Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 71–83)

Judul
Sambungan
1. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 01–16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 17–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 36–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 50–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 61–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 71–83). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 84–97). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 24-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

71. Asmaradana

1. ya ta ring Sang Mandura Ji | pamaosnya punang sêrat | duk angsal satêngah rajèng | jumbul sangking pilênggahnya | jaja mawinga-winga | kang ujwala sumung-sumung | pinuntir rêrawisira ||

2. ya ta malih ingkang kapti | kadung-kadung pamaosnya | andik ngatirah tingale | kanggêg sri rajèng Mandura | kapranan dirèng sabda | gumêtêring astanipun | gêdrug tinampèl wêntisnya ||

3. srat sinăngga asta kering | kanan nêbah-nêbah jaja | kumêrkot ponang wajane | ingingêr curiganira | lir buta amêmăngsa | kaya [ka...]

--- 456 ---

[...ya] anuduka gapyuk | dinulu Sri Baudhêndha ||

4. tandya ingayatan malih | kawuryan têmbunging sastra | migênani ing wêkase | rampung surasaning sabda | sêgsana Sri Mandura | kaya-kaya ing tyas kêmbul | winawrat ing wusananya ||

5. tandya midrê punang tulis | gênti-gênti nugsmèng driya | Dewa Gung Walikramane | tandya dewa Carangwaspa | embal mring Wijanarka | gya Sarijana nugsmèng wus | sapandurat tanpa nêbda ||

6. mawut surasaning galih | awusana kang panyipta | rumojong ing manah rèrèh | samya nyêlak pilênggahnya | ri wusnya ginupita | sabiyantu têmah guyub | nungkul mring Radyan Sêsăngka ||

7. nanging Sri Mandura Aji | ing manah maro mêrtiga | lamun ta durung wruh dhewe | prajurite Majalêngka | kang nigas murda nata | malih kudu kantar bau | rêbut bok tandhing widigdya ||

8. nanging sasabira manis | sanetya ngecani manah | angrèh aja slaya tyase | ya ta sagung kang sumewa | gupita-ginupita | tanbuh ing panêrkanipun | suwadose punang sastra ||

9. tan lyan tinutkên kang liring | namung sang kalih narendra | myang dipati [di...]

--- 457 ---

[...pati] katigane | dèrèng ngantya winangsulan | sira Ki Dayun tandya | kêsaru ing pura gumruh | miyos ring Sang Partasmara ||

10. ginarêbêg para putri | manggung tênapi bêdhaya | cèthi miwah pawongane | tan owah praboning nata | kadya duk Urubêsma | sanèse mangkya sang bagus | pra garwa mijil sêdaya ||

11. tangèh rinênggèng palupi | pupug punang kawiragan | lir widadi rêraton |[1] ngayap ing Hyang Sang Asmara | lir murca kinêdhèpna | pating pancorong dinulu | kumêthap kumilat raras ||

12. lir wulan purnama rêsmi | linud sudama gumawang | tumeja lumrang kênyare | wadyabala Bêlambangan | cingak tanpa kumêcap | kasaput lungiting pasmun | kasênênan pêrnadèng rat ||

13. wimbuh nuring sang dewaning | kongas darpa mangasmaya | mayangkara mêmanone | kênyatane adimulya | mêlok Radyan Sêsăngka | kajatèn sapta swarga nrus | èstu măndra Partasmara ||

14. singa mulat lênglêng brangti | cêngêng ing manah murcita | katrêsah[2] pangribawane | sabala sawang kunarpa | sagung kang pra prawira | tan kaliru pêrnahipun | kadya duk Sang Urubêsma ||

--- 458 ---

15. gumruh gurnang têngara sri | orêg sagung kang sumewa | miyose sang jayèng sinom | pinrak anèng sokasana | mênggêp ing kursi rugma | samoga lawan saluku | musala cakra căndrasa ||

16. ingkang ngampil para sari | manggung tênapi biyada | murub mawa sri sunare | bêdhaya ing kering kanan | lir widadari kêmbar | bisik kang ragi natanglut | apêngawak lindhu sêkar ||

17. èbêk citranya rêtna di | wimbuh akarya la-êla | embah sang anjayèng sinom | ingapit kang para garwa | kadya pêpujan rêtna | para sang dyah kang sumambung | aglar nèng kursi pratistha ||

18. pratistha arêbut manis | manise kang manuhara | ngrênyêp gumêbyar sunare | tumlorong myang tumalerang | saya ngluhuri laras | sang jayèng asmara jumbuh | ngratoni ing Cakrakêmbang ||

19. midrêra sèwu nêgari | kang kauban ing akasa | datanpa tandhing baguse | ingkang lir Murti atmaja | sasêkaring ujwana | sinidikarèng dewa nrus | pinujwa ing dewa mulya ||

20. konjêm sagung kang anangkil | tan wênang tumêngèng tawang | kasimpir dene liringe | mring sang

--- 459 ---

dibya adi mulya | gêtêr lir tanpa jiwa | nadyan Sang Mandura Prabu | ing wau ingkang panyipta ||

21. nêmpuh byat sumêdya jurit | mangrok băndawala mangkrak | ming[3] sang dikarèng palugon | Rajèng Bali lan Balega | miwah kalih dipatya | ingajêngakên tyas pamuk | sêdene rerehanira ||

22. samya jiniwit ing wangsit | pra dipati para menak | miwah para răngga dhaèng | biyantu mamuk mangrêmpak | ing mangke satêmahan | cêngêng limut ing pandulu | akonjêm datanpa tingkah ||

23. krêntêg garjita mugswa nir | lir pinêcat ing jawata | kawuron ing kaywane |[4] ing sang jayèng Partasmara | sagunge kang sumewa | kadya popola kang kampuh | kèdhêp datanpa subawa ||

24. tan adangu tandya mijil | kunarpanya Sang Sri Bêsma | dirèng bandhosa sang rajèng | pawongan ingkang anăngga | tênapi Genggong Sêbda | prapta sumaos ing ngayun | saya ebat kang sumewa ||

25. binuka layon gumuling | dirèng Parta sang lir Parta | alon amancêr tingale | tanggap Dewa Baudhêndha | miwah Gung Walikrama | ingawe gêpah wotsantun | sumugun [sumu...]

--- 460 ---

[...gun] majêng darminta ||

26. samèh[5] pamulu minta sih | mangrêpa mangranupada | prapta bukuh pilênggahe | muka lir konjêm ing kisma | lyan ta manamur tingal | liringira pan sinamun | ngawe malih ri sagsana ||

27. majêng sarwi awotsari | gantya angèstu ing pada | radyan ngrakêti sêbdane | sira kakang ing Mandura | lan paman Walikrama | aja rujita ing kalbu | ing rèh wus karsaning dewa ||

28. saiki Si Urubêsmi | layon kapocok kang murda | pasrahêna ing janjine | nêmbah matur amêrdapa | Rajèng Bali Mandura | pun dasih narimèng pandum | nadyan ta awak kawula ||

29. pinundhut ing pati urip | sumăngga ing ngabyantara | tan grantês ing dasih anggèr | darmi paduka rahadyan | amarna lêlampahan | wus atas karsa dewa gung | arum nabda sang lir Parta ||

30. iya sun tarima sami | ing rèh ta sapadha-padha | winayang ing jawatane | balik ta ingkang kunarpa | apa èstu sang nata | sawab ingsun wong anyar wruh | nêmbah kêkalih narendra ||

31. inggih saèstu sang aji | layon kang mungging bandhosa | ring Sang Sasăngka

--- 461 ---

dêlinge | sukur sèwu kêlampahan | karsaning nataning dyah | sêsotya ing Majalangu | sayêmbara Menakjingga ||

32. matur nuwun sang akalih | malih rahadyan dêlinga | sapa kang bagus warnane | satriya têtiga ingkang | nèng ngarsa kang alênggah | Sri Mandura nêmbah matur | yayi dewa Carangwaspa ||

33. raja ing Balega Gusti | lawan yayi adipatya | Arya Wijanarka anggèr | ingkang pilênggah ing Japan | lan rimas Sarijana | ing Walèri kang pilungguh | mèsêm sang lir Partasmara ||

34. sang tiga ingawe sami | gêpah nampèni sasmita | majêng minta sih pasmone | lênggah wurine sang raja | Mandura wangsul tandya | ingawe malih magupuh | majêng saha awotsêkar ||

35. gênti nugsmèng pada sami | rinakêt ing basa krama | wus samya tata lênggahe | dangu amawang Dyan Săngka | kumênyut raosing tyas | kaot èstri lawan kakung | lawan kang samya ginarwa ||

36. ya ta rahadyan minantri | ngliring arwa taruna |[6] winor ing lêngês netrane | Juwitaningrum sêgsana | tumungkul jangganira | sinamur mucang sang ing rum | manise mêgsa kawêntar ||

37. langkung dènnya [dè...]

--- 462 ---

[...nnya] migênani | rahadyan mring para kadang | pinawor ing sabda sumèh | sang tiga saya sih trêsna | lir ngabdya dewa mulya | sajêg tumitah dèrèng wruh | memba sang lir Partasmara ||

38. konjêm mèstuti ing galih | ring sangsaya gêgolongan | dhatêng ing sang jayèng sinom | ya ta sagung balakuswa | kang samya kamêngarsa | lawan sagung pra tumênggung | răngga dhaèng pra nararya ||

39. ngawe majêng sawêntawis | sinung sabda manis sumrah | saur-kukila ature | nêmbah umung mèstudeya | kapencut myarsèng sêbda | kurang winalês ing lampus | turah ingkang sih wilaya[7] ||

40. ngandika rahadyan mantri | dhatêng kalih dipatya |[8] yayi Wijanarka Radèn | myang yayi mas Sarijana | aywa sungkawèng driya | kadangira sang lir santun | lagya dadi lêlampahan ||

41. pirangbara ri mas kalih | sang dyah ingkang sawang rêtna | manggih wirya wibawane | ingsun tingalana ri mas | aywa sumêlang ing tyas | dèn pitaya ing Sugsma Gung | tênapi marang pun kakang ||

42. matur nuwun sang akalih | saya kapencut ing manah | têmah lir

--- 463 ---

rinontog tyase | tan wignya mangsuli sabda | konjêm tansah mangrêpa | bukuh sarya awotsantun | anglir madu mangun tirta ||

43. malih ngandika dyan mantri | mring Sang Dewa Baudhêndha | myang Gung Walikrama Rajèng | paran ta kalih narendra | mungguh layoning nata | matur Sri Mandura wangsul | pukulun yèn padukarsa ||

44. yogi ingobong kang jisim | sampurnanya dirèng jagat | ywa dadoskên gêlah tyase | sagunging wong Bêlambangan | tulus sabdya tuwan |[9] ywa ngantos manomêr têlu | ciptane kang para kadang ||

45. mèsêm rahadyan minantri | sun tarima sira paman | apadene kakang rajèng | nanging ta arjaning tindak | mrih labêt kautaman | kalih raja matur nuwun | tandya Dyan Săngka dêlingnya ||

46. dhatêng Sri Balega Aji | paran yayi Carangwaspa | ponang layon prayogyane | kasinung sabda wotsêkar | yogi cinacah-nacah[10] | wus limrah sumêdyèng pupuh | yèn tiwas madyaning rana ||

47. suka dadya tawur jurit | jinura lir mimis obat | dados bantêning palugon | mèsêm Rahadyan Sêsăngka | yayi [ya...]

--- 464 ---

[...yi] ingsun tarima | nanging kurang tamèng kewuh | kakênan ing rèh sikara ||

48. yayi darma anglakoni | kang raga upama sarah | tumindak lan hèrnawane | aluse Si Urubêsma | nanging kêna bineka | ing tyas arda kumalungkung | kang mêmurung ing kasidan ||

49. sidane wong amrih luwih | ing urip têkèng ing pêjah | dipun langgêng nugrahane | ing mangke Si Menakjingga | sinimpên ing jawata | alusira wus kinukut | raga-raga kawlas-arsa ||

50. Sri Balega awotsari | abukuh èsmu mangrêpa | Sabdapalon Naya age | angawe Ki Dayun prapta | angajak rarêmbugan | lah ta paran kakang Dayun | mungguh utamaning lampah ||

51. rika urun-urun pikir | mungguh kunarpaning nata | paran ta ing prayogane | lamun rika datan arsa | reyang ararêmbugan | pilih êndi reyang jibus | somah biyang nini canggah ||

52. lawan rika milih malih | rika dhawak bapa canggah | reyang jidhulane kabèh | lan malih reka piliha | awuda anèng latar | kagungan rika ngong tulup |

--- 465 ---

reyang pilih rarêmbugan ||

53. mungguh layone sang aji | yogya sinungkên sudarma | Hyang Pamêgêr[11] Mahmèrune | wawrat timbang sang pandhita | aran ingkang atmaja | myang wruha solanging pupuh | sudigbyane sang lir Parta ||

54. tan ewuh tinampan lungit | lungite wong pasrah jiwa | aja kuciwèng sêmune | nadyan arsa bela pêjah | iya măngsa ewuha | sênadyan dadia mungsuh | gampang linanggar ing yuda ||

55. pêpantêse sang arêsi | ing manah luwih lêgawa | witning nguni mambêng bae | ing atmaja Sang Sri Bêsma | mungguh dadining aprang | mêgsa garwa nataning rum | sang nata tansah brawala ||

56. malah angipat-ipati | pinintakakên ing dewa | putra apêsa jayane | nging sang nata sura pugal | datan piniarsa |[12] malah-malah sang awiku | pantês praptèng mèstudeya ||

57. Ki Sabdapalon lingnya ris | bênêr ujar-ujarira kakang |[13] lamun dudu sira dhewe | kang mulih mring Bêlambangan | ambêgta kang kunarpa | yèn rika dhewe kêlaut | kinarya jalaran minggat ||

--- 466 ---

58. Ki Dayun mangsuli angling | dene sira kaya bocah | amindha gawe têmahe | singa ingkang ingutusa | iya luwih prayoga | ngêmungna tandhaning laku | lakuning rèh kaluhuran ||

59. mèsêm rahadyan minantri | katuju ing galihira | sêgsana arum sêbdane | bênêr kakang ing Mandura | Si Dayun pêmanggihnya | yèn mêngkono dèn agupuh | kunarpa sira angkatna ||

60. lawan mintoa bupati | lumiring mring Bêlambangan | nêmbah Sang Sri Mandurane | tênapi Gung Walikrama | aminta pra dipatya | Dayun tinuding mêsat wus | umangkat punang bandhosa ||

61. kadya ta binayangkari | pirang-pirang wadya ingkang | lumiring layoning rajèng | tan lyan kang kèsthi ing manah | namung sang jayèng tilam | pragya dibya ambêgnya lus | bagus măndra wicagsana ||

62. bisa angenaki ati | amuja suraning bala | nora kêtara gunane | sira ring Sang Baudhêndha | Gung Walikrama miwah | Carangwaspa ing tyas ngungun | miwah sang kalih dipatya ||

63. saya dangu saya asih [a...]

--- 467 ---

[...sih] | embah-embah kapirênan | wuwuh sumuyude |[14] miwah sagung para sang dyah | amawas rarasing sang | saya kabyatan sih wuyung | ing sang akarya la-êla ||

64. dhasar kasihing dewa di | pra jawata kang winênang | amung budya wênês tangrèh | ya ta sampun aparentah | sang măndra Partasmara | daut dhatêng Majalangu | sumiwèng sri nataning dyah ||

72. Sinom

1. ya ta sampun aluwaran | dènira miyos tinangkil | orêg sagung kang sumewa | lir mulat ing dewa luwih | duk mêsat sing swarga di | adining sang awèh wuyung | kawurywan swarèng pamyat | sagung saisining bumi | kongas dumling sirna ingkang kamanungswan ||

2. sapraptaning dalêm pura | sang măndra jayèng linuwih | asri dènnya kêlangênan | badhaya miwah sarimpi | rarasnya salin-sanin[15] | akarya brăngta wulangun | ngênglêng kang para sang dyah | pisukanira ing galih | inggar-inggar inggare sinawung dana ||

3. Danasmara smarèng tingal | karungrung dirèng ngègsi |[16] ya ta malih kang kocapa | sang pramèswari [pramèswa...]

--- 468 ---

[...ri] ing Bali | widaning rum wêwangi | lan garwa Mandura Prabu | Sang Dyah Kênakawatya | mêjana pêngawak lungit | malbèng pura umarak Sang Partasmara ||

4. angirit pra putri tawan | atma kadang pramèswari- | nira ingkang tiwas laga | myang rajabrana mas picis | wus katur mring dyan mantri | tinimbalan praptèng ngayun | tarap anèng ing ngarsa | ya ta sagung para putri | lênglêng mulat ing sang măndra Partaningrat ||

5. linêngêsan ruming sabda | tinambuh wêntaring liring | sinampar pamawasing lyan | nanging têka amranani | dahat akarya brangti | kang satêngah èsmu bingung | kasaput ing ujwala | awilêt manising lungit | singa pagut sanalika tyas kumêsar ||

6. kadya amêcatna jiwa | lir ngayap yuswaning urip | wontên satunggal wanodya | Mêkasan kang pramèswari | ran Sang Dyah Găndasasi | sampun kapara ing sêpuh | nanging nora ngopaa | sinawang lir golèk gadhing | galak ulat abêsus olah wiraga ||

7. tan sêpira citranira | Sang Dyah Ayu Găndasasi | mung prak-atinya kang kongas | ingkang [ing...]

--- 469 ---

[...kang] ngêdusi mêmanis | kuninge bêngle keris | dahat akarya wulangun | tan măntra-măntra sang dyah | yèn wus darbe atmaja tri | mung tingkêse anyiram ing samantaya ||

8. ya ta kawuwusa sang dyah | lir mati sajroning urip | amawang sang kadi Parta | saya sru kandhuan kingkin | wimbuh myat para putri | garwane sang jayèng santun | lir mimi lan mintuna | pinuja asmara kang sih | dirèng kakung sanetya sumyarjèng tilam ||

9. saya tan kêna tinambak | Sang Dyah Ayu Găndasasi | gumêtêr kang sarira mar | sinamun saya dumêling | radyan mèsêm ing galih | tan paja kacinèng sêmu | sêmuning sanès ingkang | kadriya wardayèng lungit | lungitira sumugun mring Dyah Mandura ||

10. mring Widaningrum lan sang dyah | animbangi sabda lungit | pamangsul sumrik rum kongas | marna pratingkahing kardi | aturnya ngasih-asih | manise binarung wuwus | sasolah awor laras | Dyah Dèwi Kênakawati | Widaningrum sêmune amambu manah ||

11. ing manah èsmu kagiwang | kuwangwang gorèh ing liring | Dyan Săngka ngrakêti sabda | wontên malih kang kawarni | arinta rajèng Kêling | Wandhansari kang rum-arum | èsmu [è...]

--- 470 ---

[...smu] kaku tênaga | gandrung-gandrung marak-ati | pamulunya mindha mangroning puspita ||

12. wadana landhêp araras | rêspati agalak liring | liring mandam kamarutan | dhasar pasmone winasis | wasis mikat mêmanis | manise anginggar kakung | nêdhêng ingkang diwasa | duk mulat sang jayèng luwih | karungrungan sang dyah rongèh kang pilênggah ||

13. malah tansah ngalih pêrnah | kabyatan asmara brangti | brangtanya saya kawêntar | tansah ngêtutakên liring | liringira dyan mantri | saparan winor pandulu | wimbuh sang liring Parta | mring garwa sung sabda manis | tungtung mèsêm Wandhansari èsmu guywa ||

14. lir luwe martarèng boja | kepyan suselaning brangti | rumbing rêntah tan karasa | kumyus karingêtnya mijil | radyan awas ing liring | mèsêm sajroning pitambuh | wontên malih wanodya | ingran Dyah Rêtna Wiyadi | atmanira nênggih Sumênêp Dipatya ||

15. jukining tingkês pasaja | pamulu mindha wrat sari | antêng aruruh jatmika | èsmu balut marak-ati | jait laras alindri | nanging kapara ing timur | nêdhêng kasmêkan anyar | prêmbayunnya sawêntawis | mung cacade èsmu grathul kang wêcana ||

16. nora pati salah [sa...]

--- 471 ---

[...lah] cipta | sira Dyah Rêtna wiyadi | nanging ring sang Partasmara | èsmu kayungyun ing galih | winangwang migênani | wantya tinut ing pandulu | mayang sucipta brăngta | tan kanyanan ing panglungit | datan lingên sadangunira nèng pura ||

17. ya ta Widaningrum Sang Dyah | Kênakawati wus mijil | tan lyan kacipta ing manah | namung sang jayèng di luwih | kagarit jroning ati | ing sasolah-bawanipun | malih ingkang winarna | para tawan ing jo[17] puri | kêmanisên kawurywan manah lêgawa ||

18. dumugia kêlangênan | boja sih boja pan drês sih | sihira sang Partyasmara | sinugun mring para putri | datan kawarna ratri | enjing têngara gumuntur | lir ombaking samodra | bodhol dhatêng Maospait | saha garwa saha bala sakuswala ||

19. pirang-pirang tanpa wilang | gunastra makilat thathit | rindik riktara rimang |[18] surêm Hyang Pratănggapati | punang turăngga èsthi | rata sagotha madulur | dumulur sirèng awan | ya ta wahana parèstri | rugmèng lumrang rêtna tumeja angraras ||

20. warnanên ingkang lumampah | ya ta nagri Maospait | gègèr gumuruh wurahan | sapraptanya radyan kalih | Seta Layangkumitir | kang mocok murdaning prabu [pra...]

--- 472 ---

[...bu] | sira Sang Urubêsma | Balambangan sura sêgti | gawok umung sagunging wong Majalêngka ||

21. ri sêdhêng miyos sinewa | maha sang narendra putri | ing sitinggil baturana | kasaru wau kang prapti | Radyan Seta Kumitir | nèng madyaning wringin kurung | ngadhêb gêndhaga rugma | tênapi wanodya kalih | Dyah Sasmitaningrum lan Suselawatya ||

22. ya ta sampun ingandikan | kèrit sang rêkyana patih | miwah kang para dipatya | aglar sumiwèng ing ngarsi | nêmbah matur kya patih | naoskên atmajanipun | titi solanging lampah | ing rèh pratikêling jurit | wus sumaos ing ngarsa gêndhaga rugma ||

23. tênapi kalih wanodya | Sasmita Suselawati | kagyat sang prabu kumara | Menakjingga têkèng pati | liya sing Damarsasi | anutuh sasmitanipun | Uni Hyang Manikmaya | ingkang anggêlarkên wangsit | prabu kênya èmêng sajroning wardaya ||

24. tambuh kang pangunadika | sapandurat tan kêna ngling | konjêm sagung kang sumewa | tan ana walang kumlisik | namung Seta Kumitir | gambira kanyinèng sêmu | sêmune mulat-mulat | netyane wong angsal kardi | radyan kalih tansah maoni busana ||

25. sapa wruh

--- 473 ---

ingkang panyipta | galihira cilik wukir | sinamun mêgsa kawêntar | pangayange solah liring | ya ta Dyah Rarasati | dangu mêrbêng pan èsmu luh | uninga pasmon ingkang | runtik sêlaya ing kardi | tandya matur sarya nyêlak kang pilênggah ||

26. pukulun Sang Murtiningrat | dasihe tur pati urip | yèn marêngi sri narendra | yogi angecani galih | têtawan kalih èstri | tênapi kêpala prabu | gusti yèn padukarsa | yogi tinampenan sami | sampun ngantya gêlah karya suselarja ||

27. arjane praja paduka | tangèh winalês ing puji | pujining lyan samantara | yèn runtik paduka kingis | Dyah Dèwi Rarasati | aturnya anganyut-anyut | amanis wijang-wijang | winayang rarasing lungit | prabu kênya lumuntur sungkawèng driya ||

28. arum aririh kang sabda | mara tampanana yayi | iya èstrine kewala | kang sangking Seta Kumitir | manêmbah netya manis | Sang Dyah Rarasati gupuh | anolih sawatara | dhatêng sang rêkyana patih | sabdanya rum nimbali kalih wanodya ||

29. gêpah ring sang adipatya | ngêjèpi sang dyah kêkalih | gya majêng sumiwèng ngarsa | ya ta radyan ayu patih | sang kalih

--- 474 ---

pinapag sih | pinojar sumrah ing têmbung | gya jêngkar prabu rara | dènira miyos tinangkil | kang sumewa wus samya amagêlaran ||

30. tansah gita-ginupita | subawa pating kalêsik | bisiking wong neka-neka | ebat mring rahadyan kalih | ya ta sang adipati | nglênggêr datan bisa muwus | palastranya Dyan Săngka | kya patih kraos ing galih | kang kaetang trêsnanya Dyah Anjasmara ||

31. Dyan Kumitir Layangseta | juwêt duk marna ing jurit | mring jajarira alinggah | myang èsthi èstuning gusti | pitulunging dewa di | amayang ing titahipun | gawok kang pinojaran | sangsaya nglantrah dyah kalih | wangsul-wangsul angemba duk macok[19] murda ||

32. sawicara ing sanetya | sasumbarira dènnya ngling | sarya eram kang tumingal | gumun sarya amèstuti | sagung wong Maospait | anjomblong ing tyas sumugun | garjita manglêmbana | dhatêng rahadyan kêkalih | wantêr sanggup wicagsana ngêntas karya ||

33. dhasar ladak kasêmbadan | winasis kandêl ing gusti | tur atmajane ngapatya | konjêm sang atmajèng Tubin | cêngêng èsthining galih | tan subawa tanpa dulu | bukuh sinamur mucang | Menak Koncar kang kawarni | panas [pa...]

--- 475 ---

[...nas] mulat mring Seta Kumitir Radyan ||

34. yèn dhèhèm anotog manah | lirikira amarkitik | ingusap rêrawisira | agêmpung rasaning ati | aja jriha ing gusti | kaya anuduka gapruk | kaya mancasa kêcras | ing mukanira dyan kalih | angsal karya gèsèh rarasing watara ||

35. miwah solanging pratingkah | tan têpung kêlawan budi | wêwangunan datan angsal | guwayanira tan nyait | dudu êmpaning kardi | yèn wania takêr marus | sênadyan ta puruna | sêpi ing widagdèng jurit | wirasatnya panguripe mung wicara ||

36. mardapa matut kang endah | sinêkar ing păncaniti | adrêsanani ing tindak- | tanduk ingkang adu manis | nging ta ngadhêp mrih sisip | kang adoh karyaning pupuh | ing mangke wignya nigas | Menakjingga wudhu jurit | dewa bingung yèn angsunga kaprawiran ||

37. mila tansah mênggah-mênggah | dyan arya kêpati gêthing | sêbarang kinarya sêmang | labête amêjanani | Radyan Seta Kumitir | wus nyana nanging pitambuh | sinamur mawas ing lyan | saya umbak dènira ngling | adu sêmu dènira sumbar-sinumbar ||

38. wênèh sêkarêng ingucap | ing pura sang prabu dèwi | minggah gupit măndra sêkar |

--- 476 ---

animbali tawan kalih | myang radyan ayu patih | kinèn pitanya agupuh | rika Sang Menakjingga | palastra murda katitis | paraning rèh pratingkah èstuning lampah ||

39. ya ta radyan ayu patya | dêlingnya mring sang dyah kalih | nyênyêt manis titi prana | sumèh angêmorkên kapti | sinangkan ing rèh ririh | ngarah-arah ing pamuwus | wuwusnya manis sumrah | purwa wusananing kardi | sêtya-tuhunira Kumitir myang Seta ||

40. myang saèstunira ponang | kêpalanya Urubêsmi | kang anèng gêndhaga rugma | miwah Radyan Damarsasi | saèstunira lalis | kapupu madyaning pupuh | dene Si Menakjingga | wusana Seta Kumitir | kang ngêntasi amocok murdaning raja ||

41. sang dyah kalih duk tinanya | adrês waspanira mijil | saya ketang sang lir Parta | kagarit jroning tyas kingkin | matur saha wor tangis | ing sasanèskarèng putus | Sasmitaningrum lawan | Sang Dyah Sang Suselawati | sru kaswasih asêsambat Dyan Sêsăngka ||

42. Rarasati angrês mulat | waspanira tumut mijil | ngungun sang prabu wanodya | sinamun mèsêm wor ing ngling | pan yayi basa mami | mring sira Sasmitaningrum | miwah Suselawatya | ayya sumêlang ing ati | pirabara

--- 477 ---

luwar ing gêlah sungkawa ||

43. sang dyah kalih awotsêkar | karuna tansah minta sih | ngasih-asih saaturnya | gusti tan sagêt mangsuli | dahat kawratan cèthi | panampar paduka prabu | dhatêng ing kawlas-arsa | sakarsa paduka gusti | pêjah gêsang sumaos ing ngabyantara ||

44. nanging kang cèthi ratu mas | pamintanya ing Sugsma Di | sarta mring paduka nata | kang agung agsamèng gusti | ing rèh kapêgat ing sih | lan kakung Dyan Damarsantun | sangking ardaning Seta | Kumitir mring radyan mantri | pamit lampus yèn tan panggih lan Dyan Săngka ||

45. datan nyana ing panyipta | pun dasih Dyan Damarsasi | kenging gêlar kamăndaka | sing jrihnya mring paduka ji | wusana datan yêgti | Seta Kumitir ingutus | kang cèthi atur pêjah | kenginga ngruruh ing laki | prabu kênya duk myarsa tyas nganthi brăngta ||

73. Kinanthi

1. sang maha sêgsana tumrun | amrêpêgi sang dyah kalih | Sasmitaningrum sêgsana | kang asta ginendheng ririh | Rarasati lan Susela | kêkanthèn asta sang kalih ||

2. maha sang pustakaningrum | têdhak dhatêng kubon-sari | kang taman raras kawurywan | kinarya anamun wingit | èsmu nandhang karungrungan | myarsèng [myar...]

--- 478 ---

[...sèng] ature dyah kalih ||

3. samarga bujungan têmbung | samya liring-liniring sih | liwat-pinaliwat raras | sêmange amilangoni | yèn èstu kapranan sêbda | lungite simur liring |[20]|

4. kanyina inggar sumrah rum | Prabu Rara Rarasati | yèn Suselawati lawan | Sasmitaningrum ngêmbani | ing panjarwa nyuda solang | ing rèh rikala dyan mantri ||

5. Sang Dyah Rarasati gupuh | bêbolèhnya angrakêti | rakête kinering kanan | kênanira tan nyanani | mèsêm sang prabu kumara | dahat kawêntaring lathi ||

6. sang dyah kalih malih matur | aturnya anuju galih | pinêcat kang ngontro brăngta | pratingkahe radyan mantri | dun[21] anèng ing Prabalingga | mèsêm sang murtining sari ||

7. Sang Dyah Rarasati matur | bara-bara paraning ling | wêntarnya sinêmangkara | saneskarèng taman sari | tan lyan paraning sasmita | prabu rara saya brangti ||

8. wimbuh gandrung kapirangu | myarsa pradăngga munya sri | mencok ing pang nagapuspa | sauran lan gêndhing muni | ri sêdhêng patut manyura | ketang duk anèng swarga di ||

9. gênti kawursitèng wuwus | Anjasmara ngèsthi pati | murca sangking pagulingan | nusul mring rahadyan mantri |

--- 479 ---

dhatêng nagri Prabalingga | lan êmbanira kêkalih ||

10. ing rèh pinojar sang ayu | ing rama rakanta lalis | kasambut lan Menakjingga | nèng Prabalingga nêgari | sang dyah ngrasuk sarya seta | patrêmnya tansah pinusthi ||

11. tumurun ing jurang têrjung | sumêngka sukuning ardi | anusup angayam alas | miyak tanjang ri pung bandhil | datansah mănca udrasa | kakungnya sinambat tangis ||

12. sambêrilèr sabèng bayu | bisa timên tilar cèthi | wadung pari sira dewa | mêrdene ing kanan kering | kaniaya kakang êmas | anungkulakên wong guling ||

13. kasur pandhan wong abagus | mung sira sun kêlosodi | kang konang abra ing tawang | terong alit munggèng têgil | kalintang rasaning manah | aku kakang mèlu mati ||

14. puspita lêsah ing gêlung | dadi layon wong abênthing | bakung bang awoh pandhoga | buron kali măngsa janmi | panas pêrih sun têmaha | awora sabaya pati ||

15. kêmangirêng dewaningsun | kang asih aduwe cèthi | kapolang awoh ing kisma | gudhe pandhak sun wastani | bok inggih ta sira kakang | anangi gon ingsun guling ||

16. layar gêbang jiwaningsun | kadudut rasaning ati | sêlaka bang kang arêngga | kadang katut sang

--- 480 ---

kang[22] laki | tan nyana ngêmasi kakang | dene nora marimpèni ||

17. sănggalangit munggèng ranu | dipun langgêng dènira sih | ancur banon sira kakang | palwa kandhêg ing jêladri | lêbura dèn kaya kisma | wong loro ingkang nglabuhi ||

18. pondhoh cêngkir wong angrangkung | paran polah ingsun kèri | gambas pait sira dewa | pathining tom sun wastani | kapriye polah manira | katula-tula manah gring ||

19. lampahnya sangsaya nglangut | lawan êmbanira kalih | samarga-marga karuna | anèng têngahing wanadri | samana sang dyah ararywan | mêrpêgi pinggiring bèji ||

20. marlupa saliranipun | tandya lênggah sang lir Ratih | anèng satêpining sêndhang | kang sêndhang pasangira sri | kinubêng sêkar kang jênar | sinêlanan andong wilis ||

21. kang pudhak manglung ing ranu | tirtanira lumrang wêning | têrate ambabar sêkar | tunjung-tunjung amênuhi | kuthilang munya ing tawang | katawingan ing ron sari ||

22. èsmu kacaryan sang ing rum | sumrah kasilir ing angin | sêgsana kraos kasatan | kapencut wêning warih |[23] lagyarsa nginum ing toya | kagyat kang sata wana jrit ||

23. sinauran mêrak ngungkung | sang dyah kumêsar ing

--- 481 ---

galih | lir sinurak ing jawata | kurang prasêtya ing laki | durung pira Anjasmara | lali sungkawaning ati ||

24. sang dyah amijil ingkang luh | cangkelak tandya lumaris | sangsaya sinrang lampahnya | ni mban inya sru kaswasih | datansah sêsambat pêjah | wurung wruh rasaning warih ||

25. kêndhal tawon gustiningsun | sasinggat kang munggèng warih | dudu padu timur mula | kêpati cugêtan galih | kambangan ingkang bêbayah | wantêre nora marèni ||

26. kaku rasane tiningsun | wong bagus kang tilar jurit | sumêlang nora pamitman[24] | agawe bubrahing ati | rêmak rêmpu raganingwang | andhèrèk saliring sari ||

27. mêne sêkarêng winuwus | ya ta Radèn Damarsasi | ri sêdhêng nèng pêsanggrahan | sineba ing para aji | bupati satriya menak | dêmang răngga lan ngabèi ||

28. êmpu mêlandang bêbuyut | para dhaèng amênuhi | aglar lir sêtaman |[25] sumringah sagunging dasih | parêpat kalih tan pisah | Sêbda Genggong anèng ngarsi ||

29. sêmana parentah daut | mring rajèng Mandura Bali | lampahnya pinatah-patah | sang jayèng jurit nèng ngarsi | mangku sagung para sang dyah | lyane pra prawirèng ngarsi ||

30. lyan ta sagung

--- 482 ---

para arum | tan kêna wadya nglancangi | winangênan sapa mulat | baris gung kang-kang anèng wuri |[26] lan tindaknya Partasmara | Genggong Sabda kang nindhihi ||

31. nêngna gupitaning laku | bodhol sakuswala lari | pirang-pirang tanpa wilang | anggênggêng lir tambak wukir | lir wana karêmbun măngsa | busana abra mawa sri ||

32. kang dadya cucuking laku | garwane sang jayèng jurit | Juwitaningrum pratistha | anitih swandana èsthi | pinangagyan[27] sarya abra | arja songsong kêrtas wilis ||

33. sinulam ing hèr mas murub | gêbyar-gêbyar amantêsi | nindhiha sarerehannya | para maru anèng ngarsi | samya anitih turăngga | busana mawarni-warni ||

34. angrok kang songsong supênuh | kadya krêndha nêbèng warih | sumundhul ing wurinira | garwa panêngah sang dèwi | Juwatiningsih pratistha | anitih rata rinugmi ||

35. pangiridira nung-anung | dhawuk samya kuda janggi | mênggêp asongsong sarasah | para maru anèng ngarsi | samya nitih panggêritan | bêdhati abra ingukir ||

36. asri kang songsong supênuh | ingkang sumundhul ing wuri | garwa kang sêpuh sang rêtna | Sang Dyah Sang Juwitawati | mênggêp anitih jêmpana |

--- 483 ---

arja songsong sutra langking ||

37. kinêmbang abra sumawur | sunaring ujwala kadi | lir măndraja alêlampah | para maru anèng ngarsi | anitih gêrbong prasamya | wênèh crumpung myang palangki ||

38. ingkang mêkasi ing pungkur | sang jayèng măndra jayèng linuwih |[28] ginarêbêg balatăntra | mênggêp wahana turanggi | songsong jêpun tunggul rêtna | kaprabon sikêping jurit ||

39. samoga lawan saluku | trisula cakra myang piling | langkap limpung alugora | pratistha angapit-apit | abra citraning busana | tandra kumilat ing rawi ||

40. mangrênyêp-rênyêp asantun | kadya samodragni ngalih | lir wana karêmbun măngsa | mêmanone angrêsêpi | gêbyar-gêbyar tara lumrang | sangsaya minuni sari ||

41. samarga-marga mawèh rum | kadya ta binayangkari | sumrah mêmanoning jagat | kang ngrêsêpi ing sabumi | adrêsanani kawuryan | kang kasongan ing wiyati ||

42. pêpujining rèh arja nrus | trus trahing andana-warih | rêmbêsing madu kusuma | wijiling wiku sêmèdi | jinurung ing Sugsmanăngsa | winong ing budya mamrês sih ||

43. ya ta warnanên sang ingrum | Anjasmara kang kaswasih | kapêthuk [kapêthu...]

--- 484 ---

[...k] kang andon lampah | sang dyah waspadèng pangègsi | tanbuh wurcitaning driya | sinêngguh mêngsah kang prapti ||

44. ni êmban anjrit kaswayun | sêsambate awor tangis | dhuh Gusti suwawi nimpang | kapêthuk mêngsah gêng prapti | wurung panggih kang sinêdya | siyos tinawan ing margi ||

45. Anjasmara tanpa muwus | anjêjêr angèsthi pati | patrêm pinusthi ing asta | wusana ngandika ririh | paran biyang polah ingwang | baya wus pêsthi ngêmasi ||

46. ingsun nyimpang nora wurung | kawanguran têmah mati | lamun ingsun banjurêna | kapêthuk mêngsah kang prapti | tan wurung tumêkèng pêjah | iya pan wus untung mami ||

47. pati apa kang pinunjul | yèn èstu nglabuhi laki | nimpang pati siningkiran | nora wurung nêmu pati | iya sênadyan matia | yèn mati ngruruh dyan mantri ||

48. sok aja gumingsir wuwus | apan wus prajanji mami | yèn Damarwulan palastra | Anjasmara melu mati | gya myarsa swaraning barat | sumrêg nêmpuh ing wanadri ||

49. taru puspa anjrah mawur | sang dyah pan kadya sinêbit | runtik merang ing sajagat | lir sinurak bumi langit | Anjasmara ngèsthi pêjah | tan mèngèng mèstuti laki ||

50. gya binandrêng lampahipun [lampahi...]

--- 485 ---

[...pun] | samarga malisir baris | pênuh surasaning pêjah | tan ana baya kaègsi | mung kakungnya kang katingal | waspa drês samargi-margi ||

51. kagyat kang samya kapêthuk | sêkathahe para putri | andulu kang anrang lampah | apan ta dudu suwadi | wanodya ayu utama | ingiring parêkan kalih ||

52. kang satêngah para arum | kandhêg gènira lumaris | angiguh wahananira | saparan ngêtutkên liring | mulad wanodya lêlampah | angrasuk seta sêkalir ||

53. ya ta sang anjayèng lulut | awas dènira ningali | wanodya kang anrang marga | kewran panugsmanèng èsthi | kaya dudu sabaènnya | rêgag dènira lumaris ||

54. kèndêl anglela sang bagus | manggung saluhuring wajik | Anjasmara nora samar | mring kakungira dyan mantri | gya anjrit kapati sang dyah | rakanta dèn pêlajêngi ||

55. ni mban inya datan kantun | wong loro sarêng anjêlih | asêsambat Dyan Sêsăngka | rahadyan kagyat tan sipi | èstu rinta Anjasmara | tumrun sing kuda artati ||

74. Dhandhanggula

1. sarêng dènnya lumajêng mêrpêki | radyan lawan Sang Dyah Anjasmara | gapyuk sarêng pêngrangkule | radyan adrês ingkang luh | rêmpu

--- 486 ---

ing tyas tambuh ingèsthi | sang dyah niba kantaka | kadya ta kinanyut | kang koswa dening wisesa | mugswèng driya rasa surasaning kapti | sru pamrêsing kasmaya ||

2. kawayang dirèng jroning pamègsi | minurah sih kang misoswèng jagad | apan ta namung kakunge | pimrak maligi jumrut | saingayap para apsari | sang dyah sru kawiryawan | pamugtirèng tutug | labête ngrèh suselarja | arjwèng pragya mangu-mangulah tyas wêning | niscayèng ing Sugsmana ||

3. gêtêr gumyur rahadyan minantri | mulad rinta têkèng ing kantaka | gêpah ingêmban sang sinom | datansah rinarungrum | ingarasan mawanti-wanti | ngênglêng Sang Partasmara | swara nglayung-layung | jimat mundrine pun kakang | nahing anggèr kadingarèn wong akuning | lembon têmên anendra ||

4. pantês baya duka lan pun dasih | sun tungkulkên anèng pagulingan | ratune wong ayu kabèh | mirah musthikaning rum | lah wungua pun kakang prapti | gusti sapanên ingwang | dasih Damarsantun | kang angsal pangèstu dika | jayèng jurit tan lyan kacipta ing ati | gusti sang anglir rêtna ||

5. abusêkan sagung para putri | gêpah samya têdhak sing wahana | mulat ing sang jayèng sinom | kapilênglêng [ka...]

--- 487 ---

[...pilênglêng] agandrung | mugswèng pamyatirèng lyan dening | sang dyah kang nèng êmbanan | tansah ingimur kung | sabda wor pan drêsing waspa | para sang dyah lumajêng arêbut dhingin | aglar sumiwèng ngarsa ||

6. wênèh kamitênggêngên ningali | wus dèn nyana dyah kang nrang ing marga | Anjasmara satêmahe | byating-byating sruning trênyuh |[29] kapilênglêng tumamèng laki | iki si wong utama | ayune anulus | ayune tan kawoworan | pantês lamun Partasmara gêng trêsna sih | asihe kuwangwangan ||

7. lir ginoswèng ing driya dyan mantri | saya wutah rontoge wardaya | kawlas-arsa sêsambate | sêsangiding rèh wor luh | mung dewane sinambat ing sih | gusti kang misoswèng rat | paran polah ingsun | titahe sang anglir rêtna | paranbaya wong asih nandhang kaswasih | wong labuh ing akrama ||

8. sapandurat sang dyah kang antawis | kapidhara anèng ing êmbanan | binêgta gandrung wirangrong | ya ta sang rêtnaning rum | myat ing purwa duksina nuli | tandya mănca udrasa | asêsambat kakung | nora nya ingsun kakang |[30] apêpanggih lawan sira padha urip | ing jro misuwur pêjah ||

9. lir sinêndhal tyasira dyan mantri | myarsèng sabda [sa...]

--- 488 ---

[...bda] sêsambating garwa | saya kagugu ing tyase | dangu tan kêna muwus | Anjasmara kawêlas-asih | angasih-asih nabda | kakang dhuna ingsun | sokur sèwu kêlampahan | têmah arja kakang mas udhuna mami | wus kakang dhuna ingwang ||

10. gya pinarak rahadyan minantri | dirèng kisma amangku amawang | nganyut ing tyas pitêmbunge | nah anggèr sang lir santun | paranbaya andika gusti | kapêthuk anèng marga | sumêdya anglampus | pêpundhèning Partasmara | ngèstu pêjah tumamèng pada kaswasih | kang asih pun Sêsăngka ||

11. sang dyah jarwa sanèskara ngênting | purwa madya wusananing lampah | têmah kang dadya gêtêre | ing rèh misuwur lampus | duk praptanya Seta Kumitir | rêbat rok kawijayan | Menakjingga lampus | pratăndha murda tinigas | wus ingaturakên maha prabu dèwi | myang tuwin kalih tawan ||

12. kakung pinojar tiwasing jurit | pinapantês solanging pratingkah | sêmbada adu manise | ya ta myang kalihipun | kang rinêbat surayèng jurit | sruning gung kawêdakan | mila têkèng lampus | ing satêmah datan prapta | kaping tiga sinunduk wantêring jurit | pantês [pantê...]

--- 489 ---

[...s] kang karya basa ||

13. sasêbdanya sang dyah awor tangis | ketang nguni lampah kang kaliwat | têmah luwar sungkawane | sagung ingkang para rum | ana angrês wênèh anangis | sawênèh jomblong mulat | ana kang tumungkul | sawênèh maras kalintang | mulat sang dyah Anjasmara sangêt runtik | ningali sang lir Parta ||

14. rèh ngimpuni sagung para putri | angrênggani bangun kawibawan | iku kang dadi purwane | sawênèh kang para rum | bisik marang rowangnya linggih | bok adhi awasêna | garwane sang bagus | kusuma yu Anjasmara | muwus têka nora pasaja ing liring | ningali marang ingwang ||

15. ingkang sinung sabda anauri | sarya jiwit bok aja ingucap | salin bubuh satêmahe | ingsun ajrih kêlangkung | yèn ginusar sapa malangi | rumăngsa ngong yèn tawan | ywa kakênan rêngu | pantêse ta panasbaran | landhêp ujar pantêse datan pakering | baya angur mênênga ||

16. dangu wau rahadyan minantri | dènnya ngimur Rêtna Anjasmara | rêrêm sêgsana ing tyase | gêntya amarna wuwus | titi ing rèh ribawèng ing ngling | ngliring Sang Partasmara | mring dyah tiga pasmun | ing Juwitawati Sang Dyah | Jwitaningrum [Jwitaningru...]

--- 490 ---

[...m] lan sang dyah Juwitaningsih | sagung pra garwa tawan ||

17. gêpah samya majêng marêpêgi | matur minta ingkang pangagsama | mring garwa sang adi kaot | sru tambêt ing pandulu | pasrah sagung kang pati urip | sumiwèng karsanira | kang sumêtyèng kakung | kang pinujwa ing akrama | kang sinugun ing pawongan tawan kang sih | gusti kang anglir rêtna ||

18. Anjasmara dêlingnya amanis | pamangsul sihira mring pra sang dyah | nanging tan keguh liringe | malih kang para arum | samya atur rêtna mas manis | miwah busana wastra | sang dyah tuntung rêngu | dahat tan arsa tumingal | labêt ing rèh sumusul sangkaning pati | tan lyan ciptaning krama ||

19. putri tawan sêklangkung samyajrih | nora paja mèmpêr miribana | lêlungite sang kinaot | kewran batanging sêmu | tangèh kenging winoran kapti | dyan mantri lêgêg mulat | angling mring para rum | parentah kinèn umangkat | sakuswala ring sang măndra Partèng titis | lumêgswèng Majalêngka ||

20. ingajêngkên jêmpana myang joli | liman rata grêbong panggêritan | sang dyah tan dadya karsane | adangu rinarungrum | ing srênggara swaranya manis | dahat ngrawati tingal | nanging nora wurung | karya sêdhih

--- 491 ---

sapiraa | lamun duka agawe brangtaning kingkin | trusing gung pangribawa ||

21. manoragèng sang anjayèng rêsmi | tansah ngayuh pamadyaning garwa | ngasih-asih pangimure | pêrlambang winor ing kung | lir brêmara misudyèng ing sih | srênggaranira ngembah | angêdusi kang rum | anging minta kang katrangan | amlas-asih mêminta titising riris | ing sang karya la-êla ||

22. timur laut gusti wong akuning | pêgsi kitiran kinarya duta | runtikte[31] dèn pikatkake[32] | waru jêne mas ingsun | nora wurung nêmahi lalis | yèn tansah sinung tingal | dasih Damarsantun | tambak agung sela mirah | wong akuning kang sawang purnama sari | apuranên abdinya ||

23. kang etangan sêsanga lan kalih | awêlasa mring pun Damarwulan | tulus asih sêlamine | kang yuswa dasih katur | labêt ing rèh kula mèstuti | konang gung angayangan | aja mamang masku | gagêlang munggèng darijya | nora lali ing urip tumêkèng pati | gusti pun Damarwulan ||

24. dharat kabèh sagung para putri | samya tilar ing wahananira | awirandhungan lampahe | miwah wadya ing pungkur | saha raja myang saha dasih | samya dharat sadaya [sa...]

--- 492 ---

[...daya] | jrih Sang Partèng lulut | dhêdhêp datanpa subawa | namung sira nênggih ki parêpat kalih | kang tansah nunggang kuda ||

25. tatêmbangan ing samargi-margi | alêlagon sênggak sukan-sukan | baboncengan panunggange | jarane èstri kuru | tanpa kambil miwah kêndhali | iku tur kuda picak | sasisih lan buntung | saêjam tiba ping sanga | ingaturan kuda kang mawi kêkambil | Genggong nabda agusar ||

26. adu gêgêr dènnya nunggang wajik | iya iku dununge ihtiyar | dadi gêdhe graitane | nguni sakèndêlipun | Partasmara rêrêb ing margi | kèndêl gunging kuswala | ki pêrpat lumaku | tan kandhêg ing lampahira | kuncung buntut pinêkak nora ngandhêgi | sangsaya ngulêr kilan ||

27. nèdhèng nasak nrajang para putri | sinosotkên dening ing ngakathah | latah Ki Sêbda guyune | Nayagenggong angidung | swaranira ambêdhol lênjing | wus cêlak ni mban inya | barêng jumbulipun | anjog sangking kudanira | gumalinting tan lyan sinambat ing tangis | mung Sang Dyah Anjasmara ||

28. krasa têmên manah ingsun gusti | aningali nyai êmban inya | gustiku ing gumatine | kang tansah paring cabuk | jênang lêmu bêkatul [bêkatu...]

--- 493 ---

[...l] inthil | ngong lawas pêtagihan | sosote dikêpruk | jumêblès disambêr gêlap | ajur mumur rêrai dèn orak-arik | èrêk-èrêk kang swara ||

29. Sang Dyah Anjasmara duk myarsa ngling | têka mèsêm sajroning wardaya | malulu myat ing liyane | ri sampunira kêmbul | Genggong Sêbda ngarsaning gusti | tansah atatêmbangan | nglêlipur tyas wuyung | nginggang kang lagya sungkawa | Anjasmara trênyuhing tyas saya lilih | nêngna tingkahing marga ||

30. prapta sirèng kikising nêgari | tandya wau samya mêsanggrahan | Partasmara sawadyane | kadya prawata santun | angrok sinang abra mawa sri | gêndhing munya angraras | wadya gung gumuntur | saha raja sakuswala | pirang-pirang makubêng amagêr sari | kasmaran singa mulat ||

75. Asmaradana

1. kawarnaa prabu dèwi | pinarak ing saya-kambang | tansah gandrung awirangrong | tan abugti tan anendra | ngandika jroning nala | anutuh sariranipun | paran karsaning Suksmana ||

2. tan lyan kang munggèng ing ngarsi | namung radyan ayu patya | Sasmitaningrum sêdene | Sang Dyah Sang Suselawatya | ingkang winênang tansah | embal pangèsthining wuyung | marna-marna kawijayan ||

--- 494 ---

3. jayaning rèh ing ajurit | Menakjingga ing satêmah | tiwas kapocok murdane | èstu ring sang mung tyèng tilam | lyan ta pamojar ingkang | Seta Kumitir sila dur | nora wêca ing wasana ||

4. maha pustakaning aji | nora saya yèn lêjara | embah têrnyuh murcitane | kêsaru duk praptanira | Kusuma Anjasmara | dumrojog angaras suku | sarwi amonca udrasa ||

5. kumêsar sang prabu dèwi | sapraptane Anjasmara | ya ta sang nata dêlinge | karane sang Anjasmara | nangis nungkêmi pada | umatura ariningsun | paran purwakaning gita ||

6. dèn arèrèh sira yayi | ing panjarwa saniskara | apa kang dadi praptane | matur dèwi Anjasmara | sarwi ngusapi waspa | atur uninga sang prabu | sapraptane Layangseta ||

7. lawan pun Layangkumitir | angakên anigas murda | Menakjingga kêpalane | winot ing gêndhaga rugma | karya suwuring praja | pun Sasăngka têkèng lampus | tiwas anèng adilaga ||

8. kawula angèsthi lalis | ngruruh kunarpane Săngka | mring nagri Prabalinggane | datan nyana ing panyipta | pun cèthi Anjasmara | kapêthuk madyaning ênu | lawan pun Damarsêsăngka ||

9. sarwi ngiringakên putri | para èstri [è...]

--- 495 ---

[...stri] baboyongan | myang rajabrana sêdene | ngirit ratu tatêlukan | satriya myang pra menak | răngga dêmang lan tumênggung | êmpu tênapi mêlandang ||

10. miwah dhaèng pra prajurit | pirang-pira[33] tan petungan | wong wetan wus nungkul kabèh | kèrit ing salampahira | kèndêl kikising kitha | ngantya wawênanging prabu | sowanira pun Sasăngka ||

11. dene pun Seta Kumitir | saaturnya mring paduka | sayêgtine linyok kabèh | saèstu laki kawula | kang nigas Menakjingga | ing rèh pratingkahing ulun | sumăngga ing rèh paduka ||

12. maha pustakaning puri | sarêng myarsa ingkang sabda | lêgêg mangangên ing tyase | sirna datanpa jamuga | cêngêng ing sanalika | sihing Sugsmana kang ketung | ketang sarênging panugsma ||

13. dyah tiga kagyat tan sipi | ing manah marwata suta | samya mingsrê pilênggahe | dene radyan ayu patya | ngrangkul mring Anjasmara | pasrangkara manis arum | kawayang Radyan Sasăngka ||

14. Sasmitaningrum Sang Dèwi | Suselawati karuna | tan lyan sinambat kalihe | namung măndra Partasmara | lir anggane tri măngsa | siniram pandrêsing jawuh | kagyat rumêsêp ing driya ||

15. ngandika sang prabu dèwi [dè...]

--- 496 ---

[...wi] | yèn mangkono Anjasmara | dadi padu satêmahe | ingkang angêntasi karya | amocok Menakjingga | pakewuh jênênging ratu | andhahar atur sulaya ||

16. ewamangkono agampil | ing benjang anèng paseban | katongton bênêr lupute | sêca-tuhu ngomondaka[34] | yêgti măngsa kawora | rèhning sira kang angsung wruh | solanging rèh kakungira ||

17. bangêt panarima mami | luwih rêna suka bungah | Anjasmara matur alon | kapundhi anèng mustaka | pun cèthi amit mêdal | andhawuhkên sêbda prabu | dhatêng pun dasih Sêsăngka ||

18. pitambuh sang prabu dèwi | mengo sinamur amucang | ring Sang Dyah Rarasatine | nglingira mring Anjasmara | yayi dèwi ing mangkya | nêdha mucanga rumuhun | mangke-mangke sawantara ||

19. matur nuwun kang sinung ngling | Rarasati ngracik gantyan | nanging tan ana gambire | gya sinung mring Anjasmara | ya ta ngulungkên tandya | punika paringing prabu | yayi dèwi amucanga ||

20. Anjasmara gya nampèni | mangu-mangu pênggantyanya | adangu kèndêl sang sinom | mara yayi amucanga | umatur Anjasmara | ngantya

--- 497 ---

gambir dèrèng sinung | mèsêm ing tyas prabu kênya ||

21. gya ngambilkên ing capuri | mulung ing asta sêgsana | Anjasmara awotsinom | ri sampunira angantyan | kang gambir tyas katampan | prabu kênya sêbdanya rum | Anjasmara dèn agêpah ||

22. lumèngsèra sing jro puri | aywa kasuwèn nèng ngarsa | dhawuhna marang kakunge | tandya mentar Anjasmara | sapraptaning gapura | ingadhang pipining pintu | dening Sang Rêtna Sêkatya ||

23. kang asta cinêkêl lirih | tinanya arjaning lampah | labête angruruh layon | èsmu mèsêm dènnya tanya | Sang Dyah Rêtna Sêkatya | mangsuli kang sinung wuwus | wus jinarwa samantara ||

24. malih tanya abêbisik | paran ta kangbok sang nata | punapa wontên ajère | amangsuli Anjasmara | èsmu kapranan sabda | tan adugi radyan ayu | batange kang agung brăngta ||

25. lajêng lampahna sang dèwi | sapraptanira gapura | tembak supênuh pra sinom | datan kawarna ing marga | sang dyah kang nugsmèng gita | wus rawuh pakuwonipun | ya ta enjing kawarnaa ||

26. ri sêdhêngira tinangkil | maha sang sasotyaning rat | munggèng ing siluhure [si...]

--- 498 ---

[...luhure] |[35] tembak wadya kang sumewa | lir sarining ujwana | pipit majêjêl supênuh | lir sêgara rob bêlabar ||

27. ngandika sang prabu dèwi | marang radyan ayu patya | yayi timbalana age | Si Kumitir Layangseta | marang ing ngabyantara | sarya sababêgtanipun | pratăndha gêndhaga rugma ||

28. kang isi murdaning aji | kairida ing apatya | miwah pra niyaka kabèh | sêdene rimas ing Tuban | sakaronira pisan | sandika saha wotsantun | sang dyah nolih sawantara ||

29. ngiwa liringnya sang dèwi | gêpah Ni Sêpêt Wilaja | jinarwa lumêgsana lon | andhawuhkên pangandika | wus tundhuk lan apatya | sabda nata wus dhumawuh | orêg sagung kang sumewa ||

30. agambira sang apatih | ing panyipta suka wutah | mulat-mulat ujwalane | Dyan Kumitir Layangseta | sangsaya andêladag | lir wong nopèng lènggèr dinuk | solahnya kinarya-karya ||

31. sampun prapta ing sitinggil | sagung ingkang tinimbalan | atap aglar pilênggahe | sirah kang anèng gêndhaga | sumaos anèng ngarsa | gya kinèk[36] ambuka sampun | nênggih kang gêndhaga rugma ||

32. sirahnya Sang Bêsma aglis | kinèn amundhut [amu...]

--- 499 ---

[...ndhut] apatya | ri wusnya ingasta alon | ingajêngakên sêgsana | sang nata mingkis gubah | awas dènira andulu | mèsêm sajroning wardaya ||

33. para sang dyah para sari | samya ebat ing pamulat | wênèh mêngkarag jrih anon | kinèn gêntya pêngastanya | sagunging pra niyaka | ing sirah kang murka digung | ri wusnya tinundhung mêdal ||

34. wangsul magêlaran malih | kyana patih pra niyaka | nanging tan ana dhawuhe | prabu kênya mring apatya | ya ta sagung sumewa | gita-ginupita umung | warna-warna ing panyipta ||

35. Rahadyan Seta Kumitir | tinon lir sêkar sêtaman | sumaringah ing netyane | tansah amawang sarira | ing manah sapa madha | iki baya raganingsun | mutêr ing rat Nungswa Jawa ||

36. măngsa wingwanga sang aji | nambut titahing akrama | gusti lawan kawulane | pan kasaru praptanira | wimăndra Partasmara | swaraning janma gumuruh | pangriking laman[37] turăngga ||

37. gêtêr-patêr anauri | thathit lidhah salah măngsa | teja wangkawa-kawane | sumyak punang samirana | manêmpuh samandrawa | gănda kusuma sumawur | saênggone pênuh raras ||

38. Partasmara saha dasih | saha bala sakuswala | nèng wringin kêmbar [kê...]

--- 500 ---

[...mbar] kèndêle | kadya taruning udaya | lir gunung gêni sinang | gya karêmbun măngsa linut | trusing punang mèstudeya ||

39. Anjasmara myang pra putri | putri tawan tan pitungan | rêsmi miyat wiragane | busana abra kumênyar | mangrênyêp-rênyêp raras | anglir arga guntur santun | lir măndraja sèwu kêmbar ||

40. lajêng minggah ing sitinggil | gègèr cingak gunging mulat | kuwur kang panêrka tyase | wênèh kêkês kaebatan | sawênèh suka bingar | kang têbih atêmah jêmur | èbêg supênuh nêningal ||

41. èsmu kagyat sang apatih | tambuh lampahing nagara | karya gêtêr sagunging wong | aywa èngêta yèn dadya | warangkaning narendra | kepyan ing atmaja tuhu | tan kewran ardaning duka ||

42. maha pustakaning aji | mênggêp dènnya siniwaka | wus rinacut waranane | kadya murca kinêdhèpna | sêgsana Anjasmara | myang pra tawan glar nèng ngayun | lênggahnya angranupada ||

43. ya ta sang rêsmining puri | angliring Dyah Rarasatya | winor lungite ing pasmon | tanggap Radyan Ayu Patya | gya pisrê pilênggahnya | ngawe Anjasmara gupuh | majêng tinanya kang karya ||

44. ginêntya kang para putri | kinèn jarwa

--- 501 ---

èstuning prang | duk anèng Prabalinggane | tandya ture para sang dyah | sayêgti Dyan Sasăngka | kang mocok murdaning prabu | myang nyakup kang para tawan ||

45. tuwin nungkulkên para ji | tênapi para dipatya | Partasmara purwakane | kang sawênèh para sang dyah | aturnya èsmu wêwah | kalimput lan ing panggunggung | marna pisukaning manah ||

46. èsmu mèsêm sang dyah patih | kang umatur kawêndakan | gêpah sinamur wêntare | titi solanging niskara | jayaning Partasmara | duk myarsa sang nataning rum | aturnya kang para tawan ||

47. ngandika sajroning galih | iki baya kaanannya | kaki dewa ing wangsite | arum wijiling wêcana | mring Sang Dyah Rarasatya | mara yayi dèn agupuh | nimbali atmajèng Tuban ||

48. kèrit prapta ing sitinggil | marikêlu pilênggahnya | gya ingawe majêng radèn | pêndhapanira darminta | sumugun sariranta | kadya mopolakên kampuh | abukuh pilênggahira ||

49. angandika prabu dèwi | ri mas mara dhawuhêna | mring bapa patih karone | Damarwulan têmah prapta | anggawa kang pratăndha | tatêlukan para ratu | myang pra putri bêboyongan ||

50. lan sagung tawan dènnya

--- 502 ---

ngling | kang anigas Menakjingga | Damarwulan saèstune | sêdene Suselawatya | Sasmitaningrum samya | tan ana sulayèng atur | ing mangke karsa manira ||

51. iya Si Seta Kumitir | lawan Si Damarsasăngka | kinaro mêngsahira ge | sapa unggul yudanira | iya jumênêng nata | anèng nagri Majalangu | mêngku ing rat Nungswa Jawa ||

52. rahadyan atmajèng Tubin | karontog ing manahira | tansah kumêmbêng waspane | nêmbah matur angrêrêpa | rampung sabda narendra | ngandika sang murtiningrum | lah uwis yayi dhawuhna ||

53. umêsat rahadyan kalih | sigra-sigra lampahira | tumurun sitibêntare | cingak sagung kang sumewa | tundhuk rêkyana patya | ing rèh samantara rampung | timbalane sri narendra ||

54. Seta Kumitir tinari | aturnya purun sandika | dyan kalih lajêng lampahe | amrêpêki Dyan Sasăngka | dhawuhing sabda nata | rahadyan alon umatur | ing sakarsa tan lênggana ||

55. wangsul rahadyan kêkalih | wus katur saaturira | Seta Kumitir ature | pan sami purun sêdaya | miwah pun Damarwulan | Rêtna Anjasmara gupuh | nungkêmi [nung...]

--- 503 ---

[...kêmi] mring Sang Dyah Watya ||

56. aturira amlas-asih | kadospundi karsa nata | satêmah yèn têkèng layon | pun dasih Damarsasăngka | panuwun ulun nata | kenging anunggil capurung | nglabuhi mring Dyan Sasăngka ||

57. sri narendra tan anggalih | atur gêlar kamandaka | myang dasih sêtya-tuhune | wusana Radyan Sasăngka | ingbên pratandhingan |[38] kadospundi radyan ayu | tan wande ulun pralaya ||

58. mèsêm ing tyas prabu dèwi | arum wijiling wêcana | yayi majua ngarsèngong | Anjasmara marsèng ngarsa | nata aris ngandika | ingkang dadya karsaningsun | kang gumêlar ing nagara ||

59. ing nguni wus sabda mami | sapa ingkang wignya nigas | mring Menakjingga murdane | ambirat sêsukêring rat | jumênênga narendra | kasrah nagri Majalangu | mêngku ing rat Nungswa Jawa ||

60. ingsun nêdya anyênyèthi | ya ta Sang Dyah Anjasmara | duk myarsa sabdaning katong | lêgêg mangangên ing driya | ketang trêsnaning priya | tanbuh-tanbuh ciptanipun | gya matur nuwun sandika ||

61. nanging jroning tyas gung kingkin | ya ta radyan ayu patya | tandya mingsrê pilênggahe | bêbisik mring Anjasmara |

--- 504 ---

yayi aywa sungkawa | borong punapa sang prabu | atas karsaning Sugsmana ||

62. Anjasmara saya lilih | malih sang nata ngandika | mring atmajèng Tuban karo | lah uwis sira dhawuhna | mring patih sabdaningwang | Seta Kumitir dèn gupuh | sêdene Si Damarwulan ||

63. padha mangsaha ing jurit | nèng alun-alun dèn nglela | sangking witana dèn katon | lan sagung para niyaka | kabèh magêlarana | nèng satêpining lun-alun | jênêngana prang tandhingan ||

64. dyan kalih wotsêkar mijil | warnanên ing pagêlaran | Sang Adipati Lugêndèr | kêlangkung bêrmantyaning tyas | jaja mawinga-winga | jwala sumyak sumung-sumung | sinamun mêgsa kawêntar ||

65. sagung wadya Maospait | dhêdhêp datanpa subawa | warna-warna osiking wong | warnanên atmajèng Tuban | tumrun sing sitibêntar | sabda nata wus dhumawuh | ing ring sang rêkyana patya ||

66. lajêng rahadyan kêkalih | mrêpêki ing Dyan Sêsăngka | wus jinarwa karsa rajèng | Dyan Săngka matur sandika | wangsul atmajèng Tuban | warnanên kang para ratu | pra dipati Bêlambangan ||

67. samya gambira ing ati |

--- 505 ---

warna-warna ing panyipta | samya adhandhang palugon | mangrok băndawala mangkrak | sawênè[39] mangrês mirsa | kang têbih atêmah jêmur | girang-girang ngajap laga ||

68. ya ta rahadyan minantri | wikan osiking punggawa | ngandika mring para katong | kabèh wong ing Bêlambangan | aywa sumêlang driya | pasrahêna ing dewa gung | kang marna ing titahira ||

69. kang sinung sabda tanpa ngling | konjêm sagung kang punggawa | samya bukuh pilênggahe | riwusnya nêbda mring wadya | Radyan Damarsasăngka | majêng saha awotsantun | ing wuri wadya sungkawa ||

76. Pangkur

1. warnanên ing pagêlaran | kyana patih lan sagung pra dipati | wus maglaran ngalun-alun | ya ta sang adipatya | ngatag putra Setra Kumitir mangsah wus | samya sikêp tamêng pêdhang | wus pangguh rahadyan mantri ||

2. anulya wontên timbalan | mring apatya kinèn ngungêlna aglis | têngara kang kalaganjur | ngatag wus munya ngangkang | radyan kalih kang tamèng pinutêr asru | sarya kang pêdhang ingayat | sasolah pawor lan gêndhing ||

3. nora pati yên bagusa | mung bêsuse gawe ojat sabumi | kinayang sumbaganipun | karya pangeram-eram | cingak sagung [sa...]

--- 506 ---

[...gung] wadyabala kang andulu | sang kalih saya sudira | Dyan Sasăngka dèn kêmbuli ||

4. radyan sinabêt ing pêdhang | nora osik sêrambut nora titis | dyan kalih merang ing kalbu | dadya pêdhang tinampan | gêbrag sampir sarya lumumpat sumiyut | Dyan Săngka tansah mêrdapa | tan anglawan dèn pêdhangi ||

5. ya warnanên sang nata |[40] duk umiyat ing Radyan Damarsasi | sêkala tan kêna muwus | wurcitaning wardaya | nora bakal karsaning Hyang Sugsmana Gung | amarna ing titahira | gya ngliring mring Rarasati ||

6. sang dyah patih wus anduga | liringira sang nata wus mranani | wêntaring netya sinamun | de Sang Dyah Anjasmara | sêdangunya tansah mrêbêng pan èsmu luh | mèsêm ing tyas sri narendra | wusana ngandika aris ||

7. Anjasmara dèn prêcaya | măngsa-borong karsaning jawata di | Anjasmara matur nuwun | waspa mijil ngusapan | sri narendra pinancêr pangliringipun | ing rahadyan ayu patya | tanggap Rêtna Rarasati ||

8. gya mingsrê pilênggahira | Sêpêtmadu Wilaja kang tinuding | adhawuh mring sang binagus | radyan kinèn malêsa | nêmbah mêsat dhawuhkên karsaning

--- 507 ---

prabu | ya ta dyan kalih sudi |[41] ambêg wikamama wêngis ||

9. Dyan Layangseta manrajang | mêdhang milar sarwi anggêbrag tamsir | Dyan Layangkumitir nubruk | mêdhang sarwi lumumpat | gya tinangkis ing asta kang pêdhang putung | Dyan Seta mêdhang katampan | pinutung kadya gulali ||

10. Kumitir nyandhak talêmpak | Dyan Sasăngka linantar wus katampin | Seta mingrê nyandhak ganjur | kinayang panumbaknya | gya tinangkis kunca gigal watang putung | Kumitir anarik katga | manubruk nuduk katangsil ||

11. manrajang malih katampan | kang curiga sinêndhal datan osik | dêdêr madêdêr sru pangguh | Layangseta manrajang | goco sangking kanan cinandhak kang dhuwung | wanti dyan kalih manyêndhal | tan osik Dyan Damarsasi ||

12. manubruk sarêng manyandhak | Dyan Sasăngka winaglut datan osik | mawanti-wanti jinunjung | tan osik Dyan Sasăngka | Layangseta cinandhakkên pinggangipun | binanting Seta kantaka | Layangkumitir tinangsil ||

13. binuncang tiba lir balang | anibani wadya gung kang anangkil | tiba jungkêl êndhas bênjut | kaparêng tibanira | ing ngarsane Arya Menak Koncar

--- 508 ---

jumbul | kagyat mundur pilênggahnya | Dyan Kumitir tinampiling ||

14. sangsaya akêlayaban | ingayatan arsa dèn kaping kalih | Rahadyan Buntaran gupuh | jawil mring Menak Koncar | tan prayogi têmah yèn asalin bubuh | mèsêm tumungkul dyan arya | tan mawi mangsuli angling ||

15. gumrê suraking kuswala | gêdrê gumruh lir karêngèng wiyati | giyak kadya abên sawung | ya ta wong kêpatihan | sarêng mirsa gustinira datan emut | supe ing purwa duksina | majêng sêdyarsa ngrok jurit ||

16. manêmpuh asalang-tunjang | wikan untapipun gunging pra dasih | sinapih gya pati gupuh | minggah ing siti bêntar | gurawalan wus prapta ngarsa sang prabu | umatur sarywèsmu waspa | gusti pun dasih tur pati ||

17. yèn parêng karsa sang nata | ulun suwun dasih Seta Kumitir | gusti wêlasa mring ulun | lêhêng awèt ngabdia | ing paduka pun dasih narimèng pandum | ywa ngantya kaparèng tiwas | gusti pun Seta Kumitir ||

18. angrês ing tyas sri narendra | duk miyarsa aturira kya patih | ririh angandika ya wus | bapa sira sapiha | atmanira Seta Kumitir dèn gupuh | dene Si Damarsasăngka | sun pasrahkên [pa...]

--- 509 ---

[...srahkên] sira yêgti ||

19. mungguh utamaning lampah | kyana patih matur nu wus mijil |[42] ya ta sang kumaraning rum | ri wusnya rampung nêbda | têdhak sangking dhêdhampar kundur ngêdhatun | sarwi ngawe Anjasmara | wus cêlak sang dyah kinanthi ||

20. sang adipati wus mêdal | sarwi nyapih ing putranira kalih | Seta Kumitir tinundhung | mantuk ngriyini lampah | kyana patih mêrpêki agupuh-gupuh | ing sang măndra Partasmara | kang putra rinangkul ririh ||

21. anggèr putrane pun bapa | wong abagus sampun kasêrêng runtik | pun bapa narimèng pandum | na anggèr jênang sela | dipun agung pangapura sih wong bagus | mring rinta kêkalih radyan | anggèr wêlasa mring mami ||

22. pun Kumitir Layangseta | ywa sumêlang sampun kapurbèng mami | ulun tingalana masku | Radyan Damarsasăngka | mangrêpa nor tur sêmbah umatur nuwun | nulya samya magêlaran | radyan wadyanya sinapih ||

23. konjêm sagung kang sumewa | sapraptanya radyan ing păncaniti | tan wênang manêngèng luhur | lir mulat surya căndra | tanpa mosik atmajèng Tuban kawuwus | datansah angêmu waspa | kathah kang karasèng galih ||

--- 510 ---

24. kyana patih gya parentah | mring sagunging wadya ing Maospait | tatuguran ngalun-alun | saha anambut karya | juga-juga rêngganing pura winangun | wus samya pinatah-patah | sakaryanira pribadi ||

25. sêgsana wus aluwaran | Dyan Sasăngka ingancaran kya patih | asta kinanthi wus kondur | mring dalêm kapatihan | saha wadya kuswala luwaran sampun | warnanên sri naranata | wus kondur mring dalêm puri ||

26. Anjasmara anèng ngarsa | rinakêt sih wêntaring sabda manis | inggaring kanyinèng sêmu | Sang Rêtna Anjasmara | nuwun pamit mêdal linilan wus kondur | lan sagung pra putri tawan | wus samya luwaran sami ||

27. lajêng samya masanggrahan | nèng jawining kitha ing Maospait | sêdene Dyan Săngka sampun | lumèngsèr masanggrahan | kyana patih ngatêrkên jawining pintu | sarya anganthi kang asta | sasolah ngêmorkên galih ||

28. rakêt-rumakêting netya | kyana patih wus pinrak bangsal malih | myang pra dipati sêdarum | pararya para menak | dêmang răngga êmpu mêlandang bêbuyut | pêpak anèng kêpatihan | cumondhong karsaning patih ||

--- 511 ---

29. ri wusnya pinatah karya | lêluwaran pararya pra dipati | kunêng gênti kang winuwus | wau sang prabu rara | aningali marang Radèn Damarsantun | ciptèng tyas wus pêsthiningwang | tuwin wadya jalu èstri ||

30. sarêng dènira tumingal | mung sakêdhap lir kilat barung thathit | akarya wêwahing gandrung | dyan kondur prabu kênya | mring kêdhatyan ginarêbêg ing para rum | gandrung-gandrung anèng marga | sang nata ngolah mêmanis ||

77. Dhandhanggula

1. gandrung-gandrung kusumaning adi | lir pralaya sajroning agêsang | kawistara wirangronge | sagung brana di luhung | pan ginêlar mrih sirnèng kingkin | sang dyah miyat ing brana | saya wuwuh gandrung | wusana arum ngandika | Anjasmara timbalana ngarsa mami | mentar Sêpêt Wilaja ||

2. tan winarna marga sampun prapti | dhinawuhkên timbalan narendra | Anjasmara anulya ge | kèrit marang kadhatun | prapta ngabyantaranira ji | sang dyah mangraup pada | wus kinèn alungguh | sang prabu rara ngandika | dèn aparêg linggihmu kêlawan mami | sang dyah marêg alênggah ||

3. wus aparêg sang dyah ngandika ris | Anjasmara ngong mundhut lilanta | sun mèt kadang mring dhèwèke | ya yayi basaningsun | dèn alila têrusing [tê...]

--- 512 ---

[...rusing] ati | sun ajak mugti sira | anèng Majalangu | sinau mong maru kathah | Anjasmara manêmbah sumungkêm siti | gusti ulun sumăngga ||

4. ing sakarsa dalêm sri bupati | sampun mênggah gusti kang mangkana | sênadyan pêjah gêsange | pun Anjasmara kunjuk | sri narendra mangsuli angling | dhuh yayi sun tarima | sêtyanta maringsun | manira ngêmpèk kewala | marang sira baboyongan para putri | kabèh kasraha sira ||

5. lah ta yayi amuliha aglis | timbalana yi lakinira |[43] nata dhawuh timbalane | mring êmbanira gupuh | dhawuhêna marang si patih | kabèh para nayaka | ngiringêna iku | ya marang Si Damarwulan | duta mentar praptèng jawi wus apanggih | lawan rêkyana patya ||

6. dhinawuhkên timbalan narpati | kyana patih umatur sandika | kunêng Anjasmara lèngsèr | sangking ngarsa sang prabu | para putri boyongan ngiring | sang rêtna anèng marga | tansah arat luh |[44] sangking sru trêsna mring priya | sangêt ajrih dhumatêng sang prabu dèwi | wus prasasat jawata ||

7. mêthuk paregolan prabu dèwi | abusana ingkang adi mulya | ngagêm sinjang cindhe ijo | tanpa

--- 513 ---

sêngkang sang prabu | tan antara wau kang prapti | Rahadèn Damarwulan | ginarbêg wadya gung | sang prabu sarêng tumingal | pêrnajane nênggih Radèn Damarsasi | pinandêng mring sang rêtna ||

8. kamyat mancur mancorong awêning | ponang cahya pan patang prakara | gya sirna wau urube | dene sêmuning urub | ingkang putih amêrtandhani | yèn turune wong tapa | kang abang puniku | tăndha trah prajurit tama | ingkang bêning punika amêrtandhani | yèn turuning wibawa ||

9. urubira iku mêrtandhani | lamun trahing wong mangolah tapa | urub kang nèng jaja gone | sirnaning punang urub | kamyat ana janma alinggih | munggèng ing kursi dênta | ingap pra arum |[45] ngagêm gêlung kakêlingan | Damarwulan myat jajane prabu dèwi | kamyat dyah duk sineba ||

10. prabu rara sigra marêpêgi | dupi marêg wau Damarwulan | karsanira awotsinom | sang rêtna gya sinambut | pan ingêmban kusumèng puri | marang Radèn Sasăngka | sang prabu tan ayun | têmah akêkanthèn asta | yèn sinawang lir Kumajaya lan Ratih | ya ta Dyah Anjasmara ||

11. aparentah marang para putri | kabèh padha nabuha gamêlan | pra putri gya nabuh [na...]

--- 514 ---

[...buh] age | swaranya umyang arum | busanani sajroning puri | lir pura Ngendraloka | gamêlannya suwuk | Anjasmara aparentah | payo kabèh sagung ingkang para putri | padha mundur sing pura ||

12. kabèh aja ana kang ngregoni | mring ki lurah mundur Anjasmara | sangking sajroning kêdhaton | sang dyah sru merang kalbu | para putri boyongan ngiring | sapraptanirèng jaba | Anjasmara muwun | pra putri milya karuna | ngangsêg-angsêg kang sawênèh angrêrintih | ya ta ngling Anjasmara ||

13. mênang apa ka awak mami |[46] duwe maru kang mêngku nêgara | Sasmitaningrum ature | sampun angraos ulun | lamun botên sagêt anêmpil | sabin sêdaya bêra | kang toya binêndung | ingilèkkên pucuk arga | yêgti namung ngadhang toya sangking langit | mênawi wontên udan ||

14. Suselawati sumambung angling | katuwone babo awak ingwang | lunga sangking nêgarèngong | pisah lan bapa biyung | wêkasane manggung wiyadi | baya wus pêsthiningwang | adhuh dewa adhuh | luhung banjutên kewala | tangèh lamun jinarna kang para putri | kang samya sru sungkawa ||

15. kawarnaa Radyan Damarsasi | lawan [la...]

--- 515 ---

[...wan] sira sang prabu wanodya | kang munggèng sajroning kobong | sang rêtna rinarungrum | anrapakên swara rum manis | sêmut bang caconthongan | nora larang masku | sun tohi takêr ludira | nahing anggèr lir dewadaru ing swargi | gănda rum amrik kongas ||

16. ulun gusti tan angraos krami | ciptèng ngabdya widadi swarga |[47] dhuh mas mirah musthikane | pra wanodya sêdarum | radèn sigra ngaras panêpi | sang dyah amiwal karsa | kakung saya sêngkut | nrapakên kidung srênggara | winor lawan kêkawin sinawung gêndhing | lir angalapna jiwa ||

17. dhuh kusuma musthika jro puri | ingkang jait ing wardayaningwang | sang dyah wus sumarah ing rèh | datan winarnèng kidung | dènnya main tigswara lungit | ya wêlèh ingkang kăndha | rinasa ing sêmu | sêmune kakung wanodya | nèng jro tilam samya karsa wor ing kapti | mangun tilawat Kuran ||

18. siyang dalu tan pêgat karonsih | sih-sinihan putri lawan putra | ya ta para êmban kabèh | tuwin kang para babu | jawi kobong pra samya ngintip | datan kêna pinênggak | tanbuh polahipun | guyu-ginuyu lan kănca | kang sawênèh angucap [angu...]

--- 516 ---

[...cap] mêngko tak jiwit | dhuh marga sutaningwang ||

19. dene datan karuan ti mami | kudhandhangan kang sawênèh ngucap | dhuh kapriye bibèkane | aku kudu gumuyu | lênglêng miyat sri narapati | awakku buntayangan | panjêlat-panjêlut | lir sarpa dhiwêl makrura | kudu nyakot mring dika ingsun kêmahi | tak cêthol lambenira ||

20. dhuh bèkane kakune ti mami | kaya-kaya kadi ngong irisa | ana inya siji manèh | amingkis wastranipun | ngrungu sang dyah dipun rêrêngih | swara rum nganyut manah | wor gêndhing lan kidung | lir brêmara nguswèng sêkar | ni mbok inya kancane dipun uyuhi | bubar agirap-girap ||

21. kawarnaa kusumaning puri | sawusira pinardi asmara | sarira sangêt kalêson | de tinêmbe ing kakung | gya ingêmban sang rêtnèng puri | binêgta ing patirtan | gya sêsuci sampun | kalih lênggah kanthil dênta | linèmèkan kasur babut prangwêdani | eca kalih gêgănda ||

22. para cèthi ngayap kanan kering | sakêlangkung sukaning wardaya | wong sajro kadhaton kabèh | suka-suka anutug | abêdhayan [a...]

--- 517 ---

[...bêdhayan] raina wêngi | srimpèn abêgsa dhadhap | kang sawênèhipun | anênanggap wayang purwa | wayang gêdhog sêdayane angrêsêpi | kasukan ngalam donya ||

23. agung alit wadya Majapait | sêdya amrih sukaning sang nata | ya ta gênti winiraos | kang agung amangun kung | Anjasmara asru anangis | dènnya tan sagêt mulat | duk kalaning dulu | ing pratingkah pêpasihan | prabu dèwi lawan Radèn Damarsasi | tansah mijil kang waspa ||

78. Mijil

1. Sasmitaningrum Suselawati | myat tingkah karongron | pan karasa ing driya kalihe | samya nangis sambate mlas-asih | katuwon wak mami | yèn awèt mangun kung ||

2. mêsthi mati ingsun tanpa sakit | tan kuwat wirangrong | dhuh kapriye ragèngsun dadine | prabu rara sarêng amiyarsi | tangise sang dèwi | sêgsana gya matur ||

3. dhuh kakang mas manira miyarsi | tangise pra sinom | bok iyaa kangmas dipun age | prihên luntur atine ywa nangis | ya ta Damarsasi | sêmana gya tumrun ||

4. amarini[48] ênggone sang dèwi | Anjasmara alon | rum amanis rahadèn wuwuse | dhuh nah anggèr jimat mundri mami | mèndêla ywa runtik | sang dyah gya sinambut ||

--- 518 ---

5. wus ingêmban kusumaning adi | binêgtè[49] jinêm rom | rinarungrum sang dyah mring kakunge | kinidungan ing gêndhing kêkawin | swara rum amanis | lir kilang mor madu ||

6. wus kapadhan ing asmara jati | dumugya karongron | jinatenan sang dyah mring kakunge | lilih ing tyas inggar mari kingkin | sigêgên kang rêsmi | gênti kang winuwus ||

7. prabu kênya amiyos siniwi | magêlaran abyor | datan pisah Dyan Damarwulane | abra murub busananing aji | ginarbêg pra cèthi | kanan kering pungkur ||

8. ingkang upacara munggèng wuri | sawênèh wong wadon | ngampil layang kêncana samake | upacara mawarni mangapit | dene kang jajari | banyakdhalang ngayun ||

9. barsihan kacumas sawunggaling | kang nèng wuri katong | gêgamane ngayuda sagunge | nyata pantês Radyan Damarsasi | ginarbêg ing janmi | wadya Majalangu ||

10. agêng alit jalu miwah èstri | sêdayane golong | asih lulut anggusti anggêpe | marang sira Radèn Damarsasi | tan siwah ing nguni | duk jumênêngipun ||

11. prabu rara mêngku Majapait | wus rawuh sang katong | nèng sitinggil binaturatane | ratu ayu pinrak dhampar [dha...]

--- 519 ---

[...mpar] gadhing | Radèn Damarsasi | jajar dènnya lungguh ||

12. kyana patih sakancane sami | wangsul dènnya lunggoh | tan kaliru ing prênah-prênahe | munggèng ngarsa lênggahnya kya patih | lir konjêm ing siti | lingsêm dènnya dulu ||

13. awor ajrih myat Dyan Damarsasi | tuwin radèn karo | Seta lawan Layangkumitire | merang ajrih netya pucat putih | mung dyan arya tuwin | ing Tuban sang sunu ||

14. sukèng driya kamyat wêdana brit | wantêring pangrojong | para tabit êmpu mêlandange | wasi rêsi janggan nguyu cantrik | puthut aglar ngarsi | uluguntung nujum ||

15. pra pandhita wus sumiwèng ngarsi | kadya samodra rob | wadyabala tinon bêlabare | sêsêg jêjêl wadya kang sumiwi | busananing janmi | lir prawata santun ||

16. prabu rara angandika aris | sagung kawulèngong | iya padha sêgsènana kabèh | karsaningsun Radyan Damarsasi | madêga narpati | mêngku Majalangu ||

17. awit uwis ing punagi mami | sapa bisa mocok | Menakjingga iya ing murdane | pasthi ngadêg natèng Maospait | duwe saisining | nagri Majalangu ||

18. lan malihe sun paringi nami | Brawijaya Katong | dipun padha [pa...]

--- 520 ---

[...dha] ngèstokake kabèh | gêdhe cilik sagung wadya sami | samya saur-pêgsi | wadya gung gumrumung ||

19. urmat muni swara wanti-wanti | mariyêm gora ngrok | inglir[50] guntur abarung swarane | têtadhahan tan adangu mijil | sangking jroning puri | isi wastra mungguh ||

20. gya binagi busana wêradin | mring wadya sang katong | gêdhe cilik kawêratan kabèh | pêpundhutan tan adangu mijil | myang boga myang bugti | wus wêrata dinum ||

21. suka-suka kang wadya gung alit | ing tyas sami kasok | wus dumugi gènnya bugti kabèh | pra niyaka tuwin kang wadya lit | sami wangsul malih | mring linggihanipun ||

22. Brawijaya ya ta ngandika ris | sagung kawulèngong | Majapait kang wus padha layon |[51] nèng paprangan linggihe samangkin | sutane kang dadi | dene aranipun ||

23. anunggaka sêmi kang wus mati | yèn tan darbe kang wong | atma jalu êndi li warise | gumantia linggihe puniki | sagung pra dipati | suka duk angrungu ||

24. saur-pêgsi sagung ingkang dasih | anulya sang katong | angandika pan arum sêbdane | kawulèngsun èstokêna sami | Buntaran si adhi [a...]

--- 521 ---

[...dhi] | sun sêngkakkên luhur ||

25. ingong junjung lungguh adipati | nèng Tuban gumantos | ing ramane suwargi kang layon |[52] Si Watangan sun junjung alinggih | gumanti kang lalis | nèng Daha ngong tandur ||

26. iya lungguh adipati nênggih | Menak Koncar ri ngong | ingsun tandur Lumajang lungguhe | adipati Si Seta Kumitir | sun paringi linggih | ana Wawong sèwu ||

27. dikaroning kakang lawan adhi | ki patih karsèngong | ingsun ganjar pan sèwu lungguhe | Sabdapalon Nayagenggong iki | ingsun ganjar linggih | bêngkok bumi sèwu ||

28. uwong siji lan pun sungi putri | ya Ki Sabdapalon | iya putri kang nandhang trimane | Nayagenggong Putri Kincangmanis | Menak Koncar iki | iya karsaningsun ||

29. ngong trimani yayi Dyah Sêkati | Buntaran aringong | Dyah Kalpikawati tarimane | yayi Watangan sun tarimani | Dyah Kalpikaningsih | putri kalihipun ||

30. arinira Menak Koncar nênggih | tlas dhawuh sang katong | tan ingucap sagung rêroncène | sampun jêngkar sineba sang aji | kondur dalêm puri | praptaning kêdhatun ||

31. gya pinêthuk ing garwa sang putri | pinarak karongron | Anjasmara ingandikan age | sampun [sampu...]

--- 522 ---

[...n] prapta lênggah anèng ngarsi | jajar Rarasati | sang dyah èsmu wuyung ||

79. Asmaradana

1. prabu rara matur aris | mring raka Sri Brawijaya | kakang prabu karsaningong | kawula atur pranata | mênggahing para garwa | gilirana tigang dalu | inggih ing karsa manira ||

2. ywa ngantos sulayèng kapti | sagung ingkang para garwa | tuwan anèng pantiningong | tigang dalu agilira | pantine Anjasmara | lan putri tawan sêdarum | tigang dalu angaliha ||

3. ing gèn yayi Rarasati | putrane dipati Daha | putri papat sor-sorane | Widawati Widasmara | Citrawati Trasmara | Susela lan Sasmitèngrum | wong roro kang têlung dina ||

4. sang prabu mèsêm miyarsi | yayi ngong nora cuwêngah | sakarsa ingong rumojong | sagung pra putri miyarsa | sami inggar ing driya | nêngna wau sang aprabu | Brawijaya Majalêngka ||

5. kang sampun mangun kamugtin | lawan sagung para garwa | gênti ingkang winiraos | kocapa rêkyana patya | Lugêndèr anèng wisma | lênggah lan atmajanipun | Kumitir lan Layangseta ||

6. lan kang garwa kyana patih | Lugêndèr aris ngandika | lawan atmajane karo | kulup paran karsanira | apa wus tulus sira | Seta Kumitir [Ku...]

--- 523 ---

[...mitir] umatur | yèn rama parêng ing karsa ||

7. sae mèt sraya kang sêgti | măngsa ta kiranga jaman | sabab kula botên sae | ngawula pun Damarwulan | milane sapunika | tan sagêt nglampahi ulun | botên niyat botên nêdya ||

8. ngawula dhatêng pêngarit | lamun nyuwawèni tuwan | suwawi mring Wandhan age | tuwin mring Anggris nêgara | nguni adarbe karsa | dhatêng kusumaning arum | prabu kênya Majalêngka ||

9. garwanya ki patih angling | kulup-kulup atmajèng wang | aja lunga sira anggèr | nungkula bae nak ingwang | ngêmonga kadangira | Si Anjasmara ta kup |[53] jêr sira wus dèn apura ||

10. nadyan antuk sraya gusti | ratu kang luwih digdaya | măngsa bisa ngalahake | Brawijaya Majalêngka | apan kêkasih dewa | Seta sugal wuwusipun | agêgurêm dhidhis bêras ||

11. titiyoni punang wanci | Ki Patih Lugêndèr mêdal | lawan atmajane karo | nora pati gulang-gulang | jinêman gunggung kèhnya | sêdaya wong patang puluh | kang ngiring rêkyana patya ||

12. nêdya mring Wandhan nagari | sêmana wus bangun rina | wus katur marang sang katong | solahe rêkyana patya | langkung ngungun narendra | osiking

--- 524 ---

driya sang prabu | sapa ngêmong jênêng ingwang ||

13. Dyah Anjasmara udani | sang nata ngêmu sungkawa | winor lan guywa ature | pangeran sampun sungkawa | wong tuwa tanpa nalar | têtêp panjilmaning satru | yèn mênggah cipta kawula ||

14. suka bapa têkèng pati | sadêrah kula tan eman | têtêp wong tuwa tan sae | Brawijaya ngrangkul garwa | alon ing sabdanira | dhuh kusuma jimat ingsun | bênêr sira nora salah ||

15. nanging nimas karsa mami | si bapa patih bisaa | mugti nèng nêgara kene | mungkura pênggawe ala | nêngna Sri Brawijaya | gênti malih kang winuwus | kocapa nêgari Wandhan ||

16. prituwin sang natèng Anggris | lagya miyos siniwaka | pêpak pra dipati andhèr | para menak jagabela | drapati priyataka | prasamya adhèr[54] nèng ngayun | santana lawan satriya ||

17. prajurit răngga ngabèi | bupati abra bêranang | maneka-neka prabote | dinulu sangking kadohan | lir gunung gêni sinang | pradănggapati mawêlu | têmpur sunaring busana ||

18. sang nata eca siniwi | kasaru ing praptanira | rêkyana patih Lugêndèr | kêlawan atmajanira | ngandikan marêg ngarsa | sang nata kalih andulu | sêklangkung kagyating driya ||

--- 525 ---

19. ya ta ngandika sang aji | ing Wandhan marang ki patya | paran karsa praptèng kene | tan nganggo paring parigsa | kaliwat kagèt ingwa[55] | kyana patih nêmbah matur | milamba marêk ing tuwan ||

20. kawula atur udani | sang prabu kênya sêmangkya | sampun akrami wiyose | antuk sikêp hyang aldaka | lajêng jumênêng nata | nèng nêgari Majalangu | kawula lan suta amba ||

21. pan arsa dipun pêjahi | saênggèn kinuya-kuya | mênawi parêng sang katong | nêgari ing Majalêngka | prayogi linurugan | owêl kusumaning ayu | kalap rèncèk dhusun sudra ||

22. prayogi sri narapati | amêngkua prabu kênya | tan kuciwa sami katong | kyana patih kathah-kathah | tur bangus ing sang nata | narendra kalih sru bêndu | jaja bang mawinga-winga ||

23. wêdana lir wora-wari | kithal wor suh andikanya | dene anampik maringong | mêngko krama panakawan | tan arsa nêmu mulya | sang nata lajêng adhawuh | dhumatêng ing patihira ||

24. kine têngara aglis |[56] patih amêpaka bala | kya patih sandika ture | kang bêndhe tinitir sigra | kêndhang bèri sauran | swaranya umyang gumuruh | wus samêgta kang gêgaman ||

25. budhal wadya kang pêngarsi | natèng Anggris lawan Wandhan [Wa...]

--- 526 ---

[...ndhan] | langkung kèh wadyabalane | gêgaman abra bêranang | busana neka-neka | lir pendah wukir katunu | Raja Anggris lawan Wandhan ||

26. busana murup marnani | ngandika marang ki patya | budhalna wadyabalèngong | wus budhal kang wadyakuswa | sang nata munggèng wuntat | tan winarna lampahipun | gênti malih kang kocapa ||

27. dhukuh Sawahan winarni | kabawah ing Majalêngka | langkung sangêt asri tinon | nalika Patih Udara | kesah sing Majalêngka | kampir pasawahan ngriku | akrama sutèng pandhita ||

28. lami-lami wêka siji | jalu bagus warnanira | Kuda Rêrangin parabe | apantês sasolahira | kacatur wus diwasa | umatur ing ibunipun | ibu pundi yayah kula ||

29. kang ibu alon mangsuli | wruhanira sutaningwang | ramanira uwis layon | tan karuwan lenanira | wus lawas lunganira | Kuda Rêrangin lon matur | yèn makatên ibu kula ||

30. sapunika nuwun pamit | ngupadosi kangjêng rama | sênadyan ta sampun layon | utami pinanggih gêsang | kula yun uningaa | yèn lena yun wrin kang kubur | gampil kanthète ing binjang ||

80. Kinanthi

1. nyai răndha nangis asru |

--- 527 ---

mojar gusti anak mami | sira yun lunga ngumbara | jujugira ana ngêndi | Kuda Rêrangin aturnya | ibu sagène pinanggih ||

2. rama kêdah kula ruruh | wusnya mojar awotsari | bon[57] răndha ngling ngêmu waspa | adhuh nyawa anak mami | yèn sirèstu lunga nyawa | sapa ngong tingali gusti ||

3. dene yèn tan kêna kulup | sirèku manira pênging | ya anggèr sira lungaa | panakawanmu yya kèri | Dyan Kuda Rêrangin pangkat | panakawannya tut wuri ||

4. kalunta-lunta lumaku | anasak-nasak wanadri | sumêdya minggah ngaldaka | wusira prapta nèng wukir | praptèng ngarsa sang pandhi |[58] aturnya Kuda Rêrangin ||

5. kaki kula tanya tuhu | ênggone sudarma mami | ki ajar alon sabdanya | adhuh nyawa putu mami | sirèku tanya sudarma | wruhanira putu mami ||

6. wus murcita sudarmamu | ananging ta putu mami | sira duwe kadang lanang | sawiji taruna pêkik | nama Radèn Damarwulan | matur Dyan Kuda Rêrangin ||

7. nèng pundi panggenanipun | sadhèrèk ulun kiyai | amba badhe nuntên panggya | sang rêsi alon nauri | putu yèn sira ngupaya | midêra lumahing bumi ||

8. kaya-kaya tan kêpangguh | yèn wus praptèng mangsanèki |

--- 528 ---

yêgti panggih lawan sira | wusira ingsun tuturi | ngadhanga dalan prapatan | yèn sira wus antuk kaki ||

9. matèni wong patang puluh | sayêgti sira pinanggih | wis putu nuli mangkata | nêmbah Dyan Kuda Rêrangin | lèngsèr mudhun sangking arga | caturdhêndha sampun prapti ||

10. lajêng manggèn anèng ngriku | lan parêpatnya Si Kutis | kunêng gênti winursita | mangsuli carita ngarsi | sapêjahe Menakjingga | ingkang ginupit ing kawi ||

11. anênggih pêpatihipun | Sang Aprabu Urubêsmi | rikala sang nata tiwas | patih kalih tan udani | sira Buta Angkatbuta | têgsih sami pacak baris ||

12. lan sawadyabalanipun | anèng nêgari Kadhiri | anjêjarah angêrayah | sagung desa têpis-wiring | saha wadya sakuswala | ri wusnya miyarsa warti ||

13. yèn Sri Bêsma praptèng lampus | Damarwulan kang mêjahi | rêbat rok sudibyèng lawan | aprang tandhing padha siji | surèng prang adu prawira | Urubêsma praptèng lalis ||

14. tyas tan sipi gêtêr gumyur | tanbuh wurcitaning galih | lir tinêbak mong jajanya | anglêg ing driya prihatin | ketang sih mring Prabu Bêsma | patih kalih

--- 529 ---

waspa mijil ||

15. anglênggêr sidhakêp jêtu[59] | sêsambate awor tangis | dhuh gustiku sri narendra | wong guna dibya sinêgti | katuwone awak ingwang | wusana tinilar lalis ||

16. antènana sang aprabu | nèng bale pêngarib-arib | tan sagêt kantun pun bapa | anjilmaa ping sakêthi | sampun liyan dasihêna | ketang sih paduka gusti ||

17. dèrèng kangsi malês ulun | ing pasihan sri bupati | wusana tinilar seda | dasih kantun kawlas-asih | saya karontog tyasira | Kotbuta Katbuta Patih ||

18. jroning wardaya kagugu | ketang trêsna mring sang aji | dene ta rerehanira | pra menak răngga ngabèi | sagunging para prawira | sami jêtung tan kêna ngling ||

19. warna-warna ciptanipun | sugswèng tyas kabyatan ing sih | sihira Sang Prabu Bêsma | kya patih nêbda mring ari | paran yayi rêmbugira | mungguhing lakon punika |[60]|

20. ingkang kaya awak ingsun | Angkatbuta matur aris | lamun ta suwawi kakang | prayogi mundur kang baris | dhatêng nagri Bêlambangan | sumiwèng rèh sang arêsi ||

21. paran ing karsa sang wiku | kang dasih yêkti lumiring | wawrat timbang sang pandhita | paduka kêlawan [kêla...]

--- 530 ---

[...wan] mami | samya kinèn mong sang nata | wusana sang prabu lalis ||

22. wit tyas arda pugal digung | angrusak gusti utami | mangrurah yudaning praja | têtêp kakang lawan mami | cabar tiwas mung rumêgsa | arjaning gusti sang aji ||

23. tan wignya namaning ulun | misesèng rat ambawani | datan liya ulun kakang | ngaturakên pati urip | lan marna solanging tingkah | pasrah jiwa raga sami ||

24. ulun dugi sang awiku | kogêl mring paduka yêgti | witning nguni sang pandhita | ngantya sangêt amambêngi | ing rèh ardaning sang nata | mangurah hayuning aji ||

25. nanging nguni sang aprabu | sura pugal tan ayun wrin | kalimput ing murka arda | Kotbuta sareng miyarsi | ingkang rayi pirêmbagnya | lêgêg mangangên ing galih ||

26. lêrês arisnya kang atur | wusana manabda manis | bênêr yayi rêmbugira | sêgsana rêkyana patih | parentah ing wadyabala | sêdya mundur ponang baris ||

27. marang ing Blambangan daut | tan winarna anèng margi | ing arga Sêmèru prapta | marêngi sang maha rêsi | tamuan cundakèng nata | sira Dayun ingkang ngirit ||

28. ambêgta bandhosanipun | bandhosa Sra[61] Urubêsmi | Dayun titi aturira | purwa madya wusananing | salirira sang jayèng prang |

--- 531 ---

myang marna kawijayaning ||

29. jayaning sang jayèng pupuh | solanging rèh susela di | arjèng pragya palamarta | ing budya ngasturi amrik | sêgti dibya dikarèng rat | santya budya ambêg luwih ||

30. puruswèng rat amarta lus | ing jagat tanpa tumandhing | wicagswèng surèng ngalaga | Dayun aturira titi | ing purwa madya wusana | saliring rèh sri bupati ||

31. sang tapa wusnya myarsa tur | bandhosa binuka aglis | nèng ngarsaning sang pandhita | jêngêr lumyat mugswèng galih | lir mati sajroning gêsang | tri pandurat tanpa manis ||

81. Dhandhanggula

1. awêkasan pasrah jawata di | tandya ngadêg saya nêngèng tawang | angangkat asta kalihe | sokur ing bathara gung | putra nata tumêkèng lalis | manglêmbana sakarsan | nira bathara gung | amayang ing titahira | wiraga lir sarah munggèng ing jaladri | anut karsaning ombak ||

2. tandya gêtêr patêr anauri | lêga tyase sang maha pandhita | malah sokur ing dewane | tandya winêdhar sampun | aparentah kunarpa aji | ingunggahkên pancaka | layon binêsmi wus | layonira wus murcita | tan wun awor kumutug urubing gêni | wimbuh sinindikara[62] ||

3. tan antara dasih tur upêgsi [u...]

--- 532 ---

[...pêgsi] | yèn kya patih Buta Angkatbuta | saha wadya punggawane | pra menak pra tumênggung | yun sumewa sang maha yêgti | èsmu kagèt sang tapa | gya ngandikan laju | kya patih sapraptanira | gurawalan sumungkêm suku sang yogi | sêsambat wor karuna ||

4. kathah-kathah ature kya patih | kang sinambat gustine Sang Bêsma | miwah ngaturkên tiwase | rèhning rumêgsèng ratu | têkèng andêl rêkyana patih | malih tur pêjah gêsang | sumăngga sang wiku | jinura kang jiwaraga | sang atapa lêgêg wau amiyarsi | wusana ririh nabda ||

5. arum manis timbalan sang rêsi | marang kalih ki rêkyana patya | lir ngarih-arih dhawuhe | wus aja sira catur | takdiring hyang kang murbèng titis | patine gustinira | pinandum dewa gung | sira padha alungguha | kyana patih sêgsana tata alinggih | sang tapa malih lingnya ||

6. ayya akèh-akèh sira pikir | wus pinasthi karsaning Sugsmana | kang agung anitahake | amurwèng rat sawêgung | kang budyarja pusakèng aji | arjaning karaharjan | murwèng rat pinunjul | samêngko pan wus tumêka | ing janjine tan kêna owah lan gingsir | sinotya ing bawana ||

7. kinasihan hyang jagat pramèsthi | kinasdu

--- 533 ---

ngrèh mulyaning utama | rinewang sabda dewane | Sang Hyang Asmara nurun | pustakane swarga di luwih | nugsmèng mring Majalêngka | wajibe wak ingsun | tinitah nèng Nungswa Jawa | panglêmbana mangèstu padaning aji | sumiwèng Majalêngka ||

8. hèh ta patih mangko karsa mami | sira lawan pra wadya sêdaya | samêgtaa samoane | sumiwèng Majalangu | nanging sira mundura dhingin | marang ing Bêlambangan | ngayêmna karuhun | sawadya sakuswalanta | sêdhêng têntrêm adêge sri narapati | besuk ta sumewaa ||

9. angirida kabèh saananing | aywa sira èngêt kang wus lena | elinga samêngko kiye | karsaning Hyang Sugsma Gung | karya nata hayuning bumi | ing pangrèh ywa rumêngkang | kya patih asujut | sumungkêm kisma sandika | wus kalilan mundur budhal sawadyèki | mring nagri Bêlambangan ||

10. tan cinatur rêroncèning margi | sampun prapta nagri Bêlambangan | kunêng gênti winiraos | anênggih lampahipun | raja Wandhan kêlawan Anggris | kanthi Lugêndèr patya | sêmana wus rawuh | têpis-wiring Majalêngka | sakèh desa binahak dipun boyongi | wong desa agegeran ||

11. samya ngungsi marang jro nagari | Demak Kudus lan saurutira | ingkang [ing...]

--- 534 ---

[...kang] kamargan lampahe | sampun têluk sêdarum | lan wong Wandhan kêlaw Anggris |[63] ya ta wau kocapa | nagri Majalangu | sang prabu miyos sewaka | mênggêp anèng sitinggil binaturadin | pêpak wadya sumewa ||

12. pra dipati tumênggung lan mantri | menak dêmang răngga sinang arya | sêntana ngabèi andhèr | prajurit sri supênuh | Menak Koncar nèng ngarsa aji | lan ri kêkalihira | nèng ngarsa sang prabu | ing Tuban tênapi Daha | Menak Koncar manêmbah umatur aris | pukulun sri bathara ||

13. patik gusti pukulun atur wrin | rajèng Anggris atênapi Wandhan | prapta sawadyabalane | samêgtaning apupuh | sri narendra sarêng miyarsi | arum dènnya ngandika | kêlamun kadyèku | ngong mêthuk jabaning kutha | samêgtaa sawadya ngong Majapait | sagêgamaning yuda ||

14. ya ta Menak Koncar sarêng tampi | dhawuh nata lajêng aparentah | sang prabu jêngkar ngadhaton | praptane jro kêdhatun | wus pinêthuk ing garwa patmi | kusuma Majalêngka | ring sang murtining rum | tênapi garwa sêkawan | Anjasmara Rarasati lawan malih | Sasmita lan Susela ||

15. ginarêbêg sagunging apsari | ingkang sami andana rarasnya | sang nata lir upamane | Sang Hyang Bathara [Ba...]

--- 535 ---

[...thara] Guru | kalanira cangkramèng swargi | ginarbêg widadara | widadari grubyug | wus prapta nèng prabayagsa | sri narendra lênggah jajar lan sang dèwi | Kêncana Wungu Sang Dyah ||

16. garwa papat samya lênggah ngarsi | pra biyada marêg wuri aglar | tênapi kanan keringe | sang nata ngandika rum | dhuh kusuma garwèng sun sami | jimat mundri kawula | pun kakang angsung wruh | samêngko sang natèng Wandhan | lawan Anggri[64] angirit wadya prajurit | mangrurah Majalêngka ||

17. mila mangke pun kakang apamit | arsa miyos marang pabaratan | amêthukakên ripune | sadaya gustiningsun | akantuna mugti jro puri | ya ta kang garwa gangsal | sarêng aturipun | kawula dhèrèk ayuda | ayun wikan ing rèh wong amagut jurit | kapengin ayun wikan ||

18. sri narendra angandika aris | yèn kadèku[65] hèh Sêpêt Wilaja | dhawuhêna dipun age | mring ri mas Tuban gupuh | atênapi ri mas Kadhiri | sadhiyaa titihan | sagung garwaningsun | mêsat Ni Sêpêt Wilaja | praptèng jawi dhawuhkên sêbda narpati | marang Dipati Tuban ||

19. aprituwin Dipati Kadhiri | kalih sami umatur sandika | wus samêgta sêdayane | têng-têngara [têng-...]

--- 536 ---

[...têngara] bêndhe ngungkung |[66] tambur slomprèt barungan muni | wor pangriking turăngga | swane gumuruh |[67] busana pating galêbyar | ting pancurat kasunaran ing hyang rawi | lir wukir sèwu kobar ||

20. cucukipun kang barêpi baris | Adipati Tuban sawadyanya | asri tinon gêgamane | wuri ingkang sumambung | nênggih Adipati Kadhiri | gêgamanira abra | nênggih kang sumambung | Sang Adipati Lumajang | bupati jro jajari para garwa ji | Sang Dèwi Anjasmara ||

21. Rarasati lawan garwa kalih | Sasmitaningrum Suselawatya | jêmpana di titihane | rinawi sotya gumyur | kadi lintang sayuta ngalih | sunare hyang basmara[68] | ujyalanya kusut | sri nata nitih dipangga | lawan garwa Kêncanawungu Sang Dèwi | ginarbêg wadyabala ||

22. sanggêp pênuh gêgamaning jurit | sampun prapta ngara-ara jêmbar | lajêng tata pakuwone | rinêngga wangun-wangun | pakuwone sri narapati | rinakit-rakit pura | lan sinungan panggung | kang tabuhan munya umya[69] | ya ta wau kêsaru praptanirèki | Kotbuta Angkatbuta ||

23. sakuswala gêgamaning jurit | lampahira sangking Bêlambangan | Menak Koncar ing jujuge | lajêng katur sang prabu | lamun Buta Katbuta Patih |

--- 537 ---

prapta sawadyakuswa | yun tumêngèng luhur | mangèstupada narendra | umiring rèh sang nata sarêng miyarsi | langkung sukaning nala ||

24. tinimbalan kyana patih kalih | praptèng ngarsa manêmbah suku sang | lir konjêm siti mukane | sang nata ngandika rum | iya bangêt tarima mami | mring sira kalihira | de sira padha yun | mangruruh ing rèh raharja | ing samêngko karsèngong mring sira kalih | sun srahkên ariningwang ||

25. Menak Koncar Lumajang Dipati | ing sapangrèh ywa sira rumêngkang | sandika kalih ature | nata kondur ngêdhatun | Menak Koncar atata baris | dene cucuking yuda | Menak Koncar mungguh | suwiwi kanan ing Tuban | ingkang kering adipati ing Kadhiri | awak wong Bêlambangan ||

26. Buta Angkatbuta anindhihi | buntuting prang Răngga Minangsraya | lawan Menak Giyantine | bupati jro sêdagum[70] | anèng panggung sri narapati | lan sagung para garwa | kunêng ta ing dalu | ya ta kawuwusa enjang | gumyang gumruh muni têngaraning jurit | tan sêdya mundur ing prang ||

82. Durma

1. enjing muni têngarane wong ayuda | kêndhang gong lawan bèri | tambur slomprèt umyang | wus dadya gêlarira | wadyabala Majapait | garudha yagsa |

--- 538 ---

wadya Wandhan lan Anggris ||

2. gêlarira pritnêba sarêng umangsah | surak nêmpuh ing jurit | wadya Daha mapag | panggah datan kuciwa | wadya Wandhan angêbyuki | campuh kang yuda | kadya karêngèng langit ||

3. wadya Tuban tandange sapêrti setan | wong Lumajang nulungi | wor rukêt kang yuda | rame tumbak-tinumbak | sawênèh bithi-binithi | pêdhang-pinêdhang | ana jênggit-jinênggit ||

4. kèh warnane dènnya prang nrapakên para | tan ana ngeman pati | prasamya sudira | langkung ramening yuda | gênti rok asilih-ungkih | kathah kang pêjah | mungsuh rewang wor mati ||

5. tandya mili êrah larèn-larèn samya | sangking gunging pêpati | tamèng bêndhe lumrang | nèng kisma kumambang rah | sinawang lir bulus nglangi | swaraning yuda | lir udan sinêmèni ||

6. kèh warnane sambate wong nandhang brana | dhuh biyung kaki nini | bapa maratuwa | ana kang sambat suta | wênèh sambat kadang rabi | wadya ing Wandhan | lan Anggris ngidak wani ||

7. wadya Daha Tuban myang măncanêgara | barise bubar ngisis | wong ing Majalêngka | larut sadaya dhadhal | wong Lumajang sirna gusis | Dyan Menak Koncar | waspada aningali ||

8. wadyabala wus samya larut sadaya |

--- 539 ---

sangêt dukanirèki | mangsah ngagêm watang | Buntaran lan Watangan | mangamuk angowak-awik | lir gajah mêta | pamuknya satriya tri ||

9. singa ingkang tinrajang bubar sar-saran | kang panggah angêmasi | Nganggris lawan Wandhan | lir gabah ingintêran | mundur kasaput ing wêngi | enjang sêmana | satriya tiga sami ||

10. gangsal patih Buta lan pun Angkatbuta | lajêng mangsah ing jurit | wadya Anggris Wandhan | tan ana kiwuling prang | sadaya lumayu giris | ngungsi ing wana | jurang myang têrbis-têrbis ||

11. Layangseta Kumitir sarêng lumajar | nèng marga niba tangi | manjing wanawasa | tan sêdya nolih wuntat | ana wong Anggris barêngi | sami lumajar | asru pamuwusnèki ||

12. baya iku Si Kumitir Layangseta | satriya nistha yêgti | tan wani kiwul prang | aprang tan tatu mlajar | anjalêbut wani isin | nyawaning sona | baya iku kang manjing ||

13. mring ragane Layangkumitir lan Seta | layak jinising gênjik | bangêt dursilanya | anyênyukêri jagat | pêrang dhewe nora wani | jaile dadra | awor panastèn drêngki ||

14. pan sinigêg wadyabala kang lumajar | ya ta malih winarni | Sang Aprabu Wandhan | lan Anggris rêntênging tyas | de wadya kasoran jurit [juri...]

--- 540 ---

[...t] | nèng pasanggrahan | siniwi wadyanèki ||

15. sri narendra ngandika mring wadyanira | paran rêmbugirèki | mungguhing ayuda | apa mangrêmpak yuda | apa mundur ing ajurit | wadya sadaya | aturnya mring sang aji ||

16. sangêt merang dhuh gusti yèn mundur ing prang | luhung lêbur ing jurit | abdinta sadaya | dadosa lamaking prang | sang nata suka ing galih | arum ngandika | ya bangêt trima mami ||

17. prasêtyanta kabèh marang jênêng ingwang | kunêng sang natèng Anggris | lawan natèng Wandhan | gênti malih kocapa | Rahadèn Kuda Rêrangin | nèng Caturdhêndha | ngantya mati kang margi ||

18. sabên wontên janma liwat pinêjahan | dhase tinumpuk sami | kawan dasanira | namung kurang sajuga | kang marga kasêlak mati | tan ana janma | ingkang langkung ing margi ||

19. rina wêngi kasukan saprandènira | tan wontên janma sudi | liwat ing dêdalan | langkung jibêg tyasira | Rahadèn Kuda Rêrangin | ya ta ngandika | mring dasihnya pun Kutis ||

20. lah kapriye polah ingsun Kutis iya | dhas iki kurang siji | marga iki pêjah | tan ana janma liwat | ngong arsa panggih nêmêni | lan kadang ingwang | bok sira bae Kutis ||

21. ingong tigas iya Kutis murdanira | supaya aku nuli |

--- 541 ---

panggih kadang ingwang | Kutis mangsuli nyêntak | basakna dika puniki | dhas sun sajuga | arêp tinigas kêris ||

22. lah ta inggih punapa dosa kawula | mendah dhas jangkêp kalih | sênadyan kaliha | sayêgti niku lara | gulu tinigas ing kêris | tan sudi pêjah | ngong tagsih rêmên urip ||

23. kirig-kirig pun Kutis apandirangan | gya Dyan Kuda Rêrangin | waspada tumingal | marang ing Layangseta | kalawan Layangkumitir | sêklangkung suka | dhuh ika luwih siji ||

24. jaba siji bae ingkang ingsun tigas | sun karya gênêp iki | Kuda Rangin mojar | wong liwat umandhêga | siji bae ingkang siji | sira banjura | kang mandhêg karsa mami ||

25. ingsun tigas uwong liwat gulunira | dhas iki kurang siji | iya gênêpira | wilangan kawan dasa | ngong sêlak onêng kêpati | mring kadang ingwang | Rahadèn Damarsasi ||

26. Layangseta Kumitir ajulalatan | sangêt marasing ati | dènnyarsa tinigas | tyasira maras-maras | angrasa tan darbe gêtih | osiking driya | baya kadangirèki ||

27. Damarwulan sêmana Dyan Layangseta | lawan Layangkumitir | mara mêndhak nêmbah | radèn anilakrama | paduka karsa mêjahi | sagunging tiyang [ti...]

--- 542 ---

[...yang] | punapa kang suwadi ||

28. sirah tumpuk Kuda Rêrangin lingira | mulane sun matèni | sagunge wong liwat | manira angupaya | kadang ngong ran Damarsasi | iya wong tapa | kang tutur marang mami ||

29. bisa têmu ingsun yèn wis gawe pêjah | mring janma kawan dèsi | mêngko kurang juga | durung antuk sun ngadhang | têmah sira mêngko prapti | milarsa mangkya | ngong tigas sira siji ||

30. Layangseta Kumitir sareng miyarsa | ulat biyas aputih | gugup aturira | ajrihira kalintang | mangke radèn kula warti | dhatêng sampeyan | susah tuwan nigasi ||

31. sirah kula mindhak awêwah duraka | ulun wran[71] kang sayêgti | dhatêng kadang tuwan | Rahadèn Damarwulan | sadhèrèk kula sayêgti | nak-sanak ika | sapungkure sudarmi ||

83. Pangkur

1. inggih wontên Majalêngka | dèn niyaya Rahadèn Damarsasi | mring Sang Prabu Majalangu | kinunjara punika | mila kula kinuya-kuya sang prabu | Brawijaya Majalêngka | amargi kula nglabuhi ||

2. ngrêbat kadang Dyan Sasăngka | kula kawon aprang pupuh sayêgti | milanya mangke angluru | pangungsèn kang sayoga | angrêbata dhatêng Radèn Damarsantun | yèn sampeyan nujwèng [nu...]

--- 543 ---

[...jwèng] karsa | radèn bok inggih suwawi ||

3. Damarwulan dipun rêbat | yèn kalajêng nuntên dipun pêjahi | Kuda Rêrangin duk ngrungu | kumênyut galihira | lir sinêbit talingan sangêting nêpsu | mojar lah payo tuduhna | ênggone sadulur mami ||

4. sêmana sarêng umangkat | Layangseta lawan Layangkumitir | Kuda Rêrangin tut pungkur | lan pun Kutis nèng wuntat | kang ayuda dina-dina têgsih pupuh | dèrèng wontên kang kasoran | mangkana Seta Kumitir ||

5. Kuda Rêrangin nêrajang | pabarisan lajêng angamuk ngungkih | tandange mangiwat-ngiwut | sumbar lah di rupanya | kang ngunjara kadangku Si Damarsantun | singa kang sinêrang pêjah | wong Daha lan wadya Tubin ||

6. Prabu Anggris Wandhan lumyat | mring pamuke Radèn Kuda Rêrangin | angêlojok pêrangipun | osikirèng wardaya | bocah ngêndi dene sudira ing pupuh | mangkana ingkang ayuda | Rahadèn Kuda Rêrangin ||

7. saya nêngah pamukira | ngobrak-abrik tan ana măngga pulih | kang pêrak thinathok[72] lampus | wong Majapait rusak | wadya Daha lan Tuban sarêng umagut | radèn kinarubut ing prang | ganjur watang tanpa wilis ||

8. upama

--- 544 ---

lir panjang putra | sinosog ing marang godhonging êpring | kang aprang kasaput dalu | sapih kang băndayuda | masanggrahan sêdaya kang mêntas pupuh | wadyabala Majalêngka | kasukan ngarsa narpati ||

9. nêngna Prabu Brawijaya | kawarnaa Radèn Kuda Rêrangin | marang pasanggrahanipun | Lugêndèr Kyana Patya | Sang Aprabu Wandhan lan Anggris akumpul | kasukan nèng pasanggrahan | tan kari rêkyana patih ||

10. Lugêndèr lan putranira | Layangseta tuwin Layangkumitir | sami nèng ngarsa sang prabu | natèng Wandhan ngandika | hèh ta patih ingsun mau iya dulu | bocah abagus taruna | prawira ngadoni jurit ||

11. wasis ngolahakên tumbak | lah ta iku sapa ingkang sasiwi | Patih Lugêndèr wotsantun | punika suta amba | kang wuragil sang natèng Wandhan lingnya rum | besuk lamun bisa bêdhah | nêgara ing Majapait ||

12. ngong mèt mantu sutanira | Kyana Patih Lugêndèr amiyarsi | dhawuhira sang aprabu | sangêt kaduwunging tyas | dènnya ngaku atmaja marang sang bagus | têmah arsa tinariman | putrane sri narapati ||

13. yèn tulusa ngong mênênga | Layangseta lawan Layangkumitir | sêmune bakal kasingkur | kya patih sigra nêmbah | patik gusti

--- 545 ---

tadhah duka sang aprabu | kang ulun unjukkên mangkya | suta amba kang wuragil ||

14. pun Kuda Rêrangin nama | inggih sanès suta amba pribadi | anak anggèn ulun mupu | bapa biyung tan ana | nanging kabar gumrahing wartos pukulun | bèbètipun panêluhan | botên pantês nunggil janmi ||

15. nata kalih sêmu duka | nglingira sru hèh patih sira iki | turune wong tukang nêluh | têka sira mèt suta | nora wurung mêngko iya nêluh-nêluh | tan patut awor wong kathah | lah inggal tundhungên patih ||

16. ywa kongsi anandhang baya | Kyana Patih Lugêndèr awotsari | dhawuhkên sabda sang prabu | wong Anggris lan wong Wandhan | Radèn Kuda Rêrangin kinèn anundhung | sapa kang gêlêm kanggonan | dosa gêng ingkang pinanggih ||

17. siniasat ing narendra | wit Dyan Kuda Rêrangin iku dhingin | turune wong tukang nêluh | tan patut awor janma | mung sipate manungsa lamun dinulu | pan batine jajalanat | setan raton kumpul iblis ||

18. misuwur ondhang sang nata | sagunging wong nundhung Kuda Rêrangin | dèn lokakên tukang nêluh | Kuda Rêrangin myarsa | sangêt wirang lir urip sajroning lampus | sru wirang anulya kesah | punakawannya tut wuri ||

19. wangsul minggah [ming...]

--- 546 ---

[...gah] mring aldaka | panggih ajar nguni kang mituturi | tan winarna sampun pangguh | radèn sru wuwusira | sira kaki uwong dhawuk amêrkutuk | ujarmu nora sanyata | ingsun manggih wirang isin ||

20. wus ingsun matèni janma | patang puluh kadangku tan pinanggih | malah wirang kang ngong têmu | tinundhung lan wong Wandhan | lan wong Anggris kabèh padha nyêrbu mring sun | dinalih jinising setan | radèn wusnya warta titi ||

21. purwa madya lan wusana | kyai ajar gumuyu dènira ngling | wruhana putu kaliru | wong Anggris lan wong Wandhan | iya iku mungsuhe kadangirèku | lah uwis aja dinawa | sira balia dèn aglis ||

22. dieling wêkas manira | lamun besuk mungsuhmu mangun jurit | bisa ilang tan kadulu | yaiku kadangira | lawan manèh lawan sira aprang pupuh | mungsuhira asêsumbar | Kyai Udara kang siwi ||

23. arane Kuda Tilarsa | lah yaiku kadangira taruni | banjur rangkulên ta kulup | uwis putu dèn inggal | lah pangkata pêsthi yèn sira katêmu | Kuda Rangin lêg ing tyas |[73] nêmbah mundur sangking ngarsi ||

24. sapungkurira rahadyan | kyai ajar gumu tutup lathi |[74] èngêt solah tingkahipun | Lugêndèr Kyana Patya | sigra midêr jajah

--- 547 ---

sakèh dhusun-dhusun | manjing ajur-ajèr bisa | ki ajar sêklangkung sêgti ||

25. kunêng malih winurcita | semahira nguni rêkyana patih | Maundara kalanipun | nglangut tilar atmaja | nèng dhukuhan samangkya ta putranipun | nênggih sampun adiwasa | Kuda Tilarsa kang wangi ||

26. sêmana rahadèn putra | marêg ibu aturira aririh | dhuh ibu sudarmaningsun | anèng pundi sêmangkya | ingkang ibu sêmana alon amuwus | wruhanira sutaningwang | yèn sira takon sudarmi ||

27. panggonane tan karuan | namanira Patih Udara nguni | pan dadi wrangkaning ratu | Sang Prabu Brawijaya | iya iku dhingin kang umadêg ratu | samêngko nora karuan | êmbuh mati êmbuh urip ||

28. ya ta Dyan Kuda Tilarsa | yèn makatên kula bu nyuwun pamit | kang ibu tan sagêt muwus | sangking putêking nala | sigra mangkan[75] rahadyan sumêngkèng gunung | umarêg sang maha tapa | rahadèn nyungkêmi sikil ||

29. sarwi alon aturira | dhuh pukulun kawula nyuwun uning | dununge sudarma ulun | sang tapa alon nabda | dhuh mas putu ing samêngko sudarmamu | sinamar jawata mulya | durung binabar ing Widi ||

30. mung ta sira duwe kadang | Damarwulan suwarnane apêkik | lah iku lurunên gupuh | lah wis putu mangkata |

--- 548 ---

dipun eling putu mring wawêling ingsun | Kuda Tilarsa manêmbah | amit lèngsèr sangking ngarsi ||

31. lampahe kalunta-lunta | ya ta sigêg gênti ingkang winarni | Kuda Rêrangin andulu | ana janma lumampah | tanpa kanthi warnane anom abagus | osiking driya mangkana | wong ngêndi kang anom sigit ||

 


Kurang satu suku kata: lir widadari rêraton. (kembali)
katrêsan. (kembali)
mring. (kembali)
Kurang satu suku kata: kawuron ing kaywanane. (kembali)
sumèh. (kembali)
Kurang satu suku kata: ngliring garwa kang taruna. (kembali)
wilasa. (kembali)
Kurang satu suku kata: dhatêng kêkalih dipatya. (kembali)
Kurang satu suku kata: tulusa sabdya tuwan. (kembali)
10 cinacah-cacah. (kembali)
11 Pamênggêr. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: datanpa piniarsa. (kembali)
13 Lebih dua suku kata: bênêr ujarira kakang. (kembali)
14 Kurang dua suku kata: wuwuh-wuwuh sumuyude. (kembali)
15 salin-salin. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: karungrungan dirèng ngègsi. (kembali)
17 jro. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: rindik rikatira rimang. (kembali)
19 mocok. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: lungite sinamur liring. (kembali)
21 duk. (kembali)
22 sangking. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: kapencut wêninging warih. (kembali)
24 pamitan. (kembali)
25 Kurang dua suku kata: aglar lir sêkar sêtaman. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: baris gung kang anèng wuri. (kembali)
27 pinanganggyan. (kembali)
28 Lebih dua suku kata: sang jayèng măndra linuwih. (kembali)
29 Lebih satu suku kata: byating-byating sru trênyuh. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: nora nyana ingsun kakang. (kembali)
31 runtike. (kembali)
32 pikatake. (kembali)
33 pirang-pirang. (kembali)
34 ngamandaka. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: munggèng ing siti luhure. (kembali)
36 kinèn. (kembali)
37 liman. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: ingabên pratandhingan. (kembali)
39 sawênèh. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: ya ta warnanên sang nata. (kembali)
41 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: ya ta dyan kalih sudibya. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: kyana patih matur nuwun wus mijil. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: timbalana yayi lakinira. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: tansah arawat luh. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: ingayap pra arum. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: mênang apa kakang awak mami. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: ciptèng ngabdya widadari swarga. (kembali)
48 amarani. (kembali)
49 binêgtèng. (kembali)
50 anglir. (kembali)
51 Biasanya guru lagu e. (kembali)
52 Biasanya guru lagu e. (kembali)
53 Kurang satu suku kata: Si Anjasmara ta kulup. (kembali)
54 andhèr. (kembali)
55 ingwang. (kembali)
56 Kurang satu suku kata: kinen atêngara aglis. (kembali)
57 bok. (kembali)
58 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: praptèng ngarsa sang pandhita. (kembali)
59 jêtung. (kembali)
60 Biasanya guru lagu i: puniki. (kembali)
61 Sri. (kembali)
62 sinidikara. (kembali)
63 Kurang satu suku kata: lan wong Wandhan kêlawan Anggris. (kembali)
64 Anggris. (kembali)
65 kadyèku. (kembali)
66 Lebih satu suku kata: têngara bêndhe ngungkung. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: swarane gumuruh. (kembali)
68 baskara. (kembali)
69 umyang. (kembali)
70 sêdarum. (kembali)
71 wrin. (kembali)
72 thinothok. (kembali)
73 Kurang satu suku kata: Kuda Rangin lêga ing tyas. (kembali)
74 Kurang satu suku kata: kyai ajar gumuyu tutup lathi. (kembali)
75 mangkat. (kembali)