Wara Susila (Edisi 09), Hadiwijata, 1923, #1310

Judul
Sambungan
1. Wara Susila (Edisi 02), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
2. Wara Susila (Edisi 03), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
3. Wara Susila (Edisi 04), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
4. Wara Susila (Edisi 05), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
5. Wara Susila (Edisi 06), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
6. Wara Susila (Edisi 07), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
7. Wara Susila (Edisi 08), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
8. Wara Susila (Edisi 09), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
Citra
Terakhir diubah: 23-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wara Susila No. 9.

Tuwanggana bab agami "Para Ahlul 'ilmi" ing Surakarta.

Pêmbantu ingkang têtêp "Pangrèhing M.D. Wanita Sêdya Rahayu" ing Surakarta.

Kawruh iku ajine angungkuli rajabrana.

Awit ingkang asma Allah Kang Maha Murah tur Kang Maha Asih.

Lêlabêtanipun Kangjêng Nabi Panutan.

Kangjêng Nabi Mukamad s.a.w. punika pancèn dados panuntun sarta panutanipun sadaya manungsa. Punapa wontên para andika nabi utawi para panuntun ingkang agênging lêlabêtanipun, sih piwêlas sarta katrêsnanipun, punapadene anggènipun mrihatosakên dhatêng para uma-(manungsa) tipun kadosdene sariranipun kangjêng nabi. Cobi kula anyariyosakên sawatawis lêlabêtanipun kangjêng nabi ingkang andadosakên koruting manah kula, inggih punika ingkang sangêt pratela nalika sariranipun gusti badhe dumugi ing seda murut dhatêng ing kasidan jati (kalanggêngan) makatên wau supados anggèn kula

--- 154 ---

nyariyosakên punika sagêd anambahi katrêsnan tumrap para umat ing samangke dhatêng nabi pêpanutanipun, satêmah samia mantêp pangibadahipun, sarta andhèrèk utawi anut ing sadaya tindakipun. Wondene anggèn kula nyariyosakên namung cêkakakan kados ing ngandhap punika:

Ing nalika kangjêng nabi taksih sugêng, punika anggènipun mrihatosakên dhatêng para umatipun ngantos dumugi ing seda, sintên ingkang wontên ngarsanipun gusti, nalika gusti badhe dumugi ing seda, kajawi Dèwi Siti Patimah putranipun gusti, inggih punika para sakabat, wontên malih malaekat kêkalih ingkang sawêg ngêmban dhawuh timbalanipun Pangeran Ingkang Maha Suci, inggih punika malaekat Jabarail sarta Ngijrail sang juru pati, ingkang kautus badhe mundhut rohipun gusti. Sakawit ing sasampunipun sami bage-binage ing karaharjanipun (uluk salam) gusti nabi lajêng ngandika dhatêng malaekat Jabarail makatên: dhuh sadhèrèk kula malaekat Jabarail, kula nêdha sêsêrêpan dhatêng jêngandika. Sapêngkêr kula kadospundi badhe ganjaranipun Pangeran dhatêng para umat kula ingkang sami purun nêtêpi salat gangsal wêkdal, siyam ing wulan Ramêlan, zakat sapiturutipun, punapadene rêmên maos Kuran (kalêbêt angêrtosi sarta anglampahi dhawuh-dhawuhipun Kuran) aturipun Jabarail: dhuh nabi utusaning Pangeran ingkang dahat sakalangkung [sa...]

--- 155 ---

[...kalangkung] asih trêsna dhatêng umatipun, ijêngandika sampun kagungan uwas ing panggalih, sayêktosipun Gusti Allah sampun karsa nanggêl, yèn sariranipun masthi badhe angganjar suwarga dhatêng ijêngandika, sarta para umat jêngandika ingkang pancèn purun ngèstokakên dhawuh jêngandika, ingkang lumêbêtipun dhatêng suwarga badhe langkung rumiyin tinimbang kalihan lumêbêtipun para nabi ingkang kina-kina dalah saumatipun. Lah ing ngriku kangjêng nabi lajêng asrêp ing panggalih, satêmah ngandika malih makatên: sapunika raosing manah kula sampun asrêp, dene anggèn kula tansah mrihatosakên dhatêng para umat kula sampun angsal damêl. Nalika punika kangjêng nabi lajêng dhawuh dhatêng malaekat Ngijrail, supados lajêng amundhut ing rohipun. Salêbêtipun Ngijrail tumandang amundhut roh, kangjêng nabi tansah mariksani dhatêng para sakabat ingkang sami angadhêpi, salajêngipun lajêng andangu dhatêng anggènipun amêmitran kalihan sariranipun. Turing para sakabat ingkang sami andarodos luhipun dening ketang badhe tinilar seda ing nabi pêpanutanipun, sami amratelakakên bilih anggènipun ngêmong dhatêng para sakabat sarta para umatipun, anglangkungi wêlas asihing bapa dhatêng anakipun, utawi kadosdene sadhèrèk sêpuh ingkang tansah paring pitêdah ingkang utami. Nalika punika kangjêng nabi lajêng nyèlèhakên astanipun kêkalih, ingkang têngên [têngê...]

--- 156 ---

[...n] wontên ing pranaja, ingkang kiwa wontên ing wêntis. Kangjêng nabi pirsa yèn lêlampahan pêjah punika pancèn rêkaos yêktos tumrap wiyahing para umat, ing ngriku saking dahat sih piwêlas sarta prihatosipun dhatêng para umat, sarta angangkah supados para umatipun sami amanggih ing kaènthènganing pêjah, inggih punika manawi dumugi ing jangji gampil pêcating rohipun, mila lajêng tansah andêdonga dhatêng Pangeran sakalangkung ngrêrintih pindha kadi angganing brêmara wilasita.

Trêmara wilasiha.[1]

pandonganya | jêng nabi nalikanya | ayun seda | dhuh Gusti Kang Kuwasa | pun patikbra | kalilan anyanggia | ing sakiting pêjahing umat amba ||

Sasampunipun andêdonga makatên, kangjêng nabi lajêng mêmuji sarta dhikir dhatêng ing Pangeran, satêmah lajêng murud dhatêng ing kasidan jati (dumugi ing seda).

Dhuh, têka samantên lêlabêtanipun gusti panutan punika dhatêng para umatipun, dene mèh dumugi ing seda têka saya sangêt agênging prihatosipun dhatêng para umatipun, ngantos kaparêng anyênyuwun (andêdonga) dhatêng Pangeran ingkang makatên, punapa ta baya têtimbangan kita dhatêng sariranipun.

Ing mangke sarèhning sampun kacêtha engga salêbêtipun gusti nabi [na...]

--- 157 ---

[...bi] badhe dumugi ing seda, samantên anggènipun mrihatosakên sarta agênging lêlabêtanipun dhatêng para umat, ing mangke piwalês kita dhatêng gusti panutan kadospundi, makatên wau botên sanès kajawi kita namung kêdah anglampahi sadaya ingkang dados wigatosing rukunipun agami kita (Islam) inggih punika kêdah anglampahi sêmbahyang (gangsal wêkdal) nêtêpi siyam ing wulan Ramêlan, purun anjakati băndha darbèk kita tuwin sapiturutipun, punapadene malih rêmên maos Kuran[2] sarta purun angèstokakên sadaya dhawuh-dhawuhipun, ingkang punika pancèn sanyata ingkang dados dêlêging dhawuh-dhawuhipun agami kita. Manawi kita sampun purun makatên sayêktos, insya Allah ing benjing kita amasthi manggih kaènthèngan sarta nikmating pêjah, makatên malih ing benjing kalanggêngan kita masthi tinanggêl ing Pangeran, badhe ginanjar ing karatoning kalanggêngan (suwarga). Amila suwawi lajêng sami nêmên-nêmêni sayêktos dhatêng dhawuh parentahipun nabi panutan kita sarta angèstokakên dhawuh parentahing kitab suci Al-kuran ingkang sanyata dados pêpandom kita, kanthi sabar (talatos botên mênggahan) anglampahi sêmbahyang sapiturutipun ingkang sami dados rukuning agami kita, supados makatên wau kita lajêng sagêd angirib-iribi [angirib-iri...]

--- 158 ---

[...bi] kalihan lêlabêtanipun gusti panutan.

Wassalam. Ab. Siti Samsiyah.

Atur Panyuwunipun Wisesa sarta Juru Citraning Wara Susila.

Nuwun, kajawi para lêngganan enggal, ingkang sampun kita caosi pos wisêl sarêng sowanipun W.S. No. 8 sowanipun W.S. No. 9 punika sami kita kanthèni pos wisêl sadaya. Panyuwun kita dhatêng para lêngganan, tumrap ingkang dèrèng nate paring pambayaran, sarta dèrèng amundhuti tunggakanipun pos wisêl punika kajawi supados kaagêm paring pambayaran rêrêgènipun W.S. ingkang dèrèng kabayar, kita suwun kalihan sangêt-sangêt ngiras inggih kaagêma paring pambayaran ingkang minăngka waragad kangge sowanipun W.S. ing kwartal sapisan taun 24, mugi kauningana, kita matur [ma...]

--- 159 ---

[...tur] prasaja malih, bilih gêsang sarta widadanipun W.S. punika namung dumunung saking pambayaripun para lêngganan sadaya. Pamonging W.S. samangke sampun katêlasan kêkiyatan sayêktos, amargi sowanipun W.S. No. 9 punika sampun anambahi kathah sangêt, mila panjênêngan sadaya mugi sami kaparêng amêlasi dhatêng adêgipun W.S. wondene W.S. taun 24 ngajêng punika badhe kita wêdalakên kaping kalih ing sawulan, isi 24 kaca, ingkang 8 kaca maligi kangge ngêwrat kawruh sarta wêwulangipun agami Islam warni-warni ingkang sampun kajarwèkakên têmbung Jawi, kacanipun inggih badhe kaurutakên piyambak, supados para lêngganan awit saking sakêdhik sagêd angimpun kawruh agami Islam ingkang mawarni-warni, sarta sagêd andadosakên sasêrat piyambak. Dene rêginipun langganan 1 kwartal f 2,15 kalih rupiyah gangsal wêlasan, manawi kabayar wulanan f 0,75 pitung dasa gangsal sèn, dados rêrêgènipun sampun langkung mirah sangêt tinimbang rêrêgèn taun punika, sarta manawi kasêmbadan, benjing ing kwartal kaping IV taun 24, Wara Susila badhe ngaturakên idiyah malih, ingkang langkung nêngsêmakên tinimbang Sêrat Jênênging Panêmbah Jati, inggih punika salah satunggalipun Sêrat Rahsaning Suci, kalihan Kridhaning Panêmbah Jati, Sêrat Rahsaning Suci anggêlarakên kasucian jati sarta sajatining salat daim,

--- 160 ---

dene Sêrat Kridhaning Panêmbah Jati, amratelakakên lampah-lampahing ulah panêmbah jati (sêmbahyang) ingkang salajêngipun para maos sagêd anglampahi sêmbahyang piyambak tanpa maguru. Awit saking punika panyuwun kula sangêt sangêt, pos wisêl ingkang kakanthèkakên punika, wulan punika tumuntêna kaagêm paring pambayaran ing kwartal ingkang dèrèng kabayar, sarta kwartal I ingkang badhe tumapak ing taun 24 dene tumrapipun ingkang sampun pundhat pambayaranipun, inggih kaagêma paring pambayaran apêsipun f 2,15 kangge waragad sowanipun W.S. kwartal I taun II, lan mugi èngêta W.S. No. 1 taun II, panyithak kula badhe kula cumpi, miturut kathahipun ingkang têtêp pambayaranipun sarta ingkang botên damêl kapitunèn, awit saking punika sadèrèngipun tanggal 15 wulan Dhesèmbêr punika mugi sampun sami kaparingakên (lakhaola wala – kuwwata illa illa[3] – hilngaliyil ngalim ).

Wisesa sarta juru citra.

Priya lan Wanodya.

Priya lan wanodya têtela kêdah sami majêng sêsarêngan, sarta sanadyana êmpanipun wontên bedanipun sawatawis, nanging ing salêbêting batos kêdah sami kagungn[4] raos sami-sami, awit [a...]

--- 161 ---

[...wit] kalih-kalihipun sami titahing Allah, sami umatipun rasullullah, ugi sami putra wayah Adam lan Khawa, saha inggih sami kasinungan budi, mila priya lan wanodya nun inggih sami kadhawuhakên gêsang sêsarêngan, ngrekadaya tata têntrêming jagad, ambudi kamajênganing bawana, lampahipun sarana wêngku-winêngku, jagi-jinagi, samad-sinamadan, tulung-tinulung tuwin sasaminipun prakawis ingkang pancèn lêrês lan sae. Lêpat sangêt priya ingkang ngrèmèhakên dhatêng wanodya, ugi botên lêrês sangêt wanodya ingkang nyapèlèkakên dhatêng priya, ing Kuran, surat Kujurat, ayat 11 sampun andhawuhakên makatên: hèh wong mukmin kabèh, padha dieling, sawijine golongan padha uga lanang utawa wadon aja ana ngrèmèhake marang golongan liyane, awit golongan kang dianggêp rèmèh, iku tarkadhang luwih bêcik tinimbang golongan kang ngrèmèhake.

Dhawuhing Pangeran ing nginggil punika wajib kula èstokakên, jalaran pancèn lêrês sayêktos, sarta upami kula sadaya sami sagêd nêtêpi dhawuh wau, sampun tamtu kula sadaya lajêng sagêd nêtêpi kuwajibanipun piyambak-piyambak, inggih punika wajib mêngku dhatêng rabinipun utawi dhatêng para èstri kalayan lêrês sae (S. 4. A. 23.) sarta èstri ugi winajibakên bêkti ing laki inggih kalayan lêrês sae (S. 2.

--- 162 ---

A. 228) bilih kita sampun sami sagêd nêtêpi kuwajiban kasêbut nginggil, mêsthi gêsang kula sadaya masthi tambah têntrêm sarta sênêng.

Kajawi punika sêrat kabar K.P. ăngka 47, katitimasan kaping: 27-9-23. ngêwrat pawartos saking sajawining Indiya Nèdêrlan, kula pêthik ing ngriki bokmanawi wontên paedahipun, kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Wanodya lan Agama Islam.

Ing nagari Bombai (Bombay mêntas wontên parêpatan agêng kangge para èstri, dipun pangarsani dening Nationaliste ingkang misuwur, nyonyah Naidho (Naidu) tuwin Dr. Hatichlewe sami mêdharakên sabda prakawis para èstri lan agama Islam, pamanggihipun juru sabda: Dr. Katichlewe:

Agama Islam ngudi sangêt supados jalêr èstri sagêd sami sami. 1. Kala jaman rumiyin tiyang Islam jalêr èstri yèn pinuju wontên paprangan sami gêgandhengan, 2. manawi têtiyang Islam ningkahan (salakirabi) sami-sami prajanjianipun (jalêr kêdah mêngku sae, èstri wajib bêkti ing laki), 3. gana gini utawi warisan para èstri ugi sagêd angsal bagean (S. 4. A. 8.) punika ing liya agama botên wontên, 4. para èstri kêdah wajib angsal pangajaran (Ondêrwijs) ingkang sampurna, awit inggih namung pangajaran wau ingkang

--- 163-166] [5]

--- 167 ---

ka botên ngambah ing jaman majêng, nanging kita mênangi jaman anèh, ingyang[6] kumêcêr sangêt cara Walandi, mandar kathah ingkang korup ngantos ical sipating Jawi. Lho, mangke ta, mangke, ingkang dipun tiru punika punapa cara Walandi (Westersche beschaving) sayêktos? Mangke gèk godhongan. Sadaya wau kêdah katimbang rumiyin, mundhuta buku:

1e. Buku Tata Cara, karanganipun: Ki Padmasusastra. Sarta

2e. Beleefde vormen en manieren mundhuta ing Van Dorp lajêng katimbanga, punapa buku Tata Cara, isinipun tumrap jaman sapunika tiyang Jawi taksih anindakakên, punapa sampun sirna tanpa lari. Lajêng kosokwangsulipun, buku Beleefde vormen en manieren katimbanga, kadospundi tumindakipun ing tanah Jawi.

Manungsa kadunungan ruwêt rêntêng, sirnaning ruwêt rêntêng bilih kasaring, saringan wau mêndhêt saking pêtêng tuwin padhang. Tiyang jaman sapunika karêmanipun balapan, pratelanipun:

Sing sapa wasis caturan, rumangsane: mênang,

sing sapa pambêngoke bantêr, rumangsane: mênang,

sing sapa pintêr ngerang-erang, rumangsane: mênang.

Makatên salajêngipun, lho, kok botên dipun manah manawi makatên punika adamêl sêrik. Sadaya kawruh punika lumêbêt ing balung sungsum, manawi sampun mirêngakên tuwin anglampahi. Upami kula damêl gêgubahan bab gadhah anak,

--- 168 ---

anggulawênthah sapiturutipun, kula kêdah sampun anglampahi piyambak, sarta kaping kalihipun ningali mrika-mriki sokur angsal 100 punapa 1000 tuladan, sawêg nyêpêng pèn, salêbêting nyêrat anggagasa, tuwin katindakna tata krama (tata krama iku ngêdohakên panyêndhu) bilih têmbungipun saru mugi kaparênga angewahi, sampun lajêng antêm krama kemawon, harak dèrèng andhahar pangajaran manawi makatên. Upami kula mirêng ungêling pêksi pêrkutut, thithit thuit, kasêrata: hur kêtêkung. enz.

Lairipun W.S. o, kula matur suka sukur, jalaran masthi badhe tansah sagêd anjêmbarakên kawruh kula. Ananging kula gadhah panyuwun, mugi kaparênga nyumbang gêgubahan ingkang prayogi, dene sumbangan kula ingkang botên prayogi sampun kawêdalakên. Mèh supe, jêjêring wanita utama. Băngsa alus wêdaling pamicara inggih alus, jalaran kula ajrih manawi dipun pamèri waja kasungging ing mas utawi barleyan enz para maos sarta pangripta W.S. mugi karsaa ambiyantu, nuhoni sêdya. Liripun: sêdya utama (rahayu) mugi amijènana barang sae, amêncarna wiji utami. Sampun aminihi barang ingkang botên munfangati.

Surabaya, surya kaping: 31 Agustus 1923.

R A Harjawahana.

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

 


Brêmara wilasita. (kembali)
§ Awit saking punika juru citraning W.S. angajêng-ajêng para lêngganan sadaya supados sami kaparêng mundhut tapsir Kuran jus 4-6-7 sarta 8. Karanganipun Bagus Ngarfah, tapsir Kuran punika lowung sangêt kangge para sadhèrèk kita băngsa Jawi ingkang botên mangêrtos têmbung Arab, amargi tapsir Kuran ing nginggil wau kasêrat: sasisih sastra Arab dêlêgipun Kuran, sasisihipun Sastra Jawi makna sarta têgêsipun 1 jus rêgi f 0,70. P. P. W.S. (kembali)
billa. (kembali)
kagungan. (kembali)
Halaman 163-166 hilang. (kembali)
ingkang. (kembali)