Wara Susila (Edisi 02), Hadiwijata, 1923, #1310

Judul
Sambungan
1. Wara Susila (Edisi 02), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
2. Wara Susila (Edisi 03), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
3. Wara Susila (Edisi 04), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
4. Wara Susila (Edisi 05), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
5. Wara Susila (Edisi 06), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
6. Wara Susila (Edisi 07), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
7. Wara Susila (Edisi 08), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
8. Wara Susila (Edisi 09), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
Citra
Terakhir diubah: 07-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

5 Sawal 1853 (1341) taun: 1, 20 Mèi 1923.

Tuwan (Pangeran) mugi nêdahakên kita ing margi ingkang lêrês.

Pangripta Pangarsa S. HADIWIJATA.

Para Pangripta Rini SOEKATI, R.r. SOEKARMI, MISS. SADJIJAH, SOEPARMINI S.H.W.

Wisesa sarta Jurucitra AB. Siti Sjamsijah.

Wara Susila No. 2.

Tuwanggana bab agami "Para Ahlul 'Ilmi" ing Surakarta.

Pêmbantu ingkang têtêp "Pangrèhing M.D. Wanita Sêdya Rahayu" ing Surakarta.

Kawruh iku ajine angungkuli rajabrana.

Surat Fatekah.Têgêsipun.
Bismilla - hirroh - ma - nirro - ki - m.Awit ingkang asma Allah Ingkang Maha Mirah tur Ingkang MahaAsih.
1. Alkhamdu lilla - hirobbil nga - lami - n.1. Sadaya pangalêmbana punika kagunganipun Gusti Allahingkang mangerani ing alam sadaya.
2. Arrohma - nirroki - m.2. Ingkang Maha Mirah tur Ingkang Maha Asih.
3. Ma - likiyaomiddi - n.3. Ingkang ngratoni benjing ing dintên kiyamat.
4. Iyya ka nakbudu waiyya - ka nastangi - n.4. Namung Tuwan ingkang kita sêmbah, saha namung Tuwaningkang kita suwuni pitulung.
5. Ihdina ssiro-5. Mugi Tuwan nêdahakên kita ing mar-

--- 26 ---

tol mustaki - m.gi ingkang lêrês.[1]
6. Siro - to - l - ladi - na anngamta ngalaihim.6. Kadosdene marginipun para tiyang ingkang sampun tuwanparingi nikmat.
7. Ghoeril maghdlu - bi ngalaihim waladdo - lin.Ingkang botên kadukan tuwin ingkang botên sasar.
A - mi - n.[2]Dhuh Gusti, mugi Tuwan anyêmbadani.[3]

– Tăndha ungêlipun panjang (aksara sangajêngipun: – panjang).

--- 27 ---

SURAT LAMARAN.

Surabaia den 20 Maart 1923.

Dengen Segala hormat!

Bersama dengan ini surat saia mengirimkan sebuah karangan buat mengisi Worosusilo, dengan saia tanggung sendiri, dan lagi apabila sekalian tuan Candidat Redactriece ada suka hati, saia minta supaya nama saia di lukiskan di kolom Redactriece, sebagai Redactriece juga.

N.B. lain hari saya akan membuat commentar lagi.

Wassalam: SADJIAH.

PENYAMBUTAN.

Dengan hati suka raya setinggi langit sambil menadahkan kedua tangan, kita Red, dan Adm. W.S. menyambut lamaran saudara kepada W.S. yang memang mulia dan berat tanggungannya itu, Dari itu kecuali mengaturkan banyak terima kasih kita berdo'a kepada Tuhan juga, hubaya-hubaya saudara, Miss. Sadjiah dapet menambah teguhnya maksud. W.S. ini, dan mudah-mudahan lamaran saudara yang berbahasa Melayu ini, menjadi wasilahnya (lantaran Jawa) W.S. kelak dapat memancarkan cahayanya yang mengandung nur igama Islam itu, dengan bahasa Melayu juga, demikian itu supaya lebih mendekati kepada keyakinan saudara yang tersebut di commentar, ialah igama Islam tentu makin berkilau-kilauan sinarnya memenuhi di seluruh Hindia kita ini; amin!

Wassalam Red. dan Adm. WOROSUSILO.

--- 28 ---

Sêrat saha ingkang taklim katur ing bakayu SOEPARMINI.

Nuwun kula ngaturi priksa bilih sampun tampi paring panjênêngan sêrat saha Warasusila, kula matur sèwu nuwun.

Kajawi saking punika kula inggih saklangkung bingah manawi kakarsakakên ambiyantu Warasusila sa'sagêd-sagêd kula, lan inggih kêpengin sangêt sagêd mitulungi Redactie sawatawis. Nanging kuciwanipun bakayu kula sapunika dèrèng sagêd nguruni karangan, awit taksih ribêt sangêt, sênès dintên kula ngaturi sêrat malih, lan kula inggih kêpengin têpangan kalian para sadhèrêk sadaya.

P.w. 26|4 '23

rayi SOEKARMI.

__________

Pawartos Wara Susila.

Nuwun, wêdalipun W.S. No. 2 punika ing kolêmaning pangripta W.S. wontên ewahipun, inggih punika sadhèrèk Muhtariyah santun R.r. Sukarmi, ingkang makatên wau pancèn sampun prayogi sangêt, amargi R.r. Sukarmi punika ingkang pancèn kula suwun supados kaparêng dados warganing pangripta rini, wontênipun sakawit ing W.S. No. 1 dèrèng wontên asmanipun, amargi sariranipun pancèn taksih salêbêtipun sumados, inggih punika sagah dados warganing pangripta rini, manawi sampun gênah lulus anggènipun eindexamen ing pamulanganipun calon guru ing Kweekschool Ngayogyakarta, kalampahan wulan Ruwah kapêngkêr punika sariranipun sampun lulus kanthi wilujêng. Awit saking punika, pangajêng-ajêngipun W.S. supados [supa...]

--- 29 ---

[...dos] angganipun sagêda sinidhikaraa ugi ing sarjananing wanita ingkang sampun mêdhak mudhar pujabrata saking pasraman pawiyatan calon guru Kweekschool sagêd kalampahan, mila ing mangke W.S. rumaos angsal kanugrahan pitulunganipun Pangeran malih, dados botên anèh bilih W.S. sapunika saya gadhah kayakinan, yèn sunaring prabanipun (isèn-isènipun) kados masthi badhe botên anguciwani. Wondene ing mangke sadhèrèk Muhtariyah lajêng kula suwun kalihan karana Allah kaparênga dumunung dados pambantu kemawon, wasana kula angaturakên gunging panuwun dhatêng sakalih-kalihipun wau. Kajawi punika ing mangke kadarmanipun W.S. ingkang kula pratelakakên wontên ing wastra- (samak) nipun, kula ewahi, inggih punika wêwah 7½% (dados kalihan ingkang sampun 20%) punika kula calonakên dhatêng pamulangan M.D. (2e Inl. School m|d Quran) ing Surakarta, sarta Kweekschool Islam, punapadene Vonds - Dachlan ing Ngayogyakarta, ingkang ing wingking Vonds-Dachlan wau inggih badhe kula wartosakên wontên ing W.S. mênggah pikajêng sarta agênging pigunanipun, ingkang makatên wau supados dadosa kauninganipun para lêngganan, salajêngipun lajêng mangêrtos ing panggalih, bilih anggènipun langganan W.S. punika sayêktosipun inggih kalihan ngiras nanêm wiji ngamal jariyah (ngamal [ngama...]

--- 30 ---

[...l] ingkang botên têlan-têlas[4] kasaenan utawi ganjaranipun) inggih punika ngiras pantês paring kadarman ugi dhatêng warni-warnining sêdya utami ingkang tumănja ugi dhatêng sabilillah (marginipun Pangeran), alêlantaran W.S. ewadene manawi mêksa botên kaparêng langganan ingkang ugi ngiras tumănja ing sabilillah dening saking dayaning jaman malaise sarta bezuiniging W.S. ingkang sampun katampi mugi pakarangingkên[5] wangsul, pêpudya kula namung andum wilujêng, sarta panyuwun kula kemawon mugi para nupiksa sami kaparêng andhanganakên, mintokakên W.S. punika dhatêng ingkang sami kaparêng badhe langganan, supados ingkang makatên punika inggih dumunung ambiyantu dhatêng adêging sabilillah ugi.

Wassalam: wisesa, pangripta sarta juru citra.

__________

Kamajêngan Kita Èstri.[6]

Sakalangkung lêga lan bingahing manah kula kanthi anêbut asmaning Pangeran Ingkang Murbèng Jagad, lêga lan bingah dene ing wêkdal samangke sampun wontên kadang kula putri ingkang sumêdya nusul dhatêng para kakung, tumut anggêbyur samadyaning pagêrakan, parlu badhe amitulungi para kadangipun ingkang taksih wontên salêbêting pêpêtêng (kabodhoan S.) ginendhong dhatêng [dha...]

--- 31 ---

[...têng] ing pêpadhang (kaislaman), kanthi rekadaya lêlumban wontên samadyaning kayurnalisan, tur asarana wêwaton wèting agami kita Islam. Awit saking punika, kula botên badhe mamang[7] malih yèn agami kita Islam masthi badhe saya mancorong cahyanipun wontên ing Indhiya kita ngriki, lan malih ugi mêsthi badhe saya kathah para kadang kula putri ingkang sumêdya majang wulan anganggit sêkar gêgubahan wontên ing taman: Wara Susila, yèn ta caraa Islam bêrgêrakipun, lajêng sami kathah ingkang slulup dhatêng aluning pêrgêrakan.

Salugunipun pancèn sampun dangu sangêt anggèn kula gadhah pangajêng-ajêng dhatêng tuwuhing sêrak[8] kabar ingkang kangge para èstri, ingkang adhêdhasar kaislaman punika, lah samangke sampun kalampahan, inggih punika wiyosipun dhiajêng: Wara Susila punika. Kula pitados yèn wiyosipun dhiajêng wau masthi badhe paring sasêrêpan dhatêng kita tumrap kuwajibaning agêsang, sarta anjêjêgakên sadaya lampah ingkang pèncèng, inggih punika lampah ingkang lêpat lajêng kalêrêsakên, kados têtêping dhawuhing Kuran, Ud'u ilaa sabieli robbika bilhikmah wal mau'idhlotul hasanah. Suraosipun: sira kabèh padha ajak-ajaka lumêbu marang agamaning Pangeranira, sarana kikmah lan pitutur kang bêcik. Pancèn sampun wancinipun yèn ing wêkdal samangke para kadang

--- 32 ---

kula putri punika kêdah tumut-tumut angurbanakên: jiwa raga, lan pikiranipun kangge angêntas para kadangipun ingkang taksih sami wontên ing juranging kabodhoan, dhasar makatên wau inggih sampun dados kuwajiban kita muslimin jalêr èstri. Makatên ugi kita para wanita ing wêkdal samangke, punika pancèn parlu sangêt maos sêrat-sêrat kabar (langkung-langkung sêrat kabar W.S. punika) makatên wau supados mindhak sasêrêpanipun, ingkang wasananipun ugi botên badhe kidhung manawi aparing piwulang dhatêng para putra-putranipun, awit kajawi makatên punika anglênggahi têtêping jaman kamajêngan, ugi nêtêpi dhawuhing kadis, Tolabul'ilmi fari dhotun 'ala kuli muslimin wa muslimah. Têgêsipun: ngupaya ngèlmu iku pêrlu (wajib) tumrap wong Islam lanang lan wadon.

Tutuping gêgubahan kula punika, botên sanèn[9] kajawi namung mêmuji ing Gusti Allah mugi-mugi pun adhiajêng Wara Susila punika pinaringana lêstantun wilujêng, sampun ngantos wontên satunggal punapa, lan kula ugi nyuwunakên supados para kadang kula kakung sami kêrsaa anuntuni dhatêng para garwa utawi sadhèrèk lan putranipun èstri, tinuntun puruna rêmên mêmaos sarta lumêbêt dhatêng kalanganing kamajêngan. Langkung-langkung malih dhatêng para langganan, mugi karsaa paring nafakoh [nafa...]

--- 33 ---

[...koh] dhatêng pun adhiajêng wau sacêkapipun, supados pun adhiajêng botên kèndêl-kèndêl anggèning nyaosi angsal-angsal dhatêng panjênêngan sadaha.[10]

Samantên rumiyin.

Wassalam Miss. Sajiyah.

Sêrat Uni Mumpuni.

Anggêlarakên wasita luhung ing bab khak-khaking kaurmatanipun wanudya kalihan priya tumrap tatasilaning akrami ingkang miturut agami Islam. – ingkang mangripta: M.H.A.H.Z. tiyang Jawi mardika, ingkang amarsudi agami Islam, ing Kauman, Surakarta, karampingakên sawatawis dening pangarsaning pangripta: Wara Susila.

[Pangkur]

1. pinangkur dining warsita | wêdharing kang purwaning warsita di | kang nênuntun rèh rahayu | tumrap wanita Islam | pajampua | dinulur dening Hyang Agung |

--- 34 ---

dènnya mrih utamèng tindak | ing dunya praptaning akir ||

2. aywa na sêkara-kara | widadaa dadi sêdya utami | saking kadêrênging kayun | kayungyun yuning tingkah | kaanane manungsa ingkang tumuwuh | muwuhana kasusilan | mangkana babaring rawi ||

3. kang ginupit jroning driya | satuhune tan măntra amantêsi | dene ta kawula kakung | anggubah rèh wanita | sumawana tan pisan raosing kalbu | mrih antuk pangalêmbana | jinaiban mring pawèstri ||

4. nging tarlèn saking wrating tyas | dènnya tansah tinêtêr kadang batih | miwah sanak mitra karuh | kang murih raganingwang | amêdharkên sotaning tyas kang tinuju | ing rèh surasaning Islam | kang tumrap marang pawèstri ||

5. wit saking ingkang mangkana | marma ulun kumasurèng pambudi | ngripta kawrating sastra rum | ing rèh wanita Islam | mung supadya dadosa sukaning kalbu | kang samya nêtêr maringwang | murih nganggit wulang èstri ||

6. ewadene raganingwang | tan miyagah gumagah karya anggit | ing sakarsa-karsanipun | ingkang tanpa talêsan | nanging yêkti mawi waton kang satuhu | nukil saking kitab Kuran | lan sanèsnya kang utami ||

7. milane panyuwun kula | dhatêng para sagung kang nupiksani | yèn wontên lêpating têmbung | myang kithaling ukara | sumawana pasanging sastra tan cundhuk | lan para nimpunèng basa | mung dèn agung kang aksami ||

8. nihan mêngko kang mangripta | nêdya wiwit murwani kang ginupit |

--- 35 ---

ya ta kang dhingin winuwus | pahargyaning wanita | angurmati marang wanodya puniku | piwulang Islam kawitan | kang kamot Kuran wus muni ||

9. mangkana surasanira | hèh pra janma sira dèn padha wêdi | mring Gusti Kang Maha Agung | kang wus nitahkên sira | asal saking awak sajuga witipun[11] | nuli nitahkên jodhonya[12] | lantaran nêrahna siwi ||

10. lanang wadon pira-pira | babranahan tumêngkar anèng bumi | lawan dèn wêdi sirèku | marang Allah Tangala | kang asmane siranggo garan nyênyuwun | ing sihe kasrêdhaning Hyang | lan aywa mêdhotkên asih ||

11. marang ing sanak lan kadang | apadene kang ngandhut ing sirèki | lire bêktia mring biyung | yêkti Allah Tangala | angyêktosi mring pakartinira tuhu | lah iku kang kasbut Kuran | nèng surat Nisak kang dhingin ||

Taksih wontên sambêtipun.

Bab Rêrêsik (Rêsikan).

Sarak agami Islam amardi sangêt ingkang supados kita muslimin anindakakên rêsikan tumraping badan, pangangge, saha gagriya, dhawuhipun Gusti panutan kita ing lêm khadis makatên: Waman nadufa tsau buhu qolla hammuhu, waman toba ruhuhu zoda aq luhu, Jawinipun: sapa wonge sarwa rêsik panganggone, namtokake sathithik kasusahane, lan [la...]

--- 36 ---

[...n] sapa wonge wangi gandane, marakake mulur ing pamikire. – dhawuhipun khadis ingkang makatên wau cocog sangêt kalihan nalaripun. Amargi sok tiyanga ingkang rêsikan, prasasat kenging katamtokakên manawi awis kataman sakit, amargi tuwuhing sêsakit punika ingkang limrah saking tindak ingkang kêproh[13]. Têtiyang ingkang awis sakit, katamtokakên sakêdhik sangêt kasusahanipun. Makatên ugi têtiyang ingkang tansah anggănda ing gănda ingkang eca-eca, sampun tamtu sadaya ingkang kamanah, kapikir, sagêd êning. Beda sangêt manawi kalihan tiyang ingkang tansah anggănda ing tang bacin, bangêr, pêsing enz. Wontên ing satunggiling panggenan, mêmikira ing barang punapa kemawon, sampun tamtu lajêng cèwèt, amargi sawêg pamanggèningpun[14] ing ngriku kemawon sampun botên sagêd jênak (jênjêm): sagêda radi jênak, kêdah mawi mithêt irung, punika mêsthi. Punapa botên makatên ibu Red.? [15]

Rèhning sampun tatela manawi rêsikan, sarta mawi wêwangèn punika kalêbêt pandamêl pakèning agami kita, sarta têtela apiguna agêng, mila sadhèrèk kita muslimin[16] suwawi sami [sa...]

--- 37 ---

[...mi] amarlokakên rêsikan, langkung parlu malih tumrap para sadhèrèk kula wanita punika inggih kêdah rêsikan sangêt, amargi kwajibanipun kita wanita punika anggulawênthah (ngopèni) lare, sarta angrêratêngi bangsaning dhêdhaharan. Yèn kata[17] wanita botên rêsikan (sarwa kêproh) kajawi adhakanipun gampil tiniru dening lare-lare, bêbayanipun: badhe anggampilakên tuwuhing sêsakit, makatên ugi manawi ngopèni lare alit kirang rêsikan, lare alit wau amasthi inggih gampil kataman sakit, jêr lare makatên, badanipun ringkih sangêt (tinimbang tiyang sêpuh). Makatên ugi ing nalika kita pinuju olah-olah ing măngka badan saha pangangge kita, katingal ambêgadhêg, angênêg-anêgi,[18] sampun tamtu ingkang badhe dhahar ing olah-olahan kita, inggih lajêng gadhah manah gag. Punapa kita botên malu[19] yèn ngantos dipun katênakên? Mênggah kula aluwung pêjaha kemawon. Yêktos kok. Bok insya Allah ta!.

Mila kula gumun sangêt manawi mirêng pituturipun tiyang sêpuh dhatêng wanita ingkang taksih lêgan (prawan of lanjar) ingkang suraosipun makatên: bocah lêgan mono aja mêncèrèt-mêncèrèt. Yèn jungkatan aja nganti kicrit-kicrit. [kicrit-kicri...]

--- 38 ---

[...t.] Aja sok nganggo kêmbang, aja sok pupuran, cêkake aja apêpaès apa-apa, dadi sing ambombrong bae. Nganggo sak nganggo aja sing sarwa mêrnèng.[20] Dadi ngèngèhane besuk yèn wus dadi uwong ana. – Hêm. Dados manawi mirid piwulang punika, lare lêgan punika salaminipun kêdah ingkang riwug-riwug, adusipun pêndhak Sura, tur botên kenging mawi sabun wangi, jungkatan mawi kangèngèhakên sampun ngantos tatas-tatas, gandanipun kêdah ingkang apêg, botên kenging radi rêsik, sabên dintên kapurih clorengan angus pisan? (kok anyêl aku).

Saèstunipun piwulang ingkang makatên wau, kula inggih sampun andungkap. Dados lare lêgan punika, laku sak laku, tondak-tanduk, kêdah ingkang pasaja, polatanipun kêdah ingkang tajêm. Sampun kêkathahên wiraga. Hla! Punapa rêsikan, mangangge sae, ngangge wangi-wangi, punika lajêng murugakên cênanalan, règ-règan. Harak botên mêsthi ta!. Puluh mangangge sarwa blêkêthêg, adhawul-dhawul, ambongglod, yèn solahipun rongèh, blera-blere, salampah tindakipun tansah mêngku wiraga, punapa sae? Harak malah kados Jaka Lodra,[21] wasana mugi samia ginalih pundi ingkang maslakhah [masla...]

--- 39 ---

[...khah] ing badan kita wanita, suwawi sami kabudi!.

Kula: Siti Supiyati, murid Madrasah Mambangul Ngulum, Sragèn.

__________

Sêrat Mardiatma (Kawruh Panggulawênthah).

[Dhandhanggula]

1. lir ginuntur sarkara dera mrih | wêdharing kang warsita utama | ing rèh panuntuning rare | aywa kongsi kaliru | dènnya mardi mring para siwi | dimèn salaminira | samya manggih ayu | rahayu jroning agêsang | marma sagung kang samya amêngku siwi | dadia sudarsana ||

2. karana wus kawêruhan yêkti | dening para widagdèng awêrda | kang wus sampurna ngakale | lamun pratingkah iku | myang pakarti lakuning budi | iku kang dadi dhasar | mring rarya sawêgung | kulina wiwit alitnya | sapraptaning diwasa satêmah masthi | dadi talês klakuan ||

3. kang kalakon tumindak nèng bumi | rèhning uwus têtela mangkana | mula ywa nganti talompe | dènnya mêngku mring sunu | kang nastiti angati-ati | lamun mijèni wulang | marang sutanipun | awit karya pambukanya | mring atine kang dahat amaksih murni | durung kakehan cipta ||

4. wit sakèhe kang tumanêm ngati | gya cumithak cundhuk lan wêwatak | marma iku prayogane | apa kang dèn sinau | solah bawa kang bênêr bêcik | sarta kang mawa pedah | utama tinêmu | prihên têtêp nèng atinya | murih dadi kabêgjan ing donya ngakir | sumrambah ing awêrda ||

5. mula sagung kang | padha nuntuni

--- 40 ---

mring rarya kang sinungan dhêdhasar | ywa duwe tindak tan sae | lan tingkah kang tan patut | muwah ambêk jail myang drêngki | mrih patrap kang mangkana | rarya tan anêmu | wit yèn tinut patrap ika | sayêktine bocah iku têmah masthi | rusak donya ngakirat ||

6. sarta nandhang dosa jroning urip | nyangkut marang kang anggulawênthah | kang uga nuntun tan sae | mangkono wus tartamtu | dene lamun nêdya nuntuni | karya dhasaring rarya | amardia tuhu | marang ing rèh tatakrama | tuwin adat kalakuan ingkang bêcik | murih tan kapitunan ||

7. anak iku dèn rêksaa yêkti | aywa nganti woworan lan bocah | kang ala kalakuane | lan aja dèn mêmatuh | sênêng marang kadonyan iki | kang narik pakarêman | kang sagon tinêmu | kang mangkono uripira | murih aywa mirunggan wiwite alit | praptèng diwasanira ||

8. wit sakèku bapa lawan bibi | rumêksaa marang sutanira | wiwib[22] bayi pangombene | anêsêp banyu susu | aja kongsi dipun susoni | liya susu wanita | kang budi rahayu | miwah kang ulah agama | awit lamun bayi iku dèn susoni | ing wadon kang candhala ||

9. dumadine tumrap ing bêbayi | anumusi ing budi candhala | miturut apa asale | mula prayoganipun | ingatase bapa myang bibi | aywa sah ngupakara | marang sutanipun | nadyan ngrêsiki angguyang | aja nganti tan rêsik nging kang gumrining |

--- 41 ---

miwah sandhang pangannya ||

Taksih wontên sambêtipun.

__________

Silaturohmi.

[Asmaradana]

1. sambadèng tyas sru makingkin | sumêdya tur silakrama | akatura ing sagunge | dining kang para nupiksa | winahya inganggêpa | yayah sowan kita tuhu | tataning Riraya Sawal ||

2. inggih punika kang masthi | namung sru dahat noraga | grisinên yèn tan nyêlake | sumarma sru kumasura | rasèng tyas muhung minta | karobana aksama gung | tataning khalal-bikhalal ||

Wassalam, para pamomonging Wara Susila.

__________

Têtuladan (Palupi).

Kula nuwun, awit saking sampun sawatawis radi dangu anggèn kula angangên-angên rintên tuwin dalu, o ambok wontêna sêrat kabar malih ingkang maligi kangge suwaranipun băngsa kula èstri, - ing kala rumiyin inggih pancèn sampun wontên sêrat kabar kangge waosanipun para wanita, kados ta: ing Samarang (Èstri Utama) Madiun, Ngayogyakarta, nanging sami botên widada, sanadyan nalika samantên sampun wontên, [wo...]

--- 42 ---

[...ntên,] nanging ing Surakarta sasumêrêp kula dèrèng wontên, ing măngka pangraos kula, ing Surakarta punika pancèn inggih parlu sangêt wontêna sêrat kabar (èstri) ingkang makatên, amargi Surakarta punika kajawi dados têlênging kajawèn sajati (dêlês), alusing basa sarta tatacaranipun inggih pantês yèn ta dadosa têtuladanipun liyan praja satanah Jawi, mila kados punapa kemawon lêga bingah sarta ayêming raosipun manah kula, bêbasan kados siniram ing toya ès, clê–s, sarêng ing Surakarta tuwuh sêrat kabar èstri W.S. punika, ciptaning manah kula: lah saiki wus antuk dêdalan kang padhang tur anjingglang manèh, baya ayake iki wiwit mulabukane băngsa wanita bakal lastari bisa ngancik dalaning karaharjan? Anglajêngakên raosing manah kula, saèstunipun nalika sêrat kabar Èstri Utama lajêng botên lêledhang wontên ing ngajêng kula, adhuh, kados punapa sumêdhoting raosipun manah kula, bêbasan kados angganing tiyang ingkang koncatan kalulutipun (sênênganipun) saengga dintên samangke sawêg sagêd sumèlèh raosing manah kula, sarêng ing tanah Jawi (Têngah), tuwuh sêrat kabar èstri malih, langkung-langkung dene tuwuhipun wontên ing Surakarta ingkang dados têlênging tanah, băngsa sarta basa Jawi, sanajan sadèrèngipun [sa...]

--- 43 ---

[...dèrèngipun] tuwuh Wara Susila, kula inggih tansah maos sêrat kabaripun para kakung, ingkang tarkadhang inggih manah dhatêng kamajêngan, kapêrluan sarta karaharjanipun para wanita, ewadene tangèh sangêt dados panglipuring manah kula, langkung-langkung sarêng sêrat kabaripun para kakung punika kula sok mrangguli bilih wontên sawênèhing sujanma kakung ingkang sok anglairakên panganggêp, bilih tiyang èstri punika bêbasanipun namung: suwarga nunut, naraka katut, lah, punika malah wimbuh sumrêpêt sangêt kula nyumêrêpi panganggêp ingkang makatên wau, pratăndha ingkang makatên punika băngsa kula kakung taksih wontên ingkang nyawiyah dhatêng bangsanipun èstri ingkang sami apês, kasangêtên. Awit saking punika, pitakèning manah kula: punapa inggih pancèn mungguh bilih têtiyang wanodya punika kalêbêt paribasan wau. Mila ing mangke sarêng Wara Susila lair, sanajan sawêg kawêdalakên sawulan sapisan, ewadene sarêng kula nyumêrêpi uluk-ulukipun wêdharing purwakanipun para pangripta rini sarta pangarsaning pangripta Wara Susila, manah kula sakalangkung marêm, saking marêming manah kula ngantos: Wara Susila kula waos wongsal-wangsul kaping tiga kemawon manah kula mêksa dèrèng tuwuk, amargi inggih punika wau têka Wara Susila sawêg namung kawêdalakên sawulan sapisan, [sapisa...]

--- 44 ---

[...n,] dados manah kula sakalangkung ngantu-antu, utawi anggèn kula angajêng-ajêng wêdalipun, ingkang ăngka 2 ngantos anyaron bumbung: cêcêngklungên, mila sadèrèngipun, Wara Susila ingkang ăngka 2 dèrèng lêledhang wontên ing ngajêng kula: Wara Susila ingkang ăngka 1 tansah kula pangku kula liling-liling, awit saking punika pangajêng-ajêng kula Wara Susila tumuntêna enggal sagêd kalampahan kawêdalakên ing sabên minggu, botênipun inggih tumuntêna kalampahan apêsipun kawêdalakên sawulan kaping kalih.[23]

Taksih wontên sambêtipun, pangrèhing M.D. Wanita Sêdya Rahayu.

--- 45 ---

5 Dulkangidah 1853 (1341) taun: 1, 20 Juni 1923.

Tuwan (Pangeran) mugi nêdahakên kita ing margi ingkang lêrês.

Pangripta Pangarsa S. HADIWIJATA.

Para Pangripta Rini SOEKATI, R.r. SOEKARMI, MISS. SADJIJAH, SOEPARMINI S.H.W.

Wisesa sarta Jurucitra AB. Siti Sjamsijah.

 


§ Inggih punika agami Islam(agaminipun Pangeran). (kembali)
§ Lah makatên purwaka kita (parapangripta W.S.) ingkang kaping kalih, sarana angucapakênsurat: Fatekah, ingkang punika masthi ajêg kita ucapakêning sabên adêganing panêmbah (rakangating salat) manawikita ngabêkti (sêmbahyang - salat gangsal wêkdal) dhatêngPangeran, makatên punika ngiras damêlipun, supados awitsaking sakêdhik, Wara Susila sagêda anuntuni dhatêng paramaos ingkang dèrèng sagêd sêmbahyang, nanging kapenginbadhe anglampahi, ngantos sagêd sarta mangêrtos têgês sahapikajêngipun, amila surat Fatekah punika inggih lajêngkenging dipun apilakên sarta dipun mangêrtosi[mangêr...]
--- 27 ---
[...tosi] têgêsipun, dene andharanipun ingkang panjangbadhe kapratelakên ing wingking, wontên ing tapsiripun:surat Fatekah, sarta wêdalipun W.S. ingkang No. 3. Sagêdaangêwrat waosaning salat satunggalipun (takiyat) ingkangparlu - dalah têgêsipun.Para pangripta. (kembali)
§ Lah makatênpurwaka kita (para pangripta W.S.) ingkang kaping kalih,sarana angucapakên surat: Fatekah, ingkang punika masthiajêg kita ucapakên ing sabên adêganing panêmbah(rakangating salat) manawi kita ngabêkti (sêmbahyang -salat gangsal wêkdal) dhatêng Pangeran, makatên punikangiras damêlipun, supados awit saking sakêdhik, Wara Susilasagêda anuntuni dhatêng para maos ingkang dèrèng sagêdsêmbahyang, nanging kapengin badhe anglampahi, ngantossagêd sarta mangêrtos têgês saha pikajêngipun, amila suratFatekah punika inggih lajêng kenging dipun apilakên sartadipun mangêrtosi [mangêr...]
--- 27 ---
[...tosi] têgêsipun, dene andharanipun ingkang panjangbadhe kapratelakên ing wingking, wontên ing tapsiripun:surat Fatekah, sarta wêdalipun W.S. ingkang No. 3. Sagêdaangêwrat waosaning salat satunggalipun (takiyat) ingkangparlu - dalah têgêsipun.Para pangripta. (kembali)
têlas-têlas. (kembali)
kaparingakên. (kembali)
§ Karangan punika têtêmbunganipun kula ewahi sawatawis darapon hamimbuhi manis wontên ing WARASUSILA, mila kajawi 'ndadosakên kauningan, kula (Pangripta pangarsa) nyuwun pangaksama. (kembali)
§ Kirang pitados. (kembali)
sêrat. (kembali)
sanès. (kembali)
10 [sadaya] § Punika pancèn sampun samêsthinipun, dados cêkakipun kèndêl manguning WARASUSILA, tigang perangan agêng pancèn wontên para lêngganan. P.P. (kembali)
11 § Inggih punika eyang Kng. N. Adham ('a.s. Ngalaihisalam). (kembali)
12 § Inggih punika eyang St. Khawa, katitahakên saking iga wêkasipun eyang Kng. N. Adam 'a.s. P. P. (kembali)
13 § Dados manawi rêsikan masthi dipun sêngiti (dipun têbihi) ing sêsakit. (kembali)
14 pamanggènipun. (kembali)
15 § Inggih anggèr. (kembali)
16 § Tiyang Islam (Soeparmini S. H. W.). (kembali)
17 kita. (kembali)
18 angênêg-ênêgi. (kembali)
19 § Prayogi ngangge têmbung wirang (isin) kemawon rara, amargi malu punika têmbung Malayu. (Soep. S. H. W.). (kembali)
20 § sarwa sae. (kembali)
21 § Prawan têka kados Jaka Lodra, punika rak manawi: jaka. Soep. S. H. W. (kembali)
22 wiwit. (kembali)
23 § Pancèn inggih kathah ingkang sami ngraosi, dene W.S. namung kawêdalakên sawulan sapisan, wondene atur kita: sarèhning 'nggege dhatêng agêngipun W.S. inggih punika kawêdalakên langkungipun saking sapisan ing sabên wulan, punika kawitaning waragadipun kêdah kathah, mila pêpuntoning manah kita inggih namung sasêlot-sêlotipun rumiyin, jangji ing salêbêtipun jaman "MALAISE sarta bêbaya BEZUINIGING punika sagêd widada, ewadene salêbêtipun kuwartal I inggih punika salêbêtipun W.S. taksih mêdal sawulan sapisan, kita kalihan lumampah inggih kalihan ngyêktosi sih-sutrêsnanipun para lêngganan dhatêng W.S. manawi para lêngganan pancèn lajêng amitadosi, sampun malih ingkang namung kawêdalakên kaping kalih sawulan, bok inggih ing kwartal kaping II punika lajêng têrus minggon, sarta wontên W.S. ingkang kawêdalakên mawi basa Malayu piyambak, kita inggih malah bingah, amargi punika pancèn ingkang dados pangajaran kita ing rintên dalu, dhasar makatên punika kasêmbuh dening kathahipun karang-karangan ingkang sampun matumpa-tumpa wontên ing meja Redactie, sarta parlu sangêt tumuntênipun kauningan para maos, wasana atur kita punika inggih mugi dadosa panggalihanipun para maos. PANGRIPTA, WISESA, sarta JURUCITRA. (kembali)