Wara Susila (Edisi 07), Hadiwijata, 1923, #1310

Judul
Sambungan
1. Wara Susila (Edisi 02), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
2. Wara Susila (Edisi 03), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
3. Wara Susila (Edisi 04), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
4. Wara Susila (Edisi 05), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
5. Wara Susila (Edisi 06), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
6. Wara Susila (Edisi 07), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
7. Wara Susila (Edisi 08), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
8. Wara Susila (Edisi 09), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
Citra
Terakhir diubah: 08-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wara Susila No. 7.

Tuwanggan bab agami "Para Ahlul 'ilmi" ing Surakarta.

Pêmbantu ingkang têtêp "Pangrèhing M.D. Wanita Sêdya Rahayu" ing Surakarta.

Kawruh iku ajine angungkuli rajabrana.

Pêpeling marang sira kang padha bakal mati, mrih bêgja lan rahayu ing kalanggêngane, karanganipun: ingkang sinandi.[1]

Awit ingkang asma Allah Kang Maha Murah tur Maha Asih.

[Durma]

1. ingkang măngka warsita sinêkar durma | mrih awèt dadi peling | mring para manungsa | kang padha bakal ngajal | ninggal ngalam donya iki | kanthi pinêksa | malbèng kubur jro bumi ||

2. kang supaya iki babaring warsita | dadi pangati-ati | gone padha gêsang | tumitah anèng donya | lan manèh dadia peling | yèn urip ika | tan wande nuli mati ||

3. mati iku bakal nora anggêgawa | barang darbèkirèki | nadyan sugih arta | yutan anèng simpênan | nora dèn gawa sabribil | kajabanira | mori lurup sathithik ||

4. ngriptaa ta sira bakal patinira | têmbe yèn sira [si...]

--- 22 ---

[...ra] mati | bakal dipralima | sakèhing khak-khakira | saperangan ingkang dhingin | tinggalanira | arta kaduwe waris ||

5. tataning kang pamaris sok nora tata | wit dèn go maksiyati | lan manèh kang cêtha | iku wus nora bisa | mumpangat mring wakirèki | mulane sira | ywa amung numpuk dhuwit ||

6. sambekalanira lamun sira gêsang | mung numpuk-numpuk dhuwit | iku bakal bisa | marisi marang sira | suul khotimah yèn mati[2] | mula sayogya | salong ngamalna solih ||

7. supayane mumpangat maring wakira | ing sawusira mati | dadi sira bisa | ngamal lawan priyăngga | nging yèn kang ngamalkên solih | pra warisira | tan mumfangat sirèki ||

8. awit sira jênênge kang nora ngamal | nadyan amumpangati | ana ganjarannya | yêkti mung amumpangat | mring waris kang ngamal solih | wit iku ingkang | jênêng ngamalkên solih ||

9. dianggagas sira mring iki warsita | timbangên bêcik êndi | apa bêcik sira | ingkang ngamal priyăngga | lan apa bêcik pra waris | kang angamalna | marang artanirèki ||

10. winarnaa perangan kapindhonira | yèn sira têkèng pati | yèku jiwanira | kaduwe mring malekat | Ngijrail sang juru pati | perangan trinya | dhuh adhuh gêgirisi ||

--- 123 ---

11. yaiku yèn dagingira bakal sirna | pinangan singgat ênting | perangan kaping pat | sakèh bêbalungira | bakal kaduwe ing bumi | perangan lima | lah iki dipun eling ||

12. tata-tata amumpung urip nèng donya | sarèhning bakal mati | anrajua sira | mring sakèh ngamalira | kang bagus lan bêcik-bêcik | wit mungsuhira | bakal milu duwèni ||

13. panrajumu yèku ngêngetunga sira | apa wus turah yêkti | ngamalira tama | sawuse mungsuhira | uwus padha angêkhaki | ganjaranira | kang saka ngamal solih ||

14. ngangetunga ta rak akèh mungsuhira | kang milu angêkhaki | mring kabagusanta | nalika sira nyahak | marang khaking para janmi | kaya duk sira | nyatur mbathi ngapusi[3] ||

15. rangkêpana manèh ngetung dosanira | kang marang ing Hyang Widhi | apa bisa turah | ngamal kabagusanta | sawuse kanggo nambaki | dosa rong warna | khak Allah lan khak janmi ||

16. tarajunên têmênan iki prakara | yèn sira têmên bangkit [bangki...]

--- 124 ---

[...t] | naraju nèng dunya | ngamalira kang tama | bobote bisa ngluwihi | ngamal kang ala | yêkti bêkja sirèki ||

17. mandhak lamun sira bisa nraju rata | mring wakira pribadi | lawan bobot Kuran | bisa satraju rata | sayêkti benjang sirèki | wus nora susah | dèn kisab ing Hyang Widhi ||

18. puspa-puspa puspitaning wong agêsang | nora kaya yèn bangkit | satrajua rata | awake lawan Kuran | wit wong mangkonèku yêkti | ngêplêki Kuran | sakèhing lakunèki ||

19. talitinên lah iku limang perangan | khak-khakira pribadi | kang parlu rong warna | perangan kang kapisan | lan ping lima ingkang kèri | ywa nganti nora | duwèni yèn wus mati ||

20. kayaparan yèn arta lan kotamanta | tan bisa mumpangati | marang awakira | benjang anèng akirat | yêkti katunan sirèki | cilaka dawa | nèng dêlahanirèki ||

21. mula poma warsitaku marang sira | kang padha bakal mati | lamun sira padha | pinaring kanikmatan | sugih donya êmas picis | ywa nganti lupa | sukur marang Hyang Widhi ||

22. ambakna wong sugih tan kêna sêmbrana | e gêdhe sobatnèki | sok tan bisa kuwat | sukur marang Pangeran | nêtêpi khak-khaking sugih | wit kang kêlumrah | imane banjur tipis ||

23. mangèstutine marang prentahe Allah | nuli abot kapati | kaya ta bab jakat | kang dadi rukun Islam | wani mêcat [mêca...]

--- 125 ---

[...t] tan nêtêpi | lah iki benjang | kapriye trajunèki ||

24. dikon jakat manèh yèn gêlêm ngèstokna | mung sidkah kere ngêmis | kang bangêt kapiran | mêngkono bae gêmang | măngka mikir fakir miskin | iku tumrapnya | wong sugih iya wajib ||

25. yah ywa manèh mikir pêkir miskin barang | parluning lyan janmi | kanggo mikir marang | kapêrluane priyăngga[4] | kaya ta têtuku jampi | wus bangêt eman | dadi kêluwih cêthil[5] ||

26. ing samêngko pamujiku marang sira | kang padha bakal mati | sipat kang mangkana | iku amuga-muga | tan kaduwe ing sirèki | ananging sira | kang bisa sukur jati ||

27. sukurira lamun sira sugih băndha | ya mung kudu nêtêpi | khak kang samêsthinya | kaya ta kudu jakat | mikir wong kang pêkir miskin | lan bocah-bocah | kang padha dadi yatim ||

28. rêrantamên yèn sira bisa mangkana | kaswarganira benjing | awit swarga ika | rêgane pancèn larang | yèku lan iman sajati | kang kinanthenan | ngamal kang bêcik-bêcik ||

29. karsaning Hyang pancèn sira kon mangkana | mrih ngrantam suwarga di | lan ngrantama ngamal | yèku perangan lima | apa ta wus patut yêkti | turahanira[6] | antuk suwarga adi ||

30. tamat iki pêpeling atêmbang durma | muga bisa njalari [njalar...]

--- 126 ---

[...i] | wong kang bakal pêjah | padha bisa têmênan | tuku suwarga sayêkti | titi pangripta | tri sara ngèsthi tunggil (taun Jawi 1853) |[7]|

--- 127 ---

Kêplasing Jarwa Ngilmu.

(Sababing aosipun kawruh angungkuli rajabrana).

Sampun ragi sawatawis dangu anggèn kula gadhah osik kumêdah sumêdya badhe ngurmati rawuhipun nyai agêng Wara Susila punika, ananging tansah rangu-rangu dening pijêr kapambêng padamêlan ingkang langkung pêrlu, punapa malih saking kacingkranganipun kawruh kuwatos bokbilih anguciwani, têmahan malah damêl surêming cahyanipun nyai agêng. Ewasamantên kula mêksa mêdharakên gêgubahan wontên ing ngriki, awit kula mangêrtos bilih para wasis tamtu kaparêng mêngku sarta nglêrêsakên manawi sêratan kula punika wontên ingkang kalintu.

Kula nuwun, wimbaning Wara Susila kasêrat: kawruh iku ajine angungkuli rajabrana, punika pancèn kasinggihan, sarta sampun cundhuk kalihan dalil kadis tuwin wêwarahipun para ngulama ingkang sampun kula sumêrêpi kados ing ngandhap punika:

1. Ngilmu (kawruh) iku, bisa anjaga marang kaslamêtane uwong kang andarbèki (ngandhut) nanging mas picis rajabrana malah tansah dadi rêksan, têgêse: wong kang andarbèki băndha iku kudu tansah rumêksa ing kaslamêtane, tarkadhang wong mau nandhang tiwas ajalaran anggone anggondhèli marang băndha.

--- 128 ---

2. Kawruh bisa tambah yèn kawènèhake (kawulangake) marang wong akèh, nanging băndha (rajabrana) mêsthi suda manawa kawènèh-wènèhake marang liyan, mula sira diluwih dhêmên anglumpukake kawruh kang akèh, tinimbang numpuk băndha kang anarik ati murka. Sukur bage sira bisa katunggu ing băndha kang migunani, kanthi alambaran kawruh kang manpangati.

3. Kawruh marakake kêndêl, bandêl sarta parigêl marang samubarang, tuwin dadi sababing têguh, bakuh lan kukuhing ati marang kabênêran, nanging rajabrana nênarik marang kosokbaline: jirih wêdi ing gêtih sapêpadhane.

4. Wong kang sugih kawruh manawa mati akèh kang bela sungkawa, nanging wong kang sugih băndha anggêr ajal, akèh kang suka-suka.

5. Tumamaning kawruh anjalari tata lan têntrêm, nanging êmpaning rajabrana, nênangi marang riya, kibir, murka sapiturute.

Hlo, têka samantên imbang-imbanganipun kawruh kalihan mas picis rajabrana punika, mila layak kalulut kula Wara Susila tansah manjêr bandera: kawruh iku ajine angungkuli rajabrana, nanging mugi sampun kalintu ing panampi, ingkang kinajêngakên kawruh ing ngriki sampun tamtu kemawon kawruh ingkang migunani, inggih punika [pu...]

--- 129 ---

[...nika] kawruh ingkang kadhawuhakên ing dalêm kadis: golèk kawruh iku wajib (pêrlu) tumrape wong lanang lan wong wadon, liripun dede kawruh blandhit sasaminipun, makatên malih ingkang kinajêngakên băndha utawi mas picis rajabrana kasêbut wau, punika ugi rajabrana ingkang murugakên kirang prayogi dhatêng kawontênan dunya, dene rajabrana ingkang sagêd kangge sarana ingatasipun lampah pêrlu utawi kautamèn, kados ta kangge têtulung kasangsaran, kangge wragading pasinaon, kangge anjunjung drajating băngsa, kangge ambujêng kamardikaning siti wutah rah sapiturutipun, punika saèstunipun kêdah ugi kita udi ingkang ngantos kêcêpêng. Lha rak inggih makatên ta bok ayu rêdhaktris sarta kangmas rêdhaktur.

Ing ngriki wontên pitakenan kalih prakawis: sampun têrang bilih kawruh pancèn langkung inggil katimbang băndha, nanging sabab punapa para ahli kawruh sami kawon prabawa kalihan para sugih băndha? II. Kenging punapa para sugih kawruh asring nêdha pitulunganipun para sugih băndha?

Jawabaning pitakenan ing nginggil punika, sumêdya botên kula jawab, sintên para sadhèrèk ingkang kaparêng anjawab pratitis, liripun, 1. cêkak uwos, 2. botên adamêl sêriking liyan, 3. narik dhatêng kamajêngan, 4. cocog kalihan pamanggihipun redhaksi W.S. Sadhèrèk wau

--- 130 ---

kula suwunakên prêsèn warni sêrat: Rahsaning Islam, ingkang rumiyin kasbut, wastraning W.S. No. 2 kajangjèkakên kangge pêrsèn dhatêng ingkang sami ambiyantu madosakên langganan, samantên wau bilih bok ayu pangripta rini anayogyani[8] dene jawaban katêngga sawulan wiwit wêdalipun Wara Susila punika.

Rara Kayatun.

Kamajêngan Tumrap Sadhèrèk Èstri Punika Purugipun dhatêng Pundi?

Makatên pandangunipun sadhèrèk Sut, kawrat ing Wara Susila ăngka 3.

Ing sarèhne kula piyambak nate tumut angadani saha mugarèni pakêmpalan ingkang pikajênganipun anjunjung drajating [draja...]

--- 131 ---

[...ting] sadhèrèk pawèstri, kula rumaos kuwajiban angaturi wangsulan pandangunipun sadhèrèk Sut wau manut pikajêng saha pamanggih kula piyambak, inggih punika ingkang dipun rungkêbi dening pakêmpalan kula putri mêrdika ingkang sampun kèndêl.[9]

Saking piyandêling manah kula, purugipun kamajênganing pawèstri punika nunggil kalayan ingkang dipun ancas dening kamajênganipun donya jalêr, botên bènèh saglugut pinara sèwu. Yèn wontên panganjur saking kalih-kalihing golongan, èstri utawi jalêr ingkang kadunungan pamanggih, bilih puruging kamajêngan èstri utawi jalêr: beda-beda, kula pitados, ingkang kaanggêp beda wau sanès purugipun ingkang sajatos, nanging lampah utawi papan margining panggayuh, punapa ingkang katuju.

Wondene ingkang katuju dening kalih-kalihipun golongan wau, botên sanès kajawi amung sampurnaning agêsang saha gêsangipun wontên ing ngalam donya dumugi ing ngakherat.

--- 132 ---

Sarana ambudidaya rahayu lan luhuring jagad kita. Kula pitados, yèn inggih namung punika ingkang kinarsakakên dening Pangeran ingkang anitahakên manungsa wontên ing donya ngriki, cêkakipun tujuning sêdya wau, botên beda tumraping jalêr lan pawèstri. Amargi makatên wau katăndha saking sami dene kaparingan pramana, angên-angên, budi pakêrti lan păncadriya. Ingkang sadaya wau minăngka dados pirantosing lampah, angayahi kuwajibanipun.

Dêdamêl punika, samăngsa kirang pangopènipun (botên dipun ungkal, utawi dipun rêsiki) ingkang mêsthi kêthul, botên anyêkapi kaangge nyambutdamêl. Makatên ugi pirantosing manungsa, pramana sapanunggilanipun, yèn botên utawi kirang pangungkalipun, tartamtu inggih pêpêr kemawon. Bab punika sadhèrèk pawèstri sampun angraosakên piyambak, inggih punika rikala badanipun taksih kaanggêp namung dados pasrèning bale griya, sêsêrêpanipun rupêk sangêt, kasagêdanipun prasasat namung olèh-olèh, tur punapa-punapa ingkang katampi saking ibunipun, botên mindhak-mindhak.

--- 133 ---

Lantaran gêsang ingkang makatên punika, tangèh yèn ta sadhèrèk pawèstri badhe sagêd nyamèni tiyang jalêr, anêtêpi kuwajibanipun ingkang kasanggèkakên dening Ingkang Maha Agung kados ingkang kasêbut ing ngingil wau. Awit jalaran saking pêtênging pramana, cupêting budi pakêrti, pêpêring angên-angên, kirang alusing păncadriya, sadhèrèk pawèstri (manungsa) sampun tamtu botên badhe sagêd langkung gampil, punapadene sampurna, anggènipun anglampahi utawi angayahi kuwajibanipun.

Amargi saking punika santosa pikajêngan kula, supados băngsa Jawi anglarung panganggêpipun asor dhatêng sadhèrèk pawèstri, nanging pitadosa dumugi balung sungsum, bilih jalêr lan pawèstri punika sami nunggil wêwênangipun, inggih punika wênangipun ambudi dhatêng kasampurnan, makatên ugi wênangipun dhatêng panganggening dêdamêl sarananing lampah, ingkang sampus[10] kasêbut ing nginggil, sadaya wau murih utaminipun, inggih kêdah sarana dhêdhasar mardikaning pangraos sarta pikiran, dados botên beda kalihan tumraping golongan jalêr.

Murih cêthanipun atur kula bab nunggiling wêwênang wau, mugi andadosakên ing kauningan, bilih ingkang anggadhahi wêwênang wau sanès sadhèrèk pawèstri, sanès sadhèrèk jalêr,

--- 134 ---

nanging sukmaning manungsa, ingkang namung sawiji, botên jalêr botên èstri, inggih punika ingkang manjalma dhatêng badan wujud kalih, èstri lan jalêr.

Bedaning wujud, anjalari bedaning lêlampah. Amargi saking adiling karsanipun Pangeran Ingkang Maha Suci.

Miturut andharan ing nginggil, ing mangke sawêk katingal, utawi sawêk kenging kasêbut, bedaning kamajêngan pawèstri kalayan jalêr. Dene ingkang beda wau (sanadyan botên sadaya) namung dumunung wontên ing patraping lampah utawi lêlampah. Ewasamantên mêsthi botên badhe nylèwèng saking ancasipun samêndhang pinara sèwu.

Samantên kemawon kados sampun cêkap atur wangsulan kula dhumatêng sadhèrèk Sut. Bilih wontên kirangipun, kalayan lêganing manah, sasagêd-sagêd badhe nêdya ngaturi katrangan malih.

Pun Tăndhakusuma.

__________

Ing ngandhap punika sêratipun sadhèrèk S. Harjawiyata nêdha supados kapacak ing Wara Susila.

Nuwun, awit saking sêrat punika kula ngaturi pariksa dhumatêng pangrèh sêrat kabar W.S. bilih kula sampun nampi paringing pun conto sêrat kabar W.S. andadosakên gambiraning tyas, ingkang punika ngantos nangèkakên manah kula ingkang sawêk liyêb-liyêb [liyêb-li...]

--- 135 ---

[...yêb.]

Ing sarèhning sêrat kabar W.S. têtela migunani sangêt dhumatêng para wanita[11] ingkang nêdya ngajêngakên kabangsan, saking pamanggih kula langkung prayogi saupami sabên panggenan wontên ingkang ngawat-awati ambiyantu adêging sêrat kabar punika. Pramila sanès dintên bokbilih para sadhèrèk ing Purwarêja sampun sami nglilir, lajêng kula ajak sowan ing ngarsaning W.S.

SOEKIJARSO HARDJOWIJOTO.

Ordw. a|d. Holl. Courcus De Vooruitgang. PURWOREJO.

--- 136 ---

Katur Rama Kyai S. Hadiwiyata.

Nuwun, sangêt gunging panuwun kula, ing sih kamirahan saha kadarman panjênêngan sampun maringi sêrat Jênênging Panêmbah Jati, ingkang pancèn kasadhiyakakên minăngka bêbingah dhatêng para lêngganan ni Wara Susila, ingkang sêtya tuhu ambantu widadaning sugêngipun. Botên elok, dhasar mungguh tur sangêt, dene sêrat wau sinung nami: Jênênging Panêmbah Jati (botên gincon) isinipun dakik, adi luhung, cêtha gênah, wah malih manfaatipun. Panyuwun kula dhatêng para lêngganan ingkang kapengin ngêdhapi lêgi gurihing gêlaripun sêrat wau, lajêng wontêna kaparêngipun mundhati ing tunggakan utawi pambayaranipun ni Wara kinasih, sakêdhikipun kalih kwartal, masthi badhe dipun sowani Sêrat Jênênging Panêmbah Jati kalayan prodheo.

Wasana pamuji kula, mugi-mugi ing sababaripun sêrat wau sagêda anjalari gumrêguding panggalihipun para lêngganan sadaya, anggènipun badhe anyak manêmbah ingkang sajati, lan kinabulana punapa ingkang dados pangèsthining pangriptanipun sêrat wau.

Kawula, langganan No. 7. Tarik.

--- 129 ---

25 Mulud 1853 (1341) taun: 1, 5 Nopèmbêr 1923.

Tuwan (Pangeran) mugi nêdahakên kita ing margi ingkang lêrês.

Pangripta Pangarsa S. HADIWIJATA.

Para Pangripta Rini SOEKATI, SOEKARMI, MISS. SADJIJAH, Soeparmini S. H. W.

Wisesa sarta Jurucitra Ab. Siti Sjamsijah.

 


§ Kaawisan mêthik manawi botên kanthi idinipun ingkang sinandi. (kembali)
§ Tindak ingkang pungkasanipun awon. Dados manawi pêjah nêmahi suul [suu...]
--- 123 ---
[...l] khotimah, punika pêjah ingkang awon, utawi pêjah ingkang botên nêtêpi agami Islam (botên kanthi iman) dene kosokwangsulipun pêjah ingkang nêmahi suul khotimah, punika pêjah khusnul kotimah, têgêsipun pêjah ingkang nêtêpi sae-saening pungkasan, inggih punika pêcating jiwa utawi sukma (nyawa) saking raga, kanthi iman, nêtêpi agami Islam. (kembali)
§ Bab punika sarèhning katêranganipun sawatawis panjang, insya Allah badhe kula andharakên wontên ing Wara Susila sasampunipun kalampahan taun 24. (kembali)
Lebih satu suku kata: kapêrluan priyăngga. (kembali)
§ Dados manungsa ingkang sangêt cêthilipun, punika ngantos têgêl anyêthili dhatêng badanipun [ba...]
--- 126 ---
[...danipun] piyambak, wujudipun: kathah sangêt têtiyang sugih ingkang cêthil sangêt, manawi badanipun piyambak ginanjar sakit, têtumbasan jampi ingkang botên sapintêna kemawon rumaos eman, makatên punika kalampahan ngantos dumugining pananjakipun roh (nalika sakarat badhe pêjah) ingkang sangêt rêkaos, malah sawênèhipun salêbêting sakaratul maut ngantos wontên ingkang ngrêmêt-rêmêt băndha sarta soroging bênètipun, saking punapa, saking anggènipun botên purun pisah (kanthil-kumanthil) kalihan băndha artanipun, lah makatên punika inggih dados wujuding suul khotimah, inggih wujuding pêpungkasan ingkang awon. Mila sêrat punika mugi dadosa pêpèngêt dhatêng sadaya tiyang ingkang botên sande amasthi nêmahi dumugi ing jangji, makatên wau supados sampun ngantos sami kêkêt dhatêng băndha, arta utawi kadonyanipun, dados tiyang punika manawi ngangkah sugih utawi manawi tinitah sugih, kêdah gadhah watêk ambêk darma inggih punika purun marlokak[marlokakên] utawi rêmên ananjakakên sabageaning artanipun dhatêng ngamal salèh, kados ta: kangge sidêkah (darma) kangge têtulung dhatêng kasusahan sarta para pêkir miskin ingkang nandhang kacingkrangan, kangge maragadi sumêbaring agaminipun Pangeran (Islam) sasaminipun. Kosokwangsulipun manawi tinitah pêkir, ing manah sampun ngantos kadunungan sipat cêthil, nanging sumêrêpa dhatêng paedahipun gêmi. Lan malih mugi èngêta: arta (donya) ingkang botên katanjakakên dhatêng ngamal salèh punika kajawi ing têmbe têrang botên amumpangati ing kalanggênganipun, ing benjing tumuturing kasidanipun (sakarating pêjah), punika inggih sagêd ugi anjalari dados rubeda ingkang agung, inggih punika pêcating roh kanthi rêkaos, dumugining pisahipun kalihan raga, anêmahi suul khotimah kados ing nginggil wau. (nangudzubilla-himindzalik) makatên ugi murih para maos sagêd anguningani mênggah rêkaos sarta raosing pêjah punika, insya Allah benjing wêdalipun Wara Susila ing taun 24, inggih badhe kula babar wontên ing udyananing Wara Susila. Satêmah Wara Susila sagêda nênuntun sarta amitêdahakên ugi dhatêng kasusilaning kukudipun jiwangga (pêjah). Ingkang sinandi. (kembali)
§ Bab punika sarèhning katêranganipun sawatawis panjang, insya Allah badhe kula andharakên wontên ing Wara Susila sasampunipun kalampahan taun 24. (kembali)
Tanggal: tri sara angèsthi tunggal (AJ 1853). Tahun AJ 1853 jatuh antara tanggal Masehi: 25 Agustus 1922 sampai dengan 13 Agustus 1923. (kembali)
§ Nayogyani sangêt, sanajan jawaban punika lamuk-lamukipun bokmanawi kathah ingkang angadoni, inggih punika ingkang sami gêmêt-gêmêt dhatêng dalil, kados ta Rr. Suharti, sadhèrèk A. M. pangrèhing M.D. Wanita Sêdya Rahayu, sarta yayi pangripta rini Miss. Sajiyah ingkang sampun dangu botên lêledhang ing taman WS. Makat[makatên] ugi yayi Muhtariyah ingkang malah dèrèng nate katingal gêgubahanipun enz. Ewadene kula piyambak inggih kirang lêga manawi sariranapun[sariranipun] yayi Khayatun botên tumut angadoni ugi dhatêng jawabaning pitakenanipun yayi piyambak. Wah saiba rame sarta asrinipun udyananing W.S. benjing, punagi kula manawi ing benjing kathah ingkang angadoni (anjawab) wêdalipun W.S. No. 9 (No. 1 th 24) badhe kula sadhiyakakên kangge ajangipun jawaban punika thok, sarta manawi kula ngantos kewran ing pamutus dhatêng ingkang sami ngadoni jawaban punika, dening sami pratitis, sadaya badhe kula sadhiyani sêrat Rahsaning Islam sadaya. Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Sangêt gêgêtun sarta eman kula dene pakêmpalan putri mardika ing Batawi sampun kèndêl, pêpuji kula dhatêng panjênênganipun sadhèrèk Tăndhakusuma, sariranipun sagêda amêmungu sarta amêmulih dhatêng kèndêlipun pakêmpalan putri mardika ingkang dipun mugarèni, karana priya makatên pancèn kêdah langkung sabar malih, manawi nênuntun dhatêng kamajêngan sarta karahayonipun sadhèrèk èstri, liring sabar: talatos botên wêgahan, engga dumuginipun widadaning parasdya, amila sadhèrèk Tăndhakusuma mugi tumuntêna karsa mêmulih, sarta panyuwun [pa...]
--- 132 ---
[...nyuwun] kula mugi sariranipun karsa anjêmbarakên utawi amijèkakên,W.S. punika dhatêng para sadhèrèk putri ing Batawi. Makatên ugi W.S. pancèn sumagah dados ajanging suwaranipun băngsa wanita ingkang nêdya mamrih kawilujêngan ing donya akirat. P. P. W.S. (kembali)
10 sampun. (kembali)
11 § Lairipun namung katingal migunani dhatêng para wanita, nanging salugunipu[salugunipun] sagêd ugi amigunani dhatêng sadaya para umat ingkang purun ngalap pitêdahipun W.S. amargi W.S. ngêwrat pakabaran piwulang kasusilaning lair batos ingkang mamrih arjaning kasidan. Cobi sami angyêktosana W.S. ingkang kantun-kantun, saèstu saya mancorong prabaning wadananipun.
Kajawi kartu pos ing nginggil, ingkang suraosipun mangalêmbana dhatêng Wara Susila, sawêdalipun sêrat: Jênênging Panêmbah Jati ingkang kaaturakên lêlahanan dhatêng para lêngganan, rêdhaksi Wara Susila inggih tampi kartu pos malih 4 iji saking para lêngganan I. saking R. A. Jayasuwirya, jaksa ing Bojanagara, II. saking M. Samsudin ing Tulungagung, 3. Mas Kartasubrata, sarjana muslimin ing nagari Samarang, 4. saking langganan No. 7 ing Tarik, kêmoncèrên yèn ta sami kula pacaka ing ngriki sadaya, dene suraosipun kemawon sami mratelakakên manawi karênan sarta bingah sangêt, sarêng tampi sêrat J. P. J. ingkang kaaturakên lêlahanan wau, ewadene minăngka tăndha yêkti, sêrat saking langganan No. 7 wau parlu kula pacak ugi, supados sêrat punika kenging kangge pasaksèn bilih para lêngganan sanèsipun ingkang sampun dipun caosi sêrat wau, kados inggih botên aprabeda karênanipun, wasana kenging kangge pasaksèn malih bilih Sêrat Jênênging Panêmbah Jati, pinarêngakên ing Pangeran sagêd amunpangati dhatêng para maos ingkang purun ngalap pitêdahipun. Amila ing mangke [mang...]
--- 136 ---
[...ke] rêdhaksi namung tansah suka sukur dhatêng Pangeran, salajêngipun tansah nyênyuwun mugi Sêrat Jênênging Panêmbah Jati, enggal sagêd kauningan ing para lêngganan sadaya, sarta salajêngipun dadosa sêsuluh ingatasing gumaregahipun kawula nêdya têtêp angumawula ing Gusti inggih Pangeran Ingkang Maha Agung. (P. P. W.S.). (kembali)