Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 86–98)

Judul
Sambungan
1. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 10–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 20–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 30–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 42–52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 53–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 61–68). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 69–74). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 75–85). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 86–98). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

86. Mêgatruh

1. wus rinêbut Jayasantika kang dhuwung | gya sinuduk jajanèki | tatas praptèng gigir lampus | Kuda Tilarsa abêlik | sêsumbar anguwuh mungsoh ||

2. Raja Wandhan lan Anggris agea mêtu | ing kene tandhing ajurit | Raja Wandhan dupi ngrungu | talinganya lir sinêbit | parentah nabuh kêndhang gong ||

3. sigra muni kêndhang gong bêndhenya umyung | lir pendah karêngèng langit | Raja Wandhan miyos pupuh | sarwi pêdhange tinarik | ya ta mara radèn karo ||

4. Radèn Kuda Tilarsa mapag ing ngayun | sigra pinêdhang tinitir | panggah wulune tan runtuh | malêsa padha wong bêcik | radèn maju ngunus gupoh ||

5. pêdhangira pinêdhangan sang aprabu | lamêng datan anêdhasi | rame pêdhang gênti caruk | tan ana nêdhasi kalih | sarêng dènnya buwang karo ||

6. narik kêris agênti suduk-sinuduk | kêris kalih tanpa kardi | binuwang sarêng angrasuk |

--- 506 ---

acandhak bithi-binithi | Kuda Rêrangin wlas anon ||

7. marang ari samana lajêng têlulung[1] | yayi mas mundura dhingin | sun lawane mungsuh iku | wus prapta ngayunan panggih | Kuda Rêrangin ling sêngol ||

8. Raja Wandhan apa kang ana sirèku | tamakêna marang mami | Raja Wandhan angling asru | lah iya dèn ngati-ati | sun pêdhang dèn padha tanggon ||

9. narik pêdhang Kuda Rêrangin pinupuh | panggah Raja Wandhan angling | malêsa padha wong punjul | narik pêdhang Kuda Rangin | sinabêt murdane pêdhot ||

10. Raja Wandhan sêmana pan sampun lampus | wadya lit sami ningali | lamun gustinira lampus | Raja Anggris mangsah jurit | sarêng mangsah radèn karo ||

11. ngikal pêdhang Raja Anggris kinarubut | sinabêt ing pêdhang mati | wadya lit miyat lumayu | bubar larut sirna gusis | salang tunjang solahing wong ||

12. Kyana Patih Lugêndèr anumbak-numbuk | lumayu lan putra kalih | katunjang wadya lumayu | nèng marga tiba kuwalik | dèn idak-idak ing uwong ||

13. sampun adhèng sagunge wadya lumayu | Dyan Seta lawan Kumitir | ki patih wus sami lungguh | sarirane ngêmu gêtih | lênguk-lênguk ajêdhadhog ||

14. mêgap-mêgap ambêkane ngangsur-angsur | bêrangkang sami lumaris | katunjang [ka...]

--- 507 ---

[...tunjang] wadya lumayu | gulinting mangkurêb siti | tiga pisan anggêloso ||

15. kunêng wau kang sangêt kawêlasayun | kocap Dyan Kuda Rêrangin | lan ari lajêng umasuk | marang pasanggrahan aglis | ajêjarah ambêboyong ||

16. rajabrana tuwin sagung para arum | sadaya tan wontên kari | kang para putri sadarum | radèn kalih sampun prapti | ing ngarsanira sang katong ||

17. sampun katur boyongan jarahanipun | sang nata suka ing galih | manglêmbana arinipun | sang nata ngandika aris | yayi Lumajang karsèngong ||

18. ingsun kundur malêbu marang kêdhatun | undhangana wadya mami | Menak Koncar tampi dhawuh | têngara bêndhe tinitir | obah kang wadya gung bodhol ||

19. kang jajari nèng ngarsa ri kalihipun | Rahadèn Kuda Rêrangin | lan Kuda Tilarsa patut | nitih kuda dèn songsongi | lir putra Waratha[2] tinon ||

20. Menak Koncar kang sumambung wurinipun | anulya Dipati Tubin | Dipati Daha sumambung | Sêbdapalon nyambung wuri | jajar lawan Nayagenggong ||

21. nitih kuda rêspata[3] busananipun | ngagêm kampuh ngagêm nyamping | nganggo udhêt abêbêngkung | nganggo kuluk nganggo caping | payungan sarwi lêlagon ||

22. nunggang kuda marêp buri manggut-manggut [manggu...]

--- 508 ---

[...t-manggut] | gumêr kang sami ningali | samarga dipun gêguyu | tênagane lir wong baring | tan pêgat dadi gêguyon ||

23. kang sumambung ing wuri kang para arum | anulya sri narapati | ing wuri para tumênggung | răngga dêmang lan ngabèi | prajurit swara gumuroh ||

24. tan winarna ing marga lampahe rawuh | ngalun-alun sri bupati | alaju manjing kadhatun | lawan sagung para rabi | tuwin sagung para sinom ||

25. kang wadya gung sadaya bubaran mantuk | Rahadèn Kuda Rêrangin | lan ari wus sinung dunung | jinaga para dipati | rumantya karsa sang anom ||

26. Sri Bupati Brawijaya nèng kêdhatun | pinarak lan garwanèki | sadaya pêpak ing ngayun | sang nata ngandika aris | sagung para garwaningong ||

27. piyarsakna iya ing parentah ingsun | têtunggule garwa mami | maha sang kumaraning rum | dene kang dadi pêpatih | yayi Anjasmara karo ||

28. Rarasati kang măngka kêbayanipun | Sasmita Suselawati | angêrèhna garwaningsun | wolung atus para putri | sadaya sami rumojong ||

29. langkung mukti wibawa sira Sang Prabu | Brawijaya Majapait | kalane anèng kadhatun | anglir Radèn Pandhusiwi | nèng Tinjomaya sang anom ||

30. pan ingayap pra widadari sadarum | Sang Hyang Guru

--- 509 ---

aparing sih | akrama para apsantun | mangkana upamanèki | Brawijaya Sang Akatong ||

31. Brawijaya amukti wibawa tuhu | kèringan ing măncabumi | wadyabala asih lulut | akèh para ratu ngabdi | datan marga aprang popor ||

32. awit saking kungkulan ambêk marta lus | utama ngapurèng dasih | tyas arja ngasturi anrus | santana myang wadya alit | tyas eca sadaya golong ||

33. siyang dalu sang nata tansah mong lulut | lawan sagung para rabi | suka bungah para arum | tan ana rêngating kapti | sang nata gung asmarèng ron ||

87. Asmaradana

1. kunêng wau sri bupati | Brawijaya Majalêngka | ya ta gênti winiraos | Lugêndèr Rêkyana Patya | lan kalih atmajanya | Seta Kumitir saklangkung | meranging wardayanira ||

2. dhumatêng sri narapati | têmah kesah nguladara | mring Sulebar ing ciptane | pan arsa aminta sraya | lampahe kyana patya | lan kalih atmajanipun | nèng marga sangêt musakat ||

3. wus sirna sipatirèki | labête mukti wibawa | sakêlangkung musakate | wontên gêmpalane kăndha | kocapa ing pratapan | Gambirsakêthi winuwus | sang pandhita ing samangkya ||

4. Ajar Pamênggêr Sang Rêsi | sangêt dènnya mati raga | kinasihan ing dewane | jinurung [ji...]

--- 510 ---

[...nurung] sakayunira | wrin dèrènge jinarwa | ngajur ajèr datan ewuh | putus amangolah laga ||

5. ing nalika jênêngnèki | Sang Aprabu Urubêsma | Pamênggêr ginawe pundhèn | binapa sinung mardika | kinarya ngarsèng rêmbag | andhahara aturipun | ki ajar tan têkèng lena ||

6. nguni Prabu Urubêsmi | mung nut karsa digung pugal | surarda dir kumawanèn | ing mangke sang maha tapa | lênggah nèng dhepokira | lawan atmajane jalu | wasta Dyan Menak Supêna ||

7. abagus taruna pêkik | anglir pendah Krêsnaputra | sêmbada kèh kawignyane | prawira têguh digdaya | limpad pasang graita | rèhing wêweka wus putus | ki ajar sangêt sihira ||

8. lir gone yoga pribadi | tumpêk ngèlmune ki ajar | sadaya winulangake | mila langkung kasêktènnya | pilih ingkang anyăngga | kaprawiraning apupuh | mring Radèn Menak Supêna ||

9. jatinira sang apêkik | Rahadèn Menak Supêna | lan ki ajar atma pupon | arine Sang Menakjingga | kang tunggal yayah rena | ing nalika sedanipun | Sang Aprabu Menakjingga ||

10. radèn yuswa tigang sasi | lajêng binaktèng partapan | dèn ulig kinarya jago | malah ta ngantya diwasa | langkung sêkti digdaya | ki ajar alon amuwus | marang

--- 511 ---

ing atmajanira ||

11. kulup sira ing saiki | ngabdia mring Majalêngka | Brawijaya Sang Akatong | dèn bisa sira suwita | amrih asih sang nata | sirnaa tyase kang rêngu | yèn wus klakon sutaningwang ||

12. karsanta kang angèl gampil | ingang gampil tulus arja | Menak Supêna ature | paran ta jarwaning sabda | kawula dèrèng dungkap | ki ajar mèsêm nabda rum | wruhanira sutaningwang ||

13. malêsa ukum nak mami | marang Prabu Brawijaya | kadangmu dhingin pinatèn | ana sajêrone pura | patine siya-siya | tinugêl ing murdanipun | rahadèn sarêng miyarsa ||

14. sabdane sang maha yêkti | mawut tyas wêntaring krodha | sumung-sumung pranajane | wadana kadya sinêncang | ginigit wajanira | cipta agea katêmu | lan Sang Prabu Brawijaya ||

15. asru kagagas ing galih | waspa andrês marawayan | awor lan tangis ature | dhuh rama pangèstu tuwan | ulun amit umentar | mugyantuka kang pangèstu | sagêd malês ukum pêjah ||

16. sang tapa aris mangsuli | kulup poma wêkas ingwang | dèn bisa namurkulane | saupama kawanguran | cupêt lêlakonira | wruhanamu Sang Aprabu | Brawijaya Majalêngka ||

17. kinasihan dewa luwih | sêkti dibya mahambara | jinurung barang karsane | pan ora

--- 512 ---

kêna kinasap | yèn luput lakunira | susah sira têmu kulup | ngong gawani kanthi sira ||

18. minăngka amramugari | ya Si Cantrik Jagabaya | rumêksaa sira anggèr | sang tapa alon ngandika | hèh Cantrik Jagabaya | ngong tuduh mong bêndaramu | mring nagara Majalêngka ||

19. yèn wus prapta Majapait | di bisa amèt upaya | ya măngsa bodhoa kowe | sira Cantrik Jagabaya | nêmbah matur sandika | sang wiku lingira arum | lah uwis kulup mangkata ||

20. sun jurung puja sêmèdi | poma kulup dèn prayitna | katêkana sasêdyane | Menak Supêna manêmbah | gya mentar saking ngarsa | Jagabaya atut pungkur | tan kawarna anèng marga ||

21. gancanging carita prapti | nagari ing Majalêngka | sang prabu nuju siniwèng | adipati ing Lumajang | Tuban tanapi Daha | lan ari kalih nèng ngayun | Kuda Rangin myang Tilarsa ||

22. lênggah ing dhampar sang aji | ingayap para biyada | lir mas sinangling slirane | sami ngampil upacara | dhêdhêp ing pasewakan | ya ta kêsaru kang rawuh | Rahadèn Menak Supêna ||

23. lan panakawane siji | anjujug waringin kêmbar | mabukuh ing pasilane | kawistara sri narendra | ya ta alon ngandika | sapa nèng waringin kurung | paran baya kang sinêdya ||

24. wus asuwe ngong tingali |

--- 513 ---

Dyan Kuda Tilarsa nêmbah | mentar prapta sor wringine | kêpanggih Menak Supêna | alon dènnya têtanya | ngong dèn utus sang aprabu | paran dadya sêdyanira ||

25. lan sapa aranirèki | ing ngêndi pinangkanira | Menak Supêna turnya lon | sêdyamba arsa suwita | dhumatêng sri narendra | Menak Supêna ran ulun | wismamba saking aldaka ||

26. pratapan Gambirsakêthi | samana sawusnya jarwa | Kuda Tilarsa nulya ge | marêk ngarsaning narendra | wus katur saaturnya | ing purwa wusana putus | Brawijaya angandika ||

27. payo timbalana yayi | Dyan Kuda Tilarsa nêmbah | prapta sor waringin age | dhawuhkên sabda narendra | wau Menak Supêna | gya kering ing lampahipun | samarga-marga darminta ||

28. wus prapta ngarsa narpati | marikêlu pilênggahnya | lir konjêm siti mukane | sang nata alon ngandika | wong anom ingkang prapta | têmên sêdya ngabdi mring sun | lumakya sakarsaningwang ||

29. Menak Supêna turnya ris | pukulun sri maharaja | manawi parêng sang katong | ulun tumindak sakarsa | sakit dhatênging pêjah | ulun tan rumêngkang kayun | nglampahi rèh padukendra ||

30. sang nata angrês ing galih | kalane sarêng miyarsa | Menak Supêna ature | baya wus karsaning dewa | sangêt [sangê...]

--- 514 ---

[...t] sih Menak Supna | lir kadi sadhèrèk tuhu | sang nata alon ngandika ||

31. iya sira ngong tampani | ingsun nyatakakên sira | pirabara besuk têmbe | ngong bisa muktèkkên sira | Menak Supêna nêmbah | muka sumungkêm ing lêbu | sukèng tyas kinanthi nata ||

88. Kinanthi

1. sang nata jêngkar ngêdhatun | bubar sagung kang sumiwi | sami mantuk sowang-sowang | Dyan Menak Supêna nênggih | pan sampun sinungan prênah | ing wisma langkung prayogi ||

2. langkung kapracayanipun | radyan maring sri bupati | rina wêngi datan pisah | sumepa kadang sayêkti | Rahadèn Menak Supêna | karoban sih mring sang aji ||

3. mèh lali pratingkahipun | ing karsa sang maha rêsi | ya ta èngêting wardaya | saksana gatgadèng wèsthi | nir trêsna marang sang nata | madêg tyas sura kawanin ||

4. èngêt lenane sadulur | mangangên upaya sandi | putêk wardaya tan mênga | wusana manabda aris | bapa Cantrik Jagabaya | paran ta rèhira iki ||

5. ngong tan wignya ngampah nêpsu | paran mrih bisa tumuli | kêlakyan sêdya manira | Jagabaya matur aris | anggèr yèn mênggah kawula | sang nata gusti aturi ||

6. dhatêng wana ambêburu | sampun mawi bêkta dasih | ngamungna lawan paduka | sang prabu yêkti marêngi | jêr sampun sangêt [sangê...]

--- 515 ---

[...t] pracaya | mring paduka lair batin ||

7. yèn sampun prapta wana gung | cinidra sayêkti gampil | Dyan Menak Supêna myarsa | saklangkung sukaning galih | lajêng malêbêt ing pura | marêk ing ngarsa sang aji ||

8. prapta ngarsane sang prabu | manêmbah sumungkêm siti | sang nata alon ngandika | yayi baya ana kardi | sira marêk ngarsaningwang | Menak Supêna turnya ris ||

9. dhuh pukulun sang aprabu | ulun ngaturi upêksi | wingi dasih ulun prapta | inggih saking ing wanadri | misaya kang buron wana | saklangkung kathahnya gusti ||

10. lawan malih tutut-tutut | kang buron saklangkung gampil | nanging gusti rencang amba | botên sagêd angsal kardi | awit gusti tanpa rencang | manawi tuwan marêngi ||

11. sumăngga tindak sang prabu | sampun mawi bêkta dasih | anamur lawan kawula | lan rencang ulun satunggil | punika ingkang wuninga | ênggèning buron kang gampil ||

12. ya ta Brawijaya Prabu | sêkala sarêng miyarsi | kêlangkung sukèng wardaya | niring kasujanan nênggih | baya wus karsaning dewa | kênèng cinthung parêng pasthi ||

13. sang nata alon nabda rum | yèn kadya mangkono iki | sirèku arumantia | mangkat mêngko bangun enjing | aja na uwong kang wikan | wong têlu bae lumaris ||

14. lah wis mundura sirèku [sirè...]

--- 516 ---

[...ku] | bangun marêka mring mami | Menak Supêna manêmbah | mentar sing ngarsa narpati | sapraptaning pantinira | lawan Jagabaya panggih ||

15. warta barang ing rèhipun | miwiti malah mêkasi | Jagabaya amiyarsa | kêlangkung sukaning galih | ya ta lajêng arumantya | sadaya rèhing pakêrti ||

16. kunêng dalu sampun bangun | Menak Supêna rumanti | samêktaning kêlangênan | bêburu maring wanadri | Ki Jagabaya tut wuntat | nyadhong karsa mamugari ||

17. wus busana sang aprabu | miyos ing butulan nilib | rawuh sajawining pura | Menak Supêna wus panggih | saksana lajêng lumampah | sampun prapta ing wanadri ||

18. Ki Jagabaya atuduh | marga jurang pèrèng sungil | sang nata niring panyipta | yèn iku upaya sandi | ananjak karti sampeka | maling aguna mrih pati ||

19. Menak Supêna lingnya rum | maring Jagabaya nênggih | ing ngêndi panggonanira | buron alas ingkang gampil | Jagabaya aturira | ing ngarsa ngrika ta gusti ||

20. ya ta lajêng lampahipun | sumêngkèng pringganing margi | siluk sungil jurang-jurang | wus prapta gèn jurang sungil | saksana Menak Supêna | gatgadèng tyas sura mamrih ||

21. manabda kras sura gangsul | sang nata ywa tambuh mami | wruhanira jênêng ingwang | arsa nagih lara pati | iya marang

--- 517 ---

sira mangkya | awit ing nalika dhingin ||

22. sira mrih ing lena tuhu | ing kadang ngong Prabu Bêsmi | tanpa dosa marang sira | mung siranggo tiba sampir | maring sri kumaraningrat | payo rasakna samangkin ||

23. sêbrak gya anarik dhuwung | sang nata dipun larihi | kawatgata jajanira | têrus ing walikat kering | rah muncar sumêmbur mabang | sang nata sêrêt dènnya ngling ||

24. kalingane sira iku | kadange Si Urubêsmi | murdane kang ingsun tigas | sira satriya pênyakit | pantês sira tan wrin wirang | lakunira mamrih silib ||

25. yèn nyata satriya tuhu | surèng prang sudira sêkti | yèn arsaa mamrih pêjah | rêbut rok asilih tandhing | satmata mangun jayèng prang | singa ingkang praptèng lalis ||

26. Menak Supêna sru muwus | sang nata sira dèn eling | jati-jatining satriya | utama ingsun tindaki | ngong anut ing dhusthanira | kakang prabu duk ing nguni ||

27. nalikane sira lampus | lakunira laku maling | sirèku dhustha pusaka | ingkang gada wêsi kuning | sira go mêrjaya marang | kakang Prabu Urubêsmi ||

28. sira tigas murdanipun | katur marang Prabu Dèwi | măngka patukonmu krama | sandhangên sira samangkin | ingsun kang nagih mring sira | sang nata sarêng miyarsi ||

29. anglêking wardaya kêju | kanyatan solahing nguni [ngu...]

--- 518 ---

[...ni] | amrih pati laku cidra | nimpang rèhing satriya di | tumindak kêlawan nistha | mrih lena culikèng jurit ||

30. ing samangke kênèng ukum | jawata ingkang linuwih | sang nata pasrah ing Suksma | Suksmana kang luwih adi | kang misesa ing kawula | ing rèh mobah lawan mosik ||

31. osiking tyas sang aprabu | narima sinung bilai | rèh sumăngga ing satitah | titahe darma nglampahi | nglampahi karsaning Suksma | Suksma kang kumambang ing sih ||

89. Maskumambang

1. ngangsêg-angsêg napase sri narapati | ngêsah èngêt ing tyas | sagunge kang para rabi | sang nata mijil kang waspa ||

2. kawistara mring Menak Supêna nênggih | asru dènnya mojar | Brawijaya wêdi mati | baya dudu wong utama ||

3. pantês lamun têrahe wong cukit dulit | sang nata ngandika | dêstun yèn wêdia mati | marmane mijil waspèngwang ||

4. kang sun rasa kaya pa polahe sami | para garwaningwang | lawan kadang warga mami | ngong pralina tan uninga ||

5. ya ta angling Menak Supêna pan iki | ing pênyaurira | duk kakang prabu ing nguni | apralina dening sira ||

6. garwanira lan sawadya brana sami | padha sira lapgang | samêngko sira ngêmasi | iya dene jênêng ingwang ||

7. pasthi iku isine ing Majapait | kaduwe

--- 519 ---

maringwang | wis ta aja sira pikir | Brawijaya amiyarsa ||

8. mêgêng napas murcita yoswanirèki | layon gilang-gilang | busana wus dipun ambil | maring Dyan Menak Supêna ||

9. ngeka warna Menak Supêna anuli | kadi Brawijaya | katrima jawata luwih | mung tênaga datan sama ||

10. sigra wangsul Menak Supêna mring puri | lan Ki Jagabaya | sapraptanirèng jro puri | panggih lawan Prabu Rara ||

11. lawan sagung sadaya kang para rabi | angajak asmara | mangkana Sang Prabu Dèwi | garjita sajroning nala ||

12. paran baya sang nata ingkang suwadi | dene têka owah | lan sabên-sabêne iki | Prabu Rara lon aturnya ||

13. dhuh sang nata sabarna kula sêmangkin | sawêg mintèng dewa | tan kenging parêk sang aji | nulya ngalih para garwa ||

14. ya ta sagung pra garwa sadaya mèksi | sêmunya sang rêtna | dadya samya asêngadi | pan akathah sêngadinya ||

15. warna-warna pra garwa ingkang sêngadi | langkung èmênging tyas | prabu tiron tan angsal sih | ya ta garjita wardaya ||

16. yèn mangkene tanpa wêkas awak mami | prabu tiron ing tyas | wus sangêt kasmarannèki | tambuh paraning kang duka ||

17. yèn ngong babar Menak Koncar maksih urip | pasthi dadi beka | bêcik ngong sirnakne dhingin | puniki

--- 520 ---

Si Menak Koncar ||

18. tinimbalan Menak Koncar praptèng ngarsi | manêmbah suku sang | muka lir konjêm ing siti | sang nata alon ngandika ||

19. yayi sira ngong duta seba sang rêsi | ingkang amêrtapa | anèng ing Gambirsakêthi | aturêna layang ingwang ||

20. Menak Koncar sandika anulya amit | amundhi walgita | prapta dalêm budhal aglis | lampahira gêgancangan ||

21. praptèng wana Kyai Ajar Tunggulmanik | mangwuh lah mandhêga | sira arsa maring ngêndi | Menak Koncar amiyarsa ||

22. mulat ngarsa tan samar tingalirèki | yèn sang maha tapa | Kyai Ajar Tunggulmanik | sigra mudhun saking kuda ||

23. gurawalan nungkêmi pada sang rêsi | ya ta angandika | sira Ajar Tunggulmanik | paran sira anèng alas ||

24. matur nêmbah Menak Koncar mring sang rêsi | kawula dinuta | putranta sri narapati | ngaturkên surat punika ||

25. inggih dhatêng Bêgawan Gambirsakêthi | sang tapa ngandika | lah êndi ngong ayun uning | nuwala ngaturkên sigra ||

26. wus tinampan binuka sang rêsi angling | lah wacanên arya | nuwala sinuksmèng galih | kaduga têmbunging sêrat ||

27. lêgêging tyas Menak Koncar tan adugi | sang rêsi ngandika | kulup wruhanira mangkin | jro pura kalêbon dhustha ||

28. maling sêkti aguna upaya sandi [sa...]

--- 521 ---

[...ndi] | amangendra jala | masarandu[4] bisa manjing | ajur ajèr nora kewran ||

29. wis balia maring praja Majapait | matura sang nata | yèn ingsun kang akon bali | wruhanira Menak Koncar ||

30. kakangira Brawijaya uwis mati | ana têngah alas | kang madêg nata saiki | yaiku kang duratmaka ||

31. Menak Koncar talingane lir sinêbit | jaja bang ngrêbabak | wadana lir wora-wari | sang tapa malih ngandika ||

32. dèn awadi kulup ing pratingkah iki | tan kêna kinasar | iya ing pratingkah iki | sirèku pan ora kêlar ||

33. anadhahi yudane maling puniki | marma dèn asamar | aja pêgat ngati-ati | gonira rumêksèng praja ||

34. sang pandhita murcita datan kaèksi | Radèn Menak Koncar | wangsul prapta Maospait | samarga giris ing driya ||

90. Girisa

1. lajêng marêk ing sang nata | praptèng ngabyantara nêmbah | pukulun sang maharaja | kawula anuwun duka | kaduta wangsul ing marga | awit saking sang pandhita | Tunggulmanik ingkang karsa | sang nata sarêng miyarsa ||

2. yayi tiwas têmên sira | nuruti pandhita gila | wis yayi sira mundura | manêmbah dyan arya mentar | apikir samarga-marga | yèn ta ingsun rasa-rasa | kaya bênêr sang pandhita | iku ingkang duratmaka ||

3. sun timbang solah ngandika |

--- 522 ---

yèn nyata sri naranata | sayêkti măngsa karsaa | ajungjung pandhita gila | iya marang ingkang rama | nanging yèn ngong dulu warna | sanyata Sri Brawijaya | apane ta ingkang beda ||

4. Radèn Arya Menak Koncar | saya putêk kang wardaya | krodhanya tambuh sinêdya | kunêng malih cinarita | Ajar Tunggulmanik prapta | ênggone layon narendra | sang tapa alon ngandika | kulup-kulup lah wungua ||

5. dêlêngên kadhatonira | kalêboning duratmaka | sang nata anulya lênggah | mulya kadya kuna-kuna | angraos lir wungu nendra | mulat kanan keringira | umiyat ana pandhita | tan samar paningalira ||

6. ing nguni kang asung mulya | duk anèng satêngah wana | binegal ing LayangSeta | Kumitir sang nata sigra | nungkêmi ing padanira | pan sarwi lara karuna | sang tapa alon ngandika | dhuh kulup sira linggiha ||

7. mênênga aja karuna | sang nata kagyat gya lênggah | manêmbah mangranupada | sang tapa alon ngandika | sirèku bangêt pêpeka | misuda Menak Supêna | kadange Si Menakjingga | satêmah gawe wisuna ||

8. dene Si Menak Supêna | pakone wong maratapa | Ajar Pamênggêr kang nama | Gambirsakêthi dhepoknya | puniku pandhita gila | nrapakên panggawe ala | samêngko sira muliha |

--- 523 ---

hèh kulup kadhatonira ||

9. dèn goni Menak Supêna | malah wus umadêg nata | malih rupa kaya sira | sang tapa anulya musna | Brawijaya kundur sigra | Majapait sampun prapta | kandhêg ngasokkên napasnya | ngêncêngi ingkang busana ||

10. mung cipta mangrurah dhustha | sang nata tan wrin ing baya | gya tindak sitinggil prapta | dukane sangsaya dadra | lajêng prapta pêlataran | malêbêt sajroning pura | murcita sagung wêweka | baya wus karsaning dewa ||

11. bupati jaga tan wikan | Sang Aprabu Brawijaya | dukane saya andadra | kaya ge nuli panggiha | lawan ingkang duratmaka | kunêng malih winurcita | prabu tiron lagya lênggah | nèng sajroning prabayêksa ||

12. langkung putêking wardaya | tan antuk minta asmara | dhumatêng ing para garwa | têkan para nyai ala | tan kênèng awor sarasa | mila langkung susahira | sagunge para wanodya | kadya wus saekapraya ||

13. kêsaru sang nata prapta | angadêg anèng ing ngarsa | sarwi sru wêdharing sabda | hèh nyata sirèku dhustha | têdhak turune wong kumpra | umadêg ratu culika | tan wirang ing surya căndra | nututa payo sun bănda ||

14. yèn sira pêksa sudira | kene payo ngadu yasa | kantar bau tamèng jaja | angadu tosing kang tulang | kêncênging otot [oto...]

--- 524 ---

[...t] samoa | lêding kulit têpung jăngga | surèng prang singa kasora | mêngkono padha prawira ||

15. tan kaya lêlakonira | satriya nisthip anistha | jalêbut bêtah ing wirang | prabu tiron amiyarsa | bramatya madêg kang sura | tandang acandhak-cinandhak | udrêg dêdêr liru papan | kalihe sami prawira ||

16. pyuk putêr dêdêr-dêdêran | sagungepara biyada | gègèr tan ana kang pirsa | kang êndi sang nata nyata | wusana gumrah karuna | kadya suraking ayuda | kagèt bupati kang jaga | malêbêt maring jro pura ||

17. Menak Koncar nulya prapta | andulu kang băndayuda | warnanira karo padha | èngêting driya dyan arya | wêlingira sang pandhita | nalika kapêthuk wana | wusana jêtung kewala | ari kalih Tuban Daha ||

18. KudaRangin lan Tilarsa | prapta arsa tulung yuda | kewuhan tan wikan nyata | bok kaliru kadangira | wusana jêtung kewala | datansah agigit waja | ya ta kang abăndayuda | kalihe sami prawira ||

19. suduk-sinuduk agêntya | kris kalih sarêng rêmpunya | binuwang tumibèng kisma | sagunge para biyada | lumyat kang abăndayuda | pating jalêrit sambatnya | sawênèh gulungan kisma | wastra singsal tan rinasa ||

20. saking sangêt marasira | manawa sang nata lena | sawênèh ana biyada | gêdrag-gêdrug [gê...]

--- 525 ---

[...drag-gêdrug] jêjak kisma | Anjasmara Sang Kusuma | putêk tyas tan wrin ing nyata | kang êndi sri naranata | mila têmah jrit karuna ||

21. ana sawiji biyada | anggêlut ing kancanira | sumbar payo sun lan sira | ing kene ijèn kewala | singa tiwasa kewala | pinisah ing kancanira | winêngkang-wêngkang tan kêna | arubung para biyada ||

22. sami misah nora bisa | saya rame swaranira | ya ta Prabu Brawijaya | sajroning yuda mêmuja | katrima Hyang Nilakăntha | lajêng ngangsêg ing ayuda | sinuduk sang nata panggah | prabu tiron gya cinandhak ||

23. tininggil ngubêngkên tawang | lir pendah angikal mêrang | wus dangu binanting kisma | prabu tiron kapidhara | tan dangu tan bisa obah | pangganggone rinacutan | mung kari saruwalira | wus warni rupane lama ||

24. èngêt lênggah gya karuna | matur sarwi ngusap waspa | aminta ingkang aksama | saking sru kadadènira | kang para ari duk umyat | sakêlangkung bramatyanya | gangsal sami sarêng mara | arsa dèn jur lawan kisma ||

25. Menak Supêna karsanya | sang prabu alon ngandika | yayi mas sadayanira | dimèkne Menak Supêna | mulih maring dhepokira | Gambirsakêthi pan iya | puniku namung sadarma | gonira alaku cidra ||

26. pan iku ana kang duta | dimèn warta ing pratingkah | yèn pandhita [pa...]

--- 526 ---

[...ndhita] durung lêga | arsa ngawaki priyăngga | wuwuha sayuta măngsa | manira sêdya mundura | sang prabu malih ngandika | hèh Menak Supêna sira ||

27. muliha mring dhepokira | tutura mring gurunira | sabarang pratingkahira | manêmbah Menak Supêna | mentar sarêng praptèng jaba | panggih lawan Jagabaya | tutur polah tingkahira | sru ngungun Ki Jagabaya ||

28. sang nata bisa waluya | kalih lajêng lumaksana | gancanging carita prapta | ngarsane sang maha tapa | nyungkêmi pada karuna | umatur pratingkahira | sang tapa malih ngandika | paran kulup budènira ||

29. yèn girisa atinira | ngamungna samono nistha | satriya adarbe sêdya | wirang yèn tan kêlakona | tumingal ing suryacăndra | samêngko sira balia | ngong jangkung salakunira | ya ta pinanjingan sigra ||

30. sakabèhing kaluwihan | kadibyan myang kanuragan | kuwanèn sadaya pêpak | Menak Supêna lêgèng tyas | manêmbah saksana mentar | dhumatêng ing Majalêngka | sang rêsi jangkung nèng wiyat | kunêng Prabu Brawijaya ||

31. sang nata wusnya mêmuja | saking sruning marasira | Ajar Pamênggêr sêktinya | samana lajêng sineba | pêpak sagung wadyabala | ari kalih munggèng ngarsa | katiga lan Menak Koncar | tuwin Adipati Tuban ||

32. tanapi Dipati Daha | sang

--- 527 ---

nata alon ngandika | hèh ariningsun sadaya | dèn padha prayitnèng driya | pan iku Menak Supêna | amung lumaku sadêrma | Ajar Pamênggêr kang karsa | luwih sêkti măndraguna | wus gambuh sabarang bisa ||[5]

91. Gambuh

1. yayi mas nora wurung | nêkani ing aprang pupuh |[6] marma sira dèn padha angati-ati | pra ari nêmbah wotsantun | Menak Koncar matur alon ||

2. pukulun sang aprabu | yèn ngarsakna mangke angêjur |[7] padhepokan inggih ing Gambirsakêthi | kawula pribadi sanggup | sang nata ngandika alon ||

3. yayi mas tan kêna iku |[8] ginagampang Pamênggêr Sang Wiku | sawusira ngandika jêngkar siniwi | sapraptanirèng kadhatun | pinêthuk garwa sang katong ||

4. lênggah ing prabayêksa wus |[9] lajêng dhahar para garwa kêmbul | wus dumugya linarod ambêngnya sami | kunêng wau lampahipun | Menak Supêna sang anom ||

5. ing wanci têngah dalu | lajêng malbèng mring jro kadhatun |[10] jujug anèng plataran sumbar mêlingi | payo mêtua Sang Prabu | Brawijaya atandhing rok ||

6. ing kene lawan ingsun | nora wurung lamun sira lampus | marang ngêndi gonmu ngungsi ingsun ungsir | ya ta wau sang aprabu | kang anèng sajro kadhaton ||

7. kagyat sarêng angrungu | wong sêsumbar wus nyipta

--- 528 ---

yèn pandung | têdhak saking jro tilam angrasuk aglis | sakapraboning prang pupuh | sang nata anulya miyos ||

8. praptèng gon ari têlu | duk kêpangguh prasami aturu | gya winungu Menak Koncar mring sang aji | lan atmajèng Tuban lungguh | katiga sarêng wotsinom ||

9. ngandika sang aprabu | cabar têmên yayi sira turu | kakangira karo padha anèng ngêndi | Menak Koncar awotsantun | duk langlang jawi kadhaton ||

10. wau ing kesahipun | rinta kalih lajêng nendra ulun | kadi kenging sirêping sandi sinêkti | sang nata ngandika arum | yayi mas sira tan wêroh ||

11. maling malbu kadhatun | sumbar-sumbar ingsun kinèn mêtu | lah papagna ri têlu dèn ngati-ati | ngong ampingi anèng pungkur | nanging ingsun ora ngaton ||

12. sandika dyan katêlu | sakêlangkung sukèng tyas sang bagus | nêmbah mentar sapraptanira ing jawi | sêsumbar anguwuh-uwuh | êndi ta rupane kang wong ||

13. dhustha kang mara sandu | nanjak karti sampekambêk digung | ngêmping lara genjah pati mring jro puri | payo papagêna ingsun | ngadu kyating balung otot ||

14. Menak Supêna ngrungu | wong sêsumbar prayitnèng ing kewuh | sigra marêk prapta yun-ayunan panggih | Menak Koncar awas dulu | yèn ingkang malbèng kadhaton ||

--- 529 ---

15. Menak Supêna iku | Menak Koncar abramatya asru | anudingi sarwi ngling rêgêding bumi | tan idhêp ngisin nyêrungus | prapta nyandi mring kadhaton ||

16. gya Menak Supna gupuh | anêrajang sarwi ngunus dhuwung | Menak Koncar sinuduk datan ngoncati | eca bapang sarwi muwus | wulu sawiji tan bodhol ||

17. katogna sira asu | panyudukmu payo dèn asêru | ngantya kiyu Menak Supêna astèki | gya cinandhak lambungipun | binuwang tibane adoh ||

18. kuwalik klêngêr dangu | ya ta wau ingkang jangkung luhur | awas lumyat mêdhun lajêng animbuli | wus tinimbul lajêng emut | ki ajar lingira alon ||

19. dhuh aja maras kulup | lamun maksih urip ingsun |[11] măngsa sira kalaha padhaning janmi | Menak Supêna wotsantun | wangsul mangsah ing palugon ||

20. wus prapta gya mangrasuk | Menak Koncar cinandhak kang lambung | dyan ingikal binuwang tiba kuwalik | kalêngêr nèng siti dangu | kang rayi kalih was anon ||

21. saksana gya têtulung | sarêng prapta kalihe sinambut | adipati kalih binanting ing siti | kalesedan kalihipun | radèn kalih awas anon ||

22. KudaRêrangin maju | lan ari Kuda Tilarsa gupuh | angadhangi radèn kalih kanan kering | Menak Supêna [Su...]

--- 530 ---

[...pêna] sinambut | lambunge marang sang anom ||

23. Kuda Rêrangin nêpsu | gya binanting sru winasuh-wasuh | lambungira radyan gya cinandhak aglis | binuwang asru sumêbut | lir sawat tiba nèng kulon ||

24. Kuda Tilarsa nyambut | Menak Supêna winasuh-wasuh | dyan binuwang adangu kinarya undhi | maring radèn kalihipun | Menak Supêna kalêson ||

25. napase kêmpus-kêmpus | mêgap-mêgap kang panon sumaput | dyan cinandhak mring Pamênggêr Sang Ayogi | rahadèn lajêng tinimbul | kaluwihan ingkang natog ||

26. pamungkas dibyanipun | kinèn bali radèn sigra wangsul | sangêt runtik anulya KudaRêrangin | lan ari cinandhak gupuh | ingadu kumba dhas karo ||

27. radèn kalih ngalumpruk | kalêngêr ing siti ya adangu | awas umyat Brawijaya Sri Bupati | kantaka ri kalihipun | sru runtikira sang katong ||

28. lir bêsmi buwana gung | mangsah panggih kalawan masuh |[12] dyan cinandhak Menak Supêna tininggil | binanting siti ngalumpruk | cinandhak malih sang anom ||

29. winasuh têngah lampus | arsa tinigas ing murdanipun | sang pandhita awas myat aniyup aglis | cinandhak binêkta mumbul | lajêng ingusadan gupoh ||

30. Brawijaya Sang Prabu | sakêlangkung cuwane tyasipun [tya...]

--- 431 ---

[...sipun] | de mungsuhnya murca tan ana kaèksi | mulat kanan kering suwung | asru sêsumbar sang katong ||

31. maling aja lumayu | hèh balia kalamun debya nung | aja sira oncat ngucira ing jurit | Ki Ajar Pamênggêr wau | wusnya ngusadan sang anom ||

32. alon ing wuwusipun | kulup sira dèn prayitnèng kewuh | nyata sêkti Brawijaya ing ajurit | yêktine dudu tandhingmu | kalah tuwa sutaningong ||

33. nging aja sumlang kalbu | lah payo ingsun rewangi kulup | nêmbah Radèn Menak Supêna gya bali | tan dangu wus praptèng ngayun | sumêdyarsa bêrêk kêbo ||

92. Durma

1. Sang Aprabu Brawijaya sangêt suka | karsane nyandhak nuli | nulya kadhinginan | marang Menak Supêna | sinêndhal binuwang aglis | Sri Brawijaya | tibèng doh kraos sakit ||

2. ya ta wangsul sawusnya panggih ayunan | sêndhal-sinêndhal gênti | gapyuk rukêt samya | dangu udrêg-udrêgan | agênti banting-binanting | ya ta cinandhak | Brawijaya Sang Aji ||

3. dyan binuwang tibèng doh lajêng kantaka | ya ta wau kang prapti | saking awang-awang | têtulung mring sang nata | sira Ajar Tunggulmanik | lajêng cinandhak | sang nata dèn tambani ||

4. lon ngandika dhuh kulup aja pêpeka | ana ingkang botohi |

--- 532 ---

mungsuhira yuda | jangkung nèng awang-awang | pandhita luwih sinêkti | sira balia | lah iki gonên kaki ||

5. pusakaku dora êning pan wasiyat | eyangmu buyut nguni | cupu sakêmbaran | kadebyan kaluwihan | ya ta lajêng dèn tampèni | sri naranata | sayembah surèng galih ||

6. wus apanggih yun-yunan Menak Supêna | asru dènira angling | sira maksih gêsang | Sang Prabu Brawijaya | alon dènira nauri | karsaning Suksma | maksih sêlamêt mami ||

7. payo kene Menak Supêna ayuda | apa anèng sirèki | tamakna maringwang | sigra Menak Supêna | sêdhèt narik curiga glis | lajêng mêrjaya | wanti-wanti tan titis ||

8. gya cinandhak sira Dyan Menak Supêna | nèng asta sru tininggil | binanting ing kisma | ngalumpruk mèh palastra | Ki Ajar Gambirsakêthi | awas tumingal | sagêndhinge kang siwi ||

9. ngadu yasa mangrok prang tansah kasoran | ki ajar dyan sêmèdi | manungku ing cipta | ênir sakèh wikara | sumurup garbaning siwi | Menak Supêna | gatgada mangsah jurit ||

10. ya ta wau sêmana awas tumingal | Ki Ajar Tunggulmanik | asru dènnya mojar | kulup kulup lèrèna | nyata ajar luwih juti | prang padha bocah | munduran dituwani ||

11. ya ta Ajar Tunggulmanik sigra [si...]

--- 533 ---

[...gra] nuksma | ing garbane sang aji | saksana umangsah | panggih ayun-ayunan | Menak Supêna nyuduki | maring sang nata | wanti-wanti tan titis ||

12. gya cinandhak mring nata binuwang kentas | tibèng doh kajumpalik | asru bêndunira | lajêng ngêningkên cipta | tis grana apusikaning | manêdhèng dewa | saciptanira dadi ||

13. prapta ngayun dahana amubal-mubal | kadi mèh sundhul langit | lir yomani babal | nulya sinung parentah | gêni sirnakêna aglis | mungsuh ngong aprang | dyan mara ponang agni ||

14. marang gone Sang Aprabu Brawijaya | sang nata aningali | sigra nyipta udan | sêkala alimêngan | udan dêrês saking langit | tibèng dahana | pawaka sirêp mati ||

15. langkung duka Rahadèn Menak Supêna | gunane tanpa dadi | gya malih mêmuja | sêmèdi maring dewa | tan antara naga prapti | gêng saandaka | panjangira nglangkungi ||

16. netra kalih sinawang lir surya kêmbar | siyung sadhêpa sisih | ilatnya lir kilat | mangap mêtu wisanya | kumêbul saingga riris | dyan sinung sabda | naga sirnakna aglis ||

17. mungsuh ingsun ayuda Sri Brawijaya | têksaka gya lumaris | ngakak swaranira | kumêbul wisanira | sang nata awas ningali | gya nêdhèng dewa | maladi sêmèdining ||

18. pamintanya

--- 534 ---

manyura garudha yaksa | katrimaya ta prapti | pêksindra saendra | patuk amawa braja | sang nata ngandika aris | garudha yaksa | papagna naga iki ||

19. asandika garudha mumbul ngakasa | naga sinambêr kêni | sirahira pêjah | gya binêktèng gêgana | sirna pangabarannèki | Menak Supêna | sadaya tanpa dadi ||

20. mirising tyas ki ajar miyak wêrana | mumbul marang wiyati | sarwi asêsumbar | hèh payo tututana | ya ta Ajar Tunggulmanik | miyak wêrana | lajêng mumbul wiyati ||

21. panggih lawan Pamênggêr nèng awang-awang | Ki Ajar Tunggulmanik | asru dènnya mojar | Pamênggêr tutugêna | sira arêp amrih pati | ya aja oncat | ing kene padha bêcik ||

22. giris ing tyas Ajar Pamênggêr tumingal | mring Ajar Tunggulmanik | saksana lumajar | tinut saparanira | ya ta Ajar Tunggulmanik | nyipta pawana | katrimalesus gumrit ||

23. sinung printah hèh barat sira sirnakna | Ajar Pamênggêr iki | ya ta nêmpuh sigra | barat gung alimêngan | Pamênggêr katut ing angin | nora karuan | tiba lan prênahnèki ||

24. kunêng wau kang aprang Menak Supêna | kêlawan sri bupati | gya Menak Supêna | cinandhak mring sang nata | nèng asta tininggil-tinggil | kadya likasan |

--- 535 ---

wus dangu gya binanting ||

25. sinabêtkên Menak Supêna angganya | ing kayu nagasari | ajur anggalêpang | wancinya wus byar rina | kumpul sagung para ari | nèng ngarsa nata | ngungun sami ningali ||

26. pratingkahe sang nata prang lawan dhustha | andhèr kang para ari | nèng ngarsa narendra | ya ta wau kang prapta | cumlorot saking wiyati | lir pendah kilat | Ki Ajar Tunggulmanik ||

27. praptèng ngarsa narendra sang nata nêmbah | Ki Ajar Tunggulmanik | alon dhawuhira | kulup samêngkonira | Ajar Pamênggêr wus ênir | nora karuan | ginaib ing Suksmadi ||

28. ya wus kulup ing galih manira lêga | sirna kalilip mami | si ajar culika | samêngko wus murcita | kulup sira sun jatèni | saèsthinira | ngong sudarmanta yêkti ||

29. iya ingsun kulup Ki Patih Udara | bêgja tuhu nak mami | umadêg narendra | tinunggu yayah rena | kadang warga amêpêki | sang nata myarsa | ngandikane sang rêsi ||

30. sèwu suka lajêng anungkêmi pada | sarwi lara anangis | ulun botên nyana | tuwan sudarma amba | duk ulun amanggih wèsthi | mulya sing tuwan | ciptamba lyan sudarmi ||

31. angandika sang tapa kulup lungguha | arinta anèng ngêndi | KudaRêrangin lan | rinta Kuda Tilarsa | dyan kalih majêng ngabêkti | rinangkul [rinangku...]

--- 536 ---

[...l] sigra | kang rama nabda manis ||

93. Dhandhanggula

1. wis lungguha kulup putra mami | Menak Koncar majêng awotsêkar | gantya Dipati Tubane | anulya arinipun | apan sami rinangkul sami | wus samya tata lênggah | nèng pandhapa agung | Brawijaya lon ngandika | lah ta yayi Kuda Tilarsa dèn aglis | sira manjinga pura ||

2. bakyunira timbalana sami | ngabêktia kangjêng rama prapta | kang rayi gya nêmbah lèngsèr | wus prapta jro kadhatun | marêk nêmbah mring Prabu Dèwi | matur dhawuh sang nata | sadayanya katur | ya ta Sang Prabu Wanodya | Anjasmara Rarasati dhawuhna glis | ya maring para garwa ||

3. ingandikan marang ing pandhapi | Anjasmara dhawuh mring Sasmita | Rarasati dhawuh age | maring Susela sampun | lajêng tumrap mring para rabi | wus sami abusana | gya sang kumarèngrum | miyos maring ing pandhapa | ginarêbêg sagunge kang para putri | sampun praptèng pandhapa ||

4. marêk nêmbah marang sri bupati | angandika Prabu Brawijaya | nimas ngabêktia age | ya iku sudarmèngsun | aywa kari arimu sami | lan kabèh garwaningwang | sang rêtna wotsantun | ya ta Sang Prabu Wanodya | angabêki mring Ki Ajar Tunggulmanik | ingaras kang lungaya ||

5. alon nabda Ajar Tunggulmanik | bêgja [bê...]

--- 537 ---

[...gja] tuhu pun bapa punika | nugraha gêng kang dhumawoh | aduwe mantu ayu | madêg nata pra dewa asih | Sang Prabu Dèwi nêmbah | mring rama anuwun | nulya Dèwi Anjasmara | marêk nêmbah sumungkêm pada sang yogi | rinangkul ingkang jăngga ||

6. lan ingaras êmbunira nênggih | angrês wêlas anuntak trêsnanya | sruning sih nrusing kalbune | Dyah Anjasmara mundur | Rarasati majêng wotsari | Sasmitaningrum nulya | wusira amundur | Suselawati manêmbah | garwa gangsal wusira tata alinggih | nulya sagung pra garwa ||

7. nuksmèng pada sagung para putri | ganti-ganti wusira sadaya | sêmana tata lênggahe | sang tapa ngandika rum | Brawijaya karsèngong mangkin | yun dhepok nèng pungkuran | nimbali ibumu | karyakna wisma lit ingwang | kinubênga ing balumbang isi warih | nata matur sandika ||

8. angandika maring ari katri | lah yayi mas inggal akaryaa | dadya atri dina kiye | sandika ri katêlu | gya tumandang anambutkardi | kalih dintên wus dadya | asri dhepokipun | binusanan kêmbang-kêmbang | jinêmbangan pinarnah têpining warih | singa myat langêning tyas ||

9. tur uninga wau sri bupati | mring kang rama yèn dhepok wus dadya | sang tapa lon timbalane | boyongana ibumu | Sêbdapalon lan Nayakarti | ki prabu gawakêna [gawa...]

--- 538 ---

[...kêna] | mrih tyas aywa kuwur | lan rinta Kuda Tilarsa | lan maninge arimu KudaRêrangin | prihên boyong ibunya ||

10. nêmbah lèngsèr wau sri bupati | nèng pandhapa sigra pêparentah | yayi mas Tuban karone | pondhongana jêng ibu | Sêbdapalon lan Nayakarti | kang dadi kanthinira | yayi mas sirèku | KudaRangin mondhongana | kangjêng bibi sira yayi sun kanthèni | Si Răngga Minangsraya ||

11. yayi Kuda Tilarsa sirèki | kangjêng bibi yayi pondhongana | sun kanthèni bupatine | Menak Giyanti iku | tur sandika ingkang tinuding | samêkta nulya budhal | tan winarnèng ênu | prapta prênah sowang-sowang | nir wuwusên gênging suka onênging sih | ni endhang katrinira ||

12. sigra budhal lawan sang arêsi | Bêgawan Musthikamaya milwa | cinatur wau praptane | anèng ing Majalangu | lajêng manjing maring jro puri | sang nata mêthuk natar | gupuh nuksmèng suku | kang ibu ngrangkul ing putra | kèh sambatnya kagagas kang warta nguni | mangkya têmah wibawa ||

13. sèwu kêthi sang dyah rosing galih | dènnya datan nyana ing tyasira | pêgat-pêgat ngandikane | kulup iku iyangmu | sri narendra sigra ngabêkti | dhumatêng ingkang eyang | risang maha wiku | lajêng lênggah nèng pandhapa | sampun tata bok endhang sarêng ningali | mring

--- 539 ---

raka ngraup pada ||

14. sarwi asru lara-lara nangis | Kyai Ajar Tunggulmanik umyat | mring garwa sangêt wêlase | ya ta gya nuksmèng suku | nênggih Ajar Sang Tunggulmanik | dhumatêng maratuwa | wusnya tata lungguh | anulya Sang Prabu Rara | nuksmèng pada dhatêng maratuwa èstri | lajêng dhatêng kang eyang ||

15. wusnya mundur sigra para rabi | ganti-ganti wus rampung sadaya | anulya tata lênggahe | kêsaru praptanipun | Radyan KudaRangin lan bibi | sarêng Kuda Tilarsa | lawan ibunipun | lajêng prasamya pranata | wusing sami atata dènira linggih | dhêdharan gya tinata ||

16. sampêt pênuh kang pamboja asri | samubarang kang tinanya ana | wusnya dhahar bubar kabèh | nata malbèng kadhatun | lawan sagung kang para rabi | Hyang Tunggulmanik marang | dhepokira pungkur | lan garwa katiga pisan | mangun onêng-onêngan nutukkên ing sih | Rêsi Musthikamaya ||

17. pinarnahkên ing sanggar panêpi | kunêng sigêg ingkang mangun suka | ya ta gênti winiraos | mangsuli kăndha ngayun | duk nalikanira ing nguni | Kya Patih Maudara | duk kalane nglangut | marang nagara Sulebar | krama antuk putranya sri narapati | Nata Prabu Sulebar ||

18. apêputra jalu mung satunggil | yoswa wolung warsa gya tinilar | wus sinung parab [pa...]

--- 540 ---

[...rab] ramane | Rahadèn Panji Wulung | eyang seda wayah gumanti | madêg Natèng Sulebar | bagus dibyèng pupuh | tan kewran gêlaring yuda | kunêng malih lampahe rêkyana patih | Lugêndèr lan kang putra ||

19. LayangSeta lan LayangKumitir | kyana patih nèng praja Sulebar | anambangi lan putrane | sampun lami misuwur | gènnya dadi juru nambangi | nèng desa gêng kang bawah | ing Sulebar iku | Prabu Panji Wulung mangkya | siniwaka punggawa para prajurit | aglar tarap ing ngarsa ||

20. ingkang munggèng ngarsaning narpati | kyana patih wasta Pêcattăndha | ing wuri bupati andhèr | sang prabu ngandika rum | bapa patih ingsun miyarsi | yèn ingkang madêg nata | nagri Majalangu | jumênêng ratu wanodya | luwih ayu ing jagad datanpa tandhing | kyana patih wotsêmbah ||

21. kasinggihan dhawuh dalêm gusti | patihipun nèng praja Sulebar | wit saking sangêt wirange | suwita ratu ayu | sri narendra ngandika aris | lamun mangkono bapa | patih Majalangu | ingkang lunga timbalana | kyana patih lajêng anduta sira glis | nimbali kya jru nambang ||

22. tan cinatur rêroncèning kardi | kyana patih wus kerid ing duta | prapta ngarsane sang katong | wus kinèn jajar lungguh | lan patihe sri narapati | sang nata lon ngandika | bagea [bage...]

--- 541 ---

[...a] praptamu | nuwun patikbra bathara | dhawuh dalêm dadosa jimat paripih | kapêtêk mustakamba ||

23. angling malih wau sri bupati | sira prapta gawe sukaningwang | ingsun tanya sayêktine | paran ta marmanipun | sira ninggal ing Majapait | Patih Lugêndèr nêmbah | sagung tingkahipun | ing purwa madya wusana | langkung ngungun Panji Wulung Sri Bupati | wadana sêmu duka ||

24. dangu datan angling sri bupati | awusana dhawuh mring patinya | hèh bapa dandana age | sakêprabon prang pupuh | dèn samêkta wadya ngong sami | lawan mêpaka palwa | sun arsa anglurug | mring nagara Majalêngka | ingong budhal iya dina benjing enjing | patih matur sandika ||

25. sri narendra jêngkar malbèng puri | kyana patih prapta pagêlaran | sigra dènnya nabuh bêndhe | tambur bèri gumuruh | slomprètira munya mêlingi | têngara magut yuda | wadya gung wus kumpul | samêkta kêprabon yuda | Sri Narendra Panji Wulung sampun mijil | angrasuk praboting prang ||

26. lajêng budhal maring ing pasisir | lan sawadya wus samêktèng yuda | wus kawot ing palwa kabèh | têngara jangkar daud | babar layar katiyup ngangin | kunêng ta anèng marga | pêlabuhan rawuh | ing tanah Sidayu inggal | aparentah labuh jangkar layar giling | sang nata [na...]

--- 542 ---

[...ta] sigra têdhak ||

27. saking palwa nèng pinggir pasisir | abra sinang tata pasanggrahan | wadya gung umyang swarane | tabuhan dina umyung | samya giris sagung wadya lit | prasamya ngungsi kutha | wênèh marang gunung | ana marang alas-alas | jurang trêbis kunêng kang anèng pasisir | kocapa sri narendra ||

28. Brawijaya Nata Maospait | siniwaka aglar pra punggawa | sadaya wadyabalane | kang parêk ngarsa prabu | Menak Koncar lan ari kalih | Kuda Rangin Tilarsa | lan ri kalihipun | Adipati Tuban Daha | yèn sinawang busananya kang sumiwi | lir wukir kêmbang-kêmbang ||

29. sri nata ngling mring Dipati Tubin | yayi paran wartaning ing jaba | Dipati Tuban ature | pukulun sang aprabu | patik ulun atur udani | wontên dêdamêl prapta | nèng gisik Sêdayu | saking nagari Sulebar | tungguling prang Prabu Panji Wulung pêkik | sêmbada prawirèng prang ||

30. lajêng sami jêjarah wadya lit | tiyang dhusun sami kagegeran | sang nata lon timbalane | yayi lamun kadyèku | têngaraa samêktèng jurit | sun arsa mapag yuda | nèng jaban prajèku | sandika Dipati Tuban | sri narendra jêngkar kundur malbèng puri | pinêthuk para garwa ||

31. lajêng lênggah prabayêksa nênggih | pan ingayap sagung para garwa [gar...]

--- 543 ---

[...wa] | Prabu Kênya nèng keringe | sang prabu ngandika rum | ingsun yayi anuwun pamit | lan kabèh garwaningwang | sun arsa amêthuk | ripune Natèng Sulebar | pawartane Ratu Sulebat sinêkti | surèng prang tur taruna ||

94. Sinom

1. umatur Sang Prabu Rara | tuwin sagung para rabi | manawi parêng sang nata | kawula dhèrèk ajurit | sang nata ngandika ris | aywa milu mirah ingsun | karia tunggu pura | pun kakang umagut jurit | pasrahêna Suksmana ingkang winênang ||

2. andhêngku Sang Prabu Rara | tuwin sagung para rabi | jroning tyas sami sungkawa | wusana rumojong kapti | ya ta wau sang aji | pamit marang ramanipun | tuwin marang kang eyang | ingidèn gya malbèng puri | kunêng nata kocapa paseban jaba ||

3. Radèn Arya Menak Koncar | tuwin sagung pra dipati | têngara umyang gumêrah | sadaya sampun rumanti | sapraboting ajurit | akumpul sajuru-juru | ya ta sri naranata | wus ngrasuk kaprabon jurit | sigra budhal kèndêl lênggah sitibêntar ||

4. adhawuh têngara budhal | bêndhene sigra tinitir | kang dadi cucuking lampah | Menak Koncar lan ri kalih | Dipati Daha Tubin | lajêng wau sang aprabu | ginarbêg pra dipatya | ari kalih kang nindhihi | Kuda Rangin kalawan Kuda Tilarsa ||

5. sinawang [si...]

--- 544 ---

[...nawang] untabing bala | lir pendah sela blêkithi | kadya wêrdu ăngga sasra | atata lampahing baris | lir udan sinêmèni | kang swara umyang gumuruh | wadya tanpa wilangan | wus lêpas lampahirèki | lajêng tata barise nèng ara-ara ||

6. blabar lir jaladri pasang | wus rinakit gêlarnèki | kang dadya cucuk myang dhadha | pênjawat lan awaknèki | buntut tanapi kiping | sêsabêt sampuning atur | kunêng Prabu Sulebar | Prabu Panji Wulung nênggih | siniwaka anèng tarub pêsanggrahan ||

7. Patih Pêcattăndha ngarsa | prajurit jêjêl ing wuri | sang nata alon ngandika | bapa Prabu Majapait | samêkta ing ajurit | payo têngaraa gupuh | pratăndha mêngtu[13] ing prang | sandika rêkyana patih | sigra nabuh têngara nitir wurahan ||

8. kumêrab sagunging wadya | samya sadhiya ajurit | bandera lêlayu abra | daludag bul-umbul nênggih | lajêng tata kang baris | budhal ingkang baris agung | praptèng papan apanggya | lan wadya ing Majapait | sarêng surak sarêng nêmpuh ing ayuda ||

9. rame kang abăndayuda | kêpanggih prasami wani | têmpuh wor ulêng-ulêngan | ana kang bêdhil-binêdhil | sawênèh gênti biring | ana kang suduk-sinuduk | ana pêdhang-pinêdhang | sawênèh bithi-binithi | ana jotos [jo...]

--- 545 ---

[...tos] jêjêg adugang-dinugang ||

10. kang aprang kathah warnanya | mungsuh rewang akèh mati | ting galêrêng wong kêbranan | padha sambat kaki nini | wênèh sambat nak rabi | ana sambat bapa biyung | ana kang sambat kadang | wanuhan mitra kêkasih | kang sawênèh ana sambat bedhangira ||

11. Kyana Patih Pêcattăndha | pangamuke ngowak-awik | wong Lumajang Tuban Daha | tanapi ing Majapait | tan ana măngga pulih | sadayane bubar larut | kantun lajêr kewala | Menak Koncar aningali | sru bramatya sigra mangsah ing ayuda ||

12. ngagêm lawung wus apanggya | kalawan Rêkyana Patih | Pêcattăndha atêtanya | sapa aranmu prajurit | mundura dipun aglis | eman aja prang lan ingsun | sira tanya maringwang | Menak Koncar aran mami | iya ingsun adipati ing Lumajang ||

13. sira sapa aranira | sumaur kang dèn takoni | yèngsun Patih Pêcattăndha | ing Sulebar wirèng jurit | lajêng lêmbing-linêmbing | kalihe prasami têguh | dangu amain watang | Menak Koncar kasêliring | watangira ginêbang putung tinumbak ||

14. dhadhane tan pasah niba | dangu kalêngêr ing siti | lajêng rinêbat ing bala | binêkta lumayu aglis | Dipati Tuban panggih | lawan Măndhalika sampun | rame lantaran watang | Dipati Tuban [Tuba...]

--- 546 ---

[...n] kasliring | kawatgata tinumbak jaja tan pasah ||

15. kuntal kantaka nèng kisma | rinêbat ing wadya aglis | dene Sang Dipati Daha | dangu dènnya main biring | lan Măndhasiya nênggih | agênti lawung-linawung | ya ta Dipati Daha | kasliring tinumbak kêni | jajanira kantêp kantaka nèng lêmah ||

16. lajêng rinêbat ing wadya | larut wadya Majapait | Lumajang Tuban lan Daha | ing payudan sirna gusis | wong Sulebar nyuraki | swarane lir gunung guntur | payudan bêrsih padhang | mung kari wadya kang mati | kawistara ing Radèn Kuda Tilarsa ||

17. nênggih lawan ingkang raka | Rahadèn Kuda Rêrangin | saklangkung bramatyanira | saksana mangsah ing jurit | langak-langak nèng margi | lir sêmpal lembehanipun | ingoglèng kang curiga | kampuhe cinincing-cincing | gleyah-gleyah kadya mênjangan kêtawan ||

18. sêsumbar ariyak-riyak | pathak papagêna mami | Kuda Rêrangin kêpanggya | lawan Pêcattăndha Patih | radèn amuwus bêngis | hèh pathak sapa aranmu | sato payo numbaka | pilihana ngarêp buri | aja mlongo kêbak lalêr cangkêmira ||

19. sira Patih Pêcattăndha | dangu tan bisa mangsuli | wusana alon amojar | aku ing Sulebar Patih | Pêcattăndha ran mami | dhuh pantèn sapa aranmu | Kuda Rêrangin [Rêrangi...]

--- 547 ---

[...n] mojar | sato sira tambuh mami | Kuda Rangin hèh kênyung payo numbaka ||

20. yèn kuwatir săngka ngarsa | pilihana ênya gigir | mung sok aja numbak mata | sêpêt rasane yèn enjing | Pêcattăndha nglarihi | anitir panumbakipun | malah bêngkung kang tumbak | rahadèn wulu tan busik | alon mojar mara manèh anumbaka ||

21. dene ta panumbakira | kaya mêri nocor mênir | Patih Pêcattăndha ngucap | malêsa Kuda Rêrangin | radèn sugal nauri | nistha asu ingsun nyuduk | jêr ta dhêhapurira | kaya kirik gudhig mêngi | radèn riyak cumêngkling suwaranira ||

22. Pêcattăndha ingidonan | sumaput niba tan eling | Măndhalika Măndhasiya | kalih mangsah ngêmbat biring | Kuda Tilarsa panggih | lawan Măndhalika wau | lajêng nitir anumbak | rahadèn kinrubut kalih | tinumbakan saking wuri saking ngarsa ||

23. nanging radèn datan pasah | Măndhalika crah kang biring | lajêng anarik curiga | panyudukira anitir | nanging datan nêdhasi | wulu sawiji tan runtuh | Kuda Rêrangin inggal | têtulung maring kang rayi | Măndhalika pinancat sêsalangira ||

24. pinuntir gulune pêgat | aniba lajêng ngêmasi | pranalika gya lumajar | Măndhasiya sangêt runtik | mangsah anitih wajik | pan [pa...]

--- 548 ---

[...n] sarwi asikêp lawung | lan Kuda Rangin panggya | Măndhasiya asru angling | hèh ta thole sira sapa aranira ||

25. mundura sira sun eman | manawa sira ngêmasi | nututa payo sun bănda | sumaur Kuda Rêrangin | dene têka gumampil | arsa ambănda maringsun | hèh ta payo têkakna | budinira gênjik gudhig | Măndhasiya ngêmbat lawung sigra matang ||

26. Kuda Rêrangin apanggah | tinumbakan nora busik | nyandhak dhase Măndhasiya | gulune pêdhot pinuntir | kinaryonclang kang jisim | binuwang tiba gumêbrug | anèng ngarsane nata | Prabu Panji Wulung mèksi | sangêt duka wruh jisime Măndhasiya ||

27. saksana nitih turăngga | ngêmbat lawung mangsah jurit | sapraptanira ing rana | kêpanggih Kuda Rêrangin | sang nata asru angling | hèh prajurit pêksa langguk | ngêntèkke balaningwang | sapa ta aranirèki | lah mundura sun eman mênèk palastra ||

28. Dyan Kuda Rêrangin sugal | aja tambuh sira bêlis | Kuda Rêrangin manira | sadulur nom sri bupati | kondhang prawirèng jurit | tau mocok dhasing ratu | hèh payo têkakêna | apa sakarsanirèki | ngêmbat watang Prabu Panji Wulung numbak ||

29. Kuda Rêrangin anggêbang | adangu lantaran biring | kalihnya lawunge

--- 549 ---

patah | sarêng binuwang kang lêmbing | rukêt banting-binanting | ya ta Prabu Panji Wulung | cinandhak lambungira | kinisar tibane têbih | kraos sakit dhêlêg-dhêlêg sarwi lênggah ||

30. pangunandikaning driya | sajêg ingsun mangun jurit | durung amanggih satriya | ingkang kaya siji iki | Sri Panji Wulung nuli | asidhakêp astanipun | tis grana apusika | nutup wiwara sangèki | ninging cipta manêgês karsaning Suksma ||

31. pamintane jroning puja | anyipta bramastra angin | katrima panêdhanira | prapta kang prahara gumrit | lesus mêsês wor riris | anêmpuh marang ing mungsuh | datan kêna tinulak | akèh katut dening angin | Kuda Rangin Tilarsa giris ing aprang ||

95. Girisa

1. dyan kalih katut maruta | tiba ngarsane kang raka | lumyat Prabu Brawijaya | ari kalih kasangsara | angrasuk kaprabon yuda | ngêmbat lawung nitih kuda | sapraptanira ing rana | panggih lawan mungsuhira ||

2. Prabu Panji Wulung tanya | sapa prajurit kang têka | warnamu bagus taruna | mundura yèn mati sira | ratumu Sang Brawijaya | konên mêtu ing ayuda | sêdhêng mungsuh lan manira | sun arsa wruh bobotira ||

3. wusana tan mêtu yuda | ratu nistha jrih ing baya | wêdi mungsuh wong prawira | sumaur Sang Brawijaya | sang prabu ywa tambuh sira | yèn durung wruh

--- 550 ---

jênêngira | iyèngsun Sang Brawijaya | Narendra Di Majalêngka ||

4. lah kapriye karêpira | Prabu Panji Wulung myarsa | mèsêm sarwi angandika | hèh ta kalingane sira | ratu dhustha wêton desa | tan pantês dadi narendra | praptèng ngong kene ngumbara | ayun mikut marang sira ||

5. yèn sirarsa manggih arja | nututa ingsun pusara | garwanta Sang Prabu Rara | aturna maring manira | praja gung ing Majalêngka | ngong pundhut sadayanira | sira mari dadi nata | suwitoa mring manira ||

6. yèn ora mêngkono sira | sayêkti anêmu papa | yèn mêtu krodha manira | tan angèl mrih patinira | Brawijaya mèsêm nabda | lah iya luwih prayoga | yèn bangêt kêpengin sira | maring ing garwa manira ||

7. lawan praja Majalêngka | ingsun tan pasrah mring sira | măngsa borong kang amurba | nging ta alêrana yuda | ngong yun wrin kadebyanira | yèn sêmpal bau ngong dwinya | kadugèn sêkayunira | lah kene payo têkakna ||

8. kasuranmu ing ayuda | Prabu Panji Wulung sigra | ngêmbat watang sru ngandika | lah iya dipun prayitna | sambata ingkang ayoga | tumungkula ing pratala | ngêngènga sirèng akasa | tan wande sira palastra ||

9. amataka puja măntra | ywa kongsi tumpangso dwinya | tan wurung kantaka sira |

--- 551 ---

dening ing asta manira | sigra matang sri narendra | kontal Prabu Brawijaya | saking kuda tibèng kisma | lênggah slira ngrasa lara ||

10. nanging kulit tan tumama | duka ngikal lawungira | mangsah anglarihi sigra | Prabu Panji Wulung kuntal | tiba saking wahananya | tan pasah tumibèng lêmah | tan èngêt purwa duksina | gya kasilir samirana ||

11. èngêt wungu mangsah panggya | binuwang watang kalihnya | sarêng anarik curiga | gênti asilih prajaya | rêmpu sara kalihira | gumuruh suraking bala | sarêng ambuwang curiga | rukêt acandhak-cinandhak ||

12. dêdêr-dinêdêr kalihnya | lir kupu tarung upama | kalihe tuhu prawira | kang miyat suka sadaya | kang yuda nora kuciwa | padha ngêtokakên guna | sadaya tanpa dadia | Prabu Panji Wulung sigra ||

13. aji pamungkas cinipta | pangrurahe mungsuh dibya | inggal Prabu Brawijaya | cinandhak binuwang tiba | kantaka gumuling kisma | sarêng kasilir maruta | lênggah lêgêg ing wardaya | sakala èngêt ing driya ||

14. lamun adarbe pusaka | wêsi kuning bindi sara | kang saking Sri Urubêsma | tan ana janma sudibya | kataman yuswa murcita | pinusthi ngasta gumêbyar | Prabu Brawijaya sumbar | hèh sang prabu ing Sulebar ||

15. tumêngaa ing akasa | sumungkêma ing pratala | sambata kang

--- 552 ---

yoga sira | mataka kang puja măntra | ywa tumpangso dèn pratistha | yêkti yuswamu murcita | mêngko wêkasmu nèng dunya | mari mulat surya căndra ||

16. wusnya Prabu Brawijaya | têlas ing sêsumbarira | ingkang jangkung ing akasa | paningalira têtela | kang putra krodhane prapta | niyup angrangkul kang putra | adhuh putraningsun nyawa | mandhêga mungsuhmu yuda ||

17. kadangmu dhewe taruna | manira ingkang ayogya | duk mring Sulebar nglêlana | pinet ing mantu narendra | wêwêka namung sajuga | nuli sun tinggal nagara | samêngko iki dadinya | Prabu Brawijaya myarsa ||

18. kalangkung ngunguning driya | Ajar Tunggulmanik mara | maring gone kang atmaja | Prabu Panji Wulung mirsa | yèn kang rama mangke prapta | sumungkêm manuksmèng pada | Ajar Tunggulmanik lingnya | dhuh kulup katuju padha ||

19. karone nêmu raharja | wruhanta mungsuhmu yuda | atmajèng ngong kang atuwa | kadangmu dhewe sanyata | dèn age sira nyêmbaha | amintaa pangaksama | jêr wus kulup wajibira | bêkti maring kadang tuwa ||

20. puniku gêntining bapa | Prabu Panji wulung myarsa | pangandikane kang rama | sangêt ing pangungunira | ya ta amarani sigra | maring gèn Sang Brawijaya | kang raka sarêng wuninga | mring ari marêk sumêdya ||

21. inggal mêthuk sri narendra | duk [du...]

--- 553 ---

[...k] panggih rinangkul nulya | Prabu Panji Wulung sigra | nuksmèng padane kang raka | sru dènnya minta aksama | ing lampah kadedenira | ya ta Prabu Brawijaya | mangsuli aja rinasa ||

22. bangêt sukurku ing Suksma | tanapi mring dewa mulya | Ajar Tunggulmanik lingnya | kulup Panji Wulung sira | pan kêkalih arinira | ya padha atma manira | wus ngandikan praptèng ngarsa | Kuda Rêrangin Tilarsa ||

23. wotsêkar sapraptanira | kang rama alon ngandika | kulup karo ngabêktia | mring Sri Sulebar kakanta | wruhanta kadangmu tuwa | dyan kalih ngungun ing driya | lajêng sami ngaras pada | pinêluk gênti kalihnya ||

24. ingaras lungayanira | marang kang raka sang nata | sadaya bungah ing driya | lir manggih rêtna saarga | ya ta Prabu Brawijaya | sasmita akèn têngara | pratăndha bubarkên yuda | gumuruh swaraning bala ||

25. prajurit Sulebar padha | kumpul wadya Majalêngka | Prabu Panji Wulung sigra | lawan Prabu Brawijaya | ajajar nitih turăngga | sapraptane sitibêntar | lajêng aboga drawina | gumuruh ponang mardăngga ||

26. warata sagunging wadya | sadaya sinungan boga | wus rampung boga drawina | Prabu Panji Wulung sigra | pinarnah pakuwonira | lan sawadyabalanira | wus bubar dènnya sewaka | sang nata gya malbèng [ma...]

--- 554 ---

[...lbèng] pura ||

27. pinêthuk Sang Prabu Rara | tuwin sagung para garwa | lajêng lênggah prabayêksa | tan pisah Sang Prabu Kênya | lan sagunging para garwa | Brawijaya awêwarta | dhumatêng Prabu Wanodya | dhuh mirah wêruhanira ||

28. mungsuh Sulebar kang prapta | jêbul kadang ngong taruna | Prabu Rara sukèng driya | lan sadaya para garwa | sang nata malih ngandika | hèh Sêpêtmadu Wilaja | dhawuhna yayi Lumajang | lan yayi mas Tuban Daha ||

29. lan yayi Kuda Tilarsa | Kuda Rêrangin dèn padha | rumanti pisuguhira | aja nganti kêkurangan | mring yayi Prabu Sulebar | lan sawadyabalanira | wadya Sulebar sadaya | sandika Sêpêt Wilaja ||

30. nêmbah mentar praptèng jaba | wus dhinawuhakên sigra | mring kang tampi pangandika | kalima munjuk sandika | kunêng malih kawuwusa | Prabu Sulebar sawadya | kalangkung sukèng wardaya | ginantya mijil têmbangnya ||

96. Mijil

1. wong Sulebar sadaya gêng alit | suka tyasnya kasok | de mênuhi sang nata urmate | pasanggrahan rinarêngga asri | pinêtha jro puri | pinajang kumêndhung ||

2. boga-pambogapênuh mênuhi | pisugatèng katong | tuwin wadyabala sadayane | barang karsa tan ana kang sêpi | warêging pambukti | wong Sulebar sagung ||

3. ya ta kocapa [ko...]

--- 555 ---

[...capa] wau sang aji | Brawijaya miyos | lênggah anèng ing sitibêntare | anèng ngarsa sagung para ari | nayaka glar sami | nèng paseban pênuh ||

4. jêjêlatap sagung pra prajurit | mantri satriya rob | ulubalang lan pêcattandhane | răngga dêmang kalawan ngabèi | pandêlêgan tuwin | dêmang jêjêl pênuh ||

5. busana abra mawarni-warni | kumilat mêncorot | kataman ing hyang arka sonare | kadya kilat barung lawan thathit | hyang pratănggapati | kang sonar mawêlu ||

6. Brawijaya angandika aris | maring ari karo | kinèn mêthuk mring ari sang rajèng | ing Sulebar sigra mentar kalih | tan winarnèng margi | pasanggrahan rawuh ||

7. Sang Aprabu Panji Wulung nênggih | wus dangu rumantos | pan kêsaru prapta ri kalihe | ingandikan sami praptèng ngarsi | Radèn Kuda Rangin | nêmbah mring sang prabu ||

8. dhuh dewaji kawula tinuding | rakanta sang katong | nginggalakên ing tuwan praptane | Prabu Panji Wulung ngandika ris | hèh yayi karoning | matura sang prabu ||

9. lumakua dhingin sira yayi | ing wuri ngong bodhol | radèn kalih mundur sing ngarsane | Prabu Panji Wulung budhal aglis | tan winarnèng margi | pangurakan rawuh ||

10. Kuda Tilarsa lan Kuda Rêrangin |[14] prapta ngarsa katong | atur sêmbah pukulun [pukulu...]

--- 556 ---

[...n] sang rajèng | rayi dalêm ing mangke wus prapti | pangurakan nganti | timbalan sang prabu ||

11. sri narendra angandika aris | hèh ta yayi karo | Tuban Daha iridên dèn age | yayi Panji Wulung mring sitinggil | kalih awotsari | pangurakan rawuh ||

12. panggih Prabu Panji Wulung kalih | sarêng awotsinom | dhuh pukulun paduka sang rajèng | ingandikan lajêng mring sitinggil | ya ta sampun kerid | Prabu Panji Wulung ||

13. sampun prapta anèng ing sitinggil | gya têdhak sang katong | angurmati kang rayi rawuhe | Prabu Panji Wulung angabêkti | gya cinandhak aglis | mring raka sang prabu ||

14. dyan binêkta ajajar kang linggih | nèng dhampar mas kaot | sami eram kang andulu kabèh | de warnanira karo mèh sami | yèn sinawang kadi | Krêsna lawan Wisnu ||

15. tan winarna saguning wadya lit | kang nglêmbanèng katong | warna-warna nênggih ing osike | tangèh lamun winarna ing tulis | kunêng sri bupati | andhatêngkên kayun ||

16. gunging suka-suka amênuhi | tyasira sang katong | Ajar Tunggulmanik lênggah mangke | lan kang Yang Musthikamaya Rêsi | nulya dhasar sami | sang prabu anutug ||

17. lan pra rayi tuwin pra dipati | sarêng lan sang katong | pênuh asri sagung dhaharane | samubarang tinanya [ti...]

--- 557 ---

[...nanya] marnani | myang inuman sami | apêpak sêdarum ||

18. tuwin wadyabala agung alit | sinungbogèng katong | suka-suka anutug sukane | kang pêrdăngga munya angrêrangin | wusnya dugi nênggih | dènnya dhahar wau ||

19. linorodan ambêngira sami | mangkana sang katong | angandika mring ari sang rajèng | paran yayi purwaning ing nguni | sira nglurug jurit | maring Majalangu ||

20. sun miyarsa sumbarirèng jurit | sapa kang agosok | dene sira wrin wadi ngong kene | Prabu Panji Wulungawotsari | saèstu kaka ji | wontên kang bêbangus ||

21. wontên patih sangking Majapait | Lugêndèr raning wong | lan atmaja kêkalih wastane | LayangSeta dwi LayangKumitir | sami tur upêksi | mring kula pukulun ||

22. marna ing rèh nagri Majapait | saguning lêlakon | Prabu Brawijaya mirêng ture | ingkang rayi ya ta duk miyarsi | Ajar Tunggulmanik | anyambungi wuwus ||

23. dhuh sutèngong Panji Wulungkaki | wruhanira mangko | iya iku sadulur ngong anom |[15] tunggal yayah rena lawan mami | nging atine drêngki | karêm pênggawe dur ||

24. dahwèn panastèn linyok ajail | saking pandugèngong | pamanamu iku ing titise | satru kabuyutan lawan mami | lir sona lan kocing | Prabu [Pra...]

--- 558 ---

[...bu] Panji Wulung ||

25. duk miyarsa dhawuhe sudarmi | sangêt eram batos | dene gèsèh sabarang tingkahe | ingkang rama lan Lugêndèr Patih | Ki Ajar ngling aris | mring putra sang prabu ||

26. ing Sulebar mêngko anèng ngêndi | pamanmu si goroh | ariningsun ya Patih Lugêndèr | saikine kulup lunga ngêndi | manira ayun wrin | Prabu Panji Wulung ||

27. matur nêmbah duk kalamba jurit | inggih tumut amor | nèng barisan tan pisah putrane | Layang Seta lan Layang Kumitir | duk ulun ing nguni | kumpul kakang prabu ||

28. inggih botên apanggih-pinanggih | praptèng mangke ngantos | botên uning inggih ing puruge | sang pandhita alon ngandika ris | hèh Kuda Rêrangin | kêlawan arimu ||

29. ya Si Kuda Tilarsa dèn aglis | karo ingsun kongkon | golèkana pamanmu Lugêndèr | dikatêmu lan anake kalih | lamun wis kêpanggih | talikungên iku ||

30. tunggangêna turăngga wong katri | arêpna bêbokong | lamun băngga wisana dèn age | tan duraka matèni wong drêngki | ya ta radèn kalih | amit nêmbah mundur ||

97. Durma

1. sakalangkung sukanira ing wardaya | angsal idin sudarmi | ya ta gêgancangan | kunêng malih kocapa | Patih Lugêndèr

--- 559 ---

lan siwi | sami gunêman | Patih Lugêndèr angling ||

2. paran mêngko kulup ing budimu padha | Prabu Sulebar iki | pan uwis ngawula | marang Si Damarwulan | kang putra kalih wotsari | yèn parêng karsa | rama inggih suwawi ||

3. sami kesah ngupadosi minta sraya | ingkang prawira sêkti | sampun ngantos tiwas | angaping kalih karya | dipun ambabar pisani | sagêda risak | wadyanipun sang aji ||

4. Brawijaya wit dèrèng lêga tyas amba | inggih amung manawi | dèrèng kêlampahan | ing sasêdya kawula | kalih deningipun malih | lamun paduka | tan kesah sing Maspait ||

5. dèn upados dhumatêng Sang Brawijaya | pasthi lamun pinanggih | gih măngsa sandeya | pinrih sakit lan wirang | mokal dèn apuntên inggih | mangkat sêmangkya | mumpung tan wontên uning ||

6. yèn mêngkono kulup payo padha mangkat | lajêng anitih wajik | katiga umangkat | alaku sêsiliban | kunêng kocapa dyan kalih | dangu tan panggya | dènira ngupadosi ||

7. sakalangkung susahe wardayanira | ya ta na wong sawiji | ngaturi wuninga | Lugêndèr lan kang putra | bolos saking ing nagari | nitih turăngga | malah ta dèrèng têbih ||

8. radèn kalih miyarsa asru kang duka | lajêng mundhut turanggi | nitih nyandêr ngêmprang | tan dangu [da...]

--- 560 ---

[...ngu] kawistara | Patih Lugêndèr lan siwi | cinêluk sigra | paman kèndêla dhingin ||

9. jêng paduka tinimbalan ing jêng rama | Lugêndèr kagyat nolih | apan ora samar | lamun KudaTilarsa | kalawan KudaRêrangin | nyabêt turăngga | lawan kang putra kalih ||

10. kang turăngga arikat pênyandêrira | Radèn KudaRêrangin | lan KudaTilarsa | miyat sangêt bramatya | lajêng anyamêthi wajik | wus kalancangan | anuli dèn cêgati ||

11. Kyana Patih Lugêndèr lan putranira | sangêt susahing ati | tambuh polahira | lajêng sami cinandhak | dhumatêng rahadèn kalih | alon lingira | Radèn KudaRêrangin ||

12. paman patih kula puniki sadêrma | jêng rama ingkang nuding | kinèn anyêpênga | dhumatêng ing sampeyan | nulya na susulan prapti | nginggalkên lampah | nênggih ki adipati ||

13. Sêbdapalon Nayagenggong rowangira | sawusira kêpanggih | asru aturira | rahadèn dipun enggal | andika dipun antosi | mring rama dika | dhawuhipun ing mami ||

14. yèn wus kenging kacêpêng katiga pisan | kinèn ambănda aglis | inggih lamun băngga | katiga kinèn nglunas | katêlu cinêkêl aglis | lajêng binănda | Sêbdapalon marani ||

15. sarwi ngucap lu sêkarang tau rasa | gua mêmbalês baik [bai...]

--- 561 ---

[...k] | lu punya buwatan | dhahulu sama gua | sarwi anganggar camêthi | patih lan putra | tumungkul sangêt isin ||

16. sira Patih Lugêndèr sigra tinata | dènnya nunggang turanggi | dèn arêpkên wuntat | pupune tinalenan | lan cêkathakan bêthithit | Ki GenggongSêbda | langkung sukaning galih ||

17. hèh ta mêngko wong juti iya rasakna | ujar sajêgmu urip | tan sêdya raharja | lah iki mêngko tămpa | iya ing pêmalês mami | wong nganiaya | akanthi ati jail ||

98. Kinanthi

1. Nayagenggong asru muwus | kèlingan kalaning nguni | duk ana ing pagêdhogan | marma mangko amalêsi | wong tiga ginawe padha | pangewan-ewaning janmi ||

2. ki patih sak putranipun | sangêt wirange tan sipi | awit tinunggangkên jaran | sukune kalih ginodhi | astane kalih binănda | dèn rut lan kêpuh bathithit ||

3. turangganira kinarung | ing buri dipun pêcuti | jarane arsa lumajar | ingkang ngarung anahani | saya sru pamêcutira | dadya kuda jondhil-jondhil ||

4. ingkang nunggang manggut-manggut | Sêbdapalon Nayakarti | sagunung sukaning manah | radèn kalih aningali | wêlas rada sêmu bungah | tuwin sagung kang ningali ||

5. warna-warna osikipun | ana suka jroning ati | wênèh ana rada

--- 562 ---

wêlas | ningali rêkyana patih | kêpara akèh kang suka | sakêdhik ingkang prihatin ||

6. kunêng ta ing lampahipun | wus prapta sajro nagari | bêbandan katiga pisan | wus katur marang Sang Aji | Brawijaya Majalêngka | kêlangkung wêlas ing galih ||

7. têdhak anguculi gupuh | bandane rêkyana patih | lan kêkalih putranira | wus sami dipun uculi | Ki Patih Lugêndèr sigra | sumungkêm ing pada nangis ||

8. padane kang raka wau | sira Ajar Tunggulmanik | sarwi sru minta aksama | ing solah kang wus kawingking | ki ajar alon ngandika | ya ingsun apura yayi ||

9. nanging ta pênjaluk ingsun | aja pisan anglakoni | lir pakarya kang kawuntat | padha sinupatan katri | têmên sanggup tan lumakya | lir pakarya kang kawuri ||

10. ki patih lan putranipun | lajêng sami dèn paringi | busana sarwa di mulya | sêmana rêkyana patih | kalawan atmajanira | nuli dikakakên mulih ||

11. maring bale wismanipun | lan pinanci bêngkok sabin | sèwu kathahe jung karya | Layang Seta lan Kumitir | pinanci rongatus sowang | ananging wong tiga sami ||

12. tan pisan bungah tyasipun | wit kaelingan ing ati | saking sruning kadursilan | tan pisan marêm kang ati | langkung gêmah raharjanya | nagari ing Maospait ||

--- [563] ---

Tamat

 


têtulung. (kembali)
Wiratha. (kembali)
rêspati. (kembali)
marasandu. (kembali)
Lebih satu gatra. (kembali)
Kurang dua suku kata: anêkani ing aprang apupuh. (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn ngarsakêna mangke angêjur. (kembali)
Lebih satu suku kata: yayi tan kêna iku. (kembali)
Lebih satu suku kata: lênggah prabayêksa wus. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: lajêng malbèng maring jro kadhatun. (kembali)
11 Kurang dua suku kata: lamun ta maksih aurip ingsun. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: mangsah kapanggih kalawan masuh. (kembali)
13 mêtu. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: Kuda Tilarsa lan Kuda Rangin. (kembali)
15 Biasanya guru lagu e: anèm. (kembali)