1842-01-30 - Prangwadana kepada Residen Surakarta

Judul
Sambungan
1. 1837-05-09 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
2. 1837-11-19 - Kyai Lurah Anggayuda kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
3. 1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
4. 1838-03-28 - Iman Raji kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
5. 1838-08-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
6. 1839-08-09 - Surat Pengaduan kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
7. 1839-08-30 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
8. 1840-03-14 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
9. 1840-09-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
10. 1841-03-31 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
11. 1842-01-30 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
12. 1842-06-06 - Dipawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
13. 1842-11-10 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
14. 1842-12-21 - Rejasentika kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
15. 1843-01-24 - Santawirya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
16. Surat-menyurat J. F. T. Mayor, LOr 2235, #886. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 18-05-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ringkasan: Pernyataan K.G.P.A.A. Prabu Prangwadana, bahwa atas dasar laporan dari Ngabei Suradikrama, Tuan Mayor menganggap salah kepadanya karena gugatan Secadinama tentang kematian anak perempuannya tidak disampaikan ke pengadilan karesidenan (pengulu Diponingrat). Hal ini diakuinya, karena tradisi sejak ayahandanya almarhum, bila terjadi perkara antara abdi dan abdi hanya diselesaikan di pengadilannya sendiri saja dan tidak ke pengadilan Kasunanan. Oleh karena itu, perkara Secadinama juga ditangani di pengadilan sendiri saja, maka bila disalahkan mohon petunjuk.
Pernyataan Prabu Prangwadana, agar penanganan masalah seperti tersebut di atas, diijinkan diadili sendiri tidak harus di pengadilan Kasunanan.

1842-01-30 - Prangwadana kepada Residen Surakarta: Citra 1.1 dari 1
1842-01-30 - Prangwadana kepada Residen Surakarta: Citra 1.2 dari 1

Sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, sangking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, ridêr kolonèl saha kumêndhan. Dhumatêng ingkang saudara, kangjêng tuwan mayor, ridêr sangking Nèdêrlansê leyo, saha residhèn ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya sapunika awiyos. Sampun kula anampèni sêrat pakintunipun saudara, ingkang katitimangsan Surakarta ping 10 Janawari 1842, ingkang suraos saudara angintunakên sêrat aturanipun tiyang Jawi, awasta Sêcadinama, sangking sêrat punika kula badhe sumêrap, yèn gugat pêjahipun anakipun èstri, dèrèng kainggahakên dhatêng surambi, saudara anggalih sulaya, sangking atur ijêmanipun abdi kula jêksa, pun Ngabèi Suradikrama.

Ingkang punika, kula sumêrêp sangking sêrat aturanipun Sêcadinama, ingkang sarêng kalayan sêratipun saudara, anelakakên yèn dèrèng kainggahakên ing surambi, ing ngajênganipun Mas Pêngulu Dipaningrat. Punika inggih èstu botên kainggahakên surambi ing Kasunanan. Awit ingkang sampun katamtokakên kala têksih panjênênganipun saudara ijêngandika bapak ingkang sampun sinuwargi, kantos dumugi ing kula punika, sêdaya abdi kula ingkang sami amarapabên. Ingkang lêlawanan sami abdi kula piyambak, inggih rampung sangking abdi kula jêksa utawi surambi kula piyambak. Wondene prakawisipun wau pun Sêcadinama, inggih yêktos sampun minggah ing surambi, ananging surambi kula piyambak. Ewadene mênawi saudara anggalihi kalêpatan, anggènipun adamêl paukuman ing surambi kula piyambak. Kula inggih narimah wontêna kêrsanipun saudara angewahi ing kalêrêsanipun.

Ing wusana panuwun kula dhumatêng saudara, sêdaya abdi kula ingkang sami marapabên, lêlawanan sami abdi kula piyambak, sampun kantos kainggahakên dhatêng surambi ing Kasunanan. Lêstantuna kadosdene kala panjênênganipun saudara ijêngandika bapak ingkang sampun sinuwargi.

Kasêrat tanggal ping 18 wulan Bêsar, taun Wawu ăngka 1769.