Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 84–97)

Judul
Sambungan
1. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 01–16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 17–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 36–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 50–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 61–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 71–83). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 84–97). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 24-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

84. Sinom

1. lampahe sangsaya pêrak | Kuda Tilarsa ningali | duk sarêng pagut ing tingal | sarêng kumêsarnya sami | Radèn Kuda Rêrangin | hèh babo uwong lêlaku | sapa ta aranira | lan ing ngêndi kang winuri | warnanira apêkik magsih taruna ||

2. Rahadèn Kuda Tilarsa | nauri wêcana aris | aku iki wong alasan | kêmul mega kandhang langit | laku ngong tanpa kapti | mung nut saparaning suku | Kuda Rêrangin myarsa | talingan kadya sinêbit | nêbda asru babo-babo dene ladak ||

3. ngêndi wong datanpa sêdya | lan manèh datanpa panti | sajêg ngong andulu janma | durung wrin kadya sirèki | eman warnamu pêkik | cacat ujarmu jalêbut | tan wêruh tata krama | adol akuh[1] nèng wanadri | ya ta Kuda Tilarsa sarêng miyarsa ||

4. talingan kadya sinêbrak | mara lajêng anampiling | Kuda Rêrangin anyandhak | lambungira gya tininggil | binuwang datan têbih | tagsih

--- 549 ---

ngadêg tibanipun | wangsul sigra anyandhak | lambunge Kuda Rêrangin | gya binuwang tibèng doh kajêngkang-jêngkang ||

5. Kuda Tilarsa sêsumbar | aja sira angoncati | dèn padha sura mêrata | ya ta Dyan Kuda Rêrangin | wangsul mangunus kêris | Kuda Tilarsa sinuduk | ya ta Kuda Tilarsa | sêgsana angunus kêris | sami gênti suduk-sinuduk tan pasah ||

6. karone sami prawira | lir panjang putra upami | sinuduk ing alang-alang | swaraning pating carêngkling | kêris wus tanpa kardi | sarêng buwang kalihipun | gênti candhak-cinandhak | adugang bithi-binithi | kalih samya mangarah sêndhal-sinêndhal ||

7. udrêg gèndèng tan kasoran | Rahadèn Kuda Rêrangin | sêmu repot ing ayuda | cinandhak lambungirèki | binuwang tiba têbih | Kuda Tilarsa sru muwus | padha măngsa padhaa | ya Kuda Tilarsa mami | atmajane Rêkyana Patih Udara ||

8. pêpatih ing Majalêngka | Kuda Rêrangin miyarsi | èngêt ing wawêlingira | sang pandhita kala nguni | nir dukanya barêsih | ya ta mara gupuh-gupuh | sarwi lon dènnya mojar | dhuh adhiku sira yayi | katujune yayi mas padha raharja ||

9. Rahadèn Kuda Tilarsa | sêgsana rinangkul aglis | kang sarta ingaras-aras | mring Radèn Kuda Rêrangin | Kuda [Ku...]

--- 550 ---

[...da] Tilarsa nênggih | wus sirna mêmarasipun | tan măntra yèn mêntas prang | tyas rêsêp lajêng ngabêgti | ya ta Kuda Rêrangin lon wuwusira ||

10. yayi mas kawruhanira | lamun tan[2] ora kêpanggih | kang dadya têlênging driya | ngong ulati sira yayi | nguni ingong winêling | ajar kang pratapèng gunung | Arga Wilis mangkana | dènira wêling mring mami | têmbe ngakir kêlamun sira pêpanggya ||

11. satriya bagus taruna | Kuda Tilarsa kang nami | iku kadangmu taruna | lawan sira seje bibi | sayêgti dadi kanthi | Radèn Damarwulan iku | kadangmu ingkang tuwa | Kuda Tilarsa miyarsi | lajêng nêmbah umatur marang kang raka ||

12. wontên ing pundi sêmangkya | inggih Radèn Damarsasi | Kuda Rêrangin lon mojar | krungu ngong nèng Majapait | pan lagi pinisakit | marang Brawijaya prabu | marma yayi karsèngwang | payo rinêbuta yayi | Radèn Kuda Tilarsa alon turira ||

13. langkung prayogi kakang mas | Kuda Rêrangin lon angling | lan ing nguni sun winêkas | marang ring sang maha rêsi | pandhita Gunung Wilis | lamun ingsun aprang pupuh | mungsuh prajurit dibya | bisa nir madyaning jurit | iya iku kadang ngong Dyan Damarwulan ||

14. dhawuhe sang maha tapa | nuli kinon angabêgti | ingsun yayi lawan sira | kinèn pratela

--- 551 ---

sudarmi | kang rayi matur aris | kangmas swawi bidhal gupuh | ngupaya ywa klayatan | bok kasêlan dèn pêjahi | lajêng bidhal satriya kalih sêgsana ||

15. gancange carita prapta | ing nêgari Maospait | jujug madyaning paprangan | Rahadèn Kuda Rêrangin | kêlawan ingkang rayi | sasumbar anguwuh mungsuh | payo wong Majalêngka | kêmbulana ing ajurit | lah ta iki satriya dibyèng ayuda ||

16. kagèt Arya Menak Koncar | myarsa sumbaring ajurit | dinuga satriya Wandhan | dyan arya sigra miyosi | sarwi asikêb biring | sêmana sampun apangguh | tanya Dyan Menak Koncar | sapa aranmu prajurit | mêgsih anom pêkik-pêkik warnanira ||

17. Kuda Rêrangin manêbda | iya tanpa aran mami | ubêngan datanpa wisma | Menak Koncar amiyarsi | krura sru dènnya angling | si bêlis angumbar langguk | aja oncat kewala | tadhahana tumbak mami | gya tinumbak Kuda Rêrangin apanggah ||

18. manangkis asta kewala | watangira kapalêsit | ya ta sarêng narik katga | suduk-sinuduk agênti | tan ana asor kalih | karone prawira têguh | ya ta Dipati Tuban | Dipati Daha ningali | Menak Koncar yudane sêmu kasoran ||

--- 552 ---

19. kalih mangsah ing ayuda | atêtulung ing ajurit | lajêng angarubut ing prang | ya ta waspada ningali | Kuda Tilarsa nênggih | kadangira kinarubut | lajêng têtulung yuda | Dipati Tuban Kadhiri | gya cinandhak binanting binuwang kentas ||

20. Menak Koncar gya cinandhak | mring Radèn Kuda Rêrangin | binanting binuwang kentas | tiba sajabaning baris | Buta Katbuta mègsi | dyan katri kasoran pupuh | ya ta kalih umangsah | prapta madyaning ajurit | lajêng campuh patih Buta gya cinandhak ||

21. binuwang muluk mring tawang | ing Radèn Kuda Rêrangin | tibane lajêng cinandhak | adangu kinarya undhi | ya ta binuwang aglis | tibèng jaban baris agung | tibanira alênggah | mênggèh-mênggèh kyana patih | arsa mangsah sarira wus lêsu lupa ||

22. Angkatbuta rame yuda | lan Kuda Tilarsa nênggih | adangu kakal-kakalan | Angkatbuta kasaliring | cinandhak lambungnèki | kinisar muluk mandhuwur | tiba kinarya onclang | wus dangu binuwang aglis | tibèng jawi barisan amênggah-mênggah ||

23. Sang Aprabu Brawijaya | nèng panggung awas ningali | solahe kang băndayuda | pamit marang garwa aglis | dhuh nimas mundri mami |

--- 553 ---

dèn eca lênggah nèng panggung | pun kakang minta lilah | arsa têtulung ing jurit | dhuh tontonên kusuma yuda manira ||

24. pra garwa sami dèn aras | sang prabu tumêdhak aglis | praptèng ngandhap lajêng mangsah | ari katri dèn dhawuhi | padha nyingkira yayi | ngong papagne mungsuh iku | wus praptèng ranagana[3] | sang nata sampun kêpanggih | jêng-ajêngan lan radèn kalih punika ||

25. Kuda Tilarsa umiyat | lan Radèn Kuda Rêrangin | dhumatêng sri naranata | saya gumêrgêt kang galih | sang nata angling aris | dhuh karo sapa aranmu | dyan kalih asru mojar | tanpa aran ingsun iki | sêdyaningsun mung ambêg pati kewala ||

26. sang prabu arum ngandika | mundura ta sira kalih | eman-eman praptèng pêjah | ngur sira ngabdia mami | ingsun karya bupati | jumênêng punggawa agung | Sang Prabu Brawijaya | wus karaos ing jro galih | yèn mungsuhe ayuda pan kadangira ||

27. Kuda Rêrangin miyarsa | ngandikane sri bupati | asugal pamuwusira | dene kaya bocah cilik | kêjaba awak mami | uwis ajur kumur-kumur | iku gêlêm ngawula | tadhahana kêris mami | radèn kalih narik kris anêmpuh sigra ||

28. anitir panyudukira | Kuda Tilarsa sing kering | Kuda Rêrangin sing kanan | sang

--- 554 ---

nata tan kewran tangkis | sang nata narik kêris | sêgsana suduk-sinuduk | tan ana kang kuciwa | èsmu repot sri bupati | nulya matak aji limunan sang nata ||

29. sêkala lajêng murcita | ya ta sagung pra garwa ji | lumyat sang prabu murcita | sadaya gêtêr ing galih | prasamya têdhak nuli | sangking saluhuring panggung | ngupaya sri narendra | ya ta Dyan Kuda Rêrangin | awas mulat-mulat mungsuhira yuda musna |[4]|

30. kanggêg ing tyas têrataban | kumêsar raosing galih | èngêt wêlinge sang tapa | dyan kalih lajêng anangis | sarwi ajêrit-jêrit | sambat kakang sadulurku | dhatêng pundi kakang mas | Brawijaya kègsi malih | sarwi mojar lah kene padha nyuduka ||

31. dyan kalih datan sarănta | anyungkêmi ing pada ji | pan sarwi lara karuna | sang nata ngandika aris | tutura kang sayêgti | karane padha amuwus | Kuda Rêrangin nêmbah | ing nguni amba winêling | mring pandhita kang sagêt mêcah kaluwak ||

85. Pocung

1. mênawi ngong angandoni ing prang pupuh | lamun mêngsah amba | sagêt musna tan kaègsi | gih punika sadhèrèk kula kang tuwa ||

2. kang pêparap inggih Radèn Damarsantun | sêmangke klampahan | paduka sayêgti pêsthi | kadang amba ingkang

--- 555 ---

wasta Damarwulan ||

3. dupi myarsa sang prabu sigra angrangkul | alèn[5] andikanya | katuju padha basuki | sun tan nyana yèn sira kadang manira ||

4. Menak Koncar lan ari kêkalihipun | nusul mring paprangan | tênapi kang para rabi | sami andhèr umarêg sri naranata ||

5. ngandika rum sri nata mring garwanipun | nimas wruhanira | iku ari ngong sayêgti | atmajane jêng rama Patih Udara ||

6. para garwa sêdaya sami angrungu | sukur ing jawata | sang nata ngandika aris | yayi karo kabèh iki bakayunta ||

7. garwaningsun mara ngabêgtia gupuh | dyan kalih umangsah | ngabêgti mring para rabi | sri narendra ngandika mring Menak Koncar ||

8. tuwin ari Tuban Daha kalihipun | yayi ngabêgtia | iku kadangmu sayêgti | sadulurku tunggal bapa kang taruna ||

9. katiga wus ngabêgti mring sang binagus | rayi matur nêmbah | Rahadèn Kuda Rêrangin | bok marêngi pukulun karsa narendra ||

10. kawula mit aminta lilah sang prabu | umagut ing yuda | mêngsah tuwan Wandhan Anggris | sri narendra sêkala sarêng miyarsa ||

11. inggaring tyas wusana ngandika arum | iya ngong tarima | prasêtyanta marang mami | nanging poma yayi mas dipun prayitna ||

--- 556 ---

12. ari katri sinasmitan mring sang prabu | kinèn bantonana | yudane rahadèn kalih | tur sandika dipati katiga pisan ||

13. sang aprabu sigra minggah dhatêng panggung | lawan para garwa | ayun wrin kang andon jurit | yudanira kang rayi kêkalih samya ||

14. praptèng panggung wus sami atata lungguh | lênggah ngarsa nata | Prabu Kênya Majapait | Anjasmara lawan Sang Dyah Rarasatya ||

15. lênggah munggèng kananira sang aprabu | Sasmita Susela | munggèng keringe sang aji | pra apsari munggèng wuri nata aglar ||

16. Radèn Kuda Rêrangin lan aripun |[6] Dyan Kuda Tilarsa | lampahira sampun prapti | pêbarisan ing Anggris kêlawan Wandhan ||

17. lajêng nêmpuh pangamuke ngiwat-ngiwut | singa sinrang pêjah | kang lumayu nandhang kanin | kagegeran prajurit Nganggris lan Wandhan ||

18. radèn kalih sinosog ing watang ganjur | biring myang gudebag | dèn karutug sasêr[7] mimis | datan kandhêg pangamuke saya sura ||

19. lir gêgilang sinosog ing godhong têbu | radèn pangamuknya | kadi banthèng tawan kanin | wadya Wandhan lan Anggris giris tumingal ||

20. bubar larut baris gung arêbut dhucung | ngungsèkkên umurnya | paprangan padhang barêsih | radèn kalih katingal sru sumbar-sumbar ||

--- 557 ---

21. payo kene rêbutên ing aprang pupuh | ratu Nganggris Wandhan | mêtua tandhing ajurit | papagêna arine Sri Brawijaya ||

22. datan bêtah santana Wandhan angrungu | ran Menak Suteja | prawira taruna pêkik | marêg ngarsa nêmbah ingidèn umangsah ||

23. mandhi lawung praptèng rana sampun pangguh | Dyan Kuda Tilarsa | mara yun-ayunan panggih | sugal angling sira sang Menak Suteja ||

24. sapa ranmu satriya anom abagus | tandangmu ngayuda | sira pêgsa ngêlanangi | gya sumaur ya ingsun Kuda Tilarsa ||

25. prawirèng prang sudira prajurit punjul | wudhu tanpa lawan | lah payo numbaka agis[8] | ngong rasakne ênya dhadha pilihana ||

26. sigra Menak Suteja angikal lawung | dhapur bring lanangan | sarosa panumbaknèki | Radèn Kuda Tilarsa panggah tan pasah ||

27. Dyan rinêbun[9] Menak Suteja kang lawung | nulya narik katga | sinudun[10] rahadèn mantri | eca dènnya gumuyu alatah-latah ||

28. dhuwungira sêmana lajêng rinêbut | gya Menak Suteja | sirahnya dipun idoni | dhasnya sigar Menak Suteja palastra ||

29. gya tinigas kang sirah tinampan gupuh | mring Kutis prêpatnya | rajèng Wandhan aningali | goyang muka [mu...]

--- 558 ---

[...ka] gya Menak Jayasantika ||

30. mangsah ngrana rêspati asikêp lawung | nèng rana wus panggya | lan Kuda Tilarsa nênggih | sigra numbak Ki Menak Jayasantika ||

31. wus rinêbut watange tinikêl putung | anarik curiga | panudukira anitir | dyan rinêbut kêrise kang mêgat nyawa ||

86. Mêgatruh

1. wus rinêbut Jayasantika kang dhuwung | gya sinuduk jajanèki | tatas praptèng gigir lampus | Kuda Tilarsa ambêlik | sêsumbar anguwuh mungsoh ||

2. raja Wandhan lan Anggris agea mêtu | ing kene tandhing ajurit | raja Wandhan dupi ngrungu | talingannya lir sinêbit | parentah nabuh kêndhang gong ||

3. sigra muni kêndhang gong bêndhenya umyung | lir pendah karêngèng langit | raja Wandhan miyos pupuh | sarwi pêdhange tinarik | ya ta mara radèn karo ||

4. Radèn Kuda Tilarsa mapag ing ngayun | sigra pinêdhang tinitir | panggah wulune tan runtuh | malêsa padha wong bêcik | radèn maju nus gupoh |[11]|

5. pedhangira pinêdhangan sang aprabu | lamêng datan anêdhasi | rame pêdhang gênti caruk | tan ana nêdhasi kalih | sarêng dènnya buwang karo ||

6. narik kêris agênti suduk-sinuduk | kêris kalih tanpa kardi | binuwang sarêng angrasuk | acandhak bithi-binithi [bi...]

--- 559 ---

[...thi-binithi] | Kuda Rêrangin wlas anon ||

7. marang ari sêmana lajêng têtulung | yayi mas mundura dhingin | sun lawane mungsuh iku | wus prapta ngayunan panggih | Kuda Rêrangin ling songol ||

8. raja Wandhan apa kang ana sirèku | tamakêna marang mami | raja Wandhan angling asru | lah iya dèn ngati-ati | sun pêdhang dèn padha tanggon ||

9. narik pêdhang Kuda Rêrangin pinupuh | panggah raja Wandhan angling | malêsa padha wong punjul | narik pêdhang Kuda Rangin | sinabêt murdane pêdhot ||

10. Raja Wandhan sêmana pan sampun lampus | wadya lit sami ningali | lamun gustinira lampus | Raja Anggris mangsah jurit | sarêng mangsah radèn karo ||

11. ngikal pêdhang Raja Anggris kinarubut | sinabêt ing pêdhang mati | wadya lit miyat lumayu | bubar larut sirna gusis | salah-tunjang solahing wong ||

12. Kyana Patih Lugêndèr anumbuk-numbuk | lumayu lan putra kalih | katunjang wadya lumayu | nèng marga tiba kuwalik | dèn idak-idak ing uwong ||

13. sampun adhèng sagunging wadya lumayu | Dyan Seta lawan Kumitir | ki patih wus sami lungguh | sarirane ngêmu gêtih | lênguk-lênguk anjêdhodhog [anjê...]

--- 560 ---

[...dhodhog] ||

14. mêgap-mêgap ambêgane ngangsur-angsur | barangkang sami lumaris | katunjang wadya lumayu | galinting mangkurêp siti | tiga pisan angguloso ||

15. kunêng wau kang sangêt kawêlas-ayun | kocap Dyan Kuda Rêrangin | lan ari lajêng umangsuk | marang pasanggrahan aglis | anjêjarah ambêboyong ||

16. rajabrana tuwin sagung para arum | sêdaya tan wontên kari | kang para putri sêdarum | radèn kalih sampun prapti | ing ngarsanira sang katong ||

17. sampun katur boyongan jarahanipun | sang nata suka ing galih | manglêmbana arinipun | sang nata ngandika aris | yayi Lumajang karsèngong ||

18. ingsun kondur malêbu marang kêdhatun | undhangana wadya mami | Menak Koncar tampi dhawuh | têngara bêndhe tinitir | obah kang wadya gung bodhol ||

19. kang jajari nèng ngarsa ri kalihipun | Rahadèn Kuda Rêrangin | lan Kuda Tilarsa patut | nitih kuda dèn songsongi | lir putra Wiratha tinon ||

20. Menak Koncar kang sumambung wurinipun | anulya Dipati Tubin | Dipati Daha sumambung | Sêbdapalon nyambung wuri | jajar lawan Nayagenggong ||

21. nitih kuda rêspati

--- 561 ---

busananipun | ngagêm kampuh ngagêm nyamping | nganggo udhêt abêbêngkung | nganggo kuluk nganggo caping | payungan sarwi lêlagon ||

22. nunggang kuda marêb buri manggut-manggut | gumêr kang sami ningali | samarga dipun gêguyu | tênagane lir wong baring | tan pêgat dadi gêguyon ||

23. kang sumambung ing wuri kang para arum | anulya sri narapati | ing wuri para tumênggung | răngga dêmang lan ngabèi | prajurit swara gumuroh ||

24. tan winarna ing marga lampahe rawuh | ngalun-alun sri bupati | alaju manjing kêdhatun | lawan sagung para rabi | tuwin sagung para sinom ||

25. kang wadya gung sêdaya bubaran mantuk | Rahadèn Kuda Rêrangin | lan ari wus sinung dunung | jinaga para dipati | rumantya karsa sang anom ||

26. Sri Bupati Brawijaya nèng kêdhatun | pinarak lan garwanèki | sêdaya pêpak ing ngayun | sang nata ngandika aris | sagung para garwaningong ||

27. piyarsakna iya ing parentah ingsun | têtunggule garwa mami | maha sang kumaraning rum | dene kang dadi pêpatih | yayi Anjasmara karo ||

28. Rarasati kang măngka gêbayanipun | Sasmita Suselawati | angêrèhna garwaningsun [garwa...]

--- 562 ---

[...ningsun] | wolung atus para putri | sêdaya sami rumojong ||

29. langkung mugti wibawa sira sang prabu | Brawijaya Majapait | kasosèngrat[12] sang aprabu | anglir Radèn Pandhusiwi | nèng Tinjomaya sang anom ||

30. pan ingayap pra widadari sêdarum | Sang Hyang Guru aparing sih | akrama para apsantun | mangkana upamanèki | Brawijaya sang akatong ||

31. Brawijaya amugti wibawa tuhu | kèringan ing mănca bumi | wadyabala asih lulut | akèh para ratu ngabdi | datan marga aprang popor ||

32. awit sangking kungkulan ambêg marta lus | utama ngapurèng dasih | tyas arja ngasturi anrus | santana myang wadya alit | tyas eca sêdaya golong ||

33. siyang dalu sang nata tansah mong lulut | lawan sagung para rabi | suka bungah para arum | tan ana rêngat ing kapti | sang nata gung asmarèng ron ||

87. Asmaradana

1. kunêng wau sri bupati | Brawijaya Majalêngka | ya ta gênti winiraos | Lugêndèr Rêkyana Patya | lan kalih atmajanya | Seta Kumitir sêklangkung | merang ing wardayanira [war...]

--- 563 ---

[...dayanira] ||

2. dhumating[13] sri narapati | têmah kesah nguladara | mring Sulebar ing ciptane | pan arsa aminta sraya | lampahe kyana patya | lan malih atmajanipun | nèng marga sangêt musakat ||

3. wus sirna sipatirèki | labête mugti wibawa | sakêlangkung musakate | wontên gêmpalaning kăndha | kocapa ing prêtapan | Gambir Sakêthi winuwus | sang pandhita ing sêmangkya ||

4. ajar Pamênggrê Sang Rêsi | sangêt dènnya mati raga | kinasihan ing dewane | jinurung sakayunira | wrin dèrènge jinarwa | ajur-ajèr datan ewuh | putus amangolah laga ||

5. ing nalika jênêngnèki | Sang Aprabu Urubêsma | Pamênggêr ginawe pundhèn | binapa sinung mardika | kinarya ngarsèng rêmbag | andhahara aturipun | ki ajar tan têkèng lena ||

6. nguni Prabu Urubêsmi | mung nut karsa digung pugal | surarda dir kumawanèn | ing mangke sang maha tapa | lênggah nèng dhepokira | lawan atmajane jalu | wasta Dyan Menak Supêna ||

7. abagus taruna pêkik | anglir pendah Krêsnaputra | sêmbada kèh kawignyane | prawira têguh digdaya | limpat pasang graita | rèhing wêweka wus putus | ki

--- 564 ---

ajar sangêt sihira ||

8. lir gone yoga pribadi | tumplêg ngèlmune ki ajar | sadaya winulangake | mila langkung kasêgtènnya | pilih ingkang anăngga | kaprawiraning apupuh | mring Radèn Menak Supêna ||

9. jatinira sang apêkik | Rahadèn Menak Supêna | lan ki ajar atma pupon | arine Sang Menakjingga | kang tunggal yayah rena | ing nalika sedanipun | Sang Aprabu Urubêsma ||

10. radèn yuswa tigang sasi | lajêng binêgtèng prêtapan | dèn ulig kinarya jago | malah ta ngantya diwasa | langkung sêgti digdaya | ki ajar alon amuwus | mara ing atmajanira ||

11. kulup sira ing saiki | ngabdia mring Majalêngka | Brawijaya Sang Akatong | dèn bisa sira suwita | amrih asih sang nata | sirnaa tyase kang rêtu | yèn wus klakon sutaningwang ||

12. karpanta kang angèl gampil | ingkang gampil lulus arja | Menak Supêna ature | paranta jarwaning sabda | kawula dèrèng dungkap | ki ajar mèsêm nêbda rum | wruhanira sutaningwang ||

13. malêsa ukum nak mami | marang Prabu Brawijaya | kadangmu dhingin pinatèn | ana sajêroning pura | patine siya-siya | tinugêl ing murdanipun | rahadèn sarêng [sa...]

--- 565 ---

[...rêng] miyarsa ||

14. sêbdane Hyang Maha Yêgti | mawut tyas wêntaring krodha | sumung-sumung pranajane | wadana kadya sinêcang | ginigit wajanira | cipta agea katêmu | lan Sang Prabu Brawijaya ||

15. asru kagagas ing galih | waspa adrês marawayan | awor lan tangis ature | dhuh rama pangèstu tuwan | ulun amit umentar | mugyantuk kakang pangèstu | sagêt malês ukum pêjah ||

16. sang tapa aris mangsuli | kulup poma wêkas ingwang | dèn bisa namur kulane | saupama kuwanguran | cupêt lêlakonira | wruhanamu sang aprabu | Brawijaya Majalêngka ||

17. kinasihan dewa luwih | sêgti dibya mahambara | jinurung barang karsane | pan ora kêna kinasap | yèn luput lakunira | susah sira têmu kulup | ngong gawani kanthi sira ||

18. minăngka amramugari | ya si cantrik Jagabaya | rumêgsaa sira anggèr | sang tapa alon ngandika | hèh cantrik Jagabaya | ngong tuduh mong bêndaramu | mring nagara Majalêngka ||

19. yèn wus prapta Majapait | dèn bisa amèt upaya | ya măngsa bodhoa kowe | sira cantrik Jagabaya | nêmbah matur sandika | sang wiku alon amuwus | lah

--- 566 ---

uwis kulup mangkata ||

20. sun jurung puja sêmèdi | poma kulup dèn prayitna | katêkana sasêdyane | Menak Supêna manêmbah | gya mentar sangking ngarsa | Jagabaya atut pungkur | tan kawarna anèng marga ||

21. gancanging carita prapti | nêgari ing Majalêngka | sang prabu nuju siniwèng | adipati ing Lumajang | Tuban tênapi Daha | lan ari kalih nèng ngayun | Kuda Rangin lan Tilarsa ||

22. lênggah ing dhampar sang aji | ingayap para biyada | lir mas sinangling slirane | sami ngampil upacara | dhêdhêp ing pasewakawan |[14] ya ta kêsaru kang rawuh | Rahadèn Menak Supêna ||

23. lan panakawane siji | anjujug waringin kêmbar | mabukuh ing pasilane | kawistara sri narendra | ya ta alon ngandika | sapa nèng waringin kurung | paranbaya kang sinêdya ||

24. wus asuwe ngong tingali | Dyan Kuda Tilarsa nêmbah | mentar prapta sor wringine | kapanggih Menak Supêna | alon dènnya têtanya | ngong dèn utus sang aprabu | paran dadya sêdyanira ||

25. lan sapa aranirèki | ing ngêndi pinangkanira | Menak Supêna turnya lon | sêdyamba arsa suwita | dhumatêng sri narendra | Menak Supêna ran ulun | wismamba sangking aldaka ||

26. prêtapan Gambirsakêthi [Gambir...]

--- 567 ---

[...sakêthi] | sêmana sawusnya jarwa | Kuda Tilarsa nulya ge | marêg ngarsaning narendra | wus katur saaturnya | ing purwa wusana putus | Brawijaya angandika ||

27. mara timbalana yayi | Dyan Kuda Tilarsa nêmbah | prapta sor waringin age | dhawuhkên sabda narendra | wau Menak Supêna | gya kering ing lampahipun | samarga-marga darminta ||

28. wus prapta ngarsa narpati | marikêlu pilênggahnya | lir konjêm siti mukane | sang nata alon ngandika | wong anom ingkang prapta | têmên sêdya ngabdi mring sun | lumakya sakarsaningwang ||

29. Menak Supêna turnya ris | pukulun sri maharaja | manawi parêng sang katong | ulun tumindak sakarsa | sakit dhatêng ing pêjah | ulun tan rumêngkang kayun | nglampahi rèh padukendra ||

30. sang nata angrês ing galih | kalane sarêng miyarsa | Menak Supêna ature | baya wus karsaning dewa | sih mring Menak Supêna | lir kadi sadhèrèk tuhu | sang nata alon ngandika ||

31. iya sira ngong tampani | ingsun nyatakakên sira | piraba besuk têmbe |[15] ngong bisa mugtèkkên sira | Menak Supêna nêmbah | muka sumungkêm ing lêbu | sukèng tyas kinanthi nata ||

88. Kinanthi

1. sang nata jêngkar [jêng...]

--- 568 ---

[...kar] ngadhatun | bubar sagung kang sumiwi | sami mantuk sowang-sowang | Dyan Menak Supêna nênggih | pan sampun sinungan pêrnah | ing wisma langkung prayogi ||

2. langkung kapracayanipun | radèn marang sri bupati | rina wêngi datan pisah | sumewa kadang sayêgti | rahadèn Menak Supêna | karoban sih mring sang aji ||

3. mèh lali pratingkahipun | ing karsa sang maha rêsi | ya ta èngêt ing wardaya | sêgsana katgadèng wèsthi | nir trêsna marang sang nata | madêg tyas sura kuwanin ||

4. èngêt lenaning sadulur | mangangên upaya sandi | putêg wardaya tan mênga | wusana manabda aris | praye[16] cantrik Jagabaya | paranta rèhira iki ||

5. ngong tan wignya ngampah nêpsu | paran mrih bisa tumuli | kêlakyan sêdya manira | Jagabaya matur aris | anggèr yèn mênggah kawula | sang nata gusti aturi ||

6. dhatêng wana ambêburu | sampun mawi bêgta dasih | ngamungna lawan paduka | sang prabu yêgti marêngi | jêr sangêt sampun pracaya | mring paduka lair batin ||

7. yèn sampun prapta wana gung | cinidra sayêgta[17] gampil | Dyan Menak Supêna myarsa | sêklangkung sukaning galih | lajêng malêbêt ing pura | marêg ing ngarsa sang aji ||

8. prapta ngarsaning sang prabu | manêmbah sumungkêm siti |

--- 569 ---

sang nata alon ngandika | yayi baya ana kardi | sira marêg ngarsaningwang | Menak Supêna turnya ris ||

9. dhuh pukulun sang aprabu | ulun ngaturi upêgsi | wingi dasih ulun prapta | inggih sangking ing wanadri | misaya kang buron wana | saklangkung kathahnya gusti ||

10. lawan malih tutut-tutut | kang buron saklangkung gampil | nanging gusti rêncang amba | wangsul suka prigsa mami | awit gusti tanpa rencang | manawi tuwan marêngi ||

11. sumăngga tindak sang prabu | sampun mawi bêgta dasih | anamung lawan kawula | lan rencang ulun satunggil | punika ingkang wuninga | ênggène buron kang gampil ||

12. ya ta Brawijaya Prabu | sakala sarêng miyarsi | kêlangkung sukèng wardaya | nir ing kasujanan nênggih | baya wus karsaning dewa | kênèng cinthung parêng pasthi ||

13. sang nata alon nêbda rum | yèn kadya mangkono iki | sirèku arumantia | mangkat mêngko bangun enjing | aja na wong ingkang wikan | wong têlu bae lumaris ||

14. lah wis mundura sirèku | bangun marêka mring mami | Menak Supêna manêmbah | mentar sing ngarsa narpati | sapraptaning pantinira | rawan[18] Jagabaya panggih ||

15. warta barang ing rèhipun | miwiti malah mêkasi [mê...]

--- 570 ---

[...kasi] | Jagabaya amiyarsa | kêlangkung sukaning galih | ya ta lajêng arumantya | sadaya rèhing sakêrti ||

16. kunêng dalu sampun bangun | Menak Supêna miranti | sumêgtaning kêlangênan | bêburu marang wanadri | Ki Jagabaya tut wuntat | nyadhong karsa mramugari ||

17. wus busana sang aprabu | miyos sing butulan nilip | rawuh sajabaning pura | Menak Supêna wus panggih | sêgsana lajêng lumampah | sampun prapta ing wanadri ||

18. Ki Jagabaya atuduh | marga jurang pèrèng sungil | sang nata nir ing panyipta | yèn iku upaya sandi | ananjak karti sampeka | maling aguna mrih pati ||

19. Menak Supêna lingnya rum | marang Jagabaya nênggih | ing ngêndi panggonanira | buron alas ingkang gampil | Jagabaya aturira | ing ngarsa ngrika ta gusti ||

20. ya ta lajêng lampahipun | sumêngkèng pringganing margi | siluk sungil jurang-jurang | wus prapta gon jurang sungil | sêgsana Menak Supêna | katgadèng tyas sura mamrih ||

21. manabda kras sura sanggul | sang nata ywa tambuh mami | wruhanira jênêng ingwang | arsa nagih lara pati | iya marang sira mangkya | awit ing nalika dhingin ||

--- 571 ---

22. sira mrih ing lena tuhu | ing kadang ngong Urubêsmi | tanpa dosa marang sira | mung sirago[19] tiba sampir | marang sri kumaraning rat | payo rasakna sêmangkin ||

23. sêbrak gya anarik dhuwung | sang nata dipun larihi | kawatgata jajanira | têrusing walikat kering | rah muncar sumêmbur mabang | sang nata sêrêt dènnya ngling ||

24. kalingane sira iku | kadange Sri Urubêsmi | murdane kang ingsun tigas | sira satriya pênyakit | pantês sira tan wrin wirang | lakunira mamrih silip ||

25. yèn nyata satriya tuhu | surèng prang sudira sêgti | yèn arsa amamrih pêjah | rêbut rok asilih tandhing | satmata mangun jayèng prang | singa ingkang praptèng lalis ||

26. Menak Supêna sru muwus | sang nata sira dèn eling | jati-jatining satriya | utama ingsun tindaki | ngong anut ing gustinira | kakang prabu duk ing nguni ||

27. nalikane sira lampus | lakunira laku maling | sirèku dhustha pusaka | ingkang gada wêsi kuning | siranggo mrêjaya marang | kakang prabu Urubêsmi ||

28. sira tigas murdanipun | katur marang prabu dèwi | măngka patukonmu krama | sandhangên sira sêmangkin | ingsun kang nagih mring sira | sang nata sarêng miyarsi ||

29. anglêg ing wardaya

--- 572 ---

kêju | kênyatan solahing nguni | amrih pati laku cidra | nimpang ing rèh satriya di | tumindak kêlawan nistha | mrih lena culikèng jurit ||

30. ing samangke kênèng ukum | jawata ingkang linuwih | sang nata pasrah ing Sugsma | Sugsmana Kang Luwih Adi | kang misesa ing kawula | ing rèh mobah lawan mosik ||

31. osiking tyas sang aprabu | narima sinung bilai | rèh sumăngga ing satitah | titahe darma nglakoni | nglakoni karsaning Sugsma | Sugsmana kang kumambang sih ||

89. Maskumambang

1. ngangsêg-angsêg napase sri narapati | ngêsah èngêt ing tyas | sagung ingkang para rabi | sang nata mijil kang waspa ||

2. kawistara mring Menak Supêna nênggih | asru dènnya mojar | Brawijaya wêdi mati | baya dudu wong utama ||

3. pantês lamun têrahe wong cukit dulit | sang nata ngandika | dêstun yèn wêdia mati | marmane mijil waspèngwang ||

4. kang sun rasa kaya papolahe sami | para garwaningwang | lawan kadang warga mami | ngong pralena tan uninga ||

5. ya ta angling Menak Supêna pan iki | ing panyaurira | duk kakang prabu ing nguni | apralena dening sira ||

6. garwanira lan sawadya brana sami [sa...]

--- 573 ---

[...mi] | padha siralapgang | samêngko sira ngêmasi | iya dening jênêng ingwang ||

7. pasthi iku isine ing Majapait | kaduwe maring wang | wis ta aja sira pikir | Brawijaya amiyarsa ||

8. mêgêng napas murcita yuswanirèki | layon gilang-gilang | busana wus dipun ambil | marang Dyan Menak Pupêna[20] ||

9. ngeka warna Menak Supêna anuli | kadi Brawijaya | katrima jawata luwih | mung tênaga datan sama ||

10. sigra wangsul Menak Supêna mring puri | lan Ki Jagabaya | sapraptanirèng jro puri | panggih lawan prabu rara ||

11. lawan sagung sêdaya kang para rabi | angajak asmara | mangkana sang prabu dèwi | garjita sajroning nala ||

12. paranbaya sang nata ingkang suwadi | dene têka owah | lan sabên-sabêne iki | prabu rara lon aturnya ||

13. dhuh sang nata sabarna kula sêmangkin | sawêg mintèng dewa | tan kenging parêg sang aji | nulya ngalih para garwa ||

14. ya ta sagung pra garwa sêdaya mègsi | sêmunya sang rêtna | dadya samya asêngadi | pan akathah sêngadinya para sang dyah |[21]|

15. warna-warna pra garwa ingkang sêngadi | langkung èmêng ing tyas | prabu tiron tan angsal sih | ya ta garjitèng wardaya ||

--- 574 ---

16. yèn mangkene tanpa wêkas awak mami | prabu tiron ing tyas | wus sangêt kasmarannèki | tanbuh paraning kang duka ||

17. yèn ngong babar Menak Koncar magsih urip | pasthi dadi beka | bêcik ngong sirnakne dhingin | puniki si Menak Koncar ||

18. tinimbalan Menak Koncar praptèng ngarsi | manêmbah suku sang | muka lir konjêm ing siti | sang nata alon ngandika ||

19. yayi sira ngong duta seba sang rêsi | ingkang amrêtapa | anèng ing Gambirsakêthi | aturêna layang ingwang ||

20. Menak Koncar sandika anulya amit | amundhi walgita | prapta dalêm budhal aglis | lampahira gêgancangan ||

21. praptèng wana Kyai Ajar Tunggulmanik | mangwuh lah mandhêga | sira arsa marang ngêndi | Menak Koncar amiyarsa ||

22. mulat ngarsa tan samar tingalirèki | yèn sang maha tapa | Kyai Ajar Tunggulmanik | sigra mudhun sangking kuda ||

23. gurawalan nungkêmi pada sang rêsi | ya ta angandika | sira ajar Tunggulmanik | paran sira anèng alas ||

24. matur nêmbah Menak Koncar mring sang rêsi | kawula dinuta | putranta sri narapati | ngaturkên surat punika ||

25. inggih dhatêng bêgawan Gambirsakêthi | sang tapa ngandika |

--- 575 ---

lah êndi ngong ayun uning | nuwala ngaturkên sigra ||

26. wus tinampan binuka sang rêsi angling | lah wacanên arya | nuwala sinugmèng galih | kaduga têmbunging sêrat ||

27. lêgêg ing tyas Menak Koncar tan andugi | sang rêsi ngandika | kulup wruhanira mangkin | jro pura kalêbon dhustha ||

28. maling sêgti aguna upaya sandi | amangendrajala | mara sandu bisa manjing | ajur-ajèr datan kewran ||

29. wis balia marang praja Majapait | matura sang nata | yèn ingsun kang akon bali | wruhanira Menak Koncar ||

30. kakangira Brawijaya uwis mati | ana têngah ngalas | kang madêg nata saiki | yaiku kang duratmaka ||

31. Menak Koncar talingane lir sinêbit | jaja bang ngrêbabak | wadana lir wora-wari | sang tapa malih ngandika ||

32. dèn awadi kulup ing pratingkah iki | tan kêna kinasar | iya ing pratingkah iki | sirèku pan ora kêlar ||

33. anadhahi yudane maling puniki | marma dèn asamar | aja pêgat ngati-ati | gonira rumêgsèng praja ||

34. sang pandhita murcita datan kaègsi | Radèn Menak Koncar | wangsul praptèng Maospait | samarga giris ing

--- 576 ---

driya ||

90. Girisa

1. lajêng marêg ing sang nata | praptèng ngabyantara nêmbah | pukulun sang maharaja | kawula anuwun duka | kaduta wangsul ing marga | awit sangking sang pandhita | Tunggulmanik ingkang karsa | sang nata sarêng miyarsa ||

2. yayi tiwas têmên sira | nuruti pandhita gila | wis yayi sira mundura | manêmbah dyan arya mentar | amikir samarga-marga | yèn ta ingsun rasa-rasa | kaya bênêr sang pandhita | iku ingkang duratmaka ||

3. sun timbang solah ngandika | yèn nyata sri naranata | sayêgti măngsa karsaa | anjunjung pandhita gila | iya marang ingkang rama | nanging yèn ngong dulu warna | sanyata Sri Brawijaya | apane ta ingkang beda ||

4. radèn Arya Menak Koncar | saya putêg ing wardaya | krodhanya tanbuh sinêdya | kunêng malih cinarita | Ajar Tunggulmanik prapta | ênggone layon narendra | sang tapa alon ngandika | kulup-kulup lah wungua ||

5. dêlêngên kadhatonira | kalêbon ing duratmaka | sang nata anulya lênggah | mulya kadya kuna-kuna | angraos lir wungu nendra | mulat kanan keringira | umiyat ana pandhita | tan samar paningalira ||

6. ing nguni [ngu...]

--- 577 ---

[...ni] kang asung mulya | duk anèng satêngah wana | binegal ing Layangseta | Kumitir sang nata sigra | nungkêmi ing padanira | pan sarwi lara karuna | sang tapa alon ngandika | dhuh kulup sira linggiha ||

7. mênênga aja karuna | sang nata kagyat alênggah | manêmbah mangranupada | sang tapa alon ngandika | sirèku bangêt pêpeka | misuda Menak Supêna | kadange Si Menakjingga | satêmah gawe wisuna ||

8. dene Si Menak Supêna | pakone wong maratapa | Ajar Pamênggrê kang nama | Gambirsakêthi dhepoknya | pan iku pandhita gila | nrapakên panggawe ala | samêngko sira muliha | hèh kulup kadhatonira ||

9. dèn goni Menak Supêna | malah wus umadêg nata | malih rupa kaya sira | sang tapa anulya musna | Brawijaya mundur sigra | Majapait sampun prapta | kandhêg ngasokkên napasnya | ngêncêngi ingkang busana ||

10. mung cipta mangrurah dhustha | sang nata tan wrin ing baya | gya tindak sitinggil prapta | dukane sangsaya dadra | lajêng prapta pêlataran | malêbêt sajroning pura | murcita sagung wêweka | baya wus karsaning dewa ||

11. bupati jaga tan wikan | Sang Aprabu [A...]

--- 578 ---

[...prabu] Brawijaya | dukane saya andadra | kaya ge nuli panggiha | lawan ingkang duratmaka | kunêng malih winursita | prabu tiron lagya lênggah | nèng sajroning prabayêgsa ||

12. langkung putêg ing wardaya | tan antuk minta asmara | dhumatêng ing para garwa | têkan para nyai ala | tan kênèng awor sarasa | mila langkung susahira | sagunging para biyada | kadya wus saeka-praya ||

13. kasaru sang nata prapta | angadêg anèng ing ngarsa | sarwi sru wêdharing sabda | hèh nyata sirèku dhustha | têdhak turune wong kompra | umadêg ratu culika | tan wirang ing surya căndra | nututa payo sun bănda ||

14. yèn sira pêgsa sudira | kene payo ngadu yasa | kantar bau tamèng jaja | angadu tose kang tulang | kêncênging otot samoa | lêding kulit têpung jăngga | surèng prang sira kasora | mêngkono padha prawira ||

15. tan kaya lêlakonira | satriya nisthapanistha | jalêbut bêtahing wirang | prabu tiron amiyarsa | brêmantya madêg kang sura | tandang acandhak-cinandhak | udrêg dêdêr liru papan | kalihe sami prawira ||

16. pyuk putêr dêdêr-dêdêran | sagunging para biyada |

--- 579 ---

gègèr tan ana kang pirsa | kang êndi sang nata nyata | wusana gumrah karuna | kadya suraking ayuda | kagèt bupati kang jaga | malêbêt marang jro pura ||

17. Menak Koncar nulya prapta | andulu kang băndayuda | warnanira karo padha | èngêting driya dyan arya | wêlingira sang pandhita | nalika kapêthuk wana | wusana jêtung kewala | ari kalih Tuban Daha ||

18. Kuda Rangin lan Tilarsa | prapta arsa tulung yuda | kewuhan tan wikan nyata | bok kaliru kadangira | wusana jêtung kewala | datansah anggigit waja | ya ta kang abăndayuda | kalihe sami prawira ||

19. suduk-sinuduk agêntya | kris kalih sarêng rêmpunya | binuwang tumibèng kisma | sagunging para biyada | lumyat kang abăndayuda | pating jalêrit sambatnya | sawênèh gulung nèng kisma | wastra singsal tan kêrasa ||

20. sangking sangêt marasira | manawa sang nata lena | sawênèh ana biyada | gêdrag-gêdrug jêjak kisma | Anjasmara Sang Kusuma | putêg tyas tan wrin ing nyata | kang êndi sri naranata | mila têmah jrit karuna ||

21. ana sawiji biyada | anggêlut ing kancanira | sumbar payo sun lan sira | ing kene ijèn kewala | singa tiwasa kewala |

--- 580 ---

pinisah ing kancanira | winêngkang-wêngkang tan kêna | arubung para biyada ||

22. sami mi nora bisa |[22] saya rame swaranira | ya ta Prabu Brawijaya | sajroning yuda mêmuja | katrima Hwang Nilakăntha | lajêng ngangsêg ing ayuda | sinuduk sang nata panggah | prabu tiron gya cinandhak ||

23. tininggil ngubêngkên tawang | lir pendah angikal mêrang | wus dangu binanting kisma | prabu tiron kapidhara | adangu tan bisa obah | panganggone rinacutan | mung kari saruwalira | wus warni rupane lama ||

24. èngêt lênggah gya karuna | matur sarwi ngusap waspa | aminta ingkang agsama | sangking sru kadedenira | kang para ari duk umyat | sakêlangkung bramantyanya | gangsal sami sarêng mara | karsa dèn jur lawan kisma ||

25. Menak Supêna karsanya | sang prabu alon ngandika | yayi sêdayanira |[23] dimène Menak Supêna | mulih marang dhepokira | Gambirsakêthi pan iya | puniku namung sadarma | gonira alaku cidra ||

26. pan iku ana kang duta | dimèn warta ing pratingkah | yèn pandhita durung lêga | arsa ngawaki priyăngga | wuwuha sayuta măngsa | manira sêdya mundura | sang prabu malih ngandika | hèh Menak [Mena...]

--- 581 ---

[...k] Supêna sira ||

27. muliha mring dhepokira | tutura mring gurunira | sabarang pratingkahira | manêmbah Menak Supêna | mentar sarêng praptèng jaba | panggih lawan Jagabaya | tutur polah tingkahira | sru ngungun Ki Jagabaya ||

28. sang nata bisa waluya | kalih lajêng lumagsana | gancanging carita prapta | ngarsane sang maha tapa | nyungkêmi pada karuna | umatur pratingkahira | sang tapa malih ngandika | paran kulub budènira ||

29. yèn girisa atinira | ngamongna samono nistha | satriya adarbe sêdya | wirang yèn tan kêlakona | tumingal ing surya căndra | samêngko sira balia | ngong jangkung salakunira | ya ta pinanjingan sigra ||

30. sakabèhing kaluwihan | kadibyan myang kanuragan | kuwanèn sadaya pêpak | Menak Supêna lêgèng tyas | anêmbah sêgsana mentar | dhumatêng ing Majalêngka | sarêng si jangkung nèng wiyat | kunêng Prabu Brawijaya ||

31. sang nata wusnya mêmuja | sangking sruning marasira | Ajar Pamênggrê sêgtinya | sêmana lajêng sineba | pêpak sagung wadyabala | ari kalih munggèng ngarsa | katiga lan Menak Koncar | tuwin Adipati Tuban ||

32. tênapi Dipati [Dipa...]

--- 582 ---

[...ti] Daha | sang nata alon ngandi |[24] hèh ariningsun sêdaya | dèn padha prayitnèng driya | pan iku Menak Supêna | amung lumaku sadrêma | Ajar Pamênggêr kang karsa | luwih sêgti măndraguna | wus gambuh sabarang bisa ||[25]

91. Gambuh

1. yayi mas nora wurung | anêkani iya aprang pupuh | marma sira dèn padha angati-ati | pra ari nêmbah wotsantun | Menak Koncar matur alon ||

2. pukulun sang aprabu | yèn ngarsakna mangkarsa sun êjur | padhepokan inggih ing Gambirsakêthi | kawula pribadi sanggup | sang nata ngandika alon ||

3. yayi tan kêna iku | ginagampang Pamênggêr Sang Wiku | sawusira ngandika jêngkar siniwi | sapraptanira kêdhatun | pinêthuk garwa sang katong ||

4. lênggah ing prabayêgsa wus |[26] lajêng dhahar para garwa kêmbul | wus dumugya linorot ambêngnya sami | kunêng wau lampahipun | Mênak Supêna sang anom ||

5. ing wanci têngah dalu | lajêng malbèng ing jroning kêdhatun | jujug anèng plataran sumbar mêlingi | payo mêtua sang prabu | Brawijaya atandhing rok ||

6. ing kene lawan ingsun | nora wurung lamun sira lampus | marang ngêndi gonmu

--- 583 ---

ngungsi ingsun ungsir | ya ta wau sang aprabu | kang anèng sajro kadhaton ||

7. kagyat sarêng angrungu | wong sêsumbar wus nyana yèn pandung | têdhak sangking ing tilam angrasuk aglis | sakapraboning prang pupuh | sang nata anulya miyos ||

8. praptèng gon ari têlu | duk kapangguh prasamya aturu | gya winungu Menak Koncar mring sang aji | lan atmajèng Tuban lungguh | katiga sarêng wotsinom ||

9. ngandika sang aprabu | cabar têmên yayi sira iku | kakangira karo padha anèng ngêndi | Menak Koncar awotsantun | duk nganglang Jawi kadhaton ||

10. wau ing kesahipun | rinta kalih lajêng nendra ulun | kadi kenging sirêping sandi sinêgti | sang nata ngandika arum | yayi mas sira tan wêroh ||

11. maling malbu kadhatun | sumbar-sumbar ingsun kinèn mêtu | lah papagna ri têlu dèn ngati-ati | ngong ngampingi anèng pungkur | nanging sun nora ngaton |[27]|

12. sandika dyan katêlu | sakêlangkung sukèng tyas sang bagus | nêmbah mentar sapraptanira ing jawi | sasumbar anguwuh-uwuh | êndi ta rupane kang wong ||

13. dhustha kang mara sandu | nanjak kartisampekambêg [karti...]

--- 584 ---

[...sampekambêg] digung | ngêmping lara genjah pati mring jro puri | payo papagêna ingsun | ngadu kyating balung otot ||

14. Menak Supêna ngrungu | wong sêsumbar prayitnèng ing kewuh | sigra marêg prapta yun-ayunan panggih | Menak Koncar awas dulu | yèn ingkang malbèng kêdhaton ||

15. Menak Supêna iku | Menak Koncar abrêmantya asru | anudingi sarwi ngling rêgêding bumi | tan idhêp ngisin nyarungus | prapta nyandi mring kêdhaton ||

16. gya Menak Supêna gupuh |[28] anarajang sarwi ngunus dhuwung | Menak Koncar sinuduk datan ngoncati | eca bapang sarwi muwus | wulu sawiji tan bodhol ||

17. katogna sira asu | panyudukmu payo dèn asêru | ngantya kiyu Menak Supêna astèki | gya cinandhak lambungipun | binuwang tibane adoh ||

18. kuwalik klêngrê dangu | ya ta wau ingkang jangkung luhur | awas mulat mêdhun lajêng animbuli | wus tinimbul lajêng emut | ki ajar lingira alon ||

19. dhuh aja maras kulup | iya lamun isih urip ingsun | măngsa sira kalaha padhaning janmi | Menak Supêna wotsantun | wangsul mangsah ing palugon ||

20. wus prapta gya mangrasuk | Menak Koncar cinandhak [ci...]

--- 585 ---

[...nandhak] kang lambung | dyan ingikal binuwang tiba kuwalik | kalêngêr nèng siti dangu | kang rayi kalih was anon ||

21. sêgsana gya tatulung | sarêng prapta kalihe sinambut | adipati kalih binanting ing siti | kalesedan kalihipun | radèn kalih awas anon ||

22. Kuda Rêrangin maju | lan ari Kuda Tilarsa gupuh | angadhangi radèn kalih kanan kering | Menak Supêna sinambut | lambunge marang sang anom ||

23. Kuda Rêrangin nêpsu | gya binanting sru winasuh-wasuh | lambungira radyan gya cinandhak aglis | binuwang asru sumêbut | lir sawat tibane kulon ||

24. Kuda Tilarsa nyambut | Menak Supêna winasuh-wasuh | dyan binuwang adangu kinarya undhi | marang radèn kalihipun | Menak Supêna kalêson ||

25. napase kêmpus-kêmpus | mêgap-mêgap kang panon sumaput | dyan cinandhak mring Pamênggêr Sang Arêsi | rahadèn lajêng tinimbul | kaluwihan ingkang ngatog ||

26. pamungkas dibyanipun | kinèn bali radèn sigra wangsul | sangêt runtik anulya Kuda Rêrangin | lan ari cinandhak gupuh | ingadu kumba gas[29] karo ||

27. radèn kalih ngalumpruk | kalêngrê ring sit apan dangu [da...]

--- 586 ---

[...ngu] |[30] awas mulat Brawijaya Sri Bupati | kantaka ri kalihipun | sru runtikira sang katong ||

28. lir bêsmi buwana gung | mangsah panggih kêlawan kang mungsuh | dyan cinandhak Menak Supêna tininggil | binanting siti ngalumpruk | cinandhak malih sang anom ||

29. winasuh têngah lampus | arsa tinigas ing murdanipun | sang pandhita awas myat aniyup aglis | cinandhak binêgta mumbul | lajêng ingusadan gupoh ||

30. Brawijaya Sang Prabu | sakêlangkung cuwane tyasipun | de mungsuhnya murca tan ana kaègsi | mulat kanan kering suwung | asru sasumbar sang katong ||

31. maling aja lumayu | hèh balia kêlamun dibya nung | aja sira oncat ngucira ing jurit | Ki Ajar Pamênggêr wau | wusnya ngusadan sang anom ||

32. alon ing wuwusipun | kulup sira dèn prayitnèng kewuh | nyata sêgti Brawijaya ing ajurit | yêgtine dudu tandhingmu | kalah tuwa sutaningong ||

33. nging aja sumlang kalbu | lah ta yayo[31] sun rewangi kulup | nêmbah Radèn Menak Supêna gya bali | tan dangu wus praptèng ngayun | sumêdyarsa bêrêg kêbo ||

--- 587 ---

92. Durma

1. Sang Aprabu Brawijaya sangêt suka | karsane nyandhak nuli | nulya kadhinginan | marang Menak Supêna | sinêndhal binuwang aglis | Sri Brawijaya | tibèng doh kraos sakit ||

2. ya ta wangsul wus panggih ayun-ayunan | sêndhal-sinêndhal gênti | gapyuk rukêt samya | dangu udrêg-udrêgan | agênti banting-binanting | ya ta cinandhak | Brawijaya Sang Aji ||

3. dyan binuwang tibèng doh lajêng kantaka | ya ta wau kang prapti | sangking awang-awang | têtulung mring sang nata | sira Ajar Tunggulmanik | lajêng cinandhak | sang nata dèn tambani ||

4. lon ngandika dhuh kulup aja pêpeka | ana ingkang botohi | mungsuhira yuda | jangkung nèng awang-awang | pandhita luwih sinêgti | sira balia | lah iki gonên kaki ||

5. pusakaku nora êning pan wasiyat | eyangmu buyut nguni | cupu sakêmbaran | kadebyan kaluwihan | ya ta lajêng dèn tampèni | sri naranata | sayembah surèng galih ||

6. wus apanggih ayunan Menak Supêna | asru dènira angling | sira magsih gêsang | Sang Prabu Brawijaya | alon dènira nauri | karsaning [karsa...]

--- 588 ---

[...ning] Sugsma | magsih salamêt mami ||

7. payo kene Menak Supêna ayuda | apa anèng sirèki | tamakna maringwang | sigra Menak Supêna | sêdhèt narik curiga glis | lajêng mrêjaya | wanti-wanti tan titis ||

8. gya cinandhak sira Dyan Menak Supêna | nèng asta sru tininggil | binanting ing kisma | ngalumpruk mèh palastra | Ki Ajar Gambirsakêthi | awas tumingal | sagêndhinge kang siwi ||

9. ngadu yasa mangrok prang tansah kasoran | ki ajar dyan samèdi | manungku ing cipta | ênir sakèh wikara | sumurub garbaning siwi | Menak Supêna | gadgada mangsah jurit ||

10. ya ta wau sêmana awas tumingal | Ki Ajar Tunggulmanik | asru dènnya mojar | kulup-kulup lèrèna | nya ajar luwih juti |[32] prang padha bocah | munduran dèn tuwani ||

11. ya ta Ajar Tunggulmanik sigra nugsma | ing garbane sang aji | sêgsana umangsah | panggih ayun-ayunan | Menak Supê nyuduki |[33] marang sang nata | wanti-wanti tan titis ||

12. gya cinandhak mring nata binuwang kentas | tibèng doh kajumpalik |

--- 589 ---

asru bêndunira | lajêng ngêningkên cipta | tis grana apusikaning | manêdhèng dewa | saciptanira dadi ||

13. prapta ngayu[34] dahana amubal-mubal | kadi mèh sundhul langit | lir yamadi[35] babal | nulya sinung parentah | gêni sirnakêna aglis | mungsuh ngong aprang | dyan mara ponang agni ||

14. marang gone Sang Aprabu Brawijaya | sang nata aningali | sigra nyipta udan | sêkala alimêngan | udan dêrês sangking langit | tibèng dahana | padha kasirêp mati ||

15. langkung duka Rahadèn Menak Supêna | gunane tanpa dadi | gya malih mamuja | samèdi marang dewa | tan antara naga prapti | gêng saandaka | panjangira nglangkungi ||

16. netra kalih sinawang lir surya kêmbar | siyung sadhêpa sisih | ilatnya lir kilat | mangap mêtu wisanya | kumêbul saengga riris | dyan sinung sabda | naga sirnakna aglis ||

17. mungsuh ingsun ayuda Sri Brawijaya | tagsaka gya lumaris | ngakak swaranira | kumêbul wisanira | sang nata awas ningali | gya nêdhèng dewa | maladi sêmèdining ||

18. pamintanya manyura garudha yagsa | katrima ya ta

--- 590 ---

prapti | pêgsindra saendra | patut amawa braja | sang nata ngandika aris | garudha yagsa | papagna naga iki ||

19. asandika garudha mumbul ngakasa | naga sinambêr kêni | sirahira pêjah | gya binêgta gêgana | sirna pêngabarannèki | Menak Supêna | sêdaya tanpa dadi ||

20. miris ing tyas ki ajar miyat wêrana | mumbul marang wiyati | sarwi asêsumbar | hèh payo tututana | ya ta Ajar Tunggulmanik | miyak warana | lajêng mumbul wiyati ||

21. panggih lawan Pamênggêr nèng awang-awang | Ki Ajar Tunggulmanik | asru dènnya mojar | Pamênggêr tutugêna | sira arêp amrih pati | ya aja oncat | ing kene padha bêcik ||

22. giris ing tyas Ajar Pamênggêr tumingal | mring Ajar Tunggulmanik | sêgsana lumajar | tinut saparanira | ya ta Ajar Tunggulmanik | nyipta pawana | katrima lesus gumrit ||

23. sinung prentah hèh barat sira sirnakna | Ajar Pamênggêr iki | ya ta nêmpuh sigra | barat gung alimêngan | Pamênggêr katut ing angin | nora karuan | tiba lan pêrnahnèki ||

24. kunêng wau kang aprang Menak Supêna | kêlawan sri bupati | gya Menak [Mena...]

--- 591 ---

[...k] Supêna | cinandhak mring sang nata | nèng asta tininggil-tinggil | kadya likasan | wus dangu gya binanting ||

25. sinabêtkên Menak Supêna angganya | ing kayu nagasari | ajur anggalêpang | wancinya wus byar rina | kumpul sagung para ari | nèng ngarsa nata | ya ta wau kang prapti ||

26. cumalorot nèng ngarsa sang nata nêmbah | Ki Ajar Tunggulmanik | alon dhawuhira | kulup samêngkonira | Ajar Pamênggêr wus ênir | nora karuan | ginaib ing Sugsma Di ||

27. ya wus kulup ing galih manira lêga | sirna kalilip mami | si ajar culika | samêngko wus murcita | kulup sira sun jatèni | saèsthinira | ngong sudarmanta yêgti ||

28. iya ingsun kulup Ki Patih Udara | beja tuhu nak mami | umadêg narendra | tinunggu yayah rena | kadang warga amêpêki | sang nata myangsa[36] | ngandikane sang rêsi ||

29. sèwu suka lajêng anungkêmi pada | sarwi lara anangis | ulun botên nyana | tuwan sudarma amba | duk ulun amanggih wèsthi | mulya sing tuwan | ciptamba lyan sudarmi ||

30. angandika sang tapa kulup linggiha | arinta anèng ngêndi | Kuda Rangin lawan [la...]

--- 592 ---

[...wan] | rinta Kuda Tilarsa | dyan kalih majêng ngabêgti | rinangkul sigra | kang rama nêbda manis ||

93. Dhandhanggula

1. wis lungguha kulup putra mami | Menak Koncar majêng awot sêkar | gantya dipati Tubane | anulya arinipun | apan sami rinangkul sami | wus samya tata lênggah | nèng pandhapa agung | Brawijaya lon ngandika | lah ta yayi Kuda Tilarsa dèn aglis | sira manjinga pura ||

2. bakyunira timbalana sami | ngabêgtia kangjêng rama prapta | kang rayi gya nêmbah lèngsèr | wus prapta jro kêdhatun | marêg nêmbah mring prabu dèwi | matur dhawuh sang nata | sêdayanya katur | ya ta sang prabu wanodya | Anjasmara Rarasati dhawuh aglis | ya marang para garwa ||

3. ingandikan marang ing pandhapi | Anjasmara dhawuh mring Sasmita | Rarasati dhawuh age | marang Susela sampun | lajêng tumrap mring para rabi | wus sami abusana | gya sang kumarèng rum | miyos marang ing pandhapa | ginarêbêg sagung ingkang para putri | sampun praptèng pandhapa ||

4. marêg nêmbah marang sri bupati | angandika Prabu Brawijaya | nimas ngabêgtia age | yaiku sudarsun [sudar...]

--- 593 ---

[...sun] |[37] aywa kari arimu sami | lan kabèh garwaningwang | sang rêtna wotsantun | ya ta sang prabu wanodya | angabêgti mring Ki Ajar Tunggulmanik | ingaras kang lungaya ||

5. alon nabda Ajar Tunggulmanik | bêja tuhu pun bapa punika | nugraha gêng kang dhumawoh | aduwe mantu ayu | madêg nata pra dewa asih | sang prabu dèwi nêmbah | mring rama anuwun | nulya Dèwi Anjasmara | marêg nêmbah sumungkêm pada sang yogi | rinangkul ingkang jăngga ||

6. lan ingaras bêmbunira nênggih | angrês wêlas anuntak trêsnanya | sruning sih nrus ing kalbune | Dyan Anjasmara mundur | Rarasati majêng wotsari | Sasmitaningrum nulya | wusira amundur | Suselawati manêmbah | garwa gangsal wusira atata alinggih |[38] nulya sagung pra garwa ||

7. nugsmèng pada sagung para putri | ganti-ganti wusira sêdaya | samana tata lênggahe | sang tapa ngandika rum | Brawijaya karsèngong mangkin | yun dhepok nèng pungkuran | nimbali ibumu | karyakna wisma lit ingwang | kinubênga ing balumbang isi warih | nata matur sandika ||

8. angandika

--- 594 ---

marang ari katri | lah yayi mas inggal akaryaa | dadyoa tri dina kiye | sandika ri katêlu | gya tumandang anambut kardi | kalih dintên wus dadya | asri dhepokipun | binusanan kêmbang-kêmbang | jinêmbangan pinarnah têpining warih | singa myat langên ing tyas ||

9. tur uninga wau sri bupati | mring kang rama yèn dhepok wus dadya | sang tapa lon timbalane | boyongana ibumu | Sabdapalon lan Nayakarti | ki prabu gawakêna | mrih tyas aywa kuwur | lan rinta Kuda Tilarsa | lan maninge arimu Kuda Rêrangin | prihên boyong ibunya ||

10. nêmbah lèngsèr wau sri bupati | nèng pandhapa sigra pêparentah | yayi mas Tuban karone | pondhongana jêng ibu | Sabdapalon lan Nayakarti | kang dadi kanthinira | yayi mas sirèku | Kuda Rangin mondhongana | kangjêng bibi sira yayi sun kanthèni | Si Răngga Minangsraya ||

11. yayi Kuda Tilarsa sirèki | kangjêng bibi sira pondhongana | sun kanthèni bupatine | Menak Giyanti iku | tur sandika ingkang tinuding | samêgta nulya budhal | tan winarnèng ênu | prapta

--- 595 ---

prênah sowang-sowang | nir wuwusên gênging suka onênging sih | ni endhang katrinira ||

12. sigra budhal lawan sang arêsi | sang bêgawan musthika amilya | cinatur wau praptane | anèng ing Majalangu | lajêng manjing marang jro puri | sang nata mêthuk natar | gupuh nugsmèng suku | kang ibu ngrangkul kang putra | kèh sambatnya kagagas wartanya nguni | mangkya têmah wibawa ||

13. sèwu kêthi sang dyah rosing galih | dènnya datan nyana ing wardaya | pêgat-pêgat ngandikane | kulup iku iyangmu | sri narendra sigra ngabêgti | dhumatêng ingkang eyang | ring sang maha wiku | lajêng lênggah nèng pandhapa | sampun tata bok endhang sarêng ningali | mring raka ngraup pada ||

14. sarwi asru kalara anangis | Kyai Ajar Tunggulmanik umyat | mring garwa sangêt wêlase | ya ta gya nugsmèng suku | nênggih Ajar Sang Tunggulmanik | dhumatêng maratuwa | wusnya tata lungguh | anulya sang prabu rara | nugsmèng pada dhatêng maratuwa èstri | lajêng dhatêng kang eyang ||

15. wusnya mundur sigra para rabi | ganti-ganti wus rampung sadaya | anulya tata lênggahe |

--- 596 ---

kasaru praptanipun | Radyan Kuda Rangin lan bibi | sarêng Kuda Tilarsa | lawan ibunipun | lajêng prasamya pranata | wusing sami atata dènira linggih | dhadharan gya tinata ||

16. sampêt pênuh kang pamboja asri | samubarang kang tinata ana | wusnya dhahar bubar kabèh | nata malbèng kêdhatun | lawan sagung kang para rabi | Hyang Tunggulmanik marang | dhepokira pungkur | lan garwa katiga pisan | mangun onêng-onêngan nutukkên ing sih | Rêsi Musthikamaya ||

17. pinarnahkên ing sanggar panêpi | kunêng sigêg ingkang mangun suka | ya ta gênti winiraos | mangsuli kăndha ngayun | duk nalikanira ing nguni | Kyai Patih Udara | duk kalane nglangut | marang nêgara Sulebar | krama antuk putranya sri narapati | nata Prabu Sulebar ||

18. apêputra jalu mung satunggil | yoswa[39] wolung warsa gya tinilar | wus sinung parap ramane | Rahadèn Panji Wulung | eyang seda wayah gumanti | madêg natèng Sulebar | bagus dibyèng pupuh | tan kewran gêlaring yuda | kunêng malih lampahe Rêkyana Patih | Lugêndèr

--- 597 ---

lan kang putra ||

19. Layangseta lan Layangkumitir | kyana patih nèng praja Sulebar | anambangi lan putrane | sampun lami misuwur | gènnya dadi juru nambangi | nèng desa gêng kang bawah | ing Sulebar iku | Prabu Panji Wulung mangkya | siniwaka punggawa para prajurit | aglar tarap nèng ngarsa ||

20. ingkang munggèng ngarsaning narpati | kyana patih wasta Pêcattăndha | ing wuri bupati andhèr | sang prabu ngandika rum | bapa patih ingsun miyarsi | yèn ingkang madêg nata | nagri Majalangu | jumênêng ratu wanodya | luwih ayu ing jagat datanpa tandhing | kyana patih wotsêkar ||

21. kasinggihan dhawuh dalêm gusti | patihipun nèng Praja Sulebar | wit sangking sangêt wirange | suwita ratu ayu | sri narendra ngandika aris | lamun mangkono bapa | patih Majalangu | ingkang lunga timbalana | kyana patih sigra anduta sira glis | nimbali ki jru nambang ||

22. tan cinatur rêroncèning kardi | kyana patih wus kèrit ing duta | prapta ngarsaning sang katong | wus kinèn jajar lungguh | lan patihe sri narapati | sang nata [na...]

--- 598 ---

[...ta] lon ngandika | bagea praptamu | nuwun patikbra bathara | dhawuh dalêm dadosa jimat paripih | kapêtêg mustakamba ||

23. angling malih wau sri bupati | sira prapta gawe sukaningwang | ingsun tanya sayêgtine | paranta marmanipun | sira tinggal ing Majapait | Patih Lugêndèr nêmbah | sagung tingkahipun | ing purwa madya wusana | langkung ngungun Panji Wulung Sri Bupati | wadana sêmu duka ||

24. dangu datan angling sri bupati | awusana dhawuh mring patihnya | hèh bapa dandana age | sakêprabon prang pupuh | dèn samêgta wadya ngong sami | lawan mêpaka palwa | sun arsa anglurug | mring nêgara Majalêngka | ingong budhal iya dina benjing-enjing | patih matur sandika ||

25. sri narendra jêngkar malbèng puri | kyana patih prapta pagêlaran | sigra dènnya nabuh bêndhe | tambur bèri gumuruh | slomprètira munya mêlingi | têngara magut yuda | wadya gung wus kumpul | sumêgta kaprabon yuda | Sri Narendra Panji Wulung sampun mijil | angrasuk praboting prang ||

26. lajêng budhal marang ing pasisir | lan sawadya [sawa...]

--- 599 ---

[...dya] wus samêgtèng yuda | wus kamot ing palwa kabèh | têngara jangkar daut | babar layar katiyup ngangin | kunêng ta anèng marga | pêlabuhan rawuh | ing tanah Sêdayu enggal | aparentah labuh jangkar layar giling | sang nata sigra têdhak ||

27. sangking palwa nèng pinggir pasisir | abra sinang tata pêsanggrahan | wadya gung umyang swarane | tabuhan dina umyung | samya giris sagung wadya lit | prasamya ngungsi kutha | wênèh marang gunung | ana marang alas-alas | jurang trêbis kubêng kang anèng pasisir | kocapa sri narendra ||

28. Brawijaya Nata Majapait | siniwaka aglar pra punggawa | sêdaya wadyabalane | kang parêg ngarsa prabu | Menak Koncar lan ari kalih | Kuda Rangin Tilarsa | lan ri kalihipun | Adipati Tuban Daha | yèn sinawang sananya kang sumiwi |[40] lir wukir kembang-kêmbang ||

29. sri nata ngling mring Dipati Tubin | yayi paran wartane ing jaba | Dipati Tuban ature | pukulun sang aprabu | patik ulun atur udani | wontên dêdamêl prapta | nèng kisik Sêdayu |

--- 600 ---

sangking nêgari Sulebar | tungguling prang Prabu Panji Wulung pêkik | sêmbada prawirèng prang ||

30. lajêng sami jêjarah wadya lit | tiyang dhusun sami kagegeran | sang nata lon timbalane | yayi lamun kadyèku | têngaraa samêgtèng jurit | sun arsa mapag yuda | nèng jaban prajèku | sandika Dipati Tuban | sri narendra kêngkar[41] kundur malbèng puri | pinêthuk para garwa ||

31. lajêng lênggah prabayêgsa nênggih | pan ingayap sagung para garwa | Prabu Kênya nèng iringe | sang prabu ngandika rum | ingsun yayi aminta pamit | lan kabèh garwaningwang | sun arsa amêthuk | ripune natèng Sulebar | pawartane Ratu Sulebar sinêgti | surèng prang tur taruna ||

94. Sinom

1. umatur sang prabu rara | tuwin sagung para rabi | mênawi parêng sang nata | kawula dhèrèk ajurit | sang nata ngandika ris | aywa mèlu mirah ingsun | karia tunggu pura | pun kakang umagut jurit | pasrahêna Sugsmana ingkang winênang ||

2. andhêku sang prabu rara | tuwin sagung para rabi | jroning tyas sami sungkawa | wusana [wusa...]

--- 601 ---

[...na] rumajong kapti | ya ta wau sang aji | pamit marang ramanipun | tuwin marang kang eyang | ingidèn gya malbèng puri | kunêng nata kocapa paseban jaba ||

3. Radèn Arya Menak Koncar | tuwin sagung pra dipati | têngara umyang gumêrah | sadaya sampun rumanti | sapraboting ajurit | akumpul sajuru-juru | ya ta sri naranata | wus ngrasuk kaprabon jurit | sigra budhal kèndêl anèng sitibêntar ||

4. adhawuh têngara budhal | bêndhene sigra tinitir | kang dadi cucuking lampah | Menak Koncar lan ri kalih | Dipati Daha Tubin | lajeng wau sang aprabu | ginarbêg pra dipatya | ari kalih kang nindhihi | Kuda Rangin kêlawan Kuda Tilarsa ||

5. sinawang untabing bala | lir pendah sela blêkithi | kadya wêrdu ăngga sasra | atata lampahing baris | lir udan sinêmèni | kang swara umyang gumuruh | wadya tanpa wilangan | wus lêpas lampahirèki | lajêng tata barise nèng ara-ara ||

6. blabar lir jaladri pasang | wus rinakit gêlarnèki | kang wadya cucuk myang dhadha | panjawat lan awaknèki [awa...]

--- 602 ---

[...knèki] | buntut tênapi kiping | [...] | [...] | Sang Panji Wulung nênggih |[42] siniwaka anèng tarub pasanggrahan ||[43]

7. Patih Pêcattăndha ngarsa | prajurit jêjêl nèng wuri | sang nata alon ngandika | bapa prabu Majapait | samêgta ing ajurit | payo têngaraa gupuh | pratăndha mêtu ing prang | sandika rêkyana patih | sigra nabuh têngara nitir wurahan ||

8. kumêrab sagunging wadya | samya sadhiya ngajurit | bandera lêlayu abra | daludag bul-umbul nênggih | lajeng tata abaris | budhal ingkang baris agung | praptèng papan apanggya | lan wadya ing Majapait | sarêng surak sarêng nêmpuh ing ayuda ||

9. rame kang abăndayuda | kapanggih prasami wani | têmpuh wor ulêng-ulêngan | ana kang bêdhil-binêdhil | sawênèh gênti biring | ana kang suduk-sinuduk | ana pêdhang-pinêdhang | sawênèh bithi-binithi | ajotos jêjêg adugang-dinugang |[44]|

10. kang aprang kathah warnanya | mungsuh rewang kathah mati | ting galêrêng wong kabranan | padha sambat kaki nini | wênèh sambat nak rabi | ana sambat bapa

--- 603 ---

biyung | ana kang sambat kadang | wanuhan mitra kêkasih | kang sawênèh ana sambat bedhangira ||

11. Kyana Patih Pêcattăndha | pangamuke ngowak-awik | wong Lumajang Tuban Daha | tênapi wong Majapait | tan ana măngga pulih | sêdane bubar larut |[45] kantun lajêr kewala | Menak Koncar aningali | sru bramantya sigra mangsah ing ayuda ||

12. ngagêm lawung wus apanggya | kêlawan rêkyana patih | Pêcattăndha atêtanya | sapa aranmu prajurit | mundura dipun aglis | eman aja prang lan ingsun | sira tanya maringwang | Menak Koncar aran mami | iya ingsun Adipati ing Lumajang ||

13. sira sapa aranira | sumaur kang dèn takoni | ingsun Patih Pêcattăndha | Sulebar prawirèng jurit | lajêng lêmbing-linêmbing | kalihe prasami têguh | dangu amain watang | Menak Koncar kasaliring | watangira ginêbang putung tinumbak ||

14. dhadhane tan pasah niba | dangu kalêngêr ing siti | lajêng rinêbat ing bala | binêgta lumayu aglis | Dipati Tuban panggih | lawan Măndhalika sampun | rame lantaran watang | Dipati Tuban [Tu...]

--- 604 ---

[...ban] kalindhih | kawatgata tinumbak jaja tan pasah ||

15. kontal kantaka nèng kisma | rinêbat ing wadya aglis | dene Sang Dipati Daha | dangu dènnya main biring | lan Măndhasiya nênggih | agênti lawung-linawung | ya ta Dipati Daha | kasliring tinumbak kêni | jajanira kantêp kantaka nèng kisma ||

16. lajêng rinêbat ing wadya | larut wadya Majapait | Lumajang Tuban lan Daha | ing payudan sirna gusis | wong Sulebar nyuraki | swarane lir gunung guntur | payudan bêrsih padhang | mung kari wadya kang mati | kawistara ing radèn Kuda Tilarsa ||

17. nênggih lawan ingkang raka | Rahadèn Kuda Rêrangin | sêklangkung brêmantyanira | sêgsana mangsah ing jurit | langak-langak nèng margi | lir sêmpal lembeyanipun | ingoglèng kang curiga | kampuhe cinincing-cincing | gleyah-gleyah kadya mênjangan kêtawan ||

18. sêsumbar ariyak-riyak | pathak papagêna mami | Kuda Rêrangin kêpanggya | lawan Pêcattăndha Patih | radèn amuwus bêngis | hèh pathak sapa arakmu[46] | sato payo numbaka | pilihana ngarêb buri | aja mlongo kêbak lalêr

--- 605 ---

cangkêmira ||

19. sira Patih Pecattăndha | dangu tan bisa mangsuli | wusana alon amojar | aku ing Sulebar Patih | Pêcattăndha ran mami | dhuh pantèn sapa aranmu | Kuda Rêrangin mojar | sato sira tambuh mami | Kuda Rangin hèh kênyung payo numbaka ||

20. yèn kuwatir săngka ngarsa | pilihana ênya gigir | mung sok aja numbak mata | sêpêt rasane yèn enjing | Pêcattăndha nglarihi | anitir panumbakipun | malah bêngkung kang tumbak | rahadèn wulu tan busik | alon mojar mara manèh anumbaka ||

21. dene ta panumbakira | kaya mêri nocor mênir | Patih Pêcattăndha ngucap | malêsa Kuda Rêrangin | radèn sugal nauri | nistha asu ingsun nuduk | jêr ta dhêdhapurira | kaya kirik gudhig mêngi | radèn riyak cumêngkling suwaranira ||

22. Pêcattăndha ingidonan | sumaput niba tan eling | Măndhalika Măndhasiya | kalih mangsah ngêmbat biring | Kuda Tilarsa panggih | lawan Măndhalika wau | lajêng nitir anumbak | rahadèn kinrubut kalih | tinumbakan sangking wuri sangking ngarsa ||

23. nanging [nang...]

--- 606 ---

[...ing] radèn datan pasah | Măndhalika crah kang biring | lajêng anarik curiga | panyudukira anitir | nanging datan nêdhasi | wulu sawiji tan runtuh | Kuda Rêrangin inggal | têtulung marang kang rayi | Măndhalika pinancat sêsalangira ||

24. pinuntir gulune pêgat | aniba lajêng ngêmasi | Pranalika gya lumajar | Măndhasiya sangêt runtik | mangsah anitih wajik | tan sarwi asikêp lawung | lan Kuda Rangin panggya | Măndhasiya asru angling | hèh ta thole sira sapa aranira ||

25. mundura sira sun eman | mênawa sira ngêmasi | nututa sira sun bănda | sumaur Kuda Rêrangin | dene têka gumpil |[47] arsa abănda maringsun | hèh ta payo têkakna | budinira gênjik gudhig | Măndhasiya ngêmbat lawung sigra matang ||

26. Dyan Kuda Rangin apanggah | tinumbakan nora busik | nyandhak dhase Măndhasiya | gulune pêdhot pinuntir | kinarya clang kang jisim | binuwang tiba gumêbrug | anèng ngarsaning nata | Prabu Panji Wulung mègsi | sangêt [sang...]

--- 607 ---

[...êt] duka wruh jisime Măndhasiya ||

27. sêgsana nitih turăngga | ngêmbat lawung mangsah jurit | sapraptanira ing rana | kêpanggih Kuda Rêrangin | sang nata asru angling | hèh prajurit pêgsa langguk | ngêntèkke balaningwang | sapa ta aranirèki | lah mundura sun eman mênawa pêjah ||

28. Dyan Kuda Rêrangin sugal | aja tambuh sira bêlis | Kuda Rêrangin manira | sadulur nom sri bupati | kondhang prawirèng jurit | tau mocok dhasing ratu | hèh payo têkakêna | apa sakarsanirèki | ngêmbat watang Prabu Panji Wulung numbak ||

29. Kuda Rêrangin anggêbang | adangu lantaran biring | kalihnya lawunge patah | sarêng binuwang kang lêmbing | rukêt banting-binanting | ya ta Prabu Panji Wulung | cinandhak lambungira | kinisar tibane têbih | kraos sakit dhêlêg-dhêlêg sarwi lênggah ||

30. pangunadikaning driya | sajêg ingsun mangun jurit | durung amanggih satriya | ingkang kaya siji iki | Sri Panji Wulung nuli | asidhakêp astanipun | tis grana pusika |[48] nutupi wara sangèki | ninging cipta manêgês karsaning Sugsma ||

31. pamintaning jroning puja | anyipta [anyi...]

--- 608 ---

[...pta] bramastra angin | katrima panêdhanira | prapta kang prahara gumrit | lesus mêsês wor riris | anêmpuh marang ing mungsuh | datan kêna tinulak | akèh katut dening angin | Kuda Rangin Tilarsa giris ing driya ||

95. Girisa

1. dyan kalih katut maruta | tiba ngarsaning kang raka | lumyat Prabu Brawijaya | ari kalih kasangsara | angrasuk kaprabon yuda | ngêmbat lawung nitih kuda | sapraptanira ing rana | pagih[49] lawan mungsuhira ||

2. Prabu Panji Wulung tanya | sapa prajurit kang têka | warnamu bagus taruna | mundura yèn mati sira | ratumu Sang Brawijaya | konên mêtu ing ayuda | sêdhêng mungsuh lan manira | sun arsa wruh bobotira ||

3. wusana tan mêtu yuda | ratu nistha jrih ing baya | wêdi mungsuh wong prawira | sumaur Sang Brawijaya | sang prabu ywa tambuh sira | yèn durung wruh jênêngira | iyèng sun Sang Brawijaya | narendra di Majalêngka ||

4. lah kapriye karêpira | Prabu Panji Wulung myarsa | mèsêm sarwi angandika | hèh ta kalingane sira | ratu culika trun desa | tan pantês dadi narendra | praptèng ngong kene ngumbara | ayun mikul marang

--- 609 ---

sira ||

5. yèn sirarsa manggih arja | nututa ingsun pusara | garwanta sang prabu rara | aturna marang manira | praja gung ing Majalêngka | ngong pundhut sêdayanira | sira mari dadi nata | suwitaa mring manira ||

6. yèn nora mêngkono sira | sayêgti anêmu papa | yèn mêtu krodha manira | tan angèl mrih patinira | Brawijaya mèsêm nêbda | lah iya luwih prayoga | yèn bangêt kapenginira | marang ing garwa manira ||

7. lawan praja Majalêngka | ingsun tan pasah mring sira | măngsa-borong kang amurba | nging ta alêrana yuda | ngong yun wrin kadibyanira | yèn sêmpal bau ngong dyinya[50] | kadugèn sakayunira | lah kene payo têkakna ||

8. kasuranmu ing ayuda | Prabu Panji Wulung sigra | ngêmbat watang sru ngandika | lah iya ingsun prayitna | sambata ingkang ayogya | tumungkula ing pratala | nêngènga sirèng akasa | tan wande sira palastra ||

9. amataka pujamăntra | ywa kongsi tumpang-so dyinya | tan wurung kantaka sira | dene ing asta manira | sigra matang sri narendra | kontal Prabu Brawijaya | sangkang[51] kuda tibèng kisma | lênggah slira krasa lara [la...]

--- 610 ---

[...ra] ||

10. nanging kulit tan tumama | duka ngikal lawungira | mangsah anglarihi sigra | Prabu Panji Wulung kontal | tiba sangking wahananya | tan pasah tumibèng lêmah | tan èngêt purwa duksina | gya kasilir samirana ||

11. èngêt wungu mangsah panggya | binuwang watang kalihnya | sarêng anarik curiga | gênti asilih prajaya | rêmpu sara kalihira | gumuruh suraking bala | sarêng ambuwang curiga | rukêt acandhak-cinandhak ||

12. dêdêr-dinêdêr kalihnya | lir kupu tarung upama | kalihe tuhu prawira | kang miyat suka miyarsa | kang yuda nora kuciwa | padha ngêtokakên guna | sêdaya tanpa dadia | Prabu Panji Wulung sigra ||

13. aji pamungkas cinipta | pangrurahe mungsuh dibya | inggal Prabu Brawijaya | cinandhak binuwang sigra | kantaka tumibèng kisma | sarêng kasilir maruta | lênggah lêgêg ing wardaya | sêkala èngêt ing driya ||

14. lamun adarbe pusaka | wêsi kuning bindi sara | kang sangking Sri Urubêsma | tan ana janma sudibya | kataman yuswa murcita | pinusthi ngasta gumêbyar | Prabu Brawijaya sumbar | hèh Sang

--- 611 ---

Prabu ing Sulebar ||

15. tumêngaa ing akasa | sumungkêma ing pratala | sambata kang yoga sira | mataka kang pujamăntra | ywa tumpa-so[52] dèn prayitna | yêgta[53] yuswamu murcita | mêngko wêkasmu nèng donya | mari mulat surya căndra ||

16. wusnya Prabu Brawijaya | têlas ing sasumbarira | ingkang jangkung ing akasa | paningalira tatela | kang putra kurdhane prapta | niyup angrangkul kang putra | adhuh putraningsun nyawa | mandhêga mungsuhmu yuda ||

17. kadangmu dhewe taruna | manira ingkang ayogya | duk mring Sulebar lêlana | pinèt ing mantu narendra | wawêka namung sajuga | nuli sun tinggal nagara | samêngko iki dadinya | Prabu Brawijaya myarsa ||

18. kêlangkung ngungun ing driya | Ajar Tunggulmanik mara | marang gone atmaja |[54] Prabu Panji Wulung myarsa | yèn kang rama mangke prapta | sumungkêm manugsmèng pada | Ajar Tunggulmanik lingnya | dhu[55] kulup katuju padha ||

19. karone nêmu raharja | wruhanta mungsuhmu yuda | atmajèng ngong kang atuwa | kadangmu dhewe sanyata | dèn age sira nyêmbaha | amintaa pangaksama | jêr wus kulup [ku...]

--- 612 ---

[...lup] wajibira | bêgti marang kang tuwa |[56]|

20. puniku gêntining bapa | Prabu Panji Wulung myarsa | pangandikane kang rama | sangêt ing pangungunira | ya ta amarani sigra | marang gèn Sang Brawijaya | kang raka sarêng uninga | mring ari marêg sumêdya ||

21. inggal mêthuk sri narendra | duk panggih rinangkul nulya | Prabu Panji Wulung sigra | nugsmèng padane kang raka | sru dènnya minta agsama | ing lampah kadedenira | ya ta Prabu Brawijaya | mangsuli aja rinasa ||

22. bangêt sukurku ing Sugsma | tênapi mring dewa mulya | Ajar Tunggulmanik lingnya | kulup Panji Wulung sira | pan kêkalih arinira | ya padha atma manira | wus ngandikan praptèng ngarsa | Kuda Rêrangin tilarsa ||

23. wotsêkar sapraptanira | kang rama alon ngandika | kulup karo ngabêgtia | mring Sri Sulebar kakanta | wruhanta kadangmu tuwa | dyan kalih ngungun ing driya | lajêng sami ngaras pada | pinêluk gênti kalihnya ||

24. ingaras lungayanira | marang kang raka sang nata | sêdaya bungah ing driya | lir manggih rêtna saarga | ya ta Prabu Brawijaya | sasmita [sa...]

--- 613 ---

[...smita] akèn tangara | pratăndha bubarkên yuda | gumuruh swaraning bala ||

25. prajurit Sulebar padha | kumpul wadya Majalêngka | Prabu Panji Wulung sigra | lawan Prabu Brawijaya | ajajar nitih turăngga | sapraptane siti bêntar | lajêng aboga drawina | gumuruh ponang pradăngga ||

26. warata sagunging wadya | sadaya sinungan boga | rampung boga ăndrawina | Prabu Panji Wulung sigra | pinarnah pakuwonira | lan sawadyabalanira | wus bubar dènnya sewaka | sang nata gya malbèng pura ||

27. pinêthuk sang prabu rara | tuwin sagung para garwa | lajêng lênggah prabayêgsa | tan pisah Sang Prabu Kênya | lan sagunging para garwa | Brawijaya awêwarta | dhumatêng prabu wanodya | dhuh mirah wêruhanira ||

28. mungsuh Sulebar kang prapta | jêbul kadang ngong taruna | prabu rara sukèng driya | lan sadaya para garwa | sang nata malih ngandika | hèh Sêpêtmadu Wilaja | dhawuhna yayi Lumajang | lan yayi mas Tuban Daha ||

29. lan yayi Kuda Tilarsa | Kuda Rêrangin dèn padha | rumanti pisuguhira | aja nganti kêkurangan | mring yayi Prabu Sulebar |

--- 614 ---

lan sawadyabalanira | wadya Sulebar sadaya | sandika Sêpêt Wilaja ||

30. nêmbah mentar praptèng jaba | wus dhinawuhakên sigra | mring kang tampi pangandika | kalima munjuk sandika | kunêng malih kawuwusa | Prabu Sulebar sawadya | kêlangkung sukèng wardaya | ginantya mijil têmbangnya ||

96. Mijil

1. wong Sulebar sadaya gêng alit | suka tyasnya kasok | de mênuhi sang nata urmate | pasanggrahan rinarêngga asri | pinêtha jro puri | pinajang kumêndhung ||

2. boga-pamboganira mênuhi | pisunggatèng katong | tuwin wadyabala sêdayane | barang karsa tan ana kang sêpi | warêg ing pambugti | wong Sulebar sagung ||

3. ya ta kocapa wau sang aji | Brawijaya miyos | lênggah anèng ing siti bêntare | anèng ngarsa sagung para ari | sadaya glar sami | nèng paseban pênuh ||

4. jêjêl atap sagung pra prajurit | mantri satriya rob | ulubalang lan pêcattandhane | răngga dêmang kêlawan ngabèi | pandêlêgan tuwin | dêmang jêjêl pênuh ||

5. busana [bu...]

--- 615 ---

[...sana] abra mawarni-warni | kumilat mancorot | kataman ing hyang arka sonare | kadya kilat barung lawan thathit | hyang pratănggapati | kang sunar mawêlu ||

6. Brawijaya angandika aris | marang ari karo | kinèn mêthuk mring ari sang rajèng | ing Sulebar sigra mentar kalih | tan winarnèng margi | pasanggrahan rawuh ||

7. Sang Aprabu Panji Wulung nênggih | wus dangu rumantos | pan kasaru prapta ri kalihe | ingandikan sami praptèng ngarsi | Radèn Kuda Rangin | nêmbah mring sang prabu ||

8. dhuh dewa ji kawula tinuding | rakanta sang katong | nginggalakên ing tuwan praptane | Prabu Panji Wulung ngandika ris | hèh yayi karoning | matura sang prabu ||

9. lumakua dhingin sira yayi | ing wuri ngong bodhol | radèn kalih mundur sing ngarsane | Prabu Panji Wulung budhalan glis | tan winarnèng margi | pangurakan rawuh ||

10. Kuda Tilarsa lan Kuda Rangin | prapta ngarsa katong | atur sêmbah pukulun sang rajèng | rayi dalêm ing mangke wus prapti | pangurakan nganti | timbalan sang prabu ||

--- 616 ---

11. sri narendra angandika aris | hèh ta yayi karo | Tuban Daha iritên dèn age | yayi Panji Wulung mring sitinggis[57] | kalih awotsari | pangurakan rawuh ||

12. panggih Prabu Panji Wulung kalih | sarêng awotsinom | dhuh pukulun paduka sang rajèng | ingandikan lajêng mring sitinggis | ya ta sampun kèrit | Prabu Panji Wulung ||

13. sampun prapta anèng ing sitinggis | gya têdhak sang katong | angurmati kang rayi rawuhe | Prabu Panji Wulung angabêgti | gya cinandhak aglis | mring raka sang prabu ||

14. dyan binêgta ajajar alinggih | nèng dhampar mas kaot | sami eram kang andulu kabèh | de warnanira karo mèh sami | yèn sinawang kadi | Krêsna lawan Wisnu ||

15. tan winarna sagunging wadya lit | manglêmbanèng katong | warna-warna nênggih ing osike | tangèh lamun winar ing tulis |[58] kunêng sri bupati | andhatêngkên kayun ||

16. gunging suka-suka amênuhi | tyasira sang katong | Ajar Tunggulmanik lênggah mangke | lan kang Yang Musthika Maha Rêsi |

--- 617 ---

nulya dhahar sami | sang prabu anutug ||

17. lan pra rayi tuwin pra dipati | sarêng lan sang katong | pênuh asri sagung dhaharane | samubarang tinanya nganani | sawusnya abugti | anulya dèn undur ||

18. kang lorodan anulya binugti | ing wadya lit galong[59] | wong Sulebar lan Majapaite | sami pênuh ing boga prasami | gênti kang kawarni | sampun gangsal dalu ||

19. Prabu Sulebar anèng jro puri | wusana matur lon | mring kang raka alon ngandikane | dhuh pukulun amba nyuwun runtik | manawi marêngi | kundur mring nagri sun ||

20. Brawijaya ngandika amanis | dhuh yayi riningong | iya kapan yayi ing budhale | benjing-enjing mênawi marêngi | awit sampun lami | tilar nagri ingsun ||

21. enjingira atêngara aglis | budhaling sang katong | ing Sulebar sawadyabalane | ingkang tumut ngatêrkên ing margi | Sang Brawijaya di | lan ri kalihipun ||

22. Menak Koncar lan Tuban Dipati | miwah ring sang anom | Dipati Daha

--- 618 ---

kang nèng wurine | sarêng prapta ing pinggir pasisir | Panji Wulung aglis | nungkêmi kang suku- ||

23. nira ring sang kang raka narpati | sigra awotsinom | dhuh pukulun arsa manjalmangke | amba nuwun pangapuntên kang sih | sagung sisip mami | nuwun lêburipun ||

24. ingkang raka nulya ngandika ris | adhuh ariningong | uwis aja rinasa salire | kang wus klakon sun pikir pribadi | lah mangkata yayi | slamêta lakumu ||

25. ri wusira kang rayi nembah glis | sigra mentar alon | numpak kapal sawadyabalane | bêdhol jangkar layar binabar glis | lêpas lampahnèki | marga tan winuwus ||

26. ingkang kantun ing pinggir jaladri | wau sang wiranom | maha ring Sang Brawijaya mangke | sigra têdhak akondur tumuli | ganarbêg[60] pra dasih | anulya ngêdhatun ||

27. gya pinêthuk dhatêng pramèswari | ring sang ruming sinom | Prabu Kênya lan Anjasmarane | sawusira nulya pinarak glis | gênti kang winarni | pangikêting kidung ||

--- 619 ---

97. Sinom

1. kocapa ing sanungswa Jawa |[61] karaton ing Maospait | murah sandhang lawan boga | sangking sawabe sang aji | Maha Brawijaya di | titise maha dewa gung | mila kathah pra mănca | kang samya ngupados bugti | dhatêng nagri Maospait kang raharja ||

2. ngrêda pra nangkoda prapta | sangking ing liyan nagari | aringing tyas têmah samya | mardi papan apêpanti | turut tirahing margi | praptèng jawi kitha kêmput | pêpêt kang nambut karya | mêmala maling sirnanting | kaprabawan wimbaning kang pêngadilan ||

3. kontab kotamaning nata | kêtartambêt silastuti | titikaning pra punggawa | nêracak samya bèr budi | sabên sawiyah mantri | wikan ing wêweka putus | têtêp saliring sabda | sêtya tuhu mring narpati | yèku măngka pratăndha arjaning praja ||

Sampun dumugi gènira maos sakpunika.

Tamat

[Tanda tangan Radèn Tumêngggung Prawirasêntika]

 


angkuh. (kembali)
ta. (kembali)
rananggana. (kembali)
Lebih dua suku kata: awas mulat mungsuhira yuda musna. (kembali)
alon. (kembali)
Kurang satu suku kata: Radèn Kuda Rêrangin lan arinipun. (kembali)
pasêr. (kembali)
aglis. (kembali)
rinêbut. (kembali)
10 sinuduk. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: radèn maju ngunus gupoh. (kembali)
12 kasusrèngrat. (kembali)
13 dhumatêng. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: dhêdhêp ing pasewakan. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: pirabara besuk têmbe. (kembali)
16 priye. (kembali)
17 sayêgti. (kembali)
18 lawan. (kembali)
19 siranggo. (kembali)
20 Supêna. (kembali)
21 Lebih empat suku kata: pan akathah sêngadinya. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: sami misah nora bisa. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: pra yayi sêdayanira. (kembali)
24 Kurang satu suku kata, dan biansanya guru lagu a: sang nata alon ngandika. (kembali)
25 Lebih satu gatra. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: lênggah prabayêgsa wus. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: nanging ingsun nora ngaton. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: Menak Supêna gupuh. (kembali)
29 dhas. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: kalêngrê ring siti apan dangu. (kembali)
31 payo. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: nyata ajar luwih juti. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: Menak Supêna nyuduki. (kembali)
34 ngayun. (kembali)
35 yamani. (kembali)
36 myarsa. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: yaiku sudarmèngsun. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: garwa gangsal wusira atata linggih. (kembali)
39 yuswa. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: yèn sinawang busananya kang sumiwi. (kembali)
41 jêngkar. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: Sang Panji Wulung anênggih. (kembali)
43 Gatra ke-6 (8u) dan ke-7 (7a) tidak ada. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: ajêjotos jêjêg adugang-dinugang. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: sêdayane bubar larut. (kembali)
46 aranmu. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: dene têka gumampil. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: tistis grana pusika. (kembali)
49 panggih. (kembali)
50 dwinya (dan di tempat lain). (kembali)
51 sangking. (kembali)
52 tumpang-so. (kembali)
53 yêgti. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: marang gone atmajanya. (kembali)
55 dhuh. (kembali)
56 Kurang satu suku kata: bêgti marang ingkang tuwa. (kembali)
57 sitinggil (dan di tempat lain). (kembali)
58 Kurang satu suku kata: tangèh lamun winarna ing tulis. (kembali)
59 golong. (kembali)
60 ginarbêg. (kembali)
61 Lebih satu suku kata: kocapa ing Nungswa Jawa. (kembali)