1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta

Judul
Sambungan
1. 1837-05-09 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
2. 1837-11-19 - Kyai Lurah Anggayuda kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
3. 1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
4. 1838-03-28 - Iman Raji kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
5. 1838-08-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
6. 1839-08-09 - Surat Pengaduan kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
7. 1839-08-30 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
8. 1840-03-14 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
9. 1840-09-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
10. 1841-03-31 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
11. 1842-01-30 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
12. 1842-06-06 - Dipawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
13. 1842-11-10 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
14. 1842-12-21 - Rejasentika kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
15. 1843-01-24 - Santawirya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
16. Surat-menyurat J. F. T. Mayor, LOr 2235, #886. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ringkasan: Surat Bok Tirtayuda kepada residen. Minta keadilan karena rumahnya dikuasai oleh anaknya, yaitu Prawirapuspita dan Dutapinilih (anak tiri). Padahal Bok Tirtayuda sudah membayar pajak Rp. 430 yang merupakan kewajiban almarhum suaminya, dan anak-anaknya tadi semula sudah menyetujui bahwa rumah tersebut menjadi milik Bok Tirtayuda, yang juga disaksikan oleh Lurah Raden Ketib Sememi (Kyai Bernog). Sekarang mereka mengingkari, maka Bok Tirtayuda minta keadilan.

1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta: Citra 1.1 dari 1
1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta: Citra 1.2 dari 1
1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta: Citra 1.3 dari 1
1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta: Citra 1.4 dari 1

Atur kawula Bok Tirtayuda, abdi dalêm tiya[1] pangindhungipun Raden Kêtib Sêmêmi Pakauman. Kawula anyuwun adil pirsa: ing parentah agêng kantor kangjêng tuwan risidhèn, ingkang kawula suwunakên adil pirsanipun kangjêng tuwan risidhèn: kala ingkang wau rayat kawula: Kyai Tirtayuda, sami anglampahi dados abdi dalêm bandar, wontên tanggungan dalêm wande Sêcayudan, sarêng angsal tigang taun, tiyang jalêr kawula kawalêdan kagungan dalêm paos, kathahipun 430 rupiyah abrit, dèrèng ngantos sagêd anyaosi, tiyang jalêr kawula Kyai Tirtayuda ngajal, sarèhipun sampun kawuningan parentah agêng, tiyang jalêr kawula dèrèng sagêd anyaosi, kagungan dalêm paos, lajêng gadhahanipun tiyang jalêr kawula, kang wêrni griya kalih dhapur limasan sirab gêbyog mubêng 1, dhapur kampung sirab pagêr gêdhèg 1, punika kapundhut kagantung parentah agêng, sumêrêb dados lintonipun kagungan dalêm, kaaosan sawalêdipun paos 430 rupiyah abrit. Sarêng griya kanginglang ing parentah agêng, anak [a...]

[...nak] kawula kuwalon sêtri kalih, 1. wasta Prawirapuspita, 1. wasta Dutapinilih, punika sami kawula tantun, sami anyaosi kangungan dalêm, paos walêdanipun tiyang sêpuhipun 430 rupiyah wau, wicantênipun sami batên purun, sami abadhokakên [2] dhatêng kawula, mênawi kawula sagêd anyaosi, mênggah griya wau, kalilakakên dhatêng kawula, lajêng kawula upados yatra 430 rupiyah abrit, kawula saosakên ing perentah agêng kantor, griya tilaran wau, têtêp dados gadhahan kawula, saha kauningan lurah kawula Radèn Kêtib Sêmêmi, Kyai Bêrnog, kêbayanipun Kêtib Sêmêmi, Pak Tanggok kaunmipun[3] Dèn Kêtib Sêmêmi, Kyai Ngarpah, kang sami nguningani gènipun anglilakakên griya tilaran wau anak kalih wau, sarêng antawis satusipun dintên, griya kawula dipun dhaku, dipun bragir[4] anak kawula kuwalon wasta pun Prawirapuspita, kawula dipun tundhung, sarèhipun kawula têpangi piyambak batên kenging, kawula anyuwun adil pradata dalêm, kalajêngakên dhatêng surambi dalêm, ngarsanipun Mas Pêngulu Dipaningrat. Ngantos angsal antawis wolung wulan, kawula batên kaparingan karampungan, griya karisak isènipun, kawula anyuwun gantungipun griya, parentah agêng surambi, sarèhipun dèrèng kaparingan rampung, inggih batên kagalih ngantos sapriki, Prawirapuspita, têksih angênggèni griya kawula, ingkang

punika kawula atas batên suka batên nama,[5] kadamêl baukêbpini,[6] ing parentah agêng surambi dalêm. Kawula suwun ing adil pirsanipun kangjêng tuwan risidhèn. Mantukipun gadhahan kawula griya, kalih kang dipun dhaku, anak kawula kuwalon wau, mantukipun dhatêng kawula malih, amijila saking karsanipun kangjêng tuwan risidhèn. Amung punika atur kawula.

--- [24c] ---

Sêrat aturanipun Bok Tirtayuda.

 


tiyang. (kembali)
ambodhokakên. (kembali)
kaumipun. (kembali)
bragi. (kembali)
narima. (kembali)
baukapine. (kembali)