Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 098–110)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 001–011). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 012–022). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 023–035). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 036–047). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 048–058). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 059–071). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 072–083). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 084–097). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 098–110). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

98. Pocung

1. Radyan Gathutkaca sigra tilar mungsuh | sarta buwang dhêndha | mêlajêngi ingkang bibi | kapiyandhêm mêlajêng nungkêmi pada ||

2. Radyan Ăntarêja suwe dènnya dulu | dening mungsuhira | nungkêmi padaning bibi | nyipta tuhu yèn ari Dyan Gathutkaca ||

3. gya umarêg mring kang bibi sarwi matur | lah sintên punika | mêngsah kawula ajurit | dene têka nungkêmi pada paduka ||

4. Rêtna Wara Sumbadra ngandika arum | hèh kulup wruhanta | iyèki arinirèki | kang wus sira ucapakên anèng palwa ||

5. satriya ing Pringgadani ajêjuluk | Radyan Gathutkaca | iya kang wus dadi wêling | eyangira Sang Bathara Ăntaboga ||

6. hèh ta kulup Gathutkaca dèn agupuh | sira ngabêktia | marang ing kakangirèki | aja sira kulup nganggo walang-driya ||

7. Ăntarêja

--- 232 ---

kadangira tuwa tuhu | duk sudarmanira | kasasar dhasaring bumi | dhaup lawan putrane Yyang Ăntaboga ||

8. Gathutkaca sarwi mèsêm dènnya matur | măngsa ta puruna | bibi kawula ngabêkti | mring pun Ăntarêja kadang kula tuwa ||

9. ujêr pisah lan sudarma awit timur | inggih nèm kawula | nanging alit mila nunggil | anèng praja tan pisah lawan sudarma ||

10. Radèn Ăntarêja miyarsa gumuyu | iya bênêr sira | wis aja susah ngabêkti | nadyan tuwa nora dèn êmong sudarma ||

11. lawan manèh măngsa ta lawasa ingsun | anèng marcapada | samangsane wis ngabêgti | ing jêng rama myang uwa Prabu Ngamarta ||

12. miwah marang jêng paman katiganipun | sagarwane padha | samangsane wis ngabêkti | ingsun nuli mulih mring dhasar pratala ||

13. apan ta wus karsane dewa kang luhung | wak ingsun tinitah | anèng sandhasaring bumi | kapindhone mêsakake ibunira ||

14. wus tan nunggal ing laki nora andulu | iya marang putra | mendah sungkawaning galih | baya-baya ing siyang dalu karuna ||

15. sang kusuma mèsêm angandika arum | kulup Ăntarêja | lah apa karane kaki | dene kongsi têmah prang lan arinira ||

16. lah ta apa purwane radyan umatur | paduka dangua | bibi dhumatêng pun adhi | yèn kawula botên uninga ing warta ||

17. mêdal sangking ing palwa lajêng kinêpruk [ki...]

--- [232v] ---

[...nêpruk] | sangking antariksa | pan kawula mèh ngêmasi | dangu jungkêl nèng siti sangêt kantaka ||

18. jroning aprang miyarsa sêsumbaripun | kawula wus nyipta | kêlamun kadang pribadi | ingkang dados wêlingipun kangjêng eyang ||

19. nanging putra tuwan kêpati tan ayun | kula akên kadang | kêpati-pati dènnya mrih | ing ayuda nênggih ing pêjah kawula ||

20. Gathutkaca miyarsa gumujêng guguk | sintên kang puruna | sayêktine sănggarunggi | yèn ngapusi têngah prang angaku kadang ||

21. inggih bibi sangking ing timbalanipun | raka padukendra | uwa Prabu Dwarawati | duk paduka linarung wontên ing palwa ||

22. pan kawula kinèn ngêtutna pukulun | sapuruging palwa | anjangkung sangking wiyati | lamun wontên kang ngambil layon paduka ||

23. dhawuhipun kawula glis kinèn ngêpruk | măngsa ta dedea | kang nyidra paduka bibi | pan ing mangke paduka sampun waluya ||

24. nyuwun têdah sintên duratmakanipun | kang nyidrèng paduka | kawula cêpênge bibi | sang kusuma miyarsa èmêng ing driya ||

25. yèn tutura pêsaja mring putraningsun | yêkti nora bisa | prapta nêgara tumuli | lawas pijêr golèki maling aguna ||

26. sang rêtna ngling iya wêruh warnanipun | nanging tan têtanya | nama myang wismanirèki | iya nuli linarihan jajaningwang ||

27. Ăntarêja miyarsa lingira asru | marang Gathutkaca | yayi yèn sira ngrêmbugi |

--- 233 ---

ing dhawuhe Narendra Krêsna mring sira ||

28. sun tutugkên wa prabu ing karsanipun | dènnya mrih kênanya | mring kang nyidra kangjêng bibi | ing kundure ya aja mêtu ing marga ||

29. anuruta pinggir bêngawan mandhuwur | măngsa ta adoha | tangguhe Sri Harimurti | gone nyidra sangking tan kuwawa brăngta ||

30. mring jêng bibi tan kapadhan karsanipun | kêlamun miyarsa | yèn layone tan binêsmi | linarung nèng ing bêngawan Silugăngga ||

31. sayêktine si maling mêksih angluru | sumêdya ngambila | ing layone kangjêng bibi | iya sangking durung tug dènnya brongta |[1]|

32. anêlusur pinggiring bêngawan agung | sayêkti kapapag | si maling lan laku mami | ing warnane jêng bibi măngsa panglinga ||

33. Gathutkaca miyarsa suka ing kalbu | ya milu wak ingwang | mêngkono karsanirèki | sira ingkang lumaku dharat dhèrèkna ||

34. mring jêng bibi ingsun jangkung sangking luhur | wus dadya rêmbagnya | kusuma Banoncinawi | pinêksa mring putra dadya nut kewala ||

35. wus lumampah nurut bêngawan mandhuwur | Radyan Ăntarêja | nèng wurine datan têbih | Gathutkaca jangkung anèng ing gêgana ||

36. duk sêmana Burisrawa wus angrungu | lamun sang kusuma | layone datan binêsmi | pan linarung nèng bêngawan Silugăngga ||

37. rajaputra ing Mandraka karsanipun | layone sang rêtna | kang linarung yun ingambil | Togog matur rahadyan karya punapa ||

38. ngambil bathang sayêktine

--- [233v] ---

sampun mambu | lingnya Burisrawa | sangking sruning brăngta mami | wus pralaya mêksih cumanthèl nèng netra ||

39. duk uripe ingsun tan bisa andumuk | mêngko wus palastra | layone ing karsa mami | basah langkrah anènga êmbanan ingwang ||

40. Lurah Togog ature sarwi gumuyu | radèn karsa dika | sakêdhik kula umiring | ngambil layon sae lajênga kabêkta ||

41. marang Setragăndamayu turnya gupuh | mring eyang andika | Yyang Pêrmoni yêkti bangkit | botên kewran anggêsangakên kunarpa ||

42. Burisrawa miyarsa Togog turipun | langkung sukanira | Togog gya rinangkul aris | iya bênêr têmên Togog aturira ||

43. yèn uripa mendah baya kaul ingsun | Togog marang sira | sayêkti sun tarimani | nora kurang kênya yu nagri Ngastina ||

44. lah ta payo dèn age padha angruruh | layone sang rêtna | Burisrawa mangkat aglis | datan kantun Togog lawan Saraita ||

99. Asmaradana

1. kasmaran lampahnya prapti | ing bêngawan Silugăngga | mêngandhap anurut kalèn | dèrèng têbih antaranya | lampahnya Burisrawa | lamat-lamat pan andulu | wontên wanudya lêlampah ||

2. nurut bêngawan manginggil | lawan wong lanang satunggal | umiring anèng wurine | gêng luhur gagah prakosa | Rahadyan Burisrawa | dadya

--- 234 ---

kèndêl lampahipun | malang kadhak têngah marga ||

3. ngawasakên kang lumaris | sinawang sangking mandrawa | mawa cahya kêkuwunge | kadya wimbaning basănta | sumunu tejanira | Burisrawa eram dulu | asru dènira ngandika ||

4. Togog ngawasna sirèki | wanudya ingkang lêlampah | lamat-lamat ngarêp kae | sun sawang sangking mandrawa | luwih endah warnanya | amawa cahya sumunu | kaya lintang karainan ||

5. apa baya widadari | yèn wanudya madyapada | Togog ingsun durung anon | kang duwe cahya mangkana | liyane sang kusuma | ingkang wus seda linarung | nora loro ingkang cahya ||

6. upamane widadari | nora tapak wêwayangan | ewuhing panduganingong | apa ta pêngantèn anyar | dene datanpa rowang | tan wruh samar nèng marga gung | lêlaku madyaning wana ||

7. sandhangane luwih bêcik | apa baya wong bedhangan | upama bojone dhewe | lalu nora wruh ing eman | duwe bojo mangkana | ginawa anèng wana gung | tur dharat datanpa rowang ||

8. pêpantêse nunggang joli | Togog wong mangkana ika | malah-malah suwe-suwe | ingsun sawang kasangsaya | kaya-kaya yèn iya | gustimu ingkang linarung | Togog alon aturira ||

9. radèn sampun salah kardi | mangke lamun papêthukan | ing wingking dede wadose | kados-kados yèn [yè...]

--- [234v] ---

[...n] kusuma | punika namur lampah | jarote mawi kêkuwung | gagah prakosa sêmbada ||

10. ngêngrêng sêrênge mêdosi | botên kenging ginagampang | sawangan sawang-sawunge | botên kumêdhèp ginêtak | tatag para sudukan | Burisrawa sru gumuyu | Togog apa ingsun kalah ||

11. tandhinga mung padha siji | sun cêgatane dêdalan | apa ta wani si pantèn | bêbênêr nêrak maringwang | Burisrawa sêksana | mrêgagah madyèng marga gung | ngadêg sarwi malang kadhak ||

12. sang rêtna awas ningali | kang mrêgagah têngah marga | yèn Burisrawa tingkahe | nolèh marang ingkang putra | kulup kaya pa sira | apa bali apa banjur | Burisrawa ngadhang marga ||

13. sayêkti wong begal kaki | bêcike nyimpang kewala | nênggêl têngah alas kiye | matur Radèn Ăntarêja | bibi kawula merang | nyimpanga sangking dêlanggung | papagan sami satunggal ||

14. paduka wontên ing wingking | dene ta kagila-gila | mangke kawula têrake | kang mrêgagah têngah marga | kawularsa uninga | rasane sasudukipun | sang rêtna kewran ing driya ||

15. de kang putra wus tan kêni | dadya ris dènnya ngandika | iya kulup sayêktine | ingsun bêlaka ing sira | ingkang nyidra maringwang | iya kang mrêgagah iku | rajaputra ing Mandraka ||

16. warnane ingsun tan pangling | iya mring Si Burisrawa | luwih digdaya wartane | Ăntarêja duk miyarsa |

--- 235 ---

langkung sukaning driya | inggih sukur bage sèwu | ing lampah sampun kasêdya ||

17. inggih ngupadosi maling | eman yèn sinimpangana | wus kêpanggih sami ijèn | bibi kawula pratignya | lamun tan sagêt bănda | mring kang mrêgagah marga gung | yêkti ngêndhat tali-murda ||

18. sang rêtna wus munggèng wuri | lajêng Radèn Ăntarêja | lampahe tambuh gumluwèh | Burisrawa duk tumingal | marang ingkang lêlampah | bêbênêr têngah dêlanggung | wus tan nêdya yèn nyimpanga ||

19. Togog nyata sugih wani | si dêdrohun uwong ika | dene ambêbênêr bae | sun papagne apa nyata | wani nêrak maringwang | gêdhe dhuwure sun dulu | lan ingsun padha kewala ||

20. Togog matur malah radi | sakêdhik gêng nginggil dika | nanging otot-ototane | radi gancêng kêncêng ngrika | singsêt tan kêdagingan | lampahe ayêm atambuh | anom botên sêsungaran ||

21. dene ta purun sayêkti | latah Radyan Burisrawa | iya mêngko sun sênggrange | apa nyimpang apa ora | yèn mêksa kudu nêrak | ngong jotose gundhulipun | malah sun bandane pisan ||

22. Burisrawa marêpêki | mêthukakên lampahira | sarwi dèn ore remane | lembeyanira ngêthaplang | yayah ngêbêki marga | sarya lon alauk-lauk | hahak wong age nyimpanga [nyimpang...]

--- [235v] ---

[...a] ||

23. dèn adoh pinggiring margi | mênawa sêmpal wangira | kasampe lembeyaningong | Radyan Arya Ăntarêja | mêksih lajêng kewala | mèh pêrak pandulunipun | Burisrawa datan samar ||

24. mring kang lumampah nèng wuri | yèn tuhu Wara Sumbadra | tanbuh sukane galihe | Burisrawa tiba gêblag | nèng siti gêgulungan | tangi nginguk nganguk-anguk | mring kang munggèng wurinira ||

25. wus ajêng-ajêngan kalih | mêksih sami dêg-adêgan | mung saklandheyan têbihe | kusuma Wara Sumbadra | langkung maras tyasira | Burisrawa asru muwus | gêtak-gêtak malang kadhak ||

26. hahak hèh sato wong êndi | ambênêr marga tan nyimpang | ingsun iki hèh mêmonon | rajaputra ing Mandraka | Rahadyan Burisrawa | măndra prakosa dibyanung | tanpa wangwang ing ayuda ||

27. trahing ratu sura sêkti | Mandraka Narpati Salya | putra kang ginadhang katong | apa ta nora wêdia | dêdrohun sapa sira | lan ngêndi wismanirèku | Ăntarêja ris saurnya ||

28. wong ing desa ingsun iki | nanging desa padhukuhan | pinggir kali ngisor dhewe | aran ingsun Ăntarêja | ngling malih Burisrawa | pantèn sun tanya satuhu | lah ing ngêndi olèhira ||

29. wong wadon wurinirèki | apan iku garwaningwang | sun ulati salawase | lunga nora nganggo warta | têmah milu ing sira | sayêktine [sayêkti...]

--- 236 ---

[...ne] ingsun jaluk | besuk sun lironi sira ||

30. nora kurang wong nêgari | Mandraka lan ing Ngastina | kênya ayu-ayu kabèh | papata lima nênêma | pitu iya kewala | nanging iku ingsun jaluk | wong wadon ing wurinira ||

100. Pangkur

1. mèsêm Radyan Ăntarêja | nora wêruh iya kang duwe rabi | pan iki gon ingsun nêmu | anèng sajroning palwa | wus palastra tatu kalih jajanipun | labête kinaniaya | parmaning dewa sung urip ||

2. ingsun takoni bêlaka | ingkang nyidra padha lawan sirèki | Burisrawa aranipun | iya Putra Mandraka | lah ta sira dene ngaku garwa iku | wus têtêp malinge sira | ingkang nyidra kangjêng bibi ||

3. sayêkti yèn ingsun bănda | Burisrawa nora tèdhèng ling-aling | pan iki wong tuwaningsun | garwane kangjêng paman | Madukara têka dadak sira aku | wruhanta ngong Senaputra | wêton sadhasaring bumi ||

4. Burisrawa duk miyarsa | langkung kagyat asru dènira angling | hèh kalingane si drohun | dhogolaning Pandhawa | anak Wêrkudara tunggaking kêmadhuh | arsa bănda Burisrawa | iya bêcik pantèn bêcik ||

5. ingsun mungkur lah nya tangan | nanging ora kêna kang anèng wuri | awèh ora ingsun jaluk | rêp nyuduk nya nyuduka | lingnya

--- [236v] ---

Ăntarêja sênadyan sirèku | gêlêm ora ingsun bănda | nyuduka ya sun talèni ||

6. Burisrawa duk miyarsa | tan sarănta sigra dènnya narik kris | linarihan jajanipun | Ăntarêja tan obah | pining kalih pining tiga datan keguh | tinêtêr mêksa tan pasah | rinêbat curiga kêni ||

7. Burisrawa langkung krodha | sigra nubruk ciptanira kadugi | nyêmbadani rosanipun | nubruk sigra cinandhak | tanganira kanan kering gya rinangkut | ananging dèrèng kabănda | mêksih udrêg dêdrêg sami ||

8. wau ta ing dirgantara | Gathutkaca anjangkung sangking nginggil | awas dènira andulu | kang raka drêg-udrêgan | nyêpêng jalma ananging dèrèng kapikut | Gathutkaca wus anduga | lamun ingkang nyidrèng bibi ||

9. Gathutrkaca niyub sigra | Burisrawa jinambak sangking wuri | tanganing ngarsa rinangkut | mring Radèn Ăntarêja | wus katalèn Togog Saraita dulu | lamun putra ing Mandraka | Burisrawa sampun kêni ||

10. kabănda ing mungsuhira | Togog Saraita lumayu aglis | mantuk Setragăndamayu | sêdya atur uninga | mring Bathari Durga dènnya atut pungkur | mring Rajaputra Mandraka | wau ta ingkang winarni ||

11. Burisrawa kang kabănda | sru karuna taline dèn kêncêngi | drêwili sêsambatipun | mêmêla mêlasarsa | Radèn Ăntarêja alon dènnya muwus [muwu...]

--- 237 ---

[...s] | hèh ta yayi kayaparan | liwat ribêt anèng margi ||

12. wuwuh ngiringkên bêbandan | kangjêng bibi yayi karsèngong iki | sun dèkèkna kancing gêlung | aja ngribêdi marga | Gathutkaca nut ing sêbda gih sirèku | ingkang ngiringna bêbandan | ingsun jangkung nèng wiyati ||

13. wus dadya ing rêmbagira | sang kusuma pan sampun dèn aturi | lumêbêt ing kancing gêlung | garudhanira Radyan | Ăntarêja ing jro saingga swarga gung | sigra sarêng angkatira | Gathutkaca mring wiyati ||

14. Radyan Ăntarêja dharat | tan rêkasa lon-lonan anèng margi | bêbandan dinèkèk ngayun | lamun rindhik dhinupak | lamun rikat dadya ngrempong lampahipun | jinambak linarak-larak | karuna samargi-margi ||

15. saliranya babak bundhas | sêsambate pan amung jaluk urip | kunêng kang lagya lêlaku | ganti kang winurcita | kang kêkuwu samadyanirèng wana gung | narapati ing Ngawăngga | sawadyabalanirèki ||

16. myang sagung bala Kurawa | duk sêmana Risang Ngawănggapati | sêseban pakuwonipun | lawan sagung Kurawa | Radyan Arya Jayajatra munggèng ngayun | iya Radyan Sindurêja | Adipati Banakêling ||

17. miwah Arya Kartamarma | sakadange sêlawe munggèng ngarsi | sêdaya miyar sampun |[2] saobahing jro kitha | Rêtna Wara Sumbadra ing sedanipun | kênèng cidra

--- [237v] ---

anèng taman | layone datan binêsmi ||

18. linarung nèng Silugăngga | Dananjaya ing tyasira kêpati | linglunge mring garwanipun | sumêdya lêbu wongwa | wus tan kêna dèn ampah ing belanipun | dadya sagunging Pandhawa | sêdayarsa lêbu gêni ||

19. pan wus jangjining Pandhawa | lamun mati siji samya belani | miwah Patmanaba Prabu | wus tan bisa ngampaha | mring kang sêdya bela garwa ing pratunu | dènira sampun pratignya | dadya Prabu Harimurti ||

20. katut ing Nata Pandhawa | nêdya tumut belani lêbu gêni | ubaya dènnya pratunu | yèn wus samadya căndra | ing lamine kalawan ingkang linarung | marma sagung ing Kurawa | suka-sukanira ngênting ||

21. dene wus pêsthi Pandhawa | sêdayanya wus sirna lêbu gêni | lagya eca imbal wuwus | Naradipati Karna | lan Kurawa rêrasan suka ing kalbu | badhe sirnaning Pandhawa | wontên wadya tur udani ||

22. lamun samadyaning wana | wontên jalma lêlampah mung pribadi | mêksih taruna gêng luhur | mèmpêr putra andika | Pringgadani ngêngrêng miwah jarotipun | sarta ambêkta bêbandan | dene kang binănda gusti ||

23. rayi paduka Mandraka | Radèn Burisrawa amba tan pangling | karuna turut dêlanggung | kagyat sagung kurawa | Narapati Karna aparentah sampun | samêkta kapraboning prang | têngara budhalira glis ||

24. lampahing

--- 238 ---

baris mêlawang | Radyan Ăntarêja sampun kaèksi | lampahnya munggèng wana gung | èstu yèn Burisrawa | pan binănda lampahnya dinèkèk ngayun | Kurawa wus nora samar | mundur ngêpung sangking têbih ||

101. Durma

1. Radyan Ăntarêja pan sampun prayitna | mulat praptaning baris | lajêng amêlawang | bêbandan gya cinancang | nèng wrêksa radèn nulya glis | prayitnèng baya | nging mêksih dèn adhêpi ||

2. Narapati Karna lawan Jayajatra | prasamya marêpêki | miwah Kartamarma | myang sêlawe Kurawa | arsa dhingini dènnya ngling | kulup dèn tata | payo padha alinggih ||

3. Ăntarêja nuruti wus tata lênggah | Kurawa atup[3] wuri | kering Kartamarma | Jayajatra nèng kanan | kang lênggah ngarsanirèki | Narpati Karna | Burisrawa ningali ||

4. mring kang raka Naradipati Ngawăngga | asru dènira nangis | sambat ibu rama | myang kang raka têtiga | Erawati Surtikanthi | miwah Ngastina | kusuma Banuwati ||

5. angrês ing tyas Narpati Karna ngandika | wis yayi aja nangis | pupusên kewala | yèn wus karsaning dewa | gonira nyandhang têtali | nulya ngling marang | Ăntarêja tanya ris ||

6. hèh ta kulup de sira anyar katingal | ingsun tanya sayêkti | ngêndi pinangkanya | nama miwah kang yoga | dene kaki mèh sairip | ngêngrêngira lan | sutèngong

--- [238v] ---

Pringgadani ||

7. Ăntarêja miyarsa osiking driya | apa baya wong iki | ya sanake uga | lawan sudarmaningwang | dene tumêrcêp dènnya ngling | anganak marang | aringong Pringgadani ||

8. wong mangkene iki sayêktine raja | utawa adipati | dhapure sêmbada | pêkik dêdêg pidêksa | bêcike ingsun kramani | dhasare tuwa | dadyaris anauri ||

9. pan kawula dede wijil marcapada | wijil dhasaring bumi | parap Ăntarêja | wartinipun jêng eyang | sudarmamba panênggaking | Nata Pandhawa | satriya Jodhipati ||

10. kang pêparap Radèn Arya Wijasena | Karna dupi miyarsi | latah gujêngira | iya măngsa adoha | ing mau duk sun arani | ngukiranira | sadhuwur tênggak kaki ||

11. wus tan loro iya lan Si Gathutkaca | ngêngrêng jarotirèki | hèh kulup wruhanta | aja sumêlang driya | ingsun wakamu pribadi | Narpati Karna | ing Ngawăngga Dipati ||

12. tungal ibu iya lan sudarmanira | kusuma Dèwi Kunthi | putri ing Madura | ingsun iki patutnya | lan Batha Surya kaki |[4] sudarmanira | kulup patutnya sangking ||

13. Prabu Pandhudewanata ing Ngastina | ingsun têtanya kaki | yèku pamanira | Si Arya Burisrawa | dene kongsi nandhang tali | dosane apa | Ăntarêja turnya ris ||

14. dosanipun milane kawula bănda | nyidra mring kangjêng bibi | garwanya jêng paman | inggih ing Madukara |

--- 239 ---

Narpati Karna ngling malih | sapa kang warta | lamun pamanirèki ||

15. Burisrawa nyidra marang Si Sumbadra | inggih bibi pribadi | kang wartèng kawula | Karna malih ngandika | Si Sumbadra wis ngêmasi | pagene warta | inggih sampun ngêmasi ||

16. pan linarung nèng bêngawan Silugăngga | ananging gêsang malih | antuk sihing dewa | Karna alon lingira | lah ing mêngko ana ngêndi | lamun uripa | Ăntarêja turnèki ||

17. inggih lajêng kundur dhatêng Madukara | gumujêng sang dipati | lamun mangkonoa | yèku Si Burisrawa | sun jaluk ucule kaki | kêrana apa | kang cinidra wus urip ||

18. lamun dèrèng katur dhatêng Madukara | sayêkti kawula jrih | lamun nguculana | lingnya Narpati Karna | bok aja kêdawa kaki | pan tuturira | kabèh mau tan dadi ||

19. yèn Sumbadra urip êndi warnanira | kang sirèku nuturi | ya mulane aja | kongsi kêdawa-dawa | sayêktine nora bêcik | Dyan Ăntarêja | sêndhu aturirèki ||

20. nadyan botên dados sae kula têmah | suka prapta ing pati | yèn tuwan pundhuta | ucule Burisrawa | Karna mèsêm angêjèpi | mring Jayajatra | sigra nubruk dhingini ||

21. Kartamarma nututi sakadangira | ambyuk parêng ngêbyuki | Radyan Ăntarêja | kalimput ing Kurawa | rinêjêng mêksih tan kêni | pinrih astanya | krodha Ăntarêja glis ||

22. mamrih uwal marang mungsuh sarta matak | ajinya wêlut [wêlu...]

--- [239v] ---

[...t] putih | kang anyikêp samya | tan wruh parucutira | sangking asta nulya aglis | lumumpat nyandhak | marang Ngawăngga Pati ||

23. sru binuwang sumêbut têbih tibanya | Kurawa angêbyuki | Ăntarêja ing prang | tan kewran kinêmbulan | Jayajatra kang nagêni[5] | prakosanira | rame rok silih ungkih ||

24. pan katutuh praptanira Gathutkaca | anjog sangking wiyati | ingkang ngrubut ing prang | mring kang raka cinandhak | sinêndhal lajêng binanting | wênèh binuwang | Kurawa kathah kanin ||

25. baris ingkang ngêpung anangkêbi samya | angêbyuki pêpati | rumêbut ing aprang | para mantri Ngawăngga | pangidira kuwanin |[6] ambêg sudira | tan etung kèhing pati ||

26. kanan kering wuri ngarsa ngrok rumujak | bingung rahadyan kalih | Radyan Burisrawa | sampun karêbut ing prang | wus ucul sangking têtali | kalingan kathah | pinagêran pêpati ||

27. Radyan Ăntarêja miwah Gathutkaca | krodhanira tan sipi | bêdhol gora rupa | sinabêtakên mêngsah | lir ginusah bosah-basih | mawur sar-saran | lumayu samya ngungsi ||

28. ngumpul ing gèn Risang Narapati Karna | sawungunira sangking | binuwang tibanya | lajêng nyandhak gandhewa | mangu dènnyarsa nglêpasi | dene mungsuhnya | kêkalih tan kaèksi ||

29. pan kalimput kinêmbulan ing ayuda | ing mangkya kang ngalingi | padhang katingalan | dene kang ngrubut ing

--- 240 ---

prang | bala Kurawa wus ngisis | lan Burisrawa | ucul tan karya brangti ||

102. Asmaradana

1. Narpati Karna nulya glis | ngawe Arya Jayajatra | Kartamarma sakadange | myang para mantri Ngawăngga | kang datan nandhang brana | sêdaya wus samya ngumpul | marma Radèn Kartamarma ||

2. piniji mring sang dipati | kinanthi ing lampahira | Kurawa ingkang sêlawe | nracak kaprawiranira | ing prang ulah sênjata | tan kongsi tinata gugup | parêng nglêpasi sênjata ||

3. jêmparingnya sang dipati | wutah ingkang nara wantah | muntap sangking gandhewane | kumêrsêg datanpa sêla | miwah jêmparingira | Jayajatra kadya pêdhut | Kartamarma sakadangnya ||

4. jêmparinge kadya riris | tumiba ing jajanira | Sang Senaputra kalihe | brastha tan montra tumama | namung kalih dhêndhanya | kang gora rupa balêdug | ajur sirna sangking asta ||

5. katiban kèhing jêmparing | ananging radyan kalihnya | wulu salêmbar tan rigol | mung kuntal-kuntal kewala | Rahadyan Ăntarêja | jroning prang pikiring kalbu | ing prang iki sun banjurna ||

6. ngamuk ngantêp lan si adhi | sayêkti mungsuh tumpêsan | ngakèhkên pêpati bae | kang rinêbut nora nana | namung Si Burisrawa | mundhak nyênyuwèni laku | bêcik sun buwang kewala ||

7. jroning prang radyan sêmèdi |

--- [240v] ---

nênêdha mring eyangira | Yyang Ăntaboga lajênge | marang Yyang Jagatpratingkah | sirnane mungsuhira | ayya kongsi kèhing lampus | katrima sêmèdinira ||

8. prapta ingkang bajrapati | sindhung riwut magênturan | prahara samya tumêmpoh | mring Narpati Karna lawan | Kurawa sabalanya | kabur kabuncang ing lesus | lan sabangkenira sirna ||

9. namung Burisrawa kari | datan katut ing maruta | niba tangi pêlayune | nusup-nusup anèng wana | sigrarya Gathutkaca | nututi sangking ing luhur | katon ing saparanira ||

10. dhinupak sangking ing wuri | karungkêb lajêng jinambak | rinangkut kalih astane | karuncalan wus binănda | sarya sru jinêjêgan | gumlinting nèng siti dangu | kantaka ginrujug toya ||

11. tangine nangis ngrêrintih | prapta Radyan Ăntarêja | lah wis yayi payo age | mangkat ingsun ingkang dharat | ngiringakên bêbandan | sira mêksih anèng luhur | sigra Radyan Gathutkaca ||

12. mêsat marang awiyati | mangkat Radyan Ăntarêja | bêbandan anèng ngarsane | rajaputra ing Mandraka | langkung kawêlas-arsa | kunêng gantya kang winuwus | kang katut dening maruta ||

13. sira Sang Ngawăngga Pati | lawan sêlawe Kurawa | sawadyabalane kabèh | tumibèng nagri Ngastina | Sang Prabu Druyudana | nuju siniwèng wadya gung | Dhanyang Durna munggèng ngarsa ||

14. myang Patih [Pa...]

--- 241 ---

[...tih] Arya Sangkuni | pêpak sagunging Kurawa | munggèng pagêlaran andhèr | lagyeca imbal wêcana | kagyat dènnya tumingal | satêngahing alun-alun | kumrutug udan manungsa ||

15. ana urip ana mati | ana ingkang nandhang brana | kang sewaka samya gègèr | Sang Naradipati Karna | dhingini wungunira | pungun-pungun langkung ngungun | miwah sêlawe Kurawa ||

16. pêpitu kang nandhang kanin | para mantrinira kathah | kang pêjah myang prajurite | kang tangi sangking kantaka | mêksih jêtung sêdaya | pêtêng pandêlênganipun | wau Prabu Druyudana ||

17. Rêsi Durna lan Sangkuni | sêdaya ingkang sewaka | wus waspada pandulune | lamun Narapati Karna | lan sêlawe Kurawa | kang tiba sabalanipun | prajurite kang palastra ||

18. ki patih sampun tinuding | nimbali sang adipatya | Kartamarma sabalane | kèrit marang panangkilan | gègèr nagri Ngastina | ingkang duwe laki lampus | miwah ingkang nandhang brana ||

19. gumuruh tangising èstri | kyana patih wus parintah | ngrêsiki kunarpa kabèh | miwah ingkang nandhang brana | binêktèng wismanira | jagul kang samya amikul | wau ta ing panangkilan ||

20. rinangkul sang adipati | marang Prabu Druyudana | wus kinèn tata lênggahe | jajar lawan Rêsi Durna | Kurawa kang wolulas | samya anungkêmi suku | wus kinèn lênggah nèng ngarsa ||

21. pêpitu

--- [241v] ---

kang nandhang kanin | mantuk marang wismanira | Druyudana ngandika lon | hèh ta kakang adipatya | dene ta kalampahan | amanggih kadya puniku | tiba sangking ngantariksa ||

22. saprajuritipun sami | sarta kathah kang palastra | liwat sangking karya gawok | kawula botên anduga | paran ta ingkang dadya | purwane têmah kadyèku | matur alon sang dipatya ||

23. miwiti malah mêkasi | tan wontên kang kêlangkungan | purwa madya wusanane | kêpanggihe Burisrawa | anèng wana kabănda | praptaning prang wus karêbut | Burisrawa mring Kurawa ||

24. sutèng Wêrkudara kalih | Ăntarêja Gathutkaca | wus tan majêng pêngamuke | kaurugan ing sanjata | malah-malah dhêndhanya | gora rupa samya ajur | kawula mèh anglêpasna ||

25. jêmparing ingkang mungkasi | pamunahing satru kala | nuntên prahara praptane | ambuncang sêdayanira | kados pun Ăntarêja | kang darbe sênjata bayu | ujêr satêngahing dewa ||

26. sutèng Bima patut sangking | absari dhasar pratala | Yyang Ăntaboga putrane | Dèwi Ăntawati nama | kalap mring Wêrkudara | mêkatên pangakênipun | nalika kawula tanya ||

27. marma darbe bajrapati | ratu-ratuning pawana | satêngah dewa yêktine | putune Yyang Ăntaboga | nênggih pun Ăntarêja | ibu apsari satuhu | sêkti luwih saking

--- 242 ---

bapa ||

28. pan kawula dèrèng kongsi | anglêpasakên panulak | pun Ăntarêja panahe | kang sami ratuning barat | nuntên kagèt kewala | katut kabuncang ing lesus | lan rayi tuwan sêdaya ||

29. lan prajurit para mantri | tan wontên ingkang kantuna | namung Burisrawa dhewe | kang tan katut ing prahara | kantun wontên ing wana | kilap pêjah gêsangipun | nanging pandugi kawula ||

30. kados yèn kacêpêng malih | măngsa ta dadak lêpata | yèn têksih pinrih kênane | mring pun Ăntarêja lawan | pun Arya Gathutkaca | duk miyarsa sang aprabu | aturnya Narpati Karna ||

31. dangu nglênggêr datan angling | langkung wimbuhing wardaya | miwah kang sewaka kabèh | ngênês ing driya sungkawa | miyarsa Burisrawa | nandhang papa kawlas-ayun | binănda pinindha kumpra ||

32. sang prabu ngandika aris | hèh ta Paman Rêsi Durna | Paman Sêngkuni wus dene | paran ta rêmbuge padha | dene pun Burisrawa | nandhang mêkatên puniku | punapa purun kewala ||

33. punapa têksih pinikir | mendah ta putra andika | pun Banuwati tangise | têlasna pikir andika | Sêngkuni lawan Durna | kang dinangu dèrèng matur | Karna gupuh aturira ||

34. sarwi mèsêm sang dipati | gih yayi Prabu Ngastina | sampun tuwan walang-atos | arinta pun Burisrawa | inggih têksih kawula [kawu...]

--- [242v] ---

[...la] | kang gadhah wajib pukulun | angêrbata sanggènira ||

35. anggêripun têksih urip | yèn tan botên karêbata | mring pun kakang sayêktine | ulun ngêndhat tali murda | măngsa dadak saea | mring Ngawăngga mantuk ngunthul | sênadyan sampuna pêjah ||

36. măngsa pêjaha pribadi | sayêkti yèn gagêmpuran | Ngamarta samudra gêtèh | punapa dupèh kawula | aprang sampun kasoran | kabur pinanah ing lesus | sêrambut pan dèrèng ulap ||

37. angabên guna kasêktin | kêlawan pun Ăntarêja | dèn wuwuhana sêktine | dumèh putu Ăntaboga | nadyan silih pun Karna | sintên ta kang botên ngrungu | yèn anak Bathara Surya ||

38. Rêsi Durna duk miyarsi | lingira Narpati Karna | sigra gapyuk pangrangkule | sarwi latah wuwusira | dhuh-adhuh sutaningwang | babo-babo wong abagus | sampun age mêgat nyawa ||

103. Mêgatruh

1. pan ing mangke inggih dèrèng mangsanipun | kêlamun anak dipati | ngêdalna kasuranipun | ing prang amutahkên gêtih | lawan Pandhawa rêrêmpon ||

2. ngengehane prang Brăngtayuda ing besuk | lamun ing pikir puniki | kêdah rapêt kêdah lêmbut | kêdah alus kêdah dhêmit | botên kenging gupoh-gupoh ||

3. utawine rinêbata ing prang pupuh | pun Burisrawa sayêkti | gêsanga lajêng

--- 243 ---

linampus | mring Pandhawa dèn jêjuwing | marmane pikir dèn alon ||

4. duk miyarsa Risang Druyudana Prabu | Rêsi Durna dènira ngling | alon pangandikanipun | lah ta paman kadipundi | pikir dika kang sayêktos ||

5. inggih ingkang kadya ling andika wau | pikir kang rapêt kang dhêmit | ingkang lêmbut ingkang alus | kênanipun sangking aris | pun Burisrawa yya ngantos ||

6. lawan aprang inggih ing pangrêmbatipun | Rêsi Durna matur aris | tan lyan sangking anak prabu | lan garwa sang pramèswari | kang ngêrbata sangking alon ||

7. pêsthi lamun ri paduka luwaripun | yèn liya ingkang nindaki | sangking paduka pukulun | tangèh yèn manggiha urip | malah-malah saya wuwoh ||

8. cilakane pun Burisrawa pukulun | tan wurung pêjahirèki | sayêktine ajur mumur | kunarpane dèn jêjuwing | mring Pandhawa dèn dhêdhêplok ||

9. inggih sangking sangête ing nêpsunipun | sri narendra ngandika ris | iya paman lirna ingsun | têgêse aturirèki | ingkang sayogya linakon ||

10. Durna matur inggih panduka pukulun | lan garwa sang pramèswari | nyaliranana sang prabu | têdhak mring Ngamarta nagri | ing tindak dèn radi asor ||

11. sampun mawi ambêgta ingkang wadya gung | miwah kapraboning jurit | ngamungna bêgta pukulun | upacara sawêtawis | kadi pêpara kimawon [kimawo...]

--- [243v] ---

[...n] ||

12. ingkang sêpuh ngamungna kula pukulun | kêlawan pun adhi patih | kang umiring sang aprabu | sêntana sêdaya kari | ing binjang lamun wus rawoh ||

13. nèng Ngamarta jujug Madukara nêmbung | marang Sang Yudhisthira ji | rakêtên sarta pangrangkul | pangrêpa dèn mêlasasih | dipun saingga mêtu loh ||

14. dening pêrlu-pêrluning lampah pukulun | putra kula pramèswari | sayêkti tan kêna kantun | punika kang darbe wajib | yèn kantuna mêsthi dhompo ||

15. dene garwa paduka ingkang dèn jujug | mring arinta pun Prêmadi | angosoa ing panêmbung | maripih pan botên wigih | mring pun Parta ngosog-osog ||

16. mila garwa paduka ing jujugipun | mring pun Parta jêr kang wajip | gadhah bujungan pukulun | ngêtrapna sakdosanèki | mring pun Burisrawa dados ||

17. apan sampun pêsthi kosus pêjahipun | ing wong nyidra mamrih pati | sênadyan kang pinrih luput | pun Sumbadra gêsang malih | durjanane kêdah manggon ||

18. botên sagêt ing ngriki duwea padu | mumbula mêksa kalindhih | sulita mêksa kasêlut | supita mêksa kasupit | yèn ngakala kajêngkêlok ||

19. botên wontên wong nakal pan amung nutut | mêlasarsa mêlasasih | angrêrêpa angrêrapu | mamêla milutèng galih | andhêdhêpa andhap asor ||

20. mila garwa paduka tan kenging

--- 244 ---

kantun | pêrlu dhatêng pun Pêrmadi | ing ngrika ingkang linampus | ing ngriki ingkang mêjahi | wus tan sagêt minggak-minggok ||

21. icalêna ing galih tuwan pukulun | mêlang-mêlang sănggarunggi | ing garwa pinanggihipun | lan arinta pun Pêrmadi | mênawi nêrak wêwados ||

22. nguni pantês puruna angrusak santun | ujar ta sarinirèki | wus mong dèrèng sinêrung |[7] andhap gène tanpa tawing | marmanya gampil ginayoh ||

23. pan ing mangke kawula purun ananggung | rayi tuwan pun Prêmadi | yèn ngantos sapurun-purun | anêrak wadining wadi | kados-kados lamun ajros ||

24. lawan sampun adarbe garwa pinunjul | kusuma Banoncinawi | sasat wimbaning sitèngsu | Ratih-ratih Larasati | adining apsari kasor ||

25. Sang Aprabu Druyudana ngandika rum | inggih paman sun turuti | aturira kang kadyèku | mênawa paman wus pêsthi | ing lampah kula pantuk don ||

26. Rêsi Durna aturnya sarwi gumuyu | anggèr sapisan puniki | tur kula yèn kongsi luput | sayêkti purun binêsmi | sampun tuwan walang-atos ||

27. nulya nolèh mring Sangkuni sarwi muwus | atur ingsun mau adhi | yèn luputa dene ta wus | trus têrang pangilon mami | ing sangkal bolong malompong ||

28. yèn kalakon kaya atur ingsun mau | Si Burisrawa wus pêsthi | kagawa sak kunduripun [kundur...]

--- [244v] ---

[...ipun] | yèn nora kagawa adhi | pan ingsun wani dèn obong ||

29. Kyana Patih Sangkuni alon sumaur | kawula inggih umiring | ing aturira puniku | tan wontên margine malih | liyane sangking mangkono ||

30. Sang Aprabu Druyudana ngandika rum | lamun wus padha ngrêmbugi | paman tatanên ing dalu | iya rakiting lumaris | besuk esuk budhal ingong ||

31. wusnya dhawuh nulya kundur sang aprabu | bubar sagung kang anangkil | ki patih parintah sampun | samêktanirèng lumaris | kang umiring sang akatong ||

32. ya ta wau sang aprabu kang ngêdhatun | pinêthuk ing pramèswari | wus tata dènira lungguh | nèng bale kêncur rinukmi | kang garwo sinung pawartos ||

33. ing sasolah-tingkahira kang dèn utus | angupaya ingkang rayi | Burisrawa icalipun | saature adipati | ing Ngawăngga datan kalong ||

34. Burisrawa dènira manggih papa gung | nèng wana nandhang têtali | sêdaya sampun cinatur | sasolah tingkahirèki | sèwu ala kang linakon ||

35. myang ature Rêsi Durna sêdaya wus | dhinawuhakên ing sori | injang badhe budhalipun | marang Ngamarta nêgari | anganthi sang liring sinom ||

104. Kinanthi

1. sang rêtna miyarsa jêtung | kagagas angrêsing galih | mring kang rayi Burisrawa | dene ta kongsi nêmahi | sèwu lara sèwu [sè...]

--- 245 ---

[...wu] papa | sèwu wirang sèwu isin ||

2. pinanggihe dènnya bêrung | dalurung anandhang brangti | marang ing Wara Sumbadra | tan katêkan mêmatèni | kang pinatèn wus waluya | ingkang matèni amanggih ||

3. babênduning jawata gung | satriya putra narpati | linuwihkên papanira | sangking papaning pêkathik | binănda cinara kumpra | dèn pilara urut margi ||

4. sakêdhik lêjaring kalbu | dènira arsa pêpanggih | lan kang rayi Madukara | kacathêt onênging galih | osiking driya mangkana | kaya pa wong ika binjing ||

5. samangsane ingsun nêmbung | mendah baya gone mlangkring | wus duwe gadhèn bêbandan | wong ika apa ta mêksih | duweni cipta maringwang | ing besuk lamun pinanggih ||

6. pan ing nguni jangjinipun | marmane ingsun lakoni | kagarwèng ratu Ngastina | dheweke saguh tan lali | mêsthi sabên-sabên căndra | atêtinjo marang mami ||

7. nilip jujug jro kêdhatun | satêmahan pêgat wangkis | kongsi pirang-pirang warsa | kenthole tan ana tilik | sun ciwêle yèn kêpanggya | lama tidhak kasih tabik ||

8. apa si tuwan kumêndur | tidhak èngêt padha kami | toh mustahil kaluk lupa | sang prabu ngandika aris | yayi sun bisiki sira | yèn prapta Ngamarta binjing ||

9. Paman Durna aturipun | ingsun kinèn nêmbung yayi | marang Prabu Yudhisthira | sira kinèn nêmbung maring | arinira Si Arjuna | aja nganggo walang-ati ||

--- [245v] ---

10. ngrakêti sarta angrangkul | mring Si Parta sun lilani | kêrana wajibing kana | kang duwe bêburon yayi | iya mring Si Burisrawa | bojone kang dèn patèni ||

11. ngêtrapna saukumipun | ing pati Parta kang wajib | marma dèn bisa kewala | mêminta sih mêlas asih | miluta tyase Si Parta | etang-etangane yayi ||

12. wong tuwa wus wajibipun | anglakoni wirang isin | yèn lagi Si Dananjaya | anamung ngrusak jabaning | ing paremana kewala | iya ladènana yayi ||

13. nanging aja kongsi ganggu | ing larangan ngrusak wadi | yèn sakjaban paremana | nora dadi ngapa yayi | iya mung Si Burisrawa | jalukkên luware yayi ||

14. sang rêtna mèsêm ing kalbu | miyarsa timbalan aji | ananging sasabing netya | sangêt rêngunirèng galih | wangsulanira mring raka | sêndhu sarwi maleroki ||

15. punapa saliraningsun | inggih badhe tuwan kardi | lêliruning Burisrawa | măngsa puruna wak mami | kinarya tanpa ajia | inggih dhatêng pun Prêmadi ||

16. sang prabu gupuh angrangkul | mring garwa sarya ngling aris | dhuh aja dadi tyasira | tuhunên rèh ingsun yayi | iya mung Si Burisrawa | burunên luware dhingin ||

17. kunêng sajroning kêdhatun | kang gunêm lan pramèswari | sagunging cèthi parêkan | nênggih kang badhe umiring | ing sang dyah marang Ngamarta | ing dalu siyaga sami ||

--- 246 ---

18. injangira samêkta wus | Rêkyana Patih Sêngkuni | miwah Rêsi Dhanyang Durna | têdhakira sri bupati | sarwi anganthi kang garwa | Rêtna Dèwi Banuwati ||

19. anitih jêmpana sampun | satus prajurit jajari | pawongan mung kalih dasa | kang binêkta sang rêtna di | marang nêgari Ngamarta | upacara mung sêpalih ||

20. nitih rata sang aprabu | Durna lan Sêngkuni nunggil | ing rata Sri Druyudana | upacara mung sêpalih | wadya kang garêbêg rata | tan mawi kaprabon jurit ||

21. kang wahana kuda namung | kadang sêlawe umiring | samya ngampil upacara | lampahnya Sri Kurupati | kadya pêpara kewala | langkung rêmbên anèng margi ||

22. Narapati Karna sampun | mantuk mring prajanirèki | orêg sapraja Ngastina | para kadang ingkang kari | kunêng gênti kang winarna | nênggih Ngamarta nêgari ||

23. prabu kalih mêksih tugur | anèng Madukara sami | sri bupati ing Madura | sêmana pan sampun prapti | bantoni sungkawanira | dene ta kang rayi-rayi ||

24. sêdaya nêdya pratunu | ambelani ingkang lalis | de wus tan kêna dèn ampah | marma sungkawa tan sipi | sri bupati ing Madura | sungkawa wor muring-muring ||

25. pangandikanira arum | yayi Prabu Harimurti | wus nora kêna dèn rasa | kang sumêdya lêbu gêni | wus jangjine ing Pandhawa | măngsa kêna dèn owahi ||

26. ingkang dadi ing tyasipun | mung kang nyidra bae yayi | iya [i...]

--- [246v] ---

[...ya] marang arinira | dene ta marang pawèstri | utang kêsêngitan apa | kêpati-pati mrih pati ||

27. iya marang ariningsun | kaya pa warnanirèki | yèn karuhana kewala | ing ngêndi gonira ngungsi | ngungsia lak-lakan naga | saênggone ingsun usir ||

28. kêrasa ing astaningsun | matur Prabu Harimurti | inggih antosa paduka | bokmênawi angsal kardi | praptane pun Gathutkaca | inggih kawula tuding |[8]|

29. ngêtutakên palwa larung | pundi kang purun angambil | ing layone pun Sumbadra | kawula kèn nyêpêng aglis | sayêkti lamun punika | inggih kang anyidrèng latri ||

30. cabar tiwas lampahipun | pan namung samadya sasi | nuntên kula kèn mantuka | mangkya mung kirang saari | tutupe samadya căndra | inggih dintên binjing-injing ||

31. hèh Wrêkudara sirèku | apa nora mikir yayi | saos kayu duk lan lênga | samêktaning lêbu gêni | Sang Aprabu Padmanaba | sarwi gumujêng dènnya ngling ||

32. Radyan Wêrkudara jêtung | basêngut datan nauri | Sang Aprabu Yudhisthira | mèsêm nolèh mring kang rayi | Nangkula ge parintaha | mring sagung wadyanirèki ||

33. saos duk lênga lan kayu | samêktane lêbu gêni | Nangkula tur sêmbah sigra | mijil mring pasowan jawi | parintah mring pra dipatya | Ngamarta prasamya kingkin ||

105. Asmaradana

1. wuyungan wadya sanagri | saos duk kayu lan lênga | sajroning dalêm [dalê...]

--- 247 ---

[...m] wus dene | Wara Srikandhi kalawan | raka narpadayita | saningga sakêmbanipun | ingkang badhe arsa bela ||

2. myang Sulastri Larasati | sêdaya sampun samêkta | sauparêgane[9] obong | sêkar miwah gănda wida | mênyan madu padupan | kasturi myang jêbat arum | ratus-ratus wus samêkta ||

3. tanbuh solahing prihatin | gung alit wadya Ngamarta | dènnya wus pêsthi gustine | ing sadintên binjang-injang | dènira lêbu wongwa | Prabu Padmanaba tumut | bela ing Nata Pandhawa ||

4. kasaru praptanirèki | Radyan Arya Gathutkaca | kang raka munggèng wurine | sarwi anuntun bêbandan | Rajaputra Mandraka | cingak kang samya andulu | wadyabala kang sewaka ||

5. sêdaya prasamya pangling | marang Radyan Burisrawa | dènnya sangêt ing risake | mung kantun kathok kewala | salira babak bunyak | abêngêp wadananipun | bathuk bênjut babak bundhas ||

6. jongor lambenira malik | kapêndhêm netra kalihnya | kalingan dening abuhe | rema gimbal lir pawuhan | godhong rêgêding pasar | rêrêsêg kang samya katut | anèng rema langkung gimbal ||

7. bêbandan wus dèn tampèni | marang wadya Madukara | rinêksèng jawining regol | kusuma Wara Sumbadra | pan sampun ingaturan | mijil sangking kancing gêlung | pinarêng rahadyan putra ||

8. Bimanyu [Bima...]

--- [247v] ---

[...nyu] sampun sakinjing | dènnya dolan palataran | lamun tinakèn saure | mêthuk marang ibunira | dènnya kesah mèh prapta | kang myarsa sami rawat luh | wau ta Wara Sumbadra ||

9. duk lumêbêt jroning kori | pinêthukakên kang putra | gapyuk rinangkul jêngkune | dhuh si ibu-ibu prapta | kang ibu kagyat mulat | kang putra nulya sinambut | ingaras sarwi lumampah ||

10. binêkta marang ngarsa ji | kang lênggah madyèng pêndhapa | samya kagyat pandulune | sêdaya wus nora samar | lamun Wara Sumbadra | sarêng ngadêg dènnya lungguh | sang rêtna cumundhuk sigra ||

11. ing raka Sri Harimurti | sang dyah anungkêmi pada | aris rinangkul janggane | myang kang raka ing Madura | ngrangkul sami karuna | samadyaning pandhapa gung | prasamya jêngêr sêdaya ||

12. kapingungunên prasami | kadya supêna kewala | mulat ing sang dyah praptane | wus kinèn lênggah ing ngarsa | sarwi mangku kang putra | pan dèrèng ngantos dinangu | sajroning dalêm miyarsa ||

13. kusuma Wara Srikandhi | myang raka narpadayita | Sulastri Larasatine | gurawalan mêdal samya | mring madyaning pandhapa | narpadayita angrangkul | Srikandhi nungkêmi pada ||

14. Sulastri myang Larasati | kasok ing tyas lir supêna | kalih asru panjêrite | nèng pada anglir kantaka | miwah sagung pawongan | sêdaya nangis gumuruh | mangkana

--- 248 ---

kang anèng taman ||

15. kang anggung ngênglêng tan eling | gumuling anèng bantala | nginglung marang ing garwane | satriya Andananjaya | tanbuh ing solahira | wau ta ingkang winuwus | Lurah Sêmar wus têtela ||

16. kang dadya gumêring tangis | sigra matur ing Sang Parta | de gêsang malih garwane | rawuhe sarêng kêlawan | Rahadyan Gathutkaca | ing mangke sang rêtna sampun | munggèng ngarsa sri narendra ||

17. marma gumêrah kang tangis | sêdaya kang nèng pêndhapa | jroning dalêm mêdal kabèh | miwah sagunging pawongan | nangisi ingkang prapta | Sang Parta duk miyarsa tur | lan kang putra Radèn Somba ||

18. gurawalan mêdal sami | sangking taman Madugănda | sapraptanira kalihe | samadyanirèng pandhapa | sang dyah mêksih dènira | tinangisan rinarubung | Radèn Somba miyak sigra ||

19. nungkêmi padaning bibi | sarya sru dènnya karuna | satriya Dananjaya ge | nungkêmi pungkuranira | sarya drês ingkang waspa | Sri Padmanaba lingnya sru | lah ta iki basakêna ||

20. pijêr padha dèn tangisi | nora kobêr takon ingwang | lah ta wis padha dèn lèrèh | satriya Andananjaya | alon ing aturira | ing mangke paduka dangu | yèn sampun kaul kawula ||

21. Narendra Krêsna lingnya ris | lah ta iku kaul apa | angêndhak wong

--- [248v] ---

arsa takon | nuli sira luwarana | sun sêlak arsa tanya | Dananjaya nêmbah matur | pukulun kaul kawula ||

22. lamun rayi tuwan urip | antuk pitulunging dewa | botên kêlajêng pêjahe | sagêt gêsang paripurna | samăngsa-măngsa prapta | lajêng kewala pukulun | kawula jak mring ujana ||

23. angalap kang sarwa sari | Sri Krêsna dupi miyarsa | mènjêp sarwi lon dêlinge | iya sênadyan kaula | anggendhong pitung warsa | marang ing garwanirèku | sapa ta malang-malanga ||

24. pan garwanira pribadi | nanging ta mêngko sadhela | lamun ingsun wus têtakon | wong wus mati têmah mulya | purwane têka ngapa | kabèh iki durung ngrungu | Dananjaya matur nêmbah ||

25. inggih paduka êntosi | pintên dangune mring taman | lah biyang kulup dèn age | sêdaya-daya luwara | payo nuli mring taman | sadhela bae gya wangsul | mring ngarsane sri narendra ||

26. kang garwa datan nauri | nulya cinandhak astanya | sang dyah asru ngipatake | tumungkul kucêm netyanya | dènnya merang ing kathah | pinêksa lajêng sinambut | binêkta mring patamanan ||

27. kèndêl kang samya anangis | prasamya mèsêm sêdaya | mulat Sang Parta tingkahe | dènira kaul mring garwa | Sang Prabu Padmanaba | gumujêng lingira asru | lah ta iku kaul apa ||

28. bangêt ngewakakên [ngewakakê...]

--- 249 ---

[...n] ati | agawe samata-mata | apa ta wong akèh kiye | amung pinadhakkên kaya | socaning pring kewala | samadyaning pandhapa gung | suka gujêngipun samya ||

29. luwar sangking ing prihatin | mêngakakên lawang suka | para putri sêdayane | lawan sapawonganira | wangsul mring dalêm samya | suka-sukanya wor ngungun | langkung sakêthi tan nyana ||

30. lamun Dyah Banoncinawi | sagêt gêsang paripurna | nora tulus palastrane | kadya supêna kewala | para putri tyasira | lir manggih rêtna sagunung | dènnya wus pêsthi ciptanya ||

31. sirna kabèh lêbu gêni | kantun sêdalu kewala | injang badhe ingobonge | têmahan sang dyah kang arsa | binelanan waluya | marma sukanya kêlangkung | jalwèstri Nata Pandhawa ||

32. wau kang lênggah ing jawi | samadyanirèng pandhapa | Narendra Krêsna angawe | marang Radyan Gathutkaca | sigra majêng mring ngarsa | Ăntarêja munggèng pungkur | Narendra Krêsna ngandika ||

33. bagea kang lagya prapti | kulup paran lakunira | liwat sangking karya gawok | bibèkamu wus palastra | têmah bisa waluya | sapa ta ingkang mitulung | ing wuri mèh lêbu wongwa ||

106. Pangkur

1. Gathutkaca matur nêmbah | ing mulyane arinta kangjêng bibi | wingking punika pukulun | ingkang atur usada | pan angakên [angakê...]

--- [249v] ---

[...n] yèn kadang kawula sêpuh | putranipun kangjêng rama | patutan sangking apsari ||

2. sutaning Yyang Ăntaboga | Dèwi Ăntawati dhasaring bumi | Ăntarêja namanipun | duk dèrèng jinarwanan | mring jêng bibi lamun kadang kula sêpuh | apan ta kawula cipta | ingkang anyidra ing latri ||

3. wêdalipun sangking palwa | pan kawula kêpruk sangking wiyati | wêntala lajêng sumusul | mring wiyat rame aprang | lan kawula nrêp-pinrêp pêluk-pinêluk | sêdhêngnya rukêt nèng dharat | sinapih ing kangjêng bibi ||

4. winartan lamun punika | inggih kadang amba sêpuh pribadi | lawan malih dhawuhipun | ing dalu kang anyidra | wontên taman pun Burisrawa pukulun | amargi sangking dènira | nandhang brăngta wus alami ||

5. miyarsa yèn Madukara | suwêng namung garwa kang samya kari | jêng paman wontên wana gung | dadya tyase nêmpuh byat | kangjêng bibi nêdya dhinustha ing dalu | binêkta marang Ngastina | ing praptanipun marêngi ||

6. jêng bibi ing dalu mêdal | marang taman sêdya siram botrawi | Burisrawa gya tumundhuk | ngrêng godha mrih masesa | ing jêng bibi nanging wus pratignyèng kalbu | lamun ngantos kagêpoka | sariranya nêmah pati ||

7. sangking sru datan kapadhan | ing sêdyanya têmah krodha mêjahi | pun Burisrawa pukulun | kêpanggih wontên wana | nurut lèpèn Silugăngga pan angruruh |

--- 250 ---

ing larung sêdya ngambila | marang layone jêng bibi ||

8. mila glis kawula bêsta | lan pun kakang dene sampun sayêkti | wontên ing marga kapêthuk | lan Dipati Ngawăngga | saha bala miwah Sata Kurawa gung | lajêng angêrbat bêbandan | rinoban ing aprang kêni ||

9. sirnane sangking pun kakang | Adipati Ngawăngga dèn lêpasi | sênjata bajra tumêmpuh | Ngawăngga saha bala | myang Kurawa katut kapuncang ing lesus | mung kantun pun Burisrawa | pan sampun kabêsta malih ||

10. aturira Gathutkaca | mring kang uwa miwiti amêkasi | ing sasolah-tingkahipun | tan wontên kalangkungan | purwa madya wusana pan sampun katur | ngungun kang samya miyarsa | Narendra Krêsna lingnya ris ||

11. duk lagya sakêcap nulya | Wêrkudara nambungi dènira ngling | mêngko mênênga karuhun | sadhela ingsun arsa | anyêlani Krêsna ing wuwusirèku | dene têka ana bocah | ngaku lamun anak mami ||

12. pan ingsun nora rumăngsa | duwe uyuh kêkècèr dhasar bumi | Narèndra Krêsna gumuyu | saryo lon angandika | hèh ta yayi eling-elingên sirèku | mênawa lali kewala | bocah iku sun tingali ||

13. lêkêre sadhuwur tênggak | lan Si Gathutkaca wus datan kalih | ngêngrêng miwah jarotipun | nora doh lawan sira | mokal [mo...]

--- [250v] ---

[...kal] lamun ngaku-akua ta iku | duk Bale Sêgala-gala | wêtunira sangking gêni ||

14. anut ing garangan seta | banjur amblês marang dhasaring bumi | mênawa kono sirèku | yayi gonira krama | Wêrkudara sêndhu dèni sumaur |[10] iya nyata wuwusira | sun prapta dhasaring bumi ||

15. ananging nora rumăngsa | yèn nunggangi anaking ula mami | têtêp lamun bocah iku | durjana ngamandaka | ngawu bawar marang ingsun ngaku-aku | wênang uga pinatènan | Wêrkudara wusira ngling ||

16. jlog mudhun sigra anyandhak | marang Ăntarêja linarak aglis | marang palataranipun | sinêndhal wus dèn ikal | sru binanting nèng siti winasuh-wasuh | nanging Radyan Ăntarêja | tan măntra kêraos sakit ||

17. wus dangu nulya binuwang | pan sumêbut kantêp tibanirèki | kêtanggor pagêr bata rug | bêngkah rêbah kaparah | Ăntarêja dhêlêg-dhêleg jêtung ngungun | mulat tingkahnya kang rama | dukanira mamrih pati ||

18. samadyanirèng pandhapa | samya ngadêg ngungun datan andugi | dene Sena krodhanipun | Sang Prabu Padmanaba | angêjèpi mring Radyan Ăntarêja wus | garjita nampèni cita | èngêt wêlinge sang kaki ||

19. winangsit watakanira | katgadèng tyas radyan mrih nyêmbadani | kang rama prakosanipun | mangrêpa sru dhinupak |

--- 251 ---

kontal sigra wangsulira parêng caruk | rok rukêt candhak-cinandhak | cêngkah rame silih-ungkih ||

20. kakahan pokah-pinokah | samya ngangkah kumitir silih-untir | gêlut pulêt luk-pinêluk | dêdrêg udrêg-udrêgan | rame dêdêr-dinêdêr dêkung-dinêkung | kang rama sor prakosanya | kadêkung asru binanting ||

21. cinandhak sigra binuwang | sru sumêbut kantêp tibanirèki | katanggor pagêr bata rug | kêrasa sariranya | rêngkêng-rêngkêng tibanira mêksih lungguh | ngawe marang ingkang putra | Ăntarêja gya ngabêkti ||

22. rinangkul sarwi kinudang | nyata lamun uyuh ingsun sirèki | pêli gêdhe konthol landhung | nak lanang bisa ngêndhang | brêngos capang sacêngkang gêgodhèg jadhug | prakosa ngungkuli bapa | anak anung bisa banting ||

23. kang putra lajêng binêkta | wangsul marang palênggahane malih | wus kinèn tata alungguh | lan Radyan Gathutkaca | pan jinèjèr kalih munggèng ngarsanipun | liniling anggung sinawang | gumêr kang samya ningali ||

24. tingkahnya Sang Arya Sena | Prabu Danardana ngandika aris | hèh Gathutkaca dèn gupuh | wakamu Burisrawa | saosêna nanging ta bêbandanipun | kulup sira uculana | aja bangêt-bangêt kaki ||

25. pan saru tinon ing kathah | nora patut yèn nyandhanga têtali | satriya putraning [putra...]

--- [251v] ---

[...ning] ratu | marmane uculana | măngsa dadak ngamuka nèng ngarsaningsun | sigra Radyan Gathutkaca | mêdal ing jawi nguculi ||

26. bêbandan Sang Burisrawa | wus binêkta majêng marang ngarsa ji | ngungkruk lungguhe dhêkukul | pucêt tanpa guwaya | saputing tyas tan panon rat idhêpipun | tan bisa mulat netranya | mring kang lênggah siji-siji ||

27. Radyan Arya Gathutkaca | Ăntarêja ngapit dènira linggih | samadyaning pandhapa gung | jêngêr ngungun sêdaya | mulat marang Burisrawa samya pandung | dènnya wus ilang sipatnya | kadya satuhune maling ||

28. rema gimbal lir pawuhan | rêrêsêking wanara na kang mêksih | kang katut ing remanipun | sarira babak bunyak | bathuk bênjut bêngêp wêdananirabuh | kapêndhêm netra kalihnya | jongor lambenira malik ||

29. sri bupati ing Madura | pan anglênggêr jêtung datan bisa ngling | Narendra Krêsna lingnya rum | hèh yayi Burisrawa | dèn narima nêmoni samono iku | sèwu nistha sèwu papa | pan sira karya pribadi ||

30. Burisrawa duk miyarsa | pangandikanira Sri Harimurti | tumungkul nangis ngrêruntuh | Sri Bupati Madura | pan katarik angrêsing tyasirandulu | mring ipe wus nora tahan | mulat ing warnanirèki ||

31. dadya alon angandika | hèh ta yayi prabu ing Dwarawati | yèn wus têtêp kukum lampus | yèku Si Burisrawa | ayya suwe-suwe [suwe-...]

--- 252 ---

[...suwe] kadulu maringsun | nuli untapna kewala | Wêrkudara anambungi ||

32. iya bênêr Baladewa | karêpira jaluk inggaling pati | ipemu anaking ratu | duwe tindak culika | anêmoni sêmono cilakanipun | urip dêdawa druhaka | bêcik cupêtên tumuli ||

33. lamun nora kolu padha | nguntapake padha srahêna mami | sun untapne patinipun | yèku Si Burisrawa | sun adune kumba lawan gadaningsun | gumujêng Narendra Krêsna | miyarsa Sena dènnya ngling ||

34. sarya lon matur ing raka | dhuh pukulun apan ta sampun pêsthi | têtêpipun kukum lampus | nadyan kang pinêjahan | gêsang malih têtêp maksih kukumipun | durjanane botên ical | dènira andhusthèng latri ||

35. pêjah gêsange punika | pan gumantung wontên kang darbe wajib | pun Dananjaya pukulun | kang gadhah bêbujungan | ewadene samangke manawi sampun | puput tyasira narima | botên anggugat kang pati ||

36. punika pun Burisrawa | sagêt gêsang lamun pun Parta mêksih | gugat nêdha pêjahipun | mila dipun sarèhna | apan inggih karsa paduka pukulun | mênawi kenging rinêbat | sri nata gêsangirèki ||

107. Sinom

1. sri bupati ing Madura | duk miyarsa turing ari | alon dènira ngandika | yayi Prabu Dwarawati |

--- [252v] ---

iya ingsun lumiring | apa sakarsanirèku | nanging Si Burisrawa | sira wêtokna dèn aglis | ingsun mulat ing warnane nora tahan ||

2. mèsêm Prabu Padmanaba | mring kang putra ngandika ris | hèh ta kulup Gathutkaca | Si Burisrawa dèn aglis | wêtokna jaba maning | ing kukume durung tamtu | pati myang uripira | apan ta lagi sun pikir | pasrahêna marang wadya Madukara ||

3. dhawuhana Si Sucitra | pangrêksane dèn abêcik | aja kongsi kêkurangan | miwah ta ênggonirèki | dèn pêrnahna kang bêcik | pundhutna pisalinipun | busana kasatriyan | kinèn adusa kang rêsik | kêramasa lăndha lawan jêjungkata ||

4. aja gimbal lir rasêksa | rambute katutan mêksih | rêrêsêk kaya pawuhan | kêbak rêrêgêt ron aking | awake boncah-bancih | babak bundhas tilasipun | bobok parêm pundhutna | tur sêmbah Gathutkaca glis | Burisrawa binêkta wangsul mring jaba ||

5. pinaringkên mring Sucitra | timbalan Sri Harimurti | wus dhinawuhken sêdaya | pangrêksanira dèn bêcik | sandika turirèki | Radyan Burisrawa sampun | pinêrnahkên gènira | rinêksa gung para mantri | pan kasaru praptane mantri tampingan ||

6. sowan ngaturi uninga | lamun Prabu Kurupati | rawuh sarta lawan garwa | lampahing marga

--- 253 ---

tan mawi | bêkta wadya gung naming | lan saupacaranipun | Sangkuni lawan Durna | nunggil sakareta sami | rakitipun kadya pêpara kewala ||

7. kados Kurawa Ngastina | mung kawan dasa umiring | ngiras ngampil upacara | munggèng saluhur turanggi | wondene kang jajari | prajurit dharat mung satus | mila rêmbên nèng marga | pawongan tinandhu sami | kèndêl aso pêsanggrahan jawi kitha ||

8. nanging pramèswari nata | pan lajêng lampahirèki | lawan sapawonganira | manjing sajroning nêgari | Kyana Patih Sangkuni | kang umiring majêngipun | lawan prajurit dharat | satus kang samya jajari | duk miyarsa kagyat sang prabu katiga ||

9. parintah arsa mêthuka | kasaru gumêr ing jawi | rawuhe Putri Mandraka | Sang Prabu Yudhisthira glis | dhawuh ing pramèswari | mêthuk sajawining pintu | Rajaputri Cêmpala | Durpadi Wara Srikandhi | sampun tundhuk lan putri nagri Ngastina ||

10. gya cinandhak astanira | kinanthi ingapit-apit | Wara Durpadi nèng kanan | kang kering Wara Srikandhi | lajêng lampahira ris | malbèng marang dalêm agung | lan sapawonganira | Rêkyana Patih Sangkuni | tinimbalan mring samadyaning pandhapa ||

11. Sang Aprabu Yudhisthira | siyaga budhalira glis | mêthuk marang jawi kitha | dene Prabu Harimurti | lawan Madura mêksih | anganti nèng pêndhapa gung | lan Arya Sena miwah |

--- [253v] ---

sêntana pra putra sami | kang umiring mêthuk marang jawi kitha ||

12. mung Nangkula myang Sadewa | wau ta ingkang winarni | sawusira tata lênggah | sajroning dalêm prasami | Kusuma Banuwati | mèsêm angandika arum | yayi Putri Cêmpala | prapta kawula puniki | pan anglayat ariningsun Si Sumbadra ||

13. kapyarsa sangking Ngastina | ing dalu manggih bilai | cinidra ing duratmaka | wontên ing taman ngêmasi | layone tan binêsmi | linarung bêngawan agung | antuk sihing jawata | sampun pêjah gêsang malih | sagêt mantuk pribadi mring Madukara ||

14. paran èstuning pawarta | dene ta botên kaèksi | kalihe kang darbe wisma | Rêtna Durpadi turnya ris | pukulun kang sayêkti | pun Sumbadra pêjahipun | cinidra duratmaka | sagêdipun gêsang malih | duk linarung nèng bêngawan Silugăngga ||

15. pinuju pun Ăntarêja | Senaputra lagya prapti | sangking dhasaring pratala | nyabrang bêngawan ningali | wanudya angêmasi | linarung labête tatu | awlas ing tyasnya dadya | tinetesan banyu urip | tatu pulih têmah gêsang paripurna ||

16. dene ta pun Ăntarêja | satêngah dewa sayêkti | wayahing Yyang Ăntaboga | Ibu Dèwi Ăntawawi[11] | apsari dhasar bumi | marmane darbe pukulun | maosadi utama | dene kang anyidrèng latri | wontên [wontê...]

--- 254 ---

[...n] taman arinta pun Burisrawa ||

17. kêpanggih wontên ing wana | mring putranta Pringgadani | cinêpêng lajêng binêsta | sampun binêkta mariki | dene kang darbe panti | kangbok wontên tamansantun | praptanya sangking paran | pun Sumbadra datan kongsi | manjing wisma lajêng binêkta kewala ||

18. mring kakunge dhatêng taman | kinungkung ngantos samangkin | gumujêng Putri Mandraka | pantêse iku nyauri | sangking onêng tan sipi | mring garwane kadya kaul | tumuntên timbalana | kalihe kang darbe panti | maringana uninga prapta kawula ||

19. sumêdyarsa anglayada | dhatêng ingkang mêntas lalis | pramèswari ing Ngamarta | nolèh marang Larasati | Larasati dèn aglis | umatura mring gustimu | ngaturana uninga | kakang bok rawuhirèki | lan gustimu karo pisan timbalana ||

20. Larasati nêmbah mentar | prapta ing taman marêngi | satriya Andananjaya | duk mijil sangking botrawi | lawan garwanirèki | lênggah soring nagasantun | Sêmar Bagong nèng ngarsa | cumundhuk Kèn Larasati | nêmbah matur pukulun atur uninga ||

21. rakanta prabu Ngastina | rawuh lan kang pramèswari | anglayat rayi paduka | jêng gusti kang mêntas lalis | ananging sri bupati | Druyudana dèrèng rawuh | kèndêl jawining kitha | namung Rêtna Banuwati | ingkang sampun rawuh tuwan tinimbalan ||

--- [254v] ---

22. kundur mring dalêm sakêdhap | lan gusti sang rajaputri | rakanta Putri Mandraka | dahat onêng arsa panggih | Dananjaya sru bêkis | sira bae biyang kulup | nêmonana mêrana | ingsun tan arsa manggihi | lamun takon warahên yèn mêksih nendra ||

23. sang rêtna mèsêm turira | inggih kawula manggihi | ananging tuwan sarea | wontên sajroning botrawi | sampun dora mring mami | ing mangke lamun dinangu | marang kangbok Mandraka | Dananjaya mèsêm angling | iya ingsun turu sarta kancing lawang ||

24. Larasati mèsêm mojar | mring Lurah Sêmar dènnya ngling | Kakang Sêmar sun wêtara | kang sare nora sayêkti | masang kala pêracik | gêlar simpênan winangun | ing mêngko mêsthi ana | bêrkutut putih marani | marang taman kalêbèng kala paluwang ||

25. gumujêng sarwi tumêdhak | Sang Parta manjing botrawi | kusuma Wara Sumbadra | lawan Nikèn Larasati | sangking taman wus mijil | sapraptaning dalêm agung | lajêng tumundhuk lawan | kang raka Dyah Banuwati | gya cinandhak rinangkul lungayanira ||

26. dhuh ariningsun Sumbadra | mendah ta solahing nguni | lakinira Si Janaka | duk sira tinggal ngêmasi | pantês gone kêpati | kudu ambelani lampus | dene ta praptanira | yayi dèwi tan sarimbit | lakinira iya lagi ewuh apa ||

--- 255 ---

27. lah apa ta datan arsa | têtêmua lan wak mami | Wara Sumbadra tur sêmbah | mila botên tumut prapti | ing mangke mêksih guling | kados sangêt aripipun | kula ajrih mungua | lamun sare botên kêni | yèn winungu kagèt sangêt dukanira ||

28. gumujêng Putri Mandraka | kêbangêtên sira yayi | bok iya sira gugaha | kusung-kusung prapta mami | adoh Ngastina nagri | iya sokur yayi sokur | mêngkono ing tyasira | bêjane kang duwe rabi | putri adi kanthi bêkti marang priya ||

108. Kinanthi

1. lah ta Srikandhi riningsun | gugahên lakinirèki | pantês kang wani mung sira | ingsun angêrsaya yayi | Rêtna Srikandhi turira | kakang bok kawula malih ||

2. lamun puruna amungu | kakang bok Banoncinawi | garwane kalih punika | prandene puniku ajrih | sintên wonge kang puruna | yèn winungu sok gêbugi ||

3. dene ta prayoginipun | inggih kakang bok pribadi | lajêng têdhaka mring taman | amungua ingkang guling | nadyan paduka laraka | sayêktine tan dumugi ||

4. dukanya mring kadang sêpuh | liyan paduka kang nanging | sayêkti rêmuk pinala | Rêtna Dèwi Banuwati | gumujêng dènnya ngandika | yèn sira wus anglilani ||

5. anggugah lakinirèku | iya aja walang-ati | yêkti sun larak [lara...]

--- [255v] ---

[...k] kewala | nêpsua ingsun ya wani | latah putri ing Cêmpala | inggih kangbok inggih-inggih ||

6. paduka larak dèn gupuh | kula damu sangking wingking | nolèh ngandikèng pawongan | lêga têmên ing tyas mami | priyayining Madukara | kang kèringan lamun guling ||

7. tan ana kang wani mungu | ing saiki olèh tandhing | ana kang wani anglarak | gumêr gujênge pra cèthi | myarsa dènira ngandika | kusuma Wara Srikandhi ||

8. Rêtna Banuwati sampun | têdhak marang tamansari | gumrêdêg pawonganira | sêdaya samya umiring | sapraptanira ing taman | Sêmar Bagong munggèng kori ||

9. sang dyah mèsêm ngandika rum | Sêmar gustimu nèng ngêndi | priyayining Madukara | kenthole Bagus Prêmadi | baya lagi ewuh apa | ingsun undang nora prapti ||

10. Ki Lurah Sêmar umatur | têksih sare nèng botrawi | kados sangêt karipannya | sang dyah angandika aris | lah iya karipan apa | wayah mene mêksih guling ||

11. sumangkean yèn wong bagus | Sêmar lilanana mami | sun larake gustinira | bojone tan ana wani | padha wêdi yèn pinala | mêngko ingsun kang ngayoni ||

12. Sêmar gumuyu umatur | inggih sumăngga sang putri | ananging paringa beya | dhatêng ingkang têngga kori | sang rêtna mèsêm ngandika | aja sira walang-ati ||

13. apa ta kang

--- 256 ---

sira jaluk | iya Sêmar sun paringi | pituwase tunggu lawang | Ki Lurah Sêmar turnèki | abdi paduka bok êmban | kang wontên ngarsa pribadi ||

14. punika kawula suwun | dadosa beyanirèki | ni êmban jêngèk miyarsa | si gêrang disambêr bêlis | wong dhapurmu kaya kura | tan wruh ing awakirèki ||

15. wis dhawuk kuncungmu mabluk | nora nganggo mêmarèni | sêmbranamu sok aprana | ing sabên-sabên apanggih | matur ing sang rêtnaning dyah | nora liya awak mami ||

16. kang dijaluk si dikêpruk | apa pêngrasanirèki | nadyan sang putri parênga | yêkti sun pêlaur mati | kalap ing wong kaya sira | gêpokan bae tan sudi ||

17. gumujêng sang rêtnaning rum | gumêr sagung para cèthi | miyarsa linge bok êmban | sang rêtna ngandika aris | aja na kang sasêmbranan | nora bêcik kapiyarsi ||

18. biyang sakancanirèku | karia nèng jaba sami | padha angambila sêkar | hèh Kakang Sêmar sun titip | bocah ingsun lilanana | sasukane ngambil sari ||

19. ingsun gugahe gustimu | Sêmar sumăngga turnèki | sang dyah manjing madeyasa | sigra sagung para cèthi | prasamya angambil sêkar | sasukanira amilih ||

20. sêsêkaran tamansantun | suka rêrêbutan sami | binabeka marang Sêmar | gumêdêr bêburon sami | wau

--- [256v] ---

ta jro madeyasa | Rêtna Dèwi Banuwati ||

21. mêrpêki gèn tilamipun | alon dènnya miyak samir | katingal ingkang anendra | Sang Parta pi-api guling | sang dyah lênggah nèng ngiringan | kapara daganirèki ||

22. ngoyog wêntis ngandika rum | kenthole Bagus Prêmadi | tangia sira katêkan | dhêdhayoh liyan nêgari | baya ta karipan apa | wayah mene mêksih guling ||

23. Sang Parta pi-api jumbul | gêragapan dènnya tangi | nyandhak astane sang rêtna | sarwi angagagi bithi | mancêrêng dènnya ngandika | dhuh wong iki mêngko mati ||

24. katiban ing tangan ingsun | sang dyah gumujêng dènnya ngling | ya mara-mara Janaka | tibakna tanganirèki | pantês bojone wêdia | anggugah gonira guling ||

25. mangkono tênaganipun | nora kaprah wong sabumi | satriya Andananjaya | pi-api gêtun tan sipi | inguculkên panyêpêngnya | sidhakêp astanya kalih ||

26. dhêlêg-dhêlêg api jêtung | sang retna ngandika bêngis | pageneya nora sida | tibane tanganirèki | dhasare ingsun têmaha | ayun wruh nêpsunirèki ||

27. sumangkean yèn wong agung | turu tan kêna tinangi | Dananjaya angrêrêpa | dhuh kakang bok nuwun alim | botên dipe yèn paduka | kang gugah gèn kula guling ||

28. kula sidhêp [sidhê...]

--- 257 ---

[...p] biyang kulup | utawine Si Srikandhi | kirang sakêdhik kewala | kangbok tibane kang bithi | nuntên mulat yèn paduka | marmamba gêtun tan sipi ||

29. pan inggih panujunipun | dèrèng kantos ingkang bithi | tibèng sarira paduka | lamun ngantosa nibani | kakang bok dados punapa | sang dyah mèsêm maleroki ||

30. dhuh ewa têmên sun ngrungu | wuwuse wong lèmbon guling | lawan wêdi wong kagetan | yèn ginugah sok gêbugi | jarene dènira nendra | karipan satêngah mati ||

31. ingsun gugah kagèt jumbul | gêragapan dènnya tangi | kaya kagèt satuhunya | nyandhak tangan arsa bithi | nanging netranya tan owah | dènnya mandêng marang mami ||

32. kaya kucing dulu tikus | nora nganggo kriyap-kriyip | tan ana labête pisan | lamun mêntas tangi guling | lah iya wong turu apa | gumujêng Radyan Prêmadi ||

33. kakang bok ing rawuhipun | punapa namung pribadi | punapa ta sêkalihan | lan rakanta sri bupati | langkung ing kagèt kawula | sang rêtna ngandika aris ||

34. iya lan kakangirèku | ananging mêngko pan mêksih | mandhêg nèng jabaning kutha | ingsun kang kinèn dhingini | yayi têmu lawan sira | nungsung kabar ingkang manis ||

109. Dhandhanggula

1. marma ingsun kadhumpalan yayi [ya...]

--- [257v] ---

[...yi] | lawan kakangira sri narendra | sangking Ngastina budhale | nora nganthi wadya gung | namung Paman Durna Sangkuni | kadang satus Kurawa | namung patang puluh | kang umiring kakangira | sangking gugup dènnya amiyarsa warti | kalamun garwanira ||

2. Si Sumbadra anêmu bilai | anèng taman mati kênèng cidra | nanging tan tulus patine | marganyantuk pitulung | duk layone linarung kali | bêngawan Silugăngga | nèng palwa panuju | praptanira Ăntarêja | Senaputra kang sangking dhasaring bumi | awlas dènnya tumingal ||

3. dadya tinetesan banyu urip | kamandhanu maosadi lata | garwanira urip manèh | dene kang nyidrèng dalu | mring garwanta nèng tamansari | Si Arya Burisrawa | mêngko wus kapikut | mring sutanta Si Guritna | praptaningsun lawan kakangira aji | ingkang dhingin anglayat ||

4. mring garwanta ingkang mêntas lalis | Si Sumbadra muga ta tulusa | raharja sapandhuwure | kapindho lakuningsun | lamun parêng ing tyasirèki | anjalukkên ngapura | ing sadosanipun | kakangira Burisrawa | ayya kongsi prapta ing patinirèki | sun jaluk uripira ||

5. lêng karyanên panakawan yayi | nadyan ingsun lawan kakangira | ing sakarsanira angrèh | Dananjaya ambêkus | gampil-gampil tiyang nguripi | kukum măngsa

--- 258 ---

sukaa | pêsthi pêjahipun | arinta pun Burisrawa | nadyan ingkang pinêjahan gêsang malih | durjanane tan ical ||

6. têksih têtêp kukumipun pati | Rêtna Banuwati angrêrêpa | yayi bok aja mangkono | wêlasa marang ingsun | miwah kakangira sang aji | matèni Burisrawa | apa bungahipun | angurbaya uripana | pirabara ingsun lan kakangira ji | bisa malês sihira ||

7. Dananjaya bêkuh anauri | dewa suralaya kang mundhuta | pun Burisrawa uripe | sayêkti botên antuk | inggih kêdah kula pêjahi | sang dyah rêngu lingira | lah ya wis kalamun | tan antuk jaluk ngapura | dhasar ala ing sakarêpira dadi | ingsun mulih kewala ||

8. wis karia raharja sirèki | lagya mingsêr sang dyah lênggahira | sigra cinandhak astane | lah ta mangke pukulun | dika kèndêl rêmbagan dhingin | janjinipun punapa | inggih têbusipun | gêsange pun Burisrawa | pan kawula inggih pan arsa udani | sang dyah wêngis saurnya ||

9. ingsun nora duwa-duwe janji | nêbus kadang ala gawe apa | nuli patènana bae | dene ujarmu mau | ing kukume pêsthi tan kêni | yèn sira ngaku wruha | têka akon nêbus | sêbribil ingsun tan arsa | jêjuwingên ingsun [ing...]

--- [258v] ---

[...sun] wus nora praduli | uculna astaningwang ||

10. Dananjaya gumujêng sarya ngling | dede gêsangipun Burisrawa | kang kula pikir têbuse | tyang sampun manjing kukum | lêpatipun kangbok pribadi | ingkang kawula manah | inggih kukumipun | ingkang sampun kalampahan | biyang kulup utawine pun Srikandhi | lamun puruna gugah ||

11. sayêktine kawula gêbugi | pan ing mangke kangbok ingkang gugah | tan sêmanak panggugahe | kawula kongsi jumbul | gêragapan kagèt tan sipi | yêkti langkung punika | sangking ukum gêbug | gumujêng Putri Mandraka | iya-iya uculna astangong dhingin | mêngko nèng jaba kana ||

12. gêbugana kang satêngah mati | Dananjaya gumujêng saurnya | botên nèng jawi ênggone | panggugah dika wau | mring kawula wontên ing ngriki | yêkti ngriki kewala | inggih ukumipun | malerok Putri Mandraka | pamuwuse apan sarwi anggablogi | lah ta iki wong apa ||

13. mubêng bae kaya padu maling | lah ya mara-mara gêbugana | sakarêpira nèng kene | sang rêtna wus sinambut | pan binêkta marang jinêm mrik | rinêbasèng asmara | binanton ing lulut | lêlangên ing pagulingan | wus kulina wanuh sangsaya ngranuhi | rarasing karasikan [ka...]

--- 259 ---

[...rasikan] ||

14. kunêng ingkang anèng tamansari | Dananjaya lan Putri Mandraka | kang nutugi ing onênge | panukupira ing kung | kawuwusa lampahirèki | Sang Prabu Yudhisthira | pamêthukira wus | tundhuk nèng jawining kitha | lan kang raka Sang Aprabu Kurupati | gupuh pangrangkulira ||

15. langkung dènnya noragèng minta sih | mring kang rayi Prabu Druyudana | dènira mêndhêt galihe | myang Rêsi Durna tumut | ngrangkul marang Yudhisthira Ji | sawusnya ingaturan | kang raka sang prabu | lênggah anèng pasanggrahan | Rêsi Durna ngapit nèng kering tan têbih | sagunging pra sêntana ||

16. kawan dasa aglar munggèng ngarsi | Prabu Yudhisthira mring kang raka | aris ing panêmbramane | langkung pangrêpanipun | dhuh pukulun sri narapati | katuran panakrama | ing sarawuhipun | punapa raharjèng marga | kangbok lawan kadang kula kang umiring | miwah kang kantun praja ||

17. langkung kagyat ing tyas ingsun dening | rawuh tuwan tan mawi pêcalang | paring priksa sadèrènge | punapa wadosipun | dene lampah kêlangkung gati | rawuhnya sêkalihan | tan mawi wadya gung | namung lawan upacara | Prabu Druyudana alon anauri | yayi Prabu Ngamarta ||

18. sih pamêthukira lawan malih | yayi prabu ing panakramanta | ing sawuse sadèrènge |

--- [259v] ---

sangêt panêdhaningsun | dene lampah kawulèng margi | sarta lan bakyunira | pinanggih rahayu | kang sarta raka-rakanta | ingkang sami umiring ing laku mami | sêdaya pan raharja ||

19. dene lakuningsun yayi aji | marma datan mawi acêcalang | asung wêruh sadèrènge | lawan bakyunirèku | langkung gugup yayi tyas mami | miyarsa Si Sumbadra | kênèng cidra lampus | kang nyidra Si Burisrawa | anèng taman nanging Si Sumbadra yayi | nora tulus palastra ||

20. duk layone linarung nèng kali | nênggih bêngawan ing Silugăngga | nèng palwa dèn gêsangake | marang ing Bimasunu | ingkang sangking dhasaring bumi | mangkya pun Burisrawa | inggih wus kapikut | ing sutanta pun Guritna | apan arsa pinatrapan ukum pati | wontên ing Madukara ||

21. puniku kang dadya gugup mami | gurawalan budhal sangking praja | lan bakyunira ge-age | nora nganthi wadya gung | namung Paman Durna Sangkuni | kadang para Kurawa | namung patang puluh | ingsun lawan bakyunira | nêdya pasrah jiwa raga pati urip | yayi mring jênêng para ||

22. anyuwunkên apuranirèki | pun Burisrawa lamun parênga | yya kongsi praptèng patine | sun têdha gêsangipun | tur prasêtya pun kakang yayi | nêgara ing Ngastina | lan saisinipun | sun darma tunggu kewala | punapa ta

--- 260 ---

sakarsane yayi aji | pun kakang tur sumăngga ||

23. Prabu Yudhisthira duk miyarsi | ing timbalanira ingkang raka | kêlangkung angrês galihe | alon dènnya umatur | dhuh pukulun sri narapati | sampun sumêlang driya | mênggah lêpatipun | arinta pun Burisrawa | kados botên kêlampahan praptèng pati | kawula kang nanggêla ||

24. paduka dèn pracayèng ing galih | inggih kawula ingkang ngaturna | pun Burisrawa gêsange | mring paduka pukulun | duk miyarsa aturing ari | Sang Prabu Druyudana | gupuh dènnya ngrangkul | dhuh yayi Prabu Ngamarta | kula botên darbe kadang malih-malih | yayi mung jênêng para ||

25. mendah baya ta bakyunirèki | pun Banuwati kaule binjang | yayi dhatêng salirane | miwah ramanta prabu | ing Mandraka lan ibu sori | yayi mring jênêng para | sasat utang umur | nambungi Sang Rêsi Durna | gih makatên punika kadang kang bêcik | ngapura-ingapura ||

26. sampun wontên kang sulayèng budi | lamun kumpul Kurawa Ngamarta | botên bèncèng ing pikire | sayêkti saya kukuh | kêratone nagri kêkalih | kèringan măncapraja | Yudhisthira dhêku | myarsa linge Rêsi Durna | wus mangkana ingkang raka dèn aturi | lajêng ing budhalira ||

27. tan winarna ing marga wus prapti | Madukara Prabu Padmanaba [Pa...]

--- [260v] ---

[...dmanaba] | lan Madura mêthukake | tundhuk jawining pintu | lan kang rayi Ngastina Pati | Sang Prabu Baladewa | gupuh dènnya ngrangkul | sarta nyandhak astanira | wus kinanthi astanya kanan lan kering | kanan Sri Baladewa ||

28. Prabu Padmanaba munggèng kering | Yudhisthira nganthi Dhanyang Durna | aris lajêng ing lampahe | marang ing pandhapa gung | wus atata lênggahnya sami | narendra sêkawannya | Durna gangsalipun | nênêm Arya Wêrkudara | munggèng nginggil ing ngandhap Arya Sangkuni | sêntana para putra ||

29. tata aglar munggèng ngarsa aji | sawusira sami sinambrama | ingkang prapta sêdayane | Sri Yudhisthira gupuh | sarwi mèsêm aturirèki | marang Narendra Krêsna | pukulun sang prabu | rayi paduka Ngastina | rawuhipun sarta ingkang pramèswari | karyanipun sri nata ||

110. Sinom

1. maringkên panglayatira | sarta sukane kang galih | mring arinta pun Sumbadra | ingkang mêntas angêmasi | lan malihe karsa ji | mring kawula dhawuhipun | mundhutakên ngapura | sagunging lêpatirèki | inggih rayi paduka pun Burisrawa ||

2. pinundhut ing gêsangira | sampun ngantos praptèng pati | dènnya wus sami raharja | ingkang pêjah gêsang malih | kawula wus nyagahi | ngaturna samangsanipun | inggih pun Burisrawa |

--- 261 ---

ing arinta sri bupati | dhuh pukulun dèn agung kang pangaksama ||

3. mring ari kang dahat mudha | lêpat kawula tan sipi | dene dahat kumawawa | kami purun anglangkungi | ing karsa sri bupati | Putra Mandraka pukulun | parêng botên parênga | kawula suwun sêmangkin | aturipun ing rayi tuwan Ngastina ||

4. mèsêm Prabu Padmanaba | sarwi angandika aris | inggih sumăngga kewala | sakarsanya yayi aji | ananging bokmênawi | kasupèn pênggalihipun | dhatêng pun Dananjaya | punika kang darbe wajib | amêjahi anggêsangi Burisrawa ||

5. ingkang gadhah bêbujungan | prayogi dipun dhawuhi | mênawi dèrèng narima | Sri Yudhisthira turnya ris | sampun sumêlang galih | mênawi tan trimanipun | arinta pun Janaka | kawula ingkang ngandhêmi | pêjahipun lintune pun Burisrawa ||

6. gumujêng Narendra Krêsna | sampun tan kenging pinikir | yayi prabu ing karsanta | yèn sampun purun ngandhêmi | patrapana ing pati | lintune durjananipun | inggih wawrat-wawratan | wontên kang darbèni wajib | Wêrkudara bêkuh asru wuwusira ||

7. jêlèh bosên sun miyarsa | sakjêg-jêge ya wong iki | dènira sok soroh nyawa | adèna Si Kurupati | bok ya aja kêpati | anjaluk ipemu iku |

--- [261v] ---

urip kinarya apa | bêcik cupêtên tumuli | nora andêdawa ing pocapanira ||

8. titi panêdhaking kata | nênggih Srat Arjuna Rabi | tan lyan ing panuwun amba | mring sagunging pra umèksi | dene gung pangaksami | marma kathah kithalipun | wah sastra kirang cêtha | awit gèn kawula nulis | mung sinambi saksêlaning nambut karya ||

[Tanda tangan : Prawirowalgito]

30/8/1910

 


Kurang satu suku kata: iya sangking durung tutug dènnya brăngta. (kembali)
Kurang satu suku kata: sêdaya miyarsa sampun. (kembali)
atut. (kembali)
Kurang satu suku kata: lan Bathara Surya kaki. (kembali)
nahêni. (kembali)
Kurang satu suku kata: pangiridira kuwanin. (kembali)
Kurang satu suku kata: wus măngsa dèrèng sinêrung. (kembali)
Kurang satu suku kata: inggih kawula tinuding. (kembali)
sauparênggane. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: Wêrkudara sêndhu dènira sumaur. (kembali)
11 Ăntawati. (kembali)