Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 42–52)

Judul
Sambungan
1. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 10–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 20–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 30–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 42–52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 53–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 61–68). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 69–74). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 75–85). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 86–98). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

42. Dhandhanggula

1. arum dhèhèm Radyan Damarsasi | tandya mingsêr sing pilênggahira | miragyèng ngranupada nor | ngajêngakên sang ing rum | sang dyah rêtna tansah nglendhoti | duk ingajêngakên sang dyah |[1] ing galih kumêpyur | katrangan căndra tumawang | têmpuh liring lir kilat barung lan thathit | kadya datanpa jiwa ||

2. rêmpu sumyur sumawur ing èsthi- | nira sang kalih tanpa jamuga | cêngêng lênglêng wurcitane | sang dyah gya ngrangkul gapyuk | wus kapadhan asmara brangti | supe purwa duksina | kabyatan ing limut | suh sirna tanpa wikara | mukswèng driya lir pêjah sajroning urip | uripnya lawan brăngta ||

3. susiptaning byat mantrining èsthi | nira tandya panjrahning sarkara | sumawur-mawur rum rèhe | rèhning tikswara rampung | kapratisthan ruming pangèksi | pawurtirèng pangraywang | ing swang campur madu | yanghyang budya winartama | pangrubaswèng yudyananing sandi-sandi | drêsananing kusuma ||

--- 221 ---

4. nimban enya asuka ningali | mirsa gapyukira sang kusuma | pawor rukêt ing sêkaron | kadya puyuh atarung | awusana jêngêr ningali | bilêng padha sêkala | Sêbdapalon ngantuk | Genggongnaya pucicilan | aningali solahira sang akalih | mêngkirig gêgithoknya ||

5. gya ngambus mring Sêbdapalon aglis | kagyat dènnya ngantuk agêgubras | pipinira umbêl bae | ya ta Dyan Damarsantun | angrapakên swara kang manis | nganyutkên yuswaning dyah | sang rêtna sinambut | pinangkyan ngasta ngarasan | jênang sela dèn gung pangapuntên gusti | ing dasih kawlasarsa ||

6. rèh ta abdi paduka aguling | lagya kinarsan ing Hyang Suksmana | kagyat sarêng panglilire | gugup ing manah kuwur | tanbuh-tanbuh raosing galih | ing cipta kaya-kaya | mring sang ruming santun | ing mangke pun Damarsăngka | pasrah jiwa anaoskên pati urip | sumăngga ing sakarsa ||

7. datan grantês sapanjrahing angin | myang sarema kang pinara sasra | pinundhut pêjah gêsange | kinèn punapa ulun | ngendralaya anglaya bumi | sakarsa tan lênggana | ing sang murtining rum | kinèn amanjing pawaka | sêgaraning gusti pun dasih mèstuti | ketang sih jêngandika ||

8. ulun nglampahi karsaning gusti | pintên-pintên wong kawêlasarsa | pêkathik [pê...]

--- [222] ---

[...kathik] dhusun nah anggèr | sinampar ing wong agung | sampun pêcak tumêkèng sakit | sanadyan têkèng pêjah | yuswa dasih katur | tan langkung gusti kang mulya | mung aksama paduka pinintèng dasih | kang asih ing wong papa ||

9. anoragèng aturnya dyan mantri | asta kering mangrangkul ing madya | kanan anăngga astane | sang dyah sinugun-sugun | pan pinundhi-pundhi mawanti | astèng dyah mangras-aras | wuwusnya sumrah rum | Rêtna Dèwi Anjasmara | kêmanisên datansah anambang liring | ing tyas kadya sinêndhal ||

10. sarira mar kagunturan angling | angling warsa kalungsèn ing surya | kêtara layung-layunge | duk sang dyah rinarungrum | kang kukila nusuh ing siti | saya ngembahi raras | gambar munggèng panggung | pêraga têmpur samodra | dangu wayang-winayang sawangan liring | radyan lan sang kusuma ||

11. tan ingucap dènnya supêkêt sih | pêrjangjine rèh apa wong sanak | sarya ing sabiyantune | sinêksèn ing budya rum | amufakat ing jisim kalih | sarya ingkang kapyarsa | miwah kang kadulu | samya nyaidi sadaya | têmên-têmên palêkatnya gantyan wangi | myang burat rum hèr mawar ||

12. sang dyah kundur dhatêng kêbon sari | radyan tansah kinathi samarga | rêspati dhèncèng-dhèncènge | [...]yangan ajar wiku | pan sagunung raosing galih | pusa rasaning [...]ita |

--- 223 ---

wus kêpadhan kayun | biyadane kêpatihan | yèn kayua kayu pinggiring pasisir | wus bêkta jampi brăngta ||

13. Sêbdapalon Genggongnaya sami | samya tumut dhatêng kêbon sêkar | lawan para cèthi awor | angglidhig tur ambêsur | dhepe-dhepe ngêmorkên ati | katungkul gambul bakang | luwung nyundhul bêngkung | yèn ciniwêl wol-êwolan | yèn cinêblèk cêblèke dèn iming-iming | mengo sagung kang mulat ||

14. ya ta sira Radyan Damarsasi | praptèng dalêmira Anjasmara | wus ginantyan busanane | kampuh wangkara linut | ing pêrada gumyur mangrêsmi | paningsêt mas winarja | sinetyèng rêtna byur | cêlananya lungsir jingga | binudir mas linud ing sungging mangrawit | akondhe kakêlingan ||

15. kinancingan ing garudha manik | asêsumping ran mangroning sêkar | rinajamuka rêsmyawor | sunar lênyêp sumuluh | dhasar bagus rahadyan mantri | karêngga ing busana | lir mukswèng kadulu | cumbuh lan Hyang Kumajaya | Anjasmara kadya wong ningali sungging | winangwang-wangwang wantya ||

16. winawas-wawas anganan ngèri | tansah mèsêm ningali mring radyan | kang dèrèng pantês winaon | sinawang saking [...] | tanêbihan dipun pêrpêki | ingulap-ulap sarya | mè[...] lir santun | agêr [...] manah | Anjasmara Dyan

--- 224 ---

Săngka dipun puliri | cinêthot ciniwêlan ||

17. tinêbihan sing ngarsa ingèksi | sabdaning dyah cumênthèng lir kilang | gêthing têmên ingsun radèn | wong kaya sira iku | nora kamrah ana ing bumi | pantês mukti nèng swarga | aja sira tumrun | yèn tan dina Gara Mulya | ingsun bae kakang tan pisah ngladèni | nyênyèthi marang sira ||

18. kangmas kangmas payo sun borèhi | găndawida kêsturi hèr mawar | kakang sapa kang anduwe | kadang bagus atulus | mung cacade ngakokkên ati | kêbangêtên kakang mas | bok sing rada anu | wong abagus anu apa | anu têmên nora pati anganoni | nglêlaga wong abrăngta ||

19. kukus gantung pulase wong nyungging | yèn sun sawang kakang warna dika | buron kali punjul dhewe | pandhe gong kinothak jêpun |[2] tinandhinga ing wong sakêthi | gêbang pangulês sata | tan ana katiru | suku jukung sapolahnya | pagêr wayang toya mijil saking langit | sêkalire wèh edan ||

20. puspa biru kangmas sun wêstani | namung dika têlênge wardaya | pênyu sêndhang alus dhewe | sata wana kêkuncung | nadyan korak wong sanêgari | wuluh rawa kakang mas | ampungana mring sun | kang kayu margi [...] toya | kukus [...] mami | ingsun kang talang [...] ||

--- 225 ---

21. têka mèsêm rahadyan minantri | winangwang-wangwang mring sang kusuma | wus samya lênggah sêkaron | lir ringgit munggèng panggung | Yanghyang Parta lawan Srikandhi | ingayap mring pawongan | ban enya nèng ngayun | Sêbdapalon Genggongnaya | saosane ing lawang parêpat kalih | andadèkkên badhiyang ||

22. nimban enya lan sagung pra cèthi | mawang gusti ajomblong tumingal | kumêdhèp tismak netrane | kakungira abaud | luwês manis amilangoni | miragèng ngranupada | sasêbdanira rum | Kusuma Yu Anjasmara | gandrês manis rumakêt amêsajani | wong ayu gawe brăngta ||

23. awiraga gandhang galak liring | gêbyar-gêbyar sunarnya gumilap | urub lan waja mêncorong | kêkuwungira têmpur | tumaleram arêbut manis | gumilang-gilang raras | wor sêngkang sumawur | pating karênyêp sumirat | ting karêthap lir lintang sayuta kèksi | kang sarêng pêngalihnya ||

24. Dyan Sêsăngka ginandan burat sri | pan jinanton rêsmi myang hèr mawar | linut kêsturi [...]de | ngambar gandanira nrus | têmpur lawan ruming sang dèwi | a[...] gêgolongan | saparan-paran nrus | kumutug mangampak-ampak | ngidid kongas lir kayangan widadari | sajroning [...] ||

25. nora siwa[...] swargan ngalih | e[...]

--- 226 ---

kumaraning endah | asri ing pisugatane | datan kêna winuwus | kawis-kawis rêja-rêja sri | asri srining kawuryan | kawiryawan pênuh | cêngêng lênglêng kalênglêngan | singa mulat kadya linêlês kang ati | atine karurungan ||

26. langkung dènnya sang dyah amawor sih | datan pêgat ingkang sih-sinihan | aja wêlèh caritane | măngsa borong kang ngidung | pangidunge kang nuju galih | yugya kinawruhana | dènira satuhu | pangulahe ngasmararja | arjèng pragya kasmaya winayang rêsmi | rêsmyan nrus ing kajyatan ||

27. paja-paja winangkarèng kawi | ya ta risang maworkên ing raras | wus minggah ing jinêmrume | mangun kasmarjèng lulut | puja brăngta mulêt milêt sih | anglir Sang Kumajaya | mamriyêmbadèng rum | naya wimbuh-kawimbuan | embah-embah sarkara têmpur lan manis | niscayèng ăndraprana ||

28. kasosra wimăndra martèng lungid | padya-padya priyakèng sudama | rumangguh tanpa liripe | [...] sang mindraja tèngsu | srining Parta carana rêsmi | kungas pangrêngganing tyas | rujit puspita rum | irim-irim ramyang raras | pang[...] drêsananing raras wiyati | kocak thathit kumênyar ||

29. ma[...] asmara brangti | dirèng wulangun pêngraras ing dyah | rêja[...] | mayangkara [...] | lir bêrmara misu[...] | [...]

--- 227 ---

miragyèng ngranupada | titising pasêmun | pandam liringnya winawang | siram-siram wêrdaya kilating èsthi | mahartyèng swara dibya ||

30. wus dumugi dènira don rêsmi | tan ingucap dènnya olah raras | rinasa ing sêmu bae | ya ta sang kalihipun | lir mintuna kalawan mimi | dahat tan kêna bênggang | ing saparan runtung | ombak agung ing tunjung bang | golang-golong lêmpuyang kang anèng têgil | tansah apêrjangjian ||

31. têngah dalu Radyan Damarsasi | dènnya praptèng anèng kubon sêkar | dungkap bangun rainane | gênti ingkang winuwus | Layangseta Layangkumitir | anèng ing kêpatihan | sowan ramanipun | sêdalu agunêm ing prang | pratingkanya Risang Sindura Dipati | myang Rănggalawe Tuban ||

32. miwah marna Prabu Urubêsmi | Seta Kumitir mundur sing ngarsan- | nira ing rama wancine | apan wus lingsir dalu | datan eca raosing galih | kèndêl anèng pêndhapa | ngantya bangun esuk | myarsa bênce mawurahan | têkak gantêr têtuwu barung lan kolik | anèng ing pêpungkuran ||

43. Pangkur

1. Dyan Kumitir Layangseta | wadyanira pinêpêk sampun prapti | kajinêman patang puluh | samya binêkta langlang | radyan midêr mikur anèng kêbon santun | sêksana Dyan Layangseta | lawan Dyan [Dya...]

--- 228 ---

[...n] Layang Kumitir ||

2. saya tan eca ing manah | gya manjêjêp dalêmira kang rayi | Anjasmara sang lir santun | sarêng prapta ing lawang | aningali wong roro padha alungguh | swaranya pating karêcap | ingulap-ulap awanti ||

3. kumlebat anulya kesah | tinututan dhatêng rahadyan kalih | ingupados tan kêpangguh | radyan sampun graita | dalêmira kang rayi klêbêtan pandung | ya ta sêksana kinêpang | lan wong kajinêman sami ||

4. sinêsêg pangêpungira | samya sikêp tinggar kalawan biring | dènira dyan kalihipun | asikêp tamèng pêdhang | risêksana Dyan Seta mangintip gupuh | mawas marênggang ing lawang | gya myarsa swaraning rayi ||

5. lawan swaraning satriya | imbal raras gêguyon rêbut manis | Seta dhodhog kori asru | nguwuh mring Anjasmara | Anjasmara sapa rowangira iku | kaya abaning satriya | gêguyon nèng tilamsari ||

6. kumêpyur ing manahira | Anjasmara dangu datan nauri | gya ngrangkul mring sang binagus | kangmas ika si kakang | Layang Seta anguwuh-uwuh maringsun | ênya-ênya dhuwungira | kangmas dandana sing bêcik ||

7. amèsêm Radyan Sêsăngka | sarya ngaras dêlingira [...]nis | kadospundi radèn ayu | ing karsa jêngandika | pan su[...]pa kawula kinèn anuntut | [...]napa kinèn [...] | sa[...]

--- 229 ---

sa ingsun lampahi ||

8. manguwuh malih Dyan Seta | Anjasmara dene nora nauri | sapa rowangira iku | ya ta sang dyah ngandika | kangmas Damarwulan aja sira nutut | lawan aja păncakara | kakang yèn sira ngêmasi ||

9. ya ta kang para pawongan | ting bilulung tambuh ingkang ingungsi | ni êmban inya agupuh | nangis nungkêmi radyan | gusti-gusti kawula amanggih lampus | ing mangke wus kawanguran | tan wande kawula mati ||

10. Dyan Damarwulan ngandika | bibi sira mênênga aja nangis | pasrahna ing jawata gung | yêkti măngsa bakala | sun labuhi bibi lamun sira lampus | dèn pêrcaya ing Suksmana | bibi aja nyipta pati ||

11. Anjasmara angandika | kangmas kangmas aja pisah lan mami | mêngko yèn si kakang nubruk | ingsun tamèngna ngarsa | dimèn kogêl kangmas mring sira wong bagus | sênajan tumêkèng pêjah | angur ingsun kang dhingini ||

12. amèsêm Dyan Damarwulan | sang dyah rêtna pinangku ingarasi | sang dyah patrêmnya ingunus | pinusthi anèng asta | Dyan Sêsăngka amawang sabdanya arum | gusti kang sawang kumala | punapa patrêm tinarik ||

13. sang dyah amangsuli sabda | lamun si[...] kakang tumêkèng pati | ingsun anglabuhi lampus | so[...] kangmas yèn ora | radyan mantri angaras sarya nabda rum | jimat [ji...]

--- 230 ---

[...mat] mundrine pun kakang | sêsotya ing tilamsari ||

14. biyadane kêpatihan | ingkang asih ing dasih kang kaswasih | pasrahna ing jawata gung | rakanta Damarwulan | ingkang patrêm prayogi yayi sinarung | purba punapa manungsa | ngandêla ing Suksmana di ||

15. ingkang karya pêjah gêsang | wangsul dipun pintaa kang nugra sih | yèn parêng lan bêjanipun | sayêkti tinulungan | Anjasmara mèsêm patrêmnya sinarung | sapa ingkang tan wêruha | Suksmana kang karya pati ||

16. yèn anu kaya pandhita | sêpiraa sing ati sênag-sênig | amèsêm Dyan Damarsantun | sang dyah ngras prêmbayunnya | anyiwêli Anjasmara sarya muwus | bok si matak-matak japa | matak apa-apa aji ||

17. pijêr ngarasi kewala | iki si wong nora duwe kuwatir | kaku rasane tiningsun | ing kene mêlang-mêlang | jêr Suksmana murah marang titahipun | yèn mati kapriye kangmas | mèsêm dyan ngaras panêpi ||

18. Kumitir Dyan Layang Seta | punang kori adangu dèn dhodhogi | awanti-wanti manguwuh | hèh sira Anjasmara | ala têmên sapa dhayohira iku | lah age sira mêtua | Anjasmara anauri ||

19. gumêndhèng winor lan guyya | sukan-sukan [...]gi ewuh mami | Dyan Seta manabda asru | lah ewuhe [...]

--- 231 ---

apa | sang dyah mujar lagi ewuh jaluk pangku | mring kakangmas Damarwulan | Dyan Seta nêbda abêngis ||

20. nora talah asu desa | wani-wani marang sadulur mami | dyan mantri mangsuli wuwus | supados yèn puruna | awit saking karsane rinta sang ayu | darmi ngladosi kewala | ing mangke kula labuhi ||

21. bramatya Dyan Layang Seta | nguwuh-uwuh sarya jêjêki kori | alah dene mènthèlipun | sabên tinari krama | sakèh mantri punggawa para tumênggung | tinampikan ujarira | lumuh nambut ing akrami ||

22. sakiki alaning ala | wong caluthak dadak gondhol pêkathik | sang dyah gumêndhèng amuwus | sapa arêp wong kumpra | para mantri tumênggung pating cathuthuk | asabut tur mangkak-mangkak | lêkas ladak kaya anjing ||

23. sênajan si pêkathika | bagus têrus ambênthing tur gumrining | wingwing jukining tur alus | mêmês-mêmês wiraga | sêkar banjar kuning mêncorong lir daru | tur putrane kangjêng uwa | pantês ingsun kawulani ||

24. sapa sapa sapa kakang | kang abagus kaya Dyan Damarsasi | priye ta apa wis rêmbug | sira wong loro kakang | ingsun panggih lan kakangmas Damarsantun | yèn tan rêmbug ingsun minggat | rangkat lan Dyan Damarsasi ||

25. Layang Kumitir anyêntak | Anjasmara cocote lir

--- 232 ---

gumiris | nglabuhi kakumpra dhusun | sumaur Anjasmara | sikak asu aja sira ajêjugug | cocotmu si kurang ajar | bramatya Layang Kumitir ||

26. nimbali wong kajinêman | kawan dasa andêdêl punang kori | gya bêncah Dyan Seta gupuh | lumumpat ngikal pêdhang | aprayitna kang tamèng pinutêr asru | Dyan Săngka amangku sang dyah | anèng ing waton jinêmrik ||

27. sêksana Dyan Layang Seta | duk mangayat pêdhang kogêl mring rayi | sang dyah gumêndhèng amuwus | mara-mara tibakna | Damarwulan yêkti sun belani lampus | amênggah Dyan Layang Seta | sêksana Layang Kumitir ||

28. ngundha tamèng ngikal pêdhang | duk mangayat Anjasmara sru angling | mara tibakna dèn gupuh | mêdhang mring Dyan Sêsăngka | pan sayêkti kangmas sun labuhi lampus | mara-mara tibakêna | gêrgêtên Layang Kumitir ||

29. Dyan Săngka rangkêp lan sang dyah | gya pinêdhang jumêbrèt tan nêdhasi | sang dyah jajanira murub | kinarya tamèng ngarsa | pan tinitir Kumitir pamêdhangipun | ngantya sangit nora pasah | sang dyah ginêbrag ing tamsir ||

30. manangkis sang dyah ambalang | pamojokan aprana Dyan Kumitir | kumêpruk ing mukanipun | agubras dubang jingga | lathi malik bathuk [...] monyong sacêpuk | Kumitir tandya lumajar | kadya wong [...]

--- 233 ---

ramas gêtih ||

31. Dyan Layang Seta amujar | Damarwulan têka tamèng pawèstri | payo tadhahana ingsun | Anjasmara angatag | tuman bae mara papagên dèn gupuh | mara-mara kangmas mara | mangsah datan angunduri ||

44. Durma

1. tinadhahan ing pêdhang mring Layang Seta | Damarwulan tan osik | dyan tansah lumumpat | amêdhang sarya milar | wanti amêdhang manitir | sarya angucap | hèh mati sira mati ||

2. Dyan Sêsăngka tan lawan sing kyating sura | pinêdhangan tinitir | manangkis ing asta | radèn èsmu mangrêpa | putêr-maputêr matitir | pêdhang lir kilat | gègèr kang para cèthi ||

3. bilulungan tangisnya amawurahan | sêsambat ing dyan mantri | Rêtna Anjasmara | mêrpêki mring Dyan Săngka | kangmas malêsa dèn aglis | kakangmas mara | ywa pijêr dèn pêdhangi ||

4. Radyan Seta kinayang ingkang sarosa | milar mêdhang manamsir | pêdhangnya kêtampan | ing astanira radyan | kang pêdhang pinuntir aglis | dadya têtiga | tikêl kadya gulali ||

5. Seta milar wus praptèng jawining lawang | manahira matintrim | wadya kajinêman | wêwolu kinèn nrajang | Dyan Săngka mêdal sing kori | wus tinadhahan | kinarubut ing bêdhil ||

6. punang mimis tan tumêka ing sarira | sinosog ganjur lungit | Dyan Săngka apanggah [apang...]

--- 234 ---

[...gah] | tansah wayang-wayangan | wong kawan dasa ngêbyuki | ngêdrèl anumbak | tan ana angênèni ||

7. Anjasmara nututi Radyan Sêsăngka | asung talêmpak aglis | sêksana tinampan | radyan sarya angaras | tandya umangsah dyan mantri | wong kajinêman | binuntaran kèh mati ||

8. bêncah tatas macicil netra macithat | usus manguwir-uwir | singa maju pêjah | kang mundur tawan brana | Palonsêbda Genggong aglis | nrambul umangsah | saking upêtan gupit ||

9. sadangunya nèng pawon ngrikiti iyan | sêmana amarêngi | kang bêkothok jangan | anèng kuwali panas | miwah gorèng sambêl tuwin | anèng ing wajan | sawadhahnya cinangking ||

10. Palonsêbda Genggongnaya sarêng mêncak | wong kajinêman aglis | sasisaning pêjah | mukanya siniratan | ing bêkothok jangan aglis | wênèh tinêpak | ing gorèng sambêl wanti ||

11. bilulungan wênèh jungkêl myang lumajar | gègèr mawur magusis | Dyan Seta nguncalan | ing kuwali kang sirah | kumêpruk kalung kuwali | mamrêm lumajar | Layang Kumitir gêndring ||

12. tinututan ing Genggong sarya binalang | ing gorèng sambêl aglis | gêgêrira gubras | sangsaya nêbas-nêbas | gègèr otêr jroning puri | kadya ampuhan | tangis pating jalêrit [ja...]

--- 235 ---

[...lêrit] ||

13. kyana patih saklangkung ing dukanira | wong kêpatihan aglis | pinêpak wus prapta | baris nèng pêlataran | wong dhomas asikêp biring | myang sikêp tinggar | towok pêdhang myang tamsir ||

14. andêlira ingaran wong yudaraga | asikêp ganjur lungit | kèhnya kawan dasa | malih pan ingaranan | wong kawan dasa saragni | asikêp tinggar | rongpuluh talangmati ||

15. tau jitus asikêp lamêng myang pêdhang | iya wong talangmati | ki patih wus ngasta | waos agêm pusaka | surya sumirat kang wanci | sapirang-pirang | natar èbêk kang baris ||

16. kyana patih lumêbêt ing kêbon sêkar | ingapit talangpati | Kumitir lan Seta | matur sarya karuna | kalih samya tawan tangis | matur wotsêkar | sasanèskara titi ||

17. saya sangêt ki patih bramatyanira | talingan lir sinêbit | mangsah gurawalan | lawan wong talangpêjah | Anjasmara kang winarni | tansah karuna | abondhèt mring dyan mantri ||

18. buntarira kang sinjang wus binundhêlan | lan koncanya dyan mantri | Sêbdapalon lawan | niban wus gêgandhengan | ni enya bundhêlan kalih | Ki Genggongnaya | wus samya ambêk pati ||

19. Anjasmara ngandika mring Dyan Sêsăngka | kangmas ingsun labuhi | payo barêng pêjah | tigan sapêtarangan [sapê...]

--- 236 ---

[...tarangan] | aja sêlaya ing pati | sukur jêng rama | wêlasa mring wong kalih ||

20. kang supaya tulusa apalakrama | gêsang tumêkèng pati | nèng ing swarga nraka | aja pisah lan dika | mangsuli Dyan Damarsasi | sakarsaning dyah | na[3] anggèr sun labuhi ||

21. ri sêksana sang kalih kêkanthèn asta | sêdya mrak ing sudarmi | lan ni babu enya | Genggong lan Palonsêbda | ya ta sang rêkyana patih | kêsaru prapta | ginrêbêg talangpati ||

22. Layang Seta Kumitir lumampah ngarsa | sang dyah patrêm tinarik | wus ambêk palastra | tan ana kang kacipta | liya sing radyan minantri | praptèng byantara- | nira sudarmèng patih ||

23. sang kusuma sarya amănca udrasa | rangkulan lan dyan mantri | kya patih duk myarsa | mênggah angusap jaja | gêrêng-gêrêng kewran galih | dene ta sang dyah | rangkulan lan dyan mantri ||

24. Anjasmara sambate kadya gurantang | rama ulun ngêmasi | yèn paduka duka | dhatêng Radyan Sêsăngka | sayêkti dêrmi nglampahi | awak kawula | ingkang adarbe kapti ||

25. rama rama lêhêng kula pêjahana | èstri rêgêd nèng bumi | nyidra ing asmara | rêmên pêkathik desa | anistha tur kawlasasih | putraning uwa | Maudara ing nguni ||

26. jêr ing mangke sampun murca amêrtapa | mila Dyan Damarsasi | tuwan siya-siya | awon ing sirnanira [sir...]

--- 237 ---

[...nanira] | tinundhung sing Maospait | alane ala | ing mangke nyidrèng rêsmi ||

27. ngong labuhi wong roro datan sulaya | gêsang tumêkèng pati | kawula tur asab | apêjah lan kakang mas | sukur yèn paduka sudi | apti ngambila | mantu dhaup lan mami ||

28. puluh-puluh rama jêr kawula trêsna | mring kangmas Damarsasi | tur trahing utama | dhasar anunggil băngsa | ewasêmantên dèn suprih | ing dedenira | yêkti kula belani ||

29. lan sabdene wong roro pun babu enya | samya dêrmi nglampahi | datan darbe ala | witne lir cocak măngsa | dènnya mambêngi mring mami | ulun tan kêna | mila lumiring kapti ||

30. lakar kula rama ingkang tuking ala | ywa tanggung têkèng pati | yèn paduka duka | lamun tan kolu rama | amêjahi dhatêng mami | jaja kawula | ulun suduk pribadi ||

31. sinurakan ulun dene ing jawata | ingaran wêdi mati | mêdal sing trahira | jêng eyang Gajahmada | cacade dadi pawèstri | pun Anjasmara | lanang angrata bumi ||

32. dhasar lumuh ing karya panggawe nistha | tan watak amrih silip | sênadyan rêmêna | dhatêng Radyan Sêsăngka | dhasar nglabuhi kaswasih | datan kuciwa | kangmas sun kawulani ||

33. amawia nêmbung dhatêng ing paduka | mendah paduka yêkti | tangèh nurutana |

--- 238 ---

mindhak saya niaya | dhatêng kangmas Damarsasi | kula tur măngsa | sandeya akêpanggih ||

34. mendahane kakang Kumitir lan Seta | dènira amrih pati | mring rakanta radyan | lir satru kabuyutan | ulun tan wurung amati | nglabuhi kangmas | mila mangke wak mami ||

35. untapêna rama ing pêjah kawula | yèn lingsêm ngakên siwi | dhatêng Dyan Sêsăngka | ya ta rêkyana patya | myarsa sambate sang dèwi | pan èsmu waspa | jroning tyas èsmu kingkin ||

45. Asmaradana

1. wagugên rêkyana patih | ketang trêsnane mring sang dyah | Anjasmara sang lir sinom | tur putra dinama-dama | ngrampungi salir karya | pradhah budya sarèhnya rum | wignya ngadani nagara ||

2. ing rèh kabupatèn wêgig | kêna tinari ing karya | [...]k dhasar dèn monga bae | tau nigas karya prana | bèr dunya [...] dana | nalar ing kagunan putus | ing tindak tanduk pêsaja ||

3. tur bisa amujanggani | ruwêt rêntênging sudarma | kêna ji[...] wadyane | sêdaya wong kêpatihan | kang samya kêkurangan | mring sang dyah pangungsènipun | bisaa ngecani manah ||

4. mila kogêl sang apatih | wusana arum ngandika | Seta Kumitir nak ingong | ewuh têmên atiningwang | marang Si Damarwulan | yèn sun pêjahana èstu [è...]

--- 239 ---

[...stu] | Anjasmara bela pêjah ||

5. matur Dyan Seta Kumitir | inggih sênajan atmaja | yèn awon yogi pinatèn | akarya rêntênging praja | nistha kalokèng jana | nyênyampur lampah rahayu | alênggêg rêkyana patya ||

6. wusana ngandika aris | kulup iya karêp ingwang | yugi kinunjara bae | gampang ing pamburènira | ing mangko Anjasmara | kêlawan Si Damarsantun | ingong siasat kewala ||

7. ban enya parêpat kalih | iya padha siniasat | jêr padha panunggalane | ngugungi panggawe ala | wêdi malangi karsa | bok iya atutur mring sun | wong tuwa datanpa karya ||

8. angrojongi nalar silip | padha rantenên kewala | iya pirangbara têmbe | kaki ingsun olèh nalar | kang yugya dadi tilas | nanging sakikine kulup | mêngkono ing karsaningwang ||

9. nêmbah Dyan Seta Kumitir | rumojong karsaning rama | rêkyana patih dêlinge | dhatêng putra Anjasmara | lah dhenok priye sira | apa gêlêm amiturut | ing sakarsa-karsaningwang ||

10. sang dyah aturnya kaswasih | yèn kalih Dyan Damarwulan | yêkti tan lênggana ingong | dhatênga ing lara pêjah | nglampahi ing sakarsa | kyana patih sabdanya rum | lah ta babo putraningwang ||

11. sira lan [la...]

--- 240 ---

[...n] Si Damarsasi | ing mangko ingsun kunjara | dèn narima sira anggèr | witne sun iki kalintang | trêsna marang ing sira | tur cotho sakarsaningsun | sira anèng ing kunjaran ||

12. yèn tan sun trapana nini | agawe pêngewan-ewan | ambubrahakên wong akèh | ngugung nalar kaluputan | ingsun kang katêmpuhan | rêntênging ing praja besuk | kêtarik ing ati sabar ||

13. kang amilih-milih adil | amirang-mirang ing tindak | iku lêlarangan gêdhe | tinagih ing Sukmanăngsa | ing rèh sadargèng praja | yèn tan katrapa putrèngsun | ginrayang ing tyas tan arja ||

14. ya ta kusumaning adi | abêbisik mring Dyan Săngka | lah ta kakang sira priye | karsane jêng rama patya | pan samya kinunjara | tan pisah sira lan ingsun | rahadyan mangsuli sabda ||

15. sumăngga ing dika gusti | katrap sajroning kunjara | sok sampuna pisah bae | gêpah Rêtna Anjasmara | tandya matur mring rama | inggih sakarsa pukulun | kawula datan lênggana ||

16. sok sampuna pisah ugi | ulun lan Radyan Sêsăngka | rêkyana patih dêlinge | iya tan sun pisah sira | aran sêpadha-padha | tur dadi panrimanipun | yèn mati nunggil kuwănda ||

17. Dyan Sela Layang Kumitir | tan arsa mulat arinta | tansah amalengos [ama...]

--- 241 ---

[...lengos] bae | ya ta sang rêkyana patya | garwanya tinimbalan | praptèng ngarsa wus tinutur | ing sasanèskaranira ||

18. purwa wêsana tanapi | karsanira sang apatya | kang garwa asru tangise | nungkêmi mring putra sang dyah | sêsambatnya mlasarsa | nanging wus narimèng pandum | sarya panyêrênging raka ||

19. sêbdanira sang apatih | mara yayi pramèswara | Si Anjasmara dèn age | lêbokêna ing kunjara | lawan Si Damarwulan | nèng pungkur kori dèn kukuh | kuncinên saking ing jaba ||

20. dene kang parêpat kalih | si êmban lawan si enya | padha gandhèngên ing rante | dene kaki Layang Seta | Kumitir amèlua | manjing ing kunjara gupuh | lan ngrante si êmban enya ||

21. sêbdene parêpat kalih | pramèswari lumêksana | lan Dyan Seta Kumitire | wus kering Dyah Anjasmara | lawan Radyan Sêsăngka | parêpat êmbanira wus | dhatêng kubon pêpungkuran ||

22. Anjasmara lan dyan mantri | samarga kêkanthèn asta | awirandhungan lampahe | radyan arêrimong kunca | Yanghyang Parta sungkawa | singa mulat mijil kang luh | akèh ucape wanodya ||

23. kênaa dipun talangi | dukane rêkyana patya | sun gêlêm dèn sulihake | manjing sajroning kunjara | owêl Radyan Sêsăngka | lawan kusumaning [ku...]

--- 242 ---

[...sumaning] ayu | Rêtna Dèwi Anjasmara ||

24. sawênèh ujaring cèthi | iku si pilara apa | nèng kunjara tunggal bae | malah tan maro mêrtiga | nutug dènnya asmara | tunggil manèh nora sêngkut | angêntèkkên samatian ||

25. adoh elok dèn layari | samya larag-linaragan | iya amrih pêdhadhune | sun tatêdha ing jawata | sang kalih muga-muga | inggala angsal pitulung | luwar saking ing kunjara ||

26. ingsun kaul angladèni | nora kudu apa-apa | sok panèna mata bae | sawênèh ujaring janma | Sang Rêtna Anjasmara | mendah dene anonipun | anu lawan Dyan Sêsăngka ||

27. ya ta sêmana dyan mantri | lan sang dyah wus kinunjara | asri tinon lêlangsene | pêsareyannya apelak | tansah arêrangkulan | lan rakanta sang binagus | kadya mimi lan mintuna ||

28. narima ing Sukmana Di | katrap dening ing siyasat | labêting rèh tan krahayon | amurang tataning praja | nyidrani ing apatya | ing mangke wus praptèng pandum | mungkur ing Hyang Suksmanăngsa ||

29. ni êmban enya wus sami | rinante cinancang saka | tuwin kang parêpat karo | rinante cinancang sarya | binlanggu cinangkalak | kang gulu samya dhinadhung | tur êdug ingkang kinarya ||

30. sira Dyan Layang Kumitir | saklangkung [sa...]

--- 243 ---

[...klangkung] asiya-siya | dhumatêng Ki Nayagenggong | datan pêgat jinotosan | sarya dinulang lêmah | kinêbyokan ing kêmadhuh | sarya siniraman toya ||

31. Nayagenggong jêlah-jêlih | mêmisuh sarya karuna | sinêlanan alêlagon | Sêbdapalon tinerekan | angus mring Layang Seta | sinambêlan matanipun | sarya ingidonan dubang ||

32. Ki Sêbdapalon anangis | datansah apêngkêrêdan | sawiyah-wiyah pisuhe | ya ta risang pramèswara | Kumitir Layang Seta | wus kundur sing prênahipun | kadya mêntas mêgat nyawa ||

46. Mêgatruh

1. gênti ingkang kawuwusa sang hyang wiku | kang palênggah ardi Manik | sinuji ing jawata gung | wus băngsa dewa tan pêsthi | kèksi ing sasamining wong ||

2. ngraga suksma pan sampun wêngku-winêngku | tiningalan aningali | wignya amarna ing suwung | suwungira amimbuhi | sêkarèngira sih pawor ||

3. Sang Hyang Ruci brăngta ing kênyatanipun | atuwuk datanpa bukti | kawiryan sampun kêgadhuh | tan kêrana apiyarsi | tan guling tanpa kalêson ||

4. ing sadhepokira tan pêsthi kadulu | mujude kêlawan êsir | sirna kamanungswanya wus | bisikanira sang yogi | Hyang Bathara Murti kaot ||

5. Hyang Bathara iya ing Sang Hyang Suwendu | iya

--- 244 ---

Hyang Srêngkara Manik | Hyang Tunggul Winênang iku | iya Hyang Kumadhagiri | hya Hyang Ciptamaya kaot ||

6. Hyang Sêkăntha Hyang Gonaswara Sang Wiku | iya Sang Hyang Tunggul Manik | watak nawa sanga sampun | linênggahan ing sang yogi | ran paringing jawata nom ||

7. mila aran Bathara Murti Sang Wiku | angluhuri ing sakalir | mila ran Sang Hyang Suwendu | awas karsaning Sukmadi | kang durung kênyataning wong ||

8. mila Hyang Srêngkara Manik kang jêjuluk | langgêng wus mungkur sing pati | mila pêparab sang wiku | Hyang Tunggul Winênang dening | jinurung ing Hyang Suksmanon ||

9. malih Hyang Kumadhagiri kang jêjuluk | dene awrat kang dumadi | tan kungkulan kawruhipun | Hyang Ciptamaya wêwangi | wus wruh ing sakêrtêk ing wong ||

10. mila juluk Hyang Sêkăntha Sang Awiku | lamun ningali ing wêngi | cumbuh lan rainanipun | tan padhang sing surya sasi | tan pêtêng kalingan ênggon ||

11. apêparab Gonaswara Sang Awiku | wruh caturing widadari | myang pra jawata sadarum | miwah jin prayangan pari[4] | kapyarsa ing sang kinaot ||

12. mila Tunggul Manik ingkang ajêjuluk | awas ing warna piningit | wruh kang samya băngsa alus | singa kinarsan kaèksi | ing sawantahnya pasêmon ||

13. sangkêp lan babahan nawa sanganipun | pêparabira

--- 245 ---

sang yogi | têtêp-tinêtêpan sampun | trima-tinariman ing sih | sanganên sun ing dumados ||

14. wus ingulihkên mring kang akarya pandum | mila namanya sang yogi | pambêkta kalaning timur | Maudara tan kawarni | ing rèh jisim wus kagêntos ||

15. pamujudnya lawan kanugrahanipun | ing mangke sang maha yogi | kêcatur adarbe sunu | pêpujan kalaning nguni | pêparinging Hyang Sukmanon ||

16. alantaran Hyang Sêmbana Mayang Guru | Hyang Komajaya myang Ratih | ingkang pinuja binêsut | winujutkên warna kalih | Hyang Cakrakêmbang sêkaron ||

17. upamine sari ingambil kang arum | sêkarnya Hyang Asmara di | lan Ratih dening rumipun | kinarsan pinuja dadi | ing atma endah sêkaron ||

18. winadhahan ing kunthi tirta marta rum | Hyang Putra Kanekarêsi | iya Hyang Kaneka tumrun | maringakên punang kunthi | sawusnya binuka alon ||

19. kalih warna ingkang satunggal abagus | Tanpauna kang wêwangi | Yanghyang Kumajaya cumbuh | ingkang satunggal pawèstri | endah lan Ratih pan awor ||

20. Tanpauni anênggih ingkang rum-arum | sarining Hyang Kumasari | sarining sari pinrês kung | ing purwa atmajèng kalih | sajagad tanpantuk anon ||

21. dene Sang Hyang Kumajaya Ratih sampun | sinimpên anèng [a...]

--- 246 ---

[...nèng] swarga di | apan kantun sêkaripun | arume sampun tumitis | anèng sang yogi ingêmong ||

22. Hyang Tanpauna Tanpauni sang ing rum | nanging ta tansah piningit | nèng sajroning kunthi cupu | pêmbabarira anganti | ing jagad kang punang lakon ||

23. pan ing mangke Hyang Sêkăntha Sang Awiku | dahat kapêtêngan galih | rèhning nagri Majalangu | sigra Hyang Narada prapti | lan Hyang Endra sêbdanya lon ||

24. hèh ta babo mitraningsun sang awiku | prakara ing Majapait | atas karsaning dewa gung | titahing Sang Prabu Dèwi | lagya kinarya lêlakon ||

25. lan sêbdene yogyanira Damarsantun | lagya kinarsan dewadi | anglakoni ing kaswayun | ing rèh bakal mutêr bumi | mila sinung karya abot ||

26. kang supaya kinarya sasêpuhipun | ing sasêdyanira kaki | lir gluga sinusur santun | kawimbuhan ing pêrtapi- | nira atmanta sang anom ||

27. dhasar wijinira wus pinêsthi ratu | amarintah nungswa Jawi | imbuh kang puja măntra nrus | pamintanta ing Suksma di | iya pawong sanak ingong ||

28. wimbuh kungas tan ngluputi ing sakayun | nanging atmanta pribadi | misih kurang tapanipun | sayêkti anguciwani | awrat wong jumênêng katong ||

29. bênêr alusira wus pinêsthi luhur | raga durung nêmbadani |

--- 247 ---

akathah kuciwanipun | rèh padha rosane kaki | alus lan wadhag tan golong ||

30. kang sawênèh nugrahanta gowèng alus | wênèh kapurba sing jisim | rong prakara pajunipun | dene kang kalêbèng jisim | ing nguni alusira sor ||

31. nanging wadhagira kang pêrtapa bêntur | akèh tapane kang jisim | ana tapa kurang turu | ana tapa kurang bukti | ana tapa mrih krahayon ||

32. yèn si dhasar têmên-têmên ing dewa gung | aluse kapurbèng jisim | nadyan andhap sinung luhur | saking pamangsuding puji | sinung murah ing Suksmanon ||

33. kang sawênèh wadhag pinurbèng ing alus | tur asor wujuding jisim | ing pangrèh datan rahayu | sing têmên-têmênnya luwih | alus minulyakkên kaot ||

34. sadurunge wus pinêsthi băngsa luhur | kawasesa punang jisim | nugrahan pujining alus | sinung murah ing Suksmadi | iku pawong sanak ingong ||

35. utamane babo titahing dewa gung | nyawane nyawa kang luwih | tur papêsthèn băngsa luhur | jisime kang nêmbadani | tur warnanira kinaot ||

36. bêntur tapa sasolah ngrèh kang rahayu | wimbuh sinurung ing puji | utama puji kang wus wruh | awas ing kaanan jati | sumbaga palêmbaning wong ||

37. myang panggunggung sagung titah kang tumuwuh | tuwuhing rèh ngraharjani | lawan [lawa...]

--- 248 ---

[...n] sing dêrajatipun | tumindak nugrahan jati | marma pawong sanak ingong ||

38. putra dika Ki Damarwulan saklangkung | pinêrtapakkên ing bumi | sawab gêgadhangan ratu | aja kawisesèng budi | ing nyawa jisime golong ||

39. wadhag alus têrusa nugrahanipun | ywa kêrana dèn murahi | mulyaa lan tuhunipun | sêmbada lan kang pamuji | iya pawong sanak ingong ||

40. Hyang Suwendu wotsêkar umatur nuwun | Hyang Panji Nrada ngling malih | babo-babo mitraningsun | karsane Sang Hyang Pramèsthi | pan ing mangke kita kinon ||

41. manjingakên Si Tanpauna dèn gupuh | mring atmanta Damarsasi | dene Tanpauni iku | panjingna mring Prabu Dèwi | ing Maospait kêdhaton ||

42. Hyang Srêngkara wotsêkar umatur nuwun | sapakon dasih mèstuti | latah Hyang Manikmaya wus | mêsat lan Hyang Endra sami | sri natanira gumantos ||

47. Sinom

1. ya ta Sang Tunggul Ngasrama | wus marêm ing tyas mèstuti | mêsat dhatêng Majalêngka | gantya pinurcitèng Kawi | sira Dyan Damarsasi | kinunjara lan sang ing rum | Kusuma Anjasmara | kêlangkung dènnya lulut sih | anujuni ing dina Anggara Mulya ||

2. lingsir dalu wancinira | Dyan Săngka eca alinggih | kagyat duk kala tumingal | cumlorot saking wiyati |

--- 249 ---

ujwala mindha sasi | praptèng jro kunjara lungguh | gandanya sumrik kongas | titise ing sapta swargi | Dyan Sêsăngka mangrêp panêmbramèng sabda ||

3. pukulun sintên kang prapta | amêrpêki ing kaswasih | arum dêlingnya sang prapta | iya kêkasih dewadi | sira tanya mring mami | Sang Hyang Tanpauna ingsun | titising Kumajaya | piturun saking swarga di | babo arsa manjing marang garbanira ||

4. umatur Dyan Damarwulan | paran gèn tuwan margani | lan ing pundi prênahira | amanggèn sajroning jisim | rèhning wus pênuh sami | kagungane Hyang Suksma Gung | lan punapa kang marga | ing rèh samya darbe kardi | Tanpauna manêbda ing lesanira ||

5. umatur Radyan Sêsăngka | Hyang Pukulun lesan mami | rinowang nabda mring dewa | Suksmana kang luwih adi | Hyang Tanpauna angling | saking netra margèningsun | umatur Dyan Sêsăngka | pukulun netra ngong kalih | darbe karya mulat ing kaanan tunggal ||

6. Hyang Tanpauna ngandika | iya kaki saking kuping | umatur Radyan Sêsăngka | karnaningsun darbe kardi | myarsakkên swarèng bumi | tur swara saking dewa gung | Hyang Tanpauna nabda | saking grananira kaki | Dyan Sêsăngka umatur grana kawula ||

7. pan sampun adarbe karya | gănda pangwasaning Widi | tur ta dadya pêlawangan [pê...]

--- 250 ---

[...lawangan] | nêpsu têtalining urip | Tanpauna nglingnya ris | iya kaki saking êmbun | umatur Dyan Sêsăngka | êmbun kawula sayêkti | panggenane ing budi kang luwih mulya ||

8. Hyang Tanpauna ngandika | iya saking pusêr kaki | umatur Radyan Sêsăngka | pusêr kawula sayêkti | wus andarbèni kardi | nênggih pakumpulanipun | sagung kang samar-samar | kang alus sajroning jisim | anèng pusêr atas saking Hyang Wisesa ||

9. Hyang Tanpauna ngandika | saking jajanira kering | umatur Dyan Damarwulan | kang jaja kering sayêkti | pasênêtaning urip | kang urip lawan pangèstu | tur pangèstuning Suksma | prasasat Sang Hyang Suksmadi | angêdhaton anèng soring susu kiwa ||

10. Hyang Tanpauna ngandika | yèn mêngkono ingsun kaki | sira sun tunggu sing jaba | Dyan Săngka umatur aris | dadya datanpa kardi | tuwan arsa nitis mring sun | têmah wayang-wayangan | tanpa wor sarosing urip | tanpa karya ngêmadheyan sanès raga ||

11. ngandika Hyang Tanpauna | yèn mêngkono Damarsasi | ingsun manjing guwa garba | awor lan alusmu kaki | dene margèng sun yêkti | iya saka duganingsun | rèh ingsun sipat samar | măngsa kewuhana margi | Dyan Sêsăngka arum amangsuli sabda ||

12. inggih Sang

--- 251 ---

Hyang Tanpauna | pukulun nuksmèng jro jisim | kadospundi èsthanira | raga siji nyawa kalih | Tanpauna tan angling | Hyang Suwendu tandya rawuh | ngintip jawi kunjara | amèsêm Sang Maha Yêkti | myarsa dènnya umatur Dyan Damarwulan ||

13. dhatêng Sang Hyang Tanpauna | ya ta Sang Srêngkara Manik | pinêsu kang puja măntra | cinipta Dyan Damarsasi | sêksana anglimputi | Hyang Dewaruci wus rawuh | mijil saking ing grana | kumutug raga tan kèksi | wus kagêntyan ing mujude Ruci brăngta ||

14. Dyan Săngka sampun murcita | kalimputan dene ing sih | wêrăngka manjing curiga | curigane Dewa Ruci | Hyang Tanpauna aglis | ingatak dhatêng sang wiku | payo klayatan apa | Tanpauna dipun aglis | lah rasukên aluse Si Damarwulan ||

15. dènnya nabda sang pandhita | sinurung lawan sêmèdi | ginêlak sing puja măntra | Sang Hyang Tanpauna aglis | ngrasuk mawor manitis | wimbuh-kawimbuhan sampun | karo-karoning tunggal | lir kilang pawor lan manis | padha alus-aluse tanpa wangênan ||

16. pawor punang cipta rasa | rasane wus dadi siji | Tanpauna Ruci brăngta | kalimputan ing Suksmadi | ing yanghyang dewa luwih | kang mêngku saliring suwung | suwunge wus kênyatan | ing aluse Damarsasi [Da...]

--- 252 ---

[...marsasi] | alusira jumênêng kêlawan wadhag ||

17. wadhagira Dyan Sêsăngka | sangkane jumênêng urip | uripe tanpa kêrana | kêrana Dyan Damarsasi | kang nêmbah kang amuji | marang iya pujinipun | liya Dyan Damarwulan | tan beda sagunge urip | namung kari kang êsih kasrah kewala ||

18. maha wiku tandya mukswa | ya ta Radyan Damarsasi | ragane wus paripurna | alusnya wus angêrsêpi | mujud kalawan jisim | ya ta sira sang binagus | cêngêng duk kalênglêngan | rumasuk kalawan ing sih | sumyar-sumyar kang cahya saya gumawang ||

19. kadya ta purnama wulan | sumyak manglela nêlahi | padhang sajroning kunjaran | kungas kang gănda mimbuhi | asor jêbat kasturi | sarining Hyang Kumasantun | dewa mulya ing swarga | pinujwa ingkang wêwangi | wus karasuk ing Radyan Damarsêsăngka ||

20. ya ta Rêtna Anjasmara | sadangonira aguling | sarêng nglilir kagyat mulat | padhang sajroning piranti | kasênênan cahyaning | rakanta Dyan Damarsantun | mêncorong kadya wulan | sêdhênge purnama sidik | tanpa gănda arume ngêbêki papan ||

21. ngungkuli wangining sêkar | ambar lan jêbat kasturi | kênyataan ruming swarga | saking sih nugrahan jati | sang dyah saya lulut sih | ing rakanta sang binagus | sang dyah tan nyipta krama | ing sama-samining

--- 253 ---

janmi | anggêpira angabdya jawata mulya ||

22. sêbdene ni êmban enya | tanapi parêpat kalih | kagyat mulat jro kunjara | anyana katiban sasi | saha gănda sumyak mrik | samya anjêngêr duk dulu | wêkasan suka ing tyas | rumaos badhe angsal sih | samya sukur ing Maha Hyang Suksmanăngswa ||

23. malih ingkang winursita | maha sang narendra putri | [...]nsah èsmu sungkawa | sare anèng măndrakini | lami datanpa guling | lagya ing mangke sang ing rum | eca dènira nendra | pinêtêkan Rarasati | Prabu Rara amujung kampuhnya jingga ||

24. andungkap bangun raina | Rarasati datan guling | kagyat aningali cahya | lir wulan saking wiyati | kungas gănda nrus minging | angambar ambêtira rum | cumlorot tibèng jajan- | nira sang narendra putri | Prabu Rara amurub sariranira ||

25. katar-katar kang ujwala | mawulad jroning jinêmrik | sumuk ing sadhatulaya | Rarasati anungkêmi | cêngêng lênglêng ningali | kanikmatan ing sumrah rum | kadya datanpa jiwa | kasor ingkang cahya adi | tandya wungu maha Sang Prabu Wanodya ||

26. pêpungun carêming driya | driya kadriyan sumrah mik[5] | upama lêbu katiga | kasoka bêntèr ing rawi | tandya katiban riris | siram-siram sing

--- 254 ---

tawang rum | rumêsêp kanikmatan | nikmating sih jawata di | duk pawore Tanpauni lan alusnya ||

27. ketang sajroning supêna | lir samêloknya kaèksi | sukur ing Hyang Suksmanăngsa | karênan pinawor ing sih | matur Dyah Rarasati | duk mirsa kang cahya murub | cumlorot sing awiyat | tibèng jaja lir kabêsmi | manrus sumyak jinêmrum dadya pawaka ||

28. Prabu Rara angandika | sêjatine ingsun ngimpi | rinasuk ing widadarywa | aran Sang Dyah Tanpauni | sarining Dèwi Ratih | pinujwa dening dewa gung | kinèn anitik mringwang | sawuse pawor lan mami | rasa roro wus dadi karoning tunggal ||

29. yayi ing cipta manira | ingsun ya Ratih ing swargi | Tanpauni iya ingwang | Kêncanawungu ya mami | tur sinung gănda mami | kênyataan ing swarga gung | kumaraning kayangan | Hyang Cakrakêmbang ing swargi | pustakane wus kagadhuh marang ingwang ||

30. iya ta măngsa bakala | nguni Hyang Kanekarêsi | ingutus Hyang Jagadnata | marna karsaning Suksmadi | baya mèh amêkasi | lêlakon ing Majalangu | cahyane wus tumiba | kang bakal mangkurat Jawi | duk ing ariloka wus têtanggon ingwang ||

31. ing sapta-sapta panjapma | yayi tan wurung kêpanggih | pangajapan ingsun tawang | kang piningit ing dewadi | sêbdene sira yayi |

--- 255 ---

baya pinêsthi dewa gung | barêng mukti lan ingwang | anduwèni Majapait | nora bakal labuhi lêlakon ingwang ||

32. rèhning ta sira tumingal | praptèng sun sarya bêkta sih | nugraha jati wasesa | pan ing têmbe sira yayi | barêng lara lan mukti | Rarasati matur nuwun | ing tyas marwata suta | Rêtna Dèwi Rarasati | langkung dènnya kapencut ing madu brăngta ||

48. Dhandhanggula

1. kawuwusa enjing Prabu Dèwi | samya cingak sagunge kang mulat | gumilang-gilang cahyane | ngambar gandanira nrus | sakêdhaton ing Maospait | pênuh kèbêkan raras | sira sang lir santun | samya anyana ing manah | Prabu Rara katurunan nugrajati | sinung sihing Suksmana ||

2. duk sêmana Ki Menak Giyanti | lawan sira Răngga Minangsraya | sampun katur ing lampahe | radyan kalih kêcakup | miwah wadya ing Maospait | kathah longe kang pêjah | wong wetan sayanglut | dene têtindhihe lampah | Angkatbuta Kotbuta digdayèng jurit | bala wêndran ayutan ||

3. malah sampun ngancik ing Kêdhiri | mambêng Kalangbrèt Trêsana Ngrawa | ing Wajak wus nungkul kabèh | sarêngat wus kêcakup | kang pra menak lumayu tintrim | ngumpul mring Majalêngka | kawratên ing mungsuh | dhasar ajrih ing tilasnya [tila...]

--- 256 ---

[...snya] | kawimbuhan rinêmpak kiwul tan pulih | kosik kambah kabêrkah ||

4. sarêng katur mring Sang Prabu Dèwi | sakêlangkung sang dyah dukanira | ing para dipati kabèh | nanging wusananipun | wus sumendhe ing dewa luwih | sasolah bawaning rat | kawêngku dewa gung | wimbuh Sang Prabu Wanodya | mawangdeya amayang suciptèng brangti | ika ing têtanggonnya ||

5. nguni batangnya Hyang Mayamanik | Panjiputra iya Hyang Narada | duk mêksihnya Rănggalawe | nguni sampun tinutur | dènnya krama abantên jurit | sarah wukir kêpala | asamodra marus | ing mangke wus kalampahan | kawimbuhan Tanpauna Tanpauni | wus tumrun Majalêngka ||

6. punang cahya sampun amanjingi | mring sang lagya winayang ing dewa | nanging kasamaran mangke | Tanpauna trusipun | mila Sang Dyah Sri Nata Dèwi | mawas-mawas ing tawang | nawang-nawang luhur | titise Hyang Tanpauna | duk sêmana Kusuma Sang Prabu Dèwi | kapêtêngan ing driya ||

7. tandya minggah ing sanggar panêpi | ananuwun ing Hyang Suksmanăngswa | ing rèh wagugên ing tyase | sigra Hyang Nrada rawuh | gya nêmbrama Sang Prabu Dèwi | hong Sang Hyang Siwahboja | sing netra kadulu | nirdahna pinaron sêbda | dêrman dêrma surup ing nata prayogi | Hyang Carik Widinagra ||

8. linging [ling...]

--- 257 ---

[...ing] Nrada hong sirantuna sih | sah-asaha migêna namuna | iya kasihing Suksmanon | babo ingsun ingutus | dene Sang Hyang Jagad Pramèsthi | apa ta karanira | kita yogyèng ulun | sira amêmuja brăngta | amintaa kamuktèn sira wus mukti | mintaa warna endah ||

9. sira nini wus luwih sabumi | sakurêbing akasa tan ana | kang mèmpêr mirib dhèwèke | apa ingkang sinuhun | ing Hyang Suksma nungswèng dewadi | umatur Prabu Rara | inggih Hyang satuhu | nagri Majalêngka risak | yèn tan wontên pitulunge hyang dewadi | dasih langkung sungkawa ||

10. hong Hyang Siwahboja lawan malih | sintên ingkang mapag Menakjingga | kêlangkung surèng palugon | andêl kawula sampun | tatêlasan kuciwèng jurit | lan Sang Hyang Siwahbojya | dasih minta wêruh | ing Sang Hyang Padya Bathara | sintên titah kang dadya têtanggon mami | angling Hyang Panji Nrada ||

11. babo-babo kasihing Suksmadi | kêkasihing Sang Hyang Jagadnata | Samba kasih jwata kabèh | babo kêkasih ulun | aprakara rusake nagri | lagya kinarsan dewa | jawata kang agung | iya saiki mangsanya | Hyang Suksmana anitahakên prajurit | tur kêkasihing dewa ||

12. tur ta bakal ingkang amêjahi | iya maring bêthuh Menakjingga | Tanpauna [Ta...]

--- 258 ---

[...npauna] panitise | sang dyah duk myarsèng wuwus | sira Sang Hyang Kanekarêsi | ing tyas marwata suta | sêksana umatur | inggih Hyang Padya Bathara | Tanpauna sintên ingkang dèn titisi | tanapi wêwanginya ||

13. lan ing mangke sang hyang wontên pundi | titisira Sang Hyang Kumajaya | latah Hyang Nrada dêlinge | lah aja nini ratu | sira tanya ingkang wêwangi | dene ing prênahira | adoh yèn rinuru | ya iku têtanggonira | sapa si wong ingkang bisa amatèni | maring Si Menakjingga ||

14. iya iku Hyang Asmara yêkti | Tanpauna kinarsan ing dewa | tur ta jodhonira dhewe | Ratih asmara nurun | angêdhaton ing Majapait | Sang Hyang Narada mêsat | ya ta sang lir santun | wus marêm ing galihira | ya ta gênti ingkang kawuwusa malih | Dyan Arya Menak Koncar ||

15. lan arinya radyan putra Tubin | samarga-marga dènnya lumampah | asri tinon dêdamêle | sagarwa sêlir daut | dhatêng nagri ing Maospait | datan kawarnèng marga | sêmana wus rawuh | têlatah nagari Daha | kawarnaa Kotbuta Katbuta Patih | kang samya pêmbarisan ||

16. sawetannya nagri Maospait | sakidulnya wus beluk sadaya | wus pinacak bupatine | ana pinara têlu | kang sawênèh ingkang nagari [na...]

--- 259 ---

[...gari] | ana pinara lima | myang pinara wolu | wênèh pinara sadasa | kyana patih baris anèng ing Kadhiri | parintahnya Sri Bêsma ||

17. tan linilan ngrêmpak Maospait | kinèn angênês-ênês kewala | Prabu Rara dêdimèkne | nungkul sangkaning alus | Angkatbuta Kotbuta Patih | tansah sinidhigara | rina wêngi nayub | kang gêndhing munya gumêntar | para menak dhaèng răngga lan ngabèi | tansah kasukan-sukan ||

18. saya kathah andêle ing jurit | sabên aprang macak răngga menak | kang kêtonton ing karyane | sêngkut krah lawan mungcuh[6] | Singăndara pun Gajahsrênggi | lan Menak Trajudhêndha | Menak Dhêndhakètu | lawan Menak Prajugana | Antulaut lan Wedangsêgara tuwin | myang Menak Gala-gala ||

19. pun Dikwaja lan Menak Pêrmuni | Suradikya lan Dikyasêmbawa | pun Bubutbêsi jajare | lan Menak Sandhugunung | Samparmega Mêndhungjêladri | lan Menak Citrajatha | Menak Citrabêsu | Basukènta Kentalaba | Babuksura Surajatha Jalakgadhing | lan Menak Godhogwedang ||

20. Mangrupêksa Drupêksa Wilpati | lawan Menak Brajawila miwah | pun Kêndhangantru jajare | Menak Kêndhanggumulung | Malangkrêndha myang Darubêsi | myang Menak Calakutha | Mênak Setankêmbung | lawan Menak Karungkala |

--- 260 ---

Suraracun Lêmbugiyêng Patha-pathi | Menak Malangsêmbawa ||

21. Kêbo Gêdrug Kêbo Wora-wari | Kêbo Singat asingat sadasa | pun Branjangkawat jajare | lan Menak Sambangjagur | Têpakmuka lan Carukbêsi | lan Menak Tracakwaja | Menak Babaksalu | lawan Menak Drêmbamawa | Menak Carang lan Menak Gêsêngbaruci | lan Babah Amatasra ||

22. pan sadaya gêbêngan dipati | nora tampik singa kang digdaya | dadi menak răngga dhaèng | ngêracak samya têguh | sura-sura tur wani mati | cêkak para sumbungan | ing pakarya labuh | sadaya wong Bêlambangan | samya kurang dêduga akaduk wani | wantêr tur bêrangasan ||

23. dyan kêsaru wong Pêcalang prapti | ngarsane patya agurawalan | atur uninga lampahe | Dyan Menak Koncar rawuh | têlatahnya nagri Kadhiri | anrajang pêmbarisan | wadya lit kèh larut | kang samya ngadhangi marga | kathah bubar kang sinêrot sirna gusis | wênèh kêcandhak pêjah ||

24. maju pêjah ingkang mundur kanin | samya sinêrang wadya Lumajang | Dyan Menak Koncar lampahe | arsa mring Majalangu | sarya bêkta atmajèng Tubin | sagarwa sêlirira | samarga asêlur | sira Buta Angkatbuta | duk miyarsa bramatyanira tan sipi | sigra suwarèng bala ||

25. sarya têngara mangrêmpak [mangrêmpa...]

--- 261 ---

[...k] jurit | swara gumrah lir ombak samodra | sigra daut sawadyane | para menak tumênggung | răngga dhaèng miwah pra mantri | kadya sêkar sêtaman | samarga anggêrgut | kadya buta amêmăngsa | rêbut dhucung dhasare mangrobi tandhing | tan sêdya mundur ing prang ||

49. Durma

1. kawuwusa Radyan Arya Menak Koncar | ingkang lagya lumaris | lan arinta radyan | datan kandhêk lampahnya | binendrong samargi-margi | makawal sarywa | lumaku ngincih pati ||

2. saprandene wadyabala Bêlambangan | kèh longe kang ngemasi | wadya Trunalanang | mamuk sarya lumampah | manèdhèng mamiring-miring | singa sinêrang | wong wetan akèh mati ||

3. garwanira Radyan Arya Menak Koncar | miwah kang para sêlir | tuwin arinira | Sang Dyah Kalpikawatya | myang Rêtna Kalpikaningsih | sadaya samya | mênggêp nitih turanggi ||

4. apratistha abusana cara priya | wênèh sikêp jêmparing | kang sawênèh tinggar | myang tulup pasêr upas | angracak kang para rabi | wasising kuda | datan anguciwani ||

5. binendrongan sing pungkur eca lumampah | wênèh kang para sêlir | rêrêpèn wangsalan | wênèh akêkidungan | sawênèh nêmbang mênyanyi | ingkang satêngah | lêlagon rêbut manis ||

6. kang

--- 262 ---

pinisah namung garwa Mantarsêkar | tunggil lawan dyan mantri | mêkasi ing wuntat | sarya asikêp panah | yèn sinawang langkung pêkik | tuhu bêranyak | tan măntra lamun èstri ||

7. kang kêcina namung mungale kang jaja | yèn nuju kênèng mimis | kumêtèp tan pasah | eca ngêntragkên kuda | amanis sarya angliring | pan samya sura | sinawang lir wong ngrangin ||

8. radyan arya ing galih marwata suta | rinrapkên kang turanggi | mangrangkul mangaras | yèn kalanira bênggang | gêguyon amain liring | Dyan Menak Koncar | ambancèr saya bênthing ||

9. dhasar moncèr anglancur tur kasêmbadan | ladake mrakatèni | cênanang-cênanang | dhasar bocah rêrendan | pêradan tur wani mati | wong sêsongketan | bocah sinrasah rukmi ||

10. Dyan Buntaran tansah matur ing rakanta | kangmas suwawi jurit | sampun amêmirang | ingêdrèl datan lawan | suwawi alabuh pati | Radyan Watangan | gêpah nambungi angling ||

11. kangmas arya lêrês ature rayinta | suwawi magut jurit | sinurak ing mêngsah | satriya lumuh ing prang | mèsêm Menak Koncar angling | lah ta yayi mas | tan enak wong ajurit ||

12. ing sapapan-papan dununge wong aprang | winawrat lan kang tandhing | saecaning lampah | wuruk-wuruk ing lawan | dene sapunika

--- 263 ---

yayi | mêngsah wong rucah | tur karoban ing tandhing ||

13. tanpa damêl rayi mas ngantêp ing yuda | mungsuhan lan brêkutis | tanbuh kang rinêbat | bonggan yèn têkèng tiwas | rêbut balung tanpa isi | yêktine kalah | ingsun lan Menak Anjing ||

14. angur baya yayi angarasa garwa | sumrah kêraswèng kucir | gliyak-gliyak prapta | nagari Majalêngka | gampil wong acampuh jurit | yèn wus kêlakyan | luwar ingkang punagi ||

15. ari kalih umatur inggih kakangmas | sakarsa ngong lumiring | mèsêm Menak Koncar | mangwuh mring Mantarsêkar | dhenok si nonah lu panggil | kumari lêkas | adha pakêrja lêbih ||

16. Mantar nonah angrapakên kang turăngga | nimbali ari kalih | Dyah Kalpikawatya | Kalpikaningsih prapta | sarya ngêntragkên turanggi | ngasta gandhewa | cumênthèng sarêng angling ||

17. apa gawe kakang ingsun sira undang | mèsêm dyan arya angling | nonah rinta radyan | kasihna sirih nonah | cape bêrjalan saari | biyarnya kuwat | dhikasih obat murni ||

18. sang dyah kalih mlengos angrawati tingal | èsmu mèsêm dènnya ngling | gawokan si kakang | wong anèh nora lumrah | bok sinung gantyan pribadi | sun sêngguh apa | alatah radyan mantri ||

19. Dyan Buntaran Watangan saya kasmaran | ningali [ninga...]

--- 264 ---

[...li] sang dyah kalih | amèsêm rahadyan | sarya ngêtutkên tingal | sang dyah kalih wangsul aglis | mring prênahira | sarya ngêntragkên wajik ||

20. radyan arya mèsêm sinamur ing netya | duk ngêliring dyan kalih | sira Gathul Dêmang | netra kumêdhèp tismak | aningali sang dyah kalih | wasising kuda | warna lir Yanghyang Tulis ||

21. de warnanên sira Buta Angkatbuta | sakancanira prapti | angodhol mring radyan | lampahira ginêlak | surak lawan ngrutug bêdhil | têngara gumrah | lir udan sinêmèni ||

22. Menak Koncar gya kèndêl dènnya lumampah | lan garwa Mantarsari | myang atmajèng Tuban | ngabani Trunalanang | wong rongpuluh ambêk pati | kang anèng wuntat | samya asikêp biring ||

23. radyan arya tanapi dyan putra Tuban | samya sikêp jêmparing | lumêpas lir jawah | wong wetan kathah pêjah | kang manurung dèn tadhahi | mring Trunalanang | campuh rok silih ukih ||

24. gênti wawal-winawal gêbang-ginêbang | tumbak-tinumbak wanti | wong wetan kèh pêjah | wong Trunalanang panggah | namung kuda kathah mati | mangamuk dharat | lir banthèng tawan kanin ||

25. para dhaèng para răngga para menak | samya tandang ing jurit | majêjêl manrajang | manglambung kering kanan | dyan arya lan Mantarsari | sira lumêpas | tibane [ti...]

--- 265 ---

[...bane] lir gurimis ||

26. Kêndhangantru napung ngaliwung ing pêdhang | Trunalanang nadhahi | manumbak tan tatas | Kêndhanggumulung ngrêmpak | tinumbakan nora osik | Radyan Buntaran | manrot mêdhang anitir ||

27. sira Kêndhanggumulung wus tinadhahan | lan Watangan caruk kris | nèng luhuring kuda | kèkèt mangrênjah panta | goco-ginoco manitir | dhupak-dhinupak | radyan arya nulungi ||

28. sira Kêndhanggumulung muka tinêpak | ing radyan arya aglis | dene ing gandhewa | têdhas pêjah wus sirna | Menak Gala-gala ngincih | ing Mastarsêkar | panumbaknya tinangkis ||

29. ing gandhewa watang putung narik pêdhang | Mantarsari nglêpasi | ing tikswara tandya | Gala-gala kang jaja | kapranan nanging tan titis | kontal sing kuda | dyan arya anulungi ||

30. sigra nandêr manglayang saking turăngga | Gala-gala kang wèni | jinambak sinêndhal | mlocot kuliting sirah | nglumba tandya dèn riyaki | kêpala nratas | anjungkêl wus ngêmasi ||

31. angunduri wadyabala ing bang wetan | kawarnaa ing ngarsi | linambung ing mêngsah | tadhah wong Trunalanang | caruk wor asilih ukih | tumbak-tinumbak | tinggar-tininggar gênti ||

32. caruk kèkèt macangklèt pêdhang-pinêdhang | wênèh wakris-winakris | asêndhal-sinêndhal |

--- 266 ---

swaranya lir ampuhan | pating barêkuh wong kanin | sêbrak rêkatak | swara pating carêngkling ||

33. mamuk mamrêm wong Trunalanang magalak | singa sinêrang mati | wus mundur wong wetan | răngga dhaèng mangrêmpak | pra menak angantêp jurit | mangsah magalak | Trunalanang tan osik ||

34. para garwa pra sêlir samya prayitna | rakit magolong pipis | samya lêlumbungan | pangêdrèlnya tan pêgat | wênèh ngudani jêmparing | wong Bêlambangan | singa mangrêmpak mati ||

35. maju pêjah kang mundur atawan brana | pra menak kathah mati | ingurugan tinggar | wênèh pinasêr ngupas | wênèh ngudanan jêmparing | maju katulak | durung kacundhuk lalis ||

36. saya giris wong wetan kathah kang pêjah | kadya babadan pacing | Malangkrêndha Gajah- | srênggi wus samya pêjah | mangrupêk saha ngêmasi | pun Suradikya | Dikyasêmbawa mati ||

37. Singandara Macanlaut samya sura | gèbèg katiban mimis | mamrêm ngrik lumumpat | milar mangikal pêdhang | tinumbakan nora osik | wong Trunalanang | bubar tan măngga pulih ||

38. para garwa pra sêlir masêr maninggar | wênèh ngrutug jêmparing | Macanlaut panggah | Singandara mangrêmpak | Sang Rêtna Kalpikawati | nglanjak sing papan | tan ngantèni ing wuri ||

--- 267 ---

50. Pangkur

1. wus têlas jêmparingira | narik pêdhang Sang Dyah Kalpikawati | pun Singandara manubruk | sarya mangikal pêdhang | kudanira sang dyah kinêcètkên mamprung | manglayang manambêr pêdhang | kumêlapira lir thathit ||

2. pun Singandara pinêdhang | mukanira jungkêl nanging tan titis | dyan arya awas andulu | ing ngarsa păncakara | Mantarsêkar Buntaran Watangan sampun | nandêr angêmbat turăngga | ya ta malih kang winarni ||

3. makrudha pun Singandara | giro-giro lir buta măngsa daging | Kalpikawati magupuh | nabêt mangalap-alap | Singandara nangkis pêdhang kalih putung | rikat samya narik katga | Singandara dèn larihi ||

4. mila manuduk turăngga | kuda rêbah sang dyah malumpat aglis | Radyan Buntaran têtulung | wus anjok saking kuda | kuwêl kèkèt lan Singandara mawaglut | goco-ginoco tan pasah | Macanlaut angêmbuli ||

5. rinêbut mring radyan arya | lan Watangan Macanlaut kinalih | tinabok mukanya rêmuk | ya ta Radyan Buntaran | dangu cangklèt lan Singandara masangkut | radyan tinangsil binuncang | Menak Koncar anulungi ||

6. lumumpat saking turăngga | pyuk maputêr Singandara pinuntir | kang kiswa salang sinuduk | tatas wus kapisanan | Dyah Kalpikawati [Kalpikawa...]

--- 268 ---

[...ti] dharat dènnya ngamuk | pinapat ing Dyan Buntaran | sang dyah gya pinondhong aglis ||

7. Menak Koncar gumya latah | lêbur tiwas dagangan kocar-kacir | sang dyah tinitihkên gupuh | ing kuda Dyan Buntaran | sasisane pati wong wetan asumyur | Buta Katbuta umangsah | nanging kêsaput ing wêngi ||

8. tandya sapih kang ayuda | Menak Koncar laju mring Maospait | wong ing Bêlambangan mundur | dhatêng kitha ing Daha | de warnanên Urubêsma Sang Aprabu | sinusul mring sang pandhita | Hyang Pamênggêr Maha Rêsi ||

9. pitutur lir cocak măngsa | sarya erang-erang têpa palupi | ingkang putra rinarimuk | kinèn bubarkên aprang | sarya murungêna dènnya darbe kayun | anggarwa Sang Prabu Rara | Sri Bêsma bêndu tan sipi ||

10. tansah agèdhèg kewala | Hyang Pamênggêr juwêt amituturi | risang maha ratu ayu | ratu musthikaning rat | ambêk santa budya marang krama putus | aja sira mêmungsuhan | lan prabu ing Maospait ||

11. tan wun yèn manggih bêbaya | kumalungkung buwang nalaring gusti | ing satêdhak turunipun | pantês sira sumewa | duk ing swarga Brawijaya Sang Aprabu | sira wong ginawe mulya | ing mêngko amindakani ||

12. tangèh yèn nêmua arja | yèn wong mumpung-mumpung angrusak niti | bêkus Sri Bêsma agangsul [agang...]

--- 269 ---

[...sul] | gawokan sang pandhita | anggung gawe Brawijaya kang wus lampus | tan liya kinudang-kudang | beda mangke lan ing nguni ||

13. Sang Hyang Pamênggêr angucap | nora bena[7] ratu nyawaning bumi | biyèn ratu mêngko ratu | maksih agêlar mulya | nitikrama ing wisesa among tuwuh | tur sinihan Hyang Wisesa | kinamulèn widadari ||

14. awit baboning manungswa | Hyang Sis Cahya Nurrasa Hyang Pramèsthi | prapta ing saturunipun | ingkang jumênêng nata | wus pininta mring Hyang Suksmana kang agung | nora kêna sinêlanan | ing titah kang băngsa dasih ||

15. ing tyas nora kêna pêgat | nora kêna sira angrusak gusti | tan linilan ing dewa gung | kaki prabu elinga | tanah mulya ing nagari Majalangu | ratune ratu utama | musakani nungswa Jawi ||

16. Sang Urubêsma manêntak | ting kalêpyur idune dènira ngling | Hyang Pamênggêr ramaningsun | sampun kakehan ujar | amunduran glar pambêk ginunggung-gunggung | ugêr ingkang wus kaana | kawidibyan sura sêkti ||

17. ing mangke sapa kang năngga | ing payudan nênggih dhatêng ing mami | Maospait andêlipun | namung Dipati Daha | sêprandene tan năngga ing yudaningsun | sêbdene Dipati Tuban | ing adat sura sinêkti ||

18. ing mangke wus têkèng pêjah | tan kuwawi amungsuh lawan [la...]

--- 270 ---

[...wan] mami | wong Majalêngka sadarum | cawêta lan èstrinya | godhong wringin dadia mungsuh sadarum | kêrigên cindhile abang | sayêkti ulun tan wêdi ||

19. lan malih Sang Prabu Rara | datan ingsun suprih ingkang rudatin | supaya arsaa mring sun | sampun kêlawan aprang | mangke rusak nagari ing Majalangu | pan wus jinarag priyăngga | tan arsa amilih bêcik ||

20. andêl-andêl Hyang Suksmana | têmah rusak nagari Maospait | dene datan atêtulung | dewa ing Suralaya | amajua sayêkti ulun tan takut | dewa busuk wuta mamak | wania mungsuh lan mami ||

21. Sang Hyang Pamênggêr angucap | kaki aja akèh-akèh dènnya ngling | basa Hyang Suksmana luhur | tan asih ing wong arda | tindak luput kêkêl ing kamurkan di gung | kang pinilih wong utama | kang tumindak lawan niti ||

22. kang sumrasah ing kraharjan | angarjani ing sasamining janmi | ingkang bisa nimbang wuwus | wuwus kang bêcik ala | kang sumingkir sabarang kang tan rahayu | iku pinilih ing Suksma | pra jawata angasihi ||

23. babo kaki putraningwang | payo mulih maring Blambangan nagri | urungna dènnya mrih pupuh | pan iku gustinira | pan sayêkti gusti kêdhik luwangipun | wong balila nêmu mulya | satêmah anyilakani ||

24. wilalat ingkang pinanggya [pinang...]

--- 271 ---

[...gya] | atas sira abisaa sayêkti | tan kêna rumêngkang kayun | măngga ing rèh tan arja | kaya sira arsa garwa ing sang ing rum | garwanira kurang apa | bok aja karsa ing gusti ||

25. dene-dene kêtampana | pênglamarmu kaki mring Prabu Dèwi | wuta dêksura ing pandum | sira aparipêksa | bok si aja punggal marang ratu ayu | iku kêkasihing Suksma | pra jawata ngrêksèng bumi ||

26. widadari mèstu deya | pra pandhita jrih lulut gung kang puji | wong sabumi winong tuwuh | yèn ampuh upatanya | tur ta sira kaki tan nêmu rahayu | Sri Bêsma saya bramatya | de sudarma asru kingkin ||

51. Asmaradana

1. jaja bang lir mêtu gêni | nênggih Risang Urubêsma | andik ngantirah netrane | nuju pinrak kursi samya | lawan sudarmanira | kaya anyuduka gapruk | pan saking sangêting duka ||

2. pawohanira binanting | sêbarang cêlak sinepak | Sri Bêsma sugal wuwuse | dene ta kaliwat-liwat | kaya mêdèni bocah | sadaya wong Majalangu | sapa kang wani maringwang ||

3. sintên-sintên wong aurip | kang kasongan ing akasa | kang sinăngga bumi kabèh | ratu kang animbangana | dhatêng pun Urubêsma | Blambangan prawira têguh | kyating rat misiswèng jagad ||

4. angrêmak ing Maospait |

--- 272 ---

amondhong sêsotyaning rat | iku èstri ungas bae | durung wruh ing tog manira | basane lumuh krama | tumruna Bathara Guru | mambêngi ingsun tan kêna ||

5. Hyang Pamênggêr Maha Rêsi | sabdanira èsmu waspa | ambêkuh dhuh putraningong | tan ana kang dadi cacad | ratu soca ludira | nanging ana mangsanipun | pêsthine kang linakonan ||

6. kang tan pantês dèn lakoni | sayêkti anganggo măngsa | amriyoga barang gawe | ana sudira utama | ana sudira nistha | sudira kang nistha iku | pantês aja linampahan ||

7. sudira tibèng utami | pantês linakon ing aprang | iku kaki utamane | sira wêdi mêmungsuhan | lawan ing gustinira | nora dadi nisthanipun | malah dadiya utama ||

8. dene ta Sang Prabu Dèwi | pusakane tanah Jawa | ambêg santa budya sumèh | barang rèh ingkang tan arja | amung amrih utama | risang maha ratu ayu | sinăngga rinêksèng dewa ||

9. yêkti yogya dèn singkiri | arda misisèng[8] utama | dadya wruh bênêr têgêse | nora dadi nisthanira | dene amilih mêngsah | êndi Ratu Majalangu | bathara angejawantah ||

10. kabèh kang para dipati | tan ana lir nungswa Jawa | Maospait têtunggule | pininta-pinta ing dewa | musakani utama | nadyan [nadya...]

--- 273 ---

[...n] èstria sang prabu | iku sinihan ing Suksma ||

11. tan ana wong amrih luwih | darbe polah kaya sira | anggung sikara karêpe | margane yèn waluyaa | ngrusak ing gusti tama | wong murka mungsuh rahayu | tangèh mênanga kang murka ||

12. lamun sira wurung jurit | ngarsani Sang Prabu Rara | wong pandhita bungah kabèh | miwah sawawêngkonira | sadaya manglêmbana | sêntana myang anak putu | miwah ratu liya-liya ||

13. suka tur wuwuh pakering | rèh nêtêpi babênêran | yèn wurung juritmu anggèr | yêkti ingaran waspada | amilih-milih mêngsah | dene kang têtêp dèn mungsuh | ing waweka wus têtela ||

14. dadya wruh ing ala bêcik | nadyan dewa suralaya | padha suka bungah kabèh | yèn nimpang ugêring sastra | mirungga amrih arda | yêkti manggih papa agung | rusake sagung manungsa ||

15. lah sapa ingkang tinagih | ing dewa rusake praja | tan lyan marang purwakane | labête kurang waspada | pitambuh ing wêweka | kaya ta upamanipun | kaki jênênge narendra ||

16. anggêpe wadya yèn jurit | sagung kawulaning raja | tumindak lawan sêpakon | yèn ana punggawa tiwas | anèng têngahing papan | nututa kêlawan tatu | sayêkti pan dudu titah ||

17. băngsa kewan iku kaki | dudu [du...]

--- 274 ---

[...du] jinising manungsa | tan pantês ingabdèkake | saturune aja cêdhak | lawan jênênging raja | wong jêmbêr abăngsa asu | tan pantês awor manungsa ||

18. iku alane wong jurit | atinggal mungsuh adêgan | binirata saturune | yèn ratune wus wêweka | lamun durung wêweka | bênêr wong tinggal ing ratu | pan saking tiwasing raja ||

19. pan ing mangko sira kaki | angamuk punggung kewala | yèn ta bubara balane | yêkti apantês kewala | lawan durung wêweka | ing pamruh durung ginilut | agah kakehan ing karsa ||

20. pira-pira wani mati | sagung wadyabalanira | tur iku pêngluru bae | saking murahing jawata | nanging wawêkasira | tan kaya dhasar rahayu | tur awas wahyuning raja ||

21. Sri Bêsma kang waja gathik | sarêng miyarsa ing sabda | saya sangêt bramatyane | kumutug jaja lir kobar | agèdhèk tanpa ngucap | remanya tansah sinaut | gumêtêr kang punang asta ||

22. Pamênggêr nabda wor tangis | dhuh putraku aja pugal | masalah liring kaprabon | datan kêna ginagampang | pramugarinig jagad | nora kêna lura-luru | babo pangrèhing agêsang ||

23. jêr kêna anampik milih | mungguhing ngrèh kabêcikan | măngsa kinon ala bae | ing Sang Hyang Jagadpratingkah [Jagadprating...]

--- 275 ---

[...kah] | tur kêdhik luwangira | murka ngalahkên rahayu | sênadyan dèn murahana ||

24. ing Suksma ingkang linuwih | sakêdhap ungguling murka | nêngahi praptèng apêse | malah têkèng ing wêkasan | ungguling rèh raharja | nêngahi pan saya unggul | rahayu rinowang Suksma ||

25. arda murka kang ngrowangi | drubiksa amomor tilas | nora panggih sêlawase | dhêmên wong tumêkèng rusak | tur sayêkti kungkulan | ing bêbudèn kang rahayu | rèh ngidinan Hyang Pratingkah ||

26. Sri Bêsma madêg mucicil | anyandhak bindi pusaka | nora kawrat bramatyane | sigra mundur sang pandhita | puwas raosing nala | jrih ing dewa kang linuhur | katêmpuh atmaja pugal ||

27. sangêt digung murkèng bumi | tan wun amanggih dêduka | tiwas arumêksèng katong | tansah andrês punang waspa | tumênga sirèng tawang | mêminta mêmurung laku | yogya têmah ingupatan ||

28. tandya gêtêr-patêr muni | anêkakakên prabawa | lesus kang jawah pan drês wor | buh bagra gura gumiwang | Sang Hyang Pamênggêr mêsat | mantuk mring kayanganipun | lampahnya awor maruta ||

29. Sri Bêsma cuwa kang galih | sudarmanira murcita | mangwuh mring tawang sabdane | payo dewane majua | atandhing lawan ingwang | pra jawata gumya umyung | tan kaya Bêsma Sri Nata ||

--- 276 ---

52. Sinom

1. malih warnanên dyan arya | wus prapta ing Maospait | lajêng sowan mring apatya | lawan Radyan Putra Tubin | wus sinugata sami | saksana bubaran mundur | mondhok ing katubanan | surup surya ingkang wanci | Dyan Buntaran matur raka Menak Koncar ||

2. kangmas yèn paduka arsa | bok ipe sêkawan sami | maraka mring jro kêdhatyan | ing Sang Mahaprabu Dèwi | miwah kang para sêlir | tanapi rinta bok ayu | Kalpikawati lawan | kakang bok Kalpikaningsih | dêdimèkne kawuningan Prabu Rara ||

3. yèn paduka lan kawula | praptèng nagri Maospait | rèh uni ulun ngandikan | asru dènnya ngarsi-arsi | kang sarya awak mami | kados wus misuwur lampus | ing mangke têkèng luwar | kakang mas kang dados margi | radyan arya amèsêm dangu tan ngucap ||

4. wusana arum ngandika | yayi mas langkung prayogi | nanging sumêlanging manah | manawa ngagèt-agèti | akathah kundhik mami | ayu-ayu gumarudug | padminingsun sakawan | kêjawi pun nonah kalih | bilih-bilih kasiku awak kawula ||

5. kula punika yayi mas | sakêlangkung têmên ajrih | dhatêng Sang Prabu Wanodya | dene ta tiwas ing jurit | kawon lan Menak Anjing | arinya mangsuli wuwus |

--- 277 ---

kakangmas tan kuciwa | kawona lan Urubêsmi | dede timbang timun minungsuhkên duryan ||

6. balanya wêndran ayutan | Menak Jingga sura sêkti | pantês sang prabu ngapura | kangmas mring paduka yêkti | kathahe pra dipati | miwah kang para tumênggung | datan kados kakangmas | surèng prang tan arsa balik | lalu nglambrang wisma satêngahing wana ||

7. lumuh beluk nanging wêgah | sing boting wantêring galih | kawula kang nanggêl kangmas | yèn Sang Prabu Rara runtik | malah luntura kang sih | amargi sing luwar ulun | mèsêm Dyan Menak Koncar | Radyan Watangan nambungi | lêrês rinta kangmas ywa sumêlang driya ||

8. ki dêmang matur worsêkar | radyan rinta sang dyah kalih | yogi umarsèng ing pura | sapunika lan pra rabi | ngandika radyan mantri | lah ta paman Dêmang Gathul | sumăngga ing sakarsa | sapangrèh ulun lumiring | tan kawarna dènira agunêm rêmbag ||

9. ya ta ari kalih sang dyah | lan sakawan para rabi | sadaya gêgundhikira | samya lumêbêt ing puri | tandya kandhêg ing wijil | wus katur mring ratu ayu | Sang Rêtna Rarasatya | lan Sang Dyah Rêtna Sêkati | ingkang samya kinèn mêthuk paregolan ||

10. Sang Rêtna Kalpikawatya | lan Rêtna Kalpikaningsih | miwah pra garwa Lumajang | myang sagunge para gundhik | manoragyèng

--- 278 ---

ngrêpa sih | binagèkakên sadarum | ing Sang Dyah Rarasatya | miwah Dyah Rêtna Sêkati | sang dyah kalih dangu dènnya rêrangkulan ||

11. wus kerid kêkanthèn asta | Kusuma Rêtna Sêkati | lan Sang Dyah Kalpikawatya | dene ta Sang Rarasati | lawan Kalpikaningsih | lampahnya aruntung-runtung | gabagan arantaban | pra garwa lan para sêlir | tan myat ing lyan sêdangunira lumampah ||

12. pan namung Rêtna Sêkatya | ingkang tinutakên liring | kuninge kuning utama | sèdhête sèdhêt rêspati | dêdêlingnya gumrining | mêthinthing gilig apatut | pamulu lir kêncana | kaya tan angambah siti | pantês wignya anggoyang yuswaning priya ||

13. bêsus anamur pêsaja | mêmêse amitambuhi | liringe lir pasopatya | sêmune nora nyanani | swaranya rum cumêngkling | pantês gandrês ing tilamrum | nging rèh pacaking netra | busananya mêsajani | mung arume kewala ingkang kinayang ||

14. tanpa wida tanpa sêkar | mung tasik lamat kaèksi | amrusuh tur mănda-mănda | antarane mêsajani | nanging punang kêsturi | jêbade ngambar kungas nrus | ratuse anrus manah | dèn ukup mring bungah ramping | minênciran ambar sêpatêr hèr mawar ||

15. para garwa ing Lumajang | amicorèng jroning ati | pantês Radèn Menak Koncar |

--- 279 ---

kasmaran ing Dyah Sêkati | tan ingwang dèn labuhi | rinowangan takêr marus | iki si jawanira | Dêmang Gathul duk prajangji | mendahane besuk yèn wus kalampahan ||

16. embah dyan arya ing manah | tan pêgat amain kèngsi | êtope tur pêng-êpêngan | pantês tan nguman-umani | mendah susahing ati | tau sawah gaga gadhu | wusana larang pangan | sun tatêdha ing Suksmadi | sok dhasara sang dyah ywa èpèh kewala ||

17. nora kudu nyamènana | sok si enaka sing ati | narima dadi pawongan | sok isiha radyan mantri | wong bagus anjêlanthir | ywa dumèh yèn krama ayu | ngêmpèk trêsna kewala | wong abancèr sugih rabi | sok si aja nglarakkên ati kewala ||

18. ya ta Sang Prabu Wanodya | munggèng prabayêksa adi | ingayap manggung biyada | bêdhaya rong lajur sisih | miwah Dyah Citrawati | Citrasmara anèng pungkur | myang Widawati miwah | Widasmara datan têbih | amênuhi manuhara ing kêdhatyan ||

19. maha sang sêsotyaning rat | pinarak ing kasur sari | kaya murca kinêdhèpna | lir Ratih tumrun sing swargi | rênyêp-rênyêp kaèksi | ujwala mêlok sumuluh | ing kèri Banowatya | sang pramèswari ing Tubin | ingkang tansah anampèni pangandika ||

20. marna solahing [solah...]

--- 280 ---

[...ing] atmaja | duk anèng madyaning jurit | kêcakup ing wong brang wetan | malah ta ingkang pawarti | samya kinunjra wêsi | anèng gunung Mahamèru | dinuga-duga samya | kados sampun angêmasi | yèn sinuduk ing ardanya Menakjingga ||

21. lan pambêkanira radyan | kyating tyas surayèng wèsthi | ya ta Risang Banowatya | datansah sru èsmu tangis | sabdaning Prabu Dèwi | tansah angecani kayun | ya ta Kalpikawatya | Kalpikaningsih wus prapti | myang pra garwa Lumajang tarap nèng ngarsa ||

22. Rarasati lan Sêkatya | wus cêlak ngarsaning gusti | Prabu Rara angandika | lah ta bibi Banowati | èsmu pitambêt mami | ing rèh nguni pan dèrèng wruh | marang Kalpikawatya | sabdene Kalpikaningsih | lawan sintên kang samya nèng wurinira ||

23. umatur Sang Banowatya | apan nênggih sang akalih | punika atma kawula | Menak Koncar kang darbyari | putrane sang arêsi | Butlawa gih kakang ulun | ingkang wingking punika | pun Menak Koncar kang rabi | wuri pisan sêlire pun Menak Koncar ||

24. Prabu Rara angandika | bibi sintên kang wêwangi | somahe pun Menak Koncar | umatur Sang Banowati | punika Angronsari | dene ingkang keringipun | pun Sumarsanawatya | kering malih Mayangsari | wêkas [wê...]

--- 281 ---

[...kas] pisan punika pun Mantarsêkar ||

25. ya ta Sang Prabu Wanodya | ngandika arum amanis | lah yayi Kalpikawatya | sabdene Kalpikaningsih | para majua yayi | ingsun tanya wartanipun | rakanta Menak Koncar | miwah yayi mas ing Tubin | sang dyah kalih tandya umajêng wotsêkar ||

26. sarya manuksmèng ing pada | sêsugun Sang Prabu Dèwi | umatur Kalpikawatya | ari paduka ing Tubin | nguni kununjra wêsi | anèng ardi Mahamèru | rinêbat mring pun kakang | wusana luwar sang kalih | mangke samya sowan dhatêng ing paduka ||

27. Radyan Buntaran Watangan | pun kakang wus samya prapti | mondhok pêsanggrahan Tuban | ing lampah raharja sami | ing rèh rêntênging margi | tan punapa sang pukulun | angsal pangèstu tuwan | wong wetan datan nêdhasi | lawan angsal ing sih srangkaraning Suksma ||

 


Lebih satu suku kata: duk ingajêngkên sang dyah. (kembali)
Lebih satu suku kata: pandhe gong kothak jêpun. (kembali)
nah. (kembali)
pêri. (kembali)
mrik. (kembali)
mungsuh. (kembali)
beda. (kembali)
misesèng. (kembali)