, aryang, jagur.
Kala wontên wetan majêng ngilèn pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku maktal, Dewa Bathara Sakri, watêk wantêr ing tyas, rabi ayu tumêrah maring putra, lan bisa anurunakên satibane bisa dadi gêdhe, amisesani parentah sapangkate, gêdhonge ing ngarsa, katumpangan umbul-umbul, sugihe barêng lan kasinggihane, kayune nagasari, bagus warnane, arum pamicarane, kanggêb pangawulane, kinasihan ing gustine, manuke ayam wana, pinilala ing wong agung, kèh rêmên kang mulat saking dènnya micara, nanging luhur piangkuhe akèh daulate, candrane gunung guntur, wicarane siya mring sasama, nanging yèn tuwa bêcik atine, bilaine têtukaran, sidêkahe sêga pulên lan sêga uduk, iwake bèbèk lan ayam, pinindhang lan linêmbaran, ujube mêmule andika nabi lan salamêting badan, dongane nurbuwat, yèn lara tambane sarananana talês.

Akat Paing, Dewa Lodra, wurukung, gigis, turuning asu ajag.
Sênèn Pon, Dewa Brama, paningron, kerangan, sêngkaning sapi gumarang.
Salasa Wage, Dewa Kala, owas, nohan.

--- XI ---

Rêbo Kliwon, Dewa Uma, mawulu, wogan.
Kêmis Lêgi, Dewa Sri, tungle, tulus.
Jumungah paing, Dewa Endra, aryang, wurung.
Saptu Pon, Dewa Guru, wurukung, nuju dadi.
Kala wontên lèr wetan majêng ngidul ngilèn, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Wuye dewane Bathara Kuwera, watêg putungan atèn, barang parentahe awor cugêtan, dadi tan lana rèhing ati, suku karo kobok ing toya, ayêm lan bisa nyiram tyasing liyan, gêdhonge malumah ing ngarsa, watêke lilan nanging namung marang kêkasihe, kayune krambil lan tal, mintir sandhang pangane lan dawa umure, luwih kuwat kukuh tatag bêbudène, manuke gogik, tambuh ing paramean, kris rinakêt ing dagan, prayitna ing galih landhêp ing nala, candrane bêdhil muni kukuse awor lan ênal, watêke pakewuhan atine, tanpa dadi dènnya prang galih, bilaine kawêsèn, sidêkahe jajan pasar sawarnane, lan juwadah, kabèh mau kang ginawe tuku dhuwit satak sawe, slawate madu, dongane tulak bilai, tambane yèn lara sarananana godhong bayêm.

Akat Wage, Dewa Yama, paningron, dangu, turuning cèlèng têmbalung.
Sênèn Kaliwon, Dewa Lodra, uwas, jagur, sêngkaning kuthilapas, taliwangke.
Salasa Lêgi, Dewa Brama, mawulu, gigis, srigati tumurun kandhang.
Rêbo Paing, Dewa Kala, tungle, kerangan.
Kêmis Pon, Dewa Uma, aryang, nohan.
Jumungah Wage, Dewa Sri, wurukung, nohan.
Sêtu Kliwon, Dewa Endra, paningron, tulus.
Kala wontên kilèn bênêr majêng mangetan, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Manail, dewane Bathara Citragotra, watêk agung jaga bêbaya, andhap asor parentahe, nanging tan nganggo pangkat, yèn kacênthok têmah kawuri andhap asore, kayune têgaron, kêdhik karyane, manuke sêpahan, kêdhik pangane, sarta kêsit polahe, lêmbut atine, tumbak pinangku ing ngarsa, agung jagayitna, kêrêp salangsurup, nanging landhêp atine, candrane lintang awor lan mêndhung, watêk angucirèng pakaryan, cat katon cat botên, bilaine kacurnan, marga tinumbak ingamuk, sidêkahe sêga liwêt, iwak sawung sawayahe, tuwin ulam loh, janganan dèn asangkêp, nganggo sambêl gêpèng, slawate sadasa kèthèng, dongane slamêt tulak bilai, yèn lara sarananana kacang.

Akat Lêgi, Dewa Guru, owas, wurung.
Sênèn Paing, Dewa Yama, mawulu, dadi, sêngkaning asu ajag.
Salasa Pon, Dewa Lodra, tungle, dangu, turuning sapi gumarang.

--- XII ---

Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8): Citra 8 dari 9

Rêbo Wage, Dewa Brama, aryang, jagur.
Kêmis Kaliwon, Dewa Kala, wurukung, gigis.
Jumungah Lêgi, Dewa Uma, paningron, kerangan.
Sêtu Paing, Dewa Sri, owas, nohan.
Kala wontên kidul wetan, majêng ngalèr ngilèn, pitung dintên sampun murugi kala

Wuku Prangbakat, dewane Rêsi Wara Bisma, kakon atèn, anggarêgut, tatag trangginas ing karsa, suku ngarsa kêkobok toya, parentahe adhêm ngarsa panas buri, kayune kalapa, dawa umure sarta cukup sandhang pangane, kukuh bakuh piangkuhe, manuke urang-urangan, kêbat cukat tarampil, waskitha pambudining bukti, candrane wêsi katon purasani, watêke isinan, puguh kaku drêman ngèlmu tur suci atine, bilaine kênèng pangupaya, utawa tiba ênggone mêmènèk, sidêkahe sêga sakambêng, iwake lêmbu dèn olah jêjatah, bumbune manis, janganan gudhangên dèn sangkêp, slawate pacul, dongane slamêt pina, yèn lara tambane sarananana daringo, utawa bênguk.

Akat Pon, Dewa Endra, mawulu, wogan.
Sênèn Wage, Dewa Guru, tungle, tulus, sêngkaning cèlèng têmbalung.
Salasa Kaliwon, Dewa Yama, aryang, wurukung, turuning kuthilapas.
Rêbo Lêgi, Dewa Lodra, nuju dadi, sêngkaning srigati.
Kêmis Paing, Dewa Brama, paningron, dangu.
Jumungah Pon, Dewa Kala, uwas, jagur.
Sattu Wage, Dewa Uma, mawulu, gigis.
Kala wontên ngandhap majêng manginggil, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Bala, dewane Bathari Durga, karêm marang panggawe ala, têmah tan ajrih ing sasama, rosa yèn laku nyilib, nanging nuruti sapanjaluking wong, gêdhong ing ngarsa, ngatonake dunyane, tur paradhah, kayune cêmara, rame wicarane, nanging manis arum, manuke ayam wana, pinilala ing wong agung, tur kinalulutan ing wong akèh, kacaryan saking manising pangucap, luhur piangkuhe tur agêng daulate, kanggêb pangawulane, candrane udan salah măngsa, watêk tan kêna tinangguh karêpe, salang candhak dènnya ngupaya pangan, malah lara kasurang-surang, bilaine katêluh myang saking gurune, sidêkahe tumpêng lan panggang ayam irêng mulus, janganan warna pitu, slawate sakupang, dongane rajukna lan tulak bilai, yèn lara tambane sarananana wijèn.

Akat Kaliwon, Dewa Sri, tungle, kerangan.
Sênèn Lêgi, Dewa Endra, aryang, nohan, sampar wangke.
Salasa Paing, Dewa Guru, wurukung, wogan.
Rêbo Pon, Dewa Yama, paningron, tulus.

--- XIII ---

Kêmis Wage, Dewa Lodra, owas, wurung.
Jumungah Kaliwon, Dewa Brama, mawulu dadi.
Saptu Lêgi, Dewa Kala, tungle, dangu.
Kala wontên lèr kilèn majêng mangidul ngetan, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Wugu, dewane Bathara Singajanma, rada kagungan budi darêngki, nanging jêmbar atine, gêdhonge minêp anèng wuri, kumêt dhinasaran gêmi, kayune wuni, singa ndulu kasmaran, yèn wus mangan wêkasan ewa tyase, manuke podhang, butarêpan tanpa rêna kumpulan ing kathah, candrane awang-uwung, ewuh karêpe, nanging jêmbar budi karêpane, lan jêmbar polatane, bilaine katêluh myang kacokot ula, sidêkahe sêga pulên, iwake bèbèk putih sajodho linêmbaran lan juwadah myang sawarnining tukon pasar, slawate sadasa kèthèng, dongane slamêt kabula, yèn lara tambane sarananana pête, utawa têbu irêng.

Akat Paing, Dewa Uma, aryang, jagur.
Sênèn Pon, Dewa Sri, wurukung, gigis.
Salasa Wage, Dewa Endra, paningron, kerangan, turuning cèlèng têmbalung.
Rêbo Kliwon, Dewa Guru, owas, nohan, sêngkaning kuthilapas.
Kêmis Lêgi, Dewa Yama, mawulu, wogan, turuning srigati.
Jumungah Paing, Dewa Lodra, tungle, tulus.
Saptu Pon, Dewa Brama, aryang, wurung.
Kala wontên kidul majêng ngalèr, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Wayang, dewane Bathara Sri, murah sandhang pangane tur paradhah bêkti nastiti, asrêp parentahe, kinalulutan ing ngakèh, nanging agêng cobane, toya jêmbangan ing ngarsa, lan linggih ing toya, tăndha ayêman, lila ing karsa, murah ing pangan tuhu paradhah, nanging kudu kinatonakên kabêcikane, gêdhong ngarsa ngatonakên dunyane saking dènnya lila, kayune cêpaka, singa mulat sih trêsna, manuke ayam wana, pinilala ing wong agung, saking manising pamicara kanggêb parangaulane,[3] luhur piangkuhe agêng daulate, angungkurakên gêgaman, barès ing tyas, nanging barang parentahe gampang ngarêp angèl buri, candrane damar sumurup anèng bumi langit, watêk amadhangakên tyas sungkawa, rêsik tur suci budine, têmah yuwana tur sugih ngèlmu, bilaine kasarik lan sinudukan, sidêkahe menda kêndhit ingolaha dèn samêkta lan juwadah kang prayoga, kinêpunga wong patang puluh, dongane ngumur, sidêkahe malih ayam walik tukal ingolah, dongane bumi, yèn lara tambane sarananana godhong tayungan utawa kêcipir.

Akad Wage, Dewa Kala, wurukung, dadi.
Sênèn Kaliwon, Dewa Uma, paningron, dangu.
Salasa Lêgi, Dewa Sri, uwas, jagur, taliwangke.
Rêbo Paing, Dewa Endra, mawulu, gigis, sêngkaning asu ajag.
Kêmis Pon, Dewa Guru, tungle, kerangan, turuning sapi gumarang.

--- XIV ---

Santiswara, Warsapradonggo, 1915, #629 (Bagian 8): Citra 9 dari 9

Jumungah Wage, Dewa Yama, aryang, nohan.
Sabtu Kliwon, Dewa Lodra, wurukung, wogan.
Kala wontên nginggil majêng mangandhap, pitung dintên sampun mêmènèk.

Wuku Kulawu dewane Bathara Sadana, kukuh tatag bêbudène, agêng daulate, kinalulutan ing dunya, ngarêpakên banyu, ayêm barang karsane, tur lila akèh bêgjane, gêdhong ngarsa, watêk paradhah, ngatonakên kadunyane, kayune tal, dawa umure tur kuwat, manuke nori, luwih boros têrabas, bêrabah murka atine ala, angungkurakên lêlandhêp, rada kêthul atine, nanging barès tan darbe sigèn, pikire asring kapanggih wuri, candrane bun tumètès ing sêndhang, miskin wêkasane kêlar, bilaine kênèng wisa lan kacakot ula, sidêkahe sêga pulên, iwake bèbèk lan ayam myang ulam paksi ulam loh kang saking kali, ingolah warna-warna, dongane kabula, yèn lara tambane sarananana godhong waluh lan asêm (utawa tal).

Akat Lêgi, Dewa Brama, paningron, tulus.
Sênèn Paing, Dewa Kala, owas, wurung.
Salasa Pon, Dewa Uma, mawulu, dadi.
Rêbo Wage, Dewa Sri, tungle, dangu, sêngkaning cèlèng têmbalung.
Kêmis Kaliwon, Dewa Endra, aryang, jagur, sêngkaning kuthilapas.
Jumungah Lêgi, Dewa Guru, wurukung, gigis, sêngkaning srigati.
Sabtu Paing, Dewa Yama, paningron, kerangan.
Kala wontên lèr lêrês majêng mangidul, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Dhukut, dewane Bathara Sakri, wantêring tyas rabi ayu tumêrah marang putra, bisa anurunakên panggêdhe ing sapangkate lan badane, gêdhonge pinanggung, watêke kumêt, rada dhêmên angiwa, kayune pandhan surat, akiwa ênggone nanging pèni warnane, dumadi pinilala, kêris loro ngapit kayu, watêg parapenginan nanging landhêp kang galih, manuke ayam wana, dadi sêsêngkêran ingon-ingoning wong agung, saking manis aruming pamicara, têmah akèh kang asih, luhur piangkuhe, agêng daulate, candrane tunggul asri sêkaring nata, bagus warnane nanging wêdi ing rana, wasana bilaine anèng payudan, utawa anèng banyu, sidêkahe tumpêng ayam putih mulus pinanggang, slawate tiga bêlah kèthèng, dongane slamêt pina lan donga bumi, yèn lara tambane sarananana sukêt walulangan, utawa lampês.

Akat Pon, Dewa Lodra, owas, nohan.
Sênèn Wage, Dewa Brama, mawulu, wogan.
Salasa Kliwon, Dewa Kala, tungle, tulus.
Rêbo Lêgi, Dewa Uma, aryang, wurung.
Kêmis Paing, Dewa Sri, wurukung, dadi, turuning asu ajag.
Jumungah Pon, Dewa Endra, paningron, dangu, sêngkaning sapi gumarang.

--- XV ---

Saptu Wage, Dewa Guru, owas, nuju jagur.
Kala wontên kidul kilèn majêng ngalèr ngilèn, pitung dintên sampun murugi kala.

Wuku Watugunung, dewane Bathara Anantaboga lan Nagagini, watêk ulah nastapa, rêmên anèng jaba nagara, Nagagini amaronsih, watêk bosênan sakajêngipun, kayu wijayakusuma, luwih adi rupane, angkêr panggonane, tambuh ing paramean, manuke gogik, agêng butarêpane, ngarêpakên candhi, rêmên mangun sêmèdi, nanging prihatinan, candrane lintang wulan karainan, watêk tan kadunungan cahya, nanging sinung padhang sajroning ati, bilaine kênèng pusara, marga kinaniaya, sidêkahe suku pat kang mulus lan juwadah, janganane dèn pêpak, lan sakathahing rasa nênêm, dèn asangkêp, lêgi, gurih, pêdhês, asin, kêcut, pait, ujube mêmêtri badane, dongane barik, yèn ora mêngkono sidêkahe sêga saambêng, iwak pitik abang, sakarsanya dènnya olah, dongane kabula, poma linakyanana dimèn slamêt badane, yèn lara tambane sarananana bawang lan asêm utawa ranti.

Akat Kaliwon, Dewa Yama, mawulu, gigis.
Sênèn Lêgi, Dewa Lodra, tungle, kerangan.
Salasa Paing, Dewa Brama, aryang, nohan.
Rêbo Pon, Dewa Kala, wurukung, wogan.
Kêmis Wage, Dewa Uma, paningron, tulus, turuning cèlèng têmbalung.
Jumungah Kliwon, Dewa Sri, owas, wurung, sêngkaning kuthilapas.
Sabtu Lêgi, Dewa Endra, mawulu, dadi, srigati tumurun ing lumbung.
Kala wontên wetan bênêr lajêng mangilèn, pitung dintên sampun murugi kala.

Katêrangan

Têgêsipun Dewa DintênTêgêsipun PandangonTêgêsipun Paringkêlan
Dèwi Sri = rêjêkidangu = watuaryang = ringkêl janma
Dewa Endra = samarjagur = macanwurukung, ringkêl sato
Dewa Guru = karêpgigis = bumipaningron, ringkêl ulam
Dewa Yama = loroning tunggalkerangan = srêngengeowas, ringkêl manuk
Dewa Lodra = gêtihnohan = rêmbulanmawulu, ringkêl wiji
Dewa Brama = gêniwogan = ulêrtungle, ringkêl godhong
Dewa Kala = karêp murkatulus = banyu
Dewa Uma = wadonwurung = gêni
dadi = kayu

--- [0] ---

 


uwas (dan di tempat lain). (kembali)
bukti. (kembali)
pangawulane. (kembali)