72. Sinom

1. kasaru ing praptanira | Sang Aprabu Harimurti | lan Radyan Dhêsthajumêna | Sri Bupati Cêmpala glis | dènira ngacarani | wus tata ing lênggahipun | dene ta kêmayangan | anak prabu manjing puri | yèn sampuna rawuh kawula utusan ||

2. sangking sru ribeting driya | sungkawa // wor muring-muring | kadya wus kolu nguntapna | mring arinta pun Srikandhi | dene dèrèng dumugi | ing sasolah-tingkahipun | dènira karya susah | ibunta kawula tuding | andhawuhi yèn mêngsah sabrang wus sirna ||

3. arinta pun Dananjaya | ingkang amarwasèng jurit | kawula kèn dhawuhana | lamun pyambake wus kêni | sangking punagi mami | dadine ing aprang pupuh | kula karya ganjaran | mring kadange pun Pêrmadi | binjang ari Soma ngajêng panggihira ||

4. sangking pêngraos kawula | tan mawi bêbakal malih | dene wus samadya căndra | dènnya gêguru jêmparing | nèng Madukara nguni | măngsa botêna yèn sampun | dados ing sênêngira | marma kawula gêgampil | satêmahan ing mangke dahat lênggana ||

5. dhaup kalawan Arjuna | mawi gadhah pasanggiri | kang dados panêdhanira | botên kaprah ing sabumi | ing kono pramèswari | matura marang putramu | kabèh-kabèh kang dadya | panuwune Si Srikandhi | aturêna aja na kang kêkurangan ||

6. pramèswari lon turira | marang Prabu Harimurti | dènnya dhawuh mring kang putra | miwah wangsulanirèki | panuwunnya sang putri | sêdaya pan sampun katur | pêpanggilirèng krama | tampia patiba sampir | wanudya di kang wignya ulah sênjata ||

7. awase kang ngasorêna | marang gènipun jêmparing | lamun botên kêdhatêngan | lampu wadat tanpa krami | Sang Prabu Harimurti | gumujêng alon umatur [u ...]

--- 172 ---

[... matur] | paman sampun dêduka | ing putranta pun Sri Kandhi | pinêksaa punika măngsa kênaa ||

8. panêdhanipun wus dadya | pasanggirining akrami | lamun botên kêdhatêngan | yêkti dèn pêlaur mati | dhasar nêdya ngayoni | sêmune mring gurunipun | putranta pun Arjuna | prayogi dipun dhawuhi | Sri Bupati Cêmpala alon ngandika ||

9. anak prabu tyas kawula | sampun bodho tanpa budi | sumăngga karsa kewala | rayi tuwan pun Srikandhi | Sang Prabu Harimurti | nolèh sarwi ngandika rum | hèh ta Dhêsthajumêna | sira yayi ingsun tuding | dhawuhana kakangira Si Arjuna ||

10. kabèh sapanjalukira | bakyumu dhawuhna aglis | mring kakangira ing kana | lamun bisa anêkani | sayêkti bisa rabi | lamun nora bisa wurung | Radyan Dhêsthajumêna | sandika tur sêmbah mijil | praptèng jawi lampahe lajêng kewala ||

11. mung lan panakawan sapta | wau ta ingkang winarni | satriya ing Madukara | anèng pakuwonirèki | lagya karya jêmparing | Larasati munggèng ngayun | sarwi ngrêmpêlas gandar | radyan ingkang angêlari | Dananjaya alon dènira ngandika ||

12. Larasati bêcik sira | iya muliha dhingini | marang nêgara Ngamarta | mangkata ing binjing-injing | lakunira sun tuding | matura mring biyang kulup | lamun Putri Cêmpala | karsane sri narapati | pan ing mêngko pinaring- // akên maringwang ||

13. besuk ari Soma ngarsa | ingsun mopo nora kêni | rèhning putri wus kinarya | sayêmbara ing ajurit | gustimu konên pamit | iya marang kaka prabu | mulih mring Madukara | ngrêsiki wismanirèki | lan nampani praptane putri Cêmpala ||

14. paturone dèn pêrnahna | yèn lêga gustinirèki | iya kamar ingkang wetan | Larasati maleroki | sarwi mènjêp turnèki | dhuh lae mambu wong lumuh | bok sampun samudana | karya ewa kang miyarsi | sajatose inggih ing batos paduka ||

15. lamun kawula têksiha | wontên Cêmpala nênggani | panggihe pêngantèn binjang | bokmênawi makèwêdi | akarya sănggarunggi | mring pêngantèn manahipun | suwawi supatanan | yèn botên kadi tur mami | sang kusuma malah kula gêgasaha ||

16. kundur asile punapa | mindhak anyênyakit galih | Dananjaya duk miyarsa | gumujêng sarwi anjiwir | lambenya Larasati | gya tinampèl astanipun | aja mangkono sira | bok dèn wêlas marang mami | măngsa dadak ngalahna kang wus sêsuta ||

17. mung lawan sira kewala | ing tyas ingsun wis sayêkti | nora bisa yèn ngalahna | mulane sira dèn bangkit | ing besuk amaripih | mring atine biyang kulup | yèn kongsi bisa ilang | muring-muringe mring mami | sayêktine yèn gêdhe ganjaran ingwang|| [ing ...]

--- 173 ---

[... wang||] 18. besuk-esuk Si Sucitra | sun kon ngiringna pribadi | iya marang lakunira | lan prajurit kang sêpalih | eca imbalan angling | kasaru ing praptanipun | Radyan Dhêsthajumêna | Dananjaya ngacarani | lah ing kene yayi banjura kewala ||

19. Rahadyan Dhêsthajumêna | lajêng sarwi awotsari | Larasati mingsêr sigra | nèng wuri ragi kapering | mêksih dènira ngampil | dêdêr ampêlasanipun | Dhêsthajumêna mulat | mring raka matur wotsari | adhuh kangmas kawula nêmbe tumingal ||

20. sintên ing wingking punika | ingkang ngrêmpêlas jêmparing | satriya Andananjaya | nolèh sarwi ngandika ris | iku bocahirèki | palihane bakayumu | sinungakên maringwang | sun karya garwa paminggir | nêmbah matur Rahadyan Dhêsthajumêna ||

21. kakang mas lampah kawula | dinuta ing ramanta ji | myang raka Sri Padmanaba | ingutus paring udani | mring paduka mênawi | panggih tuwan dèrèng tamtu | lan kangbok Soma ngarsa | wontên pakèwêt nusuli | rayi tuwan kangbok mangke karya beka ||

22. mawi gadhahi panêdha | pasanggirining akrami | panuwunnya mring paduka | tampia patiba sampir | wanudya kang yu luwih | awase pamanahipun | kang sagêt ngasorêna | marang gènipun jêmparing | panuwune kakang bok kang sapunika ||

23. sampun kinarya ubaya | yèn kangmas saget dhatêngi | sampun malih kang gi- // narwa | padmi sênadyan paminggir | marêkan dèn lampahi | kakang bok pratignyanipun | kangmas lamun paduka | botên sagêt andhatêngi | praptèng nini-nini wadat tanpa krama ||

24. dhuh kangmas manah kawula | mring kangbok sèwu anggêni | dene kumini kalintang | nuntên ngupadosa tandhing | yèn kasor kangbok binjing | sayêkti kawula kaul | Sang Parta duk miyarsa | Dhêsthajumêna turnèki | langkung kagyat anglênggêr sajroning driya ||

25. nanging sinamun ing netra | gumujêng dènnya nauri | yayi tan kêna ginampang | ing rakanira sang putri | awase yèn jêmparing | sipat katon nora luput | golèka sabuwana | yèn sasamining pawèstri | nora nana kang nimbangi sang lir rêtna ||

26. lah ta wis sira matura | iya mring sang prabu kalih | ingsun wus nora kaduga | iya yayi anêkani | pamundhute sang putri | ing tyas ingsun wus amupus | yèn wus karsaning dewa | durung jinodho lan mami | Radyan Dhêsthajumêna asru mangrêpa ||

27. dhuh kangmas sèwu dupara | paduka botên kadugi | măngsa ta dadak kewrana | inggih ngupadoskên tandhing | sagêtipun jêmparing | kakang bok sintên kang muruk | inggih saking paduka | Dananjaya ngandika ris | ingsun ingkang muruk yayi wus kasoran ||

28. Larasati duk miyarsa | ing ngarsa gunêmirèki | aturnya Dhêsthajumêna | pamundhutira sang putri | Sang Parta tan nyagahi | sigra jawil [jawi ...]

--- 173 ---

[... l] sangking pungkur | bêbisik aturira | pangeran tuwan sagahi | pamundhute rajaputri ing Cêmpala ||

29. kawula kang ngladosana | sagêndhingipun jêmparing | aturnya tan piniyarsa | ananging Kèn Larasati | sinikut-sikut mêksih | jawil matur sangking pungkur | dènnyakèn nyagahana | Dananjaya rêngu nolih | Radyan Dhêsthajumêna tyasnya graita ||

30. tumingal marang kang raka | gung jinawil sangking wuri | sinikut mêksih kewala | Larasati dènnya jawil | dadya umatur aris | kangmas paran marmanipun | dene èsmu dêduka | mring kang jawil sangking wuri | punapa kang dadya brangtaning aturnya ||

73. Asmaradana

1. Dananjaya ngandika ris | sarêngên mring bocah ingwang | cangkême ngame angomèl | nora pêrlu pinirsakna | ature kang angomyang | lah wis kundura riningsun | aturna mau tur ingwang ||

2. wus nora bisa nêkani | Rahadyan Dhêsthajumêna | mêksih kèndêl ngawasake | Larasati solahira | rinêngu mring kang raka | mêksa jawil sangking pungkur | sangsaya sru aturira ||

3. Dananjaya bêk ing galih | nolèh wuri asru nyêntak | Nikèn Larasati bêkès | yèn pangeran botên sagah | kula sakêthi wirang | duwe gusti mulih ngunthul | mêmirang angur matia ||

4. luhung paduka ing nguni | sampun bêkta mring ka- // wula | kundur ngunthul sakarsane | Rahadyan Dhêsthajumêna | miyarsa langkung suka | mring kang raka asru matur | dhuh kangmas dene punika ||

5. tan mawi ngupados malih | bakayu wingking punika | sampun anyagahi dhewe | têka dadak dinukanan | Dananjaya ngandika | yayi aja sira rungu | aturèku bocahira ||

6. saguhe wong andalêming | gêpok gandhewa kewala | durung tau sakjêg-jêge | arsa saguh ngayonana | pêmanahe sang rêtna | dêstun tan wruh awakipun | mundhak mêmirang kewala ||

7. lah ta wis kundura yayi | Larasati duk miyarsa | tan kêna tinata tyase | sigra majêng dènnya lênggah | nèng keringnya Sang Parta | rahadyan andika matur | mring ramanta sri narendra ||

8. yèn kawula kang nyagahi | pamundhute sang lir rêtna | angladosi samangsane | ngabên awasing sanjata | Radyan Dhêsthajumêna | miyarsa suka kêlangkung | sarwi kêplok saurira ||

9. inggih bakyu inggih-inggih | kawula kang ngaturêna | lamun bakyu saguh dhewe | kakang mas ingkang amalang | wong saguh dinukanan | rahadyan nêmbah gya mundur | sangking ngarsanya kang raka ||

10. latah sarwi asêsirig | satriya Andananjaya | nguwuh asru pêngampahe | dhuh yayi mas aja-aja | ature bocahira | kongsi katur ing sang prabu | măngsa dadak sayêktia ||

11. ingkang mêsthi atur mami |

--- 174 ---

aturna mring sri narendra | pan wis nora sagah-sègèh | iya lamun nêkanana | pamundhute sang rêtna | Dhêsthajumêna lumayu | sêdasa kangmas matura ||

12. inggih botên anyagahi | ujêr bakyune wus sagah | yêkti kula aturake | wus lajêng Dhêsthajumêna | lampahnya gêgancangan | Dananjaya mangu jêtung | dhêlêg-dhêlêg tan ngandika ||

13. èbêk ing tyas muring-muring | muring-muringira marang | Larasati cinawowo | dhuh sira iki wong apa | sarwi ngagagi asta | cangkêmmu aclêbang-clêbung | matur mring putra Cêmpala ||

14. têka dadak anyaguhi | pamundhute sang lir rêtna | apa kang kok saguhake | kapan anggonmu mêmanah | lah samêngko kaya pa | mêsthi ika mau matur | iya marang sri narendra ||

15. lamun sira wis nyaguhi | dhuh-adhuh iki wong apa | dene mêngkono cangkême | Larasati matur nêmbah | punapa kang dèn ucap | sagah pan sampun katrucut | paran ta gèn mangsulana ||

16. kêjawine dèn ayoni | inggih kantênane binjang | yèn sampun sami kêlakon | kawula ingabên lesan | lawan putri Cêmpala | kantênan sor unggulipun | Sang Parta sru têbah jaja ||

17. dhuh kabanjur si wong iki | saya kasurupan apa | dene kumini kumênès | sêdya wani ngayonana | marang putri Cêmpala | awase // pamanahipun | dêstun mung bêbarang wirang ||

18. kapan anggonmu jêmparing | gêpok gandhewa kewala | durung tau sakjêg-jêge | kale putri ing Cêmpala | kalamun amêmanah | kang kinarya lesan rambut | amung wruh pêrnahe kêna ||

19. miwah lesan dhoging pêking | sipat katon bae kêna | nora luput pêngarahe | samêngko yêkti sangsaya | wuwuh awas wasisnya | ingsun iki kang amuruk | angrasa lamun kasoran ||

20. têka sirarsa ngayoni | dêstun si wong tanpa ngrasa | nora anolèh githoke | Larasati matur nêmbah | inggih yêktos kawula | pan dèrèng nate sinau | ananging manah kawula ||

21. kadi-kadi yèn kadugi | solah nyênjata mung kadya | putri ing Cêmpala bae | Dananjaya asru nyêntak | pintêre têka ngapa | yèn nora lawan winuruk | Larasati aturira ||

22. inggih dèrèng anglampahi | piwulang sangking paduka | asring ngintip salamine | gèn tuwan mulang nyênjata | dhatêng Putri Cêmpala | wontên ing taman rumuhun | manah kawula kaduga ||

23. rakite dènnya jêmparing | panyêpêngira gandhewa | miwah ta ing pamawase | kadugi lamun nelada | mring rakite kang mulang | Dananjaya sigra mundhut | jêmparing lawan gandhewa ||

24. sun dêlênge si kumini | rakite dènnya amanah | dene liwat kumênèse |

--- 175 ---

lah ta nya iki gandhewa | lan panah amanaha | arahên wit pucang iku | sêmono apa ta kêna ||

25. mèsêm Nikèn Larasati | dènnya nampèni gandhewa | sarta lawan jêmparinge | kêndhênge sampun pinasang | ngewahi silanira | rêspati pangêmbatipun | gandhewa mawas sênjata ||

26. mèh lumêpas kang jêmparing | cinandhak gandhewanira | sarya lon pangandikane | dhuh dene parigêl sira | pacak lan tandangira | kaya wong wus olèh wuruk | pangêmbatirèng gandhewa ||

27. miwah pamawasirèki | wus nyamlêng ing lungguhira | rada mêmiringa bae | lawan kêmanglungên jăngga | yèku pangincêngira | rada mèmpêr pacak kakung | dudu pacaking wanudya ||

28. iya nora angowahi | lakune jêmparingira | nanging saru sawangane | pawèstri lamun mêmanah | nganggo pacaking lanang | lah tirunên ingsun wuruk | kang nyamlêng pacak wanudya ||

29. mundhut lesan dhoging pêking | terong gêlathik kalawan | rema kinêncang ênggone | anèng ing têngah jinăngka | sinami longkangira | terong kêlawan dhog manuk | Sang Parta ngêmbat gandhewa ||

30. mawang sênjata saryangling | lah ta iki tingalana | pamawas ingsun rakite | kang nyamlêng pacak wanudya | dudu pacak wong lanang | awasêna kang satuhu | wus lumêpas kang sênjata ||

31. terong gêlathik kang pinrih | têngah bênêr ing- // kang kêna | mêksih tumancêp panahe | nulya malih anyênjata | dhoging kukila kêna | nyolong panahira laju | dhog wutuh katon kewala ||

32. nulya rambut jinêmparing | kêna têngah bênêr sigar | mêksih akanthil panahe | Dananjaya angandika | lah ta mara manaha | tirunên pacakku mau | sarwi ngusap sri natanya ||

74. Sinom

1. iku putri ing Cêmpala | durung kongsi sun wuruki | manah rambut amrih sigar | panahe isih anganthil | myang manah dhoging pêking | bolong panahira laju | nora rêmuk sinawang | lan manah terong gêlathik | jêmparinge isih tumancêp kewala ||

2. kang wus sun wurukkên marang | putri ing Cêmpala naming | bisane mung manah rema | pêdhot nora bisa nganthil | yèn manah dhoging pêking | pêsthi kêna nanging rêmuk | mrih bolong durung bisa | yèn manah terong gêlathik | kêna sigar mrih tumancêp durung bisa ||

3. nora kudu sira bisa | manah rambut isih nganthil | bisaa padha kewala | lawan sang raja pinutri | wus narima wak mami | dadi ana sababipun | gon ingsun wurung krama | duwea êlok sathithik | mung sêlire bae kang dèn adu lesan ||

4. manah lawan sang lir rêtna | bisa pur dènnya jêmparing | lah wis mara mêmanaha | sun awasne sangking wuri | Larasati nampèni |

--- 176 ---

langkap lan jêmparingipun | lajêng ngêmbat gandhewa | nyamlêng pacaking pawèstri | Dananjaya tumingal kalangkung suka ||

5. mêngko mandhêga sadhela | rada kasuwèn sathithik | iyèku pangincêngira | sayêktine angowahi | mara mawasa maning | yèn wis awor bedhoripun | lan lesan nuli culna | sigra Nikèn Larasati | ngêmbat langkap wus awor pamawasira ||

6. bedhore kêlawan lesan | lumêpas ingkang jêmparing | lesan rambut kang dèn arah | kêna sigar panah mêksih | nèng rema kanthil-kanthil | Larasati gya rinangkul | ingaras asru nyêngkah | dhuh priyayi apa iki | têka dadak ngrêrègoni wong mêmanah ||

7. kula dugèkne punika | lesane kantun kêkalih | bokmênawi mangke lêpat | Dananjaya ngandika ris | dhuh wode ing tyas mami | apuranira sun jaluk | goningsun adêduka | kèh-akèh marang sirèki | iya sapa wonge ingkang duwe nyana ||

8. dene dadakan kewala | iya goningsun muruki | mung dêlêng sadhela bisa | angungkuli kang wus lami | gonira anjêmparing | nuli bisa manah rambut | mendah kaul ngong benjang | yèn kêlakona sirèki | kongsi bisa angrabèkakên maringwang ||

9. ingsun kêmbong sangang dina | anèng sajroning jinêm rik | dèn kongsi ngêntèk sambatnya | Larasati angènjêpi // | nora kudu wak mami | ginanjar mangkonok iku | namung sok kêlakona | salirane sida krami | ingkang dados panase manah kawula ||

10. mendah gene yèn ajaa | jaba jêrone wus kêni | têka dadak alêlewa | nganggo duwe pasanggiri | sumêja ngêngilani | iya marang kang amuruk | satriya Dananjaya | gumujêng ngandika aris | lah ta mara tutugna pamanahira ||

11. lesan kari loro ika | Larasati anulya glis | ngêmbat gandhewa winawas | lumêpas ingkang jêmparing | dhoging kukila pêking | kêna bolong nora rêmuk | nulya malih nyênjata | kêna kang terong gêlathik | têngah bênêr têrus mêksih jêmparingnya ||

12. tumancêp ing têngah gandar | gya pinondhong sangking wuri | angayang-ngayang pinêksa | pangeran mangke rumiyin | bok dèn sarèh pênggalih | kirang pintên Soma ngayun | panggih paduka lawan | kusuma Wara Srikandhi | kawula yun dugèkkên lesan sênjata ||

13. satriya Andananjaya | ngaras sarwi ngandika ris | măngsa ta kuranga dina | sesuk manèh iya bêcik | sun ngêmping kaul dhimin |[1] wus binêkta mring jinêm rum | nahên ta ingkang lagya | angêla-êla mring abdi | kawuwusa Rahadyan Dhêsthajumêna ||

14. wus prapta sajroning pura | ngarsanya sang prabu kalih | Sri Maha Narendra Krêsna | apan ta mêksih ngêntosi | praptanira kang rayi | rahadyan nêmbah umatur | sasolahnya dinuta | miwiti malah mêkasi |

--- 177 ---

dènnya dhawah mring kang raka Madukara ||

15. katur ing pamoponira | sêdaya wus katur sami | sande krama wus anêmah | wusana ingkang nyagahi | garwanipun paminggir | dinukanan mêksa laju | sagah samăngsa-măngsa | mring kakangbok angêmbari | ngabên awas sami anyênjata lesan ||

16. gumujêng Narendra Krêsna | mring kang paman matur aris | paman aji putra tuwan | sae nuntên dèn dhawuhi | yèn sampun dèn sagahi | kang dadya panuwunipun | lingnya natèng Cêmpala | pun bapa pasrah sayêgti | pan sumăngga ing anak prabu kewala ||

17. inggih ingkang andhawuhna | Sri Padmanaba lingnya ris | hèh kulup Dhêsthajumêna | banjura mring tamansari | sira yayi sun tuding | dhawuhana bakayumu | yèn ing mêngko kang dadya | pênjaluke dèn saguhi | iya marang kakangamu Madukara ||

18. sêlire ingkang kinarya | sasrahan patiba sampir | iya marang bakyunira | sagêndhinge dèn ladèni | ngadu wasing jêmparing | besuk apa karêpipun | dènnya lesan sênjata | lan kalangane ing ngêndi | ing samăngsa-măngsa kene wus samêkta ||

19. radyan tur sêmbah umentar | lajêng marang tamansari | wau ta ingkang winarna | kusuma Wara Srikandhi | lagya siniwèng cèthi | lênggah soring nagasantun | babu inya ing ngarsa | sang rêtna ngandika aris | hèh ta biyang kayaparan duganira ||

20. priyayi ing Madukara | a- // pa ta bisa nêkani | kang dadi pênjaluk ingwang | patiba sampir pawèstri | ingkang wignya jêmparing | kang bisa ngasorkên mring sun | nikèn ban matur nêmbah | kados botên sagêt gusti | lah ing pundi anggèr gènipun ngupaya ||

21. ingkang kadya sang lir rêtna | wignyanipun anjêmparing | wikanta ing endraloka | yèn mênggah samining putri | ingkang kasanggèng bumi | măngsa wontêna pukulun | jêmparing lesan rema | ukur wruh pêrnahe kêni | sang kusuma mèsêm aris angandika ||

22. dhuh biyang aja gumampang | nora kêna dèn kilani | priyayi ing Madukara | garwane putri linuwih | lawan sêlire kalih | bok mênawa wis winuruk | iya marang kang lanang | pêngawasaning jêmparing | nanging iya sênadyan wis winuruka ||

23. lagi lawase sawarsa | sênadyan wisa rong warsi | ingsun duk samadya căndra | biyang rasaning tyas mami | kaduga angungkuli | marang ingkang wus sataun | malah-malah tyas ingwang | manira wani ngayoni | mring kang wuruk ngadu awasing sênjata ||

24. dèrèng tutug angandika | kagyat praptanya kang rayi | ingawe majêng mring ngarsa | sang dyah angandika aris | yayi apa tinuding | dene agati dinulu | kang rayi matur nêmbah | inggih kakangbok tinuding | mring rama ji myang raka Sri Padmanaba ||

25. andhawuhi mring paduka | panuwunta ing sêmangkin | kakang mas ing Madukara | inggih sampun anyagahi | sêlirnya

--- 178 ---

kang nyagahi | patiba sampir pukulun | satunggal kang binêkta | punika ingkang kinardi | ing samăngsa-măngsa mêngsah mring paduka ||

26. awas-awasan sênjata | namane Kèn Larasati | warnanipun yu utama | lan paduka mèh sairib | pathênthênge mêdosi | wau kasagahanipun | sinawang wêwangunnya | pantês sagêda jêmparing | dhuh kakangbok yèn parêng atur kawula ||

27. bok inggih krama pêsajan | sampun mawi kêdhah-kêdhih | inggih angsile punapa | yèn asor ngisin-isini | sagêt tuwan jêmparing | inggih kangmas ingkang muruk | ngrika măngsa sandeya | wus dèn ulig rina wêngi | marma gadhah kandhutan manah kaduga ||

28. sang rêtna rêngu ngandika | lah wis ta aja cariwis | pan wis dadi karêp ingwang | kaya pa gone balèni | yèku Si Larasati | nadyan bisa manah lêmut | ingsun măngsa kilapa | kang rayi umatur aris | lamun mêksih mawi pucunging akrama ||

75. Pocung

1. lah ing pundi kakangbok kambênganipun | lan benjing punapa | kawitnya lesan jêmparing | sang rêtna ngling iya ing taman kewala ||

2. bangsal cilik watês taman kulonipun | bangsal gone kana | lan kene sêdhêng dohnèki | tratagana lan wangunên têtuwuhan ||

3. bêndarane sayêktine kudu milu | kêkinthil nèng taman | sêlire dèn bêbotohi | sun wangêni bature ingkang ginawa ||

4. manjing // taman aja luwih patang puluh | ingsun gawe padha | lan kèhe parêkan mami | iya patang puluh kalêbu ban inya ||

5. bangsal gêdhe watês taman ingkang kidul | iya tarubana | palênggahane rama ji | iya lawan Sang Aprabu Padmanaba ||

6. pra sêntana anèng kono ênggonipun | cêlak goning lesan | waspada dènnya ningali | têngah-têngahing kono lan kulon ika ||

7. pasangana tarub bae ingkang patut | êndi kang amanah | maju mêrono gonnèki | dene lêkas tandhing ingsun manah lesan ||

8. besuk Buda Cêmêngan tanggale nuju | sêdhêng purnamanya | lêbokna Si Larasati | ingsun jake lêkas manah mumpung enjang ||

9. lan matura iya marang sang aprabu | yèn wus padha manah | ingsun lan Si Larasati | bêcik nganggo gamêlan kêlawan surak ||

10. bangsal loro gone kana lan gon ingsun | bêcike pan padha | nganggo gamêlan pribadi | tinon ngakèh ora kêmba piniarsa ||

11. yèn Si Larasati panahe bisantuk | sabature kana | dèn rame surake sami | patang puluh kabèh aloka yèn kêna ||

12. dene lamun lupute pamanahipun | nora tibèng lesan | ing kene ingkang nyuraki | bocah ingsun parêkan miwah ban inya ||

13. patang puluh kabèh ngêlokake luput | kene ya tan beda | yèn luput pamanah mami | ya bature ing kana padha nyuraka ||

14. patang puluh

--- 179 ---

kabèh angêlokna luput | yèn tumibèng lesan | parêkan ingsun myang cèthi | ingkang surak patang puluh alok kêna ||

15. ingkang rayi umatur sarwi gumuyu | kangbok têtêmênan | karsa paduka puniki | tandhing lesan jêmparing mawi gamêlan ||

16. mawi surak kadi wong angabên sawung | culipun kambêngan | kangbok dèn angati-ati | mêngsah tuwan sawung sampun lig-uligan ||

17. bokmênawi têdhak maharsi pan ampuh | kangbok kula sawang | sêmunipun Larasati | kadi-kadi katempelan trah kusuma ||

18. dene wijiling alit satuhunipun | sang rêtna ngandika | iya karuane binjing | gêgitike yèn wis mêtu ing kalangan ||

19. poma yayi kabèh sapanjaluk ingsun | aja kêkurangan | wangunaning tamansari | dèn samêkta kabèh ing dalêm rong dina ||

20. Radyan Dhêsthajumêna tur sêmbah mundur | sangking patamanan | wangsul marang jroning puri | sapraptaning ngarsa sang prabu kalihnya ||

21. mring Narendra Krêsna dènira umatur | ing salampahira | panggih kang raka sang dèwi | panuwune wus ingaturkên sêdaya ||

22. duk miyarsa Sri Krêsna suka gumuyu | Sang Prabu Durpada | pangandikanira aris | anak prabu paran ing karsa paduka ||

23. dene botên kaprah barang kajêngipun | arinta punika | Narendra Krêsna turnya ris | paman prabu sae tinurut kewala ||

24. hèh ta yayi Dhêsthajumêna sirèku | nuli parentaha | ka- // bèh-kabèh ingkang dadi | panjaluke bakayumu dèn samêkta ||

25. Sang Aprabu Padmanaba pamit sampun | mêdal pasanggrahan | Dhêthajumêna tan kari | praptèng jawi lajêng dènira parintah ||

26. marang kyana patih lan sakancanipun | sagung pra dipatya | ngrêsiki ing tamansari | lan amangun rêngganing bangsal têtiga ||

27. kakêmbangan têtuwuhan tarub-tarub | wau kang winarna | Sang Aprabu Harimurti | sampun dhawuh mring kang rayi Madukara ||

28. yèn karsane putri Cêmpala wus tamtu | ing Buda Cêmêngan | dènira tandhing jêmparing | anèng taman mawi surak lan gamêlan ||

29. winangênan gawabdi mung patang puluh | ingkang badhe surak | ing benjang nèng tamansari | cinarita satriya Andananjaya ||

30. pan ing dalêm rong dina dènira jungkung | ing pamulangira | marang Nikèn Larasati | wus tan ewah wignyane jêmparingira ||

31. lan winulang pratingkahing aprang pupuh | kalamun pinanah | tan kewran dènira tangkis | miwah nyandhak jêmparing lumarap wignya ||

32. miwah aji jaya wijayanti sampun | winulang sêdaya | Larasati sampun bangkit | sapraptane ing ari Buda Cêmêngan ||

33. sumêkta wus rarêngganing tamansantun | bangsal kang têtiga | sêkawan gène jêmparing | tinaruban kinêmbang ing têtuwuhan ||

34. Prabu Padmanaba tinimbalan sampun | manjing jroning pura | lajêng têdhak tamansari | lênggah bangsal agêng ingkang tinaruban ||

35. Dananjaya Larasati [La ...]

--- 180 ---

[... rasati] datan kantun | Radyan Wêrkudara | Gathutkaca lan Sêtyaki | namung bêkta kang ampil-ampil sêdaya ||

36. tata lênggah nèng bangsal gêng kang tinarub | sagung pra dipatya | sêdaya wus dèn timbali | manjing taman kèrit ing Dhêsthajumêna ||

37. Dananjaya lan Larasati pan sampun | lan saabdinira | kawan dasa manggèn sami | anèng bangsal kilèn alit kang rinêngga ||

38. wus cumawis gamêlan niyaganipun | miwah bangsal wetan | panggenanira sang putri | pan pinajang-pajang pan kadya kaswargan ||

39. pan kinêmbang-kêmbang asrining têtarub | sang kusumaning dyah | lênggah anèng kursi gadhing | andhèr ngarsa parêkane kawan dasa ||

40. Radyan Dhêsthajumêna prapta umatur | kangbok kang timbalan | ramanta kangjêng rama ji | kinèn nuntên anglêkasana nyênjata ||

41. gih paduka kinèn manaha rumuhun | mangke yèn wus gantya | pun Larasati jêmparing | sang rêtna ngling ya kanthiku dhawuhana ||

76. Kinanthi

1. kang rayi tur sêmbah mundur | wangsul mring ngarsa sang aji | sang rêtna nyandhak gandhewa | têdhak sangking kursi gadhing | rêspati sasolahira | ajêngnya sang rajaputri ||

2. muni gêndhing ladrang alus | wusnya lênggah sang rêtna di | tarub têngah gèn nyênjata | ginêlaran prangwêdani | lajêng angêmbat gandhewa | kaping tiga dèn kèndêli ||

3. ngewahi pamasangipun | nèng kêndhêng nyêping jêmparing | sarta ngêluk dê- // dêrira | sawusnya ingêmbat malih | lambunge kadya pêpêsa | bêsus tangkêping jêmparing ||

4. nanging mêksih pacak kakung | lênggahira kaduk miring | lawan kêmanglungên jăngga | pamawasirèng jêmparing | linêpasakên sêksana | êndhoging kukila kêni ||

5. kataman sênjata sumyur | surak sagung para cèthi | patang puluh alon kêna | mundur sang raja pinutri | ladrang alus sêsêg niba | wusnya lênggah kursi gadhing ||

6. surak kèndêl gêndhing suwuk | eram kang samya ningali | sagung ingkang pra dipatya | kang anèng ngarsa nêrpati | sakjêg dèrèng wontên mulat | lesan panah dhoging pêking ||

7. sangking doh mèh tan kadulu | nora luput jinêmparing | prasamya angalêmbana | marang sang raja pinutri | wignyanira anyênjata | tuhu punjul ing sabumi ||

8. lesan sinalinan sampun | kang wus rêmuk dhoging pêking | bangsal kilèn dhinawuhan | ganti majêng anjêmparing | ajêngnya sinarêng lawan | gêndhing Gandrungmangu muni ||

9. sapraptanirèng têtarub | kèndêl nata silanya ris | tarub gèn pamanahira | ginêlaran prangwêdani | lajêng angêmbat gandhewa | pêsaja nanging rêspati ||

10. asarèh nora kêsusu | nyamlêng pacaking pawèstri | miwah ing pamawasira | tan dangu nanging patitis | wus lumêpas sênjatanya | êndhoging kukila kêni ||

11. bolong têngah panah laju | sangking doh datan kêtawis | nyana kasrèmpèt kewala |

--- 181 ---

obahing kang lesan dening | tiningalan têksih wêtah | surak sagung para cèthi ||

12. patang puluh alok luput | suka kêplok-kêplok sami | Larasati mèsêm ing tyas | nolèh sarwi angêjèpi | mring Ki Lurah Bagong Sêmar | tanggap parêng surak anjrit ||

13. garjita wong patang puluh | anut ing ki lurah kalih | parêng surak alok kêna | wetan surakira mêksih | arame surak-sinurak | mundur Nikèn Larasati ||

14. muni sêsêg Gandrungmangu | wetan kulon surak sami | alok luput lawan kêna | dhinawuhan kèndêl sami | parêng suwuking gamêlan | sigra Prabu Harimurti ||

15. utusan lesan pinundhut | prapta katur ing Sang Aji | Cêmpala eram tumingal | bolonge kang lesan dening | liwat sangking nora majat | wutuhing lesan dhog pêking ||

16. ingkang mêsthi yêkti rêmuk | dhog pêking kênèng jêmparing | têmahan bolong kewala | pra sêntana pra dipati | sêdaya samya tumingal | muji mring Kèn Larasati ||

17. wasising pamanahipun | tuhu punjul ing sabumi | sandhinge nambungi sêbda | punggawa ing Dwarawati | satriya di Madukara | yèn sawiji bab jêmparing ||

18. wus nora kêna ginayuh | iya sêsamaning jalmi | pan kabèh sênjatanira | wong agung Madukara di | duwe graita lir jalma | jroning prang kêna tinuding ||

19. dèn panahê- // na mandhuwur | lamun ing ngisor kang pinrih | sayêkti lamun mêngandhap | dhasar kang manahkên wasis | jêmparinge wus anjilma | bunggane sang rajaputri ||

20. gurune ingkang amuruk | têka arsa dèn ayoni | mundhak amanggih wêwirang | kasoran mring Larasati | wau Dyan Dhêsthajumêna | wus dinuta andhawuhi ||

21. lawan bêkta lesanipun | praptèng raka matur aris | dhuh kangbok kula dinuta | ing jêng rama sri bupati | myang raka Sri Padmanaba | gèn paduka anjêmparing ||

22. lesan dhoging pêking sumyur | timbalan Sri Harimurti | kakang bok kinarya kandhap | inggih mring pun Larasati | ing ngrika dènnya nyênjata | lesanipun wêtah mêksih ||

23. namung têngah bolong têrus | sangking têbihan kêtawis | punika kawula bêkta | lesane tuwan tingali | pan namung bolong kewala | botên rêmuk jinêmparing ||

24. sang rêtna tumingal ngungun | dahat merang jroning galih | nanging sinamun ing netya | sarwi gumujêng dènnya ngling | ya yayi sun wus kasoran | manah lesan dhoging pêking ||

25. ingkang kari loro iku | mênawa bisa ngacèni | lah ta wis sira matura | kang rayi gya mundur aglis | sang rêtna nyandhak gandhewa | muni gêndhing Gonjang-ganjing ||

26. majêng marang ing têtarub | kèndêl nata lênggahnya ris | lajêng amênthang gandhewa | lumêpas ingkang jêmparing | sapêngarahira kêna | tugêl kang terong gêlathik ||

27. kang nginggil [nging ...]

--- 182 ---

[... gil] mêksih gumantung | kang ngandhap tumibèng siti | gumêr suraking pawongan | mundur sang raja pinutri | muni sêsêg gêndhing niba | wusnya lênggah kursi gadhing ||

28. surak kèndêl gêndhing suwuk | kilèn sampun dèn dhawuhi | ganti majêng anyênjata | gupuh Nikèn Larasati | majêng nyandhak gandhewanya | muni gandrung angêrangin ||

29. praptèng têngah tarup sampun | lungguh nata silanya ris | lajêng mênthang langkapira | lumêpas ingkang jêmparing | kras kêndhone winêtara | kang terong gêlathik kêni ||

30. têbah bênêr bolong têrus | kèndêl jêmparinge mêksih | tumancêp satêngah gandar | nèng lesan terong gêlathik | surak wadya Madukara | mundur Nikèn Larasati ||

31. gêndhing sêsêg nulya suwuk | Dhêsthajumêna wotsari | ing raka lon aturira | kakang bok kasoran malih | anggèn paduka nyênjata | tugêl kang terong gêlathik ||

32. sêpalih mêksih gumantung | kang sêpalih tibèng siti | ngrika gènipun nyênjata | bolong jêmparinge mêksih | tumancêp satêngah gandar | kangbok ingkang kantun wasis ||

33. sang rêtna ngandika rêngu | ya wus narima wak mami | ingkang rong lesan kasoran | dhog pêking terong gêlathik | kari siji papungkasan | lesan rambut ingkang wuri ||

77. Pangkur

1. iku gone ingkang nyata | sor unggule ingsun lan Larasati // | yèn wis padha manah rambut | lah wis sira matura | ing jêng rama ingkang rayi nulya mundur | sang rêtna nyandhak gandhewa | têdhak sangking kursi gadhing ||

2. majêng marang tarub têngah | parêng muni kang gêndhing Gondasuli | lajêng mênthang langkapipun | winawas gya lumêpas | angênèni tugêl ingkang lesan rambut | giyak sagunging pawongan | suraknya gumuruh atri ||

3. patang puluh alok kêna | mundur sangking tarub sang rajaputri | gêndhing sêsêg lajêng suwuk | parêng kèndêling surak | bangsal ingkang kilèn dhinawuhan sampun | gantya majêng anyênjata | Dananjaya ngandika ris ||

4. lah payo nuli majua | sun rewangi ngêdên dèn ngati-ati | kari siji manah rambut | Larasati gya nêmbah | nyandhak langkap mudhun sangking dènnya lungguh | majêng marang tarub rambat | muni kang gêndhing Mangunsih ||

5. lajêng mênthang langkapira | wus lumêpas jêmparingnya ngênèni | sigar ingkang lesan rambut | mêksih sênjatanira | kanthil-kanthil anèng lesan datan runtuh | giyak wadya Madukara | gumuruh suraknya sami ||

6. patang puluh alok kêna | mundur sangking tarub Kèn Larasati | gêndhing sêsêg lajêng suwuk | Radyan Dhêsthajumêna | sampun prapta ing raka nêmbah umatur | dhuh kangbok ingkang timbalan | ramanta kangjêng rama ji ||

7. myang raka Sri Padmanaba | kangbok kandhap anggènipun jêmparing | tugêl ingkang lesan rambut [rambu ...]

--- 183 ---

[... t] | ngrika sigar kewala | kanthil-kanthil jêmparinge botên runtuh | kangbok kasor kaping tiga | inggih sampun kantun wasis ||

8. dhawuhipun kangjêng rama | kangbok kinèn lajêng umanjing puri | sampun wontên tamansantun | benjang Soma ing ngarsa | ingajêngkên panggih paduka pukulun | lan kakang mas Madukara | janji paduka wus kêni ||

9. botên kenging yèn selaka | duk miyarsa rêtna Wara Srikandhi | ingkang rayi aturipun | kagagas wiranging tyas | wus tan kêna sinayutan dukanipun | jaja bang mawinga-winga | ringas pasuryanirandik ||

10. ya wus kasor manah lesan | nanging mêksih ana kari sawiji | iya pasanggiriningsun | kang durung kalampahan | ngadu wulêding kulit tosing bêbalung | prang tandhing panah-pinanah | yèn nyata Si Larasati ||

11. bisa ngasorakên ingwang | sakarsane jêng rama sun lakoni | aja ingkang Soma ngayun | ing samêngko kewala | pan sandika sakarsane rama prabu | kinèn mawongan mêrana | yèn durung karuan yayi ||

12. luware punaginingwang | prang tandhingan lawan Si Larasati | angadu tosing bêbalung | yêkti ingsun lênggana | yèn pinaripêksa marang rama prabu | dhawuhkên duka maringwang | pira larane wong mati ||

13. lah ta wis sira matura | mring jêng rama mangkono atur mami | kang rayi sidhakêp jêntung | langkung mangkêling driya | amiyarsa kang raka timbalanipun // | dadya matur angrarêpa | ragi sêndhu nanging ririh ||

14. dhuh kakang bok kadiparan | dene mawi pasanggiri nusuli | jangji ngajêng inggih namung | manah lesan têtiga | mangke têka mawi garêndhèl ing pungkur | nusuli gadhah panêdha | punagi dêdolan[2] pati ||

15. angajak panah-pinanah | ngadu tosing balung wulêding kulit | dede pabênan satuhu | pasanggirining krama | ingkang kados karsa paduka puniku | angajak panah-pinanah | singa tiwas angêmasi ||

16. ing ngrika măngsa sukaa | kangmas Madukara kang duwe sêlir | punapa ingkang binuru | upami nurutana | yèn paduka kang kasoran yêkti lampus | punapa ngrabèni bathang | kasora pun Larasati ||

17. kênèng panah yêkti pêjah | antuk bojo nanging kecalan sêlir | upamine kongsi sampyuh | têmbung kopar-kapiran | wus kelangan sêlir bakal bojo lampus | dhuh kakang bok kadang ingwang | dununge sêmbah ngong yêkti ||

18. apan botên wontên adat | putri adi kangbok cidra ing jangji | tan sae pinanggihipun | yèn kangbok anglajêngna | ing karsane kang kadya punika wau | kang mêsthi botên narima | kakang mas ing Jodhipati ||

19. lan pun Arya Gathutkaca | watak kau rêmêne gêdhag-gêdhig | kinarya mangkêl kang rêmbug | yêkti sangêt krodhanya | dhuh kakang bok wêlasa ing rama ibu | utawi dhatêng kawula | sang rêtna ngandika [ngandi ...]

--- 184 ---

[... ka] wêngis ||

20. sira iku bocah apa | wong kinongkon têka dadak cariwis | măngsa mundura wak ingsun | têka ing aturira | yèn kasuwèn mêngko sun panah matamu | Rahadyan Dhêsthajumêna | myat dukane raka ajrih ||

21. mundur sarwi garundêlan | praptèng ngarsanira sang prabu kalih | ngaturkên saaturipun | ingkang raka sang rêtna | inggih dènnya nusuli panuwunipun | sri bupati ing Cêmpala | miyarsa duka tan sipi ||

22. jaja bang mawinga-winga | pan rinapu mring Prabu Harimurti | dhuh-dhuh paman aji sampun | dêduka marang putra | pun Srikandhi punika ing bekanipun | sae tinurut kewala | yayi Dhêsthajumêna glis ||

23. iya banjura kewala | pênjaluke iku yayi Srikandhi | kapriye wangsulanipun | kakangmu Si Janaka | Radyan Dhêsthajumêna tur sêmbah mundur | bangsal kulon sampun prapta | umatur saha wotsari ||

24. kangmas kawula dinuta | ing rakanta Sang Prabu Harimurti | dhawuhkên panuwunipun | inggih rayi paduka | kakang êmbok ing mangke nusuli atur | jêmparing lesan têtiga | asor mila kantun wasis ||

25. kakang bok sampun narima | ing kasore namung kantun satunggil | nênggih pasanggirinipun | kang dèrèng kêlampahan | ngabên wulêding kulit tosing bêbalung | prang tandhing panah-pinanah | lan bakayu Larasati // ||

26. yèn ngriku sagêt ngasorna | mring kakang bok sakarsanta nglampahi | sampun kang ginarwa tuhu | yèn botên nglampahana | kinaryaa juru dang juru panutu | dadosa èndhèl parêkan | siyang dalu anglampahi ||

27. nanging yèn dèrèng kantênan | kasoripun ing prang tandhing jêmparing | lan bakyu kang anèng pungkur | kakang bok sru lênggana | dhinaupkên lawan paduka pukulun | prasêtya datanpa krama | wadad praptèng nini-nini ||

28. upaminipun pinêksa | ing jêng rama yêkti lampu ngêmasi | lah punika aturipun | kados-pundi paduka | ing wangsulaning kangmas ingkang pinundhut | ing raka Sri Padmanaba | sagah lan botênirèki ||

29. satriya Andananjaya | duk miyarsa gumujêng dènira ngling | lah wis-uwis ariningsun | nora kudu akrama | dudu padon mangkono pamundhutipun | prang tandhing panah-pinanah | dhuh wis-uwis yayi uwis ||

30. mung pamitêna kewala | mring sang prabu ingsun mêtu saiki | sangking tamansari banjur | mulih mring Madukara | ing saduka-dukane manira suwun | lawan galap-gampil ingwang | aturna sang prabu kalih ||

31. apan wus karsaning dewa | ingsun durung jinodho lan sang putri | mulih isin wis sun pupus | Larasati duk myarsa | Rajaputri Cêmpala pamundhutipun | yayah kadya binêranang | tyasnya tan nêdya ngunduri ||

--- 185 ---

78. Durma

1. dhuh pangeran lamun mêkatên kewala | pamundhute sang putri | kawula pan sagah | inggih angladosana | sagêndhinge prang jêmparing | nadyan rukêta | inggih kula kêmbari ||

2. Dananjaya nolih wuri asru nyêntak | hus asu aja muni | cangkêmmu gumampang | mung mêkatên kewala | prang tandhing jêmparing wani | nadyan rukêta | ing aprang iya wani ||

3. ingsun nora kudu krama sangking sira | marga dêdolan pati | si calak nylêkuthak | aparsa soroh badan | maju kono boncah-bancih | bangkemu basah | ajur dening jêmparing ||

4. Larasati umatur nadyan ajura | sampun kula andhêmi | pan sakêthi merang | lamun kula mêdala | ngunthul sangking taman ngriki | luhung pêjaha | ing prang lawan sang putri ||

5. Dananjaya langkung kaku ing wardaya | binungkêm Larasati | iki cangkêm apa | dene mangap kewala | apa lambene dèn iris | marine mênga | lah wis payo dèn aglis ||

6. dhisik kana mêtu ing jaba mêrana | aja kèh sira pikir | wirang-wirang apa | apan ta dudu sira | ingkang nora sida rabi | isin lan wirang | iya wis sun andhêmi ||

7. dhuh wis uwis lah payo mulih kewala | Larasati ambêkis | nadyan kang tinantang | inggih dede paduka | marang sang raja pinutri | apan kawula | kang ingajak prang tandhing ||

8. praptèng pêjah pan inggih dede pange- // ran | kula ingkang ngêmasi | lamun padukarsa | kundur inggih kundura | kawula kantun pribadi | ngladosi ing prang | tandhing lawan sang putri ||

9. Dananjaya asru dènnya gablog jaja | sangking kakuning galih | putra ing Cêmpala | nêmbah asru turira | dhuh kakang mas kadospundi | dene gêrjêgan | bakayu wus nyagahi ||

10. têmah kangmas ngêkahi arsa dêduka | paran ta ingkang pêsthi | mangke tur kawula | Sang Parta èbêg ing tyas | ngandika sarwi ngesahi | măngsa-bodhoa | angur aja miyarsi ||

11. Larasati sigra matur inggih radyan | matura mring sang aji | yèn kula kang sagah | latah Dhêsthajumêna | inggih bakyu inggih-inggih | mangke kawula | matur marang sang aji ||

12. pan ing mangke kangbok ing panuwun kula | dika sipat jêmparing | wêwah kaul kula | lamun kangbok kasoran | sênadyan kadang pribadi | tyase tan kaprah | amangkêlakên ati ||

13. sampun wangsul Rahadyan Dhêsthajumêna | praptèng ngarsa sang aji | umatur tur sêmbah | sasolahe dinuta | yèn Larasati nyagahi | tinandhing ing prang | lan kang raka sang dèwi ||

14. wau kangmas sangêt-sangêt botên suka | nanging pun Larasati | dinukanan mêksa | majêng ing sagahira | prang tandhing sami jêmparing | nadyan rukêta | ing prang dipun kêmbari ||

15. sru gumujêng Sang Aprabu Padmanaba | iya banjurna yayi | mring bakyumu kana | lamun wus sinaguhan | iya [i ...]

--- 186 ---

[... ya] mring Si Larasati | dènira karya | pasanggiri prang tandhing ||

16. nêmbah mundur Rahadyan Dhêsthajumêna | bangsal wetan wus prapti | ngarsane kang raka | alon ing aturira | dhuh kangbok dèn ngati-ati | pamundhut tuwan | pan sampun dèn sagahi ||

17. mring pun Larasati prang tandhing sênjata | sakarsanta ngladosi | dhuh kangbok tur kula | bok bubaran kewala | sampun mawi kêdhah-kêdhih | lamun paduka | lumuh-lumuh sayêkti ||

18. mring kakang mas kawula ingkang matura | yêkti tan dados runtik | saene punapa | ing wong dolanan pêjah | manah kawula kuwatir | lamun dènira | sagah pun Larasati ||

19. kadya wêsi dèn êluk-êluk tan kêna | sang dyah ngandika wêngis | dhasar wus sun sêdya | tandhing padha prawira | ing kana dhawuhana glis | gamêlan ingwang | ing mêngko yèn wus muni ||

20. ingsun mijil kana nuli nimbangana | mêtu gamêlan muni | ing prang nganggo padha | panah lesan kewala | kang rayi mundur wotsari | mring bangsal ingkang | kilèn wus dèn dhawuhi ||

21. Larasati lan sang rêtna parêng dènnya | ngrasuk kaprabon jurit | endhongnya sinandhang | ngiwa gandhewa samya | acancut singsêt mathinthing | pantês kalihnya | wangun putri prajurit ||

22. sang dyah mijil muni ingkang gêndhing Kapang | bangsal kilèn nimbangi | muni Sobrang barang | muni binarung surak | wus ayun-ayunan kalih | wangwang-winawang | ngiwa gandhewa sami // ||

23. sêdhêng dohe dènira mrih papanira | satibaning jêmparing | yayah kadya kêmbar | warnanya kang tandhing prang | kalihe ayu linuwih | lir Wilutama | tandhing prang lawan Ratih ||

24. sang aprabu kalih jêngkar dènnya lênggah | jumênêng satêpining | tarub dènnya mulat | myang sagung pra sêntana | pra dipati dhodhok sami | langkung mar-marnya | mulat kang arsa jurit ||

25. Dananjaya sèwu maras sèwu susah | tanbuh solahirèki | nora têgêl mulat | ingkang arsa tandhing prang | sakêthi sangking kuwatir | yèn ta sampuna | jrih ing Sri Harimurti ||

26. Larasati kadya linorot kewala | sinêndhal sangking wuri | myang sagung pawongan | lan wadya Madukara | kang surak sêdaya sami | arawat waspa | wau ta kang ajurit ||

27. sang dyah ngawe kinèn nuli dhinginana | Larasati nulya glis | mênthang langkapira | jêmparing wus lumêpas | tinangkis gandhewa gadhing | sang rêtna gêntya | jêmparing gya tinangkis ||

28. ing gandhewa lajêng mênthang langkapira | lumêpas kang jêmparing | lumarap cinandhak | tinikêl gya binuwang | gantya sang dyah anjêmparing | cinandhak kêna | tinikêl binuwang glis ||

29. parêng salin laras sarêng anyênjata | pur pupug sarêng sami | sênjata suh sirna | larasing kang warastra | kadya sasiringing thathit | marma kang samya | mulat tingkahing jurit ||

30. kalih samya wasise myang awasira | tan ana kang kasilip | wus dangu dènira | prang

--- 187 ---

lancaran sênjata | gênti nyandhak gênti tangkis | yèn parêng culnya | papak sami jêmparing ||

31. dangu-dangu kaledhon panangkisira | Rêtna Wara Srikandhi | gandhewanya pagas | sinipat ing sênjata | tumamèng jaja sang putri | kanggêg tan pasah | mung badhonge kang sêbit ||

32. langkung merang yayah kadi tanpanon rat | narik patrêmira glis | Larasati mulat | nimbangi sigra buwang | gandhewa patrêm tinarik | paran pinaran | kumêsar kang ningali ||

33. kalihira kantun gapyuke kewala | sigra Sri Harimurti | nyandhak mring sang rêtna | Sang Parta gurawalan | nyandhak marang Larasati | sapih kalihnya | ingundurakên aglis ||

34. sang kusuma gêrjêgan anjrit karuna | kang raka ngarih-arih | lah wis aja-aja | sêdhêng sêmene uga | ing wong ngluwari punagi | lamun luwihna | ilang manising putri ||

79. Dhandhanggula

1. pan kantaka sang raja pinutri | lajêng binêkta marang jro pura | pawongan gumêr tangise | bubar sêdaya sampun | samya mêdal sing tamansari | wau ta sang lir rêtna | sangêt pungun-pungun | wungunya sangking kantaka | sang dyah wangsul têdhak marang taman malih | kang ibu nulya prapta ||

2. gya ngrangkul ing putra ngandika ris | nini lakuningsun pan dinuta | ing wong tuwanira anggèr | anodhi mring // sirèku | umatura ingkang sayêkti | ing mêngko ingkang dadya | pênjalukirèku | wus kêlakon sêdayanya | manah lesan miwah prang tandhing jêmparing | wus kêna jangjinira ||

3. nora kêna selak sri bupati | yèn wus dadya parênge tyasira | ing Soma ngarsa sidane | dhinaupkên sirèku | lawan kakangira Pêrmadi | ewadene yèn sira | nini bangêt lumuh | dhaup lan Si Dananjaya | wus tinanggung mring Sang Prabu Harimurti | ing kana narimanya ||

4. sang kusuma umatur wotsari | botên ewah ibu tur kawula | rumiyin dalah sêmangke | panêdha kawula mung | pasanggiri lesan jêmparing | mangkya wus kalampahan | inggih luwaripun | panêdhamba dhinatêngan | lesan panah miwah prang tandhing jêmparing | aturna ing jêng rama ||

5. botên wontên putri cidrèng jangji | sampun malih kang kinarya garwa | sênadyan inggih ginawe | garwa paminggiripun | sayêktine kula lampahi | kang ibu duk miyarsa | sang dyah gya rinangkul | ya mêngkono putraningwang | mendah baya ing mêngko sukaning galih | ramanira sang rêtna ||

6. wus karia anèng tamansari | ingsun matur mring sudarmanira | pramèswari mundur age | wangsul ngarsa sang prabu | pramèswari matur wotsari | saaturnya kang putra | sêdaya wus katur | sang nata sarêng miyarsa | langkung suka lajêng parintah mring patih | miwah marang kang putra ||

7. asanengga samêktaning kardi | panggihira [panggih ...]

--- 188 ---

[... ira] sang kusuma lawan | satriya Madukarane | myang rêngganing têtarub | ing jro pura myang păncaniti | mangkana kang winarna | nênggih tamansantun | kusuma putri Cêmpala | lênggah anèng botrawi siniwèng cèthi | êmban inya dinuta ||

8. hèh ta biyang sebaa dèn aglis | iya mring wong agung Madukara | yèn parêng lêga galihe | abdine ingsun suwun | mring jro pura Si Larasati | ngladènana maringwang | praptèng Soma ngayun | sêparo pacaraningwang | papagêna iya mring Si Larasati | lan rong puluh pawongan ||

9. apan ika sêlire kêkalih | sasat garwa anggêpe ing priya | nikèn ban sandika ture | sangking ngarsa wus mundur | lawan upacara sêpalih | pawongan kang ambêkta | wau kang winuwus | satriandananjaya |[3] nèng pakuwon duk lênggah lan Larasati | Sêmar Bagong nèng ngarsa ||

10. kagyat mulat pawongan kèh prapti | gumarêdêg sartanira bêkta | pacara raja kaputrèn | nikèn ban gya tumundhuk | praptèng ngarsa matur wotsari | gusti lampah kawula | dinuta pukulun | ing ari sang rêtnaning dyah | pan anyuwun abdinta Kèn Larasati | tinimbalan mring taman ||

11. ngladosana ing ari sang dèwi | ngantos sapraptaning ari Soma | punika upacarane | kang sêpalih pukulun | pinêthukkên abdinta gusti | sampun kuciwèng marga | mangke lampahipun | Dananja- // ya mèsêm ing tyas | nolèh wuri sarwi angandika aris | sirèku tinimbalan ||

12. mring gustimu sang raja pinutri | kaya ngapa kang dadi turira | Larasati tur sêmbahe | pintên-pintên pukulun | sinaruwe marang ing gusti | mugi tuwan paringna | Sang Parta lingnya rum | iya dèn bisa kewala | angladèni sun karya patiba sampir | nuli sira dandana ||

13. hèh Sucitra iringna pribadi | arinira lakune nèng marga | mungna lan jajaran bae | aja anganggo tandhu | pira dohe ing tamansari | Sucitra tur sandika | Larasati sampun | nêmbah mundur sangking ngarsa | Dananjaya têdhak angatêr ing kori | ningali lampahira ||

14. Larasati pinayungan putih | ginarêbêg rong puluh pawongan | sêkawan bêktane dhewe | nênggih parêkanipun | Sang Kusuma Banoncinawi | pan lare sêsêngkêran | warnanya yu ayu | binêktakkên mring Cêmpala | anèng ngarsa wor pawongan ingkang sami | angampil upacara ||

15. jajarane waos wolu sisih | mantri patang puluh wurinira | Arya Sucitra tindhihe | adhangah apêpayung | ing samarga-marga pan dadi | tontonan lampahira | têpining marga gung | jêjêl tan kêna piniyak | jalu èstri ting balêbêr ingkang sami | akèh tinggal pakaryan ||

16. tilar jăntra ingkang lagi ngantih | kang lagya dang atilar dang-dangan | kang ngliwêt tinggal kêndhile | ingkang ngangsu tilar jun | kang nusoni [nu ...]

--- 189 ---

[... soni] atinggal bayi | kêmbêne kuleweran | nora ketang-ketung | susune sinăngga ngasta | pan kasusu pêrlu dènira ningali | kang sawênèh wanudya ||

17. ngêmban anak dènira ningali | sapraptane pinggiring dêdalan | gumuyu ngliling anake | milua bapakamu | yèku ingkang pêpayung wilis | ana kang nyablèk anak | lah milua gupuh | iya marang ibunira | kang ginarbêg nèng ngarsa pêpayung putih | pêngantèn ngêndi baya ||

18. dene dharat lumaku sarimbit | eman-eman pêpantêse ika | nunggang jaran lanangane | wadone nunggang tandhu | ingkang wêruh alon nauri | dudu pêngantèn anyar | iku patihipun | satriya ing Madukara | kang dèn iring iku garwane paminggir | kang dèn adu nèng taman ||

19. manah lesan rambut dhoging pêking | terong gêlathik sang dyah kasoran | iki ingsun wruh parêke | iya nora sri gunung | nyata lamun ayu linuwih | sairib lan sang rêtna | ing pasêmonipun | iku gumyahing pawarta | palihane kusuma Banoncinawi | anake Ăntagopa ||

20. juru sawah ing Madura nguni | kang anggadhuh mring Wara Sumbadra | miwah ing raka kalihe | Sri Baladewa Prabu | myang sinuwun ing Dwarawati | anake Ăntagopa | namung roro iku | Patih Udawa kang tuwa | wuragile yèku Nikèn Larasati | nanging panduganingwang ||

21. dudu Ăntagopa kang nètèsi | ka- // ya mambu têdhaking kusuma | sun sawang ana tèmpèle | iya kêkuwungipun | lir tranggana angingkis latri | layak sang dyah kasoran | prang tandhing lan iku | galak ulate wus padha | lan sang rêtna pawakan ramping tarincing | pantês wantêring driya ||

22. tan wus wuwuse kang nêningali | alam-lamên samya ngalêmbana | mangkana prapta lampahe | Kèn Larasati sampun | lajêng manjing ing tamansari | wangsul Radyan Sucitra | lan sakancanipun | wau ta sajroning taman | sang kusuma wus têdhak sangking batrawi |[4] mêthuk ing praptanira ||

23. Larasati ginarbêg ing cèthi | pan kinanthi marang nikèn êmban | sang rêtna gupuh angawe | Larasati tumundhuk | praptèng ngarsa mêndhak wotsari | sang dyah angrangkul sigra | sarwi ngandika rum | lah ta yayi basaningwang | marang sira sun ambil kadang sayêkti | iya kadang taruna ||

80. Sinom

1. iya milu raganingwang | mring kangbok Banoncinawi | pamundhute marang sira | ingakên kadang sayêkti | lir tunggal yayah bibi | dhêdhasar palihanipun | ayya sira bêbeda | panganggêpira mring mami | lawan marang kakang bok gawenên padha ||

2. dene sagung kaluputan | ingkang wis kalakon yayi | padha binuwang kewala | salin mikir ingkang kari | gone bakal ngladèni | yèn sêlamêt marang kakung | ingsun yayi tuduhna | kang dadi [da ...]

--- 190 ---

[... di] wadining laki | lan kang dadi parênge iya wêruha ||

3. Larasati matur nêmbah | dhuh gusti botên kuwawi | kang abdi yèn nampènana | pangandika sang rêtna di | dènnya dhawuhkên ing sih | dasihe karsa pinundhut | kadang dede sawawrat | mila-mila trahing abdi | nèng dêlahan dawêge mung ngèstupada ||

4. ing gusti sang rêtnaning dyah | kusuma Wara Srikandhi | langkung rêsêping wardaya | myarsa ture Larasati | mèsêm ngandika aris | yayi sun tanya satuhu | lawase pirang căndra | sira winulang jêmparing | mring jêng paran sêmono ing wignyanira ||

5. Larasati matur nêmbah | inggih namung kalih ari | wontên ing ngriki kewala | sarêng dhawuh sang retna di | mundhut patiba sampir | rakanta pamulangipun | ingkang kinarya lesan | waluh bokor gêng sakêndhil | têbihipun namung tigang dasa tindak ||

6. punika wis-awis angsal | anggèn kawula jêmparing | ni êmban ngungun kalintang | wingi kala angladosi | ing gusti sang rêtna di | lesan wontên tamansantun | sêrambut tan nyupêna | lesan kalih dènnya kenging | mila sarêng pêpungkasan lesan rema ||

7. kawula kang sampun angsal | ing pamawas langkung têbih | sadhêpa sangking ing lesan | dumadak ingkang jêmparing | minggok mara pri- // badi | mring lesan rema tumundhuk | kanthil-kanthil tan rêntah | kados-kados dèn japani | jêmparinge gusi mring raka paduka ||

8. dene graita lir jalma | mara mring lesan pribadi | sang rêtna dupi miyarsa | gumujêng sarwi gablogi | gêgêrnya Larasati | suthik têmên sira iku | lamun ingaran wignya | bojone ingkang kinardi | aling-aling pan dèn aranana guna ||

9. măngsa dadak wong amanah | iya nganggo dèn japani | gumêr gujênge pawongan | sêdaya rêmên ningali | marang Kèn Larasati | gandês luwêsing pamuwus | wasising pasang cipta | ing têmbung manis patitis | cinarita kusuma putri Cêmpala ||

10. yayah kasok ing tyasira | sihira mring Larasati | tan kêna sah sanalika | kinapithing rina wêngi | dhahar sare anunggil | nèng tilam sêkar akumpul | praptane ari Soma | jaba jro samêkta sami | ing sauparêngganira mawi karya ||

11. rêroncène tan winarna | cinêndhak ramening kardi | rarênggan sang pinêngantyan | wus pinanggihakên kalih | Sang Parta lan sang putri | sinêmbahkên rama ibu | Sri Bupati Cêmpala | lan Sang Prabu Harimurti | pra sêntana para putra pra dipatya ||

12. nutug suka-parisuka | jaba jro sukanya ngênting | samya pyaboga drawina | kêramène siyang ratri | miwah sajroning puri | sang pêngantyan kalihipun [kalih ...]

--- 191 ---

[... ipun] | rêsêping pagujêngan | rakêting kêramèn sami | Larasati kang dadya sasêdhêpira ||

13. bisa ambukani suka | dhèmês ing pangucap manis | kakênan tyasnya sêdaya | jro pura myang pramèswari | asih mring Larasati | rêsêping galih rumasuk | yayah gènira yoga | mangkana praptaning ari | catur dina Sri Krêsna sampun anduta ||

14. Radyan Arya Gathutkaca | ingkang tinuduh dhingini | tur uninga mring Ngamarta | dadose lampahirèki | radyan amung pribadi | mêsat ing gêgana gayuh | wadyanira tinilar | ing wuri samêkta sami | enjang badhe budhale narendra Krêsna ||

15. angundhuh sang pinêngantyan | ing dalu datan winarni | injingira wus samêkta | Sri Padmanaba wus pamit | miwah pêngantèn kalih | nêmbah marang rama ibu | Radyan Dhêsthajumêna | nênggih kang kinèn umiring | mring Ngamarta lan sêparo pra dipatya ||

16. panganjur têngara budhal | wil bala ing Pringgadani | Rahadyan Brajawikalpa | ingkang anindhihi baris | umyang kêndhang saruni | ing wuri ingkang sumundhul | wadyabala Cêmpala | pra dipati anindhihi | munggèng wuri Rahadyan Dhêsthajumêna ||

17. munggèng rata nawa rêtna | nulya wadya Dwarawati | Radyan Arya Wrêsniwira | ingkang anindhihi baris | nulya upacarèstri | jêmpana ingkang sumambung | titiha- // nnya sang rêtna | prajurit ingkang jajari | wolung dasa prajurit kapraboning prang ||

18. wadyabala Madukara | ingkang sumambung ing wuri | Sri Maha Narendra Krêsna | lawan ingkang rayi nunggil | nèng jroning rata manik | nulya wuri kang sumambung | mungkasi wuri pisan | wong agung ing Judhipati | mandhi gada dharat lan sawadyanira ||

19. samarga dadi tontonan | lampahing baris tulya sri | sabên saupacara bra | sagung ingkang pra dipati | ingkang samya nindhihi | pangkat-pangkat lampahipun | prapta jawining kitha | wus lêpas lampahing baris | kari tistis nêgari Cêmpalarêja ||

20. singga koncatan sêsotya | kunêng kang mêksih nèng margi | gantya ingkang winurcita | satriya ing Pringgadani | kang dinuta dhingini | margèng gêgana prapta wus | nêgari ing Ngamarta | tumamèng byantara aji | ngraup pada rinangkul lungayanira ||

21. wus kinèn lênggah nèng ngarsa | rahadyan matur wotsari | lamun dinuta kang uwa | Sang Aprabu Harimurti | kinèn atur udani | raharjaning lampahipun | marang nagri Cêmpala | dhawuhing pangapura ji | mring kang paman linajêngakên kewala ||

22. pinaringkên putrinira | ing têmah dadosing jurit | lan Prabu Jungkungmardeya | miwah duk nèng tamansari | dènnya lesan jêmparing | praptèng prang tandhinganipun | wus katur sêdayanya | sasolah tingkahirèki [tingkah ...]

--- 192 ---

[... irèki] | nèng Cêmpala tan wontên kang kakurangan ||

23. pukulun sapêngkêr amba | rakanta ing Dwarawati | budhalan sêdayanira | sangking Cêmpala nêgari | sang prabu duk miyarsi | mèsêm ing tyas sigra dhawuh | mring Nangkula Sadewa | miwah marang pramèswari | asanengga samêktaning mawi karya ||

24. badhe pêngantèn praptanya | kusuma Banoncinawi | wus kalilan kundurira | sanengga dalêmirèki | dènnya badhe nampèni | mring pangantèn kunduripun | Madukara Ngamarta | sanengganira ing kardi | wus samêkta antara ing tigang dina ||

25. rawuh kang sangking Cêmpala | Sang Aprabu Harimurti | ngambah rêratan nêgara | tinata lampahing baris | sagunging pra dipati | ing sapangkat-pangkatipun | miwah para sêntana | sabên upacaranya sri | ingkang nitih rata myang kang nitih kuda ||

26. busêkan wadya sapraja | kayungyun tyasira sami | ing rawuhe gustinira | satriya Madukara di | suka-sukanya ngênting | dene nguni angkatipun | marang nagri Cêmpala | sapraja nawung prihatin | bokmênawa gustine manggih dêduka ||

27. satêmah rawuh raharja | malah-malah boyong putri | Wara Srikandhi kabêkta | marma sukanya tan sipi | yayah kadya punagi | tyasing kang wadyabala gung | jêjêl têpining marga | jalwèstri kang nêningali | pan kasmaran rawuhe ing Gustinira ||

81. Asmaradana

1. tan wus su- // kanya kang sami | punagi ing gustinira | sangking kayungyun rawuhe | miwah srining lampahira | ingkang sangking Cêmpala | cinêndhak sadaya sampun | praptèng ngalun-alun samya ||

2. wadya gung anganan ngering | aminggok tata barisnya | umyung gumuruh swarane | Sang Aprabu Yudhisthira | wus mijil pagêlaran | jêmpana ing praptanipun | linajêngakên mring pura ||

3. rawuh Prabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | têdhaknya sangking ratane | anèng têpining têratag | Sang Prabu Yudhisthira | mring raka sigra tumundhuk | ngrarêpa nyandhak astanya ||

4. sarwi mèsêm sêsmitaning | atur raharjaning lampah | Sri Krêsna latah gujênge | kêrasa larasing karsa | dènnya sarèh sumarah | mring Cêmpala pasrahipun | sapaekanira kêna ||

5. pangancase nora sisip | dènnya mirapêt ngarênggang | gumrèwèl kêna putrine | wus samya kêkanthèn asta | aris ing lampahira | pra sêntana gêrbêg pungkur | sapraptanirèng jro pura ||

6. tata lênggahira sami | anèng madyaning pandhapa | wus aglar sêsaosane | asrining kang pasunggatan | tan ilang tinanyakna | samya dhaharan anutug | miwah sang narpadayita ||

7. adhaharan lan kang rayi | luwar sangking ing sungkawa | Kèn Larasati sagêde | mêngakakên lawang suka | gung karya pagujêngan | cucude manis marèsmu | gumujêng ingkang parêkan ||

8. kang anèng [a ...]

--- 193 ---

[... nèng] ing păncaniti | pra dipati tinimbalan | angladosi ing karamèn | wadya gung wus sinêgahan | tan wonten kakurangan | gumuruh ing alun-alun | cinatur ing tigang dina ||

9. Sang Aprabu Harimurti | dènnya mong sukaning driya | mring kang rayi sêdayane | tan pêgat drawinanira | suka anutug suka | sawusira tigang dalu | anèng nêgari Ngamarta ||

10. Prabu Padmanaba pamit | kundur marang prajanira | budhal sawadyabalane | miwah putra ing Cêmpala | Rahadyan Gathutkaca | budhalan sawadyanipun | mantuk marang prajanira ||

11. nulya injingipun malih | satriya Andananjaya | sampun linilan pamite | kundur sarta lan kang garwa | marang ing dalêmira | kang umiring lampahipun | Radyan Nangkula Sadewa ||

12. ing samarga mêksih dadi | tontonan ing lampahira | tan wus sukane wadyakèh | lam-lamên ing gustinira | cinêndhak srining marga | ing Madukara prapta wus | têdhaknya sangking Cêmpala ||

13. kusuma Wara Srikandhi | Larasati tan kêna sah | kinanthi kiwa astane | kusuma Wara Sumbadra | jumênêng paringgitan | Wara Srikandhi tumurun | nêmbah anungkêmi pada ||

14. cinandhak astanira glis | kinanthi binêkta minggah | samadyaning dalêm gêdhe | Larasati mêksih dènnya | datan sinungan pisah | pinêthèn dènira lungguh | wuri ragi kering- // ira ||

15. Sulastri munggèng wurining | gustinira sang kusuma | kapara ragi kanane | aglar sagunging pawongan | Rêtna Wara Sumbadra | mèsêm angandika arum | hèh yayi putri Cêmpala ||

16. ingsun pasrah ing sirèki | jroning dalêm Madukara | tampanana saisine | lawan sapawonganira | sira kang bakonana | aja sumêlang maringsun | lair batin wus narima ||

17. momong mring sutanirèki | lan ngawat-awati sira | iya têka wuri bae | barang parintahing priya | sira kang nadhahana | ingsun darma dadi sêpuh | namung titip bocahira ||

18. Si Sulastri Larasati | kanthinên nèng wurinira | amung yèn ana lupute | dèn agung aksamanira | miwah wêwulangira | kêrana bocahirèku | loro pisan pan ugungan ||

19. durung pati dipun pêrdi | ing trêpsilaning wanudya | marma tindaking tanduke | kurang trêpsilaning krama | mung wanine kewala | nanging yayi lothung-lothung | kanthinên wuri kewala ||

20. Sulastri lan Larasati | myarsa linge gustinira | mèsêm tumungkul kalihe | miwah sagunging pawongan | mèsêm tumungkul samya | putri Cêmpala anjêtung | kakênan tyasira kadya ||

21. rêsêp runtuh tibèng siti | barêbêl mijil waspanya | èstu karuna ature | dhuh sang dewaning wanudya | kangbok gusti kawula | sêrambut pinara sèwu | botên [bo ...]

--- 194 ---

[... tên] andarbèni cipta ||

22. kumawawa ambawani | kadya ingkang pangandika | ing nguni dêlasan mangke | praptamba ing Madukara | mung nêdya ngèstupada | mring paduka nut ing tuduh | kadya yayi kalihira ||

23. Sulastri lan Larasati | ngamping-ampingi paduka | sorana dèn têmah layon | lamun gadhahana cipta | lyan sangking sapunika | Wara Sumbadra lingnya rum | witning lamun mangkonoa ||

24. prasêtyanta yayi dèwi | nêdya ngambil kadang tuwa | marang ingsun lamis bae | yèn sira tan nampanana | marang ing pasrah ingwang | yèn anggêp ingsun satuhu | yayi dèwi marang sira ||

25. kadang sayayah sabibi | praptèng don aja sulaya | lêbur luluha wong roro | angladèni marang priya | duk sira durung prapta | iya bocahira iku | karo pisan kang sun karya ||

26. aling-aling anampani | marang parintahing priya | ingsun jangkung wuri bae | ing mêngko wusananira | wajibe ingkang dadya | wêrana ling-aling ingsun | rajaputri ing Cêmpala ||

27. sumungkêm ing pada kalih | dhuh kangbok inggih sandika | anglampahi sapakène | lêbura awor lan kisma | sêrambut tan suminggah | mangkana pawonganipun | babêktan sangking Cêmpala ||

28. kawan dasa dongong sami | mulat ing Wara Sumbadra | lan myarsa pangandikane | kadya tumètèsing kilang | jawil-jinawil samya | dene mau ing- // sun dulu | warnane babag kewala ||

29. lawan gustiku sang putri | mung kacèk luruh lan ladak | mêngko basa suwe-suwe | ayune sangsaya prapta | miwah mêmanisira | cahyane gumêrmêt muncul | kêkuwunge kang wêdana ||

30. ngasorkên rêsmining sasi | soring wiyat ngêndi ana | putri kang kaya mangkono | sandhinge nauri samya | mendah sira mulata | nguni duk pêngantènipun | karêngga dening busana ||

31. ingayap ing para putri | ayune mijil sêdaya | myang sêsêdhêp mêmanise | kang sinimpên kabèh prapta | kalumuding sarira | cahya kêkuwunge rawuh | kang sinimpên kabèh prapta ||

32. jro kêdhaton Dwarawati | sasat rinênggèng markata | para putri surêm kabèh | kang dadya pangarihira | garwa Yyang Kamajaya | wartane guruning ayu | apsari ngendrabawana ||

33. ingkang aran Dèwi Ratih | suprandene nora bisa | ngasorake putri kuwe | ing warna miwah cahyanya | malah-malah kapara | Dèwi Ratih kari luruh | kurang pucunging wanudya ||

[Sêmbadra Larung][5]

82. Pocung

1. tan winuwus wuwuse kang samya muwus | pawongan Cêmpala | idung-idungên prasami | ngalêmbana mring Dèwi Wara Sumbadra ||

2. ya ta wau kang karamèn pêndhapa gung | Rahadyan Arjuna | nyunggata ing ari kalih | nênggih Radyan Nangkula lawan Sadewa ||

3. pan sêdalu dènira bujana [bu ...]

--- 195 ---

[... jana] nutug | wadya Madukara | prajurit kang para mantri | pra prawira sukanya anutug suka ||

4. dènnya mêntas ungguling prang gustinipun | lajêng dènnya krama | kusuma Wara Srikandhi | ingkang măngka boyongan kabêktanira ||

5. injang Radyan Nangkula Sadewa sampun | kundur dalêmira | kang kantun kêramèn mêksih | cinarita satriya Andananjaya ||

6. langkung suka mulat ing garwa kang sêpuh | dene wus tan ana | labête rênggêting galih | nênggih dènnya nampèni putri Cêmpala ||

7. panganggêpe nora măntra lamun maru | wus saingga kadang | tunggil sayayah sabibi | miwah putri Cêmpala tansah sêmbahnya ||

8. marang Wara Sumbadra ing sungkêmipun | anrus ing wardaya | luwih sangking ibu sori | lêbur luluh sapakone linampahan ||

9. wus pinatah sang dyah pasareanipun | kamar wetan |[6] kusuma Banoncinawi | kamar ingkang kilèn pasareanira ||

10. Larasati Sulastri samya sih lulut | mring putri Cêmpala | basanipun sami gusti | nanging putri Cêmpala yayi basanya ||

11. kalihipun pan ingakên kadang tuhu | marmanya sih samya | runtut datan walang-ati | dene sungkêmira mring Wara Sumbadra ||

12. tiga lair batine kadya mring ibu | dènira mrih gungan | nanging ing batin anggusti | luwih sangking wong agung ing ajrihira ||

13. tuhu lamun winong-wong ing jawata gung | Rahadyan Arjuna // | punjul samining dumadi | sinatriya wibawa ngluwihi raja ||

14. lamun nuju siniwi dening para rum | garwa kalih jajar | tan têbih ing kanan kering | munggèng kanan kusuma Wara Sumbadra ||

15. Rajaputri Cêmpala nèng keringipun | Larasati ngarsa | jajar kêlawan Sulastri | ngêpalani garwa paminggir sêdaya ||

16. kawan dasa pêpingitan ayu-ayu | andhèr wurinira | pawongan parêkan cèthi | êmban inya wurining garwa kalihnya ||

17. Larasati Sulastri pêpurunipun | marang ing rahadyan | tan măntra garwa paminggir | luwih sangking puruning garwa kalihnya ||

18. anjiwita nyiwêla wêntisnya purun | lamun pagujêngan | bêkis gablog maleroki | angosoa ing atur purun kewala ||

19. duk sêmana radyan putra yuswanipun | sampun tigang warsa | sêdhêngnya ambêbêlêri | mring kang ibu gungane kaliwat-liwat ||

20. anggêgêndhil nèng êmbanan siyang dalu | kinanthi tan arsa | mring Sulastri Larasati | miwah marang kang ibu putri Cêmpala ||

21. sinaputan sabarang dolananipun | budine sangsaya | kang jinaluk salin-salin | kang wus ana tinampik jaluk tan ana ||

22. ingkang rama wêlas ing garwa kêlangkung | gung pêparèng wana | misaya kidang myang kancil | jaring pêksi jontrot mikat masang kala ||

23. lamun dalu kundur injing mring wana gung | tan amawi bala | mung lan panakawan kalih | malah asring [a ...]

--- 196 ---

[... sring] sipêng sare anèng wana ||

24. kunêng ingkang têdhak anggung mring wana gung | gênti kang winarna | nênggih Ngastina nêgari | Prabu Suyudana kang tansah sungkawa ||

25. dening Arya Burisrawa icalipun | nguni sakundurnya | sangking nagri Dwarawati | sipêng wana ing dalu nis kesahira ||

26. ingupaya praptèng mangke dèrèng pangguh | Kurawa Ngastina | prajurit myang para mantri | kesah dhatêng ingkang samya angupaya ||

27. nora nana ingka[7] antuk wartanipun | marma sru sungkawa | kagagas meranging galih | marang ibu myang rama natèng Mandraka ||

28. miwah lingsêmira marang garwanipun | Rêsi Dhanyang Durna | tansah binobot ing gusti | aturipun lamun ing tawang kawula ||

29. ujêr trahing kusuma rêmbêsing madu | wijiling atapa | prasêtyane dèn antêpi | lamun botên katêkanan brangtanira ||

30. merang mantuk suka matiyèng wana gung | ingkang wus sanyata | kêpati dènnya bêk pati | yèn kusuma malah dados tapanira ||

31. anglampusa sayêkti yèn botên lampus | jêr rinêksèng dewa | prayogi tuwan nimbali | mring rakanta adipati ing Ngawăngga ||

32. pinundhutan budine ingkang satuhu | sayêkti tan kewran | rakanta Ngawănggapati | angupaya icale pun Burisrawa ||

33. Narapati Karna ing wiweka putus | ajur-ajèr bisa | măndraguna sura sêkti | wicaksana sumbaga pratamèng baya ||

34. yèn dèn agal ke- // wala datan kêpangguh | icale rayinta | pinêndhêt ing jawata di | kêdah-kêdah dèn upaya wong kang guna ||

35. Prabu Suyudana mituhu turipun | sigra kèn amatah | caraka marang Sangkuni | kang nimbali marang Dipati Ngawăngga ||

36. mawi sêrat dutanya lumêksana wus | prapta ing Ngawăngga | sêrat katur ing dipati | tinupiksa surasane kang nawala ||

37. animbali Narapati Karna gupuh | angundhangi bala | siyaga kaprabon jurit | wus samêkta budhal sangking prajanira ||

38. tan winarna ing marga lampahira wus | prapta ing Ngastina | kèndêl anèng păncaniti | katur marang Sang Aprabu Suyudana ||

39. Adipati Ngawăngga ing praptanipun | lajêng tinimbalan | manjing salêbêting puri | Nata Karna tyasira andhandhang karya ||

83. Dhandhanggula

1. kèrit marang Ki Arya Sangkuni | lêbêti Narapati Karna |[8] lan Rêsi Durna barênge | têtiga prapta sampun | jroning pura byantara aji | ingancaran wus samya | tata lênggahipun | ing samadyaning pandhapa | Prabu Suyudana angandika aris | yayah kadya ngrarêpa ||

2. sarawuhe kakang adipati | ing Ngastina katuran pambagya | dene ta enggal lampahe | wingking sami rahayu | Nata Karna dhêku turnèki | panakrama paduka | kêlangkung kasuwun | ing wingking inggih raharja | marma inggal ing lampah sarêng nampèni | ing sêrat [sêra ...]

--- 197 ---

[... t] padukendra ||

3. lajêng budhal sakaprabon jurit | bokmênawi ngriki wontên karya | dènnya nimbali ge-age | ing tyas kêlangkung gugup | Prabu Suyudana lingnya ris | botên lêpat ing cipta | apan ta satuhu | langkung gêngnya ingkang karya | ingkang dados lampahe kakang dipati | sruning tikbra kawula ||

4. aprakawis ing icalirèki | rayi paduka pun Burisrawa | dèrèng kantênan wartane | ing pêjah gêsangipun | rayi-rayi paduka ngriki | Kurawa saha bala | sêdayanya sampun | kula sêbar angupaya | praptèng mangke tan wontên kang antuk warti | tangèh lamun manggiha ||

5. mila langkung sungkawaning galih | kadi-kadi arsa ngawakana | kawula ngupaya dhewe | sangking meranging kalbu | mring jêng rama myang ibu sori | angraos lamun tiwas | gèn kula minantu | lan botên bêtah miyarsa | ing sambate arinta bok Banuwati | mila age kawula ||

6. angaturi ing kakang dipati | rèhning sami ing kawoganira | kadospundi ing karsane | Rêsi Durna sumambung | pan saèstu anak dipati | tan kenging ginagampang | mênggah icalipun | arinta pun Burisrawa | apan sawêg dewane ingkang ngalingi | lamun ingkang ngupaya ||

7. sagung ari-arinta ing ngriki | sagêdira mung agal kewala | kirang guna myang sêktine | wiwekaning tyas suwung | sangking pundi sagêde panggih | ing wartane kewala | măngsantuka catur | sarate // ingkang ngupaya | ing icale pun Burisrawa sayêkti | manungsa ingkang guna ||

8. coba punika ingkang ngulati | rayi paduka Nata Pandhawa | sayêkti gumlèthèk bae | pinanggihe gènipun | Nata Karna gumujêng myarsi | lah ta paman punapa | titahing Yyang Guru | namung Pandhawa kewala | ingkang sami sinerenan guna sêkti | punapa ing Ngastina ||

9. kadang kula ing salah satunggil | botên wontên ingkang sinerenan | ing guna miwah kasêktèn | nambungi sang aprabu | mila yêktos kakang dipati | sapunika katingal | cabar tiwasipun | rayi paduka sêdaya | namung grubyug kewala kang dèn sagêdi | marma yèn tan wontêna ||

10. pitulunge kakang adipati | pan kalajêng otêr ing Ngastina | pun Burisrawa icale | paduka kang katêmpuh | Nata Karna aturira ris | yayi Prabu Ngastina | sampun walang-kalbu | icale pun Burisrawa | kang ngupaya inggih kawula pribadi | kalamun têksih gêsang ||

11. saênggone sayêkti kêpanggih | pun Burisrawa dening kawula | mung paringa kanthi bae | ingkang kawula suwun | rayi tuwan ing Banakêling | pun Arya Jayajatra | lawan malihipun | arinta pun Kartamarma | sakadange sêlawe kaprabon jurit | sangking tangguh kawula ||

12. kadi-kadi botên anêbihi | pun Burisrawa panggenanira | pan mêksih

--- 198 ---

anglintêr bae | sakiwa têngênipun | ing Ngamarta kang dèn pêraki | karana dènnya kesah | brangtanya dèrèng wus | dhatêng pun Wara Sumbadra | marma ingkang badhe kawula sak-asik | kiwa têngên Ngamarta ||

13. wana-wana miwah wukir-wukir | jroning praja pan kawula nugma | ngambah dede jajahane | èwuh-aya satuhu | marma kêdah kaprabon jurit | botên kuciwèng lampah | yèn manggih pakewuh | saksampuna asamêkta | Dhanyang Durna miyarsa gumuyu bêlik | angrangkul mring dipatya ||

14. lah punika kaotipun ugi | pintên kèhe Kurawa Ngastina | satunggal tan wontên darbe | panggraita ing kalbu | ingkang kadya anak dipati | Sang Prabu Druyudana | angandika arum | lamun kakang adipatya | sihing ari arsa nindaki pribadi | kados lamun kêpanggya ||

15. hèh ta paman dhawuhana aglis | sutanira yayi Jayajatra | Si Kartamarma sêdene | sêlawe kadangipun | dèn samêkta ingkang umiring | marang kakang dipatya | kaprabon prang pupuh | ki patih matur sandika | Adipati Ngawăngga umatur aris | yèn sampun kang timbalan ||

16. tuwan kantun sukarja ing wingking | pan kawula pangkat binjang-injang | mugyantuka pangèstune | ngandika sang aprabu | lah ta inggih kakang dipati | mugi-mugi nuntêna | ing pinanggihipun | arinta pun Burisrawa | pan kawula jumurung puja sêmèdi // | raharjanirèng lampah ||

17. wusnya têlas dhawuhing nêrpati | Nata Karna Sangkuni lan Durna | têtiga sarêng wêdale | sang prabu angêdhatun | pan pinêthuk ing pramèswari | nungsung warta jinarwan | Karna praptanipun | tinuduh parêng budhalnya | angupaya marang icale kang rayi | kanthi Si Jayajatra ||

18. kadang slawe kang samya umiring | pangiride Radyan Kartamarma | kapraboning prang lakune | kang garwa sukèng kalbu | duk miyarsa timbalan aji | kunêng sajroning pura | ing jawi winuwus | Dipati Ngawăngga lawan | Jayajatra Kartamarma para ari | sêlawe kang Kurawa ||

19. wus sumêkta sakaprabon jurit | lajêng budhal sangking ing Ngastina | ginêlak bala lampahe | swaranira gumuruh | tan winarna lampahing margi | cinêndhak sampun prapta | nênggih lampahipun | wana jajahan Ngamarta | tapêl watês lawan Ngastina nêgari | kèndêl Narpati Karna ||

20. masanggrahan madyaning wanadri | Jayajatra lawan Kartamarma | wus samya nyêbar balane | nêlasak ing wana gung | para mantri Ngawăngga sami | sumasak jroning kitha | miwah dhusun-dhusun | kunêng Kurawa kang lagya | akêkuwu nèng wana gantya winarni | Rahadyan Burisrawa ||

21. cinarita sakundurnya nguni | sangking Dwarawati lan Kurawa | sipêng wana sêdayane | lajêng kesah ing dalu | ngilang manjing ing jurang trêbis | sapurug tanpa sêdya | nut paraning suku [su ...]

--- 199 ---

[... ku] | tan etang pringganing marga | nasak wana mudhun jurang minggah wukir | dèn pêpati raganya ||

22. pan kalunta-lunta sampun lami | lampahira putra ing Mandraka | kasasar ing alas gêdhe | wana gung liwang-liwung | kayangane Sang Yyang Pêrmoni | nênggih Bêthari Durga | Setragăndamayu | apan wana Pêngalapan | gèn drubiksa jalma mara jalma mati | radyan kèndêl lampahnya ||

23. anèng satêlêngirèng wanadri | sadina mubêng sawiyarira | datan liya kêkayone | samya gurda gung-agung | pan sumilak ing ngandhap rêsik | nginggil pêtêng gumawang | sumruwung asirung | prapta udan păncawara | sindhung riwut prahara gora gumêrit | gumuruh madyèng wana ||

24. pêtêng dhêdhêt kadya têngah wêngi | gumaludhug gêlapira ngampar | rahadyan kêkês driyane | sasèndhèn mandera gung | Burisrawa mamrih sêmèdi | sidhakêp suku tunggal | ngêningkên pandulu | tan lyan Yyang Jagat Pratingkah | kang ingugêr pucuking tingalirèki | wus lèrèh kang prahara ||

25. sirêping udan kang riris aris | datan dangu nulya na kapyarsa | gumêr gumuruh swarane | kumrasak kumarusuk | bêkasakan gumriwis prapti | lêlêtêg kala nadhah | kêblak blêkêthuthur | pela-pelu lodrah kingkrah | têngis nangis arèngès pating paringis | ilu-ilu gêgila ||

26. jrangkong jèngkèng wewe ngiwi-iwi | bana- // spati blêdhag sangking kisma | mêngangah nungsang wêdale | kathah sêbawanipun | bêkasakan kang alit-alit | anarsa ngiris limpa | anyangking jêjantung | gorèng usus manggang pukang | mindhang bokong nucup sungsum nginum gêtih | gumêrdêg wuri prapta ||


dhingin. (kembali)
dhingin.
dodolan (dan di tempat lain). (kembali)
dodolan (dan di tempat lain).
Kurang satu suku kata: satria Andananjaya. (kembali)
Kurang satu suku kata: satria Andananjaya.
botrawi. (kembali)
botrawi.
Judul tambahan Yayasan Sastra. (kembali)
Judul tambahan Yayasan Sastra.
Kurang dua suku kata: kamar ingkang wetan. (kembali)
Kurang dua suku kata: kamar ingkang wetan.
ingkang. (kembali)
ingkang.
Kurang satu suku kata: lêbêtira Narapati Karna. (kembali)
Kurang satu suku kata: lêbêtira Narapati Karna.