Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 53–60)

Judul
Sambungan
1. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 10–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 20–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 30–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 42–52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 53–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 61–68). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 69–74). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 75–85). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 86–98). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

53. Dhandhanggula

1. sukanya wor kumêpyur ing galih | Prabu Rara duk miyarsa sabda | inggar sêkala ing tyase | upama lampah dalu | kapêtêngan panglonging sasi | kapêthuk obor mubyar | padhang kang driya nrus | lir wulan kalingan mega | duk mangisis sangsaya ngembahi manis | sanetya sêtya sumrah ||

2. Banowatya tyas marwata siwi | lir siniram ing tirta wahana | asrêp sêkala galihe | [...] ing

--- 282 ---

trêsnanipun | mring Dyan Arya Lumajang pêkik | gêpah Sang Dyah Sêkatya | gya mangrangkul gapyuk | ing Rêtna Kalpikawatya | tambuh inggar ing driya wantêring èsthi | lambung kadya pêpêsa ||

3. Prabu Rara umèsêm piningit | myat ing ari Sang Rêtna Sêkatya | pawor ing rêsêp wor sumèh | niscayèng sarèhnya rum | para garwa Lumajang sami | kamitênggêngên mulat | dènnya pawor têmbung | Sang Rêtna Sêkati lawan | Dyah Kalpikawati lan Kalpikaningsih | ngasih-asih aprana ||

4. risang kalih sêmu mêkolihi | sawuwusnya rada mambu manah | rakanta ingisisake | ing sêtya antêpipun | dènnya darbe sudara wèdi | mring sang atmajèng Tuban | winarna rèh kang wus | malah wuwuh nora kurang | Dyah Sêkati saya golongan trêsna sih | mring Arya Menak Koncar ||

5. ri sêksana kang tadhahan mijil | pisogatnya wau ingkang prapta | pênuh Prabu Rara sihe | garwa sêkawan gupuh | dipun awe mring Prabu Dèwi | majêng saha wotsêkar | pinaringan sampun | sisim jumrut nila mirah | nigang rakit dyan arya kang para rabi | konjêm tyas manglêmbana ||

6. kinèn mundur wus tata alinggih | para sêlir wrata pinaringan | sinjang ing sakasmêkane | Kalpikawati gupuh | lawan Sang Dyah Kalpikaningsih | ingawe praptèng ngarsa | sabdane sang ing rum |

--- 283 ---

yayi sun paringi sira | sangsangan mas sutingson sinilih asih | matur nuwun kalihnya ||

7. malih ngandika Sang Prabu Dèwi | ingsun angsung paningsêt ing sira | pathala wungu pinrêsmèn | sang kalih matur nuwun | wus tinampan saha wotsari | mundur tata alênggah | Rarasati matur | kadang garwa wus ginanjar | Menak Koncar ginanjar punapa gusti | mèsêm Sang Prabu Rara ||

8. sun tan bisa angganjar mas picis | pirangbara yèn kêrtaning jaman | besuk uga ana dhewe | Sang Dyah Sêkati matur | gusti yogi sinung nagari | ing pundi măncapraja | bang êlèr sêdarum | pinilihan sasukanya | Prabu Rara mèsêm pangandikanya ris | Menak Koncar tan arsa ||

9. sinung praja ing măncanagari | sun wêtara yayi nora rêna | Menak Koncar sêpatute | tanah pasisir kidul | kang ingangkuh saksiring ati | tansah sinamun raras | ing netya pitambuh | nanging kang sujana ing tyas | nora samar samobah mosiking liring | kêcakra sing ujwala ||

10. duk sêmana lêluwaran sami | kadang garwanira Menak Koncar | mantuk prapta pakuwone | dyan arya tanya gupuh | mring arinya myang garwa sêlir | sasanèskara dènnya | anèng jro kadhatun | Kusuma Kalpikawatya | lan Kalpikaningsih jarwanira ngênting | dyan arya suka ing

--- 284 ---

tyas ||

11. garwa sêkawan tinanya gênti | ingkang dadya karênanirèng tyas | duk anèng ing jro kêdhaton | datan sulayèng atur | namung Sang Dyah Rêtna Sêkati | sapangrèh sumèh sumrah | mêngamorkên tyas rum | rakêt rumêsêp ing netya | sabda manis pêsaja ngecani galih | mendah yèn wus akênal ||

12. nora ingwang dèn labuhi pati | cacatira pan namung satunggal | têka ewuh têtangguhe | wong srèsèh namur luruh | wong alandhêp nora nyanani | bêsuse apêsaja | wong agandhang samun | wong kêmpyang mêsês jatmika | sabên-sabên ngandika dipun mênciri | ingèsêm pêpingitan ||

13. lir ginoyang tyasnya radyan mantri | pating karêjot sariranira | èsême dèn èbèr-èbèr | pra sêlir samya matur | manglêmbana ing Prabu Dèwi | wênèh ing Dyah Sêkatya | wênèh aturipun | amarna kang pangandika | Prabu Rara sêmune amêmiringi | ing Sang Rêtna Sêkatya ||

14. miwah dhatêng arinta sang kalih | Prabu Rara kadya darbe karsa | nênggih ing têmbe akire | dyan arya saya sêngkud | juwêd dènnya amitakoni | ing ari kalihira | sarya manggut-manggut | Kusuma Kalpikawatya | lan Kalpikaningsih aturnya mranani | asru sêdhêping raras ||

15. tur linalar ênggone mêmanis | yèn [yè...]

--- 285 ---

[...n] nujoni têlênge ing sabda | wangsul-wangsul ing marnane | yèn pinrih rampungipun | yêkti nora rampung sawêngi | malah rong dina kurang | dyan arya saklangkung | poyang-payingan ing manah | tan sêrănta kêpalang anèng jro puri | tansah aguntayangan ||

16. rêngêng-rêngêng angidung rêrêpi | tan lyan ingkang kacipta ing manah | mung sang dyah kang nèng kêdhaton | pra garwa sêliripun | kang pinindha ing Dyah Sêkati | sabên ngrêrêpi radyan | pada tibèng ciyum | sêbarang winayangkara | sêparane jinaga kang para gundhik | juru tadhah ciyuman ||

17. kadang katut mirah saking laki | marimpèni kusuma ing Tuban | mas citra munggèng sirahe | aja mamang wong ayu | mring pun kakang wong dhandhing wingwing | bondhol agêng mas mirah | dèn mulung sihipun | kayu rêbah anèng tawang | Menak Koncar sumangsang mring sira gusti | canthur wong awibawa ||

18. yuyu tasik dhenok sun wêstani | wus sêdhênge nyambut ing akrama | sobrah lautna ing anggèr | cagêrêna wong ayu | Menak Koncar amitayani | rare ngapit jêmpana | jalak jênar masku | wus pinatah ing jawata | cêcandhange wong abancèr sugih wani | intêne wong Lumajang ||

19. kêmang irêng nonah sun wêstani | kadang Pandhawa mèlu Korawa | lamun asih ing tanggone | paringa mirah [mi...]

--- 286 ---

[...rah] ingsun | puspa kêrna marang kang abdi | sun karyane pratăndha | tandhane sih lulut | bajing bang kang saba wana | nora larang wong ayu sun tohi pati | mundrine wong Lumajang ||

20. Menak Koncar minggah ing jinêmrik | nglipur brăngta kinapat gundhiknya | sajam ping sanga unggahe | cinipta têlênging kung | saprandene sarya ngrêrêpi | dara roro mas mirah | èstu jodhoningsun | toya mijil sing sarira | nonah dinar èngêta mring wong abênthing | miyosi ngajak sampak ||

21. gêjul patut wong dhugal prakati | wong dêladag milih angon papan | sigêgên ing pamoncère | malih gantya winuwus | Sêpêtmadu Wilaja mijil | ingutus sri wanodya | mring rinta sang bagus | tanapi mring Menak Koncar | paring dhahar dhêdharan gantya burat mrik | kampuh sapêngadêgnya ||

22. wus tinampan sinugun punang sih | Menak Koncar lan atmajèng Tuban | marwata suta ing tyase | tan kawarna ing dalu | enjing nuju dina Rêspati | Maha Sang Prabu Rara | siniwèng wadya gung | mêpêk anèng sitibêntar | pan kasongan ing witana adi rukmi | pinrak ing dhampardênta ||

23. kang nèng ngarsa Sang Dyah Rarasati | Citrawati lawan Citrasmara | Dyah Widawati jajare | Widasmara sumambung | de warnanên ing păncaniti |

--- 287 ---

risang rêkyana patya | kang putra sumambung | Dyan Kumitir Layangseta | sinambungan sira Dyan Arya Sêsimping | myang Răngga Minangsraya ||

24. atanapi Ki Menak Giyanti | malih Radyan Arya Menak Koncar | atmajèng Tuban jajare | pêpêk para tumênggung | para menak răngga ngabèi | sadaya tan winarna | ajêjêl supênuh | lir sêgara gêni sinang | pirang-pirang wadyabala Maospait | èbêg tanpa wilangan ||

25. kyana patih ngandikan wus prapti | ing sitinggil sumiwèng ing ngarsa | Prabu Rara andikane | hèh bapa karsaningsun | lumrahêna kawula sami | kabèh wong Majalêngka | sayêmbaraningsun | sapa janma ingkang bisa | amatèni Si Menakjingga sayêkti | kasrah ing Majalêngka ||

26. jumênênga narendra linuwih | amêngku rat ing sanungswa Jawa | lan poma aja tampik wong | mudha sênadyan sêpuh | kumbah srakah myang cukil dulit | wong bedak bêndarakan | iya madêg ratu | sok si dhasar mêjahana | gêlah-gêlah gêgêdhêg sukêring bumi | lah mara undhangêna ||

27. matur sandika saha wotsari | sira sang apatih tandya mêsat | magêlaran undhang age | ing sayêmbaranipun | risang maha narendra putri | wadya saur kukila | tan ana kang sanggup | amêjahi Menakjingga | para arya niyaka mantri dipati |

--- 288 ---

samya atur têtêkan ||

28. kang sawênèh ngaturkên kang linggih | ana ngaturkên gêndhaga bawat | sawênèh songsong lantene | midêr undhang maumung | agêng alit atur upêksi | ajrih mring Menakjingga | tan ana kang sanggup | sêbdene Dyan Menak Koncar | dangu dènnya tumungkul ing manah kingkin | suka atur têtêkan ||

29. kyana patya minggah ing sitinggil | sampun katur saaturing bala | Prabu Rara èmêng tyase | paran wêkasanipun | Sang Hyang Tanpauna kang titis | jêngkar sing sitibêntar | kundur angêdhatun | tansah anamur sungkawa | babêdhayan kang gêndhing munya angrangin | nanging mêksa kawêntar ||

30. tandya minggah ing sanggar panêpi | ngobong mênyan saêndhasing gajah | sumuk mring suralayane | tandya Hyang Nrada rawuh | medhok-medhok gumya mabêlik | jumênêng anèng ngarsa | Prabu Rara matur | hong Risang Hyang Siwahboja | Hyang Narada pinaro sabda dêrmaning | sumrup nata priyăngga ||

31. hong hyang mulya sarik nagra widi | jawabira Sang Hyang Panji Nrada | hong sirantuna yogyèngong | saha amigêna nrus | namung nrêm sidhêm-sidhêm mrik |[1] hèh kêkasihing Suksma | paran rèh manêkung | jawata ing suralaya | kagegeran rèh gora kagiri-giri | kêna pangaribawa ||

32. blêgêdaba ambèr

--- 289 ---

dadi agni | kocak-kocak ing căndragumuka | kawah gumludhug swarane | gunjing mêrcukundha rug | Untaboga mangrik kumitir | punang sapi gumarang | ngolang-aling bêkuh | agawe rusaking jagad | nini putri yèn sira sungkawèng galih | ing swarga kagegeran ||

33. timbalane Hyang Guru Pramèsthi | wudharêna ing tyas kang rudita | kêkasihing Hyang Suskmanon | apa kang sira jaluk | umatura marang ing mami | ywa gawe gara-gara | babo yogyèng ulun | ya ta Sang Prabu Wanodya | myarsèng sabda tandya umatur wotsari | hèh Sang Hyang Manikmaya ||

34. mêrtanana ing dasih kaswasih | wontên pundi Sang Hyang Tanpauna | Hyang Panji Nrada dêlinge | hèh babo yogyèng ulun | sapa si wong ingkang matèni | marang Si Menakjingga | iku nini ratu | sêjatine Tanpauna | kêkasihing jawata ingkang linuwih | umatur Prabu Rara ||

35. wêrtyakêna samêloke kang sih | keron budi kawur ing pratingkah | Hyang Panji Nrada dêlinge | Tanpauna wus tumrun | anèng nagrinira pribadi | iya Si Tanpauna | iya Damarsantun | gya mêsat Hyang Manikmaya | Prabu Rara sêkala asrêp kang galih | miyos saking pamujan ||

54. Mijil

1. de wuwusên Sang Dyah Rarasati | lan sagung pra sinom [sino...]

--- 290 ---

[...m] | namur brăngta amrih ing lêjare | gustinira Sang Aprabu Dèwi | akasukan gêndhing | sagung kang para rum ||

2. myang bêdhayan tanapi sarimpi | arum kang lêlagon | munggèng tratag ing prabayêksane | kang sawênèh ana ingkang cuki | satêngah ngrêrêpi | kêkawin angidung ||

3. Rarasati nyalêmpung angrangin | Sêkati sang sinom | ngasih-asih sang dyah panggêndère | Citrasmara angrêbab winasis | Sang Dyah Citrèngwati | pangêndhange baut ||

4. Widasmara agambang găngsa sri | Widawati kaot | nabuh dêmung anyênyêt swarane | pra biyada samya amanjaki | pinarsèng ngêrangin | sêpêt madu juruh ||

5. lagon muluk sinamur ing gêndhing | larase wèh wirong | lir mangalap jiwa sing arume | rêbut manis sangsaya milêt sih | sêmbada ingèksi | lan bêdhayanipun ||

6. kadya kêkayangan widadari | sajroning kêdhaton | angêntèni kang para sarine | manuhara angracak awasis | rambah-rambah asri | asri ngembahi kung ||

7. dungkap sirêp janma punang wanci | suwancine tumon | lir kinanyut ing driya rêsêpe | keron mulat tambuh kang pinilih | samya ayu luwih | ing niskara baut ||

8. gambuhing rèh sanèskara liring | pasrangkara tinon | angrampungi ing kalir karyane [kar...]

--- 291 ---

[...yane] | kawuryan wimbuh sajroning puri | lêngêse mênuhi | lir kaswargan tumrun ||

9. gya kêsaru sang aprabu murti | rawuh ing kêdhaton | suka mulat sang dyah kasukane | ri sampunira umarsèng ngarsi | sang diwatèng murti | animbali gupuh ||

10. sang apatih praptèng srimanganti | prabu ruming sinom | paring sastra tiningkêm dhawahe | mring sira sang rêkyana apatih | wus binêktèng mijil | mring Ni Sêpêtmadu ||

11. lan Wilaja praptèng srimanganti | kya patih ngrêp anor | wus tinampan sinuksmèng ge-age | bukaning srat sira bapa patih | ngupayaa aglis | sarate ngapupuh ||

12. sêranane nagri Majapait | sayêkti raning wong | ingkang aran Dyan Damarwulane | poma upayanên dèn kêpanggih | yèn ngluputi mêsthi | sira ingsun lungsur ||

13. titi punang surasaning tulis | kya patih ing batos | sakêlangkung kumêpyur ing tyase | tansah wagugên tan kêna angling | sapandurat dening | akonjêm tumungkul ||

14. têka kathah kêraosing galih | awusana alon | kyana patih sandika ature | angupaya kang ran Damarsasi | Sêpêtmadu tuwin | Wilaja mêsat wus ||

15. datan lingên kang lumêbèng puri | ya ta winiraos | kyana patih mantuk ing wismane | tansah gunêm lan kang pramèswari | Dyan Seta Kumitir [Kumi...]

--- 292 ---

[...tir] | tinimbalan rawuh ||

16. kyana patih angandika aris | adhuh putraning ngong | mau ingsun ngandikan wiyose | sinung sêrat kinèn ngupadosi | srananing nagari | aran Damarsantun ||

17. têka nora kaduga tyas mami | karsane sang katong | datan ana ran Damarwulane | liya kang ingsun kunjara yêkti | pan cinêtha dadi | sarate ngapupuh ||

18. apa sarat pinapagkên jurit | apa ta linayon | apa arsa kinraman jatine | marma sira ingsun undang sami | apêtêng kang ati | marase kagugu ||

19. timbalane sang narendra putri | yèn tan panggih kang wong | nora wurung linungsur sun anggèr | Layangseta umatur wotsari | èwêt kula dugi | ing nalar tan têpung ||

20. yèn pinriha dadi jatukrami | nglêngkara punang wong | nampik Menakjingga wusanane | apa krama angsal Damarsari | nampik macan gudhig | milih kocing kuru ||

21. mênggik-mênggik agêring tur mêngi | mokal sang lir sinom | ratu punjul iya sasamine | adupara rèh kanisthan pinrih | klampahana dadi | jatukramanipun ||

22. Menakjingga datan wurung prapti | ngêrusak bêboyong | lah ta sintên kang dèn andêlake | punapa pun kocing gêring mêngi | otote rong dhuwit | pilêrên tur kuru ||

23. kyata mêngsah Sindura Dipati | sêprandene [sêpra...]

--- 293 ---

[...ndene] layon | awidigdya prakuswa jurite | têguh prakuswa tur agêng inggil | agagah sinêkti | sêprandene lampus ||

24. miwah Ki Rănggalawe ing Tubin | asurèng palugon | sêkti guna wêweka gêlare | gung prabawa sinyan dewa luwih | prandene ngêmasi | tan nêdhasi pupuh ||

25. upaminta Damarwulan dadi | sarating palugon | kinèn mapag mring Menakjinggane | yèn balaa balane dèn suprih | sêktia kang sêkti | ana kang tinêmu ||

26. Menakjingga atêguh sinêkti | widigdyèng palugon | sugih bala wignya mangsahake | kêlar dana siyasat mamrês sih | labuh marang dasih | ing sabumi punjul ||

27. Dyan Kumitir umatur wotsari | ing panduganingong | bilih srana-srana sêjatine | pan pinundhut ingkang pati urip | tan sanès kinardi | kêjawi linampus ||

28. kyana patih ing tyas tan nêpungi | pramèswari alon | aturira dhatêng ing kakunge | nadyan kinèn umagut ing jurit | myang kang pati urip | pinundhut apatut ||

29. kinaryaa jatukrama yêkti | ing sakarsa dados | ing rèh abdi-abdi satuhune | borong punapa Sang Prabu Dèwi | ing sakarsa dadi | mring wong Majalangu ||

30. yogya sinaoskên Damarsasi | ing sang prabu sinom [sino...]

--- 294 ---

[...m] | yèn ta sampun myarsa sêjatine | Damarwulan kinunjara nguni | wangsul yèn ngikibi | tan eca ing kayun ||

31. kyana patih angandika aris | bênêr arèningong | darbe apa kawulane rèjèng | yayi nadyan pati urip mami | ing sakarsa aji | pinundhuta katur ||

32. sarêng matur Dyan Seta Kumitir | lêrês sudarmèngong | dêdimèkne ing têmbe pinatèn | dadya sarat sêrananing jurit | ywa liya nangani | ngamungêna ulun ||

33. pan sêdalu dènnya gunêm pikir | enjing winiraos | pramèswari wus dinuta age | kinèn angluwari Damarsasi | lan putranya èstri | kang tansah kaswayun ||

34. kawuwusa kang anèng piranti | Anjasmara kaot | wus narima ing dewa pandume | tur jinarag nadyan mati urip | yèn tunggil dyan mantri | dadya rênanipun ||

35. sang akalih anèng ing piranti | amawi kêkobong | pan tinundha sêkawan langsene | lungsir cêmêng myang abang lan kuning | ing jro lungsir putih | jro pisan jinêmrum ||

36. pêsareyanira amêsagi | pelag lamun tinon | mapan sampun samadya candrane | dènnya kinunjara sang akalih | pangraosing kapti | pan lagya sêdalu ||

37. tansah leyangan sang liring sari | pangkyaning sang anom | maos kawi wiwaha kalane |

--- 295 ---

Mintaraga anèng ing swarga di | tatkala liron sih | lan Supraba ngungrum ||

38. adi-adi adining mêmanis | manising kalangon | anglangêni wulangun ing tyase | kang têrkadhang maos Rama Kawi | duk Putri Mantili- | dirja rinarungrum ||

39. Risang Ragusuta nèng jinêmrik | swara rum wèh wirong | kadya suling barung rikalane | patut manyura manis dumêling | urub lawan liring | sèlèhing pangidung ||

40. minênciran pangincanging alis | lir ngalap yoswèng wong | atanapi manise lathine | nuju kêpranan sinêdyèng galih | kèwêse ngrontok sih | kongas waja gumyur ||

41. deyanya wor sinuksmèng ing tulis | kadya mukswèng ênggon | lir kahana iya samêloke | radyan mantri ing tyas cilik wukir | mawang rum mor ing sih | ambarungi kidung ||

42. nimban enya tansah mêrbês mili | lir satêngah layon | nging yèn myarsa ing gusti swarane | sakêlangkung tuwuk tanpa bukti | marêm tanpa guling | tyas narimèng sukur ||

43. Genggongnaya tan pêgat anangis | tansah gêro-gêro | yèn wus bosên sira pênangise | têtêmbangan yèn wus kêsêl muji | onggok golong mênir | cam terong bêl cabuk ||

44. hèh jawata ingkang mugi-mugi | yèn titahe layon | ywa pinêndhêm [pinêndhê...]

--- 296 ---

[...m] pakuburan gêdhe | pinêtaka ing pasar kang dasih | dimèkne ywa wêdi | akathah wong langkung ||

45. Sêbdapalon ngantuk sarwi nangis | umbêlira molor | awor lan luh kumrumpyung lalêre | lambe kandêl kabêntus awanti | tinon saya malik | nangis sênggruk-sênggruk ||

46. tan lyan ingkang sinambat ing tangis | mung kuthuke trondhol | nèng gêdhogan ywa kirang pangane | tansah matur ing dewa kang luwih | hèh Hyang Suksmanadi | yèn kawula lampus ||

47. dasih titip pitik trondhol siji | jawata ywa ngantos | kinurangan pêsaban pangane | sarta sampun sinakarèng janmi | yèn tan krana bêcik | pamintaning ulun ||

48. risêksana pramèswari prapti | ingiring punang wong | Anjasmara tandya napa age | iku sapa gumrudug kang prapti | aparsa matèni | mring Dyan Damarsantun ||

49. yêkti ingsun ora bisa kari | tan wurung sêlayon | ingkang ibu duk myarsèng swarane | putra sang dyah angêrontok galih | waspanya drês mijil | krandhuhan ing wuyung ||

55. Asmaradana

1. pramèswari ngandika ris | ingsun wong atuwanira | ngluwari mring sira anggèr | lawan Si Damarsêsăngka | wus samya ingapura | gumêndhèng sang dyah umatur | kawula tan arsa luwar ||

2. miwah Radyan Damarsasi | dahat kawula

--- 297 ---

tan suka | yèn tan angsal jangji ingong | lawan jêng rama priyăngga | ing mangke aturana | rawuh ing kunjaran gupuh | punika kawula arsa ||

3. mijil saking ing piranti | yèn jêng rama datan arsa | yêkti lumuh luwar ingong | nadyan windonan taunan | gogroga nèng kunjaran | lan kakangmas wong abagus | sun sêdya tunggil kunarpa ||

4. ya ta sang rêkyana patih | ingaturan sampun prapta | ing kunjaran lon wuwuse | dhenok dhenok Anjasmara | babo sira mêtua | sêbdene Ki Damarsantun | wus padha ingsun apura ||

5. wus sinorog punang kunci | kori binuka sing jaba | kyana patih sabdanya lon | babo wis padha mêtua | aywa sumêlang driya | Sang Dyah Anjasmara matur | rama kawula tan arsa ||

6. yèn paduka datan apti | angambil mantu priyăngga | mring kakangmas sang wiranom | sarta ingkang lulus rila | rama ing awak mara | dhaup lawan sang binagus | satriya ing Paluhămba ||

7. yèn tan arsa anyanggupi | kula rama datan arsa | mêdal saking kunjarane | ing gêsang tumêkèng pêjah | narima ing kunjara | dadosa dhêg amun-amun | tan grantês raosing driya ||

8. puluh-puluh ngong labuhi | rama jêr kawula trêsna | mring mantu paduka radèn | angling sang rêkyana patya |

--- 298 ---

ing tyas kadya sinêndhal | iya babo putraningsun | sira Ki Damarsêsăngka ||

9. têtêp ing salakirabi | arinira Anjasmara | kasraha mring sira radèn | suka lila ing sakarsa | sajroning madyapada | ing ariloka dèn rawuh | atas dadi kramanira ||

10. matur nuwun radyan mantri | kapundhi kalingga murda | ing sih paduka wiyose | umatur Sang Anjasmara | inggih punika rama | nguni ing mangke ngong suwun | dadosa kang jatukrama ||

11. sudarma arum kang dêling | dhenok dhenok Anjasmara | wis mêtua sira anggèr | babo lawan lakinira | aja akèh rinasa | dèn narima ing Suksma Gung | ing pangrèh tan pilih marga ||

12. sêbdane sira ki mantri | aran uwis kalampahan | sira ingsun mantu dhewe | apikrama padha kadang | kang nalar wus kaliwat | ywa rumăngsa pinrih dudu | borong apa Hyang Pratingkah ||

13. tur kuwasa apa mami | darma kinarya jalaran | pan wus untungira dhewe | umatur Radyan Sêsăngka | sadèrèng sasampunnya | tan mawi grantês salugut | wus atas Hyang Suksmanăngsa ||

14. Sêbdapalon tumut angling | ki putih-putih ing jaba | ing jro lir wêdêlan wutoh | abangêr biru amangkak | jujur masin kang manah | jaile anurut wulu | elinge yèn ana karya [kar...]

--- 299 ---

[...ya] ||

15. sêdinane tansah lali | anggêlar budi sêngara | kalingan dening kamuktèn | basane sêbarang karya | atas ing dewa mulya | tan ana jawata nguthuh | amrih rusake manungsa ||

16. tanbuh drubiksa momori | ngampung marang kajuwatan | sumiya-siya tibane | upama karsaning dewa | anggawe lara mulya | sêpi sing pamrih tumuwuh | tan kêcakra dening purwa ||

17. rèh paduka sang apatih | kêcina ing solah netya | nênggih sadina-dinane | rahadyan pinrih tan arja | saya kalunta-lunta | awit saking sang pukulun | gêlar karya pêpanasan ||

18. nguni dènnya amrih sisip | pitambuh ing kautaman | kya patih duk myarsèng linge | Sêbdapalon ngundhamana | merang namur wêdaka | Nayagenggong cêlak-cêluk | wuwuse sarya karuna ||

19. kya patih uculna mami | bok sampun kaliwat-liwat | anganiaya maring wong | lali têmên marang sanak | sagêgêm sajumputan | sun uga sêntananipun | bok sampun sawênang-wênang ||

20. tur sêjatine wong urip | gêdhe cilik nora beda | kang beda mung dêrajate | dêrajat iku nugraha | sinilih dening dewa | kinèn amarna ing pandum | nyantosani karaharjan ||

21. angrèh jumênêng lan puji | Hyang Suksmana ingkang

--- 300 ---

mulya | jatine tan ngraosake | patikbra rêkyana patya | ing purwa ana apa | saiki apa tinêmu | basakna wong Majalêngka ||

22. gunane bisa mimiti | apolah panggawe ala | tur uga pinurba dhewe | wêkasan sèndhèn ing dewa | lah iku basa apa | ampungane wong kêlurung | sasolah darma kewala ||

23. darmane wong darbe kapti | nututi nalar kaliwat | pêsambatan ing dewane | ing nguni saking paduka | wong bêcik pinrih ala | amêmirang tanpa nganggur | siya-siya ing sêsama ||

24. têmbene sun amiyarsi | kaponakane priyăngga | kinèn ngariti kudane | tur sinungan arit timah | iku dèn aritêna | gulune wong Majalangu | sayêkti măngsa têdhasa ||

25. kya patih merang kêpati | kathah kêrasa ing manah | gya lumêbèng kunjarane | lawan ingkang pramèswara | sang kalih èsmu waspa | mangrêpa nor Damarsantun | miwah Rêtna Anjasmara ||

26. wus samya kinanthi mijil | luwar saking ing kunjaran | atanapi parêpate | apan sampun linuwaran | ni enya lan ni êmban | samya linuwaran sampun | suka sagung kang tumingal ||

27. ya ta ing dalêm wus prapti | wus samya tata pinarak | kyana patih lan garwane | dyan mantri lan Anjasmara | lir mimi [mi...]

--- 301 ---

[...mi] lan mintuna | kaya tan bênggang sarambut | singa dulu lênglêng brăngta ||

28. tan liyan kang dèn tingali | anjomblong cèthi pawongan | kumêdhèp tismak netrane | yèn nuju Sang Anjasmara | pagut liring lan raka | èsmu mèsêm gêtir juruh | aprana datan kawêdhar ||

29. yayah rena sang apatih | rukun rumakêt mrih trêsna | sumrasah ing sabda sumèh | riwusnya tata amucang | rêkyana patih nabda | mring atmajèng sang binagus | lah ta kaki wruhanira ||

30. yèn ing mangko karsa mami | iya ing benjang paseban | sun gawa seba siranggèr | kinarya sarating aprang | radyan matur wotsêkar | ing sakarsa sang pukulun | kawula datan lênggana ||

31. Anjasmara awotsari | matur ing rama mangrêpa | sarat punapa jatine | dene ta amilih nama | Radyan Damarsêsăngka | kyana patih sabdanya rum | tanbuh karsaning sang nata ||

32. manawa ingadu jurit | kêlawan Si Menakjingga | Anjasmara arum ture | sakêlangkung kaniaya | yèn radyan linurugna | dene wong papa kaswayun | tan darbe bala satunggal ||

33. durung wirya durung mukti | wusana tumêkèng tiwas | rama kadospundi ingong | tan wurung abela pêjah | ulun tan sagêd pisah | Radyan Sêsăngka sumambung | radèn ayu dèn pêrcaya ||

34. borong punapa ing gusti | sakarsa [sa...]

--- 302 ---

[...karsa] sampun lênggana | mokal pinriha tiwase | atas kawulaning raja | sagung wong Majalêngka | lumaku lawan pituduh | sumarah ing Hyang Suksmana ||

35. angandika sang apatih | dhenok bênêr lakinira | dèn pêrcaya ing dewane | sarya dèn mèstudèng driya | ing sakarsaning nata | ing samobah mosiknya wus | winawrat lawan utama ||

36. tinimbang saking ing budi | dènnya mrih mulyaning wadya | borong apa ing karsane | maha Sang Prabu Wanodya | kinarilan ing dewa | pinujwa ing bumi kasub | sinotya ing nungswa Jawa ||

37. aja lênggana ing kapti | babo babo putraningwang | prakara kakangmu anggèr | matur Sang Dyah Anjasmara | pantêse mantu tuwan | wusana kêna ing apus | pinaekan ingkang gêlar ||

38. jêr sagung wong Majapait | tan wontên rêmên satunggal | mring mantu paduka radèn | tanapi punika kakang | sêjatine tan rêmbag | radyan lan kawula dhaup | mila tan eca ing manah ||

39. nguswa jaja sang apatih | sabdanira angrarêpa | dhenok ywa akèh rinaos | Si Kumitir Layangseta | kapurba ing manira | ingsun tingalana masku | dèn angandêl ing Hyang Suksma ||

40. Anjasmara matur aris | inggih sumăngga ing karsa | nanging ta panuwun ingong | rama ingkang tulus mana |

--- 303 ---

asih mring Dyan Sêsăngka | sarya aksama dèn agung | ngawruhi ing punggung mudha ||

41. kawula titip sayêkti | rama ing mantu paduka | ywa ngantos risak manahe | pintên-pintên darbe atma | mantu putraning uwa | tur dhaup padha sadulur | pêthuk ati golong manah ||

42. èsmu mèsêm radyan mantri | sinuduk liringe netya | kyana patih sabdanya lon | dhenok dhenok Anjasmara | ywa pindho gawe nyawa | dèn pêrcaya marang ingsun | bèn amêngko lan ing kuna ||

43. dene saikine nini | iya Si Damarsêsăngka | dhasar putraningsun dhewe | kapindho dadi kramanta | babo pirang prakara | yèn tan sun priha rahayu | sukur-sukur putraningwang ||

44. anaa ingsun aubi | mukti anèng Majalêngka | sinihana ing dewane | ingsun wus tuwuk wibawa | tan liwat namung sira | sun pêpinta ing Suksma Gung | ing satêmbe ngakirira ||

45. kênaa ingsun ngèngèri | ing sasanak-sanakira | babo namung sira anggèr | ing timur têkèng diwasa | sun kudang-kudang nyawa | dadia pangungsèn agung | jinurungna ing jawata ||

46. matur nuwun sang lir sari | radyan manganorkên raga | kya patih arum dêlinge | lah ta dhenok Anjasmara | babo sira kundura | sarimbit lawan lakimu | dèn eca ing manahira ||

47. sang dyah lan radyan [ra...]

--- 304 ---

[...dyan] minantri | wus lèngsèr saking ing ngarsa | akarya brangtaning tumon | kundur dhatêng dalêmira | ing made kubon sêkar | samarga sang dyah sinambut | pratistha anèng êmbanan ||

48. gantya kawuwusa malih | Radyan Arya Menak Koncar | kêlangkung sangêt gêrahe | tan ana jampi tumama | tansah mujung nèng tilam | lamun kêraos ing dalu | kadya tan mênangi siyang ||

49. yèn siyang tan têkèng ratri | sing sangêting punang gêrah | tan lyan kang ingamèkake | namung sang atmajèng Tuban | Dyan Buntaran Watangan | wus katur ing ratu ayu | Menak Koncar nandhang gêrah ||

50. ing dalu Sang Banowati | lan putra Rêtna Sêkatya | kinèn tuwi mring kuwone | myang Sêpêtmadu Wilaja | ya ta sang pramèswara | lan kang putra sang lir santun | mênggêp anitih jêmpana ||

51. singgahannya Ambarangin | miyos dhatêng Katubanan | datan kawarna lampahe | sêmana Dyan Menak Koncar | tan pêgat tinangisan | ing arinya kalihipun | miwah garwa roning kamal ||

56. Sinom

1. Radyan Buntaran Watangan | nèng dagan pan èsmu tangis | pratuwin Ki Gathul Dêmang | apêtêng rasaning ati | kêsaru ingkang prapti | Banowati lan sang ing rum | Sang Dyah Rêtna Sêkatya | têdhak ing natar lumaris | Dyah Kalpikaningsih lan [la...]

--- 305 ---

[...n] Kalpikawatya ||

2. mêthuk anèng pêlataran | myang pra garwa para gundhik | Radyan Buntaran Watangan | tan kenging pisah dyan mantri | tan lyan sinambat ing sih | namung ari kalihipun | gêpah sang pramèswara | miwah Dyah Rêtna Sêkati | amêrpêki ing Dyan Arya Menak Koncar ||

3. laju minggah ing papêrman | pramèswara Banowati | winanti winawang-wawang | winungu rahadyan mantri | Menak Koncar sun prapti | lan rinta Sêkati rawuh | dingarèn putraningwang | têka apês nandhang sakit | Menak Koncar dangu dènnya pinêtêkan ||

4. tan mosik datan subawa | nglayung ujwalanya kèksi | napasira pêgat-pêgat | winungu-wungu tan mosik | ya ta sang pramèswari | saya ketang trêsnanipun | andrês mijil kang waspa | pra garwa sangsaya nangis | Dyah Sêkati ngandika mring Dyan Buntaran ||

5. ri mas iki lara apa | kangmas arya kang suwadi | dene ta kaliwat-liwat | sangête kang punang sakit | Dyan Buntaran wotsari | ing nguni saunduripun | sowan saking paglaran | witing kraos ingkang sakit | ulun matur sabdane wus timur mila ||

6. darbe sakit sur aprana | [...] sring arsa miyatani | nanging ingkang kina-kina | datan kadya sapuni[...] | [...]buh mêntas jurit | tuwuk kambon biring busur | dhapur gêrah [gêr...]

--- 306 ---

[...ah] kunduran | sang dyah sru angrês kang galih | myarsèng sabda sêkala mijil kang waspa ||

7. dyan arya awas tumingal | duk ngliring sang mindha Ratih | ing manah kadya sinêndhal | lir mati sajroning urip | ya ta sang pramèswari | radyan sinurywan ing sangku | sarya winungu wantya | Menak Koncar nora mosik | Dyah Kalpikaningsih Dyah Kalpikawatya ||

8. tandya minggah ing papêrman | ingkang raka dèn sungkêmi | sêsambate kawlasarsa | kangmas arya aja lalis | ingsun tan bisa kari | kakang aku mèlu lampus | dyah kalih èsmu waspa | Buntaran Watangan sami | mulat sang dyah sambate angrèndèng manah ||

9. saya tan kêna tinambak | saksana anulya mijil | dyan kalih sinambat ing tyas | tan lyan Sang Kalpikawati | miwah Kalpikaningsih | wong ayu aja amuwun | yèn balut tingalira | sapa baya kang nêmpuhi | Dyah Sêkati tansah nungkêmi dyan arya ||

10. saklangkung marwata suta | Dyan Menak Koncar ing galih | alon dènira alihan | sarya dhèhèmira ririh | sarêng wêntis gumuling | lêrês tibèng pangkyanipun | Sang Dyah Rêtna Sêkatya | gêpah dènnya anginggati | gya tumurun sang dyah saking pêsareyan ||

11. pamurcitènging wardaya | [...] sakna si wong asakit | panglilire mambu manah | sumê[...]

--- 307 ---

[...]i wêntis | winêngkang saya mipit | maras-marase tyas ingsun | rusak dagangan ingwang | yèn wudhu sapa tinagih | tanpa aji sisane si yuyu kangkang ||

12. èsmu angrawati tingal | nanging tansah mandêng liring | gêthing trêsna awor maras | pangunandikaning galih | nora amêsajani | liyêping netra gumagus | ujare kapidhara | sasolahe ngêtut liring | sun bênggangi dene ta nora alihan ||

13. nanging sun rasa ing manah | yèn yêktia ingkang sakit | wusanane têkèng pêjah | sun kelangan kadang yêkti | sang dyah gya minggah malih | agêpah pan èsmu tambuh | sarya alêlendhotan | ing Sang Dyah Kalpikawati | maju mundur ing manah kabyatan trêsna ||

14. dyan arya suka ing manah | ningali sang mindha Ratih | miyat sinamun ing netya | pangudasmaraning galih | lawe panyandhêt wajik | yayi rada kêna ngapus | parikan gênthong sabrang | ruci têmên wong akuning | sun têtêdha tulusa asih wong brăngta ||

15. yèn sinawang warna dika | sajagad tan ana tandhing | èsême asor Supraba | yèn ngandika kadya Ratih | lêlakone wong kuning | Yanghyang Wilutama nurun | nonah rata [...] Tuban | ayam irêng mubal putih | mung ayune nadya[...]k pralaya ||

16. kêlabang sinandhung muncar | buro[...]

--- 308 ---

[...]sa janmi | baya rêna sira dewa | ing têmbe sun sênggarani | bok aja nganggo wadi | mring kadange brăngta wuyung | senthe jurang ngayangan | kang dêgan sampun cumukil | pindho mêngko kajarah dening wanodya ||

17. palwa gung kaisèn toya | kukus gunung sun wastani | kinapakna ingsun mirah | labête kèrêm wong kuning | pun kakang èstu lalis | yèn tan gêpok singgol masku | aja rasa-rumăngsa | atêtinjo wong asakit | radyan arya ing manah datan sêrănta ||

18. aja ewuha ing tindak | sarta ywa ajrih mring bibi | kaya rinangkul-rangkula | sêkala tumêkèng rêsmi | alon nglilir dyan mantri | apan èsmu pungun-pungun | mulat ing renasmara | sêdya têdhak sing jinêmrik | kadya sata kêna pilis solahira ||

19. rêngih-rêngih minta mucang | ing rayi Kalpikawati | sarya ngrangkul api ora | mèh kliru ing Dyah Sêkati | sang rêtna anginggati | têdhak saking jinêmarum | Dyan Arya Menak Koncar | ngadhuh ngêsês sambat mati | têrantanan gya tumrun sing pasareyan ||

20. ya ta risang pramèswara | kê[...] dènnya rakêt sih | ing putra Dyan Menak Koncar | wus tata [...] sami | Sang Dyah Rêtna Sêkati | anèng keringnya kang ibu | [...]lpikawatya | Kalpikaningsih jagèni | ing rakanta

--- 309 ---

lênggah ambukuh nèng ngarsa ||

21. kang winangwang amung Sang Dyah | Sêkati rinungrum galih | mas mirahe wong Lumajang | kang akarya lara brangti | benjang punapa gusti | angsung jampi wong kêlurung | pun kakang sida edan | kêlamèn tan têkèng rêsmi | mung anune gawe anu wong abrăngta ||

22. tambak gung kang sinalaran | bara-bara kusuma di | anggalih mring Menak Koncar | kang duwe rasaning ati | tawon gung tala siti | suwadine nora katur | kadang saking wanodya | nora dipe wong akuning | sun wêtara ing galih sampun uninga ||

23. bakung bang awoh pandhoga | sampun ganas wong ajait | duka dhumatêng pun kakang | kêpithing kang sabèng sabin | rakanta wong abênthing | kêdah-kêdah kapiluyu | angabdi ngèstupada | cêcawu kang nusuh siti | kawulane baya dinalih punapa ||

24. supe nèng ngarsaning rena | lathine pating kajuwit | Radyan Arya Menak Koncar | tan lyan sinêmbramèng liring | namung Sang Dyah Sêkati | kabêlêt ing manah wuyung | mèsêm sinamur mulat | ngêsês-ngêsês nganan ngèri | pungun-pungun gêrahnya kinarya-karya ||

25. ri sampunnya angrarêpa | matur sowan awotsari | minta-minta pangaksama | ing rena Sang Banowati | radyan atmajèng Tubin | sumiwèng wus praptèng ngayun | dyan tiga mèstudeya | ing i[...]

--- 310 ---

pramèswari | radyan arya tambuh solah liringira ||

26. sandi lungiding ujwala | noragyèng sumiwèng ngarsi | lan radyan atmajèng Tuban | rêna kapirênan ing sih | dyan arya sinung aglis | gantyan ing rena agupuh | tinampan tandya mucang | lurah pawongan kêkalih | langkung dènnya awlas mring Dyan Menak Koncar ||

27. Ni Sêpêtmadu Wilaja | prana dènnya nuksmèng liring | ing radyan têtiga pisan | solah bawanira sami | dyan arya jungkar angin | liringe sinêdyèng kayun | namung mring Dyah Sêkatya | tan măntra wong lagya sakit | langkung bingar jwala lir sêkar sêtaman ||

28. dene Rahadyan Watangan | Buntaran kilating liring | tan kênyanan ing lyan mulat | nanging ta amiyatani | dhatêng Kalpikawati | Kalpikaningsih sang ing rum | samya sawang-sinawang | colong-cinolong ing liring | lamun pagut sarêng tumungkul ing jăngga ||

29. sang dyah Sang Rêtna Sêkatya | nora nglêgewa ing kapti | kêna gêlaring wong brăngta | kang sangêt mangluh dènnya gring | dene kang para rabi | miwah ing gêgundhikipun | kamitênggêngên mulat | mring Sang Dyah Rêtna Sêkati | iki si wong ratune ayu utama ||

30. ratune ing luwês raras | pêsaja ratune kuning | ratu-ratuning ja[...] | ratune wong mikat ing sih | ratune wong jukining | ratune [ra...]

--- 311 ---

[...tune] wong gandhang ruruh | ratune kawiragan | tuhu ratuning pawèstri | mindha brăngta lêlaga inggaring driya ||

31. panjang rinênggyèng ing papan | kang sugun-sinugun ing sih | dyan arya sampun waluywa | sêmana Sang Banowati | kundur malêbèng puri | lan putranira sang ing rum | pra garwa ing Lumajang | sêbdene kang para sêlir | samya dhèrèk malêbêt ing dhatulaya ||

32. tanapi wong Trunalanang | kawan dasa anjajari | asikêp paris myang pêdhang | siyaga rakiting jurit | Radyan Buntaran tuwin | Watangan dhèrèk ing pungkur | kandhêg ing srimangantya | datan kawarna ing ratri | kawuwusa ing enjing angguladrawa ||

57. Dhandhanggula

1. kawuwusa Radyan Damarsasi | wus dumugi dènnya pawor raras | nèng kubon sêkar sang anom | lan kusumaning ayu | Anjasmara sang liring sari | biyada kêpatihan | wus kapadhan lulut | tangèh rinêngga ing têmbang | adu sêmu padha kêrasa ing kapti | duk pista tuwan jendral ||

2. nênggih lawan kang para ratpêni | anyanggêmi ingkang prajangjian | miwah ing kauntungane | Sêbdapalon kêlangkung | na[...] | pênuh punya makanan | ika [...] | kuwih kung wi[...] | [...] | [...] ||

3. [...]

--- 312 ---

mirah kuning | jumrut magari widuri banyak | intên barleyan tajuge | mêspir krêstal supênuh | tradhak harga mêsthika lagi | samua musthika dha | lêbih kaya sunggu | sampe trak kliyatan orang | gaspêr kancing giwang pênding intên murni | myang nyamat isi salak ||

4. lagi uwang brapa-brapa pêthi | kêton rupiyah tradhak kêrjanya | agrisnya sumur têmpate | pêsmat wang perak pênuh | dirham dinar-dinar slebari | wang merah tradhak guna | lêbih kaya sunggu | têlampu dhibuwang saja | kurang têmpat kantor gudhang lêbih isi | dhuwite wingka rolas ||

5. duk sêmana rahadyan minantri | ri sêdhêngnya dènnyarsa sumewa | lumiring ing sudarmane | mênggêp busana luhur | lir piturun saking swarga di | sangsaya embah-embah | warnanya binagus | kadya ta purnama wulan | nglela wênês ujwala minuni sari | adining kajuwatan ||

6. Anjasmara tansah migêning sih | gandhang canggèh gandrêsira kungas | saya rêbut gon manise | èsêmira binarung | liring kadya intên hèr manik | kakung tansah winangwang | wangwang gê[...] | jae bang ing kêpatihan | gêrah [...] | [...] ||

7. [...] ngajam [...] | [...] | [...] |

--- 313 ---

tan wurung ingong lampus | panu biru sun tohi pati | layar gêbang kakangmas | wong arangkung-rangkung | bisa têmên dudut manah | wong asigit pasangkara sun wêstani | graitanên wak mara ||

8. kathah ingkang rinasa ing galih | Sang Dyah Ayu Rêtna Anjasmara | aningali ing kakunge | kuwatir nèng dêlanggung | bok ingiwat mondrèng dêdungik | bêbakul sambiwara | wêlanjar ing ênu | jinanji winantya-wantya | kangmas aja salah karya anèng margi | manawa kêna salam ||

9. mêngko kangmas sira yèn anangkil | aja suwe-suwe nèng paseban | lamun kanginan baguse | sudaa bobot suku | sapa baya ingkang ngilèni | dewa ing suralaya | măngsa na kang sanggup | sun wangêni têlung êjam | nèng paseban yèn wus tita nora prapti | sun susul sira kakang ||

10. mangrêp winor Radyan Damarsasi | mèsêm ngaras binarung ing sabda | nahing anggèr mirah ingong | kang asih marang kakung | gusti sampun mawi ginalih | dasihe pun Sêsăngka | tan maro mêrtêlu | nyipta lyan kang saking dika | ulun nangkil nora dangu tandya prapti | ketang kang sawang rêtna ||

11. sang dyah mèsêm sarya nambang liring | sêsawangan kêpranan ing sabda | ing kakung Sang Jayèngsinom | sang dyah wuwusira rum | gagêthingan ingsun kêpati | priya basa mring garwa | tur kaprênah sêpuh | bê[...]

--- 314 ---

manira | ingkang nuksmèng pada sa ingkang wotsari | lir nyèthi dewa mulya ||

12. têka isin arsa sun marèni | gungan tênaga mring sira kangmas | dandanan wus saradane | apuranên wong bagus | pawongane dhoso mring laki | kurang mangranupada | sabda kumalungkung | marma tuwanku kewala | dipun agung pamêngku aksama kang sih | cèthine punggung mudha ||

13. radyan mèsêm angaras panêpi | sang dyah sinambut munggèng ing pangkyan | liniling-liling dêlinge | nah anggèr mirah ingsun | wus kêpatuh gusti kang abdi | nate angabdya pada | tur dasih satuhu | ing mangke karsa andika | aywa kantos rasa rumăngsa ing kapti | kasuwun sih andika ||

14. sapa baya gusti wong akuning | ingkang wigya angruwat tyas brăngta | sing papa cintraka wite | sumêngkèng ing aluhur | pamrêsing byat sinuksmèng gusti | mirah wong awibawa | pinujwèng măntra nrus | dene ing hyang padyabrata | mèstutèng rèh ing sang kumaraning sari | sarining dyah triloka ||

15. kalokèng rat samendraning bumi | titahing Hyang kasmayaning raras | sinih winong suse[...]ne | lyan sih paduka masku | paja-paja panjrah trus sumrih | winangkara sung rimang | embah sang lir juruh | adoh elok rumantara | ruma[...] dyèng kyat Maospait | nêngèng sang sari rêtna ||

--- 315 ---

16. wêntaring guywa prana mamrês sih | mangras winangun jyala kagagas | sang dyah lir rinontok tyase | imbah-imbah mangun kung | pujwaning kang widrawa kèksi | Kusuma Anjasmara | supragyèng mrih tyas rum | ruming rèh sinidi brăngta | karoron sihira risang marswèng rêsmi | sumyarjwèng lam-lam deya ||

17. riwusnya marna ingkang lulut sih | ya ta ing mangke rêkyana patya | sowan ing păncanitine | sêbdene sang binagus | kering ing sang rama sumiwi | samarga-marga gumrah | dene wong dêdulu | kagyat mulat ing rahadyan | jêg kumêlip nèng alam dunya durung wrin | ing warna sang lir Parta ||

18. tuwa anom miwah gêdhe cilik | ebat umung jêjêl arantaban | èbêg marga gung pênuh wong | tinarka dewa tumrun | datan lingên ucaping janmi | ri sêdhêngnya kawarna | sang narendraning rum | mênggêp miyos siniwaka | ingkang munggèng sitinggil binatur adi | sang kêpraboning nata ||

19. pirang-pirang rêsmining naya di | manuhara ruming pêrnadyèng rat | kungas kapêrbawèng katong | èbêk paglaran pênuh | busana bra makilat thathit | teja maya sumirat | makênyar sumuluh | lir samodra rob bêlabar | wadyabala sadaya ing Maospait | sumewa gara gumrah ||

20. tita gupita jiwit-jiniwit | mulat-mawulat [mu...]

--- 316 ---

[...lat-mawulat] jêjêl mawa glar | panjême dra-măndra andhèr | orêg kagyat mawa gyut | beda saban-saban gung dasih | singêring tara sumrah | drês warna-warnèng rum | swara rum amalad-malad | inggar-inggar sêsumuke kang nagari | karya pangaribawa ||

21. kyana patih ngandika wus prapti | ngabyantara lir konjêm ing kisma | myang Seta Kumitir Radèn | Răngga Minangsraya wus | Arya Simping Menak Giyanti | tuwin atmajèng Tuban | andhèr marikêlu | tanapi Dyan Menak Koncar | atap aglar pra niyaka ing ngarsa ji | dhêdhêp tanpa subawa ||

22. Prabu Rara angandika aris | mring apatya kayaparan bapa | ing nguni parintah ingong | sira ingsun pituduh | ngupaya wong ran Damarsasi | apa saèstu panggya | atanapi luput | paran ta ing mangko bapa | umatura payo marang jênêng mami | risang rêkyana patya ||

23. gêtêring tyas saklangkung dènnya jrih | aturira gusti kasinggihan | pun Damarwulan wiyose | atma kawula mantu | abdi dhusun anyar duk prapti | lakinya Anjasmara | ing mangke sang prabu | sumaos ing pagêlaran | sri wanodya duk myarsa turnya kya patih | kumênyut raosing tyas ||

24. maya-maya widra[...] ngun sih | mantya kisma kasrang radityama | katri măngsa têmahane | siniram ing udan rum | rumêsêp sih nugrahan [nu...]

--- 317 ---

[...grahan] jati | winayah wahyuning rat | manikmaya tumrun | nguni marna titahing Hyang | kang pinujwa măntra nagri Maospait | dumadak lumêksana ||

25. sumuking tyas angêmu mêmanis | manisira kungas ing ujwala | maha sang murtining sinom | alon andikanya rum | bapa patih mantunira glis | lah mara timbalana | kang ran Damarsantun | kya patih matur sandika | saha sêmbah ngliring Dyan Seta Kumitir | sang kalih sigra mêsat ||

26. curiganya datansah pinipit | tingkah wiraga winulat yanghyang | mênjangan kêtawan radèn | kampuh sinandhung-sandhung | kăncanira nêrampad siti | tumrun sing sitibêntar | sangsaya gumagus | nora pati yèn bagusa | mung bêsuse gawe ojat ing sasami | dadya sêkaring praja ||

27. cingak sagung wadya kang anangkil | kagyat mulat satumrunnya radyan | Seta Kumitir cahyane | lir sêkar esthanipun | pan nêdhêngnya kang wora-wari | gawok sapasewakan | dyan kalih prapta wus | ngarsane Dyan Damarwulan | andhawuhkên kang timbalan Prabu Dèwi | sêndhu ing netya sabda ||

28. Dyan Sêsăngka wus kering dyan kalih | darmi tangrèh ing susela krama | marwata suta ing tyase | ngrasuk pamruh ngaluhur | nanging tingal kinuswèng lungid | lênglênging Hyang Wisesa |

--- 318 ---

surasèng driya nrus | niscaya sêca-sumêca | cahywanyanduk kongas ngêdusi sêkalir | ri rasa solah netya ||

29. pêrpat kalih maras ingkang ati | yèn mênawa gustine pinatyan | sing kya patih panggawene | wantu wrangkaning ratu | misesani ing Majapait | binapa ing narendra | kêdhahar kang atur | danguning kêpalang driya | dènira mrih pêjah gêsange dyan mantri | tan lyan sing budya arda ||

30. pinaekan sinangkan ing niti | tata tumrap wisesaning raja | sinuduk lan purwakane | mila maras kêlangkung | sagunging wong kang samya nangkil | ing cipta warna-warna | mring Dyan Damarsantun | nêngna gupitaning manah | Dyan Sêsăngka ing ngabyantara wus prapti | lir Parta mangun brăngta ||

31. tan lyan sami sagung ingkang nangkil | jalu èstri ajomblong sadaya | cêngêng lênglêng wurcitane | myang sagunging para rum | kang angayap sumewa sami | supe nèng ngarsa nata | akathah liripun | wênèh gigal busananya | tan karasa jamang sampur dèn waoni | astanya tibèng prênah ||

32. wênèh banyak dhalang sawunggaling | wêntus lawan kang arda walika | kaca mas ngumbar liringe | kêpilih malah ngungun | pra bêdhaya samya abrangti | manggung anggung kasmaran | marang sang binagus | miwah radyan ayu patya | Rarasati dangu ngêtutakên liring | lir Sang Hyang Partasmara [Parta...]

--- 319 ---

[...smara] ||

33. ketanging tyas suselaning èstri | malu lumyat winaon ing tingal | lyan sing pênyolong liringe | nahan kang samya wuyung | ya ta risang narendra putri | rêtna sasotyaning rat | ing Kêncanawungu | sapraptanira Dyan Săngka | mingkis gubah anglela gumawang kèksi | lir piturun sing swarga ||

34. tumaleram gumêbyar rêsmyadi | asor èrêm sarining kang wulan | manon ing rat kucêm kabèh | sunar hyang arka kusut | surêmira dening cahya di | kadya ngalapna jiwa | sagunging tumuwuh | gêtêr konjêm singa mulat | lir pinêcat yuswanya kang nêngèng liring | tan wênang ngujung tingal ||

35. lyan ta saking Radyan Damarsasi | sêkala pagut liringing tingal | lir panjang putra tumibèng | ing sumaywona rêmpu | mawut ing tyasira sang kalih | anglir tanpa jamuga | Radyan Damarsantun | sinamun ruming ujwala | nora paja-paja kawêntar ingèksi | tan kênyanan lyan mulat ||

36. sakêdhèp netra kêpranan ing sih | wus tumangkêb samir tundha sapta | Prabu Rara lênglêng tyase | sinujwèng myat pinrês kung | pasrangkara sasmita lungit | lungiding kasuselan | ma[...] murtining rum | sirna kamanusanira | panuksmèng tyas sang [...] Damarsasi | èstu Hyang Tanpauna ||

37. pi[...] mêling | pujwa măntra èstuning jawata | pitung

--- 320 ---

swarga kênyatane | hyang kara-kara linud | cahya mulya nuring dewadi | rênggèng asmara brăngta | ing Sang Damarsantun | sêkarêng madya padyèng rat | nir susiptya niscayèng suralaya di | wijiling nugra limpad ||

58. Mijil

1. ketang brangtanira Prabu Dèwi | duk kênyarira non | duk ingalus pinurwèng titise | Sang Hyang Kumajaya lawan Ratih | ing hyang dewa luwih | ngarcamanik tumrun ||

2. kilang drawa campur rasa jati | sêjatine tumon | nora samar pawikaraning rèh | bawa pangaribawa kirtya di | mrih susela brangti | brangtane wong agung ||

3. sinakarèng winaragya dening | Maha Hyang Suksmanon | tinitahkên sang kumara rèjèng | angrênggani kraton Maospait | ya Sang Tanpauni | Ratih mêlokipun ||

4. sinujwèng rat iya Dèwi Ratih | ya sang prabu sinom | nguni tumawang nêngèng langite | lamya tanpa ngumyat kang radyèksi | ing nalika prapti | Hyang Asmara tumrun ||

5. nora măntra kawêntar ing liring | sinamur ing pasmon | wimbuh sinung ing sabda wêntare | [...]lih wadya ing Samaospait | wruh pasmoning osik | sasmitaning alus ||

6. alusira kang winrat ing jisim | [...]an Suksmanon | sir kasmaya punika dununge | pêr[...]

--- 321 ---

kering | bale pare warni | panglindhunganipun ||

7. gya tinampan ing Hyang Dewaruci | kang ngrasuk sêkaron | wadhag alus iku pênyampure | basa ing tyas wignya nampik milih | punika kang dadi | pangruhuning laku ||

8. kang minăngka pamolahing jisim | Ruci brăngta kaot | lir kumudhi palwa ing isthane | kang linakyan obahing jismani | uripnya saking sih- | ira jawata gung ||

9. mila marna sabda kang piningit | aywa kumêlojok | sampun ngantya ngupama pamane | tanpa rupa-rupa kang sêjati | jatine pamuji | mring sih pujinipun ||

10. pan ing mangke nugraha kang prapti | mring sang prabu sinom | saha para dewa pêrmanane | polahing rèh nagri Maospait | rinênggèng panglupi | linimpad kang têmbung ||

11. Dyan Sêsăngka dangu munggèng ngarsi | tansah mangrêpa nor | tan ingucap dyan panuksmèng tyase | mring sang maha pustakaning rêsmi | rêkyana apatih | prih [...] kêlangkung ||

12. ginagap ing driya tan andugi | karsanira katong | Ra[...] Kumitir kalihe | graitanya nata ing dyah runtik | [...] sah yètnèng wè[...] | kyat sarèng mapangguh ||

13. [...] | [...] | [...] | [...] | [...]

--- 322 ---

wong luwih | lawan ngong tumuwuh ||

14. durung mulat titahing dewadi | kadya sang wiranom | ratuning wong patut satuhune | angluhuri bagus lawan sigit | mendaha wus mukti | ki raka wong patut ||

15. pasêmone mantêp ing pakardi | kêdhik ing wiraos | solahnya lus netya sêbda sumèh | sun tatêdha Suksmana kang luwih | asiha mring mami | sun anggêp sadulur ||

16. Menak Koncar anjomblong ningali | tansah gawok-gawok | sun wêtara wong iki pambêke | lana ing tyas tur awani mati | cacade mung siji | kurang ototipun ||

17. tangèh têdhasa mring Menak Anjing | sêmune aleloh | sun dhèwèki mung pakulitane | lêmbut lumêr pantêse wong iki | kalis dening wêsi | sambêtane lulut ||

18. mendahane sadulure èstri | pantêse amoblong | baya nora kaworan ayune | dhasar ayu kêcampuran kuning | gêlêm ingsun dadi | punakawanipun ||

19. kinêluha a[...]bo sapi | tan lênggana ingong | sok si dhasar wêruhêna [...] | nucup wong ayu lumêr jakining | i[...] ngupami | dar[...] dulur ||

20. [...] | [...] | [...] | [...] | [...]

--- 323 ---

mbali | mring Ni Sêpêtmadu ||

21. lan Wilaja ingutus gya mijil | wus tundhuk sêkaron | lan Dyan Săngka ni lurah dhawuhe | radyan katimbalan Prabu Dèwi | radyan tiyang pundi | ing pinangkanipun ||

22. lawan sintên ingkang ayayogi | lan malih sang anom | pintên yuswa paduka rahadèn | Dyan Sêsăngka aturnya ngrêpa sih | ulun tiyang saking | dhusun purwanipun ||

23. Paluhămba dene kang yayogi | Maudara kang wong | kang wus mukswa kawula wiyose | pan ingêmong dene sang ayogi | Musthimaya nênggih | kasêbut bêbuyut ||

24. ing Paluhămba ingkang palinggih | dene yuswaningong | apan sampun sêlawe warsane | tandya mêsat pawongan kêkalih | aturnya wus titis | ing sang murtining rum ||

25. Prabu Rara angandika manis | èsêmira winor | yayi Rarasati wêtarane | wus sapira yuswanira yayi | sang dyah awotsari | aturnyèsmu wuyung ||

26. yuswèng ulun kalih dasa warsi | andikaning katong | yayi kace[...] bae | ingsun apan wus patlikur warsi | nêmbah Rarasati | èsêmnya sinamun ||

27. sakêlangkung sumêdhot kang ga[...] | [...] dewaning sinom | adu sêmu kêcandhak liringe | [...] wi Rarasati | sinamun ing lungid | saya

--- 324 ---

gêtir juruh ||

28. sunarnya wor dinusan mêmanis | akarya wirangrong | tandya jêngkar sang murtining rajèng | ginarêbêg sagunging pra sari | lir pujwan rêtna di | kundur angêdhatun ||

29. Adipati Lugêndèr wus mijil | sakancanira lon | magêlaran atata lênggahe | kang makubêng pênuh kang anangkil | lir manungsung wangsit | esthane wadya gung ||

30. sidhêm tanpa subawa gung dasih | tanbuh garjitèng wong | mung Dyan Săngka tinutkên liringe | mênggah-mênggah tyasnya sang apatih | ningali dyan mantri | kang tinutuh-tutuh ||

31. nora wurung akarya pakardi | satêmah rêrêmpon | ajur samya sêdulur wêkase | runjang lan rowang dènnya rêbut sih | bramatya tan sipi | tanbuh dhawahipun ||

32. migut-migut sinamun ing liring | ing sasolah sagok | myang Dyan Seta Kumitir sabdane | jajanya brit lir mawulat agni | dinulu dyan kalih | lir nuduka gapruk ||

33. Dyan Sêsăngka wus angudanèni | ing sasolah pasmon | langkung dènnya ngênorkên ragane | nging jroning tyas [...] | [...] Suksmadi | sumarah ing ratu ||

34. kawuwusa malih [...] | kang kundur ngêdhaton | kandhêg anèng gapura tindake | [...] wiryan rêngganing puri | pura raras rêsmi | lir kaswarga[...] ||

35. myat [mya...]

--- 325 ---

[...t] ing rênggèng pêrdăngga sri sumrik | panjrah puspitangrok | wijah-wijah jahning maya nglude | minangkara rêsêp mêndanyan sri | lênglêng kalêngkaning | lêngês mara ngungrum ||

36. sêmaningrat ketang karongron sih | duk kaswargyèng sinom | angrênggani ing Cakrakêmbange | rikala Hyang Kumajaya Ratih | maembah kang brangti | ing sang karya wuyung ||

37. duk mangiwa saliring ningali | sang murtining sinom | pustakane pandhan surat age | pinêthik tandya sinuksmèng galih | sinrat sastra sandi | linimpat kang têmbung ||

38. pilih janma ingkang ngudanèni | sandine wèh wirong | sinrat dene kênaka lungide | gya sinungkên mring pawongan kalih | satêdhaknya saking | dhêdhampar sang ing rum ||

39. sarya tindak tan kacakrèng lungid | titising sastrèng ron | wus katampèn sang nata pasmone | gêpah Sêpêtmadu Wilaja glis | mring paglaran mijil | saksana tu[...] ||

40. ing Dyan Săngka kang nèng păncaniti | bukuh mangrêpa nor | gya dhumawuh timbalane rajèng | wus tan [...] stakèng ron sandi | sinuksmèng ing galih | bêbukaning têmbung ||

41. [...]tmaa sang narendra putri | sinujwèng Suksmanon | [...] rèh ing pra jawatane | kinamulèn sagung widadari | [...] kinarsan dadi | lêlakon kaswayun ||

42. dhumawuh ing

--- 326 ---

Radyan Damarsasi | wiyose sang katong | kapêtêngan ing praja rêntênge | ing rèh Menakjingga kyat ing jurit | măndrasura sêkti | tan lawan ing pupuh ||

43. pantês lamun Radyan Damarsasi | ngêntasi palugon | wignya mocok murda digung rajèng | tan lyan yogya pinintang sraya di | mung Dyan Damarsasi | kang sih ing kaswayun ||

44. cacadira sang narendra putri | gêgampang punang wong | dene durung sinungan kamuktèn | sinangsrayan mapag ing ajurit | yèn ta wus amukti | tan kuciwèng sêmu ||

45. ing satêmah ginubêl pakardi | rèh sang prabu sinom | tanpa yayah rena myang kadange | èsthining tyas kawrat ing sastra di | titi punang tulis | sang anom tyas ngungun ||

59. Sinom

1. sêkala kadya sinêndhal | ing driya rahadyan mantri | kurang winalês ing pêjah | mêmanisnya Prabu Dèwi | galihnya cilik wukir | kungas netyarjwa sumuluh | gêpah mangsuli sabda | ing lurah pawongan kalih | [...] nata [...]na ing karsa ||

2. Ni Sêpêtmadu Wilaja | wus mêsat lumêbèng puri | orêg sagung kang sumewa | pita-ginupita sami | nyana-nyana mawarni | warna-warna bicakipun | [...] rêkyana patya | sumung-sumung wêdana brit | ngadêg bubar ya ta sama[...] aluwaran ||

3. gora rèh kagiri gumrah | sagung wong [...]

--- 327 ---

[...]ngali | marga gung lir binusanan | kadya sulung mêdal enjing | mulat-mawulat asri | păntha pêpanthan supênuh | datan lyan kang ingucap | namung Radyan Damarsasi | sugun-sugun kaya wong takon pawarta ||

4. ya ta ingkang kawuwusa | sang dyah kang tinilar nangkil | Kusuma Yu Anjasmara | datansah angarsi-arsi | ing kakungnya dyan mantri | poyang-payingan tyas gandrung | sang dyah kabyatan trêsna | gandrung-gandrung angsung brangti | roning kacang anglayung dangu tan panggya ||

5. buron arum kinunjara | maras-marase kang ati | alaki wong kadi Parta | yèn ta dèn limang sukoni | atal sangit ing ardi | mendah baya wirang ingsun | pantês sun têkèng pêjah | lawe ingkang jinum kêrti | yèn rawuha mêngko kangmas sun rêrêngga ||

6. baita kaisèn toya | cêpaka rinujit miring | bubrahe ati manira | kèrêm dene wong asigit | parikan wohing dami | parikudu ingsun susul | wadung Cina pangeran | kinapakna awak mami | pêtis manis jêr dika dadi pocapan ||

7. kêrangehan munggèng têgal | wong bagus sun anti-anti | kang gêbang binêsut mudha | apêgêl rasaning ati | dene kêpati-pati | seba [...]ka nglangut-langut | sang dyah arsa anggantyan | tansah binuwa ingambil | mung kakunge tan lyan sinambat ing brăngta [brăng...]

--- 328 ---

[...ta] ||

8. sabdane mring babu enya | pagene ta wong asigit | suwe têmên nora prapta | nganggo apa wong abênthing | maras-marasing ati | manawa mati kêsandhung | sirna kabur kanginan | kodanan udan pawèstri | padha ilang angur sanak bapa biyang ||

9. sêjagad măngsa na memba | kaya dika wong abênthing | oliha ing bênthingira | ujar kari sarya wingwing | akèha wong kang wingwing | ujar kari rangkung-rangkung | padhang rangkung-rangkunga | ujar kari marakati | mrakatia ing manah măngsa sênênga ||

10. sapa kang kandhêk kampiran | angganggu mring wong asigit | mawuh angrong pêrsanakan | kinraha buta sakêthi | pinaraga gêgêring | sinambêra gêlap sèwu | wanodya kang sikara | linuda ing mutah ngising | wong abagus poma aja salah karya ||

11. ni êmban matur wotsêkar | raka paduka dyan mantri | adangu anèng paseban | tinimbalan Prabu Dèwi | mêlang-mêlang ing ati | mênawi tinuju kayun | pinundhut dadya krama | sinangkan sing solah niti | sabdaning dyah yaiku maras ngong biyang ||

12. poyang-payingan ing manah | Anjasmara èsmu kingkin | sêksana Radyan Sêsăngka | wus rawuh dènira nangkil | duk katingal [...] wijil | sang dyah tyasira kumêpyur | gya mêthuk kapang-kapang | gêdrah-gêdrah angsung [ang...]

--- 329 ---

[...sung] brangti | gupuh-gupuh rahadyan maoni kunca ||

13. gapyuk saksana ingêmban | sarya ngaras kang panêpi | samarga awirandhungan | wangwang-winangwang ing liring | rêbut gon kang mêmanis | sang kalih tuhu abaud | nêdhêng kang pêpasihan | lir mintuna lawan mimi | sang dyah lajêng binêkta ing pêsareyan ||

14. supe dhahar lawan nendra | mung kasmarannya kang kèsthi | tansah anèng pagulingan | tan ketang karya duk nangkil | mulêng ngêsmarèng rêsmi | mantya wartikèng mangun kung | kungas marjènging tilam | srangkaranya mantrês ing sih | arum-arum ing sadpada nuksmèng sêkar ||

15. nutug dènnya păncakara | pêrmain tikswara lungid | lungide sinawung brăngta | brangtane amigênani | migêna pamujwan sih | sihira tuwan kumêndur | gupêrnur rat Indiyah | anèng laut măndra rêsmi | pênuh raras manonah ing kêpatihan ||

16. wus jinarwa kang suwadya | sapangrèh duk kala nangkil | katitisan sandi sastra | tumrap pustakèng ngron rêsmi | sinransraya ing jurit | ing maha kumaraning rum | mapag Sri Menakjingga | kyating suramăndra sêkti | têguh timbul prawira ing adilaga ||

17. Rêtna Dèwi Anjasmara | ing manah brangtan akingkin | wuyang-wuyungan ing cipta | ajrih maras awor asih | jrinya mring Prabu Dèwi | dene gêntining dewa gung |

--- 330 ---

mulya trus mutêr ing rat | sapituduh dèn lakoni | nora wênang mindakèng karsaning raja ||

18. maras-marase kang manah | manawa tan bangkat kardi | sêpi saking kira-kira | dudu lawan sirèng tandhing | yèn têmah têkèng pati | gawe răndha tanpa nganggur | sihira wus kanyatan | kumanthil kulunging ati | wusananya sang dyah amănca udrasa ||

19. mingsêk-mingsêk anèng pangkyan | tansah jinum sabda manis | sinangkan sing nitikrama | tinruskên kasmaya jati | kasampurnaning urip | inguripan Hyang Suksma Gung | pangrèh sulanging titah | tata anggêp anèng bumi | binarung sih ruming sabda mangla-êla ||

20. lingsir dalu wancinira | rikala apamit jurit | radyan baud ing sranggara | rèrèh kang ingarih-arih | kamantyan sang sudèwi | asmara tăntra pinrês kung | tandya kêpati nendra | wus sinarèkkên aririh | kinrangulon sang dyah dening asta kanan ||

21. imbah sri nata ingatap | manggung winangwang kang liring | kadya murca kinêdhèpna | paja-paja mangkat jurit | trênyuh kabyatan ing sih | ing sanèkara kaetung | Radyan Damarsêsăngka | lir pêjah sajroning urip | aningali sang dyah kang sawang purnama ||

22. radyan mangunus kang asta | sinangkanan saking kêdhik | manut sêlanirèng napas | sinamur duk mungah-mangih | yanghyang bê[...]

--- 331 ---

[...]di | sinêdhêng ngêrbasèng santun | yèn kalanira sang dyah | èsmu sêsêg napasnya glis | radyan mantri ngêndhoni tanpa subawa ||

23. kunus panariking asta | mangu mangêntyas gung brangti | brangti mulat ing wêdana | asor hyang purnamasasi | waja gumyur kasilir | kungas tejane ngênguwung | sêngkang hèrnawa muncar | lir lintang sayuta ngalih | rêbut raras goyang-goyang kapêrmanan ||

24. kaya angalapna jiwa | kusuma kang lagya guling | gêtir madu pinasthika | rêm-rêm sata ngramyang sumrik | sangsaya rêbut manis | anèng jroning tilam santun | Radyan Damarsêsăngka | lumèngsèr sing jinêmwangi | singêb kokih sang dyah katrang prêmbayunnya ||

25. manglela maya gumêbyar | Dyan Săngka jêngêr kêpati | anglês sarya ngusap jaja | èsmu mênggah sambat mati | wus tumrun sing jimêmrik | mawang ing garwa mangungun | gilang-gilang winulat | sang dyah kêpati aguling | radyan mantri kang manah kadya kang maca ||

26. malih minggah ing paprêman | sang dyah rêtna ingarasi | cinêcêp-cêcêp lathinya | napasing dyah dèn sarêngi | ingêdêd mangrit-irit | tinarik pamiyosipun | tumrun mring wonga-wonga | nuksmèng madyaning panêpi | măngsa borong kang ahli tilawat Kuran ||

27. têjuwit lan mukalapah | bilahonahira minging | sang dyah sampun siningêban |

--- 332 ---

sarya ingmêk-êmêk ririh | dèn apit ing gêguling | asta ingastan masak rum | sêkar suwun ingalap | kinarya jimating jurit | malah mandar dadya têguh kayuwanan ||

28. mêne sêkarêng ing solah | pangrèhing pamujwaning sih | dyan tumêdhak sing paprêman | satindak gya mawang liring | samir èsmu kawingkis | katon mêlok sang lir santun | sang kakung trênyuh ing tyas | gêgubah winangun aglis | wus tinangkêb datanpa nolih ing wuntat ||

60. Pangkur

1. riwusnya ngrasuk busana | Dyan Sêsăngka tandya sowan apatih | lan parêpatnya wus pangguh | laju ing lampahira | de warnanên ki adipati pinuju | sêdalu pinrak lan putra | Seta lan Layang Kumitir ||

2. anèng ing bangsal sineba | gunêm rêmbag gusthi karsaning gusti | pêpucukan nyinèng sêmu | sêmu mring Damarwulan | kadya ingosikkên Sukmana Kang Agung | pituduh bathara mulya | mring Maha Sang Prabu Dèwi ||

3. mangraoskên ingêring rat | wahyuning rat pratingkahe praja di | tuwin budayaning laku | kêlakohaning titah | sinung murah dene Yyang Bathara Luhur | wênang ihtiyar ing lampah | nyalangi durunging pêsthi ||

4. mila tansah rêrêmbagan | kyana patih lan putranira kalih | Dyan Layang Kumitir matur | dhatêng yayah dipatya | Damarwulan prayogi cinidrèng dalu | sampun ngantos [nga...]

--- 333 ---

[...ntos] manjang wirang | yèn lami saya angsal sih ||

5. saya jêmbar kang daulat | kuncara nrus ngait wong Maospait | awrat iritnya ingapus | mujar Dyan Layangseta | yayi aja laku cidra amrih lampus | abot pradataning lampah | kuwat pira nalar siji ||

6. kalah lan nalar sajagad | pujining kang ngudi dursilèng juti | tan wun sing bahya pinangguh | satêmah kawêdakan | rama mujar paran rekanira kulup | Dyan Seta matur wotsêkar | yèn sêmbada lawan budi ||

7. yogi angakên narendra | sinangkan sing pangrèh kang adu manis | manis kang pamicara lus | nêbihi kira-kira | winisayèng kartaning buwana samun | sêmonira tan kênyanan | nyanane angrèh ngarjani ||

8. lunturing tyas lumêksana | gunging urip tan wontên amrih sisip | mulyaning sinêdyèng kayun | tan wrin yèn pringga pasang | sêsingate andaka [...]mah tinanduk | linaba suselaning rat | tan susah dadya pakardi ||

9. ing rèh kasiku ing tingkah | sinaidan isining bumi langit | ratu lumuntur kang bêndu | agampil winoran byat | ginosongan ing bêbudèn sêtya tuhu | yèn wus tiwas tyasing raja | gugur kagubêl ing sisip ||

10. saha kang balakuswala | saprajanya tumindak lawan kingkin [king...]

--- 334 ---

[...kin] | kang kas nalar kang rahayu | ruwêd pamujwa arda | Damarwulan măngsa dadosa têlingus | pêjah kêsandhung ing rata | ngestrenan kêlawan niti ||

11. amanggut rêkyana patya | wacana rum sabdanira aririh | luwih bênêr sira kulup | cacade wus kaslêpak | nging wong mayang măngsa kewuhana laku | wus katêkêm ngastaningwang | lêlakone Damarsasi ||

12. radyan kalih saya nyêlak | lênggahira ngadhêkês tyas mèstuti | kyana patih sabdanipun | pating kranthuk alamat | lan putranya pasmon kewala asamun | gutuk kidul lor kêpranan | liwat pinaliwat lungid ||

13. tandya na abdi manêmbah | matur lamun Dyan Săngkyarsa sumiwi | katrinya ing manah jumbul | sinamur wus ngandikan | nanging pamojarnya tan kandhêk kang wuwus | sasolahira tan owah | sanetya kinardi-kardi ||

14. gêrgête yèn kalamarna | Sang Sindura duk campuh ing ajurit | manise yèn kala muwus | prange Dipati Tuban | èsêmira yèn marna para tumênggung | pra dipati myang pra menak | kang samya kanisthan jurit ||

15. gêtun-gêtune ing netya | duk manabda risaking Maospait | Dyan Damarwulan wus rawuh | agêpah ingancaran | kinèn lênggah lan putra kalih wus gêmbul | ambukuh kêpara wuntat [wunta...]

--- 335 ---

[...t] | ya ta Dyan Seta Kumitir ||

16. tan pêgat matur wotsêkar | sêrikutan ingambil kang mêmanis | kang prapta dangu tan dinuk | ing tingal saha sabda | tungkul dènnya anggumunakên kang atur | mring sudarmanira radyan | luwês kang têmbung patitis ||

17. ya ta sang rêkyana patya | sawusira nimbangi putra kalih | nabda mring Dyan Damarsantun | wartanya ing pakarya | Dyan Sêsăngka tandya umangsah wotsantun | ngaturakên sandi sastra | kang tumrap ing ron tinampin ||

18. wus sinuksma ing sang patya | kang nawala tandya sinungkên malih | nabda paran sira kulup | mungguh wêkasing karsa | nêmbah matur Dyan Săngka panyiptèng ulun | nadyan dhumatêng ing pêjah | kawula èstu mèstuti ||

19. lumampah mring Prabalingga | sumêngkèng rèh pangawak braja jurit | lan Sri Menakjingga digung | tan lyan ulun pêpinta | mung pangèstu paduka ingkang sinugun | manggut kya patih ngandika | iya bênêr sira kaki ||

20. borong apa karsèng nata | sapituduh kudu dèn lêksanani | balik angkatira kulup | mapag mring Menakjingga | nêmbah matur sira Radyan Damarsantun | inggih lajêng sapunika | manggut kya patih dènnya ngling ||

21. dèn eling sing wêling radyan | garwanira apa wus têpung kapti | dyan matur paduka sunu | dahat tan suka mangsah | mila ulun [u...]

--- 336 ---

[...lun] sowan mring paduka dalu | Anjasmara sangêt mothah | ngong limpe inggih duk guling ||

22. sing jrih kawula ing nata | myang ing tuwan kang sung nugraha ing sih | garwa kêtilap jinêmrum | patyèsmu mèsêm nabda | luwih bênêr babo mangkata dèn gupuh | sasat karsaning jawata | barang parintahing gusti ||

23. Dyan Seta ewa ing manah | mingêr mucang èsêmnya nocog galih | cumêri mèncêpa idu | Kumitir panas mulat | liringira mêrkitik kacinèng sêmu | adhoso ingkang pangucap | ki raka mangkata aglis ||

24. poma dipun angsal karya | dèn kêpocok Menakjingga ing jurit | Dyan Săngka ngrêpa tan muwus | kya patih ngatag mangkat | nêmbah majêng dyan mantri manuksmèng suku | sawusnya lèngsèr gya mentar | lan parêpatira kalih ||

25. amarêngi padhang wulan | kara lumrang trênggana mawur asri | srining mêmanon mangungun | sumilak ngêmu brăngta | ing sang kadi Parta asmara mring pupuh | samarga sinêmangkara | mring sagung jawata kang sih ||

26. nirbaya tanpa wikara | tan lyan ingkang kaciptèng kasmaya di | mung sandining sastra wèh rum | wirama proma manras | rumasuk sih sutijèng kara sinawung | lam-lam brăngta kawurywan tyas | karêspatèn tikswèng lungid ||

27. tan ingucap kang nrang marga | ginupita malih gitaning patih | Seta Kumitir wus [wu...]

--- 337 ---

[...s] rêmbug | rêmbug kang măntra mulya | glaring aran brajatrustha tyasing gupuh | lêlandhêping namung tingal | anggêp ungguh aksama sih ||

28. byar raina surya muncar | Anjasmara pinojaran sruwadi | sang dyah aniba tan emut | sêmang ing driya mamang | byat trêsna sihing kakung tinilar dalu | kuwur sumawur ing manah | sapanglilirnya kaswasih ||

29. sêsambat awor karuna | wayang-wuyung marasira kêpati | pawongan pating bilulung | tan wruh ing purwakanya | mawurahan gustine sinambat muwus | tintrim wong sakêpatihan | sasaran miyarsèng tangis ||

30. gêpah Rêtna Anjasmara | malbèng pura marsèng byantaranya ji | mangèstupada kaswayun | sêsampur kuleweran | măncadrasa asambat-sambat mring kakung | Prabu Kênya angrês mulat | tansah angecani galih ||

31. sasabdanya gêtir kilang | awusana tandya parintah aglis | mring apatih wus dhumawuh | kinèn ambantu lampah- | ira Radyan Sêsăngka sadhiya pupuh | gêpah wus samya pininta | dêdamêl ing Maospait ||

32. pararya myang para menak | pra tumênggung dêmang răngga ngabèi | myang balakuswa wus daud | mangrob mangarab-arab | têngara ngrok gurnita têtêg makêtug | winantêr winantya budhal | kadi alun nêmpuh wukir ||

33. kang dadya tindhihing lampah | sira [si...]

--- 338 ---

[...ra] Radyan Seta Layang Kumitir | wadya kapatihan magut | pênuh datanpa wilang | pra dipati măncanagara sadarum | wong pasisir lèr bêlabar | kadya jalanidi ngalih ||

34. malih ingkang winursita | Dyan Sêsăngka sinrang lampahira glis | tan kontap kang samya nusul | dêdamêl Majalêngka | kandhêg anèng ing Daha kabrokan mungsuh | barise wong Bêlambangan | Katbuta Kotbuta Patih ||

35. myang sagunge para menak | para dhaèng miranti tata jurit | baris aglar opyak mungsuh | kadya dhawuhan bêdhah | gênggêng muntab kadya gunung alêlaku | swarèng rok panjriting liman | kadya udan sinêmèni ||

36. ganjur maganjur mangrêmpak | braja kilat makilat-kilat thathit | byuh bayu bajra magêntur | gêntur gêntêr sauran | tanjrak bajra parkatha lir sèwu gêntur | baris kulon lawan wetan | tan ana sêdya gumingsir ||

 


Kurang satu suku kata: namung nrêm masidhêm-sidhêm mrik. (kembali)