Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 50–60)

Judul
Sambungan
1. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 01–16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 17–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 36–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 50–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 61–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 71–83). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 84–97). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 24-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

50. Pangkur

1. wus têlas jêmparingira | narik pêdhang Sang Dyah Kalpikawati | pun Singadara manubruk | sarya mangikal pêdhang | kudanira Sang Dyah kinêcètkên mamprung | manglayang manambrê pêdhang | kumêlapira lir thathit ||

2. pun Singadara pinêdhang | mukanira jungkêl nanging tan titis | dyan arya awas andulu | ing ngarsa pacakara | Mantarsêkar Buntaran Watangan sampun | nandêr angêmbat turăngga | ya ta malih kang winarni ||

3. makrudha pun Singadara | giro-giro lir buta monah daging | Kalpikawati agupuh | nabêt mangalap-alap | Singadara nangkis pêdhang kalih putung | rikat samya narik katga | Singadara dèn larihi ||

4. milar manuduk turăngga | kuda rêbah sang dyah malumpat aglis | Radyan Buntaran têtulung | wus anjog sangking kuda | kuwêl kèkèt lan Singadara mawa glut | goco-ginoco mapanggah | Macanlaut mangêmbuli ||

5. rinêbut lan radyan arya | lan Watangan Macanlaut kinalih | tinabok [tinabo...]

--- 284 ---

[...k] mukanya rêmuk | ya ta Radyan Buntaran | dangu cangklèt lan Singadara masangkut | radyan tinangsil binuncang | Menak Koncar anulungi ||

6. lumumpat sangking turăngga | pyuk maputrê Singadara pinuntir | kang kiswa salang sinuduk | tatas wus kapisanan | Dyah Kalpikawati dharat dènnya ngamuk | pinapag ing Dyan Buntaran | sang dyah gya pinondhong aglis ||

7. Menak Koncar gumya latah | lêbur tiwas dagangan kocar-kacir | sang dyah tinitihkên gupuh | ing kuda Dyan Buntaran | sasisane pati wong wetan asumyur | Buta Katbuta umangsah | nanging kasaput ing wêngi ||

8. tandya sapihing ayuda | Menak Koncar laju mring Maospait | wong ing Bêlambangan mundur | dhatêng kitha ing Daha | de warnanên Urubêsma Sang Aprabu | sinusul mring sang pandhita | Hyang Pamênggrê Maharêsi ||

9. pitutur lir cocak măngsa | sarya ngerang-erang têpa palupi | ingkang putra rinarimuk | kinèn bubarkên ing prang | sarya amurungna dènnya darbe kayun | anggarwa sang prabu rara | Sri Bêsma bêndu tan sipi ||

10. tansah agèdhèg kewala [ke...]

--- 285 ---

[...wala] | Hyang Pamênggrê juwêt amituturi | ring sang maha ratu ayu | ratu musthikaning rat | ambêg santa-budya marang krama putus | aja sira mêmungsuhan | lan prabu ing Maospait ||

11. tan wun yèn manggih bêbaya | kumalungkung buwang nalaring gusti | ing satêdhak turunipun | pantêsira sumewa | duk suwargi Brawijaya Sang Aprabu | sira wong ginawe mulya | ing mangko amindakani ||

12. tangèh yèn nêmua arja | yèn wong mumpung-mumpung angrusak niti | bêkuh Sri Bêsma agangsul | gawokan sang pandhita | anggung gawe Brawijaya kang wus lampus | tan liya kinudang-kudang | beda mangke lan ing nguni ||

13. Sang Hyang Pamênggrê angucap | nora beda ratu nyawane bumi | biyèn ratu mêngko ratu | tagsih anggêlar mulya | nitikrama amasesa among tuwuh | tur sinihan Hyang Wisesa | kinamulèn widadari ||

14. awit baboning manungsa | Hyang Sis Cahya Nurasa Hyang Pramèsthi | prapta ing saturunipun | ingkang jumênêng nata | wus pininta Hyang Sugsmana ingkang agung | nora kêna sinêlanan | ing titah

--- 286 ---

kang băngsa dasih ||

15. ing tyas nora kêna pêgat | nora kêna sira angrusak gusti | tan linilan ing dewa gung | kaki prabu elinga | tanah mulya ing nêgara Majalangu | ratune ratu utama | musakani Nungsa Jawi ||

16. Sang Urubêsma manêntak | ting kalêpyur idune dènira ngling | Hyang Pamênggrê ramaningsun | sampun kakehan ujar | amunduran glar pambêg ginunggung-gunggung | ugêr ingkang wus kaana | kawidigbyan sura sêgti ||

17. ing mangke sapa kang năngga | ing payudan nênggih dhatêng ing mami | Maospait andêlipun | namung dipati Daha | sêprandene tan năngga ing yudaningsun | sêdene Dipati Tuban | ing adat sura sinêgti ||

18. ing mangke wus têkèng pêjah | tan kuwawi amungsuh lawan mami | wong Majalêngka sêdarum | cawêta lan èstrinya | godhong ringin dadiya mungsuh sêdarum | kêrigên cindhile abang | sayêgti ulun tan wêdi ||

19. lan malih sang prabu rara | datan ingsun suprih ingkang rudatin | supaya arsaa mringsun | sampun kalawan aprang | mangke rusak nêgari ing Majalangu [Ma...]

--- 287 ---

[...jalangu] | pan wus jinarag priyăngga | tan arsa amilih bêcik ||

20. andêl-andêl Hyang Sugsmana | têmah rusak nêgari Maospait | dene datan atêtulung | dewa ing suralaya | amajua amasthi ingsun tan takut | dewa busuk wuta mamak | wania mungsuh lan mami ||

21. Sang Hyang Pamênggêr angucap | kaki ayya akèh-akèh dènnya ngling | basa Hyang Sugsmana Luhur | tan asih ing wong arda | tindak luput kêkêl ingkang murka digung | kang pinilih wong utama | kang tumindak lawan niti ||

22. kang sumasrah ing kraharjan | angarjani ing sasamining janmi | ingkang bisa nimbang wuwus | wuwus kang bêcik ala | kang sumingkir sabarang kang tan rahayu | iku pinilih ing Sugsma | pra jawata angasihi ||

23. babo kaki putraningwang | payo mulih marang Blambangan nagri | wurungna dènnya mrih pupuh | pan iku gustinira | pan sayêgti gusti kêdhik luwangipun | wong balela nêmu mulya | satêmah anyilakani ||

24. wilalat ingkang pinanggya | atasira abisaa sayêgti |[1] tan kêna rumêngkang kayun [ka...]

--- 288 ---

[...yun] | măngga ing rèh tan arja | kaya sira arsa garwa mring sang ing rum | garwanira kurang apa | bok aja karsa ing gusti ||

25. dene-dene kêtampana | panglamarmu kaki mring prabu dèwi | wuta dêgsura ing pandum | sira aparipêgsa | bok si aja pugal marang ratu ayu | iku kêkasihing Sugsma | pra jawata ngrêgsèng bumi ||

26. widadari mèstudeya | pra pandhita jrih lulut gung kang puji | wong sabumi winong tuwuh | yèn ampuh upatanya | tur ta sira kaki anêmu rahayu | Sri Bêsma saya brêmantya | de sudarma asru kingkin ||

51. Asmaradana

1. jaja bang lir mêtu gêni | nênggih ring Sang Urubêsma | andik ngatirah netrane | nuju pinrak kursi samya | lawan sudarmanira | kaya anyuduka gapruk | pan sangking sangêting duka ||

2. pawohanira binanting | sêbarang cêlak sinepak | Sri Bêsma sugal wuwuse | dene ta kaliwat-liwat | kaya mêdèni bocah | sêdaya wong Majalangu | sapa kang wani maringwang ||

3. sintên-sintên wong aurip | kang kasongan ing akasa | kang sinăngga bumi [bu...]

--- 289 ---

[...mi] kabèh | ratu kang animbangana | dhatêng pun Urubêsma | Blambangan prawira têguh | kyating rat misesèng jagat ||

4. angrêmak ing Maospait | amondhong sêsotyaning rat | iku èstri ungas bae | ya durung wruh tog manira | basane lumuh krama | tumruna Bathara Guru | mambêngi ingsun tan kêna ||

5. Hyang Pamênggêr Maharêsi | sabdanira èsmu waspa | ambêkuh dhuh putraningong | tan ana kang dadi cacat | ratu soca ludira | nanging ana mangsanipun | pêsthine kang linakonan ||

6. kang tan pantês dèn lakoni | sayêgti anganggo măngsa | amriyoga barang gawe | ana sudira utama | ana sudira nistha | sudira kang nistha iku | pantês aja linampahan ||

7. sudira tibèng utami | pantês linakon ing aprang | iku kaki utamane | sira wêdi mêmungsuhan | lawan ing gustinira | nora dadi nisthanipun | malah dadia utama ||

8. dene ta sang prabu dèwi | pusakane tanah Jawa | ambêg santa budya sumèh | barang rèh ingkang tan arja | amung amrih utama | ring sang maha ratu ayu [a...]

--- 290 ---

[...yu] | sinăngga rinêgsèng dewa ||

9. yêgti yogya dèn singkiri | arda misesèng utama | dadya wruh bênêr têgêse | nora dadi nisthanira | dene amilih mêngsah | êndi ratu Majalangu | bathara angejawantah ||

10. kabèh kang para dipati | tana na lir Nusa Jawa | Maospait têtunggule | pininta-pinta ing dewa | musakani utama | nadyan èstria sang prabu | iku sinihan ing Sugsma ||

11. tan ana wong amrih luwih | darbe polah kaya sira | anggung sikara karêpe | margane yèn waluyaa | ngrusak ing gusti tama | wong murka mungsuh rahayu | tangèh mênanga kang murka ||

12. lamun sira wurung jurit | ngarsani sang prabu rara | wong pandhita bungah kabèh | miwah sawawêngkonira | sêdaya manglêmbana | santana myang anak putu | miwah ratu liya-liya ||

13. suka tur wuwuh pakering | rèh nêtêpi babênêran | yèn wurung juritmu anggèr | yêgti ingaran waspada | amilih-milih mêngsah | dene kang têtêp dèn mungsuh | ing waweka wus têtela ||

14. dadya wruh ing ala

--- 291 ---

bêcik | nadyan dewa suralaya | padha suka bungah kabèh | yèn nimpang ugêring sastra | mirungga amrih arda | yêgti manggih papa agung | rusake sagung manungsa ||

15. lah sapa ingkang tinagih | ing dewa rusake praja | tan lyan marang purwakane | labête kurang waspada | pitambuh ing waweka | kaya ta upamanipun | kaki jênênging narendra ||

16. anggêpe wadya yèn jurit | sagung kawulaning raja | tumindak lawan sapakon | yèn ana punggawa tiwas | anèng têngahing papan | nututa kêlawan tatu | sayêgti pan dudu titah ||

17. băngsa kewan iku kaki | dudu jinising manungsa | tan pantês ingabdèkake | saturune aja cêdhak | lawan jênênging raja | wong jêmbêr abăngsa asu | tan pantes awor manungsa ||

18. iku alaning wong jurit | atinggal mungsuh adêgan | binirata saturune | yèn ratune wus wêweka | lamun durung wêweka | bênrê wong tinggal ing ratu | pan sangking tiwasing raja ||

19. pan ing mangko sira kaki | angamuk punggung [pung...]

--- 292 ---

[...gung] kewala | yèn ta bubara balane | yêgti apantês kewala | lawan durung wêweka | ing pamruh[2] durung ginilut | agah kakèhên ing karsa ||

20. pira-pira wani mati | sagung wadyabalanira | tur iku panglulu bae | sangking murahing jawata | nanging wawêkasira | tan kaya dhasar rahayu | tur awas wahyuning raja ||

21. Sri Bêsma kang waja gathik | sarêng miyarsa kang sabda | saya sangêt brêmantyane | kumutug jaja lir kobar | agèdhèg tanpa ngucap | remanya tansah sinaut | gumêtrê kang ponang asta ||

22. Pamênggrê nabda wor tangis | dhuh putraku aja pugal | masalih[3] liring kêprabon | datan kêna ginagampang | pramugarining jagat | nora kêna luru-luru | babo pangrèhing agêsang ||

23. jêr kêna anampik milih | mungguhing rèh kabêcikan | măngsa kinon ala bae | ing Sang Hyang Jagat Pratingkah | tur kêdhik luwangira | murka ngalahkên rahayu | sênadyan dèn murahana ||

24. ing Sugsma ingkang linuwih | sakêdhap ungguling murka | nêngahi praptèng

--- 293 ---

apêse | malah têkèng ing wêkasan | ungguling rèh raharja | nêngahi pan saya unggul | rahayu rinowang Sugsma ||

25. arda murka kang ngrewangi | drubigsa amomor tilas | nora panggih salawase | dhêmên wong tumêkèng rusak | tur sayêgti kungkulan | ing bêbudèn kang rahayu | rèh ngidenan Hyang Pratingkah ||

26. Sri Bêsma ngadêg mucicil | anyandhak bindi pusaka | nora kawrat bêrmantyane | sigra mundur sang pandhita | puwas raosing nala | jrih ing dewa kang linuhur | katêmpuh atmaja pugal ||

27. sangêt digung murkèng bumi | tan wun amanggih dêduka | atiwas rumêgsèng katong | tansah adrês ponang waspa | tumênga sirèng tawang | mêminta mêmurung laku | yogya têmah ingupatan ||

28. tandya gêtrê patrê muni | anêkakakên prabawa | lèsus kang jawah adrês wor | buh bagra gura gumiwang | Sang Hyang Pamênggêr mêsat | mantuk mring kayanganipun | lampahnya awor maruta ||

29. Sri Bêsma cuwa kang galih | sudarmanira murcita | nguwuh mring tawang sêbdane [sêbda...]

--- 294 ---

[...ne] | payo dewane majua | atandhing lawan ingwang | pra jawata agya umyung | tan kaya Bêsma Sri Nata ||

52. Sinom

1. malih warnanên dyan arya | wus prapta ing Maospait | lajêng sowan mring apatya | lawan radyan putra Tubin | wus sinunggata sami | sêgsana bubaran mundur | mondhok ing Katubanan | surup surya ingkang wanci | Dyan Buntaran matur raka Menak Koncar ||

2. kangmas yèn paduka arsa | bok ipe sêkawan sami | maraka mring jro kêdhatyan | ing sang maha prabu dèwi | miwah kang para sêlir | tênapi rinta bok ayu | Kalpikawati lawan | kakang bok Kalpikaningsih | dêdimène kawuningan prabu rara ||

3. yèn paduka lan kawula | prapta nagri Maospait | rèh nguni ulun ngandikan | asru dènnya ngarsi-arsi | kang sarya awak mami | kados wus misuwur lampus | ing mangke têkèng luwar | kakang mas kêng dados margi | radyan arya mèsêm dangu datan ngucap ||

4. wusana arum ngandika | yayi mas langkung prayogi | nanging sumêlanging manah |

--- 295 ---

mênawa ngêgèt-êgèti | akathah gundhik mami | ayu-ayu gumarudug | patminipun sêkawan | kêjawi pun nonah kalih | bilih-bilih kasiku awak manira ||

5. kula punika yayi mas | sakêlangkung têmên ajrih | dhatêng sang prabu wanodya | dene ta tiwas ing jurit | kawon lan menak anjing | arinya mangsuli wuwus | kakang mas tan kuciwa | kawona lan Urubêsmi | dene timbang timun amungsuh lan durywan ||

6. balanya wêndran ayutan | Menakjingga sura sêgti | pantês sang prabu ngapura | kangmas mring paduka yêgti | kathahe pra dipati | miwah kang para tumênggung | datan kados kakang mas | surèng prang tan arsa balik | lalu nglambrang wisma satêngahing wana ||

7. lumuh beluk nanging wêgah | sing bote wantêring galih | kawula kang nanggêl kangmas | yèn sang prabu rara runtik | malah luntura kang sih | amargi sing luwar ulun | mèsêm Dyan Menak Koncar | Radyan Watangan nambungi | lêrês rinta kangmas ywa sumêlang driya ||

8. ki dêmang matur wotsêkar | radyan rinta sang dyah kalih | yogi umarsèng ing

--- 296 ---

pura | sapunika lan pra rabi | ngandika radyan mantri | lah ta Paman Dêmang Gathul | sumăngga ing sakarsa | sapangrèh ulun lumiring | tan kawarna dènira agunêm rêmbag ||

9. ya ta ari kalih sang dyah | lan sêkawan para rabi | sêdaya gêgundhikira | samya lumêbêt ing puri | tandya kandhêg ing wijil | wus katur ing ratu ayu | Sang Rêtna Rarasatya | lan Sang Dyah Rêtna Sêkati | ingkang samya kinèn mêthuk paregolan ||

10. Sang Rêtna Kalpikawatya | lan Rêtna Kalpikaningsih | miwah pra garwa Lumajang | myang sagunging para gundhik | manèrngagyèng ngrêpa sih | binagèkakên sêdarum | ing Sang Dyah Rarasatya | miwah Dyah Rêtna Sêkati | sang dyah kalih dangu dènnya rêrangkulan ||

11. wus kerit kêkanthèn asta | Kusuma Rêtna Sêkati | lan Sang Dyah Kalpikawatya | dene ta Sang Rarasati | lawan Kalpikaningsih | lampahnya aruntung-runtung | gabagan arantaban | pra garwa lan para sêlir | tan myat ing lyan sadangunira lumampah ||

12. pan amung Rêtna Sêkatya | ingkang tinutakên liring | kuninge kuning utama |

--- 297 ---

sèdhête sèdhêt rêspati | dêdêlingnya gumrining | mêthinthing gilig apatut | pamulu lir kêncana | kaya tan angambah siti | pantês wignya anggoyang yuswaning priya ||

13. bêsus anamur pasaja | mêmêse amitambuhi | liringe lir pasopatya | sêmune nora nyanani | swaranya rum cumêngkling | pantês gandês ing tilam rum | nging rèh pacaking netra | busananya mêsajani | mung arume kewala ingkang kinayang ||

14. tanpa wida tanpa sêkar | mung tasik lamat kaègsi | amrusuh tur mănda-mănda | antarane mêsajani | nanging ponang kasturi | jebade ngambar kungas rum | ratuse anrês manah | dèn ukup ing bungah ramping | pinênciran ambar sêpatêr hèr mawar ||

15. para garwa ing Lumajang | amicorèng jroning ati | pantês Radèn Menak Koncar | kasmaran ing Dyah Sêkati | tan wingwang dèn labuhi | rinowangan takêr marus | iki si jawanira | Dêmang Gathul duk prêjanji | mendahane besuk yèn wus kêlampahan ||

16. iba dyan arya ing manah | tan pêgat amain kèngsi | êtope tur êpêng-êpêngan |[4] pantês tan nguman-umani [ngu...]

--- 298 ---

[...man-umani] | mendah susahing ati | tau sawah gaga gadhu | wusana larang pangan | sun tatêdha ing Sugsma di | sok dhasara sang dyah ywa èpèh kewala ||

17. nora kudu nyamènana | sok si enaka sing ati | narima dadi pawongan | sok isiha radyan mantri | wong bagus anjêlanthir | ywa dumèh akrama ayu | ngêmpèk trêsna kewala | wong abancèr sugih rabi | sok si aja nglarakkên ati kewala ||

18. ya ta sang prabu wanodya | munggèng prabayêgsa adi | ingayap manggung biyada | bêdhaya rong lajur sisih | miwah Dyah Citrawati | Citrasmara anèng pungkur | myang Widawati miwah | Widasmara datan têbih | amênuhi manuhara ing kêdatyan ||

19. maha sang sêsotyaning rat | pinarak ing kasur sari | kaya murca kinêdhèpna | lir Ratih tumrun sing swargi | rênyêp-rênyêp kaègsi | ujwala mêlok sumuluh | ing kering Banowatya | sang pramèswari ing Tubin | ingkang tansah anampèni pangandika ||

20. amarna solahing janma | duk anèng madyaning jurit | kacakup ing wong bang wetan | malah ta ingkang [ing...]

--- 299 ---

[...kang] pawarti | wus kinunjara wêsi | anèng gunung Mahamèru | dinuga-duga samya | kados sampun angêmasi | yèn sinuduk ing ardanya Menakjingga ||

21. lan pambêganira radyan | kyating tyas surayèng wèsthi | ya ta ring Sang Banowatya | datansah sru èsmu tangis | sêbdaning prabu dèwi | tansah angecani kayun | ya ta Kalpikawatya | Kalpikaningsih wus prapti | myang pra garwa Lumajang tarap nèng ngarsa ||

22. Rarasati lan Sêkatya | wus cêlak ngarsaning gusti | prabu rara angandika | lah ta Bibi Banowati | èsmu pitambêt mami | ing rèh nguni pan dèrèng wruh | marang Kalpikawatya | sêdene Kalpikaningsih | lawan sintên kang anèng ing wurinira ||

23. umatur Sang Banowatya | apan nênggih sang akalih | punika atma kawula | Menak Koncar kang darbyari | putrane sang arêsi | Butlawa ing kakang ulun | ingkang wingking punika | pun Menak Koncar kang rabi | wuri pisan sêlire pun Menak Koncar ||

24. prabu rara angandika | bibi sintên kang wêwangi | semahe pun Menak Koncar | umatur Sang Banowati | punika Angronsari | dene ingkang wingkingipun | pun Sumarsanawatya | kering malih Mayangsari | wêkas pisan [pi...]

--- 300 ---

[...san] punika pun Mantarsêkar ||

25. ya ta sang prabu wanodya | ngandika arum amanis | lah yayi Kalpikawatya | sêdene Kalpikaningsih | para majua yayi | ingsun tanya wartanipun | rakamta[5] Menak Koncar | miwah yayi mas ing Tubin | sang dyah kalih tandya umajêng wotsêkar ||

26. sarya manugsmèng ing pada | sumugun sang prabu dèwi | umatur Kalpikawatya | ari paduka ing Tubin | nguni kinunjra wêsi | anèng ardi Mahamèru | rinêbat mring pun kakang | wusana luwar sang kalih | mangke samya sowan dhatêng ing paduka ||

27. Radyan Buntaran Watangan | pun kakang wus samya prapti | mondhok pasanggrahan Tuban | ing lampah raharja sami | ing rèh rêntênging margi | tan punapa sang pukulun | angsal pangèstu wan |[6] wong wetan datan nêdhasi | lawan angsal ing sih srêngkaraning Sugsma ||

53. Dhandhanggula

1. sukanya wor kumêpyur ing galih | prabu rara duk miyarsa turnya | inggar sêkala ing tyase | upama lampah dalu | kapêtêngan panglonging sasi | kapêthuk obor mubyar | padhang [pa...]

--- 301 ---

[...dhang] kang driya nrus | lan wulan kalingan mega | duk matitis sangsaya ngembahi manis | sanetya sêtya sumrah ||

2. Banowati tyas marwata siwi | lir siniram ing tirta wahana | asrêp sêkala galihe | ketang ing trêsnanipun | mring Dyan Arya Lumajang pêkik | gêpah Sang Dyah Sêkatya | gya mangrangkul gapyuk | ing Rêtna Kalpikawatya | tambuh inggar ing driya wantêr ingèsthi | lambung kadya pêpêsa ||

3. prabu rara èsêmnya piningit | myat ing ari Sang Rêtna Sêkatya | pawor ing rêsêp wor sumèh | niscahyèng sarèhnya rum | para garwa Lumajang sami | kamitênggêngên mulat | dènnya pawor têmbung | Sang Rêtna Sêkati lawan | Dyah Kalpikawati lan Kalpikaningsih | ngasih-asiha prana ||

4. risang kalih sêmu mikolèhi | sawuwusnya rada mambu manah | rakanta ingingisake | ing sêtya antêpipun | dènnya darbe sudara-wèdi | mring sang atmajèng Tuban | winarna rèh kang wus | malah wuwuh nora kurang | Dyah Sêkati saya golongan trêsna sih | mring Arya Menak Koncar ||

5. risêgsana kang

--- 302 ---

tadhahan mijil | pisunggatan wau ingkang prapta | pênuh prabu rara sihe | garwa sêkawan gupuh | dipun awe mring prabu dèwi | majêng saha wotsêkar | pinaringan pampun[7] | singsim jumrut nira mirah | nigang rakit dyan arya kang para rabi | konjêm tyas manglêmbana ||

6. kinèn mundur wus tata alinggih | para sêlir wrata pinaringan | sinjang ing kasêmêkane | Kalpikawati gupuh | lawan Sang Dyah Kalpikaningsih | ingawe praptèng ngarsa | sêbdane sang ingrum | yayi sun paringi sira | sangsangan mas sutèngson sinilih asih | matur nuwun kalihnya ||

7. malih ngandika sang prabu dèwi | ingsun angsung paningsêt ing sira | pathola wungu pinrêsmèn | sang kalih matur nuwun | wus tinampan saha wotsari | mundur atata lênggah | Rarasati matur | kadang garwa wus ginanjar | Menak Koncar ginanjar punapa gusti | mèsêm sang prabu rara ||

8. sun tan bisa angganjar mas picis | pirangbara yèn kêrtaning jaman | besuk uga ana dhewe | Sang Dyah Sêkati matur | gusti yogi sinung nêgari | ing pundi mănca praja [pra...]

--- 303 ---

[...ja] | bang êlèr sêdarum | pinilihan sasukanya | prabu rara mèsêm angandika iris[8] | Menak Koncar tan arsa ||

9. sinung praja ing măncanêgari | sun wêntara yayi nora rêna | Menak Koncar sapatute | tanah pasisir kidul | kang ingangkah saksire ngati | tansah sinamun raras | ing netya pitambuh | nanging kang sujana ing tyas | nora samar samobah-mosiking liring | kacakra ing ujwala ||

10. duk sêmana lêluwaran sami | kadang garwanira Menak Koncar | mantuk prapta pakuwone | dyan arya tanya gupuh | mring arinya myang garwa sêlir | sasanèskara dènnya | anèng jro kêdhatun | Kusuma Kalpikawatya | lan Kalpikaningsih jarwanira ngênting | dyan arya suka ing tyas ||

11. garwa sêkawan tinanya gênti | ingkang dadya karênanirèng tyas | duk anèng jroning kêdhaton | datan sulayèng atur | namung Sang Dyah Rêtna Sêkati | sapangrèh sumèh sumrah | pêngêmorkên tyas rum | rakêt-rumakêt ing netya | sabda manis pasaja ngecani galih | mendah yèn [yè...]

--- 304 ---

[...n] wus akênal ||

12. nora wingwang dèn labuhi pati | cacatira pan namung satunggal | têka ewuh têtangguhe | wong srèsèh namur luruh | wong alandhêp nora nyanani | bêsuse apêsaja | wong agandhang samun | wong kêmpyang mêsês jatmika | sabên-sabên ngandika dipun pênciri | ing èsêm papingitan ||

13. lir ginoyang tyasnya radyan mantri | pating karêjot saliranira | èsême dèn èbèr bae | pra sêlir samya matur | manglêmbana mring prabu dèwi | wênèh ing Dyah Sêkatya | wênèh aturipun | amarna kang pangandika | prabu rara sêmune amêmiringi | ing Sang Rêtna Sêkatya ||

14. miwah dhatêng arinta sang kalih | prabu rara kadya darbe karsa | nênggih ing têmbe akire | dyan arya saya sêngkut | juwêd dènnya amitakoni | ing ari kalihira | sarya manggut-manggut | Kusuma Kalpikawatya | lan Kalpikaningsih aturnya mranani | asru sêdhêp ing raras ||

15. tur linalar ênggone mêmanis | yèn nujoni têlênge ing sabda [sa...]

--- 305 ---

[...bda] | wangsul-wangsul ing marnane | yèn pinrih rampungipun | yêgti nora rampung sawêngi | malah rong dina kurang | dyan arya sêklangkung | poyang-payingan ing manah | tan sarănta kapalang anèng jro puri | tansah abuntayangan ||

16. rêngêng-rêngêng angidung rêrêpi | tan lyan ingkang kacipta ing manah | mung sang dyah kang nèng kadhaton | pra garwa sêliripun | kang pinindha ing Dyah Sêkati | sabên ngrêrêpi radyan | pada tibèng cium | sabarang winayangkara | saparane jinaga kang para gundhik | juru tadhah ciuman ||

17. kadang katut mirah sangking laki | marimpèni kusuma ing Tuban | mas citra munggèng sirahe | aja mamang wong ayu | mring pun kakang wong dhandhing wingwing | bondhol agêng mas mirah | dèn muluh sihipun | kayu rêbah anèng tawang | Menak Koncar sumangsang mring dika gusti | canthur ngong awibawa ||

18. yuyu tasik dhenok sun wastani | wus sêdhênge nambut ing akrama | sobrah laut nahing anggèr | cagrê rêna wong ayu | Menak Koncar amitayani | rare ngapit jêmpana | jalak jênar

--- 306 ---

masku | wus pinatah ing jawata | cêcadhange wong ambancèr sugih wani | intêne wong Lumajang ||

19. kêmangirêng nonah sun wastani | kadang Pandhawa mèlu Ngastina | lamun asih ing tanggone | paringa mirahingsun | puspa krêna marang kang abdi | sun karyane pratăndha | tandhane sih lulut | bajing bangkang saba wana | nora larang wong ayu sun tohi pati | mundrine wong Lumajang ||

20. Menak Koncar minggah ing jinêm mrik | nglipur brăngta kinapat gundhiknya | sak jam ping songa unggahe | cinipta têlênging kung | sêprandene sarya rêrêpi | dara roro mas mirah | èstu jodhoningsun | toya mijil sing sarira | nonah dinar èngêta mring wong ambênthing | siyos ingajak sampak ||

21. kêcul patut wong dhugal prak-ati | wong dêladag milih angon papan | sigêgên ing pamoncère | malih gantya winuwus | Sêpêtmadu Wilaja mijil | ingutus sri wanodya | mring rinta sang bagus | tênapi mring Menak Koncar | paring dhahar [dha...]

--- 307 ---

[...har] dhadharan gantyan burat mrik | kampuh sapêngadêgnya ||

22. wus tinampan sinugun punang sih | Menak Koncar lan atmajèng Tuban | marwata suta ing tyase | tan kawarna ing dalu | enjing nuju dina Rêspati | maha sang prabu rara | siniwèng wadya gung | mêpêg anèng siti bêntar | pan kasongan ing witana di rinugmi | pinrak ing dhampar dênta ||

23. kang nèng ngarsa Sang Dyah Rarasati | Citrawati lawan Citrasmara | Dyah Widawati jajare | Widasmara sumambung | de warnanên ing păncaniti | ring sang rêkyana patya | kang putra sumambung | Dyan Kumitir Layangseta | sinambungan sira Dyan Arya Sêsimping | myang Răngga Minangsraya ||

24. atênapi Ki Menak Giyanti | malih Radyan Arya Menak Koncar | atmajèng Tuban jajare | pêpak para tumênggung | para menak răngga ngêbei | sêdaya tan winarna | ajêjêl supênuh | lir sêgara gêni sinang | pirang-pirang wadyabala Maospait | èbêg tanpa wilangan ||

25. kyana patih ngandikan wus prapti | ing sitinggil sumiwèng

--- 308 ---

ing ngarsa | prabu rara ngandikanane |[9] hèh bapa karsaningsun | lumrahêna kawula sami | kabèh wong Majalêngka | sayumbaraningsun | sapa janma ingkang bisa | amatèni mring Si Menakjingga sêgti | kasrah ing Majalêngka ||

26. jumênga nagri Majapait |[10] amêngku rat ing Sanungsa Jawa | lan poma aja tampik wong | mudha sênadyan sêpuh | kumbah srakah myang cukit dulit | wong pedak-pêndarakan | iya madêg ratu | sok si dhasar matènana | gêlah-gêlah agêdhêg sukêring bumi | lah mara undhangêna ||

27. matur sandika saha wotsari | sira sang apatih tandya mêsat | magêlaran undhang age | ing sayumbaranipun | ring sang maha narendra putri | wadya saur-kukila | tan ana kang sanggup | amêjahi Menakjingga | para arya niyaka mantri dipati | samya atur têtêkan ||

28. kang sawênèh ngaturkên kang linggih | ana ngaturkên kêndhaga bawat | sawênèh payung lampite | midrê ondhang maumung | agêng alit atur upêgsi | ajrih mring

--- 309 ---

Menakjingga | tan ana kang sanggup | sêdene Sang Menak Koncar | dangu dènnya tumungkul ing manah kingkin | suka atur têtêkan ||

29. kyana patih minggah ing sitinggil | sampun katur saaturing bala | prabu rara èmêng tyase | paran wêkasanipun | Sang Hyang Tanpauna kang titis | jêngkar sing sitibêntar | kondur angêdhatun | tansah anamur sungkawa | abêdhayan kang gêndhing munya angrangin | nanging mêgsa kawêntar ||

30. tandya minggah ing sanggar panêpi | ngobong mênyan saêndhasing liman | sumuk mring suralayane | tandya Hyang Nrada rawuh | medhok-medhok gumya mabêlik | jumênêng anèng ngarsa | prabu rara matur | hong ring Sang Hyang Siwah Boja | Hyang Narada pinaro sêbda drêmaning | sumrup nata priyăngga ||

31. hong hyang mulya sarik nagra widi | jawabira sang hyang Panji Nrada | hong sirantun nayogyèngong | saha amigêna nrus | namung nrêm sidhêm-sidhêm mrik |[11] hèh kêkasihing Sugsma | paran rèh manêkung | jawata ing Suralaya | kagegeran rèh gora kagiri-giri [kagi...]

--- 310 ---

[...ri-giri] | kêna pêngaribawa ||

32. blêgêdaba mlubèr dadi agni | kocak-kacik kang căndragumuka | kawah gumludhug swarane | gonjing marcukundha rug | Ăntaboga mangkrik kumitir | ponang sapi gumarang | ngolang-ngaling bêkuh | agawe rusaking jagat | nini putri yèn sira sungkawèng galih | ing swarga kagegeran ||

33. timbalane Hyang Guru Pramèsthi | wudharana ing tyas kang rudita | kakasihing Hyang Sugsmanon | apa kang sira jaluk | umatura marang ing mami | ywa gawe gara-gara | babo yogyèng ulun | ya ta sang prabu wanodya | myarsa sabda tandya umatur wotsari | hèh sang Hyang Manikmaya ||

34. mêrtanana ing dasih kaswasih | wontên pundi Sang Hyang Tanpauna | Hyang Panji Nrada dêlinge | heh babo yogyèng ulun | sapa si wong ingkang matèni | marang Si Menakjingga | iku nini ratu | sêjatine Tanpauna | kêkasihing jawata ingkang linuwih | umatur prabu rara ||

35. wêrtakêna samêloke kang sih [s...]

--- 311 ---

[...ih] | keron budi bawur ing pratingkah | Hyang Panji Nrada dêlinge | Tanpauna wus tumrun | anèng nagrinira pribadi | iya Si Tanpauna | iya Damarsantun | gya mêsat Hyang Manikmaya | prabu rara sêkala asrêp kang galih | miyos saking pamujan ||

54. Mijil

1. de wuwusên Sang Dyah Rarasati | lan sagung pra sinon[12] | namur brăngta amrih ing lêjare | gustinira ring sang prabu dèwi | akasukan gêndhing | sagung kang para rum ||

2. myang bêdhayan tênapi sarimpi | arum kang lêlagon | munggèng tratag ing prabayêgsane | kang sawênèh ana ingkang cuki | satêngah rêrêpi | kêkawi angidung ||

3. Rarasati nyalêmpung angrangin | Sêkati sang sinom | ngasih-asih sang dyah panggêndère | Citrasmara angrêbab winasis | Sang Dyah Citrawati | pangêndhange baut ||

4. Widasmara agambang găngsa sri | Widawati kaot | nabuh dêmung anyênyêt swarane | pra biyada samya amanjaki | pinarsèng ngêrangin | sêpêt madu juruh ||

5. lagon muluk [mu...]

--- 312 ---

[...luk] sinamur ing gêndhing | larase wèh wirong | lir mangalap jiwa sing arume | rêbut manis sangsaya milêt sih | sêmbada ingègsi | lan bêdhayanipun ||

6. kadya ing kayangan widadari | sajroning kêdhaton | angêntèni kang para sarine | manuhara anracak awasis | rambah-rambah asri | asri ngembahi kung ||

7. dungkap sirêp janma ingkang wanci | suwancining tumon | lir kinanyut ing driya rêsêpe | keron mulat tanbuh kang pinilih | samya ayu luwih | ing niskara baut ||

8. gambuhing rèh saniskara liring | pasrangkara tinon | angrampungi ing kalir karyane | kawiryan wimbuh sajroning puri | lêngêse mênuhi | lir kaswargan tumrun ||

9. gya kêsaru sang aprabu murti | rawuh ing kadhaton | suka mulat sang dyah kasukane | ri sampunira umarsèng ngarsi | sang diwatèng murti | animbali gupuh ||

10. sang apatih praptèng sri mênganti | prabu ruming sinom | paring sastra tindhihkên dhawahe |

--- 313 ---

mring sira sang rêkyana apatih | wus binêgtèng mijil | mring Ni Sêpêtmadu ||

11. lan Wilaja praptèng sri mênganti | kya patih ngrêpa nor | wus tinampan sinugmèng ge-age | bukaning srat sira bapa patih | ngupayaa aglis | sarating apupuh ||

12. sêranane nagri Majapait | sayêgti raning wong | ingkang ngaran dyan Damarwulane | poma upayanên dèn pinanggih | yèn luputa pêsthi | sira ingsun lungsur ||

13. iki ponang surasaning tulis | kya patih ing batos | sakêlangkung kumêpyur galihe | tansah wagugên tan kêna angling | sapandurat dening | akonjêm tumungkul ||

14. têka kathah kêraosing galih | awusana alon | kyana patih sandika ature | angupaya kang ran Damarsasi | Sêpêtmadu tuwin | Wilaja mêsat wus ||

15. datan lingên kang lumêbèng puri | ya ta winiraos | kyana patih mantuk ing wismane | tansah gunêm lan kang pramèswari | Dyan Seta Kumitir | tinimbalan rawuh ||

16. kyana

--- 314 ---

patih angandika aris | adhuh putraningong | mau ingsun ngandikan sang rajèng | sinung sêrat kinèn ngupadosi | srananing nagari | aran Damarsantun ||

17. têka nora anduga tyas mami | karsaning sang katong | datan ana ran Damarwulane | liya kang sun kunjara sayêgti | pan cinêtha dadi | sarate ngapupuh ||

18. apa sarat pinapagkên jurit | apa ta linayon | apa arsa kinraman jatine | marma sira ingsun undang sami | apêtêng kang ati | marase kagugu ||

19. timbalane sang narendra putri | yèn tan panggih kang wong | nora wurung linungsur sun anggèr | Layangseta umatur wotsari | èwêt kula dugi | ing nalar tan têpung ||

20. yèn pinriha dadi jatukrami | nglêngkara ponang wong | nampik Menakjingga wusanane | palakrama angsal Damarsasi | nampik macan gudhig | milih kucing kuru ||

21. mênggrik-mênggrik akuru tur mêngi | mokal sang lir sinom | ratu punjul iya sêsamine | adupara rèh kanisthan pinrih | klampahana dadi |

--- 315 ---

jatukramanipun ||

22. Menakjingga datan wurung prapti | ngrarusak bêboyong | lah ta sintên kang dèn andêlake | punapa pun kucing gêring mêngi | otote rong dhacin | pilêrên tur kuru ||

23. kyata mêngsah Sindura Dipati | suprandene layon | awidigda prakoswa jurite | têguh prakoswa tur agêng inggil | agagah sinêgti | suprandene lampus ||

24. miwah Ki Rănggalawe ing Tubin | asurèng palugon | sêkti guna wêweka gêlare | gung prabawa sinihan dewa di | prandene ngêmasi | anêdhasi pupuh ||

25. upaminta Damarwulan dadi | sarating palugon | kinèn mapag mring Menakjinggane | yèn boloa balane dèn suprih | sêgtia kang sêgti | ana kang tinêmu ||

26. Menakjingga atêguh sinêgti | widigbyèng palugon | sugih bala wignya mangsahake | gêlar dadi siyasat mamrês sih | labuh marang dasih | ing sabumi punjul ||

27. Dyan Kumitir umatur wotsari | ing panduginingong | bilih srana-srana sêjatine | pan pinundhut ingkang pati urip |

--- 316 ---

tan sanès kinardi | kêjawi linampus ||

28. kyana patih ing tyas tan nêpungi | pramèswari alon | aturira dhatêng ing kakunge | nadyan kinèn umaguta jurit | myang kang pati urip | pinundhuta patut ||

29. kinaryaa jatukrama yêgti | ing sakarsa dados | ingrèh abdi-abdi satuhune | borong punapa sang prabu dèwi | ing sakarsa dadi | mring wong Majalangu ||

30. yogi sinaoskên Damarsasi | ing sang prabu sinom | yèn ta sampun myarsa sêjatine | Damarwulan kinunjara nguni | wangsul yèn ngikibi | tan eca ing kayun ||

31. kyana patih angandika aris | bênêr ariningong | darbe apa kawulaning rajèng | yayi nadyan pati urip mami | ing sakarsa aji | pinundhuta katur ||

32. sarêng matur Dyan Seta Kumitir | lêrês sudarmèngong | dêdimène ing têmbe pinatèn | dadya sarat sêrananing jurit | ywa liya nangani | ngamungêna ulun ||

33. pan sêdalu dènnya gunêm pikir | enjing winiraos | pramèswari wus dinuta age | kinèn angluwari Damarsasi | lan putranya [pu...]

--- 317 ---

[...tranya] èstri | kang tansah kaswayun ||

34. kawuwusa kang anèng piranti | Anjasmara kaot | wus narima ing dewa pandume | tur jinarag nadyan pati urip | yèn tunggil dyan mantri | dadya rênanipun ||

35. sang akalih anèng ing piranti | amawi kêkobong | pan tinundha sêkawan langsene | lungsir cêmêng myang abang lan kuning | ing jro lungsir putih | jro pisan jinêm rum ||

36. pasareanira amêsagi | pelag lamun tinon | mapan sampun samadya căndrane | dènnya kinunjara sang akalih | pangraosing galih | pan lagya sêdalu ||

37. tansah leyangan sang liring sari | pangkyaning sang sinom | maos Kawi Wiwaha kalane | Mintaraga anèng ing swarga di | tatkala lironsih | lan Supraba ngungrum ||

38. adi-adi adining mêmanis | manise kêlangon | anglangêni wulangun ing tyase | kang têrkadhang maos Rama Kawi | duk Putri Mantili | dirja rinangrungrum ||

39. ring sang Ragasuta[13] nèng jinêm mrik | swara rum wèh wirong | kadya suling barung rikalane | patut manyura

--- 318 ---

manis dumêling | urub lawan liring | sèlèhing pangidung ||

40. pinênciran pangincanging alis | lir ngalap yuswèng wong | atênapi manise lathine | nuju kapranan sinêdyèng galih | kèwêse ngrontog sih | kongas waja gumyur ||

41. deyanya wor sinugsmèng ing tulis | kadya mugswèng ngênggon | lir kaana iya samêloke | radyan mantri ing tyas cilik wukir | mawang rum wor ing sih | ambarungi kidung ||

42. ni mban inya tansah mrêbês mili | lir satêngah layon | nging yèn myarsa ing Gusti swarane | sakêlangkung tuwuk tanpa bugti | marêm tanpa guling | tyas narimèng sokur ||

43. Genggongnaya tan pêgat anangis | tansah gêro-gêro | yèn wus bosên sira panangise | tatêmbangan yèn wus kêsêl muji | onggok golong mênir | camlerong bêl cabuk ||

44. hèh jawata ingkang mugi-mugi | yèn titahe layon | ywa pinêndhêm pakuburan gêdhe | pinêthaka ing pasar kang dasih | dimène ywa wêdi | akathah wong langkung ||

45. Sabdapalon ngantuk sarwi nangis | umbêlira molor | awor

--- 319 ---

lan luh kumrumpyung lalêre | lambe kandêl kabêntus awanti | tinon saya malik | nangis sênggruk-sênggruk ||

46. tan lyan ingkang sinambat ing tangis | mung kuthuke trondhol | nèng gêdhogan yya kirang pangane | tansah matur ing dewa kang luwih | hèh Hyang Sugsmana di | yèn kawula lampus ||

47. dasih titip pitik trondhol siji | jawata ywa ngantos | kinurangan pasaban pangane | sarta sampun sinikarèng janmi | yèn tan krana bêcik | pamintaning ulun ||

48. ri sêgsana pramèswari prapti | ingiring ponang wong | Anjasmara tandya nyapa age | iku sapa gumrudug kang prapti | aparsa matèni | mring Dyan Damarsantun ||

49. yêgti ingsun nora bisa kèri | tan wurung sêlayon | ingkang ibu duk myarsèng swarane | putra sang dyah angêrontog galih | waspanya drês mijil | kandhuwaning wuyung ||

55. Asmaradana

1. pramèswari nêbda aris | ingsun wong atuwanira | ngluwari mring sira anggèr | lawan Si Damarsêsăngka | wus samya ingapura | gumêndhèng sang dyah umatur | kawula tan arsa

--- 320 ---

luwar ||

2. miwah Radyan Damarsasi | dahat kawula tan suka | yèn tan angsal janji ingong | lawan jêng rama priyăngga | ing mangke aturana | rawuh ing kunjaran gupuh | punika kawula arsa ||

3. mijil sangking ing piranti | yèn jêng rama datan arsa | yêgti lumuh luwar ingong | nadyan taunan windonan | gograg anèng kunjaran | lan kakang mas Damarsantun | sun sêdya tunggil kunarpa ||

4. ya ta sang rêkyana patih | ingaturan sampun prapta | ing kunjaran lon wuwuse | denok-denok Anjasmara | babo sira mêtua | sêdene Si Damarsantun | wus padha ingsun apura ||

5. wus sinorog ingkang kunci | kori binuka sing jaba | kyana patih nêbda alon | babo wus padha mêtua | aywa sumêlang driya | Sang Dyah Anjasmara matur | rama kawula tan arsa ||

6. yèn paduka datan apti | angambil mantu priyăngga | mring kakang mas sang wira nom | sarta ingkang lulus rila | rama ing awak mara | dhaup lawan sang binagus | satriya ing Paluhămba ||

7. yèn tan arsa

--- 321 ---

anyanggupi | kula rama datan arsa | mêdal sangking kunjarane | ing gêsang tumêkèng pêjah | narima nèng kunjara | dadosa dhêg amun-amun | tan grantês raosing driya ||

8. puluh-puluh ngong labuhi | rama jêr kawula trêsna | mring mantu paduka radèn | angling sang rêkyana patya | ing tyas kadya sinêndhal | iya babo putraningsun | sira Ki Damarsêsăngka ||

9. têtêp ing salaki rabi | arinira Anjasmara | kasraha ing sira radèn | sukalila ing sakarsa | sajroning madyapada | ing ariloka dèn rawuh | atas dadi kramanira ||

10. matur nuwun radyan mantri | kapundhi kalingga murda | ing sih paduka wiyose | umatur sang Anjasmara | inggih punika rama | nguni ing mangke ngong suwun | dadosa kang jatukrama ||

11. sudarma arum kang dêling | dhenok-dhenok Anjasmara | wis mêtua sira anggèr | babo lawan lakinira | aja akèh rinasa | dèn narima ing Sugsma Gung | ing pangrèh tan milih marga ||

12. sêdene sira ki mantri | aran uwis kêlampahan | sira ingsun mantu dhewe | apikrama padha kadang | kang nalar [na...]

--- 322 ---

[...lar] wus kaliwat | ywa rumăngsa pilih dudu | borong apa Hyang Pratingkah ||

13. tur kuwasa apa mami | darma kinarya jalaran | pan wus untungira dhewe | umatur Radyan Sêsăngka | sadèrèng sasampunnya | tan mawi grantês saglugut | wus atas Hyang Sugsmanăngsa ||

14. Sabdapalon tumut angling | ki patih putih ing jaba | ing jro lir wêdêlan wutoh | abangrê biru amangkak | jujur macin kang manah | jaile anurut wulu | elinge yèn ana karya ||

15. sadinane tansah lali | anggêlar budi sêngara | kalingan dening kamugtèn | basane sêbarang karya | atas ing dewa mulya | tan ana jawata nguthuh | amrih rusaking manungsa ||

16. tanbuh drubigsa momori | ngampung marang kajuwatan | sumiya-siya tibane | upama karsaning dewa | anggawe lara mulya | sêpi mring amrih tumuwuh | tan kacakra dening purwa ||

17. rèh paduka sang apatih | kacina ing solah netya | nênggih sadina-dinane | rahadyan pinrih tan arja | saya kalunta-lunta | awit sangking sang pukulun | gêlar

--- 323 ---

karya pêpanasan ||

18. nguni dènnya amrih sisip | pitambuh ing kautaman | kya patih duk myarsa linge | Sêbdapalon ngundhamana | merang namur wadana | Nayagênggong cêluk-cêluk | wuwuse awor karuna ||

19. kya patih uculna mami | bok sampun kaliwat-liwat | nganiaya marang uwong | lali têmên marang sanak | sagêgêm sajumputan | sun uga sêntananipun | bok sampun sawênang-wênang ||

20. tur sêjatine wong urip | gêdhe cilik nora beda | kang be mung dêrajate |[14] dêrajat iku nugraha | sinilih dening dewa | kinèn amarna ing pandum | nyantosani karaharjan ||

21. angrèh jumênêng lan puji | Hyang Sugsmana ingkang mulya | jatine tan ngraosake | patikbra rêkyana patya | ing purwa ana apa | saiki apa tinêmu | basakna wong Majalêngka ||

22. gunane bisa miwiti | apolah panggawe ala | tur uga pinurba dhewe | wêngkasan[15] sèndhèn ing dewa | lah iku basa apa | ampungane wong kalurung | sasolah darma kewala ||

23. darmane wong darbe

--- 324 ---

kapti | nututi nalar kaliwat | asêsambat ing dewane | ing nguni sangking paduka | wong bêcik pinrih ala | amêmirang tanpa nganggur | siya-siya ing sêsama ||

24. têmbene sun amiyarsi | kaponakane priyăngga | kinèn ngariti kudane | tur sinungan arit timah | iku dèn aritêna | gulune wong Majalangu | sayêgti măngsa têdhasa ||

25. kya patih merang kêpati | kathah kêrasa ing manah | gya lumêbèng kunjarane | lawan ingkang pramèswara | sang kalih èsmu waspa | mangrêpa nor Damarsantun | miwah Rêtna Anjasmara ||

26. wus samya kinanthi mijil | luwar sangking ing kunjaran | atênapi parêpate | apan sampun linuwaran | ni inya lan ni êmban | samya linuwaran sampun | suka sagung kang tumingal ||

27. ya ta ing dalêm wus prapti | wus samya tata pinarak | kyana patih lan garwane | dyan mantri lan Anjasmara | lir mimi lan mintuna | kaya tan bênggang sêrambut | singa dulu lênglêng brăngta ||

28. tan liyan kang dèn tingali | anjomblong cèthi pawongan | kumêdhèp [kumêdhè...]

--- 325 ---

[...p] têsmak netrane | yèn nuju Sang Anjasmara | pagut liring lan raka | èsmu mèsêm gêtir juruh | aprana datan kawêdhar ||

29. yayah rena sang apatih | rukun rumakêt mrih trêsna | sumrambah ing sabda sumèh | riwusnya tata amucang | rêkyana patih nêbda | mring atmajèng sang binagus | lah ta kaki wruhanira ||

30. yèn ing mangko karsa mami | iya ing benjang paseban | sun gawa seba siranggèr | kinarya sarating aprang | radyan matur wotsêkar | ing sakarsa ngong pukulun | kawula datan lênggana ||

31. Anjasmara awotsari | matur ing rama mangrêpa | sarat punapa jatine | dene ta amilih nama | Radyan Damarsêsăngka | kyana patih sabdanya rum | tanbuh karsaning sang nata ||

32. mênawa ingadu jurit | kêlawan Si Menakjingga | Anjasmara rum ature | sakêlangkung kaniaya | yèn radyan linurugna | dene wong papa kaswayun | tan darbe bala satunggal ||

33. durung wirya durung mugti | wusana tumêkèng tiwas | rama kadospundi ingong | tan wurung

--- 326 ---

abela pêjah | ulun tan sagêt pisah | Radyan Sêsăngka sumambung | radèn ayu dèn pracaya ||

34. borong punapa ing gusti | sakarsa sampun lênggana | mokal pinriha tiwase | atas kawulaning raja | sagung wong Majalêngka | lumaku lawan pituduh | sumarah ing Hyang Sugsmana ||

35. angandika sang apatih | dhenok bênêr lakinira | dèn pracaya ing dewane | sarya dèn mèstudèng driya | ing sakarsaning nata | ing samobah mosiknya wus | winawrat lawan utama ||

36. tinimbang sangking ing budi | dènnya mrih mulyaning wadya | borong apa ing karsane | maha sang prabu wanodya | kinarilan ing dewa | pinujwa ing bumi kasub | sinutya ing Nungswa Jawa ||

37. aja lênggana ing kapti | babo-babo putraningwang | prakara kakungmu anggèr | matur Sang Dyah Anjasmara | pantêse mantu tuwan | wusana kêna ingapus | pinaekan ingkang gêlar ||

38. jêr sagung wong Majapait | tan wontên rêmên satunggal | mring mantu paduka radèn | tênapi punika kakang | sêjatine tan [ta...]

--- 327 ---

[...n] rêmbag | radyan lan kawula dhaup | mila tan eca ing manah ||

39. ngusap jaja sang apatih | sabdanira angrarêpa | dhenok ywa akèh rinaos | Si Kumitir Layangseta | kapurba ing manira | ingsun tingalana masku | dèn angandêl ing Hyang Sugsma ||

40. Anjasmara matur aris | inggih sumăngga ing karsa | nanging ta panuwun ingong | rama ingkang tulus mana | asih mring Dyan Sêsăngka | sarya agsama dèn agung | ngawruhi ing punggung mudha ||

41. kawula titip sayêgti | rama ing mantu paduka | ywa ngantos risak manahe | pintên-pintên darbe atma | mantu putraning uwa | tur dhaup padha sadulur | pêthuk ati golong manah ||

42. èsmu mèsêm radyan mantri | sinuduk liringing netya | kyana patih sabdanya lon | dhenok-dhenok Anjasmara | ywa pindho gawe nyawa | dèn pêrcaya marang ingsun | beda mengko lan ing kuna ||

43. dene saikine nini | iya Si Damarsêsăngka | dhasar putra [...]we | kapindho dadi kramanta | babo [...]kara | yèn tan sun priha rahayu |

--- 328 ---

[...]kur-sokur putraningwang ||

44. anaa ingsun aubi | mugtiya nèng Majalêngka | sinihana ing dewane | ingsun wus tuwuk wibawa | tan liwat namung sira | sun pêpinta ing Sugsma Gung | ing satêmbe akirira ||

45. kênaa ingsun ngèngèri | ing sasanak-sanakira | babo namung sira anggèr | ing timur têkèng diwasa | sun kudang-kudang nyawa | dadia pangungsèn agung | jinurungna ing jawata ||

46. matur nuwun sang lir sari | radyan mangênorkên raka | kya patih arum dêlinge | lah ta dhenok Anjasmara | babo sira kondura | sarimbit lawan lakimu | dèn eca ing manahira ||

47. sang dyah lan radyan minantri | wus lèngsèr sangking ing ngarsa | akarya brangtaning tumon | kondur dhatêng dalêmira | ing made kubon sêkar | samarga sang dyah sinambut | pratistha anèng êmbanan ||

48. gantya kawuwusa malih | Radyan Arya Menak Koncar | kalangkung sangêt gêrahe | tan ana jampi tumama | tansah mujung nèng tilam | lamun kêraos ing dalu | kadya tan mênangi siyang ||

49. yèn siyang [si...]

--- 329 ---

[...yang] tan têkèng ratri | sing sangête ponang gêrah | tan lyan kang ingamèkake | namung sang atmajèng Tuban | Dyan Buntaran Watangan | wus katur ing ratu ayu | Menak Koncar nandhang gêrah ||

50. ing dalu Sang Banowati | lan putra Rêtna Sêkatya | kinèn tuwi mring kuwone | myang Sêpêtmadu Wilaja | ya ta sang pramèswara | lan kang putra sang lir santun | mênggêp anitih jêmpana ||

51. sagahanya[16] amêrapit | miyos dhatêng katubanan | datan kawarna lampahe | sêmana Dyan Menak Koncar | tan pêgat tinangisan | ing arinya kalihipun | miwah garwa roning kamal ||

56. Sinom

1. Radyan Buntaran Watangan | nèng dagan pan èsmu tangis | prituwin Ki Gathul Dêmang | apêtêng rasaning ati | kêsaru ingkang prapti | Banowati lan sang ing rum | Sang Dyah Rêtna Sêkatya | têdhak ing natar lumaris | Dyah Kalpikaningsih lan Kalpikawatya ||

2. mêthuk anèng pêlataran | myang pra garwa para sêlir | Radyan Buntaran Watangan | tan kenging pisah dyan mantri | tan [ta...]

--- 330 ---

[...n] lyan sinambat ing sih | namung ari kalihipun | gêpah sang pramèswara | miwah Dyah Rêtna Sêkati | amêrpêki ing Dyan Arya Menak Koncar ||

3. laju minggah ing papêrman | pramèswari Banowati | winanti winangwang-wangwang | winungu rahadyan mantri | Menak Koncar sun prapti | lan rinta Sêkati rawuh | dingarèn putraningwang | têka apês nandhang sakit | Menak Koncar dangu dènnya pinêtêkan ||

4. tan mosik datan subawa | nglayung ujwalanya kègsi | napasira pêgat-pêgat | winungu-wungu tan osik | ya ta sang pramèswari | saya ketang trêsnanipun | adrês mijil kang waspa | pra garwa sangsaya nangis | Dyah Sêkati ngandika mring Dyan Buntaran ||

5. ri mas iki lara apa | kangmas arya kêng suwadi | dene ta kaliwat-liwat | sangête kang ponang sakit | Dyan Buntaran wotsari | ing nguni saunduripun | sowan sangking paglaran | wite kraos ingkang sakit | ulun matur sabdane wus timur mula ||

6. darbe sakit surya prana | angsring arsa [ar...]

--- 331 ---

[...sa] miyatani | nanging ingkang kina-kina | datan kadya sapuniki | kabutuh mêntas jurit | tuwuk kambon biring busur | dhapur gêrah kunduran | sang dyah sru ngêrês kang galih | myarsèng sabda sêkala mijil kang waspa ||

7. dyan arya awas tumingal | duk ngliring sang pindha ratih | ing manah kadya sinêndhal | lir mati sajroning urip | ya ta sang pramèswari | radyan sinurywan ing sangku | sarya winungu wantya | Menak Koncar nora mosik | Dyah Kalpikaningsih Dyah Kalpikawatya ||

8. tandya minggah ing paprêman | ingkang raka dèn sungkêmi | sêsambate kawlas arsa | kangmas arya aja lalis | ingsun tan bisa kari | kakang aku mèlu lampus | dyah kalih èsmu waspa | Buntaran Watangan sami | mulat sang dyah sambate angrèndèng manah ||

9. ya ta tan kêna tinambak | sêgsana anulya mijil | dyah kalih sinambat ing tyas | tan lyan Sang Kalpikawati | miwah Kalpikaningsih | wong ayu aja amuwun | yèn balut tingalira | sapa baya kang nêmpuhi | Dyah Sêkati tansah nungkêmi dyan arya ||

--- 332 ---

10. saklangkung marwata suta | Dyan Menak Koncar ing galih | alon denira alihan | sarya dhèhèmira lirih | sarêng wêntis gumuling | lêrês tibèng pangkyanipun | Sang Dyah Rêtna Sêkatya | gêpah dènnya anginggati | gya tumurun sang dyah sangking pasarean ||

11. pamurcitènging wardaya | basakna si wong asakit | panglilire mambu manah | sumêlang nimpahi wêntis | winêngkang saya mipit | maras-marase tyasingsun | rusak dagangan ingwang | yèn wudhu sapa tinagih | tanpa aji sisane si yuyu kakang ||

12. èsmu angrawati tingal | nanging tansah mandêng liring | gêthing trêsna awor maras | pangunadikaning galih | nora amasajani | liyêping netra gumagus | ujare kapidhara | sasolahe ngêtut liring | sun bênggangi dene ta nora alihan ||

13. nanging sun rasa ing manah | yèn yêgtia ingkang sakit | wusanane têkèh[17] pêjah | sun kelangan kadang yêgti | sang dyah gya minggah malih | agêpah pan èsmu tambuh | sarya alêlendhotan | ing Sang Dyah Kalpikawati | maju mundur

--- 333 ---

ing manah kabotan trêsna ||

14. dyan arya suka ing manah | ningali sang pindha ratih | miyat sinamun ing netya | pangudasmaraning galih | lawe panyandhêt jajik[18] | yayi rada kêna ngapus | parikan gênthong sabrang | ruci têmên wong akuning | sun tatêdha tulus sih mring wong abrăngta ||

15. yèn sinawang warna dika | sêjagat tan ana tandhing | èsême asor Supraba | yèn ngandika kadya ratih | lêlakune wong kuning | Yanghyang Wilutama nurun | nonah ratpêni Tuban | ayam irêng mubal putih | mung ayune dadya panulak pralaya ||

16. kêlabang sinandhung muncar | buron kali măngsa janmi | baya rêna sira dewa | ing têmbe sun sênggarani | bok aja nganggo wadi | mring kadange brăngta wuyung | senthe jurang ngayangan | kang dêgan sampun cumukil | pindho mêngko kêjarah dening wanodya ||

17. palwa gung kaisèn toya | kukus gunung sun wastani | kinapakna ingsun mirah | labête kèrêm wong kuning | pun kakang èstu lalis | yèn tan gêpok senggol masku | aja rasa-rumasa | atêtinjo wong asakit | radyan [radya...]

--- 334 ---

[...n] arya ing manah nora sêrănta ||

18. aja ewuha ing tindak | sarta ywa ajrih mring bibi | kaya rinangkul-rangkula | sêkala tumêkèng rêsmi | alon nglilir dyan mantri | apan èsmu pungun-pungun | mulat ing rena swara | sêdya têdhak sing jinêm mrik | kadya sata kêna pilis solahira ||

19. rêngih-rêngih minta mucang | ing rayi Kalpikawati | sarya ngrangkul api ora | mèh kliru ing Dyah Sêkati | sang rêtna anginggati | têdhak sangking jinêm arum | Dyan Arya Menak Koncar | ngadhuh ngêsês sambat mati | têrantanan gya tumrun sing pasarean ||

20. ya ta ring sang pramèswara | kêlangkung dènnya rakêt sih | ing putra Dyan Menak Koncar | wus tata lênggahnya sami | Sang Dyah Rêtna Sêkati | anèng keringnya kang ibu | Sang Dyah Kalpikawatya | Kalpikaningsih jagèni | ing rakanta lênggah abukuh nèng ngarsa ||

21. kang winangwang namung sang dyah | Sêkati rinungrum galih | mas mirahe wong Lumajang | kang akarya lara brangti | benjang punapa gusti | angsung jampi wong kalurung | pun kakang sida edan | kêlamèn [kêla...]

--- 335 ---

[...mèn] tan têkèng rêsmi | mung anune gawe anu wong abrăngta ||

22. tambak gung kang sinalaran | bara-bara kusuma di | anggalih mring Menak Koncar | kang duwe rasaning ati | tawon gung tala siti | suwadine nora katur | kadang sangking wanodya | nora dimpe wong akuning | sun wêntara ing galih sampun uninga ||

23. bakung bang awoh pandhoga | sampun ganas wong ajait | duka dhumatêng pun kakang | kapithing kang sabèng sabin | rakanta wong ambênthing | kêdah-kêdah kapiluyu | angabdi ngèstupada | cêcawu kang nusuh siti | kawulane baya dinalih punapa ||

24. supe nèng ngarsaning rena | lathine pating kajuwit | Radyan Arya Menak Koncar | tan lyan sinambramèng liring | namung Sang Dyah Sêkati | kabêlêt ing manah wuyung | mèsêm sinamur mulat | ngêsês-ngêsês nganan ngering | pungun-pungun gêrahnya kinarya-karya ||

25. ri sampunnya angrarêpa | matur sowan awotsari | minta-minta pangagsama | ing ibu Sang Banowati | radyan atmajèng Tubin | sumiwèng wus praptèng [pra...]

--- 336 ---

[...ptèng] ngayun | dyan tiga mèstudeya | ing ibu sang mèswari |[19] radyan arya tambuh solah liringira ||

26. sandi lungiting ujwala | noragèng sumiwèng ngarsi | lan radyan atmajèng Tuban | rêna kapirênan ing sih | dyan arya sinung aglis | gantyan ing rena agupuh | tinampan tandya mucang | lurah pawongan kêkalih | langkung dènnya owêl mring Dyan Menak Koncar ||

27. Ni Sêpêtmadu Wilaja | prana dènnya nugsmèng liring | ing radyan têtiga pisan | solah bawanira sami | dyan arya jungkar angin | liringe sinêdyèng kayun | namung mring Dyah Sêkatya | tan măntra wong lagya sakit | langkung bingar jwala lir sêkar sêtaman ||

28. dene Rahadèn Watangan | Buntaran kilating liring | tan kanyanan ing lyan mulat | nanging ta amitayani | dhatêng Kalpikawati | Kalpikaningsih sang ing rum | samya sawang-sinawang | colong-cinolong ing liring | lamun pagut sarêng tumungkul ing jăngga ||

29. sira Dyah Rêtna Sêkatya | nora nglêgewa ing kapti | kêna gêlaring wong brăngta | kang sangêt [sangê...]

--- 337 ---

[...t] mangluh dènnya gring | dene kang para rabi | miwah ing gêgundhikipun | kamitênggêngên mulat | mring Sang Dyah Rêtna Sêkati | iki si wong ratune ayu tama |[20]|

30. ratune wong ayu raras | pêsaja ratuning kuning | ratu-ratuning jatmika | ratune wong mikat ing sih | ratuning wong jukining | ratune wong gandhang ruruh | ratune kawiragan | tuhu ratuning pawèstri | mindha brăngta lêlaga inggaring driya ||

31. panjang rinênggèng ing papan | kang sugun-sinugun ing sih | dyan arya sampun waluywa | sêmana Sang Banowati | kondur malêbèng puri | lan putranira sang ingrum | pra garwa ing Lumajang | sêdene kang para sêlir | samya dhèrèk lumêbêt ing dhatulaya ||

32. tênapi wong trunalanang | kawan dasa anjajari | asikêp paris myang pêdhang | siyaga sikêping jurit | Radyan Buntaran tuwin | Watangan dhèrèk nèng pungkur | kandhêg ing srimêngantya | datan kawarna ing ratri | kawuwusa ing enjing agula-drawa ||

57. Dhandhanggula

1. kawuwusa Radyan Damarsasi | wus dumugi gènnya pawor raras |

--- 338 ---

nèng kubon sêkar sang anom | lan kusumaning ayu | Anjasmara sang liring sari | biyada kêpatihan | wus kêpadhan lulut | tangèh rinêngga ing têmbang | adu sêmu padha kêrasa ing kapti | duk pista tuwan jendral ||

2. nênggih lawan kang para ratpêni | anyanggêmi ingkang prêjanjean | miwah ing kauntungane | Sabdapalon kêlangkung | Nayagenggong rêma kêpati | pênuh ponya makanan | ikan-ikan sayur | sayur apa-apa adha | kuwih-kuwih buah-buah manis-manis | jênang bêkatul banyak ||

3. lagi cincin batu mirah kuning | jumrut magari widuri banyak | intên barleyan tajuge | mêspir krêstal supênuh | tradhak harga mêsthika lagi | samua musthi adha | lêbih kaya sunggu | sampe tak kliyatan orang | gampêr giwang kang pênding intêne murni | myang nyamat isi salak ||

4. lagi uwang brapa-brapa pêthi | kêton rupiyah tradhak kêrjanya | inggrisnya sumur têmpate | pêsmat myang perak pênuh | dirham dinar-dinar slebari | wang merah tradhak guna [gu...]

--- 339 ---

[...na] | lêbih kaya sunggu | talam pudhi buwang saja | kurang têmpat kantor gudhang lêbih isi | dhuwite wingka rolas ||

5. duk sêmana rahadyan minantri | ri sêdhêngnya dènnyarsa sumewa | lumiring ing sudarmane | mênggêb busana luhur | lir piturun sangking swarga di | sangsaya embah-embah | warnanya binagus | kadya ta purnama wulan | nglela wênês ujwala minuni sari | adining kajuwatan ||

6. Anjasmara tansah migên ing sih | gandhang canggèh gandêsira kongas | saya rêbut gon manise | èsêmira binarung | liring kadya intên hèr manik | kakung tansah winangwang- | wangwang gêtir juruh | jae bang ing kêpatihan | gêrah-uyang lamun ora anyêblèki | ping rolas satêngah jam ||

7. ratus wida kudhuping wrat sari | wong adhandhing aja lunga-lunga | yèn binêskup ing mêmondrèng | tan wurung ingong lampus | panu biru sun tohi pati | layar gêbang kakang mas | wong arangkung-rangkung | bisa timên dudut manah | wong asigit pisangkara sun wastani | grahitanên wak mara ||

8. kathah

--- 340 ---

ingkang rinasa ing galih | Sang Dyah Ayu Rêtna Anjasmara | aningali ing kakunge | kuwatir nèng dêlanggung | bok ingewat mondrèng dêdungik | bêbakul sambiwara | wêlanjar ing ênu | jinanji winantya-wantya | kangmas aja salah karya anèng margi | mênawa kêna salam ||

9. mêngko kangmas yèn sira anangkil | aja suwe-suwe nèng paseban | lamun kanginan baguse | suda bobote suku | sapa baya ingkang ngilèni | dewa ing suralaya | măngsa na kang sanggup | sun wangêni têlung êjam | nèng paseban yèn wus tita nora prapti | sun susul sira kakang ||

10. mangrêpa nor radyan Damarsasi | mèsêm ngaras binarung ing sabda | nahing anggèr mirahingong | kang asih marang kakung | gusti sampun mawi ginalih | dasihe pun Sêsăngka | tan maro mrêtêlu | nyipta lyan kang sangking dika | ulun nangkil nora dangu tandya prapti | ketang kang sawang rêtna ||

11. sang dyah mèsêm sarya nambang liring | sêsawangan kapranan ing sabda | ing kakung sang jayèng sinom | sang dyah wuwusira rum | gagêthingên ingsun kêpati [kê...]

--- 341 ---

[...pati] | priya basa ing garwa | tur kaprênah sêpuh | bênêre malah manira | ingkang nugsmèng padasa[21] ingkang wotsari | lir nyèthi dewa mulya ||

12. têka isin arsa sun marèni | gungan tênaga mring sira kangmas | dandanan wus saratane | apuranên wong bagus | pawongane dhoso mring laki | kurang mangranu pada | sabda kumalungkung | marma tuwanku kewala | dipun agung pamêngku agsama kang sih | cèthine punggung mudha ||

13. radyan mèsêm angaras panêpi | sang dyah sinambut munggèng ing pangkyan | liniling-liling dêlinge | nah anggèr mirahingsun | wus kapatuh gustining abdi | nate angabdya pada | tur dasih sabau | ing mangke karsa andika | ayya kantos rasa-rumasa ing kapti | kasuwun sih andika ||

14. sapa baya gusti wong akuning | ingkang wignya angruwat tyas brăngta | sing papa cintraka wite | sumêngkèng ing aluhur | pamrêsing byat sinugsmèng gusti | mirah wong awibawa | pinujwèng măntra nrus | dene ing hyang padya brata | mèstutèng rèh ing sang kumaraning sari | sarining dyah triloka ||

15. kalokèng rat samendraning bumi | titah ing hyang kasmara di

--- 342 ---

raras | sinih winong suciptane | lyan sih paduka masku | paja-paja panjrah trus sumrih | winangkara sung rimang | embah sang lir juruh | adoh elok rumantara | rumambat sih marsudyèng rat Maospait | nêngèng sang sari rêtna ||

16. wêntaring guywa prana mamrês sih | mangras winangun jyala kagagas | sang dyah lir rinontog tyase | embah-embah mangun kung | pujyaning kang widrawa kègsi | kusuma Anjasmara | supragyèng mrih tyas rum | ruming rèh sinidi brăngta | karongron sihira ring sang marswèng rêsmi | sumyarjyèng lam-lam deya ||

17. riwusnya marna ingkang lulut sih | ya ta ing mangke rêkyana patya | sowan ing păncanitine | sêdene sang binagus | kering mring sang rama sumiwi | samarga-marga gumrah | dene wong dêdulu | kagyat mulat ing rahadyan | jêg kumêlip nèng ngalam donya durung wrin | ing warna sang lir Parta ||

18. tuwa anom miwah gêdhe cilik | ebat umung jêjêl arantaban | èbêg marga apênuh wong | tinarka dewa tumrun | datan lingên ucaping janmi | ri sêdhêngnya kawarna | sang narendraning rum | mênggêp miyos siniwaka | ingkang munggèng

--- 343 ---

sitinggil baturana di | sakapraboning nata ||

19. pirang-pirang rêsmining naya di | manuhara ruming prênadyèng rat | kongas kapêrbawèng kang wong | èbêg paglaran pênuh | busana bra makilat thathit | teja maya sumirat | makênyar sumuluh | lir samodra rob bêlabar | wadyabala sadaya ing Maospait | sumewa gara gumrah ||

20. gita-gupita jiwit-jiniwit | mulat mawulat jêjêl mawaglar | panjêmendra măndra andhèr | orèg kagyat mawa gyut | beda saban-saban gung dasih | singrêring tara gumrah | drês warna-warnèng rum | swara rum amalad-alad | inggar-inggar sêsumuk ingkang nêgari | karya pêngaribawa ||

21. kyana patih ngandikan wus prapti | ngabyantara lir konjêm ing kisma | myang Seta Kumitir Radèn | Răngga Minangsraya wus | Arya Simping Menak Giyanti | tuwin atmajèng Tuban | andhèr marikêlu | tênapi Dyan Menak Koncar | atap aglar pra niyaka ing ngarsa ji | dhêdhêp tanpa subawa ||

22. prabu rara angandika aris | mring apatya kayaparan bapa | ing nguni parentah ingong | sira ingsun pituduh | ngupaya wong ran Damarsasi [Da...]

--- 344 ---

[...marsasi] | apa saèstu panggya | atênapi luput | paran ta ing mangke bapa | umatura iya marang jênêng mami | ring sang rêkyana patya ||

23. gêtêring tyas sêklangkung dènnya jrih | aturira gusti kasinggihan | pun Damarwulan wiyose | atma kawula mantu | abdi dhusun anyar duk prapti | lakinya Anjasmara | ing mangke sang prabu | sumaos ing pagêlaran | sri wanodya duk myarsa turnya kya patih | kumênyut raosing tyas ||

24. maya-maya widrawa mangun sih | mantya kisma kasrang radityama | katri mongsa têmahane | siniram ing udan rum | rumêsêp sih nugraha jati | winangyah wahyuning rat | manikmaya tumrun | nguni marna titahing hyang | kang pinujya măntra nagri Maospait | dumadak lumagsana ||

25. sumuking tyas angêmu mêmanis | manisira kongas ing ujyala | maha sang murtining sinom | alon andikanya rum | bapa patih matunira[22] glis | lah mara timbalana | kang ran Damarsantun | kya patih matur sandika | saha sêmbah ngliring Dyan Seta Kumitir | sang kalih sigra mêsat ||

26. curiganya datansah pinipit |

--- 345 ---

tingkah wiraga winulat hyang-hyang | mênjangan kêwan radèn |[23] kampuh sinandhung-sandhung | kuncanira nêrampat siti | tumrun sing sitibêntar | sangsaya gumagus | nora pati yèn bagusa | mung bêsuse gawe ojat ing sêsami | dadya sêkaring praja ||

27. cingak sagung wadya kang anangkil | kagyat mulat satumrunnya radyan | Seta Kumitir cahyane | lir sêkar isthanipun | pan nêdhêngnya kang wora-wari | gawok sapasewakan | dyan kalih prapta wus | ngarsane Dyan Damarwulan | andhawuhkên kang timbalan prabu dèwi | sêndhu ing netya sabda ||

28. Dyan Sêsăngka wus kèring dyan kalih | darmi ta ngrèh ing susela krama | marwata suta ing tyase | ngrasuk pamrunga luhur | nanging tingal kinuswèng lungit | lênglêng ing hyang wisesa | surasèng driya nrus | niscaya sêca-sumêca | cahywannya duk kongas ngêdusi sêkalir- | ira sasolah netya ||

29. pêrpat kalih maras ingkang ati | yèn manawa gustine pinatyan | sing kya patih pênggawene | wantu wrangkaning ratu | misesani ing Majapait | binapa ing narendra | kadhahar [kadha...]

--- 346 ---

[...har] kang atur | danguning kêpalang driya | dènira mrih pêjah gêsange dyan mantri | tan lyan ing budya arda ||

30. pinaekan sinangkaning niti | tata tumrap wisesaning praja | sinunduk lan purwakane | mila maras kêlangkung | sagunging wong kang samya nangkil | ing cipta warna-warna | mring Dyan Damarsantun | nêngna gupitaning manah | Dyan Sêsăngka ing ngabyantara wus prapti | lir Parta mangun brăngta ||

31. datan liyan sagung ingkang nangkil | jalu èstri ajomblong sêdaya | cêngêng lênglêng wurcitane | myang sagunging para rum | kang angayap sumewa sami | supe nèng ngarsa nata | akathah liripun | wênèh gigal busananya | tan karasa jamang sampur dèn waoni | astanya tibèng prênah ||

32. wênèh banyakdhalang sawunggaling | wêntus lawan kang ardawalika | kacu-mas ngumbar liringe | kapilih malah ngungun | pra bêdhaya samya abrangti | manggung anggung kasmaran | marang sang binagus | miwah radyan ayu patya | Rarasati dangu ngêtutakên liring | lir Sang Hyang Partasmara ||

33. ketanging tyas suselaning èstri | malulu myat winaon ing tingal | lyan sing panyolong [panyo...]

--- 347 ---

[...long] liringe | nahan kang samya wuyung | ya ta ring sang narendra putri | rêtna sêsotyaningrat | Dyah Kêncanawungu | sapraptanira Dyan Săngka | mingkis gobah anglela gumawang kègsi | lir piturun sing swarga ||

34. tumaleram gumêbyar rêsmya di | asor èrêm sarining kang wulan | manoning rat kucêm kabèh | sonar hyang arka kusut | surêmira dening cahya di | kadya ngalapna jiwa | sagunging tumuwuh | gêtêr konjêm singa mulat | lir pinêcat yuswane kang nêngèng liring | tan wênang ngujung tingal ||

35. lyan ta sangking Radyan Damarsasi | sêkala pagut liringing tingal | lir panjang putra tumibèng | ing sumayana rêmpu | mawuting tyasira sang kalih | anglir tanpa jamuga | Radyan Damarsantun | sinamun ruming ujwala | nora paja-paja kawêntar ingègsi | tan kanyanan lyan mulat ||

36. sakêdhap netra kapranan ing sih | wus tumangkêp samir tundha sapta | prabu rara lênglêng tyase | sinujwèng myat pinrês kung | pasrangkara sasmita lungit | lungiding kasuselan | mah sang murtiningrum | sirna kamanungswanira | panugsmèng dyah sira ing Dyan Damarsasi | èstu

--- 348 ---

Hyang Tanpauna ||

37. pinancêr kilat murub dumêling | pujwa măntra èstuning jawata | pitung swarga kênyatane | Hyang Kara-kara linut | cahya mulya nuring dewa di | rênggèng asmara brăngta | ing sang Damarsantun | sêkarêng madya padyèng rat | nir sucipta niscayèng suralaya di | wijiling nugra limpat ||

58. Mijil

1. ketang brangtanira prabu dèwi | duk kênyarira non | duk ing alus pinurwèng titise | Sang Hyang Kumajaya lawan Ratih | ing hyang dewa luwih | ngarcamanik tumrun ||

2. kilang drawa campur rasa jati | sêjatine tumon | nora samar pawikaraning rèh | bawa pangaribawa kêrtyadi | mrih susela brangti | brangtane wong agung ||

3. sinakarèng winarna gya dening | Maha Sang Sugsmanon | tinitahkên sang kumara rajèng | angrênggani kraton Maospait | ya Sang Tanpauni | Ratih mêlokipun ||

4. sinujwèng rat iya dèwi Ratih | ya sang prabu sinom | nguni tumawang nêngèng wiyate | lamya tanpa ngumyat kêng radyègsi | ing nalika prapti | hyang asmara nurun ||

5. nora măntra kawêntaring liring | sinamur ing pasmon | wimbuh

--- 349 ---

sinung ing sabda wêntare | pilih wadya nênggih Maospait | wruh pasmoning osik | sasmitaning alus ||

6. alusira kang winrat ing jisim | nugrahan Sugsmanon | sir kasmaya punika dununge | prêmana kang anèng jaja kering | bale pare warni | panglindhunganipun ||

7. gya tinampan ing Hyang Dewaruci | kang ngrasuk sêkaron | wadhag alus iku panyampure | basa ing tyas wignya nampik milih | punika kang dadi | pangruhuning laku ||

8. kang minăngka pamolahing jisim | Ruci brăngta kaot | lir kumudhi palwa ing isthane | kang linakyan obahing jasmani | uripnya sangking sih- | ira jawata gung ||

9. mila marna sabda kang piningit | ayya kumalojok | sampun ngantya upama pamine | tanpa rupa-rupa kang sêjati | jatine pamuji | mring sih pujinipun ||

10. pan ing mangke nugraha kang prapti | mring sang prabu sinom | saha para dewa pêrmanane | polahing rèh nagri Maospait | rinênggèng palupi | linimpat kang têmbung ||

11. Dyan Sêsăngka dangu munggèng ngarsi | tansah mangrêpa nor | tan ingucap dyan manugsmèng tyase [tya...]

--- 350 ---

[...se] | mring sang maha pustakaning rêsmi | rêkyana apatih | jrihira kêlangkung ||

12. ginagap ing driya tan andugi | karsaning sang katong | Radyan Seta Kumitir kalihe | graitanya nataning dyah runtik | tansah yitnèng wèsthi | kyat surèng mapangguh ||

13. Dyan Buntaran sêdangunya ngliring | dhatêng sang wira nom | lir myat gambar winangun rahadèn | rêsêp kacarywan kasmarèng galih | iki si wong luwih | lawas ngong tumuwuh ||

14. durung mulat titahing dewa di | kadya sang wira nom | ratuning wong patut satuhune | angluhuri bagus lawan sigit | mendah wus amugti | ki raka wong patut ||

15. pasêmone mantêp ing pakardi | kêdhik ing wiraos | solahnya lus netya sabda sumèh | sun tatêdha Sugsmana Kang Luwih | asiha mring mami | sun anggêp sadulur ||

16. Menak Koncar anjomblong ningali | tansah gawok-gawok | sun wêntara wong iki pambêge | lana ing tyas tur awani mati | cacade mung siji | kurang ototipun ||

17. tangèh têdhasa mring menak anjing | sêmune aleloh | sun dhèdhèki mung pakulitane [paku...]

--- 351 ---

[...litane] | lêmbut lumêr pantêse wong iki | kalis dening wesi | sabêtane lulut ||

18. mendahane sadulure èstri | pantêse amlodong | baya nora kaworan ayune | dhasar ayu kacampuran kuning | gêlêm ingsun dadi | punakawanipun ||

19. kinêluha anglir kêbo sapi | tan lênggana ingong | sok si dhasar wêruhêna bae | nusup wong ayu lumêr jukining | iku kang upami | darbea sadulur ||

20. ênêngêna panggusthining kapti | ya ta sang akatong | sakêlangkung wagugên ing tyase | kewran amurwèng wêntaring èsthi | wusana nimbali | mring Ni Sêpêtmadu ||

21. lan Wilaja ingutus gya mijil | wus tundhuk sêkaron | lan Dyan Săngka ni lurah dhawuhe | radyan kang timbalan prabu dèwi | radyan tiyang pundi | ing pinangkanipun ||

22. lawan sintên ingkang ayêyogi | lan malih sang anom | pintên yuswa paduka rahadèn | Dyan Sêsăngka aturnya ngrêpa sih | ulun tiyang sangking | dhusun purwanipun ||

23. Paluhămba dene kang yayogi | Maundara kang wong | kang wus mugswa kawula [ka...]

--- 352 ---

[...wula] wiyose | pan ingêmong dene sang ayogi | Musthimaya nênggih | kasêbut bêbuyut ||

24. ing Paluhămba ingkang palinggih | dene yuswaningong | apan sampun sêlawe warsane | tandya mêsat pawongan kêkalih | aturnya wus titi | ing sang murtining rum ||

25. prabu rara angandika manis | èsêmira winor | yayi Rarasati wêntarane | wus sapira yuswanira yayi | sang dyah awotsari | aturnyèsmu wuyung ||

26. yuswèng ulun kalih dasa warsi | andikaning katong | yayi kacèk mung sawarsa bae | ingsun apan wus salikur warsi | nêmbah Rarasati | èsêmnya sinamun ||

27. sakêlangkung sumêdhot kang galih | sang dewaning sinom | adu sêmu kêcandhak liringe | ing Sang Rêtna Dèwi Rarasati | sinamun ing lungit | saya gêtir juruh ||

28. sunarnya wor dinusan mêmanis | akarya wirangrong | tandya jêngkar sang murtining rajèng | ginarêbêg sagunging pra sari | lir pujwan rêtna di | kondur angêdhatun ||

29. Adipati Lugêndèr wus mijil | sakancanira lon [lo...]

--- 353 ---

[...n] | magêlaran atata lênggahe | kang makubêng pênuh kang anangkil | lir manungsung wangsit | esthaning wadya gung ||

30. sidhêm tanpa subawa gung dasih | tambuh garjitèng wong | mung Dyan Săngka tinutkên liringe | mênggah-mênggah tyasnya sang apatih | ningali dyan mantri | kang tinutuh-tutuh ||

31. nora wurung akarya pakardi | satêmah rêrêmpon | ajur samya sadulur wêkase | runjang lan rowang dènnya rêbut sih | bramantya tan sipi | tambuh dhawahipun ||

32. mingut-mingut sinamun ing liring | ing sasolah sagok | myang Dyan Seta Kumitir sêdene | jajanya brit lir mawulat agni | dinulu dyan kalih | lir nuduka gapruk ||

33. Dyan Sasăngka wus angudanèni | ing sasolah pasmon | langkung dènnya ngênorkên ragane | nging jroning tyas sêrambut tan gigrig | pracayèng Sugsma di | sumarah ing ratu ||

34. kawuwusa malih prabu dèwi | kang kondur ngêdhaton | kandhêg anèng gapura tindake | mulat kawiryan rêngganing puri | pura raras rêsmi | lir kaswargan nurun ||

35. myat ing rênggèng prêdăngga sri sumrik | panjrah puspita [pu...]

--- 354 ---

[...spita] ngrok | wijah-wijah jahning maya nglude | minangkara rêsêp mêndannyan sri | lênglêng kalêngkaning | lêngês mara ngungrum ||

36. sêmaning rat ketang karongron sih | duk kaswargèng sinom | angrênggani ing Cakrakêmbange | rikala Hyang Kumajaya Ratih | maembah kang brangti | ing sang karya wuyung ||

37. duk mangiwa saliring ningali | sang murtining sinom | pustakane pandhan surat age | pinêthik tandya sinugsmèng galih | sinrat sastra sandi | linimpat kang têmbung ||

38. pilih janma ingkang ngudanèni | sandine wèh wirong | sinrat dening kênaka lungide | gya sinungkên mring pawongan kalih | satêdhaknya sangking | dhêdhampar sang ing rum ||

39. sarya tindak tan kacakrèng lungit | titising sastrèng ron | wus katampèn sang nata pasmone | gêpah Sêpêtmadu Wilaja glis | mring paglaran mijil | sêgsana tumanduk ||

40. ing Dyan Săngka kang nèng păncaniti | bukuh mangrêpa nor | gya dhumawuh timbalaning rajèng | wus tinampan pustakèng ron sandi | sinugsmèng ing galih | bêbukaning têmbung ||

41. pèngêt maha sang narendra putri [pu...]

--- 355 ---

[...tri] | sinujwèng Sugsmanon | kang sinung rèh ing pra jawatane | kinamulèn sagung widadari | kang kinarsan dadi | lêlakon kaswayun ||

42. dhumawuh ing Radyan Damarsasi | wiyose sang katong | kapêtêngan ing praja rêntênge | ingrèh Menakjingga kyat ing jurit | măndra sura sêgti | tan lawan ing pupuh ||

43. pantês lamun Radyan Damarsasi | ngêntasi palugon | wignya mocok murda digung rajèng | tan lyan yogya pininta sraya di | mung Dyan Damarsasi | kang sih ing kaswayun ||

44. cacadira sang narendra putri | gêgampang ponang wong | dene durung sinungan kamugtèn | sinangsrayan mapag ing ajurit | yèn ta wus amugti | tan kuciwèng sêmu ||

45. ing satêmah ginubêl pakardi | rèh sang prabu sinom | tanpa yayah rena myang kadange | èsthining tyas kawrat ing sastra di | titi punang tulis | sang anom tyas ngungun ||

59. Sinom

1. sêkala kadya sinêndhal | ing driya rahadyan mantri | kurang winalês ing pêjah | mêmanisnya prabu dèwi | galihnya cilik wukir | kongas netyarja sumuluh | gêpah

--- 356 ---

mangsuli sêbda | ing lurah pawongan kalih | dasih nata tan lênggana ing sakarsa ||

2. Ni Sêpêtmadu Wilaja | wus mêsat lumêbèng puri | orêg sagung kang sumewa | pita-ginupita sami | nyana-nyana mawarni | warna-warna bisikipun | ring sang rêkyana patya | sumung-sumung sêdana brit | ngadêg bubar ya ta sampun aluwaran ||

3. gora rèh kagiri gumrah | sagunging wong nêningali | marga gung lir binusanan | kadya sulung mêdal enjing | mulat mawulat asri | păntha pêpanthan supênuh | datan lyan kang ingucap | namung Radyan Damarsasi | sugun-sugun kaya wong takon pawarta ||

4. ya ta ingkang kawuwusa | sang dyah kang tinilar nangkil | kusuma yu Anjasmara | datansah angarsi-arsi | ing kakungnya dyan mantri | poyang-payingan tyas gandrung | sang dyah kabyatan trêsna | gandrung-gandrung angsung brangti | roning kacang anglayung dangu tan panggya ||

5. buron arum kinunjara | maras-marase kang ati | alaki wong kadi Parta | yèn ta dèn limang sukoni | atal sangiting ardi | mendah baya wirang ingsun | pantês sun [su...]

--- 357 ---

[...n] têkèng pêjah | lawe ingkang dinum kêrti | yèn rawuha mêngko kakang sun rarêngga ||

6. baita kaisèn toya | cêpaka rinujit miring | bubrahe ati manira | kèrêm dene wong abênthing | parikan wohing dami | pari kudu ingsun susul | wadung cina pangeran | kinapakna awak mami | pêtis manis jêr dika dadi pocapan ||

7. kêrangeyan munggèng têgal | wong bagus sun anti-anti | kang gêbang binêsut mudha | apêgêl rasaning ati | dene kêpati-pati | seba têka nglangut-langut | sang dyah arsa anggantyan | tansah binuwang ingambil | mung kakunge tan lyan sinambat ing brăngta ||

8. sêbdane mring babu inya | pa gene ta wong asigit | suwe têmên nora prapta | nganggo apa wong abênthing | maras-marase ngati | mênawa mati kêsandhung | sirna kabur kanginan | kodanan udan pawèstri | padha ilang angur sanak bapa biyang ||

9. sêjagat măngsa na memba | kaya dika wong abênthing | olèha ing bênthingira | ujar kèri sarya wingwing | akèha wong awingwing | ujar kari rangkung-rangkung [rangkung-rang...]

--- 358 ---

[...kung] | padha rangkung-rangkunga | ujar kari pêrak-ati | prak-atia ing manah măngsa sênênga ||

10. sapa kang kandhêg kampiran | angganggu mring wong asigit | mawuh angrong prêsanakan | kinraha buta sakêthi | pinarag kaga gêring | sinambêra gêlap sèwu | wanodya kang sikara | linuda ing mutah ngising | wong abagus poma aja salah karya ||

11. ni êmban matur wotsêkar | raka paduka dyan mantri | adangu anèng paseban | tinimbalan prabu dèwi | mêlang-mêlanging ati | mênawi tinuju kayun | pinundhut jatukrama | sinangkan sing solah niti | sêbdaning dyah yaiku maras ngong biyang ||

12. poyang-payingan ing manah | Anjasmara èsmu kingkin | sêgsana Radyan Sêsăngka | wus rawuh dènira nangkil | duk katingal nèng wijil | sang dyah tyasira kumêpyur | gya mêthuk kapang-kapang | gêndrèh-gêndrèh angsung brangti | gupuh-gupuh rahadyan maoni kunca ||

13. gapyuk sêgsana ingêmban | sarya ngaras kang panêpi | samarga awirandhungan | wangwang-winangwang ing liring | rêbut gon kang mêmanis | sang kalih tuhu [tu...]

--- 359 ---

[...hu] abaut | nêdhêng kang pêpasihan | lir mintuna lawan mimi | sang dyah lajêng binêgta ing pêsarean ||

14. supe dhahar lawan nendra | mung kasmarannya kaèsthi | tansah anèng pagulingan | tan ketang karya duk nangkil | mung lêngês marèng rêsmi | mantya wartikèng mangun kung | kongas marjèng ing tilam | srangkara mantrês ingkang sih | arum-arum ing satpada nuksmèng sêkar ||

15. nutug dènnya pacakara | pêrmain tigswara lungit | lungite sinawung brăngta | brangtane amigênani | migêna pamujwan sih | sihira tuwan gumêndur | gupêrnur rat Indhiya | anèng laut măndra rêsmi | pênuh raras mas nonah ing kêpatihan ||

16. wus jinarwa ing suwadya | sapangrèh duk kala nangkil | katitisan sandi sastra | tumrap pustakèng ron rêsmi | sinransraya ing jurit | ing maha kumaraning run[24] | mapag Sri Menakjingga | kyating sura măndra sêgti | têguh timbul prawira ing adilaga ||

17. Rêtna Dèwi Anjasmara | ing manah brangtaning kingkin | wuyang-wuyungan ing cipta | ajrih maras awor asih | jrihnya mring prabu [pr...]

--- 360 ---

[...abu] dèwi | dene gêntining dewa gung | mulya trus mutêr ing rat | sapituduh dèn lakoni | nora wênang mindakèng karsaning raja ||

18. maras-marase kang manah | mênawa tan bangkat kardi | sêpi sangking kira-kira | dudu lawan sirèng tandhing | yèn têmah têkèng pati | gawe răndha tanpa nganggur | sihira wus kênyatan | kumanthil kulunging ati | wusananya sang dyah amănca udrasa ||

19. mingsêg-mingsêg anèng pangkyan | tansah jinum sêbda manis | sinangkan sing nitikrama | tinruskên kasmaya jati | kasampurnaning urip | inguripan ing Sugsma Gung | pangrèh sulanging titah | tata anggêp anèng bumi | binarung sih ruming sabda mangla-êla ||

20. lingsir dalu wancinira | rikala apamit jurit | radyan baut ing srênggara | rèrèh kang ingarih-arih | kamantyan sang sudèwi | asmara tăntra winrês kung | tandya kapi nendra |[25] wus sinarèkkên aririh | kinrangulon sang dyah dening asta kanan ||

21. embah sri nataning atap | manggung winangwang ing liring | kadya murca kinêdhèpna | paja-paja mangkat jurit | trênyuh kabyatan ing sih | ing saniskara [saniska...]

--- 361 ---

[...ra] kaetung | Radyan Damarsêsăngka | lir pêjah sajroning urip | aningali sang dyah kang sawang purnama ||

22. radyan mangunus kang asta | sinangkanan sangking kêdhik | manut sêlanirèng napas | sinamur duk mongah-mangih | Yanghyang Brêmara kadi | sinêdhêng ngrêbasèng santun | yèn kalanira sang dyah | èsmu sêsêg napasnya gis[26] | radyan mantri ngêndhoni tanpa subawa ||

23. kunus pênariking asta | mangu mangêntyas gung brangti | brangti mulat ing wadana | asor hyang purnama sasi | waja gumyur kasilir | kongas tejane ngênguwung | sêngkang hèrnawa muncar | lir lintang sayuta ngalih | rêbut raras goyang-goyang kapêrmanan ||

24. kaya angalapna jiwa | kusuma kang lagya guling | gêtêr madu pinasthika | rêmrêm sata ramyang sumrik | sangsaya rêbut manis | anèng jroning tilam santun | Radyan Damarsêsăngka | lumèngsèr sing jinêm wangi | singêb kongkih sang dyah katrang prêmbayunnya ||

25. manglela maya gumêbyar | Dyan Săngka jêngêr kêpati | anglês sarya ngusap jaja | èsmu mênggah sambat mati | wus tumrun sing jinêmrik | mawang ing garwa mangungun | gilang-gilang [gilang-gi...]

--- 362 ---

[...lang] winulat | sang dyah kêpati aguling | radyan mantri ing manah kadya kang maca ||

26. malih minggah ing paprêman | sang dyah rêtna ingarasi | cinêcêp-cêcêp lathinya | napasing dyah dèn sarêngi | ingêdêd mangrit-irit | tinarik pamiyosipun | tumrun mring wonga-wonga | nugsmèng padaning panêpi | măngsa-borong kang ahli tilawat Kuran ||

27. tajuwit lan mukalapah | bila nonahira minging | sang dyah sampun siningêban | sarya ingmêg-êmêg lirih | dèn apit ing gêguling | asta ingastan mangsak rum | sêkar suwun ingalap | kinarya jimating urip | malah mandar dadya têguh kayuwanan ||

28. mêne sêkarênging solah | pangrèh ing pamujwaning sih | dyan tumêdhak sing paprêman | satindak gya mawang liring | samir èsmu kawingkis | katon mêlok sang lir santun | sang kakung trênyuh ing tyas | gagubah winangun malih | wus tinangkêp datanpa nolih ing wuntat ||

60. Pangkur

1. riwusnya ngrasuk busana | Dyan Sêsăngka tandya sowan apatih | lan parêpatnya wus pangguh | laju ing lampahira | de warnanên ki adipati pinuju | sêdalu

--- 363 ---

pinrak lan putra | Seta lan Layangkumitir ||

2. anèng ing bangsal sineba | gunêm rêmbag gusthi karsaning gusti | pêpucukan nyinèng sêmu | sêmu mring Damarwulan | kadya ingosikkên Sugsmana Kang Agung | pituduh jawata mulya | mring maha sang prabu dèwi ||

3. mangraoskên ingêring rat | wahyuning rat pratingkah ing praja di | tuwin budayaning laku | kalakuaning titah | sinung murah dening hyang bathara luhur | wênang ihtiyar ing lampah | nyalangi durunging pêsthi ||

4. mila tansah rêrêmbagan | kyana patih lan putranira kalih | Dyan Layangkumitir matur | dhatêng yayah dipatya | Damarwulan prayogi cinidrèng dalu | sampun ngantos manjang wirang | yèn lami saya angsal sih ||

5. saya jêmbar kang daulat | kuncara nrus ngait wong Maospait | awrat iritnya ingapus | mojar Dyan Layangseta | yayi aja laku cidra amrih lampus | abot pradataning lampah | kuwat pira nalar siji ||

6. kalah lan nalar sêjagat | pujining kang ngudi dursilèng juti | tan wus ing bahya pinangguh | satêmah kawêndakan [kawê...]

--- 364 ---

[...ndakan] | rama mojar paran rakanira ulun | Dyan Seta matur wotsêkar | yèn sêmbada lawan budi ||

7. yogi angakên narendra | sinangkan sing pangrèh kang madu manis | manis kang pamicara lus | nêbihi kira-kira | winisayèng kartaning buwana samun | sêmonira tan kênyanan | nyanane angraharjani ||

8. lunturing tyas lumagsana | gunging urip tan wontên amrih sisip | mulyaning sinêdyèng kayun | tan wrin yèn pringga pasang | sêsingate andaka têmah tinanduk | linaba suselaning rat | tan susah dadya pakardi ||

9. ing rèh kasiku ing tingkah | sinaidan isining bumi langit | ratu lumuntur kang bêndu | agampil winoran byat | ginosongan ing bêbudèn sêtya tuhu | yèn wus tiwas tyasing raja | gugur kagubêl ing sisip ||

10. saha kang bala kuswala | saprajanya tumindak lawan kingkin | kang kas nalar kang rahayu | ruwêt pamujwa arja | Damarwulan măngsa dadosa têlingus | pêjah kêsandhung ing rata | ngestrenan kalawan niti ||

11. amanggut rêkyana [rêkya...]

--- 365 ---

[...na] patya | wêcana rum sabdanira aririh | luwih bênêr sira kulup | cacade wus kaslêpak | ing wong mayang măngsa kewuhana kulup | wus katêkêm astaningwang | lêlakone Damarsasi ||

12. radyan kalih saya nyêlak | lênggahira ngadhêkês tyas mèstuti | kyana patih sêbdanipun | pating kranthuk anglamat | lan putranya pasmon kewala asamun | gutuk kidul lor kêpranan | lewat-pinalewat lungit ||

13. tandya na abdi manêmbah | matur lamun Dyan Săngkyarsa sumiwi | katrinya ing manah jumbul | sinamur wus ngandikan | nanging pamojarnya tan kandhêg kang wuwus | sasolahira tan owah | sanetya kinardi-kardi ||

14. grêgête yèn kala marna | Sang Sindura duk campuhing ajurit | manise yèn kala muwus | prange dipati Tuban | èsêmira yèn marna para tumênggung | pra dipati para menak | kang samya kanisthan jurit ||

15. gêtun-gêtune ing netya | duk manêbda risaking Maospait | Dyan Damarwulan wus rawuh | agêpah ingancaran [inga...]

--- 366 ---

[...ncaran] | kinèn lênggah lan putra kalih wus kêmbul | abukuh kapara wuntat | ya ta Dyan Seta Kumitir ||

16. tan pêgat matur wotsêkar | sarikutan ingambil kang mêmanis | kang prapta dangu tan dinuk | ing tingal saha sêbda | tungkul dènnya anggumunakên kang atur | mring sudarmanira radyan | luwês kang têmbung patitis ||

17. ya ta sang rêkyana patya | sawusira nimbangi putra kalih | nabda mring Dyan Damarsantun | wartanya ing pakarya | Dyan Sasăngka tandya umangsah wotsantun | ngaturakên sandi sastra | kang tumrap ing ron tinampin ||

18. wus sinugsma ing sang patya | kang nawala tandya sinungkên malih | nabda paran sira kulup | mungguh wêkasing karya | nêmbah matur Dyan Săngka panyiptèng ulun | nadyan dhumatêng ing pêjah | kawula èstu mèstuti ||

19. lumampah mring Prabalingga | sumêngkèng rèh pêngawak braja jurit | lan Si Menakjingga digung | tan lyan ingsun pêpinta | mung pangèstu paduka ingkang sinugun | manggut kya patih ngandika | iya bênrê sira kaki ||

--- 367 ---

20. borong apa karsèng nata | sapituduh kudu dèn lêgsani |[27] balik angkatira kulup | mapag mring Menakjingga | nêmbah matur sira Radyan Damarsantun | inggih lajêng sapunika | manggut kya patih dènnya ngling ||

21. dene lingsir wêngi radyan | garwanira apa wis têpung kapti | dyan matur paduka sunu | dahat tan suka mangsah | mila ulun sowan mring paduka dalu | Anjasmara sangêt mothah | ngong limpe inggih duk guling ||

22. sing jrih kawula mring nata | myang ing tuwan kang sung nugraha ing sih | garwa katilap jinêm rum | patyèsmu mèsêm nêbda | luwih bênêr babo mangkata dèn gupuh | sasat karsanèng jawata | barang parentahing gusti ||

23. Dyan Seta ewa ing manah | mingrê mucang èsêmnya nocog galih | cumêri mènjêp aidu | Kumitir panas mulat | liringira mrakitik kacinèng sêmu | adhoso ingkang pangucap | ki raka mangkata aglis ||

24. poma dipun angsal karya | dèn kapocok Menakjingga ing jurit | Dyan Săngka ngrêpa tan muwus | kya patih ngatag mangkat | nêmbah majêng dyan mantri manugsmèng

--- 368 ---

suku | sawusnya lèngsèr gya mentar | lan parêpatira kalih ||

25. amarêngi padhang wulan | kalalumrang trênggana mawur asri | srining mêmanon mangungun | sumilak ngêmu brăngta | ing sang kadi Parta Asmara mrih pupuh | sang marga sinêmangkara | mring sagung jawata kang sih ||

26. nirbaya tanpa wikara | tan lyan ingkang kaciptèng kasmaya di | mung sandining sastra wèh rum | wirama prama manras | rumasuk sih sutijèngkara sinawung | lamlam brăngta kawurywantas | karêspatèn tigswèng lungit ||

27. tan ingucap kang nrang marga | ginupita malih gitaning patih | Seta Kumitir wus rêmbug | rêmbug kang măntra mulya | glar ingaran braja-trustha tyasing gupuh | lêlandhêping namung tingal | anggêp ungguh agsama sih ||

28. byar raina surya muncar | Anjasmara pinojaran suwadi | sang dyah aniba tan emut | sêmanging driya mamang | byat trisna sih ing kakung tinilar dalu | kuwur sumawuring manah | sapanglilirnya kaswasih ||

29. sêsambat awor karuna | wayang-wuyung marasira kêpati | pawongan pating bilulung | tambuh ing

--- 369 ---

purwakannya | awurahan gustine sinambat wêwuwus |[28] tintrim wong sakêpatihan | sar-saran miyarsèng tangis ||

30. gêpah Rêtna Anjasmara | malbèng pura marsèng byantaranya ji | mangèstu pada kaswayun | sampurnya kuleweran | măncadrasa asambat-sambat mring kakung | prabu kênya angrês mulat | tansah angecani galih ||

31. sasêbdanya gêtir kilang | awusana tandya parentah aglis | mring apatih wus dhumawuh | kinèn abantu lampah- | ira Radyan Sasăngka sadhiya gupuh | gêpah wus samya pininta | dêdamêl ing Maospait ||

32. pararya myang para menak | pra tumênggung dêmang răngga ngabèi | myang balakuswa wus daut | mangrob mangarab-arab | têngarangrok gurnita têtêg makêtug | winantêr winantya budhal | kadi alun nêmpuh wukir ||

33. kang dadya tindhihing lampah | sira Radyan Seta lawan Kumitir | wadya kapatihan magut | pênuh datanpa wilang | pra dipati măncanêgara sêdarum | wong pasisir lèr bêlabar | kadya jalanidhi ngalih ||

34. malih ingkang [ing...]

--- 370 ---

[...kang] winursita | Dyan Sasăngka sinrang lampahira glis | tan kocap kang samya nusul | dêdamêl Majalêngka | kandhêg anèng ing Daha kabrokan mungsuh | barise wong Bêlambangan | Katbuta Kotbuta patih ||

35. myang sagunging para menak | para dhaèng miranti magut jurit | baris aglar opyak mungsuh | kadya dhawuhan bêdhah | gênggêng muntap kaya gunung alêlaku | swara ngrok panjriting liman | kadya udan sinêmèni ||

36. ganjur-maganjur mangrêmpak | braja kilat makilat-kilat thathit | byuh bayu bajra magêntur | gêntur gêtêr sauran | tanjak bajra prêkatha lir sèwu guntur | baris kulon lawan wetan | tan ana sêdya gumingsir ||

 


Kurang satu suku kata: atasira abisaa kang sayêgti. (kembali)
pamrih. (kembali)
masalah. (kembali)
Lebih satu suku kata: êtope tur êpêng-pêngan. (kembali)
rakanta. (kembali)
Kurang satu suku kata: angsal pangèstu tuwan. (kembali)
sampun. (kembali)
aris. (kembali)
Lebih satu suku kata: prabu rara ngandikane. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: jumênênga nagri Majapait. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: namung manrêm sidhêm-sidhêm mrik. (kembali)
12 sinom. (kembali)
13 Ragusuta. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: kang beda mung dêrajate. (kembali)
15 wêkasan. (kembali)
16 sêgahannya. (kembali)
17 têkèng. (kembali)
18 wajik. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: ing ibu sang pramèswari. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: iki si wong ratune ayu utama. (kembali)
21 pêpada. (kembali)
22 mantunira. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: mênjangan kêdawan radèn. (kembali)
24 rum. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: tandya kapi anendra. (kembali)
26 glis. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: sapituduh kudu dèn lêgsanani. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: awurahan gustine sinambat wuwus. (kembali)