Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 75–85)

Judul
Sambungan
1. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 10–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 20–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 30–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 42–52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 53–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 61–68). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 69–74). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 75–85). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 86–98). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

75. Asmaradana

1. kawarnaa Prabu Dèwi | pinarak ing yasakambang | tansah gandrung awirangrong | tan abukti tan anendra | ngandika jroning nala | anutuh sariranipun | paran karsane Suksmana ||

2. tan lyan kang munggèng ing ngarsi | namung radyan ayu patya | Sasmitaningrum sabdene | Sang Dyah Sang Suselawatya | ingkang winênang tansah | imbal pangèsthining wuyung | marna-marna kawijayan ||

3. jayaning rèh ing ajurit | Menakjingga ing satêmah | tiwas kapocok murdane | èstu risang murtyèng tilam | lyan ta pamojaring kang | Seta Kumitir sila dur | nora wêca ing wasana ||

4. maha pustakaning aji | nora saya yèn lêjara | imbah trênyuh wurcitane | kasaru duk praptanira | Kusuma Anjasmara | dumrojog angaras suku | sarwi amănca udrasa ||

5. kumêsar Sang Prabu Dèwi | sapraptane Anjasmara | ya ta sang nata dêlinge | karane Si Anjasmara | nangis nungkêmi pada | umatura arèningsun | paran purwakaning gita ||

6. dèn arèrèh sira yayi | ing panjarwa saniskara | apa kang dadi praptane | matur Dèwi Anjasmara | sarwi ngusapi waspa | atur uninga sang prabu | sapraptane Layang Seta ||

7. lawan pun Layang Kumitir [Kumi...]

--- 446 ---

[...tir] | angakên anigas murda | Menakjingga kêpalane | winot ing gêndhaga rukma | karya suwuring praja | pun Sêsăngka têkèng lampus | tiwas anèng adilaga ||

8. kawula angèsthi lalis | ngruruh kunarpane Săngka | mring nagri Prabalinggane | datan nyana ing panyipta | pun cèthi Anjasmara | kapêthuk madyaning ênu | lawan pun Damarsêsăngka ||

9. sarwi ngiringakên èstri | para putri baboyongan | myang rajabrana sadene | ngirid ratu têtêlukan | satriya myang pra menak | răngga dêmang myang bêbuyut | êmpu tanapi mêlandang ||

10. miwah dhaèng pra prajurit | pirang-pirang tan pitungan | wong wetan wus nungkul kabèh | kerid ing salampahira | kèndêl kikising kitha | ngantya wawênanging prabu | sowanira pun Sêsăngka ||

11. dene pun Seta Kumitir | saaturnya mring paduka | sayêktine linyok kabèh | saèstu laki kawula | kang nigas Menakjingga | ing rèh pratingkahing ulun | sumăngga ing rèh paduka ||

12. maha pustakaning puri | sarêng myarsa ingkang sabda | lênggêg mangangên ing tyase | sirna datanpa jamuga | cêngêng ing sanalika | sihing Suksmana kang ketung | ketang sarênge panuksma ||

13. dyah tiga kagyat tan sipi | ing manah marwata suta | samya mingsêr pilênggahe | dene

--- 447 ---

radyan ayu patya | ngrangkul mring Anjasmara | pasrangkara manis arum | kawayang Radyan Sêsăngka ||

14. Sasmitaningrum Sang Dèwi | Suselawati karuna | tan lyan sinambat kalihe | namung măndra Partasmara | lir anggane tri măngsa | siniram pandrêsing jawuh | kagyat rumêsêp ing driya ||

15. ngandika Sang Prabu Dèwi | yèn mangkono Anjasmara | dadi padu satêmahe | ingkang angêntasi karya | amocok Menakjingga | pakewuh jênênging ratu | andhahar atur sulaya ||

16. ewamangkono agampil | ing benjang anèng paseban | katongton bênêr lupute | sêca tuhu ngamăndaka | yêkti măngsa kawora | rèhning sira kang asung wruh | solanging rèh kakungira ||

17. bangêt panarima mami | luwih rêna suka bungah | Anjasmara matur alon | kapundhi anèng mustaka | pun cèthi amit mêdal | andhawahkên sabda prabu | dhatêng pun dasih Sêsăngka ||

18. pitambuh Sang Prabu Dèwi | mengo sinamur amucang | Risang Dyah Rarasatine | nglingira mring Anjasmara | yayi dèwi ing mangkya | nêdha mucanga rumuhun | mangke-mangke sawatara ||

19. matur nuwun kang sinung ling | Rarasati ngracik gantyan | nanging tan ana gambire | gya sinung mring Anjasmara | ya ta ngulungkên tandya | punika paringing prabu | yayi dèwi

--- 448 ---

amucanga ||

20. Anjasmara gya nampèni | mangu-mangu panggantyannya | adangu kèndêl sang sinom | mara yayi amucanga | umatur Anjasmara | ngantya gambir dèrèng sinung | mèsêm ing tyas Prabu Kênya ||

21. gya ngambilkên ing cupuri | mulung mring asta saksana | Anjasmara awotsinom | ri sampunira anggantyan | kang gambir tyas katampan | Prabu Kênya sabdanya rum | Anjasmara dèn agêpah ||

22. lumèngsèra sing jro puri | aywa kasuwèn nèng ngarsa | dhawuhna maring kakunge | tandya mentar Anjasmara | sapraptane gapura | ingadhang pipining pintu | dene Sang Rêtna Sêkatya ||

23. kang asta cinêkêl ririh | tinanya arjaning lampah | labête angruru layon | èsmu mèsêm gènnya tanya | Sang Dyah Rêtna Sêkatya | mangsuli kang sinung wuwus | wus jinarwa samantara ||

24. malih tanya abêbisik | paran kakangbok sang nata | punapa wontên ajère | amangsuli Anjasmara | èsmu kapranan sabda | tan andugi radyan ayu | batange kang agung brăngta ||

25. lajêng lampahnya sang dèwi | sapraptanira gapura | tembak supênuh pra sinom | datan kawarna ing marga | sang dyah kang nuksmèng gita | wus rawuh pakuwonipun | ya ta enjing kawarnaa ||

26. ri sêdhêngira tinangkil | maha sang sêsotyaning rat | munggèng

--- 449 ---

ing sitiluhure | tembak wadya kang sumewa | lir sarining ujwana | pipit majêjêl supênuh | lir sêgara rob bêlabar ||

27. ngandika Sang Prabu Dèwi | marang radyan ayu patya | yayi timbalana age | Si Kumitir Layang Seta | marang ing ngabyantara | sarya sababêktanipun | pratăndha gêndhaga rukma ||

28. kang isi murdaning aji | kairida ing apatya | miwah pra niyaka kabèh | sabdene ri mas ing Tuban | sakaronira pisan | sandika saha wotsantun | sang dyah nolih sawatara ||

29. ngiwa liringnya sang dèwi | gêpah Ni Sêpêt Wilaja | jinarwa lumêksana lon | andhawahkên pangandika | wus tundhuk lan apatya | sabda nata wus dhumawuh | orêg sagung kang sumewa ||

30. agambira sang apatih | ing panyipta suka wutah | mulad-mulad ujwalane | Dyan Kumitir Layang Seta | sangsaya andêladag | lir wong nopèng [...] dinuk | solahnya kinarya-karya ||

31. sampu[...] sitinggil | sagunging kang tinimbalan | atap aglar pa[...]e | sirah kang anèng gêndhaga | sumaos anèng ngarsa | [...] kinèn ambuka sampun | nênggih kang gandhaga rukma ||

32. sirahnya Sang Bêsma aglis | kinèn amundhut apatya | ri wusnya ingasta alon | ingajêngakên saksana | sang nata mingkis gubah [gu...]

--- 450 ---

[...bah] | awas dènira andulu | mèngsêm sajroning wardaya ||

33. para sang dyah para sari | samya ebat ing pamulat | wênèh mêngkarag jrih anon | kinèn gêntya pangastanya | sagunge pra niyaka | ing sirah kang murka digung | riwusnya tinundhung mêdal ||

34. wangsul magêlaran malih | kyana patih pra niyaka | nanging tan wontên dhawuhe | Prabu Kênya mring apatya | ya ta sagung sumewa | gita-ginupita umung | warna-warna ing panyipta ||

35. Rahadyan Seta Kumitir | tinon lir sêkar sêtaman | sumaringah ing netyane | tansah amawang sarira | ing manah sapa madha | iki baya raganingsun | mutêr ing rat nungswa Jawa ||

36. măngsa ingwanga sang aji | nambut titahing akrama | gusti lawan kawulane | pan kêsaru praptani[...] | wimăndra Partasmara | swaraning janma gumuruh | pangriking liman tu[...] ||

37. gêtêr patêr anauri | thathit lidhah salah măngsa | [...] wakawane | sumyak punang samirana | manêmpuh sama[...] | gănda kusuma sumawur | saênggone pênuh raras ||

38. Partasmara saha dasih | saha bala sakuswala | nèng wringin kêmbar kèndêle | kadya taruning udaya | lir gunung gêni sinang | hyang karêmbun măngsa linud | trusing punang mèstudeya ||

39. Anjasmara myang pra putri | putri tawan tan pitungan | rêsmi miyat wiragane [wira...]

--- 451 ---

[...gane] | busana abra kumênyar | mangrênyêp-rênyêp raras | anglir arga guntur santun | lir măndraja sèwu kêmbar ||

40. lajêng minggah ing sitinggil | gègèr cingak gunging mulat | kupur kang panêrka tyase | wênèh kêkês kaebatan | sawênèh suka bingar | kang têbih atêmah jêmur | èbêg supênuh naningal ||

41. èsmu kagyat sang apatih | tanbuh lampahing nagara | karya gêtêr sagunging wong | aywa èngêta yèn dadya | wêrangkaning narendra | kepyan ing atmaja tuhu | tan kewran ardaning duka ||

42. maha pustakaning aji | mênggêp dènnya siniwaka | wus rinacut wêranane | kadya murca kinêdhèpna | saksana Anjasmara | myang pra tawan glar nèng ngayun | lênggahnya angranupada ||

43. ya ta sang lêsmining puri | angliring Dyah Rarasatya | winor lungide ing pasmon | tanggap radyan ayu patya | gya mingsêr pilênggahnya | ngawe Anjasmara gupuh | majêng tinanya ing karya ||

44. ginêntya kang para putri | kinèn jarwa èstuning prang | duk anèng Prabalinggane | kandya ture para sang dyah | sayêkti Dyan Sêsăngka | kang mocok murdaning prabu | myang nyakup kang para tawan ||

45. tuwin nungkulkên para ji | tanapi para dipatya | Partasmara purwakane | kang sawênèh para sang dyah | aturnya èsmu wêwah | kalimputan ing panggunggung |

--- 452 ---

marna pisukaning manah ||

46. èsmu mèsêm sang dyah patih | kang umatur kawêndakan | gêpah sinamur wêntare | titi solanging niskara | jayane Partasmara | duk myarsa sang nataning rum | aturnya kang para tawan ||

47. ngandika sajroning galih | iki baya kaanannya | kaki dewa ing wangsite | arum wijiling wacana | mring Sang Dyah Rarasatya | para yayi dèn agupuh | timbalana ri mas Tuban ||

48. sandika saha wotsari | Rarasatya gya parentah | nimbali rahadyan karo | wus lèngsèr Sêpêt Wilaja | tumundhuk ing apatya | sabda nata wus dhumawuh | nimbali atmajyèng Tuban ||

49. kerid prapta ing sitinggil | marikêlu pilênggahnya | gya ingawe majêng radèn | pandhapanira darminta | sumugun sariranta | kadya mopolakên kampuh | abukuh pilênggahira ||

50. angandika Prabu Dèwi | ri mas mara dhawuhêna | mring bapa patih karone | Damarwulan têmah prapta | anggawa kang pratăndha | tatêlukan para ratu | myang pra putri baboyongan ||

51. lan sagung tawan dènnya ngling | kang anigas Menakjingga | Damarwulan saèstune | sabdene Suselawatya | Sasmitaningrum samya | tan ana sêlaywèng atur | ing mangko karsa manira ||

52. iya Si Seta Kumitir | lawan Si Damarsêsăngka | kinaro [kina...]

--- 453 ---

[...ro] mêngsahira ge | sapa unggul yudanira | iya jumênêng nata | anèng nagri Majalangu | mangku ing rat nungswa Jawa ||

53. rahadyan atmajèng Tubin | karontok ing manahira | tansah kumêmbêng waspane | nêmbah matur angrarêpa | rampung sabda narendra | ngandika sang murtining rum | lah uwis yayi dhawuhna ||

54. umêsat rahadyan kalih | sigra-sigra lampahira | tumurun sitibêntare | cingak sagung kang sumewa | tundhuk rêkyana patya | ing rèh samêtara rampung | timbalane sri narendra ||

55. Seta Kumitir tinari | aturnya purun sandika | dyan kalih lajêng lampahe | amêrpêki Dyan Sêsăngka | dhawuhing sabda nata | rahadyan alon umatur | ing sakarsa tan lênggana ||

56. wangsul rahadyan kêkalih | wus katur saaturira | Seta Kumitir ature | pan sami purun sadaya | miwah pun Damarwulan | Rêtna Anjasmara gupuh | nungkêmi mring sang dyah patya ||

57. aturira amlasasih | kadospundi karsa nata | satêmah yèn têkèng layon | pun dasih Damarsêsăngka | panuwun ulun nata | kenginga nunggil capurung | nglabuhi ing Dyan Sêsăngka ||

58. sri narendra tan anggalih | atur gêlar kamandaka | myang dasih sêtyatuhune | wusana Radyan Sêsăngka | ingabên prang tandhingan |

--- 454 ---

kadospundi radyan ayu | tan wande ulun pralaya ||

59. mèsêm ing tyas Prabu Dèwi | arum wijiling wacana | yayi majua ngarsèngong | Anjasmara marsèng ngarsa | nata aris ngandika | ingkang dadya karsaningsun | kang gumêlar ing nagara ||

60. ing nguni wus sabda mami | sapa ingkang wignya nigas | mring Menakjingga murdane | ambirat sêsukêring rat | jumênênga narendra | kasrah nagri Majalangu | mêngku ing rat nungswa Jawa ||

61. ingsun sêdya anyanyèthi | ya ta Sang Dyah Anjasmara | duk myarsa sabdaning katong | lênggêg mangangên ing driya | ketang trêsnaning priya | tanbuh-tanbuh ciptanipun | gya matur nuwun sandika ||

62. nanging jroning tyas gung kingkin | ya ta radyan ayu patya | tandya mingsêr pilênggahe | bêbisik mring Anjasmara | yayi aywa sungkawa | borong punapa sang prabu | atas karsaning Suksmana ||

63. Anjasmara saya lilih | malih sang nata ngandika | mring atmajèng Tuban karo | lah uwis sira dhawuhna | mring patih sabdaningwang | Seta Kumitir dèn gupuh | sabdene Si Damarwulan ||

64. padha mangsaha ing jurit | nèng alun-alun dèn nglela | saking witona dèn katon | lan sagung para niyaka | kabèh magêlarana | nèng satêpining lun-alun | jênêngana prang tandhingan ||

65. dyan kalih wotsêkar mijil | warnanên [warnanê...]

--- 455 ---

[...n] ing pagêlaran | Sang Adipati Lugêndèr | kalangkung bramatyaning tyas | jaja mawinga-winga | jwala sumyak sumung-sumung | sinamun mêksa kawêntar ||

66. sagung wadya Maospait | dhêdhêp datanpa subawa | warna-warna osiking wong | warnanên atmajèng Tuban | tumrun sing sitibêntar | sabda nata wus dhumawuh | ing risang rêkyana patya ||

67. lajêng rahadyan kêkalih | mêrpêki ing Dyan Sêsăngka | wus jinarwa karsa rajèng | Dyan Săngka matur sandika | wangsul atmajèng Tuban | warnanên kang para ratu | pra Dipati Bêlambangan ||

68. samya gambira ing ati | warna-warna ing panyipta | samya andhandhang palugon | mangrok băndawala mangkrak | sawênèh mangrês mirsa | kang têbih atêmah jêmur | girang-girang ngajap laga ||

69. ya ta rahadyan minantri | wikan osiking punggawa | ngandika mring para katong | kabèh wong ing Bêlambangan | aywa sumêlang driya | pasrahêna ing dewa gung | kang marna ing titahira ||

70. kang sinung sabda tanpa ngling | konjêm sagung kang punggawa | samya bukuh pilênggahe | riwusnya nabda mring wadya | Radyan Damarsêsăngka | majêng saha awotsantun | ing wuri wadya sungkawa ||

76. Pangkur

1. warnanên ing pagêlaran | kyana patih lan sagung pra dipati | wus maglaran ngalun-alun | ya ta sang adipatya [a...]

--- 456 ---

[...dipatya] | ngatag putra Seta Kumitir mangsah wus | samya sikêp tamèng pêdhang | wus pangguh rahadyan mantri ||

2. anulya wontên timbalan | mring apatya kinèn ngungêlna aglis | têngara kang galaganjur | ngatag wus munya ngangkang | radyan kalih kang tamèng pinutêr asru | sarya kang pêdhang ingayat | sasolah pawor lan gêndhing ||

3. nora pati yèn bagusa | mung bêsuse gawe ojat sabumi | kinayang sumbaganipun | karya pangeram-eram | cingak sagung wadyabala kang andulu | sang kalih saya sudira | Dyan Sêsăngka dèn kêmbuli ||

4. radyan sinabêt ing pêdhang | nora osik sarambut nora titis | dyan kalih merang ing kalbu | dadya pêdhang liniwat | gêbrag tamsir sarwi lumumpat sumiyut | Dyan Săngka tansah mêrdapa | tan anglawan dèn pêdhangi ||

5. ya ta warnanên sang nata | duk umiyat ing Radyan Damarsasi | sêkala tan kêna muwus | wurcitaning wardaya | nora bakal karsane Hyang Suksmana Gung | amarna ing titahira | gya ngliring mring Rarasati ||

6. sang dyah patih wus anduga | liringira sang nata wus mranani | wêntaring netya sinamun | de Sang Dyah Anjasmara | sadangunya tansah mêrbêng pan èsmu luh | mèsêm ing tyas sri narendra | wusana ngandika aris ||

7. Anjasmara dèn pêrcaya |

--- 457 ---

măngsa borong karsaning jawata di | Anjasmara matur nuwun | waspa mijil ngusapan | sri narendra pinancêr pangliringipun | ing rahadyan ayu patya | tanggap Rêtna Rarasati ||

8. gya mingsêr pilênggahira | Sêpêtmadu Wilaja kang tinuding | adhawuh mring sang binagus | radyan kinèn malêsa | nêmbah mêsat dhawuhkên karsaning prabu | ya ta dyan kalih sudira | ambêk wikrama mawêngis ||

9. Dyan Layang Seta manrajang | mêdhang milar sarwi anggêbrag tamsir | Dyan Layang Kumitir nubruk | mêdhang sarwi lumumpat | gya tinangkis ing asta kang pêdhang putung | Dyan Seta mêdhang katampan | pinutung kadya gulali ||

10. Kumitir nyandhak talêmpak | Dyan Sêsăngka linantar wus kêtampin | Seta mingêr nyandhak ganjur | kinayang panumbaknya | gya tinangkis kănca gigal watang putung | Kumitir anarik katga | manubruk nuduk katangsil ||

11. manrajang malih katampan | kang curiga sinêndhal datan osik | dêdêr-madêdêr sru pangguh | Layang Seta manrajang | goco saking kanan cinandhak kang dhuwung | wanti dyan kalih manyêndhal | tan osik Dyan Damarsasi ||

12. manubruk sarêng manyandhak | Dyan Sêsăngka winaglut datan osik | mawanti-wanti jinunjung | tan osik Dyan Sêsăngka | Layang Seta cinandhak kêtpinggangipun | binanting Seta kantaka |

--- 458 ---

Layang Kumitir tinangsil ||

13. binuncang kentas lir balang | anibani wadya gung kang anangkil | tiba jungkêl êndhas bênjut | kêparêng tibanira | ing ngarsane Arya Menak Koncar jumbul | kagyat mundur pilênggahnya | Dyan Kumitir tinampiling ||

14. ri sangsaya kêlayaban | ingayatan arsa dèn kaping kalih | Rahadyan Buntaran gupuh | jawil mring Menak Koncar | tan prayogi têmah yèn asalin bubuh | mèsêm tumungkul dyan arya | tan mawi mangsuli angling ||

15. gumêr suraking kuswala | gêdêr gumruh lir karêngèng wiyati | giyak kadya ngabên sawung | ya ta wong kêpatihan | sarêng mirsa gustinira datan emut | supe ing purwa duksina | majêng sêdyarsèng ngrok jurit ||

16. manêmpuh asalang tunjang | wikan untabipun gunging pra dasih | sinapih gya patih gupuh | minggah ing sitibêntar | gurawalan wus prapta ngarsa sang prabu | umatur saryèsmu waspa | gusti pun dasih tur pati ||

17. yèn parêng karsa sang nata | ulun suwun dasih Seta Kumitir | gusti wêlasa mring ulun | lêhêng awèt ngabdia | ing paduka pun dasih narimèng pandum | ywa ngantya kaparèng tiwas | gusti pun Seta Kumitir ||

18. angrês ing tyas sri narendra | duk miyarsa aturira kya patih | ririh angandika ya wus | bapa sira sapiha | atmanira Seta Kumitir [Ku...]

--- 459 ---

[...mitir] dèn gupuh | dene Si Damarsêsăngka | sun pasrahkên sira yêkti ||

19. mungguh utamaning lampah | kyana patih matur nuwun wus mijil | ya ta sang kumaraning rum | riwusnya rampung nabda | têdhak saking dhêdhampar kundur ngêdhatun | sarwi ngawe Anjasmara | wus cêlak sang dyah kinanthi ||

20. sang adipati wus mêdal | sarwi nyapih ing putranira kalih | Seta Kumitir tinundhung | mantuk ngriyini lampah | kyana patih mêrpêki agupuh-gupuh | ing sang măndra Partasmara | kang putra rinangkul ririh ||

21. anggèr putrane pun bapa | wong abagus sampun kasêrêng runtik | pun bapa narimèng pandum | na anggèr jênang sela | dipun agung pangapura sih wong bagus | mring rinta kêkalih radyan | anggèr wêlasa mring mami ||

22. pun Kumitir Layang Seta | ywa sumêlang sampun kapurbèng mami | ulun tingalana masku | Radyan Damarsêsăngka | mangrêpa nor tur sêmbah umatur nuwun | nulya samya magêlaran | radyan wadyanya sinapih ||

23. konjêm sagung kang sumewa | sapraptanya radyan ing păncaniti | tan wênang tumêngèng luhur | lir mulat surya căndra | tanpa mosik atmajèng Tuban kawuwus | datansah angêmu waspa | kathah kang kêraswèng galih ||

24. kyana pa[...] parentah | mring sagunge wadya ing Maospait | têtu[...]n ngalun-alun |

--- 460 ---

saha anambut karya | juga-juga rêngganing pura winangun | wus samya pinatah-patah | sakaryanira pribadi ||

25. saksana wus aluwaran | Dyan Sêsăngka ingancaran kya patih | asta kinanthi wus kundur | mring dalêm kapatihan | saha wadyakuswa lêluwaran sampun | warnanên sri naranata | wus kundur mring dalêm puri ||

26. Anjasmara anèng ngarsa | rinakêt sih wêntaring sabda manis | inggaring kanyinèng sêmu | Sang Rêtna Anjasmara | nuwun pamit mêdal linilan wus kundur | lan sagung pra putri tawan | wus samya luwaran sami ||

27. lajêng samya masanggrahan | nèng jawining kitha ing Maospait | sabdene Dyan Săngka sampun | lumèngsèr masanggrahan | kyana patih ngatêrkên jawining pintu | sarya anganthi kang asta | sasolah ngêmorkên galih ||

28. rakêt-rumakêt ing netya | kyana patih wus pinrak bangsal malih | myang pra dipati sadarum | pararya para menak | dêmang răngga êmpu mêlandang bêbuyut | pêpak anèng kapatihan | cumondhong karsaning patih ||

29. riwusnya pinatah karya | lêluwaran pararya pra dipati | kunêng gênti kang winuwus | wau sang pra[...] | aningali marang Radèn Damarsantun | ciptèng tyas wus pê[...] | tuwin wadya jalu èstri ||

30. sarêng dènira tumingal [tumi...]

--- 461 ---

[...ngal] | mung sakêdhap lir kilat barung thathit | akarya wêwahing gandrung | dyan kundur Prabu Kênya | mring kadhatyan ginarbêg ing para arum | gandrung-gandrung anèng marga | sang nata ngolah mêmanis ||

77. Dhandhanggula

1. gandrung-gandrung kusumaning adi | lir pralaya sajroning agêsang | kawistara wirangronge | sagung brana di luhung | pan ginêlar mrih sirnèng kingkin | sang dyah miyat ing brana | saya wuwuh gandrung | wusana arum ngandika | Anjasmara timbalana ngarsa mami | mentar Sêpêt Wilaja ||

2. tan winarna marga sampun prapti | dhinawuhkên timbalan narendra | Anjasmara anulya ge | kerid marang kadhatun | prapta ngabyantaranira ji | sang dyah mangraup pada | wus kinèn alungguh | Sang Prabu Rara ngandika | dèn aparêk linggihmu kalawan mami | sang dyah marêk anêmbah ||

3. wus aparêk sang dyah ngandika ris | Anjasmara ngong mundhut lilanta | sun mèt kadang mring dhèwèke | ya yayi basaningsun | dèn alila têrusing ati | sun ajak mukti sira | anèng Majalangu | sinau mong maru kathah | Anjasmara manêmbah sumungkêm siti | gusti ulun sumăngga ||

4. ing sakarsa dalêm sri bupati | sampun mênggah gusti kang mangkana | sanadyan pêjah gêsange | pun Anjasmara kunjuk | sri narendra mangsuli angling | dhuh yayi sun tarima | sêtyanta maring sun |

--- 462 ---

manira ngêmpèk kewala | marang sira baboyongan para putri | kabèh kasraha sira ||

5. lah ta yayi amuliha aglis | timbalana yayi lakinira | nata dhawuh timbalane | mring êmbanira gupuh | dhawuhêna marang si patih | kabèh para nayaka | ngiringêna iku | ya marang Si Damarwulan | duta mentar praptèng jawi wus apanggih | lawan rêkyana patya ||

6. dhinawuhkên timbalan narpati | kyana patih umatur sandika | kunêng Anjasmara lèngsèr | saking ngarsa sang prabu | para putri boyongan ngiring | sang rêtna anèng marga | tansah arawat luh | saking sru trêsna mring priya | sangêt ajrih dhumatêng Sang Prabu Dèwi | wus prasasat jawata ||

7. mêthuk paregolan Prabu Dèwi | abusana ingkang adi mulya | ngagêm sinjang cindhe ijo | tanpa sêngkang sang prabu | tan antara wau kang prapti | Rahadèn Damarwulan | ginarbêg wadya gung | sang prabu sarêng tumingal | pêrnajane nênggih Radèn Damarsasi | pinandêng mring sang rêtna ||

8. kamyat mancur mancorong awêning | ponang cahya pan patang prakara | gya sirna wau urube | dene sêmuning urub | ingkang putih amêrtandhani | yèn turuning wong tapa | kang abang puniku | tăndha trah prajurit tama | ingkang bêning punika amêrtandhani | yèn turuning wibawa ||

9. urub biru iku mêrtandhani [mêrta...]

--- 463 ---

[...ndhani] | lamun trahe wong mangolah tapa | urub kang nèng jaja gone | sirnane ponang urub | kamyat ana janma alinggih | munggèng ing kursi dênta | ingayap pra arum | ngagêm gêlung kêkêlingan | Damarwulan myat jajane Prabu Dèwi | kamyat dyah duk sineba ||

10. Prabu Rara sigra marêpêki | dupi parêk wau Damarwulan | karsanira awotsinom | sang rêtna gya sinambut | pan ingêmban kusumèng puri | marang Radèn Sêsăngka | sang prabu tan ayun | têmah akêkanthèn asta | yèn sinawang lir Kamajaya lan Ratih | ya ta Dyah Anjasmara ||

11. aparentah marang para putri | kabèh padha nabuha gamêlan | pra putri gya nabuh age | swaranya umyung arum | busanani sajroning puri | lir pura Ngendraloka | gamêlannya suwuk | Anjasmara aparentah | payo kabèh sagunge kang para putri | padha mundur sing pura ||

12. kabèh aja ana angregoni | mring ki lurah mundur Anjasmara | saking sajroning kadhaton | sang dyah sru merang kalbu | para putri boyongan ngiring | sapraptanirèng jaba | Anjasmara muwun | pra putri milya karuna | ngangsêg-angsêg kang sawênèh angrêrintih | ya ta ngling Anjasmara ||

13. mênang apa kaya awak mami | duwe maru kang mêngku nagara | Sasmitaningrum ature | sampun [sa...]

--- 464 ---

[...mpun] angraos ulun | lamun botên sagêd anêmpil | sabin sadaya bêra | kang toya binêndung | ingilèkkên pucuk arga | yêkti namung ngadhang toya saking langit | manawi wontên udan ||

14. Suselawati sumambung angling | katuwone babo awak ingwang | lunga saking nagarèngong | pisah lan bapa biyung | wêkasane manggung wiyadi | baya wus pêsthiningwang | awuh[1] dewa adhuh | luhung banjutên kewala | tangèh lamun winarna kang para putri | kang samya sru sungkawa ||

15. kawarnaa Radèn Damarsasi | lawan sira Sang Prabu Wanodya | kang munggèng sajroning kobong | sang rêtna rinarungrum | anrapakên swara rum manis | sêmut bang cêconthongan | nora larang masku | sun tohi takêr ludira | nahing anggèr lir dewadaru suwargi | gănda rum amrik kongas ||

16. ulun gusti tan angraos krami | ciptèng ngabdya widadari swarga | dhuh mas mirah musthikane | pra wanodya sêdarum | radèn sigra ngaras panêpi | sang dyah amiwal karsa | kakung saya sêngkud | nrapakên kidung srênggara | winor lawan kêkawin sinawung gêndhing | lir angalapna jiwa ||

17. dhuh kusuma musthika jro puri | ingkang jait ing wardayaningwang | sang dyah wus sumarah ing rèh | datan winarnèng kidung | dènnya main tikswara lungid |

--- 465 ---

ywa wêlèh ingkang kăndha | rinasa ing sêmu | sêmune kakung wanodya | nèng jro tilam samya karsa wor ing kapti | mangun tilawat Kuran ||

18. siyang dalu tan pêgat karonsih | sih-sinihan putri tuwin putra | ya ta para êmban kabèh | tuwin kang para babu | jawi kobong prasamya ngintip | datan kêna pinênggak | tanbuh polahipun | guyu-ginuyu lan kănca | kang sawênèh angucap mêngko tak jiwit | dhuh marga sutaningwang ||

19. dene datan karuan ti mami | kudhandhangan kang sawênèh ngucap | dhuh ta priye bibèkane | aku kudu gumuyu | lênglêng miyat sri narapati | awakku buntayangan | panjêlat-panjêlut | lir sarpa dhiwêl makrura | kudu nyakot mring sira ingsun kêmahi | tak cêthot lambenira ||

20. dhuh bèkane kakune ti mami | kaya-kaya kadi ngong irisa | ana inya siji manèh | amingkis wastranipun | ngrungu sang dyah dipun rêrêngih | swara rum nganyut manah | wor gêndhing lan kidung | lir brêmara nguswèng sêkar | ni mbok inya kancane dipun uyuhi | bubar agirab-girab ||

21. kawarnaa kusumaning puri | sawusira pinardi asmara | sarira sangêt kalêson | de tinêmbe ing kakung | gya ingêmban sang rêtnèng puri | binêkta ing patirtan | gya sêsuci sampun | kalih lênggah [lêng...]

--- 466 ---

[...gah] kathil dênta | linemekan kasur babut prangwêdani | eca kalih gêgănda ||

22. para cèthi ngayap kanan kering | sakêlangkung sukaning wardaya | wong sajro kêdhaton kabèh | suka-suka anutug | abêdhayan raina wêngi | srimpèn abêksa dhadhap | kang sawênèhipun | ana nanggap wayang purwa | wayang gêdhog sadayane amêpêki | kasukan ngalam dunya ||

23. agung alit wadya Majapait | sêdya amrih sukane sang nata | ya ta gênti winiraos | kang agung amangun kung | Anjasmara asru anangis | dènnya tan sagêd mulat | duk kalane dulu | ing pratingkah pêpasihan | Prabu Dèwi lawan Radèn Damarsasi | tansah mijil kang waspa ||

78. Mijil

1. Sasmitaningrum Suselawati | myat tingkah karongron | pan karasa ing driya kalihe | sami nangis sambate mlasasih | katuwon wak mami | yèn awèt mangun kung ||

2. pêsthi mati ingsun tanpa sakit | tan kuwat wirangrong | dhuh kêpriye ragèngsun dadine | Prabu Rara sarêng amiyarsi | tangise sang dèwi | saksana gya matur ||

3. dhuh kakangmas manira miyarsi | tangise pra sinom | bok iyaa kangmas dipun age | prihên luntur atine ywa nangis | ya ta Damarsasi | samana gya tumrun ||

4. amarani ênggène Sang Dèwi [Dè...]

--- 467 ---

[...wi] | Anjasmara alon | rum amanis radèn pamuwuse | dhuh nah anggèr jimat mundri mami | mèndêla ywa runtik | sang dyah gya sinambut ||

5. wus ingêmban kusumaning adi | binêktèng jinêm ngron | rinarungrum sang dyah mring kakunge | kinidungan ing gêndhing kêkawin | swara rum amanis | lir kilang mor madu ||

6. wus kapadhan ing asmara jati | dumugya karongron | jinatenan sang dyah mring kakunge | lilih ing tyas inggar mari kingkin | sigêgên kang rêsmi | gênti kang winuwus ||

7. Prabu Kênya amiyos siniwi | magêlaran abyor | datan pisah Dyan Damarwulane | abra murub busananing aji | ginarbêg pra cèthi | kanan kering pungkur ||

8. ingkang upacara munggèng wuri | sawênèh wong wadon | ngampil layang kêncana samake | upacara mawarni angapit | dene kang jajari | banyak dhalang ngayun ||

9. barsihan kacu mas sawunggaling | kang nèng wuri katong | gêgamane ngayuda sagunge | nyata pantês Radèn Damarsasi | ginarbêg ing janmi | [...]dya Majalangu ||

10. agêng alit jalu miwah èstri | sadayane golong | asih lulut anggusti batine | mara sira Radèn Damarsasi | tan siwah ing nguni | duk jumênêngipun ||

11. Prabu Rara mêngku Majapait | wus rawuh sang katong | nèng sitinggil binatu [bina...]

--- 468 ---

[...tu] ratane | ratu ayu pinrak dhampar gadhing | Radèn Damarsasi | jajar dènnya lungguh ||

12. kyana patih sakancane sami | wangsul dènnya lunggoh | tan kaliru ing pêrnah-pêrnahe | munggèng ngarsa lênggahnya ki patih | lir konjêm ing siti | lingsêm dènnya dulu ||

13. awor ajrih myat Dyan Damarsasi | tuwin radèn karo | Seta lawan Layang Kumitire | merang ajrih netya pucat putih | mung dyan arya tuwin | ing Tuban sang sunu ||

14. sukèng driya kamyat wadana brit | wantêring pangrojong | para tabit êmpu mêlandange | wasi rêsi jagad nguyu cantrik | pêputhut glar ngarsi | uluguntung nujum ||

15. pra pandhita wus sumiwèng ngarsi | kadya samodra rob | wadyabala tinon bêlabare | sêsêk jêjêl wadya kang sumiwi | busananing janmi | lir prawata santun ||

16. Prabu Rara angandika aris | sagung kawulèngong | iya padha sêksènana kabèh | karsaningsun radèn [...]si | madêga narpati | mêngku Majalangu ||

17. awit uwas ing punagi mami | sapa bisa mocok | Menakjingga iya ing murdane | pasthi madêg Natèng Majapait | duwe saisining | nagri Majalangu ||

18. lan maninge sun paringi nami | Brawijaya Katong | dipun padha ngèstokake kabèh | gêdhe

--- 469 ---

cilik sagung wadya sami | samya saur pêksi | wadya gung gumrumung ||

19. urmat muni swara wanti-wanti | mariyêm gora ngrok | anglir guntur ambarung swarane | têtadhahan tan adangu mijil | saking jroning puri | isi wastra mungguh ||

20. gya binagi busana wêradin | mring wadya sang katong | gêdhe cilik kawêratan kabèh | pêpundhutan tan adangu mijil | pyaboga myang bukti | wus wêrata dinum ||

21. suka-suka kang wadya gung alit | ing tyas sami kasok | wus dumugi gènnya bukti kabèh | pra nayaka tuwin kang wadya lit | sami wangsul malih | mring linggihanipun ||

22. Brawijaya ya ta ngandika ris | sagung kawulèngong | Majapait kang wus padha layon |[2] nèng paprangan linggihe sêmangkin | sutane kang dadi | dene aranipun ||

23. anunggaka sêmi kang wus mati | yèn tan darbe kang wong | atma jalu êndi liwarise | gumantia linggihe puniki | sagung pra dipati | suka duk angrungu ||

24. saur pêksi sagunge kang dasih | anulya sang katong | angandika pan arum swarane | kawulèngsun èstokêna sami | Buntaran si adhi | sun sêngkakkên luhur ||

25. ingong jungjung lungguha dipati | nèng Tuban gumantos | ing ramane suwargi kang layon |[3] Si Watangan sun jungjung kang linggih | gumanti kang lalis |

--- 470 ---

nèng Daha ngong tandur ||

26. iya lungguh adipati nênggih | Menak Koncar ri ngong | ingsun tandur Lumajang lungguhe | adipati Si Seta Kumitir | sun paringi linggih | anaa wong sèwu ||

27. dikaroni kakang lawan adhi | ki patih karsèngong | ingsun ganjar pan sèwu lungguhe | Sêbdapalon Nayagenggong iki | ingsun ganjar linggih | bêngkok bumi sèwu ||

28. uwong siji lan sun sungi putri | ya Ki Sêbdapalon | iya Putri Kinandhang trimane | Nayagenggong Putri Kincangmanis | Menak Koncar iki | iya karsaningsun ||

29. ngong trimani yayi Dyah Sêkati | Buntaran ari ngong | Dyah Kalpikawati tarimane | yayi Watangan sun tarimani | Dyah Kalpikaningsih | putri kalihipun ||

30. arinira Menak Koncar nênggih | tlas dhawuh sang katong | tan ingucap sagung rêroncène | sampun jêngkar sineba sang aji | kundur dalêm puri | praptaning kadhatun ||

31. gya pinêthuk ing garwa sang putri | pinarak karongron | Anjasmara ingandikan age | sampun prapta lênggah anèng ngarsi | jajar Rarasati | sang dyah èsmu wuyung ||

79. Asmarandana

1. Prabu Rara matur aris | mring raka Sri Brawijaya | kakang prabu karsaningong | kawula atur pranata | mênggahing para garwa | gilirana tigang dalu | inggih [ing...]

--- 471 ---

[...gih] ing karsa manira ||

2. ywa ngantos sulayèng kapti | sagunge kang para garwa | tuwan anèng pantiningong | tigang dalu agilira | pantine Anjasmara | lan putri tawan sadarum | tigang dalu angaliha ||

3. ing gèn yayi Rarasati | putrane Dipati Daha | putri papat sor-sorane | Widawati Widasmara | Citrawati Trasmara | Susela lan Sasmitèngrum | wong loro kang têlung dina ||

4. sang prabu mèsêm miyarsi | yayi ngong nora cumêngah | sakarsa ingong rumojong | sagung pra putri miyarsa | sami inggar ing driya | nêngna wau Sang Aprabu | Brawijaya Majalêngka ||

5. kang sampun mangun kamuktin | lawan sagung para garwa | gênti ingkang winiraos | kocapa rêkyana patya | Lugêndèr anèng wisma | lênggah lan atmajanipun | Kumitir lan Layang Seta ||

6. lan kang garwa kyana patih | Lugêndèr aris ngandika | marang atmajane karo | kulup paran karsanira | apa wis tulus sira | Seta Kumitir umatur | yèn rama parêng ing karsa ||

7. sae mèt sraya kang sêkti | măngsa ta kiranga jaman | sabab kula botên sae | ngawula pun Damarwulan | milane sapunika | tan sagêd nglampahi ulun | botên niyat botên nêdya ||

8. ngawula dhatêng pangarit | lamun [lamu...]

--- 472 ---

[...n] nyuwawèni tuwan | suwawi mring Wandhan mangke | tuwin mring Anggris nagara | nguni adarbe karsa | dhatêng kusumaning arum | Prabu Kênya Majalêngka ||

9. garwanya ki patih angling | kulup-kulup atmajèngwang | aja lunga sira anggèr | nungkula bae nak ingwang | ngêmonga kadangira | Si Anjasmara ta kulup | jêr sira wus dèn apura ||

10. nadyan antuk sraya gusti | ratu kang luwih digdaya | măngsa bisa ngalahake | Brawijaya Majalêngka | apan kêkasih dewa | Seta sugal wuwusipun | gugu gurêm dhidhis bêras ||

11. titiyoni punang wanci | Ki Patih Lugêndèr mêdal | lawan atmajane karo | dorapati gulang-gulang | jinêman gunggung kèhnya | sadaya wong patang puluh | kang ngiring rêkyana patya ||

12. nêdya mring Wandhan nagari | samana wus bangun rina | wus katur marang sang katong | solahe rêkyana patya | langkung ngungun narendra | osiking driya sang prabu | sapa ngêmong jênêng ingwang ||

13. Dyah Anjasmara udani | sang nata ngêmu sungkawa | winor lan guywa ature | pangeran sampun sungkawa | wong tuwa tanpa nalar | têtêp panjilmaning satru | yèn mênggah cipta kawula ||

14. suka bapa praptèng pati | sadêrah kula tan eman | têtêp wong tuwa tan sae | Brawijaya ngrangkul garwa | alon ing sabdanira |

--- 473 ---

dhuh kusuma jimat ingsun | bênêr sira nora salah ||

15. nanging nimas karsa mami | si bapa patih bisoa | mukti nèng nagara kene | mungkura panggawe ala | nêngna Sri Brawijaya | gênti malih kang winuwus | kocapa nagara Wandhan ||

16. pituwin Sang Natèng Anggris | lagya miyos siniwaka | pêpak pra dipati andhèr | para menak jagabela | drapati priyantaka | prasamya andhèr ing ngayun | santana lawan satriya ||

17. prajurit răngga ngabèi | bupati abra bêranang | maneka-neka prabote | dinulu saking kadohan | lir gunung gêni sinang | pratănggapati mawêlu | têmpur sunaring busana ||

18. sang nata eca siniwi | kasaru ing praptanira | Rêkyana Patih Lugêndèr | kalawan atmajanira | ngandikan marêk ngarsa | sang nata kalih andulu | saklangkung kagyat ing driya ||

19. ya ta ngandika sang aji | ing Wandhan marang ki patya | paran karya praptèng kene | tan nganggo asung pariksa | kaliwat kagèt ingwang | kyana patih nêmbah matur | milamba marêk ing tuwan ||

20. kawula atur udani | Sang Prabu Kênya samangkya | sampun akrama wiyose | antuk sikêp myang aldaka | lajêng jumênêng nata | nèng nagari Majalangu | kawula lan suta amba ||

21. pan arsa dipun pêjahi | saênggèn kinuya-kuya [ki...]

--- 474 ---

[...nuya-kuya] | manawi parêng sang katong | nagari ing Majalêngka | prayogi linurugan | owêl kusumaning ayu | kalap rèncèk dhusun sudra ||

22. prayogi sri narapati | amêngkua Prabu Kênya | tan kuciwa sami katong | kyana patih kathah-kathah | tur bangus ing sang nata | narendra kalih sru bêndu | jaja bang mawinga-winga ||

23. wadana lir wora-wari | kithal worsuh andikanya | dene anampik maring ngong | mêngko krama panakawan | tan arsa nêmu mulya | sang nata lajêng adhawuh | dhumatêng ing patihira ||

24. kinèn atêngara aglis | patih amêpaka bala | kya patih sandika ture | kang bêndhe tinitir sigra | kêndhang bèri sauran | swaranya umyang gumuruh | wus samêkta kang gêgaman ||

25. budhal wadya kang pangarsi | Natèng Anggris lawan Wandhan | langkung kèh wadyabalane | gêgaman abra bêranang | busana neka-neka | lir pendah wukir katunu | Raja Anggris lawan Wandhan ||

26. busana murub marnani | ngandika marang ki patya | budhalna wadyabalèngong | wus budhal kang wadyakoswa | sang nata munggèng wuntat | tan winarna lampahipun | gênti malih kang kocapa ||

27. dhukuh Sawahan winarni | kabawah ing Majalêngka | langkung sangêt asri tinon | nalika Patih Udara | kesah sing Majalêngka | kampir [ka...]

--- 475 ---

[...mpir] Pasawahan ngriku | akrama sutèng pandhita ||

28. lami-lami wêka siji | jalu bagus warnanira | Kuda Rêrangin parabe | apantês sapolahira | kacatur wus diwasa | umatur ing ibunipun | ibu pundi yayah kula ||

29. kang ibu alon mangsuli | wruhanira sutaningwang | ramanira uwis layon | tan karuan lenanira | wus lawas lunganira | Kuda Rêrangin lon matur | yèn makatên ibu kula ||

30. sapunika nyuwun pamit | ngupadosi kangjêng rama | sanadyan ta sampun layon | utami pinanggih gêsang | kula yun uningaa | yèn lena yun wrin kang kubur | gampil kanthète ing benjang ||

80. Kinanthi

1. nyai răndha nangis asru | mojar gusti anak mami | sira yun lunga ngumbara | jujugira ana ngêndi | Kuda Rêrangin aturnya | ibu sanggène pinanggih ||

2. rama kêdah kula ruruh | wusnya mojar awotsari | bok răndha ngling ngêmu waspa | adhuh nyawa anak mami | yèn sirèstu lunga nyawa | sapa ngong tingali gusti ||

3. dene yèn tan kêna kulup | sirèku manira pênging | ya anggèr sira lungaa | panakawanmu ywa kari | Dyan Kuda Rêrangin mangkat | panakawannya tut wuri ||

4. kalunta-lunta lumaku | anasak-nasak wanadri | sumêdya minggah ngaldaka | wusira prapta nèng

--- 476 ---

wukir | praptèng ngarsa sang pandhita | aturnya Kuda Rêrangin ||

5. kaki kula tanya tuhu | ênggène sudarma mami | ki ajar alon sabdanya | adhuh nyawa putu mami | sirèku tanya sudarma | wruhanira putu mami ||

6. wus murcita sudarmamu | ananging ta putu mami | sira duwe kadang lanang | sawiji taruna pêkik | nama Radèn Damarwulan | matur Dyan Kuda Rêrangin ||

7. nèng pundi panggenanipun | sadhèrèk ulun kiyai | amba badhe nuntên panggya | sang rêsi alon nauri | putu yèn sira ngupaya | midêra lumahing bumi ||

8. kaya-kaya tan kapangguh | yèn wus prapta mangsanèki | yêkti panggih lawan sira | wusira ingsun tuturi | ngadhanga dalan prapatan | yèn sira wus antuk kaki ||

9. matèni wong patang puluh | sayêkti sira kapanggih | wis putu nuli mangkata | nêmbah Dyan Kuda Rêrangin | lèngsèr mudhun saking arga | Caturdhêndha sampun prapti ||

10. lajêng manggèn anèng ngriku | lan parêpatnya Si Kutis | kunêng gênti winursita | mangsuli carita ngarsi | sapêjahe Menakjingga | ingkang ginupit ing kawi ||

11. anênggih pêpatihipun | Sang Aprabu Urubêsmi | rikala sang nata tiwas | patih kalih tan udani | sira Buta Angkatbuta | maksih sami pacak baris ||

12. lan sawadyabalanipun [sawa...]

--- 477 ---

[...dyabalanipun] | anèng nagari Kadhiri | anjêjarah angêrayah | sagung desa têpis wiring | saha wadya sakoswala | riwusnya miyarsa warti ||

13. yèn Sri Bêsma praptèng lampus | Damarwulan kang mêjahi | rêbat rok sudibyèng lawan | aprang tandhing padha siji | surèng prang adu prawira | Urubêsma praptèng lalis ||

14. tyas tan sipi gêtêr gumyur | tanbuh wurcitaning galih | lir tinêbak mong jajanya | anglêk ing driya prihatin | ketang sih mring Prabu Bêsma | patih kalih waspa mijil ||

15. anglênggêr sidhakêp jêtung | sêsambate awor tangis | dhuh gustiku sri narendra | dèrèng rumaos pun dasih | malês ing sih padukendra | wusana tinilar lalis ||

16. antènana sang aprabu | nèng bale pangarib-arib | tan sagêd kantun pun bapa | anjilmaa ping sakêthi | sampun liyan dasihêna | ketang sih paduka gusti ||

17. dèrèng kongsi malês ulun | ing pasihan sri bupati | wusana tinilar lena | dasih kantun kawlasasih | saya karontok tyasira | Kotbuta Katbuta Patih ||

18. jroning wardaya kagugu | ketang trêsna mring sang aji | dene ta rerehanira | pra menak răngga ngabèi | sagunge para prawira | sami jêtung tan kêna ngling ||

19. warna-warna ciptanipun | mukswèng tyas [tya...]

--- 478 ---

[...s] kabyatan ing sih | sihira Sang Urubêsma | kya patih nêbda mring ari | paran yayi rêmbugira | mungguhing lakon puniki ||

20. ingkang kaya awak ingsun | Angkatbuta matur ririh | lamun ta suwawi kakang | prayogi mundur kang baris | dhatêng nagri Bêlambangan | sumiwèng rèh sang arêsi ||

21. paran ing karsa sang wiku | kang dasih yêkti lumiring | wawrat timbang sang pandhita | paduka kêlawan mami | samya kinèn mong sang nata | wusana sang prabu lalis ||

22. wit tyas arda pugal digung | angrusak gusti utami | amangrurah yuning praja | têtêp kakang lawan mami | cabar tiwas mung rumêksa | arjaning gusti sang aji ||

23. tan wignya namaning ulun | misesèng rat ambawani | datan liya ulun kakang | ngaturakên pati urip | lan marna solanging tingkah | pasrah jiwa raga sami ||

24. ulun dugi sang awiku | kogêl mring paduka yêkti | witning nguni sang pandhita | ngantya sangêt amambêngi | ing rèh ardaning sang nata | mangrurah ayuning aji ||

25. nanging nguni sang aprabu | sura pugal tan ayun wrin | kalimput ing murka arda | Kotbuta sarêng miyarsi | ingkang rayi rêmbagira | lêgêg mangangên ing galih ||

26. lêrês arinya kang atur | wusana manabda manis | bênêr yayi rêmbugira | sêksana rêkyana patih | parentah ing wadyabala | sêdya mundur ponang baris ||

--- 479 ---

27. marang ing Blambangan daud | tan winarna anèng margi | ing ardi Sêmèru prapta | marêngi sang maha rêsi | tamuan cundakèng nata | sira Dayun ingkang ngirid ||

28. ambêkta bandhusanipun | bandhusa Sri Urubêsmi | Dayun titi aturira | purwa madya wusananing | salirira sang jayèng prang | myang marna kawijayaning ||

29. jayane sang jayèng pupuh | solanging rèh susela di | arjwèng pragya palamarta | ing budya ngasturi amrik | sêkti debya dikarèng rat | santya budya ambêk luwih ||

30. puruswèng rat amarta lus | ing jagad tanpa tumandhing | wicakswa surèng alaga | Dayun tuturira titi | ing purwa madya wusana | saliring rèh sri bupati ||

31. sang tapa wusnya myarsa tur | bandhusa binuka aglis | nèng ngarsane sang pandhita | jêngêr lumyat muksèng galih | lir mati sajroning gêsang | tri pandurat tanpa manis ||

81. Dhandhanggula

1. awêkasan pasrah bathara di | tandya ngadêg sarya nêngèng tawang | angangkat asta kalihe | sokur ing bathara gung | putra nata tumêkèng lalis | manglêmbana sakarsa- | nira bathara gung | amayang ing titahira | jiwa raga lir sarah munggèng jaladri | anut karsaning ombak ||

2. tandya gêtêr-patêr anauri | lêga tyase sang maha pandhita | malih sokur ing dewane [de...]

--- 480 ---

[...wane] | tandya winêdhar sampun | aparentah kunarpa aji | ingunggahkên pancaka | layon binêsmi wus | layonira wus murcita | tan wun awor kumutug urubing gêni | wimbuh sinindikara ||

3. tan antara dasih tur upêksi | yèn Kya Patih Buta Angkatbuta | saha wadya punggawane | pra menak pra tumênggung | yun sumewa sang maha yêkti | èsmu kagèt sang tapa | gya ngandikan laju | kya patih sapraptanira | gurawalan sumungkêm suku sang yogi | sêsambat wor karuna ||

4. kathah-kathah ature kya patih | kang sinambat gustine Sang Bêsma | miwah ngaturkên tiwase | rèhning rumêksèng prabu | têkèng andêl rêkyana patih | malih tur pêjah gêsang | sumăngga sang wiku | jinura kang jiwa raga | sang atapa lênggêg wau amiyarsi | wusana ririh nabda ||

5. arum manis timbalan sang rêsi | marang kalih ki rêkyana patya | lir ngarih-arih dhawuhe | wus aja sira catur | takdiring Hyang Kang Murbèng Titis | patine gustinira | pinandum dewa gung | sira padha alugua | kyana patih saksana tata alinggih | sang tapa malih lingnya ||

6. aywa akèh-akèh sira pikir | wus pinasthi karsaning Suksmana | kang agung anitahake | amurwèng rat sawêgung | kang budyarja pusakèng aji | arjaning karaharjan | mulyèng rat pinunjul | samêngko [samêng...]

--- 481 ---

[...ko] pan wus tumêka | ing jangjine tan kêna owah lan gingsir | sinotya ing bawana ||

7. kinasihan Hyang Jagadpramèsthi | kinasdu ngrèh mulyaning utama | rinewang nabda dewane | Sang Hyang Asmara nurun | pustakane swarga di luwih | nuksmèng mring Majalêngka | wajibe wak ingsun | tinitah nèng nungswa Jawa | manglêmbana mangèstupadaning aji | sumiwèng Majalêngka ||

8. hèh ta patih mangko karsa mami | sira lawan pra wadya sadaya | samêktaa samoane | sumiwèng Majalangu | nanging sira mundura dhingin | marang ing Bêlambangan | ngayêmna karuwun | sawadya sakuswalanta | sêdhêng têntrêm adêge sri narapati | besuk ta sumewaa ||

9. angirida kabèh saananing | aywa sira èngêt kang wus lina | elinga samêngko kiye | karsane Hyang Suksma Gung | karya nata ayuning bumi | ing pangrèh ywa rumêngkang | kya patih kasujud | sumungkêm kisma sandika | wus kalilan mundur budhal sawadyèki | mring nagri Bêlambangan ||

10. tan cinatur rêroncène margi | sampun prapta nagri Bêlambangan | kunêng gêntya winiraos | anênggih lampahipun | Raja Wandhan kalawan Anggris | kanthi Lugêndèr Patya | samana wus rawuh | têpis wiring Majalêngka | sakèh desa binahak dipun boyongi | wong desa kagegeran ||

--- 482 ---

11. samya ngungsi maring jro nagari | Dêmak Kudus lan saurutira | ingkang kamargan lampahe | sampun têluk sadarum | mring wong Wandhan kalawan Anggris | ya ta wau kocapa | nagri Majalangu | sang prabu miyos sewaka | mênggêp anèng sitinggil binatu radin | pêpak wadya sumewa ||

12. pra dipati tumênggung lan mantri | menak dêmang răngga sinangarya | santana ngabèi andhèr | prajurit sri supênuh | Menak Koncar nèng ngarsa aji | lan rika kalihira | nèng ngarsa sang prabu | ing Tuban tanapi Daha | Menak Koncar manêmbah umatur aris | pukulun sri bathara ||

13. patik gusti pukulun atur wrin | Rajèng Anggris atanapi Wandhan | prapta sawadyabalane | samêktaning apupuh | sri narendra sarêng miyarsi | arum dènnya ngandika | kalamun kadyèku | ngong pêthuk jabaning kutha | samêktaa sawadya ngong Majapait | sagêgamaning yuda ||

14. ya ta Menak Koncar sarêng tampi | dhawuh nata lajêng aparentah | sang prabu jêngkar ngadhaton | praptane jro kadhatun | wus pinêthuk ing garwa padmi | Kusuma Majalêngka | risang murtining rum | tanapi garwa sêkawan | Anjasmara Rarasati lawan malih | Sasmita lan Susela ||

15. ginarêbêg sagunge apsari | ingkang sami andana rarasnya [rara...]

--- 483 ---

[...snya] | sang nata lir upamane | Sang Hyang Bathara Guru | kalanira cangkramèng swargi | ginarbêg widadara | widadari grubyug | wus prapta nèng prabayaksa | sri narendra lênggah jajar lan sang dèwi | Kêncanawungu Sang Dyah ||

16. garwa papat samya lênggah ngarsi | pra biyada marêk wuri aglar | tanapi kanan keringe | sang nata ngandika rum | dhuh kusuma garwèngong sami | jimat mundri kawula | pun kakang asung wruh | samêngko Sang Natèng Wandhan | lawan Anggris angirid wadya prajurit | mangrurah Majalêngka ||

17. mila mangke pun kakang apamit | arsa miyos marang pabaratan | amêthukakên ripune | sadaya gustiningsun | akantuna mukti jro puri | ya ta kang garwa gangsal | sarêng aturipun | kawula dhèrèk ayuda | ayun wikan ing rèh wong amangun jurit | kapengin ayun wikan ||

18. sri narendra angandika aris | yèn kadyèku hèh Sêpêt Wilaja | dhawuhêna dipun age | mring ri mas Tuban gupuh | atanapi ri mas Kadhiri | sêdhiyaa titihan | sagung garwaningsun | mêsat Ni Sêpêt Wilaja | praptèng jawi dhawuhkên sabda narpati | marang Dipati Tuban ||

19. apituwin Dipati Kadhiri | kalih sami umatur sandika | wus samêkta sadayane | têngara bêndhe ngukung[4] | tambur slomprèt barungan muni | wor pa[...]

--- 484 ---

[...]king turăngga | swarane gumuruh | busana pating galêbyar | ting pancurat kasunaran ing hyang rawi | lir wukir sèwu kobar ||

20. cucukipun kang barêpi baris | Adipati Tuban sawadyanya | asri tinon gêgamane | wuri ingkang sumambung | nênggih Adipati Kadhiri | gêgamanira abra | nênggih kang sumambung | Sang Adipati Lumajang | bupati jro jajari para garwa ji | Sang Dèwi Anjasmara ||

21. Rarasati lawan garwa kalih | Sasmitaningrum Suselawatya | jêmpana di titihane | rinawis sotya gumyur | kadi lintang sayuta ngalih | sunare hyang baskara | ujwalanya kusut | sri nata nitih dipăngga | lawan garwa Kêncanawungu Sang Dèwi | ginarbêg wadyabala ||

22. sangkêp pênuh gêgamaning jurit | sampun prapta ngara-ara jêmbar | lajêng tata pakuwone | rinêngga wangun-wangun | pakuwone sri narapati | rinakit-rakit pura | lan sinungan panggung | kang tabuhan munya umyang | ya ta wau kasaru praptanirèki | Kotbuta Angkatbuta ||

23. sakuswala gêgamaning jurit | lampahira saking Bêlambangan | Menak Koncar ing jujuge | lajêng katur sang prabu | lamun Buta Kotbuta Patih | prapta sawadyakuswa | yun tumêngèng luhur | mangêstupada narendra | umiring rèh sang nata sarêng miyarsi | langkung sukaning

--- 485 ---

nala ||

24. tinimbalan kyana patih kalih | praptèng ngarsa manêmbah suku sang | lir konjêm siti mukane | sang nata ngandika rum | iya bangêt tarima mami | mring sira kalihira | de sira padha yun | mangruruh ing rèh raharja | ing samêngko karsèngong mring sira kalih | sun srahkên ariningwang ||

25. Menak Koncar Lumajang Dipati | ing sapangrèh ywa sira rumêngkang | sandika kalih ature | nata kundur ngadhatun | Menak Koncar atata baris | dene cucuking yuda | Menak Koncar mungguh | suwiwi kanan ing Tuban | ingkang kering adipati ing Kadhiri | awak wong Bêlambangan ||

26. Buta Angkatbuta anindhihi | buntuting prang Răngga Minangsraya | lawan Menak Giyantine | bupati jro sadarum | anèng panggung sri narapati | lan sagung para garwa | kunêng ta ing dalu | ya ta kawuwusa enjang | umyang gumrah muni têngaraning jurit | tan sêdya mundur ing prang ||

82. Durma

1. enjing muni têngarane wong ayuda | kêndhang gong lawan bèri | tambur slomprèt umyang | wus dadya gêlarira | wadyabala Majapait | garudha yaksa | wadya Wandhan lan Anggris ||

2. gêlarira pritnêba sarêng umangsah | surak nêmpuh ing jurit | wadya Daha mapag | panggah datan kuciwa | wadya Tuban angêbyuki | campuh [ca...]

--- 486 ---

[...mpuh] kang yuda | kadya karêngèng langit ||

3. wadya Tuban tandange sapêrti setan | wong Lumajang nulungi | wor rukêt kang yuda | rame tumbak-tinumbak | sawênèh bithi-binithi | pêdhang-pinêdhang | ana jênggit-jinênggit ||

4. kèh warnane dènnya prang nrapakên sara | tan ana ngeman pati | prasamya sudira | langkung ramening yuda | gênti rok asilih ukih | kathah kang pêjah | mungsuh rewang wor mati ||

5. ngantya mili êrah larèn-larèn samya | saking gunging pêpati | tamèng bêndhe lumrang | nèng kisma kumambang rah | sinawang lir bulus nglangi | swaraning yuda | lir udan sinêmèni ||

6. kèh warnane sambate wong nandhang brana | dhuh biyung kaki nini | bapa maratuwa | ana kang sambat suta | wênèh sambat kadang rabi | wadya ing Wandhan | lan Anggris ngidak wani ||

7. wadya Daha Tuban myang măncanagara | barise bubar ngisis | wong ing Majalêngka | larut sadaya dhadhal | wong Lumajang sirna gusis | Dyan Menak Koncar | waspada aningali ||

8. wadyabala wus samya larut sadaya | sangêt dukanirèki | mangsah [...]gêm watang | Buntaran lan Watangan | mangamuk mangowak-awik | lir gajah mêta | pamuknya satriya tri ||

9. singa ingkang tinrajang bubar sasaran | kang panggah angêmasi | wong Anggris lan Wandhan |

--- 487 ---

lir gabah ingintêran | mundur kasaput ing wêngi | enjang samana | satriya tiga sami ||

10. gangsal Patih Buta lan pun Angkatbuta | lajêng mangsah ing jurit | wadya Anggris Wandhan | tan ana kiwul ing prang | sadaya lumayu giris | ngungsi ing wana | jurang myang têrbis-têrbis ||

11. Layang Seta Kumitir sarêng lumajar | nèng marga niba tangi | manjing wanawasa | tan sêdya nolèh wuntat | ana wong Anggris barêngi | sami lumajar | asru pamuwusnèki ||

12. baya iku Si Kumitir Layang Seta | satriya nistha yakti | tan wani kiwul prang | aprang tan tatu mlajar | anjalêbud wani ngisis | nyawaning sona | baya iku kang manjing ||

13. mring ragane Layang Kumitir lan Seta | layak jinising gênjik | bangêt dursilanya | anyênyukêri jagad | pêrang dhewe nora wani | jaile dadra | awor panastèn drêngki ||

14. pan sinigêg wadyabala kang lumajar | ya ta malih winarni | Sang Aprabu Wandhan | lan Anggris rêntênging tyas | de wadya kasoran jurit | nèng pasanggrahan | siniwi wadyanèki ||

15. sri narendra ngandika mring wadyanira | paran rêmbugirèki | mungguhing ayuda | apa mangrêpak yuda | apa mundur ing ajurit | wadya sadaya | aturnya mring sang aji ||

16. sangêt merang dhuh gusti yèn mundur ing prang | luwung lêbur ing jurit | abdinta

--- 488 ---

sadaya | dadosa lamaking prang | sang nata suka ing galih | arum ngandika | ya bangêt trima mami ||

17. prasêtyanta kabèh marang jênêng ingwang | kunêng Sang Natèng Anggris | lawan Natèng Wandhan | gênti malih kocapa | Rahadèn Kuda Rêrangin | nèng Caturdhêndha | ngantya mati kang margi ||

18. sabên wontên janma liwat pinêjahan | dhase tinumpuk sami | kawan dasanira | namung kurang sajuga | kang marga kasêlak mati | tan ana janma | ingkang langkung ing margi ||

19. rina wêngi kasukan suprandènira | tan wontên janma sudi | liwat ing dêdalan | langkung jibêg tyasira | Rahadèn Kuda Rêrangin | ya ta ngandika | mring dasihnya pun Kutis ||

20. lah kapriye Kutis polah ingsun iya | dhas iki kurang siji | marga iki pêjah | tan ana janma liwat | ngong arsa panggih nêmêni | lan kadang ingwang | bok sira bae Kutis ||

21. ingong tigas iya Kutis murdanira | supaya aku nuli | panggih kadang ingwang | Kutis mangsuli nyêntak | basakna dika puniki | dhas sun sajuga | arêp tinigas kêris ||

22. lah ta inggih punapa dosa kawula | mendah dhas jangkêp kalih | sanadyan kaliha | sayakti niku lara | gulu tinigas ing kêris | tan sudi pêjah | ngong maksih rêmên urip ||

23. kirig-kirig Si Kutis apundirangan |

--- 489 ---

ya ta Dyan Kuda Rangin | waspada tumingal | maring ing Layang Seta | kalawan Layang Kumitir | saklangkung suka | dhuh ika luwih siji ||

24. jaba siji bae ingkang ingsun tigas | sun karya gênêp iki | Kuda Rangin mojar | wong liwat umandhêga | siji bae ingkang siji | sira banjura | kang mandhêg karsa mami ||

25. ingsun tigas uwong liwat gulunira | dhas iki kurang siji | iya gênêpira | wilangan kawan dasa | ngong sêlak onêng tan sipi | mring kadang ingwang | Rahadèn Damarsasi ||

26. Layang Seta Kumitir ajulalatan | sangêt maras ing ati | dènnyarsa tinigas | tyasira maras-maras | angrasa tan darbe gêtih | osiking driya | baya kadangirèki ||

27. Damarwulan samana Dyan Layang Seta | lawan Layang Kumitir | mara mêndhak nêmbah | radèn anilakrama | paduka karsa mêjahi | sagunging tiyang | punapa kang suwadi ||

28. sirah tumpuk Kuda Rêrangin lingira | mulane sun matèni | sagunge wong liwat | manira angupaya | kadang ngong ran Damarsasi | iya wong tapa | kang tutur maring mami ||

29. bisa têmu ingsun yèn wis gawe pêjah | mring janma kawan dèsi | mêngko kurang juga | durung antuk sun ngadhang | têmah sira mêngko prapti | milarsa mangkya | ngong tigas sira siji ||

30. Layang Seta Kumitir sarêng miyarsa | ulat [u...]

--- 490 ---

[...lat] biyas aputih | gugup aturira | ajrihira kalintang | mangke radèn kula warti | dhatêng sampeyan | susah tuwan nigasi ||

31. sirah kula mindhak ta wêwah duraka | ulun wrin kang sayakti | dhatêng kadang tuwan | Rahadèn Damarwulan | sadhèrèk kula sayêkti | nak-sanak ika | sapungkure sudarmi ||

83. Pangkur

1. inggih wontên Majalêngka | dèn niaya Rahadèn Damarsasi | mring Sang Prabu Majalangu | kinunjara punika | mila kula kinuya-kuya Sang Prabu | Brawijaya Majalêngka | amargi kula nglabuhi ||

2. ngêrbat kadang Dyan Sêsăngka | kula kawon aprang pupuh puniki | milamba mangke angluru | pangungsèn kang sayoga | angêrbata dhatêng Radèn Damarsantun | yèn sampeyan nujwèng karsa | radèn bok inggih suwawi ||

3. Damarwulan dipun rêbat | yèn kêlajêng nuntên dipun pêjahi | Kuda Rêrangin duk ngrungu | kumênyut galihira | lir sinêncang pranaja sangêt ing nêpsu | mojar lah payo tuduhna | ênggone sadulur mami ||

4. sêmana sarêng umangkat | Layang Seta lawan Layang Kumitir | Kuda Rêrangin tut pungkur | lan pun Kutis nèng wuntat | kang ayuda dina-dina maksih pupuh | dèrèng wontên kang kasoran | mangkana Seta Kumitir ||

5. Kuda Rêrangin nêrajang | pabarisan lajêng angamuk ngungkih [ngung...]

--- 491 ---

[...kih] | tandange mangiwat-iwut | sumbar lah di rupanya | kang ngunjara kadangku Dyan Damarsantun | singa kang sinêrang pêjah | wong Daha lan wadya Tubin ||

6. Prabu Anggris Wandhan lumyat | mring pamuke Radèn Kuda Rêrangin | angêlojok pêrangipun | osikira wardaya | bocah ngêndi dene sudira ing pupuh | mangkana ingkang ayuda | Rahadèn Kuda Rêrangin ||

7. saya nêngah pamukira | ngobrak-abrik tan ana măngga pulih | kang pêrak thinathok lampus | wong Majapait rusak | wadya Daha lan Tuban sarêng umagut | radèn kinarubut ing prang | ganjur watang tanpa wilis ||

8. upama lir Panjangputra | sinasog ing marang kang gadhong êpring | kang aprang kasaput dalu | sapih kang băndayuda | masanggrahan sadaya kang mêntas pupuh | wadyabala Majalêngka | kasukan ngarsa narpati ||

9. nêngna Prabu Brawijaya | kawarnaa Radèn Kuda Rêrangin | marang pasanggrahanipun | Lugêndèr Kyana Patya | sang aprabu ing Wandhan Anggris akumpul | kasukan nèng pasanggrahan | tan kari rêkyana patih ||

10. Lugêndèr lan putranira | Layang Seta tuwin Layang Kumitir | sami nèng ngarsa sang prabu | Natèng Wandhan ngandika | hèh ta patih ingsun mau iya dulu | bocah abagus taruna | prawira ngadoni jurit ||

11. wasis ngolahakên [ngo...]

--- 492 ---

[...lahakên] tumbak | lah ta iku sapa ingkang sêsiwi | Patih Lugêndèr wotsantun | punika suta amba | kang wuragil Sang Natèng Wandhan lingnya rum | besuk lamun bisa bêdhah | nagara ing Majapait ||

12. ngong pèt mantu sutanira | Kyana Patih Lugêndèr amiyarsi | dhawuhira sang aprabu | sangêt kaduwunging tyas | dènnya ngaku atmaja marang sang bagus | têmah arsa tinariman | putrane sri narapati ||

13. yèn tulusa ngong mênênga | Layang Seta lawan Layang Kumitir | sêmune bakal kasingkur | kya patih sigra nêmbah | patik gusti tadhah duka sang aprabu | kang ulun unjukkên mangkya | sutamba ingkang wuragil ||

14. pun Kuda Rêrangin nama | inggih sanès suta amba pribadi | anak anggèn ulun mupu | bapa biyung tan ana | nanging kabar gumrahing wartos pukulun | bèbètipun panêluhan | botên pantês nunggil janmi ||

15. nata kalih sêmu duka | nglingira sru hèh patih sira iki | turune wong tukang nêluh | têka sira pèt suta | nora wurung mêngko iya nêluh-nêluh | tan patut awor wong kathah | lah inggal tundhungên patih ||

16. ywa kongsi anandhang baya | Kyana Patih Lugêndèr awotsari | dhawuhkên sabda sang prabu | wong Anggris myang wong Wandhan | Radèn Kuda Rêrangin kinèn anundhung | sapa

--- 493 ---

kang gêlêm kanggonan | dosa gêng ingkang pinanggih ||

17. siniyasat ing narendra | wit Dyan Kuda Rêrangin iku dhingin | turune wong tukang nêluh | tan patut amor janma | mung sipate manungsa lamun dinulu | pan batine jajal lanat | setan raton kumpul eblis ||

18. misuwur undhang sang nata | sagunging wong nundhung Kuda Rêrangin | dèn lokakên tukang nêluh | Kuda Rêrangin myarsa | sangêt wirang lir urip sajroning lampus | sru wirang anulya kesah | panakawannya tut wuri ||

19. wangsul minggah mring aldaka | panggih ajar nguni kang mituturi | tan winarna sampun pangguh | radèn sru wuwusira | sira kaki uwong dhawuk amêrkutuk | ujarmu nora sanyata | ingsun manggih wirang isin ||

20. wus ingsun matèni janmi |[5] patang puluh kadangku tan pinanggih | malah wirang kang ngong têmu | tinundhung lan wong Wandhan | lan wong Anggris kabèh padha nyêrtu mring sun | dinalih jinising setan | radèn wusnya warta titi ||

21. purwa madya lan wusana | kyai ajar gumuyu dènira ngling | wruhanta putu kaliru | wong Anggris lan wong Wandhan | iya iku mungsuhe kadangirèku | lah uwis aja dinawa | sira balia dèn aglis ||

22. dieling wêkas manira | lamun besuk mungsuhmu mangun jurit | bisa ngilang tan kadulu [ka...]

--- 494 ---

[...dulu] | ya iku kadangira | lawan manèh sira lamun aprang pupuh | mungsuhira asêsumbar | Kyai Udara kang siwi ||

23. arane Kuda Tilarsa | lah ya iku kadangira taruni | banjur rangkulên ta kulup | uwis putu dèn inggal | lah mangkata pêsthi yèn sira katêmu | Kuda Rangin lêga ing tyas | nêmbah mundur saking ardi ||

24. sapungkurira rahadyan | kyai ajar gumuyu tutup lathi | èngêt solah tingkahipun | Lugêndèr Kyana Patya | sigra midêr jajah sakèh dhusun-dhusun | manjing ajur ajèr bisa | ki ajar saklangkung sakti ||

25. kunêng malih winursita | somahira nguni Rêkyana Patih | Maudara kalanipun | nglangut tilar atmaja | nèng dhukuhan samangkya ta putranipun | nênggih sampun adiwasa | Kuda Tilarsa kang wangi ||

26. samana rahadèn putra | marêk ibu aturira aririh | dhuh ibu sudarmaningsun | anèng pundi samangkya | ingkang ibu samana alon amuwus | wruhanira sutaningwang | yèn sira takon sudarmi ||

27. panggonane tan karuhan | namanira Patih Udara nguni | pan dadi wrangkaning ratu | Sang Prabu Brawijaya | iya iku dhingin kang umadêg ratu | samêngko nora karuhan | êmbuh mati êmbuh urip ||

28. ya ta Dyan Kuda Tilarsa | yèn makatên kulèbu nyuwun pamit | kang ibu tan [ta...]

--- 495 ---

[...n] sagêd muwus | saking putêking nala | sigra mangkat rahadèn sumêngkèng gunung | umarêk sang maha tapa | radèn anyungkêmi sikil ||

29. sarwi alon aturira | dhuh pukulun kawula nyuwun uning | dununge sudarma ulun | sang tapa alon nabda | dhuh mas putu ing samêngko sudarmamu | sinamar jawata mulya | durung binabar ing Widi ||

30. mung ta sira duwe kadang | Damarwulan suwarnane apêkik | lah iku lurunên putu | lah wis putu mangkata | dipun eling putu mring wêwêling ingsun | Kuda Tilarsa manêmbah | amit lèngsèr saking ngarsi ||

31. lampahe kalunta-lunta | ya ta sigêg gantya malih winarni | Kuda Rêrangin andulu | ana janma lumampah | tanpa kanthi warnane anom abagus | osike driya mangkana | wong ngêndi kang anom sigit ||

84. Sinom

1. lampahe sangsaya pêrak | Kuda Tilarsa ningali | duk sarêng pagut ing tingal | sarêng kumêsarnya sami | Radèn Kuda Rêrangin | hèh babo uwong lêlaku | sapa ta aranira | lan ing ngêndi kang winuni | warnanira apêkik maksih taruna ||

2. Rahadèn Kuda Tilarsa | nauri wacana manis | aku iki wong alasan | kêmul mega kandhang langit | laku ngong tanpa kapti | mung nut saparaning suku | Kuda Rêrangin myarsa |

--- 496 ---

talingan kadi sinêbit | nabda asru babo babo dene ladak ||

3. ngêndi na wong tanpa sêdya | lan maning datanpa panti | sajêg ngong andulu janma | durung wrin kadi sirèki | eman warnamu pêkik | cacad ujarmu jalêbud | tan wêruh tatakrama | adol angkuh nèng wanadri | ya ta Kuda Tilarsa sarêng miyarsa ||

4. talingan kadya sinêbrak | mara lajêng anampiling | Kuda Rêrangin anyandhak | lambungira gya tininggil | binuwang datan têbih | maksih ngadêg tibanipun | wangsul sigra anyandhak | lambunge Kuda Rêrangin | gya binuwang tibèng doh kajêngkang-jêngkang ||

5. Kuda Tilarsa sêsumbar | aja sira angoncati | dèn padha sura mêrata | ya ta dyan Kuda Rêrangin | wangsul mangunus kêris | Kuda Tilarsa sinuduk | ya ta Kuda Tilarsa | saksana angunus kêris | sami gênti suduk-sinuduk tan pasah ||

6. karone sami prawira | lir panjang putra upami | sinuduk ing alang-alang | swarane pating carêngkling | kêris wus tanpa kardi | sarêng buwang kalihipun | gênti candhak-cinandhak | adugang bithi-binithi | kalih samya mangarah sêndhal-sinêndhal ||

7. udrêg gèndèng tan kasoran | Rahadèn Kuda Rêrangin | sêmu repot ing ayuda | cinandhak lambungirèki | binuwang tibèng têbih |

--- 497 ---

Kuda Tilarsa sru muwus | padha măngsa padhaa | ya Kuda Tilarsa mami | atmajane Rêkyana Patih Udara ||

8. pêpatih ing Majalêngka | Kuda Rêrangin miyarsi | èngêt ing wawêlingira | sang pandhita kala nguni | nir dukanya barêsih | ya ta mara gupuh-gupuh | sarwi lon dènnya mojar | dhuh adhiku sira yayi | katujune yayi mas padha raharja ||

9. Rahadèn Kuda Tilarsa | saksana rinangkul aglis | kang sarta ingaras-aras | mring Radèn Kuda Rêrangin | Kuda Tilarsa nênggih | wus sirna mêmarasipun | tan măntra yèn mêntas prang | tyas rêsêp lajêng ngabêkti | ya ta Kuda Rêrangin lon wuwusira ||

10. yayi mas kawruhanira | lamun ta nora kêpanggih | kang dadya têlênging driya | ngong ulati sira yayi | nguni ingong winêling | ajar kang pratapèng gunung | arga Wilis mangkana | dènira mêling mring mami | têmbe ngakir kalamun sira pêpanggya ||

11. satriya bagus taruna | Kuda Tilarsa kang nami | iku kadangmu taruna | lawan sira seje bibi | sayêkti dadi kanthi | Radèn Damarwulan iku | kadangmu ingkang tuwa | Kuda Tilarsa miyarsi | lajêng nêmbah umatur maring kang raka ||

12. wontên ing pundi samangkya | inggih Radèn Damarsasi | Kuda Rêrangin lon mojar | krungu ngong nèng Majapait | pan lagi pinisakit | marang Brawijaya [Brawi...]

--- 498 ---

[...jaya] Prabu | marma yayi karsèngwang | payo rinêbuta yayi | Radèn Kuda Tilarsa alon aturnya ||

13. langkung prayogi kakangmas | Kuda Rêrangin lon angling | lan ing nguni sun winêkas | maring risang maharêsi | pandhita gunung Wilis | lamun ingsung aprang pupuh | mungsuh prajurit dibya | bisa nir madyaning jurit | iya iku kadang ngong Dyan Damarwulan ||

14. dhawuhe sang maha tapa | nuli kinon angabêkti | ingsun yayi lawan sira | kinèn pratela sudarmi | kang rayi matur aris | kangmas swawi bidhal gupuh | ngupaya ywa klayatan | bok kasêlak dèn pêjahi | lajêng bidhal satriya kalih saksana ||

15. gancanging carita prapta | ing nagari Maospait | jujug madyaning paprangan | Rahadèn Kuda Rêrangin | kêlawan ingkang rayi | sêsumbar anguwuh mungsuh | payo wong Majalêngka | kêmbulana ing ajurit | lah ta iki satriya dibyèng ayuda ||

16. kagèt Arya Menak Koncar | myarsa sumbaring ajurit | dinuga satriya Wandhan | dyan arya sigra miyosi | sarwi asikêp biring | sêmana sampun apangguh | tanya Dyan Menak Koncar | sapa aranmu prajurit | maksih anom pêkik-pêkik warnanira ||

17. Kuda Rêrangin manabda | iya tanpa aran mami | ubêngan datanpa wisma | Menak Koncar

--- 499 ---

amiyarsi | krura sru dènnya angling | si bêlis angumbar langguk | aja oncat kewala | tadhahana tumbak mami | gya tinumbak Kuda Rêrangin apanggah ||

18. manangkis asta kewala | watangira kapalêsit | ya ta sarêng narik katga | suduk-sinuduk agênti | tan ana kasor kalih | karone prawira têguh | ya ta Dipati Tuban | Dipati Daha ningali | Menak Koncar yudane sêmu kasoran ||

19. kalih mangsah ing ayuda | atêtulung ing ajurit | lajêng angêrubut ing prang | ya ta waspada ningali | Kuda Tilarsa nênggih | kadangira kinarubut | lajêng têtulung yuda | Dipati Tuban Kêdhiri | gya cinandhak binanting binuwang kentas ||

20. Menak Koncar gya cinandhak | mring Radèn Kuda Rêrangin | binanting binuwang kentan | tiba sajabaning baris | Buta Katbuta mèksi | dyan katri kasoran pupuh | ya ta kalih umangsah | prapta madyaning ajurit | lajêng campuh Patih Buta gya cinandhak ||

21. binuwang muluk mring tawang | ing Radèn Kuda Rêrangin | tibane lajêng cinandhak | adangu kinarya undhi | ya ta binuwang aglis | tibèng jaban baris agung | tibanira alênggah | mênggèh-mênggèh kyana patih | arsa mangsah sarira wus lêsu lupa ||

22. Angkatbuta rame yuda | lan Kuda Tilarsa nênggih | adangu kakal-kakalan [kakal-kakala...]

--- 500 ---

[...n] | Angkatbuta kasêliring | cinandhak lambungnèki | kinisar muluk mandhuwur | tiba kinarya onclang | wus dangu binuwang aglis | tibèng jawi barisan amênggah-mênggah ||

23. Sang Aprabu Brawijaya | nèng panggung awas ningali | solahe kang băndayuda | pamit marang garwa aglis | dhuh nimas mundri mami | dene calênggah nèng panggung | pun kakang minta lilah | arsa têtulung ing jurit | dhuh tontonên kusuma yuda manira ||

24. pra garwa sami dèn aras | sang prabu tumêdhak aglis | praptèng ngandhap lajêng mangsah | ari katri dèn dhawuhi | padha nyingkira yayi | ngong papagne mungsuh iku | wus praptèng ranagana | sang nata sampun kêpanggih | jêng-ajêngan lan radèn kalih punika ||

25. Kuda Tilarsa umiyat | lan Radèn Kuda Rêrangin | dhumatêng sri naranata | saya gumêrgêt kang galih | sang nata angling aris | dhuh karo sapa aranmu | dyan kalih asru mojar | tanpa aran ingsun iki | sêdyaningsun mung ambêk pati kewala ||

26. sang prabu arum ngandika | mundura sira ta kalih | eman-eman praptèng pêjah | ngur sira ngabdièng mami | ingsun karya bupati | jumênêng punggawa agung | Sang Prabu Brawijaya | wus karaos ing jro galih | yèn mungsuhe ayuda pan kadangira ||

27. Kuda Rêrangin miyarsa | ngandikane sri bupati | asugal pamuwusira [pamuwusi...]

--- 501 ---

[...ra] | dene kaya bocah cilik | kajaba awak mami | uwis ajur kumur-kumur | iku gêlêm ngawula | tadhahana kêris mami | radèn kalih narik kris anêmpuh sigra ||

28. anitir panyudukira | Kuda Tilarsa sing kering | Kuda Rêrangin sing kanan | sang nata tan kewran tangkis | sang nata narik kêris | saksana suduk-sinuduk | tan ana kang kuciwa | èsmu repot sri bupati | nulya matak aji limunan sang nata ||

29. sêkala lajêng murcita | ya ta sagung pra garwa ji | lumyat sang prabu murcita | sadaya gêtêr ing galih | prasamya têdhak nuli | saking saluhuring panggung | ngupaya sri narendra | ya ta Dyan Kuda Rêrangin | awas mulat mungsuhira yuda musna ||

30. kanggêking tyas têrataban | kumêsar raosing galih | èngêt wêlinge sang tapa | dyan kalih lajêng anangis | sarwi ajêrit-jêrit | sambat kakang sadulurku | dhatêng pundi kakangmas | Brawijaya kèksi malih | sarwi mojar lah kene padha nyuduka ||

31. dyan kalih datan sêrănta | anyungkêmi ing pada ji | pan sarwi lara karuna | sang nata ngandika aris | tutura kang sayêkti | karane padha amuwun | Kuda Rêrangin nêmbah | ing nguni amba winêling | mring pandhita kang sagêd mêcah kaluwak ||

85. Pocung

1. manawi ngong angandoni aprang pupuh |

--- 502 ---

lamun mêngsah amba | sagêd musna tan kaèksi | gih punika sadhèrèk amba kang tuwa ||

2. kang pêparab inggih Radèn Damarsantun | samangke klampahan | paduka sayêkti pasthi | kadang amba ingkang wasta Damarwulan ||

3. dupi myarsa sang prabu sigra angrangkul | alon ngandikanya | katuju padha basuki | sun tan nyana yèn sira kadang manira ||

4. Menak Koncar lan ari kêkalihipun | nusul mring paprangan | tanapi kang para rabi | sami andhèr umarêk sri naranata ||

5. ngandika rum sang nata mring garwanipun | nimas wruhanira | iku ari ngong sayêkti | atmajane jêng rama Patih Udara ||

6. para garwa sadaya sami angrungu | sukur ing jawata | sang nata ngandika aris | yayi karo kabèh iki bakayunta ||

7. garwaningsun mara ngabêktia gupuh | dyan kalih umangsah | ngabêkti mring para rabi | sri narendra ngandika mring Menak Koncar ||

8. tuwin ari Tuban Daha kalihipun | yayi ngabêktia | iku kadangmu sayêkti | sadulurku tunggal bapa kang taruna ||

9. katiga wus ngabêkti ing sang binagus | rayi matur nêmbah | Rahadèn Kuda Rêrangin | bok marêngi pukulun karsa narendra ||

10. kawula mit aminta lilah sang prabu | umagut ing yuda | mêngsah tuwan Wandhan Anggris | sri narendra [na...]

--- 503 ---

[...rendra] sêkala sarêng miyarsa ||

11. inggaring tyas wusana ngandika arum | iya ngong tarima | prasêtyanta maring mami | nanging poma yayi mas dipun prayitna ||

12. ari katri sinasmitan ing sang prabu | kinèn bantonana | yudane rahadèn kalih | tur sandika dipati katiga pisan ||

13. sang aprabu sigra minggah dhatêng panggung | lawan para garwa | ayun wrin kang andon jurit | yudanira kang rayi kêkalih samya ||

14. praptèng panggung wus samya tata alungguh | lênggah ngarsa nata | Prabu Kênya Majapait | Anjasmara lawan Sang Dyah Rarasatya ||

15. lênggah munggèng kananira sang aprabu | Sasmita Susela | munggèng keringe sang aji | pra apsari mungging wuri nata aglar ||

16. Radèn Kuda Rêrangin lan arinipun | Dyan Kuda Tilarsa | lampahira sampun prapti | pambarisan ing Anggris kalawan Wandhan ||

17. lajêng nêmpuh pangamuke ngiwat-ngiwut | singa sinrang pêjah | kang lumayu nandhang kanin | kagegeran prajurit Anggris lan Wandhan ||

18. radèn kalih sinosog ing watang ganjur | biring myang gudebag | dèn karutug pasêr mimis | datan kandhêg pangamuke saya sura ||

19. lir gêgilang sinosog ing godhong têbu | radèn pangamuknya | kadi banthèng tawan kanin | wadya Wandhan lan Anggris giris tumingal ||

--- 504 ---

20. bubar larut baris gung arêbut dhucung | ngungsèkkên umurnya | paprangan padhang barêsih | radèn kalih katingal sru sumbar-sumbar ||

21. payo kene rêbutên ing aprang pupuh | Ratu Anggris Wandhan | mêtua tandhing ajurit | papagêna arine Sri Brawijaya ||

22. datan bêtah sêntana Wandhan angrungu | ran Menak Suteja | prawira taruna pêkik | parêk ngarsa nêmbah ingidèn umangsah ||

23. mandhi lawung praptèng rana sampun pangguh | Dyan Kuda Tilarsa | mara yun-ayunan panggih | sugal angling sira Sang Menak Suteja ||

24. sapa ranmu satriya anom abagus | tandangmu ngayuda | sira pêksa ngêlanangi | gya sumaur ya ingsun Kuda Tilarsa ||

25. prawirèng prang sudira prajurit punjul | wudhu tanpa lawan | lah payo numbaka aglis | ngong rasakne ênya dhadha pilihana ||

26. sigra Menak Suteja angikal lawung | dhapur bring lanangan | sarosa panumbaknèki | Radèn Kuda Tilarsa panggah tan pasah ||

27. dyan rinêbut Menak Suteja kang lawung | nulya narik katga | sinuduk rahadèn mantri | eca dènnya gumuyu alatah-latah ||

28. dhuwungira samana lajêng rinêbut | gya Menak Suteja | sirahnya dipun idoni | dhasnya sigar Menak Suteja palastra ||

29. gya tinigas kang sirah tinampan gupuh | mring Kutis pêrpatnya [pêr...]

--- 505 ---

[...patnya] | Rajèng Wandhan aningali | goyang muka gya Menak Jayasantika ||

30. mangsah ngrana rêspati asikêp lawung | nèng rana wus panggya | lan Kuda tilarsa nênggih | sigra numbaki Menak Jayasantika ||

31. wus rinêbut watange tinikêl putung | anarik curiga | panudukira anitir | dyan rinêbut kêrise kang mêgat nyawa ||

 


adhuh. (kembali)
Biasanya guru lagu e. (kembali)
Biasanya guru lagu e. (kembali)
ngungkung. (kembali)
Biasanya guru lagu a: janma. (kembali)