Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 69–74)

Judul
Sambungan
1. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 10–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 20–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 30–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 42–52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 53–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 61–68). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 69–74). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 75–85). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Damarwulan, Jayasubrata, akhir abad ke-19, #1476 (Pupuh 86–98). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

69. Pangkur

1. rika Sang Ludra Lumêkas | nuksmèng ring byat ardane Dyan Kumitir | tandya Sang Hyang Sewah gupuh | manuksma sirèng Radyan | Layang Seta ing panyipta kalihnya wus | tan èrèp makrodhaning lyan | nirbaya wikarèng jurit ||

2. umadêg suraning nala | wringut mangkrak arda galak mawêngis | sinamun manising wuwus | dyan kalih awêkasan [awêka...]

--- 391 ---

[...san] | andhawahkên kang timbalan notèng ing rum | ing lampah kawula kakang | karsane Sang Prabu Dèwi ||

3. ngrêrangu ing lampah tuwan | yèn paduka tiwas madyaning jurit | manira kinèn angrêbut | layon labuh pralaya | lawan sinransraya nanggulang ing mungsuh | yèn paduka lananging prang | amocok kapala aji ||

4. amboyongi putri tawan | saha bala saha putra saha sih | ngirid kuswadya mabeluk | têluk kajodhi ing prang | sagung para raja kang dados mêmungsuh | kèdhêp sumewa srah pêjah | kerid ing paduka sami ||

5. ulun kinarsan ing nata | angêtêbi kundur padukèng margi | saha tur uningèng prabu | ing rèh ta sang narendra | pêrtăndha sih nêdha kêpraboning ratu | èstune tyas lokaning rat | ing kadibyan jayèng jurit ||

6. lamun ta lampah paduka | tanggêl karya datan kasbadèng puji | pujine sang natèng ing rum | kuciwa gêlaring prang | nanging nama ugi ing karya kêcakup | paduka tan linilanan | mantuk dhatêng Maospait ||

7. ngapadosa lampah ingkang | taman ing rèh tan bakal mutêr bumi | nanging ta kawula gupuh | kinèn atur uninga | sarta kang pratăndha anjayèng pupuh |[1] pamrih Sang Prabu Wanodya | dadosa panglipur wingit ||

8. ing mangke sumăngga kakang | wawrat [wa...]

--- 392 ---

[...wrat] timbang karsane sang narpati | ing rèh lampah paduka wus | kawangwang ing kanyatan | nistha madya utama karsaning ratu | utamane kang kinarsan | lênggêg rahadyan tan angling ||

9. awusana rum kang sabda | langkung-langkung radyan karsaning gusti | atas sasmitaning luhur | kang dasih kadya wayang | pinurbèng rèh dhalang Suksma murbèng ulun | sumăngga gêndhaga rukma | kang isi murdaning aji ||

10. mojar Radyan Layang Seta | lêrês kakang mituhu ing karsa ji | Dyan Săngka mèsêm ing kalbu | Ki Sêbdapalon ngucap | datan enak radyan puniku ing laku | nguni karsane sang nata | tan lyan murdane sang aji ||

11. kêdhik luwange ing tindak | ratu cidra owah ingkang prajangji | tan arsa gumingsir wuwus | lampahe kaluhuran | atêmahan beda ing ngarsa lan pungkur | gampil benjing yèn wus prapta | sinaosakên pribadi ||

12. nolèh Rahadyan Sêsăngka | sabdanya rum paman ywa salah kardi | barong punapa dyan muwus | marna karsaning nata | Nayagenggong matur sarya ngusapi luh | adate satriyanira | alumuh nganggur kêpati ||

13. Dyan Săngka ngrawati tingal | mring pêrpatnya gêndhaga wus tinampin | mring radyan kalih magupuh | Layang Kumitir nabda | sang dyah kalih yogi rinuwunkên laku | tan sanès lan murdèng raja | pratandhane [pratandha...]

--- 393 ---

[...ne] jayèng jurit ||

14. dyah kalih sarêng panjritnya | anungkêmi ing kakung sru kaswasih | radyan tyasnya lir kinanyut | wusana aris nabda | nahing anggèr gusti mituhua mring sun | rumiyina sira lampah | mring nagri ing Maospait ||

15. Radyan Layang Seta mujar | mituhua bok adhi marang laki | ing rèh kinarsan ing ratu | ywa sira salah cipta | aja watir ing kakungira sang bagus | sabdene sira prayoga | aja sumêlang ing ati ||

16. ni pawongan akaruna | radyan mantri tansah ngrawati liring | dangu sang dyah linalipur | kinèn lumiring radyan | Layang Seta Kumitir ing Majalangu | kinarsan mring Prabu Rara | dadya têrsandhèngsun jurit ||

17. kathah pangèngrèngnya radyan | sinung sabda amanis amranani | sang dyah aminggu tan tumut | saya sangêt karuna | patrêmira sang kalih tansah ingunus | Dyan Săngka saya ngrês mulat | mring sang dyah kang sru kaswasih ||

18. tan pêgat pangririhing tyas | sabda sumèh kasuselaning èstri | anrês ing prana sabda rum | saya lilihing manah | sang dyah kalih ngetang kawêkasanipun | sumawitèng nataning dyah | sêsotya ing Maospait ||

19. Dyan Seta suwarèng bala | kang pininta lumiring ing sang dèwi | miwah gêndhaga rukma wus | dyah kalih tandya mentar |

--- 394 ---

nanging patrêmira tan pêgat ingunus | datansah mănca udrasa | angusapi waspa mijil ||

20. nimban enya kawlasarsa | mèstutèng rèh ajrih mring radyan mantri | sirèng lampah lumêstantun | Ki Sêbda Genggong tansah | andrês mijil sadangunira punang luh | wantya sinêrêng ing radyan | tumungkul ajrih ing gusti ||

21. riwusnya bênggang saksana | sang dyah lawan prênahnya radyan mantri | wêtawis datan kadulu | anênggih sirèng papan | sira Radyan Seta Kumitir agupuh | ngabani wadya nyeluman | sumrêg prapta angêbyuki ||

22. radyan mantri kinêmbulan | dene wadyanira Seta Kumitir | Ki Sêbdapalon mangamuk | Ki Nayagenggong mêncak | kinarubut ing wadya karoban mungsuh | rêbah anulya binêsta | rika Sang Seta Kumitir ||

23. kadya buta amamăngsa | solahira dènnya ngabani dasih | madêg Dyan Săngka ingêbyuk | sinosog ganjur atap | kadya panjang putra tinumbak malurud | datansah wayang-wayangan | ambêk sarosa dyan mantri ||

24. biring sinêndhal kinentas | kokih mancrah katiga tugêl kalih | singa binuntar muka nrus | tinêbah jaja pêcah | gègèr giras kang para prawira mawur | Seta Kumitir magalak | manrot manantêr manangkris ||

25. wantya

--- 395 ---

mujar sang minantya | luwih bêcik sira rahadyan kalih | karya wisunaning laku | mêmurung arjèng tingkah | kaestrenan isine buwana kang wruh | rahayu sikaraning kang | samobah mosiking urip ||

26. Seta Kumitir maganas | nuduk sarya pamujarira bêngis | ywa akèh swara pamuwus | sira wong utang dosa | wirang cidra kanisthan tindak kang luput | iki pinanggya ing lampah | mêsthi sira têkèng pati ||

27. ambêk krura sang lir Parta | kalih radyan kêt pinggangnya pinusthi | binuwang kentas sumiyut | kumuntus tibèng lêmah | Sang Hyang Lodra Bayu Siwah wus mukswa wus | Bathara Gana tumandang | manjing mring Layang Kumitir ||

28. mangsah macangklèt pyuk kawal | putêr gantya kendra-makendra kokih | Kumitir kinentas asru | kentas tiba kabuncang | Hyang Bismara nuksma Sang Seta mangsah pyuk | sudira maglut kabuncang | tandang Hyang Sambu manitis ||

29. Kumitir mangsah magalak | wêntus dugang-dinugang dyan katinggil | Kumitir binuwang riwus | kumêtap tibèng lêmah | Citragatra citrane gya manuksmèng wus | mangsah sarêng sura makyat | sarêng managlut katangsil ||

30. Hyang Kala Yama Lumêkas | gya manuksma wus mangsah dyan mawêngis | hyang lir ditya wudhu pupuh | gora rèh sura panggah | wêngis mamuk nubruk Dyan Săngka

--- 396 ---

mapangguh | cangklèt winaglut tan kongkal | ambêk sarosa sang kalih ||

31. radyan ingangkat binuncang | mrês budya pyuk sarambut nora osik | Seta dinugang sru kuntus | binuwang tiba têbah | Dyan Kumitir tinawang kinisar asru | binuwang tumibèng têbah | tandang Hyang Bayu mawêngis ||

32. Dyan Seta sudirèng mangkrak | bêk sarosa musthi kumlasawa glis | magutuk malumpat nubruk | sumawur sirèng jaja | gapruk cêngkah dêdêl-dinêdêl mapangguh | Seta katangsil kabuncang | krura myat gurda pinusthi ||

33. nabêt malêdug wrêksa crah | ngrasuk sirèng kêtampin wus katinggil | binuncang tiba makuntus | Hyang Maniksmaya tandang | nuksmèng riwus campuh Dyan Săngka winaglut | kokih binuncang wus kentas | gêpah Hyang Kumara Murti ||

34. Tunggulmanik langlang jagad | nuksma gêpah mangsah Dyan Damarsasi | wêntus cangklèt dirèng pupuh | dêdêr-madêdêr panggah | măngga mangkyat kokih mangukih sru pangguh | sang kalih sudebya ing prang | byuh bayu prabawa prapti ||

35. mêndhung-mêndhung tara rimang | bagaspatra sumurêm kênyarnya gring | mangkara duta kumutug | parbata goyang-goyang | kuwung teja lêngkawa tanjak supênuh | rika sang kalih widigdya | kapênuhan kyating jurit ||

36. wiku darpa trus bramatya | tyaning sura kumutug mawêtyagni | prabawa [praba...]

--- 397 ---

[...wa] kumbul sumundhul | dahana sirèng tawang | kalihira tan kawrat kurdhaning pamuk | samya amiyak wêrana | pamyating kang padha siji ||

37. Seta Sêsăngka macêngkah | Hyang Narada pagut lan Tunggulmanik | kendra maputêr managlut | Hyang Panji Nrada ginggang | gya kinisar ing tawang wuwusira sru | latah pamujarira Sang | Kaneka mring Sang Hyang Rêsi ||

38. Palibaya mitraningwang | salah gawe jawata mayang dasih | ing rèh sidaning tumuwuh | titising karsaning kang | Hyang Pratingkah kalawan solahing ulun | têmah amêmurung lampah | pêpêsthèning jawata di ||

39. babo pawong sanak ingwang | eman-eman sira kasêrêng runtik | iya ing wusananipun | nglong-nglongi kaluhuran | nikmating Hyang Suksmana ingkang ginadhuh | badharing rèh kasampurnan | lilih Hyang Srêngkara Murti ||

40. kang asta sampun winudhar | matur nêmbah Hong Siwah Buja Luwih | dewane Bathara Luhur | sumrup nata priyăngga | jênang sela kang gung pangapuntên hyangku | angling Hyang Kanekaputra | nirdahna pinaroning ngling ||

41. sawuse durunge bapa | sun apura rêke sasiring budi | payo ywa ngregoni laku | risang kalih murcita | Manikmaya nuksma mring Layang Seta wus | rame dènnya păncakara | lan Rahadyan Damarsasi ||

42. kari jinurung [jinu...]

--- 398 ---

[...rung] ing dewa | Dyan Sêsăngka loyo wakyating jurit | ya ta saksana sirambruk | dahad nuntak ludira | wus kasambut ing adilaga sang bagus | cêngêng lênglêng ing panyipta | pasra kang miseswèng jati ||

43. emut ing tyas sanalika | mung garwanya ingkang tinilar guling | Anjasmara sang lir santun | kawangwang sir kasmaya | ing wusana Dyan Săngka mijil ingkang luh | ginêgêt jroning wardaya | sêsambatira dyan mantri ||

44. arèningsun Anjasmara | dèn lêgawa pun kakang têkèng pati | anglakoni lara lampus | kariya awibawa | rinêksaa ing budya dene Suksma Gung | amanggiha suka wirya | ingsun ingkang anglakoni ||

45. saya trênyuhing wardaya | ketanging rèh saparipurna kang sih | ya ta sangsaya mangunggut | ngunggut kabyatan ingkang | èstu darpa angsung pamrih soring pupuh | mujar Radyan Layang Seta | Damarwulan wêdi mati ||

46. têmahan mijil kang waspa | kaya dudu lanang Si Damarsasi | rahadyan mangsuli wuwus | sarya nuntak ludira | eman-eman ingsun yèn wêdia lampus | sanalika kang kaetang | mung rinta kang sawang sasi ||

47. mendah baya kawlasarsa | ingsun pêjah satêmah bela lalis | Seta sugal wuwusipun | măngsa kuranga priya | Anjasmara ayu anom băngsa luhur | atmajane wong wibawa | dêstun abela [a...]

--- 399 ---

[...bela] wong miskin ||

48. radyan jèngkèng pilênggahnya | ngingsêb-ingsêb padone kănca kering | Dyan Seta wuwusira sru | hèh payo Damarwulan | pilih êndi ngisor atanapi dhuwur | lor kidul kulon lan wetan | lan urip sawuse pati ||

49. myang pati durunge gêsang | Damarwulan tandya mangsuli angling | kabèh pisan ingsun ayun | kabèh wus darbèk ingwang | jagad papat ing ngandhap miwah ing luhur | nora nampik milih ingwang | apan wus kawrat ing mami ||

50. Sang Hyang Wênang Sang Hyang Tunggal | Hyang Nurrasa Nurcahya Sang Hyang Wêning | Hyang Wisesa ananingsun | mujar Dyan Layang Seta | ywa gumêndhung sira wrat saliring alus | yèn tan sêmbada ing tindak | miwah sampurnaning pati ||

51. yèn tuhu tyasira arja | ingsun arsa wruh patinira yêkti | mangsuli rahadyan bagus | iya luwih prayoga | sun adhêpkên ing jawata kang linuhung | lara pati tan suminggah | titahe darma nglakoni ||

52. mujar Radyan Layang Seta | Damarwulan dêstun têmên aurip | wawrat timbang pamujya trus | kagadhuh ing kawula | aja sira sumendhe ing dewa luhur | iku misih ujar keras | dudu labête wong luwih ||

53. angling Rahadyan Sêsăngka | Layang Seta balik sira karsani | têmên-têmên amrih lampus | apa [a...]

--- 400 ---

[...pa] sêdya sikara | yèn sikara ingsun pasrah ing Suksma Gung | yèn sira kudu pratăndha | ing tyas pamusthining pati ||

54. sun pintakkên ing jawata | ing wusana sapa kang ngudanèni | nanging ta panjaluk ingsun | marga na tatu jaja | ri saksana Dyan Săngka ngungalkên gupuh | tangginas Dyan Layang Seta | curiganira tinarik ||

55. manrajang anggoco jaja | tatas manrus walikatira kering | rah muncar radyan layon wus | gumuling kang kunarpa | Seta mujar kaya dudu wong linuhung | rah jingga arus kang gănda | tandya rah pêthak kang mijil ||

56. minging gandanira kungas | Layang Seta ebat sajroning ati | nimbali arinta rawuh | Kumitir munggèng ngarsa | sawadyanya wus pêpêk sumiwèng ngayun | Sêbda Genggong tinêlasan | rinampok datan patitis ||

57. anangis angaru-ara | ki parêpat sarwi ngidung mênyanyi | măngsa matia wak ingsun | kajaba ana gajah | sumurup ing lèng dom sêdhêng êndhasipun | sêsêk buntute kalawan | ana keyong nguntal mêri ||

58. mujar Radyan Layang Seta | iki si wong gèsèh sêtya lan gusti | gustinira Damarsantun | tuhu yèn wong utama | angluhuri sampurnaning tyas ginêlung | patitis pamujya arja | sun jurung mulyaning swargi ||

59. Ki Sêbdapalon angucap | wong amati patine mênyang

--- 401 ---

ngêndi | Dyan Layang Kumitir muwus | marang ing kalanggêngan | Nayagenggong nangis sarya ngusapi luh | langgêng iku kaya apa | saikine anèng ngêndi ||

60. Dyan Seta mangsuli sabda | langgêng iku têtêp nora gumingsir | datan kacakra ing kalbu | kang darbe ing Suksmana | Sêbdapalon mujar Hyang Suksmana iku | sapa ingkang duwe anak | punapa jalu lan èstri ||

61. angling Kumitir manêntak | mungguhing Hyang Suksmana tanpa siwi | tan ana ingkang sêsunu | lan ora èstri lanang | Genggong mujar dene têka ewah-ewuh | punapaa darbe omah | karuhane dèn sanjani ||

62. manabda Dyan Layang Seta | kêdhatone Suksmana kang linuwih | kasampurnaning aluhur | kasucèn myang kamulyan | kaelokan kaluwihan gunging agung | kang têtêp tan kêna owah | langgêng kratone Suksmadi ||

63. Ki Sêbdapalon angucap | Suksma iku kaya apa kang warni | Layang Kumitir amuwus | saèstu tanpa rupa | tanpa swara tanpa kêrna tanpa dulu | nanging luwih saking janma | mumpuni sakèhing urip ||

64. urip datan inguripan | wus jumênêng lan karsane pribadi | tan kapadhan ing tumuwuh | ki parpat saya sora | panangise akaku rasaning kalbu | wujude nora kababar | pangwasa ngêbêki bumi ||

--- 402 ---

65. awusana pasrah jiwa | sarwi bapang duk arsa dèn larihi | ambêngok sambating wuwus | hèh Suksmana Kang Mulya | ulun titip sêkul kula golong kantun | anèng nagri Prabalingga | myang lawuhku wangwung siji ||

66. ing nguni dèrèng ngong pangan | panggihêna ing benjing jaman pati | gumya kang samya angrungu | saksana linarihan | jajanya trus aniba wus samya lampus | Kumitir lan Radyan Seta | sawadya budhal lumaris ||

67. mantuk dhatêng Majalêngka | punang layon tinilar ing wanadri | èstu kapupu ing pupuh | kunarpa sang lir Parta | sumyar-sumyar siniraman ing udan rum | sinongsongan mega pêthak | jinaga ing dhandhang milir ||

70. Dhandhanggula

1. Sang Hyang Tunggulmanik amêrpêki | mring kang lagya nêmahi pralaya | arupa wong bagus anom | cumbuh lan ingkang lampus | têka mèsêm sajroning galih | kaelokaning Suksma | parmaning tumuwuh | lênggah keringing kunarpa | sang pêrtapa awas sasmitaning lungid | lungide Hyang Wisesa ||

2. dangu dènnya amancêri liring | liringira èstu karungrungan | ririh sang tapa sabdane | sarya ngusapi marus | kanindin drês tirta marta mrik | Ki Pantèn wis wungua | aja lembon turu | sira uga wus nguripan | ing bathara jawata ingkang linuwih | luwih

--- 403 ---

asih mring sira ||

3. sang kunarpa dahat tanpa mosik | angling malih risang maha tapa | wungua sira rahadèn | kalawan karsaningsun | ri saksana rahadyan mantri | kagyat sajroning pêjah | paripurna sampun | alon alênggah mangrêpa | Dyan Sêsăngka mulya atêmahan jati | matur saha wotsêkar ||

4. teja mulya lêksananing adi | sinatriya sintên kang pinujya | mèsêm sang tapa dêlinge | yayi mas basaningsun | maring sira wruhan ta yayi | ingsun kang dadi marga | pitulung Suksma Gung | anguripakên mring sira | wêstaningsun yayi Hyang Srangkara Manik | satriya amartapa ||

5. balik ingsun apitanya yayi | sapa ingkang pinujya ing aran | myang pinangkanira radèn | radyan nêmbah umatur | wastèng ulun pun Damarsasi | satriya Paluhămba | Maudara sunu | sumawitèng Majalêngka | sang pêrtapa sabdanya arum amanis | paran purwakanira ||

6. dene têmah layon ing wanadri | radyan mantri umatur wotsêkar | tandya cinandhak wuwuse | apa luhuranipun | amirangrong mucak sêmèdi | tan susah sira pajar | yayi manira wruh | ing sasanèskaranira | ing wêkasan paran sinêdya ing kapti | ing rèh wus paripurna ||

7. matur nêmbah Radyan Damarsasi | yèn marêngi paduka sang tapa | manglêbur tapak tilase [tila...]

--- 404 ---

[...se] | ing pada sang pukulun | mèstutèng rèh lumiring kapti | sumêdya ngranupada | sang pêrtapa muwus | babo-babo mitraningwang | ngêndi ana wong bakal amutêr bumi | sêdya wisma ing arga ||

8. pan ing mêngko pituduh sun yayi | tutugêna ngrêbat Majalêngka | wus kagunganira dhewe | dene wong roro iku | parêpatnya kang padha lalis | aja sumêlang driya | nguripan Hyang Agung | sang tapa tandya murcita | Dyan Sêsăngka angungun kasmarèng galih | ing sang asih sung purna ||

9. parêpatnya ginugah awanti | Sêbdapalon Genggong tandya gêsang | wus waluywa satêmahe | Ki Nayagenggong muwus | Sêbdapalon ingsun angimpi | winudan anèng pasar | cinerongan angus | sarta dèn cukur mêrapat | gêdêring wong jare sun ngutil kêmiri | mila ki tăndha gusar ||

10. radyan mantri wuwusnya amanis | paman priye ing pirêmbagira | mungguh pakêrtining lakon | Ki Sêbdapalon matur | yèn marêngi paduka gusti | wangsul mring Prabalingga | amboyong para rum | myang ratu sèwu nagara | tinêlukkên pra menak para ngabèi | sagung kang dados mêngsah ||

11. malar dadya nyina jayèng jurit | ing rèh mangke sampun kenging gêlar | wêwekane wong kang dahwèn | Ki Nayagenggong matur | lêrês Sêbdapalon sang pêkik [pêki...]

--- 405 ---

[...k] | wangsul mring Prabalingga | nguni wêsi pupuh | nênggih kang bindi pusaka | mêksih kantun anèng jroning dalêm puri | rinêksèng ing pra garwa ||

12. rêbat lampah pusaka ingambil | bindi kilat yèn sampun kaasta | sakarsa paduka dados | nadyan sapintên mungsuh | atangkêpa sakêthi sisih | mêksih awrat Sri Bêsma | prandene kapupu | sanadyan wong Majalêngka | adadosa mêngsah sadaya tan gigrig | paduka yèn wus ngasta ||

13. bindi kilat mêsthi pilih tandhing | tuwan dados lêlananging jagad | tan tanggêl lêlampahane | pun Sêbdapalon lamun | ladak dhatêng kawula yêkti | yogi pinukul pisan | kang ngantya kumêpruk | dêmang pêrkule jajua | mamrês gulung sayêkti kula tadhahi | warnane kadya opak ||

14. byar sakala rahadyan ing galih | duk miyarsa ature Ki Sêbda | Genggong ginêgêt ing tyase | radyan saksana wangsul | dhatêng Prabalingga nagari | datan kawarnèng marga | ing pura wus rawuh | suka ing tyas amiyarsa | tiga sang dyah ingayap sagung pra putri | asri akalangênan ||

15. wancinira dungkap madya ratri | sawusira dumugi kasukan | radyan anglimpe wurine | garwa sêpuh sinambut | wus binêkta ing tilamsari | garwa kalih kang tansah | ingayap para rum | sawuse kèndêl bêdhayan [bêdha...]

--- 406 ---

[...yan] | para sang dyah ana ingkang padha cuki | ana kang kar-êkaran ||

16. wênèh ana catur ana kèngsi | kang satêngah ana kang mêmaca | lir suling barung swarane | kala sang murdaning kung | ararêsmèn rahadyan panji | ya ta Sang Partasmara | paprêman tumurun | amêrpêki para sang dyah | kalih kundur Juwitaningsih Sang Dèwi | Juwitaningrum samya ||

17. akêkanthèn pliring-pliring ing sih | gya amêthuk sang anjayèng tilam | gya pinondhong kalih nyemot | binêkta ing tilamrum | kuwonira Juwitaningsih | arame campuhing prang | kinalih ing pupuh | para putri kawaratan | kuwonira samya isi Damarsasi | yèn tiga-tiga radyan ||

18. lamun pitu pitu radyan mantri | lamun sanga sanga Radyan Săngka | kawaratan padha ijèn | kang saos dalêm agung | Damarwulanira nênggani | kang maca binarungan | myang kang mêncil lungguh | sinandhing mring Damarwulan | kang wus turu ngimpi panggih Damarsasi | pinrêsmi ing panendran ||

19. Sêbda Genggong mring Dayun kêpati | patènira sampun kinalihan | katiga Dayune dhewe | reyang wong bangun turut | ing sakarêp padha ngarêpi | rêrêmpon anèng jaja | aja na kang mundur | arame undur-unduran | wong têtêlu tinêlu lan api-api | marong punang badhiyang ||

20. badhiyange

--- 407 ---

nora rupa gêni | gênènira tan kêna ginarap | ginarap dene wong akèh | kabèhên awor jagung | jagungira sakocing-kocing | kocinge bêbarêngan | barêng munggah ngusuk | usuk-usuk kongsi rusak | rusak lêbur gêgêbêr kobar kabalik | ambêlok katingalan ||

21. riwusira marna jroning puri | ya ta ing jawi enjing paseban | raja sinatriya andhèr | sèwu nagara prabu | Maharaja Mandura Aji | Sri Dewa Baudhêndha | malih Rajèng Wangsul | Sri Dewa Gung Walikrama | ingkang tansah sadhiya ing păncaniti | ngimpuni balakuswa ||

22. kadang katut Sri Mandura Aji | garwa sêpuh Dyah Juwitawatya | Gung Walikrama Sang Rajèng | yayah tarunanipun | ingkang dados garwa narpati | Juwitaningsih Sang Dyah | de garwa waruju | Juwitaningrum pranyata | atmajanya Risang Balega Narpati | nênggih Sang Danurwenda ||

23. satiwasnya kapupu ing jurit | putra ari nênggih kang gumantya | Dewa Carangwaspa Rajèng | malih kawarnèng wuwus | putra Japan ingkang gumanti | Dyan Arya Wijanarka | ri Sasmitaningrum | Walèri putra gumantya | sira Radèn Menak Sujana anênggih | rakanta Dyah Susela ||

24. liya saking punika ta sami | kasambut ing prang gumantya lênggah | milih lyan wong têguh tos-tos |

--- 408 ---

malih ingkang winuwus | para raja kang tiwas jurit | sanèsnya Sri Balega | namung patihipun | kang ngimpuni balakuswa | katut dene Sri Mandura Rajèng Bali | ya ta kang kawuwusa ||

25. nagri Bandhung Macan Gleyang Patih | ing Sumênêp Dêmang Dêrpanila | nagri Mêkasan patihe | sira Ki Gajah Dhungkul | Patih Kêling pun Măndhakaki | ing Bugis pun Cikapal | sabala supênuh | lyan ta pra menak dipatya | pirang-pirang ing kursi samya anangkil | lir gunung gêni sinang ||

26. Menak Kantar Menak Jalanidi | Bajorante Bajoglengsong miwah | malih Menak Macan Gaèng | myang Menak Sapulêbu | Sapulaut myang Sapulangit | myang Menak Sapubarat | Menak Sapumêndhung | Sapumega Sapugêlap | Batubarang Batugunung Batuwukir | lan Menak Batulaya ||

27. Batumayang Menak Batukonthing | Batulapak Menak Batuwangkang | Batupêcalang jèjère | lan Menak Batuwêrnung | Batukêras lan Batukêcil | lawan Batuistantra | lan Batukistambul | Batujong myang Batumirah | Batuyankong Batuundrus Batukalsing | lan Batuănggadăngsa ||

28. Dhaèng Sembang lan Dhaèng Makincing | Dhaèng Pêrlan lan Dhaèng Marewah | kalawan Dhaèng Lupèhèk | lawan Dhaèng Upêrkup | Dhaèng Pilman Dhaèng Upêrti | kalawan [kalawa...]

--- 409 ---

[...n] Dhaèng Gustap | lan Dhaèng Prijakup | Dhaèng Lêpèr Dhaèng Lêskrap | lawan Dhaèng Lêstram lan Dhaèng Drahmani | kadya sêkar sêtaman ||

29. kênyar kumilat teja mawa sri | pagut rênggèng kalamêrcu lumrang | rêtna kêncana rukmabyor | Risang Mandura Prabu | Walikrama Narendra Bali | kang dados gêgunungan | tinênga wadya gung | warnanên wau ing pura | nguni sang sri gunêm rèh lan para putri | lir ta Sang Sri Hyang Endra ||

30. istha sêdhêng pratistha duk dening | misudèng sih Sang Partawiwaha | suralaya madêg rajèng | Palguna dikarèng rum | surèng laga lan nirbin taji | kabyatan sih kawirywan | amênuhi ing kung | suranadya sapta dasa | kasrah sirèng Dananjaya jayèng jurit | tan siwah samantaya ||

31. kawuwus Sang Dyah Juwitawati | aturira kadya cucak măngsa | nanging padha sêmu bae | radyan rumajong sampun | ya ta Sang Dyah Juwitawati | Juwitaningsih miwah | Dyah Juwitaningrum | akarya sêrat saksana | ing rèh pura wusananira ing puri | satriya Majalêngka ||

32. dutaning Sang Mahaprabu Dèwi | sinotyèng rat kêkasihing dewa | ingestrenan sakarsane | nênggih Dyan Damarsantun | mangrêbat rok atandhing jurit | lan Sang Sri Urubêsma | awusana prabu | tiwas katigas kang murda | myang pusaka bindi kilat wus pinusthi | ing

--- 410 ---

măndra Partasmara ||

33. kang pinujya sagung para putri | tur ingangkat kasudibyaning prang | para garwa lulut kabèh | luwar papa kaswayun | kang sungkawa manah tansah gring | sukur ing dewa mulya | Menakjingga lampus | ing mangke wus kalampahan | para sang dyah ginarwa sang jayèng jurit | sêkti tur dikarèng rat ||

34. cumbuh ing Sang Hyang Asmara kèksi | kasusra tuhu datanpa timbang | lir Sang Hyang Surèng baguse | nanging Sasmitaningrum | lawan Sang Dyah Suselawati | myang murdanya Sri Bêsma | Maospait sampun | rinuhunakên ing lampah | kang minăngka têrsăndha ungguling jurit | tiwas Bêsma katigas ||

35. wusananing srat ingkang pinuji | tăndha astanira sang dyah tiga | sabiyantu para sinom | dhatêng ing sang aprabu | Sri Mandura lan Rajèng Bali | tanapi Sri Balega | Carangwaspa Prabu | myang Dyan Arya Wijanarka | tuwin dhatêng Risang Dipati Walèri | Dyan Menak Sarijana ||

36. sang dyah tiga miwah para putri | minta ing sih biyantu ing lampah | agya mèstuti gyèng tyase | mring sang anjayèng pupuh | rèh ta sampun tumêkèng jangji | pamarnaning jawata | mring kêkasihipun | rinowang nabda ing dewa | ing prajangji karaharjan sarta suci | sinotya ing jawata ||

37. ri sampuning dados punang tulis | sinung tăndha [tă...]

--- 411 ---

[...ndha] punang cap têtiga | tiningkêm lumêksana ge | binêkta sirèng Dayun | sapraptanya ing păncaniti | cingak sagung tumingal | winantya ing pasmun | tinampèn Sang Sri Mandura | punang sêrat binuka sinuksmèng galih | ing têmbung ngêmu brăngta ||

71. Asmaradana

1. ya ta Risang Mandura Ji | pamaosnya punang sastra | duk angsal satêngah rajèng | jumbul saking pilênggahnya | jaja mawinga-winga | kang ujwala sumung-sumung | pinuntir rêrawisira ||

2. ya ta malih ingkang kapti | kadung-kadung pamaosnya | andik ngatirah tingale | kanggêg Sri Rajèng Mandura | kapranan dirèng sabda | gumêtêring astanipun | gêdrug tinampèl wêntisnya ||

3. srat sinăngga asta kering | kanan nêbah-nêbah jaja | kumêrkot punang wajane | ingingêr curiganira | lir buta amamăngsa | kaya anauta gapyuk | dinulu Sri Baudhêndha ||

4. tandya ingayatan malih | kawuryan têmbunging sastra | migênani ing wêkase | rampung surasaning sabda | saksana Sri Mandura | kaya-kaya ing tyas kêmbul | winawrat ing wusananya ||

5. tandya midêr punang tulis | gênti-gênti nuksmèng driya | Dewa Gung Walikrama ge | tandya Dewa Carangwaspa | imbal mring Wijanarka | gya Sarijana nuksmèng wus | sapandurat tanpa nabda ||

6. mawut surasaning galih | ing wusana kang panyipta [pa...]

--- 412 ---

[...nyipta] | rumojong ing manah rèrèh | samya nyêlak palênggahnya | riwusnya ginupita | sabiyantu têmah guyub | nungkul mring Radyan Sêsăngka ||

7. nanging Sri Mandura Aji | ing manah maro mêrtiga | lamun ta durung wruh dhewe | prajurite Majalêngka | kang nigas murda nata | malih kudu kantar bau | rêbut rok tandhing widigdya ||

8. nanging sasabira manis | sanetya ngecani manah | angrèh aja slaya tyase | ya ta sagung kang sumewa | gupita-ginupita | tanbuh ing panêrkanipun | suwadose punang sastra ||

9. tan lyan tinutkên kang liring | namung sang kalih narendra | myang dipati katigane | dèrèng ngantya ingangsulan | sira Ki Dayun tandya | kasaru ing pura gumruh | miyos Risang Partasmara ||

10. ginarêbêg para putri | manggung tanapi badhaya | cèthi miwah pawongane | tan owah praboning nata | kadya duk Urubêsma | sanèse mangkya sang bagus | pra garwa mijil sadaya ||

11. tangèh rinênggèng palupi | pupug punang kawiragan | lir widadari rêraton | ngayap ing Sang Hyang Asmara | lir murca kinêdhèpna | pating pancorong dinulu | kumêthap kumilat raras ||

12. lir wulan purnama rêsmi | linud sudama gumawang | tumeja lumrang kênyare | wadyabala Bêlambangan | cingak tanpa kumêcap | kêsaput [kêsa...]

--- 413 ---

[...put] lungiding pasmun | kasênênan prênadèng rat ||

13. wimbuh nuring sang dewaning | kungas darpa mangasmaya | mayangkara mêmanone | kênyatane adi mulya | mêlok Radyan Sêsăngka | kêjatèn sapta swarga nrus | èstu măndra Partasmara ||

14. singa mulat lênglêng brangti | cêngêng ing manah murcita | katrêsah pangribawane | sabala sawang kunarpa | sagung kang pra prawira | tan kaliru prênahipun | kadya duk Sang Urubêsma ||

15. gumruh gurnang têngara sri | orêg sagung kang sumewa | wiyose anjayèng sinom | pinrak anèng sokasana | mênggêp ing kursi rukma | samoga lawan saluku | musala cakra candrasa ||

16. ingkang ngampil para sari | manggung tanapi biyada | murub mawa sri sunare | badhaya ing kering kanan | lir widadari kêmbar | bisik kang ragi nata nglud | apêngawak lindhu sêkar ||

17. èbêk citranya rêtna di | wimbuh akarya la-êla | embah sang anjayèng sinom | ingapit kang para garwa | kadya pêpujan rêtna | para sang dyah kang sumambung | aglar nèng kursi pratistha ||

18. pratistha arêbut manis | manise kang manuhara | ngrênyêp gumêbyar sunare | tumlorong myang tumaleram | saya ngluhuri raras | Sang Jayèng Asmara cumbuh | ngratoni ing Cakrakêmbang ||

19. midêra sèwu nagari | kang kaubêng [kau...]

--- 414 ---

[...bêng] ing akasa | datanpa tandhing baguse | ingkang lir murti atmaja | sasêkaring ujyana | sinidikarèng dewa nrus | pinujya ing dewa mulya ||

20. konjêm sagung kang anangkil | tan wênang tumêngèng tawang | kasimpir dene liringe | mring sang debya adi mulya | gêtêr lir tanpa jiwa | nadyan Sang Mandura Prabu | ing wau ingkang panyipta ||

21. nêmpuh byat sumêdya jurit | mangrok băndawala mangkrak | mring sang dikarèng palugon | Rajèng Bali lan Balega | miwah kalih dipatya | ingajêngakên kyat pamuk | sabdene rerehanira ||

22. samya jiniwit ing wangsit | pra dipati para menak | miwah para răngga dhaèng | biyantu mamuk angrêmpak | ing mangke satêmahan | cêngêng limud ing pandulu | kumunjêm datanpa tingkah ||

23. krêntêg garjita mukswa nir | lir pinêcat ing jawata | kawuron ing kawurywane | ing Sang Jayèng Partasmara | sagunge kang sumewa | kadya mopola kang kampuh | kèdhêp datanpa subawa ||

24. tan adangu tandya mijil | kunarpanya Sang Sri Bêsma | dirèng bandhosa sang rajèng | pawongan ingkang anăngga | tanapi Genggong Sêbda | prapta sumaos ing ngayun | saya ebat kang sumewa ||

25. binuka layon lumuling[2] | dirèng Parta sang lir Parta | alon amancêr tingale [tinga...]

--- 415 ---

[...le] | tanggap Dewa Baudhêndha | miwah Gung Walikrama | ingawe gêpah wotsantun | sumugun majêng darminta ||

26. sumèh pamulu minta sih | mangrêpa mangranupada | prapta bukuh pilênggahe | muka lir konjêm ing kisma | lyan taman namur tingal | liring amaya ing pasmun | ngawe malih ri sêksana ||

27. majêng sarwi awotsari | gantya angèstu ing pada | radyan ngrakêkti[3] sabdane | sira kakang ing Mandura | lan paman Walikrama | aja rujita ing kalbu | ing rèh wus karsaning dewa ||

28. saiki Si Urubêsmi | layon kapocok kang murda | pasrahêna ing jangjine | nêmbah matur amardapa | Rajèng Bali Mandura | pun dasih narimèng pandum | nadyan ta awak kawula ||

29. pinundhut ing pati urip | sumăngga ing ngabyantara | tan grantês pun dasih anggèr | darmi paduka rahadyan | amarna lêlampahan | wus atas karsa dewa gung | arum nabda sang lir Parta ||

30. iya sun tarima sami | ing rèh ta sêpadha-padha | winayang ing jawatane | balik ta punang kunarpa | apa èstu sang nata | sawab ingsun wong anyar wruh | nêmbah kêkalih narendra ||

31. inggih saèstu Sang Bêsmi | layon kang munggèng bandhosa | Risang Sêsăngka dêlinge | sukur sèwu kalampahan | karsaning nataning dyah | sêsotya ing Majalangu | sayêmbara Menakjingga ||

32. matur [ma...]

--- 416 ---

[...tur] nuwun sang akalih | malih rahadyan dêlingnya | sapa kang bagus warnane | satriya têtiga ingkang | nèng ngarsa kang alênggah | Sri Mandura nêmbah matur | yayi Dewa Carangwaspa ||

33. raja ing Balega gusti | lawan yayi adipatya | Arya Wijanarka anggèr | ingkang pilênggah ing Japan | lan ri mas Sarijana | ing Walèri kang pilungguh | mèsêm sang lir Partasmara ||

34. sang tiga ingawe sami | gêpah nampèni sasmita | majêng minta sih pasmone | lênggah wurine Sang Raja | Mandura wangsul tandya | ingawe malih magupuh | majêng saha awotsêkar ||

35. gênti nuksmèng pada sami | rinakêt ing basa krama | wus samya tata lênggahe | dangu amawang Dyan Săngka | kumênyut raosing tyas | kaot èstri lawan kakung | lawan kang samya ginarwa ||

36. ya ta rahadyan minantri | ngliring ing garwa taruna | winor ing lêngês netrane | Juwitaningrum saksana | tumungkul jangganira | sinamur mucang sang ing rum | manise mêksa kawêntar ||

37. langkung dene migênani | rahadyan mring para kadang | pinawor ing sabda sumèh | sang tiga saya sih trêsna | lir ngabdya dewa mulya | sajêg tumitah dèrèng wruh | memba sang lir Partasmara ||

38. konjêm mèstuti ing galih | ri sangsaya gêgolongan | dhatêng ing sang jayèng sinom | ya ta sagung balakuswa | kang samya kapangarsa [ka...]

--- 417 ---

[...pangarsa] | lawan sagung pra tumênggung | răngga dhaèng pra nararya ||

39. ngawe majêng sawatawis | sinung sabda manis sumrah | saur kukila ature | nêmbah umung mèstudeya | kapencut myarsèng sabda | kurang winalês ing lampus | turahing kang sih wilasa ||

40. ngandika rahadyan mantri | dhatêng sang kalih dipatya | yayi Wijanarka Radèn | myang yayi mas Sarijana | aywa sungkawèng driya | kadangira sang lir santun | lagya dadi lêlampahan ||

41. pirangbara ri mas kalih | sang dyah ingkang sawang rêtna | manggih wirya wibawane | ingsun tingalana ri mas | aywa sumêlang ing tyas | dèn pitaya ing Suksma Gung | tanapi marang pun kakang ||

42. matur nuwun sang akalih | saya kapencut ing manah | têmah lir rinontok tyase | tan wignya mangsuli sabda | konjêm tansah mangrêpa | bukuh sarya awotsantun | anglir madu namun tirta ||

43. malih ngandika dyan mantri | mring Sang Dewa Baudhêndha | myang Gung Walikrama Rajèng | paran ta kalih narendra | mungguh layone nata | matur Sri Mandura Wangsul | pukulun yèn padukarsa ||

44. yogi ingobong kang jisim | sampurnanya dirèng jagad | ywa dadoskên gêlah tyase | sagunging wong Bêlambangan | tulusa ngabdya tuwan | ywa ngantos maro mêrtêlu | ciptane kang para kadang [ka...]

--- 418 ---

[...dang] ||

45. mèsêm rahadyan minantri | sun tarima sira paman | apadene kakang rajèng | nanging ta arjaning tindak | mrih labêt kautaman | kalih raja matur nuwun | tandya Dyan Săngka dêlingnya ||

46. dhatêng Sri Balega Aji | paran yayi Carangwaspa | punang layon prayogyane | kang sinung sabda wotsêkar | yogi cinacah-cacah | wus limrah sumêdyèng pupuh | yèn tiwas madyaning rana ||

47. suka dadya tawur jurit | jinura lir mimis obat | dados bantêne palugon | mèsêm Rahadyan Sêsăngka | yayi ingsun tarima | nanging kurang tamèng luhur | kakênan ing rèh sikara ||

48. yayi Damar anglakoni | kang raga upama sarah | tumindak lan hèrnawane | aluse Si Urubêsma | nanging kêna bineka | ing tyas arda kumalungkung | kang mêmurung ing kasidan ||

49. sidane wong amrih luwih | ing urip têkèng ing pêjah | dipun langgêng nugrahane | ing mangke Si Menakjingga | sinimpên ing jawata | alusira wus kinukud | raga-raga kawlasarsa ||

50. Sri Balega awotsari | abukuh èsmu mangrêpa | Sêbdapalon Naya age | angawe Ki Dayun prapta | angajak rarêmbugan | lah ta paran kakang Dayun | mungguh utamaning lampah ||

51. rika urun-urun pikir | mungguh kunarpane [ku...]

--- 419 ---

[...narpane] nata | paran ta ing prayogane | lamun rika datan arsa | reyang ararêmbugan | pilih êndi reyang jibus | somah biyang nini canggah ||

52. lawan rika pilih malih | rika dhawak bapa canggah | reyang jidhulane kabèh | lan malih rika piliha | awuda anèng latar | kagungan rika ngong tulup | sarya sun antupkên kombang ||

53. sagunge pawongan cèthi | guyune ewa ing manah | wênèh pinikir pikire | ya ta sira Dayun mujar | reyang tau ngawula | angladèni ing wong agung | reyang pilih rarêmbugan ||

54. mungguh layone sang aji | yogya sinungkên sudarma | Hyang Pamênggêr Mahmèrune | wawrat timbang sang pandhita | aran ingkang atmaja | myang wruha solanging pupuh | sudibyane sang lir Parta ||

55. tan ewuh tinampan lungid | lungide wong pasrah jiwa | aja kuciwèng sêmune | nadyan arsa bela pêjah | iya măngsa ewuha | sanadyan dadia mungsuh | gampang linanggar ing yuda ||

56. pêpantêse sang arêsi | ing manah luwih lêgawa | witning nguni mambêng bae | ing atmaja Sang Sri Bêsma | mungguh dadining aprang | mêksa garwa nataning rum | sang nata tansah brawala ||

57. malah angipat-ipati | pinintakakên ing dewa | putra apêsa jayane | nging sang nata sura pugal | dahat tan piniyarsa | malah-malah [ma...]

--- 420 ---

[...lah-malah] sang awiku | pantês prapta mèstudeya ||

58. Ki Sêbdapalon lingnya ris | bênêr ujarira kakang | lamun dudu sira dhewe | kang mulih mring Bêlambangan | ambêkta kang kunarpa | yèn rika dhewe kêlaut | kinarya jalaran minggat ||

59. Ki Dayun mangsuli angling | dene sira kaya bocah | amindho gawe têmahe | singa ingkang ingutusa | iya luwih prayoga | ngêmungna tandhaning laku | lakuning rèh kaluhuran ||

60. mèsêm rahadyan minantri | katuju ing galihira | saksana arum sabdane | bênêr kakang ing Mandura | Si Dayun pamanggihnya | yèn mangkono dèn agupuh | kunarpa sira angkatna ||

61. lawan mintaa bupati | lumiring mring Bêlambangan | nêmbah Sang Sri Mandurane | tanapi Gung Walikrama | aminta pra dipatya | Dayun tinuding mêsat wus | umangkat punang bandhosa ||

62. kadya ta binayangkari | pirang-pirang wadya ingkang | lumiring layoning rajèng | tan lyan kang kèsthi ing manah | namung sang jayèng tilam | pragya dibya ambêgnya rum | bagus măndra wicaksana ||

63. bisa angenaki ati | amuja suraning bala | nora katara gunane | sira Risang Baudhêndha | Gung Walikrama miwah | Carangwaspa ing tyas ngungun | miwah sang kalih dipatya ||

64. saya dangu saya asih | embah-embah kapirênan [kapirê...]

--- 421 ---

[...nan] | wuwuh-wuwuh sumuyude | miwah sagung para sang dyah | amawas rarasing sang | saya kabyatan sih wuyung | ing sang akarya la-êla ||

65. dhasar kasihing dewadi | pra jawata kang winênang | amung budya winêstang rèh | ya ta sampun aparentah | Sang Măndra Partasing rat | daud dhatêng Majalangu | sumiwèng sri nataning dyah ||

72. Sinom

1. ya ta sampun aluwaran | dènira miyos tinangkil | orêg sagung kang sumewa | lir mulat ing dewa luwih | duk mêsat ing swarga di | adining sang awèh wuyung | kawurywan swarèng pamyat | sagung saisining bumi | kongas dum lingsirna ingkang kamanungswan ||

2. sapraptaning dalêm pura | sang măndra jayèng di luwih | asri dènnya kalangênan | badhaya miwah sarimpi | rarasnya salin-salin | akarya brăngta wulangun | ngênting kang para sang dyah | pisukanira ing galih | inggar-inggar inggare sinawung dana ||

3. danasmara smarèng tingal | karungrungan gung ingèksi | ya ta malih kang kocapa | sang pramèswari ing Bali | Widaningrum wêwangi | lan garwa Mandura Prabu | Sang Dyah Kênakawatya | mêjana pêngawak lungid | malbèng pura umarak Sang Partasmara ||

4. angirit pra putri tawan | atma kadang pramèswari- | nira ingkang tiwas laga | myang rajabrana mas manik | wus katur [ka...]

--- 422 ---

[...tur] mring dyan mantri | tinimbalan praptèng ngayun | tarap aglar nèng ngarsa | ya ta sagung para putri | lênglêng mulat ing Sang Măndra Partaning rat ||

5. linêngêsan ruming sabda | tinambuh wêntaring liring | sinampar pêmawasing lyan | nanging têka amranani | dahat akarya brangti | kang satêngah èsmu bingung | kêsaput ing ujwala | kawilêt manising lungid | singa pagut sanalika tyas kumêsar ||

6. kadya amocotna jiwa | lir ngalap yoswaning urip | wontên satunggal wanodya | Mêkasan kang pramèswari | ran Sang Dyah Găndasasi | sampun kêpara ing sêpuh | nanging nora ngapaa | sinawang lir golèk gadhing | galak ulat abêsus olah wiraga ||

7. tan sêpira citranira | Sang Dyah Ayu Găndasasi | mung mrakatinya kang kongas | ingkang ngêdusi mêmanis | kuninge bêngle keris | dahat akarya wulangun | tan măntra-măntra sang dyah | yèn wus darbe atmaja tri | mung tingkêse anyiram ing samantaya ||

8. ya ta kawuwusa sang dyah | lir mati sajroning urip | amawang sang kadi Parta | saya sru krandhuan kingkin | wimbuh myat para putri | garwane Sang Jayèngsantun | lir mimi lan mintuna | pinuja asmara kang sih | dirèng kakung sanetya sumyarjwèng tingal ||

9. saya tan kêna tinambak | Sang Dyah Ayu Găndasasi [Gă...]

--- 423 ---

[...ndasasi] | gumêtêr kang sarira mar | sinamun saya dumêling | radyan mèsêm ing galih | tan paja kacinèng sêmu | sêmune sanès ingkang | kadriya wardayèng lungid | lungidira sumugun mring Dyah Mandura ||

10. mring Widaningrum lan sang dyah | animbangi sabda lungid | pêmangsul sumrik rum kongas | marna pratingkahing kardi | aturnya ngasih-asih | manise binarung wuwus | sasolah awor raras | Dyah Dèwi Kênakawati | Widaningrum sêmune amambu manah ||

11. ing manah èsmu kagiwang | kuwangwang gorèh ing liring | Dyan Săngka ngrakêti sabda | wontên malih kang kawarni | arinta Rajèng Kêling | Wandhansari kang rum-arum | èsmu kaku tênaga | gandrung-gandrung marakati | pamulunya mindha mangroning puspita ||

12. wadana landhêp araras | rêspati agalak liring | liring mandam kamarutan | dhasar pasmone winasis | wasis mikat mêmanis | manise anginggar kakung | nêdhêng ingkang diwasa | duk mulat si jayèng luwih | karungrungan sang dyah rongèh kang pilênggah ||

13. malah tansah ngalih prênah | kabyatan asmara brangti | brangtanya saya kawêntar | tansah ngêtutakên liring | liringira dyan mantri | sêparan winor pandulu | wimbuh sang liring Parta | mring garwa sung sabda manis | tungtung mèsêm Wandhansari èsmu guywa ||

14. lir luwe martarèng [mar...]

--- 424 ---

[...tarèng] boja | kepyan suselaning brangti | rumbing rêntah tan kêrasa | kumyus karingêtnya mijil | radyan awas ing liring | mèsêm sajroning pitambuh | wontên malih wanodya | ingran Dyah Rêtna Wiyadi | atmanira nênggih Sumênêp Dipatya ||

15. jukining tikês mêjana | pamulu mindha wratsari | antêng aruruh jatmika | èsmu balut marakati | jait laras alindri | nanging kêpara ing timur | jêbêng kasmêkan anyar | pêmbayunnya sawatawis | mung cacade èsmu grathul ing wacana ||

16. nora pati salah cipta | sira Dyah Rêtna Wiyadi | nanging Risang Partasmara | èsmu kayungyun ing galih | winangwang migênani | wantya tinut ing pandulu | mayang susepta brăngta | tan kênyanan ing panglungid | datan lingên sadangunira nèng pura ||

17. ya ta Widaningrum Sang Dyah | Kênakawati wus mijil | tan lyan kacipta ing manah | namung sang jayèng di nuwih | kagarit jroning ati | ing sasolah bawanipun | malih ingkang winarna | para tawan ing jro puri | kêmanisên kawurywan manah lêgawa ||

18. dumugia kalangênan | boja sih boja pandrês sih | sihira sang martyatmaja | sinugun mring para putri | datan kawarna ratri | enjing têngara gumuntur | lir ombaking samodra | bodhol dhatêng Maospait | saha garwa saha raja sakuswala ||

--- 425 ---

19. pirang-pirang tanpa wilang | gunastra kumilat thathit | rindik-rindik tara rimang | surêm hyang pratănggawati | punang turăngga èsthi | rata sagotha madulur | dumulur sirèng awan | ya ta wahana parèstri | rukmèng lumrang rêtna tumeja angraras ||

20. warnanên ingkang lumampah | ya ta nagri Maospait | gègèr gumuruh wurahan | sapraptanya radyan kalih | Seta Layang Kumitir | kang mocok murdaning prabu | sira Sang Urubêsma | Bêlambangan sura sêkti | gawok umung sagunging wong Majalêngka ||

21. ri sêdhêng miyos sinewa | maha sang narendra putri | ing sitinggil baturana | kasaru wau kang prapti | Radyan Seta Kumitir | nèng madyaning wringin kurung | ngadhêp gêndhaga rukma | tanapi wanodya kalih | Dyah Sasmitaningrum lan Suselawatya ||

22. ya ta sampun ingandikan | kerid sang rêkyana patih | miwah kang para niyaka | aglar sumiwèng ing ngarsi | nêmbah matur kya patih | naoskên atmajanipun | titi solanging lampah | ing rèh pratikêling jurit | wus sumaos ing ngarsa gêndhaga rukma ||

23. tanapi kalih wanodya | Sasmita Suselawati | kagyat sang prabu kumara | Menakjingga têkèng pati | liyan sing Damarsasi | anutuh sasmitanipun | uni Hyang Manikmaya | ingkang anggêlarkên wangsit [wangsi...]

--- 426 ---

[...t] | Prabu Kênya èmêng sajroning wardaya ||

24. tanbuh kang pangunandika | sapandurat tan kêna ngling | konjêm sagung kang sumewa | tan ana walang kumlisik | namung Seta Kumitir | gambira kênyinèng sêmu | sêmune mulad-mulad | netyane wong angsal kardi | radyan kalih tansah maoni busana ||

25. sapa wruh ingkang panyipta | galihira cilik wukir | sinamun mêksa kawêntar | pêngayange solah liring | ya ta Dyah Rarasati | dangu mêbêng pan èsmu luh | uninga pasmoning kang | runtik sêlaya ing kardi | tandya matur sarya nyêlak kang pilênggah ||

26. pukulun sang murtining rat | dasihe tur pati urip | yèn marêngi sri narendra | yogi angecani galih | têtawan kalih èstri | tanapi kêpala prabu | gusti yèn padukarsa | yogi tinampenan sami | sampun ngantya gêlah karya suselarja ||

27. arjane praja paduka | tangèh winalês ing puji | pujining lyan samantara | yèn runtik paduka kingis | Dyah Dèwi Rarasati | aturnya anganyut-anyut | amanis wijang-wijang | winayang rarasing lungid | Prabu Kênya lumuntur sungkawèng driya ||

28. arum aririh dêlingnya | mara tampanana yayi | iya èstrine kewala | kang saking Seta Kumitir | manêmbah netya manis | Sang Dyah Rarasati gupuh | anolih

--- 427 ---

sawatara | dhatêng sang rêkyana patih | sabdanya rum nimbali kalih wanodya ||

29. gêpah risang adipatya | ngêjèpi sang dyah kêkalih | gya majêng sumiwèng ngarsa | ya ta radyan ayu patih | sang kalih pinapag sih | pinojar sumrahing têmbung | gya jêngkar Prabu Kênya | dènira miyos tinangkil | kang sumewa wus samya amagêlaran ||

30. tansah gita-ginupita | subawa pating kalêsik | bisiking wong neka-neka | ebat mring rahadyan kalih | ya ta sang adipati | anglênggêr tan bisa muwus | palastranya Dyan Săngka | kya patih kraos ing galih | kang kaetang trêsnanya Dyah Anjasmara ||

31. Dyan Kumitir Layang Seta | juwêt duk marna ing jurit | mring jajarira alênggah | myang èsthi èstuning gusti | pitulunging dewadi | amayang ing titahipun | gawok kang pinojaran | sangsaya nglantrah dyan kalih | wangsul-wangsul angemba duk mocok murda ||

32. sawicara ing sanetya | sêsumbarira dènnya ngling | saya eram kang tumingal | gumun sarya amèstuti | sagung wong Maospait | anjomblong ing tyas sumugun | garjita manglêmbana | dhatêng rahadyan kêkalih | wantêr sanggup wicaksana ngêntas karya ||

33. dhasar ladak kasêmbadan | winasis kandêl ing gusti | tur atmajaning apatya | konjêm sang atmajèng Tubin | cêngêng

--- 428 ---

èsthining galih | tan subawa tanpa dulu | bukuh sinamur mucang | Menak Koncar kang kawarni | panas mulat mring Seta Kumitir Radyan ||

34. yèn dhèhèm anocog manah | lirikira amarkitik | ingusap rêrawisira | agêmpung rasaning ati | aja jriha ing gusti | kaya anuduka gapruk | kaya mancasa kêcras | ing mukanira dyan kalih | angsal karya gèsèh rarasing watara ||

35. miwah solanging pratingkah | tan têpung kalawan budi | wêwangunan datan angsal | guwayanira tan nyait | dudu êmpaning kardi | yèn wania takêr marus | sênadyan ta puruna | sêpi ing widakdyèng jurit | wirasatnya panguripe mung wicara ||

36. mardapa matut kang endah | sinêkar ing păncaniti | andrêsanani ing tindak | tanduk ingkang adu manis | nging ta ngadhêp mrih sisip | kang adoh karyaning pupuh | ing mangke wignya nigas | Menakjingga wudhu jurit | dewa bingung yèn angsunga kaprawiran ||

37. mila tansah mênggah-mênggah | dyan arya kêpati gêthing | sabarang kinarya sêmang | labête amêjanani | Radyan Seta Kumitir | wus nyana nanging pitambuh | sinamur mawas ing lyan | saya umbag dènira ngling | adu sêmu dènira sumbar-sinumbar ||

38. mênèh sêkarênging ucap | ing pura Sang Prabu Dèwi | minggah gupit măndrasêkar | animbali tawan [tawa...]

--- 429 ---

[...n] kalih | myang radyan ayu patih | kinèn pitanyaa gupuh | rika Sang Menakjingga | palastra murda katitis | paraning rèh pratingkah èstuning lampah ||

39. ya ta radyan ayu patya | dêlingnya mring sang dyah kalih | nyênyêd manis titi prana | sumèh angêmorkên kapti | sinangkan ing rèh ririh | ngarah-arah ing pamuwus | wuwusnya manis sumrah | purwa wêsanane kardi | sêtya tuhunira Kumitir myang Seta ||

40. myang saèstunira ponang | kêpalanya Urubêsmi | kang anèng gêndhaga rukma | miwah Radyan Damarsasi | saèstunira lalis | kapupu madyaning pupuh | dene Si Menakjingga | wusana Seta Kumitir | kang ngêntasi amocok murdaning raja ||

41. sang dyah kalih duk tinanya | andrês waspanira mijil | saya ketang sang lir Parta | kagarit jroning tyas kingkin | matur saha wor tangis | ing sasanèskarèng putus | Sasmitaningrum lawan | Sang Dyah Sang Suselawati | sru kaswasih asêsambat Dyan Sêsăngka ||

42. Rarasati angrês mulat | waspanira tumut mijil | ngungun Sang Prabu Wanodya | sinamur mèsêm wor ing ngling | pan yayi basa mami | mring sira Sasmitaningrum | miwah Suselawatya | aywa sumêlang ing galih | pirabara luwar ing gêlah sungkawa ||

43. sang dyah kalih awotsêkar | karuna tansah minta sih | ngasih-asih saaturnya |

--- 430 ---

gusti tan sagêd mangsuli | dahat kawratan cèthi | pênampar paduka prabu | dhatênging kawlasarsa | sakarsa paduka gusti | pêjah gêsang sumaos ing ngabyantara ||

44. nanging kang cèthi ratu mas | pamintanya mring Suksmadi | sarta mring paduka nata | kang agung aksamèng gusti | ing rèh kapêgat ing sih | lan kakung Dyan Damarsantun | saking ardaning Seta | Kumitir mring radyan mantri | pamit lampus yèn tan panggih lan Dyan Săngka ||

45. datan nyana ing panyipta | pun dasih Dyan Damarsasi | kenging gêlar kămandaka | sing jrihnya mring paduka ji | wusana datan yêkti | Seta Kumitir ingutus | kang cèthi atur pêjah | kenginga ngruruh ing laki | Prabu Kênya duk myarsa tyas kanthi brăngta ||

73. Kinanthi

1. sang maha saksana tumrun | amêrpêki sang dyah kalih | Sasmitaningrum saksana | kang asta ginèndèng ririh | Rarasati lan Susela | kêkanthèn asta sang kalih ||

2. maha sang pustakaning rum | têdhak dhatêng kubonsari | kang taman raras kawurywan | kinarya anamur wingit | èsmu nandhang karungrungan | myarsèng ature dyah kalih ||

3. [...] marga ujungan têmbung | samya liring-liniring sih | liwat-pinaliwat raras | sêmange amilangoni | yèn èstu kapranan sabda | [...]ngide sinamur liring ||

4. kênyina inggar sumrah rum | Prabu Rara Rarasati [Rara...]

--- 431 ---

[...sati] | yèn Suselawati lawan | Sasmitaningrum ngêmbani | ing panjarwa nyuda solang | ing rèh rikala dyan mantri ||

5. Sang Dyah Rarasati gupuh | bêbolèhnya angrakêti | rakête kinering kanan | kênanira tan nyanani | mèsêm sang prabu kumara | dahat kawêntaring lathi ||

6. sang dyah kalih malih matur | aturnya anuju galih | pinêcat kang ontro brăngta | pratingkahe radyan mantri | duk anèng ing Prabalingga | mèsêm sang murtining puri ||

7. Sang Dyah Rarasati matur | bara-bara paraning ngling | wêntarnya sinêmangkara | sanèskarèng taman sari | tan lyan paraning sasmita | Prabu Rara saya brangti ||

8. wimbuh gandrung amirangu | myarsa pardăngga munya sri | mencok ing pang nagapuspa | sauran lan gêndhing muni | ri sêdhêng patut manyura | ketang duk anèng swarga di ||

9. gênti kawursitèng wuwus | Anjasmara ngèsthi lalis | murca saking pagulingan | nusul mring raka dyan mantri | dhatêng nagri Prabalingga | lan êmbanira kêkalih ||

10. ing rèh pinojar sang ayu | ing rama rakanta lalis | kasambut lan Menakjingga | nèng Prabalingga nagari | sang dyah ngrasuk sarya seta | patrêmnya tansah pinusthi ||

11. tumurun ing jurang têrjung | sumêngka sukuning ardi | anusup angayam alas | miyak tanjang ri pung bandhil | datansah mănca

--- 432 ---

udrasa | kakungnya sinambat tangis ||

12. sambêrlilèn sabèng ranu | bisa têmên tilar cèthi | wadung pari sira dewa | mêrdene ing kanan kering | kaniaya kakang êmas | anungkulakên wong guling ||

13. kasur pandhan wong abagus | mung sira sun kalosodi | kang konang abra ing tawang | terong alas mungge[4] têgil | kalintang rasaning manah | aku kakang mèlu mati ||

14. puspita lêsah ing gêlung | dadi layon wong abênthing | bakung bang awoh pandhoga | buron kalih măngsa janmi | panas pêrih sun têmaha | awora sabaya pati ||

15. kêmangi rêng dewaningsun | kang asih aduwe cèthi | kapolang awoh ing kisma | gudhe pandhak sun wastani | bok inggih sira ta kakang | anangi gon ingsun guling ||

16. layar gêbang jiwaningsun | kadudut rasaning ati | salaka bang kang arêngga | kadang katut saking laki | tan nyana ngêmasi kakang | dene nora marimpèni ||

17. săngga langit munggèng ranu | dipun langgêng dènira sih | ancur banon sira kakang | palwa kandhêg ing jaladri | lêbura dèn kadya kisma | wong loro ingkang nglabuhi ||

18. pondhoh cêngkir wong angrangkung | paran polah ingsun kari | gambas pait sira dewa | pathining tom sun arani | kapriye polah manira | kêtula-tula manah [ma...]

--- 433 ---

[...nah] gring ||

19. lampahnya sangsaya nglangut | lawan êmbanira kalih | samarga-maga karuna | anèng têngahing wanadri | samana sang dyah alarywan | mêrpêki pinggiring bèji ||

20. marlupa saliranipun | tandya lênggah sang lir Ratih | anèng satêpining sêndhang | kang sêndhang pasangira sri | kinubêng sêkar kang jênar | sinêlanan andong wilis ||

21. kang pudhak manglung ing ranu | tirtanira lumrang wêning | têratenya babar sêkar | tunjung-tunjung amênuhi | kuthilang munya ing tawang | kêtawingan ing ron sari ||

22. èsmu kacaryan sang ing rum | sumrah kasilir ing angin | saksana ngraos kasatan | kapencut wêninging warih | lagyarsa nginum ing toya | kagyat kang sata wananjrit ||

23. sinauran mêrak ngungkung | sang dyah kumêsar ing galih | lir sinurak ing jawata | kurang prasêtya ing laki | durung pira Anjasmara | lali sungkawaning ati ||

24. sang dyah amijil kang êluh | cungkelak tandya lumaris | sangsaya sinrêng lampahnya | nimban enya sru kaswasih | datansah sêsambat pêjah | wurung wruh rasaning warih ||

25. kêndhal tawon gustèningsun | sêsinggat kang munggèng warih | dudu padu timur mula | kêpati cugêtan galih | kambangan ingkang bêbayah | wantêre nora marèni ||

26. kaku rasane tiningsun | wong bagus kang tilar jurit |

--- 434 ---

sumêlang nora pamitan | agawe bubrahing ati | rêmak rêmpu raganingwang | andhèrèk sang liring sari ||

27. mêne sêkarêng winuwus | ya ta Radèn Damarsasi | ri sêdhêng nèng pêsanggrahan | sineba ing para aji | bupati satriya menak | dêmang răngga lan ngêbèi ||

28. êmpu mêlandang bêbuyut | para dhaèng amênuhi | aglar lir sêkar sêtaman | sumringah sagunging dasih | parêpat kalih tan pisah | Genggong Sêbda anèng ngarsi ||

29. samana parentah daud | mring Rajèng Mandura Bali | lampahnya pinatah-patah | sang jayèng jurit nèng ngarsi | mangku sagung para sang dyah | lyane pra prawirèng ngarsi ||

30. lyan ta sagung para arum | tan kêna wadya nglancangi | winangênan sapamulat | baris gung kang anèng wuri | lan tindaknya Partasmara | Genggong Sêbda kang nindhihi ||

31. nêngna gupitaning laku | bodhol sakuswala lari | pirang-pirang tanpa wilang | anggênggêng lir tambak wukir | lir wana karêmbun măngsa | busana abra mawa sri ||

32. kang dadya cucuking laku | garwane sang jayèng jurit | Juwitaningrum pratistha | anitih swandana èsthi | pinanganggèn sarya abra | arja songsong kêrtas wilis ||

33. sinulam ing hèr mas murub | gêbyar-gêbyar amantêsi | nindhihi sarerehannya | para maru anèng ngarsi | samya anitih [ani...]

--- 435 ---

[...tih] turăngga | tusana[5] mawarni-warni ||

34. angrok kang songsong supênuh | kadya krêndha nêbèng warih | sumundhul ing wurinira | garwa panêngah Sang Dèwi | Juwitaningsih pratistha | anitih rata rinukmi ||

35. pangiridira nung-anung | dhawuk samya kuda janggi | mênggêp asongsong sêrasah | para maru anèng ngarsi | samya nitih panggêritan | pêdhati abra ingukir ||

36. asri kang songsong supênuh | ingkang sumundhul ing wuri | garwa kang sêpuh sang rêtna | sang Dyah Sang Juwitawati | mênggêp anitih jêmpana | arja songsong sutra langking ||

37. kinêmbang abra sumawur | sunaring ujwala kadi | lir măndraja alêlampah | para maru anèng ngarsi | anitih gêrbong prasamya | wênèh crumpung myang pêlangki ||

38. ingkang mêkasi ing pungkur | sang jayèng măndra di luwih | ginarêbêg balatăntra | mênggêp wahana turanggi | songsong jêpun tunggul rêtna | kaprabon sikêping jurit ||

39. samoga lawan saluku | trisula cakra myang piling | langkap limpung alugara | pratistha angapit-apit | abra citraning busana | tandra kumilat ing rawi ||

40. mangrênyêp-rênyêp asantun | kadya samodragni ngalih | lir wana karêmbun măngsa | mêmanone angrêsêpi | gêbyar-gêbyar tara lumrang | sangsaya minuni sari ||

41. samarga-marga [samarga-mar...]

--- 436 ---

[...ga] mawèh rum | kadya ta binayangkari | sumrah mêmanoning jagad | angrêsêpi ing sabumi | andrêsanani kawuryan | kang kasongan ing wiyati ||

42. pêpujining rèh arja nrus | trus trahing andana warih | rêmbêsing madu kusuma | wijiling wiku sêmèdi | jinurung ing Suksmanăngsa | winong ing budya pamrês sih ||

43. ya ta warnanên sang ing rum | Anjasmara kang kaswasih | kapêthuk kang andon lampah | sang dyah waspadèng pangèksi | tanbuh wurcitaning manah | sinêngguh mêngsah kang prapti ||

44. ni êmban anjrit kaswayun | sêsambate awor tangis | dhuh gusti suwawi nimpang | kapêthuk mêngsah gêng prapti | wurung panggih kang sinêdya | siyos tinawan ing margi ||

45. Anjasmara tanpa muwus | anjêjêr angèsthi pati | patrêm pinusthi ing asta | wusana ngandika ririh | paran biyang polah ingwang | baya wus pêsthi ngêmasi ||

46. ingsun nyimpang nora wurung | kawanguran têmah mati | lamun ingsun banjurêna | kapêthuk mêngsah kang prapti | tan wurung tumêkèng pêjah | iya pan wus untung mami ||

47. pati apa kang pinunjul | yèn èstu nglabuhi laki | nimpang pati siningkiran | nora wurung nêmu pati | iya sênadyan matia | yèn mati ngruruh dyan mantri ||

48. sok aja gumingsir wuwus | apan wus prajangji mami | yèn Damarwulan palastra | Anjasmara [A...]

--- 437 ---

[...njasmara] mèlu mati | gya myarsa swaraning barat | sumrêg nêmpuh ing wanadri ||

49. taru puspa anjrah mawur | sang dyah pan kadya sinêbit | runtik merang ing sajagad | lir sinurak bumi langit | Anjasmara ngèsthi pêjah | tan mèngèng mèstuti laki ||

50. gya binandrêng lampahipun | samarga malipir baris | pênuh surasaning pêjah | tan ana baya kaèksi | mung kakungnya kang katingal | waspandrês samargi-margi ||

51. kagyat kang samya kapêthuk | sakathahe para putri | andulu kang anrang lampah | apan ta dudu suwadi | wanodya ayu utama | ingiring rowangnya kalih ||

52. kang satêngah para arum | kandhêg gènira lumaris | ingigung wahananira | saparan ngêtutkên liring | mulat wanodya lêlampah | angrasuk seta sêkalir ||

53. ya ta sang anjayèng lulut | awas dènira ningali | wanodya kang anrang marga | kewran panuksmaning èsthi | kaya dudu sabaènnya | rênggak dènira lumaris ||

54. kèndêl anglela sang bagus | manggung saluhuring wajik | Anjasmara nora samar | mring kakungira dyan mantri | gya anjrit kêpati sang dyah | rakanta dèn palajêngi ||

55. nimban enya datan kantun | wong roro sarêng anjêlih | asêsambat Dyan Sêsăngka | rahadyan kagyat tan sipi | èstu rinta Anjasmara |

--- 438 ---

tumrun sing kuda artati ||

74. Dhandhanggula

1. sarêng dènnya lumajêng mêrpêki | radyan lawan Sang Dyah Anjasmara | gapyuk sarêng pangrangkule | rahadyan andrês kang luh | rêmpu ing tyas tanbuh ing èsthi | sang dyah niba kantaka | kadya ta kinanyut | kang yoswa dening wisesa | mukswèng driya rasa surasaning kapti | sru pamrêsing kasmaya ||

2. kawayang dirèng jroning pamèksi | minurah sih kang misoswèng jagad | apan ta namung kakunge | pinrak maligi jumrut | saingayap para apsari | sang dyah sru kawiryawan | pamuktirèng tutug | labêting rèh suselarjwa | arjwèng pragya mangu mangulah tyas wêning | niscayèng ing Suksmana ||

3. gêtêr gumyur rahadyan minantri | mulat rinta têkèng ing antaka | gêpah ingêmban sang sinom | datansah rinarungrum | ingarasan winanti-wanti | lênglêng Sang Partasmara | swara nglayung-nglayung | jimat mundrine pun kakang | nahing anggèr kadingarèn wong akuning | lembon têmên anendra ||

4. pantês baya duka lan pun dasih | sun tungkulkên anèng pagulingan | ratune wong ayu kabèh | mirah musthikaning rum | lah wungua pun kakang prapti | gusti sapanên ingwang | dasih Damarsantun | kang angsal pangèstu dika | jayèng jurit tan lyan kacipta ing ati | gusti sang anglir rêtna ||

5. abusêkan sagung para putri | gêpah samya

--- 439 ---

têdhak sing wahana | mulat ing sang jayèng sinom | kapilênglêng agandrung | mukswèng pamyatirèng lyan dening | sang dyah kang nèng êmbanan | tansah ingimur kung | sabda wor pandrêsing waspa | para sang dyah lumajêng arêbut dhingin | aglar sumiwèng ngarsa ||

6. wênèh kamitênggêngên ningali | wus dèn nyana dyah kang nrang ing marga | Anjasmara satêmahe | byating byat sruning trênyuh | kapilênglêng tumamèng laki | iki si wong utama | ayune anulus | ayune tan kawoworan | pantês lamun Partasmara gêng trêsna sih | asihe kuwangwangan ||

7. lir ginoswèng ing driya dyan mantri | saya wutah rontoking wardaya | kawlasarsa sêsambate | sêsangining rèh wor luh | mung dewane sinambat ing sih | gusti kang misoswèng rat | paran polah ingsun | titahe sang anglir rêtna | paran baya wong asih nandhang kaswasih | wong labuh ing akrama ||

8. sapandurat sang dyah kang antawis | kapidhara anèng ing êmbanan | binêkta gandrung wirangrong | ya ta sang rêtnaning rum | myat ing purwa duksina nuli | tandya mănca udrasa | asêsambat kakung | nora nyana ingsun kakang | apêpanggih lawan sira padha urip | ing rèh misuwur pêjah ||

9. lir sinêndhal tyasira dyan mantri | myarsèng sabda sêsambating garwa | saya kagugu ing tyase | dangu tan kêna [kê...]

--- 440 ---

[...na] muwus | Anjasmara kawêlasasih | angasih-asih nabda | kakang dhuna ingsun | sukur sèwu kalampahan | têmah arja kang êmas udhuna mami | kakang mas dhuna ingwang ||

10. gya pinarak rahadyan minantri | dirèng kisma amangku amawang | nganyut ing tyas pitêmbunge | na anggèr sang lir santun | paran baya andika gusti | kapêthuk anèng marga | sumêdya anglampus | pêpundhène Partasmara | ngèstu pêjah tumamèng pada kaswasih | kang asih pun Sêsăngka ||

11. sang dyah jarwa sanèskarèng ngênting | purwa madya wusananing lampah | têmah kang dadya gêtêre | ing rèh misuwur lampus | duk praptanya Seta Kumitir | rêbat rok kawijayan | Menakjingga lampus | pratăndha murda tinigas | wus ingaturakên Mahaprabu Dèwi | myang tuwin kalih tawan ||

12. kakung pinujar tiwas ing jurit | pinapantês solanging pratingkah | sêmbada adu manise | ya ta myang kalihipun | kang rinêbat surayèng jurit | sruning gung kawêdakan | lila têkèng lampus | ing satêmah datan prapta | kaping tiga sununduk wantêring budi | pantês kang karya basa ||

13. sasabdanya sang dyah awor tangis | ketang nguni lampah kang kaliwat | têmah luwar sungkawane | sagunge kang para rum | ana angrês wênèh anangis | sawênèh jomblong mulat [mu...]

--- 441 ---

[...lat] | ana kang tumungkul | sawênèh maras kalintang | mulat Sang Dyah Anjasmara sangêt runtik | ningali sang lir Parta ||

14. rèh ngimpuni sagung para putri | angrênggani bangun kawibawan | iku kang dadi purwane | sawênèh kang para rum | bisik maring rowangnya linggih | bok adhi awasêna | garwane sang bagus | Kusuma Yu Anjasmara | muwus têka nora pasaja ing liring | ningali marang ingwang ||

15. ingkang sinung sabda anauri | sarya jiwit bok aja ingucap | salin bubuh satêmahe | ingsun ajrih kalangkung | yèn ginusar sapa malangi | rumăngsa ngong yèn tawan | ywa kakênan rêngu | pantêse ta panasbaran | landhêp ujar pantêse datan pakering | baya angur mênênga ||

16. dangu wau rahadyan minantri | dènnya ngimur Rêtna Anjasmara | rêrêm saksana ing tyase | gantya amarna wuwus | titi ing rèh ribawèng ing ling | ngliring Sang Partasmara | mring dyah tiga pasmun | ing Juwitawati Sang Dyah | Juwitaningrum lan Dyah Juwitaningsih | sagung pra garwa tawan ||

17. gêpah samya majêng awotsari | matur minta ingkang pangaksama | mring garwa sang adi kaot | sru tambêt ing pandulu | pasrah sagung kang pati urip | sumiwèng karsanira | kang susêtyèng kakung | kang pinujya ing akrama | kang sinugun ing pawongan tawan kang sih | gusti sang anglir

--- 442 ---

rêtna ||

18. Anjasmara dêlingnya amanis | pêmangsul sihira mring pra sang dyah | nanging tan keguh liringe | malih kang para arum | samya atur rêtna mas manik | miwah busana wastra | sang dyah tungtung rêngu | dahat tan arsa tumingal | labêting rèh sumungsul sangkaning pati | tan lyan ciptaning krama ||

19. putri tawan saklangkung samya jrih | nora paja mèmpêr miribana | lêlungide sang kinaot | kewran batanging sêmu | tangèh kenging winoran kapti | dyan mantri lênggêg mulat | angling mring para rum | parentah kinèn umangkat | sakuswala risang măndra partèng titis | rumêkswèng Majalêngka ||

20. ingajêngkên jêmpana myang joli | liman rata gêrbong panggêritan | sang dyah tan dadya karsane | adangu rinarungrum | ing srênggara swaranya manis | dahat ngrawati tingal | nanging nora wurung | karya sêdhih sapiraa | lamun duka agawe brăngta na kingkin | trusing gung pangribawa ||

21. manoragyèng Sang Anjayèngrêsmi | tansah ngayuh pamadyaning garwa | ngasih-asih pangimure | pêrlambang winor ing kung | lir brêmara misudyèng ing sih | srênggaranira ngembah | angêdusi kang rum | anging minta kang katrangan | amlasasih mêminta titising riris | ing sang karya la-êla ||

22. timur laut gusti wong akuning | pêksi kitiran kinarya duta | runtike

--- 443 ---

dèn pikatake | waru jêne mas ingsun | nora wurung nêmahi lalis | yèn tansah sinung tingal | dasih Damarsantun | tambak agung sela mirah | wong akuning kang sawang purnama sari | apuranên abdinya ||

23. kang etangan sêsanga lan kalih | awêlasa mring pun Damarwulan | tulusa sih salamine | kang yoswa dasih katur | labêting rèh kula mèstuti | konang gung ngêngayangan | aja mamang masku | gêgêlang munggèng jarijya | nora lali ing urip tumêkèng pati | gusti pun Partasmara ||

24. dharat kabèh sagung para putri | samya tilar ing wahananira | awirandhungan lampahe | miwah wadya ing pungkur | saha raja myang saha dasih | samya dharat sadaya | jrih Sang Partèng lulut | dhêdhêp datanpa subawa | namung sira nênggih ki parêpat kalih | kang tansah nunggang kuda ||

25. têtêmbangan ing samargi-margi | alêlagon sênggak sukan-sukan | baboncengan panunggange | jarane èstri kuru | tanpa kambil miwah kundhali | iku tur kuda picak | sasisih lan buntung | saêjam tiba ping sanga | ingaturan kuda kang mawi kêkambil | Genggong Sêbda agusar ||

26. adu gêgêr dènnya nunggang wa[...] | iya iku dununge ihtiyar | dadi gêdhe graita[...] | [...] sakèndêlipun | Partasmara rêrêb ing margi | kèndêl gang[...] |

--- 444 ---

ki pêrpat lumaku | tan kandhêg ing lampahira | kuncung buntut pinêkak nora ngandhêgi | sangsaya ngulêr kilan ||

27. nèdhèng nasak nrajang para putri | sinosotkên dene ing ngakathah | latah Ki Sêbda guyune | Nayagenggong angidung | swaranira ambêdhol lênjing | wus cêlak nimban enya | barêng jumbulipun | anjog saking kudanira | gumalinting tan lyan sinambat ing tangis | mung Sang Dyah Anjasmara ||

28. krasa têmên manah ingsun gusti | aningali nyai êmban enya | gustiku ing gumatine | kang tansah paring cabuk | jênang lêmu bêkatul inthil | ngong lawas pêtagihan | sosote dikêpruk | jumêblès disambêr gêlap | ajur mumur rêrai dèn orak-arik | èrêk-èrêk kang swara ||

29. Sang Dyah Anjasmara duk myarsèng ngling | têka mèsêm sajroning wardaya | malu mulat ing liyane | ri sampunira kêmbul | Genggong Sêbda ngarsaning gusti | tansah atêtêmbangan | nglêlipur tyas wuyung | ngenggar kang lagya sungkawa | Anjasmara trênyuh ing tyas saya lilih | nêngna tingkahing marga ||

30. prapta sirèng kiki[...] nagari | tandya wau samya mêsanggrahan | Partasmara sawa[...] | kadya prawata santun | angrok sinang abra mawa sri | [...] angraras | wadya gung gumuntur | saha raja sakuswala |

--- 445 ---

pirang-pirang makubêng amagêrsari | kasmaran singa mulat ||

 


Kurang satu suku kata: sarta ingkang pratăndha anjayèng pupuh. (kembali)
gumuling. (kembali)
ngrakêti. (kembali)
munggèng. (kembali)
busana. (kembali)