Wara Susila No. 6.

Tuwanggan[1] bab agami "Para ahlul 'ngilmi" ing Surakarta.

Pêmbantu ingkang têtêp, pangrèhing M.D. Wanita Sêdya Rahayu ing Surakarta.

Kawruh iku ajine angungkuli rajabrana.

Awit ingkang asma Allah Kang Maha Murah tur Maha Asih.

Urun Pamanggih.

Sadhengah titahing Gusti Allah, ingkang kasăngga ing bantala, kaungkulan ing akasa, punika sadaya apês, tandhanipun sagêd ewah gingsir, botên wontên satunggal kemawon ingkang langgêng, tiyang sugih sagêd malarat, tiyang malarat sagêd sugih, tiyang luhur sagêd asor, tiyang asor sagêd luhur. Tiyang pintêr sagêd bodho sanalika, yèn kanging[2] sabab, tiyang bodho sagêd pintêr yèn angsal kamirahaning Gusti Allah, makatên sapiturutipun, inggih punika mratandhani yèn sadaya punika asipat apês, mila manawi wontên tiyang wicantên: wong wêdok iku apês duwèke, punika pamanggih kula botên ngamungakên tiyang èstri kemawon ingkang

--- 106 ---

apês,[3] tăndha sêksi kados ing nginggil wau. Kosokwangsulipun apês punika kuwasa (kuwaos) dene ingkang kuwaos punika namung satunggal, inggih punika Gusti Allah.

Paribasan: wong wedok iku swarga nunut, naraka katut,[4] punika ing agami kita Islam botên wontên pranatan makatên, awit saupami kita èstri têtêp nama kawula ingkang cêkap nunut gampil katut, sampun tamtu botên dipun dhawuhi dening Gusti Allah nglampahi ngamal lan ngèlmu kabagusan kados ingkang sampun kasêbut ing Kuran, awit tiyang èstri badhea sae dipun kados punapa, benjing yèn ingkang jalêr kacêmplung naraka, inggih lajêng katut mak byur..., ngamalipun kabagusan sirna ênting dening katut awoning ingkang jalêr, yèn makatên: Gusti Allah botên ngadil, măngka manusa kemawon, ingkang sampun jêmbar jajahanipun saha

--- 107 ---

luhur ngèlmunipun sampun masthi katitipan ngadil, punapa malih Gusti Allah, saya ngadil kaping cacah salumahing bumi. Kosokwangsulipun manawi ingkang jalêr minggah suwarga, sanajan rumiyin ingkang èstri mursal, nasar, ambêlasar, mulang[5] sarak, ambêrung brêkunung, sarêng ingkang jalêr minggah suwarga, lajêng kaparêng nunut, katingal agêng lan mongkog manahipun, dhangah-dhangah sumringah kados yèn rêsèpsi kalihan băngsa Walandi. Adhuh kok eca, sajakipun Gusti Allah kok kenging dipun balithuk, manusa kemawon manawi pintêr botên kenging, punapa malih Gusti Allah yèn kenginga.

Ing Kuran wontên dhawuh ingkang suraosipun makatên: manusa anggone munggah suwarga iku manut ngamale dhewe.[6]

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, salaminipun gêsang, kita punika wontên ingkang nitipriksa mênggah sadaya krêntêg kita, ingkang kalair miwah ingkang kabatos. Inggih ingkang nitipriksa punika malaekat kalih ingkang minăngka dados juru sêratipun Gusti Allah, nama: malaekat Ngatit saha Rakib, malaekat kêkalih wau ingkang nyêrati sadaya ebah mosiking manungsa awon sae. Tumrap malaekat Ngatit ingkang nyêrati klakuan awon, malaekat Rakib nyêrati klakuan [kla...]

--- 108 ---

[...kuan] sae, dene juru sêrat kêkalih punika langkung titi, langkung gêmêt, botên wontên ingkang kècèr sarambut pinara sasra. Benjing ing dintên kiyamat para manungsa punika kapriksa wontên ing pangayunaning Pangeran (Gusti Allah). Kita sadaya sami kaparingan bèndhêlan buku kêkalih saking malaekat wau, kadosdene raporêt, ing ngriku panggenan pangadilan jêjêg (botên sagêd goroh) saha botên mawang jalêr èstri, punapadene băngsa luhur utawi tiyang alit, sintên ingkang lêlabêtanipun nalika wontên ing donya awon, inggih tampi paukuman (siksa, kacêmplungakên ing naraka) ingkang sae lêlabêtanipun wontên ing donya, angsal ganjaran (minggah suwarga), dene siksa utawi ganjaran punika botên sami, ingkang langkung awon, inggih masthi langkung awrat, sarta langkung rêkaos siksanipun, kosokwangsulipun ingkang langkung sae lêlabêtanipun, inggih masthi langkung sakeca suwarganipun.[7]

Wusana walahuaklam.

Wassalam, pun Sukati M. N. SOLO.

--- 109 ---

Rêmbagan I. Bab Kinang (Gantèn).

Sambêtipun W.S. No. 3.

In. : O Allah! Dhik dhik[8] lha wong nyawang, kok milih ingkang sajak kasait kêsait. Mêsthi mawon, nyawang ngiwa igah[9] sae. Nyawang nêngên saya sênêng. Yèn kula, milih ingkang botên kasait. Enggal mangke kula sarêngan ing sêpur, satunggiling wanita anglaras kaum mudha, nanging sajak botên kasait. Botên anggantèn, tanpa sisig. Sinarêng botên kasait, untunipun awis kasrambah sikat, ambêgadhul. Jêne botên jêne, pêthak botên mulus. Lambenipun biru ambêkêcu, polatanipun katingal payus. Ababipun sampun mêsthi .... yèn kêtanggor kados makatên punika, harak luwung anggantèn, [anggantè...]

--- 110 ---

[...n,] gudhalipun untu radi katutupan labêting kinang. Sarta gandaning abab abêr dening gandaning kinang. Dèn Suharti! Lha kok andongong kemawon. Bok urun rêmbug, ta.

St. : Tobat tobat, Bu Is! Lêkas nyacat, nganti mandhês timên, hla witikna tiyang nginang ingkang botên rêsikan, imbêt botên kasait, hi! Untunipun ambêgadhêg, botên abrit, botên pêthak, botên cêmêng, dede jambon, sasêlaning untu sami isi abên-abênipun kinang, wujud mênapa? Nyumanggakakên, anggèning mangangge sarta gêgriya rekanipun inggih radi niru caranipun tiyang sapunika (pêthak-pêthakan) nanging rèhning rêmên nginang wahna botên rêsikan, sadaya bêkakasipun ingkang dhasar pêthak, lajêng botên sagêd ulês mulus pêthak, nanging pating calorèh, pating balêntong dening adon-adoning gambir lan apu, dalah tembok saha cagakipun katingal wontên tabêtipun dariji. Ing gêdhèg-gêdhèg pating salêmpit kangge simpênan susur. Limrahipun tiyang ingkang sampun nagih kinang, sabên badhe mapan tilêm, sampun namtokakên mamah kinang rumiyin, kaêmut têrus tilêm. Kocapa sarêng injingipun, wujuding kawal bantalipun, adhuh, kadosdene gambar jagad, dening ilêr nalika tilêm [ti...]

--- 111 ---

[...lêm] kapatos, wungu sare gandaning tutuk sampun tamdu[10] langkung wangi têmpolong. Langkung malih jaman kêncêng-kêncêngipun parintah pambrêsihan griya. Pintên-pintên têtitiyang[11] ingkang kapêksa sowan ing langhrèh, margi saking simpênan susur-susur ingkang pating salêmpit, cobi sami kamanaha! Harak prayogi nyuwak gantèn, ta!

S.m. : Yèn kasuwak sayêktosipun radi eman. Margi awon-awoning kinang punika, mênggah ing nalar wontan[12] mêthukipun[13] dados jêjampi, jalaran punika kadadosan saking barang ingkang gadhah raos pait, sarta gadhah daya bêntèr. Dados sagêd ugi nulak ing sêsakiting untu, ingkang awujud bahsil, utawi êrah awon, sarta malih sampun kenging dipun yêktosi têtiyang kina ingkang nglêgotakakên nginang, saha sisig, awis ingkang katrajang sakit untu. Hla! Sapunika suwawi dipun rampungi, kadospundi mufakatipun, punapa prayogi kasuwak, punapa kêdah dipun lampahakên? Dèn Suharti, kadospundi pêputusanipun, kula amung badhe ngêmum.

S.t. : Panimbang kula prayogi kasuwak. Dene wêwaton kula panyuwak wau makatên:

a. Nyanyuda ing tadhah, awit tadhahipun kinang punika botên sakêdhik. Punapa malih ing măngsa awis sêdhah, sarta [sar...]

--- 112 ---

[...ta] manawi ngangge sata eca, ing dalêm sadintên botên cêkap 15 sèn.

b. nginang punika radi abakah kalihan prentahing agami kita Islam, sarta ugi damêl rêkaosipun sêmbahyang tuwin siyam, awit:

I. Khadis dhawuh dalêm gusti kangjêng nabi, mardi sangêt supados kita muslimin jalêr èstri, anêngênakên sangêt dhumatêng siwag (asikat untu) ingkang ngantos untu saha salêbêting cangkêm kita: ajêng rêsik, sarta botên anggănda botên eca. Tiyang ingkang rêmên anginang, utawi sisig, sampun masthi botên sagêd angèstokakên ing dhawuhing khadis punika.

II. Idunipun tiyang ingkang mêntas nginang, sampun tamtu kacampuran ing dubang. Dados sabên badhe sêmbahyang, utawi badhe imsak siyam, ing wanci fajar, sampun tamtu wajib kêdah kêkêmu ingkang ngantos marambah-rambah, ngantos rêsik sangêt. Awit upami kirang rêsik anggènipun kêkêmu (taksih ngêmut dubang) ing măngka idu wau ing salêbêting sêmbahyang, utawi sasampuning fajar (tumrap tiyang siyam) lajêng kaulu, sampun tamtu sêmbahyang, utawi siyamipun, dados batal (jugar) margi kalêbêtan idu ingkang kaworan jasad sanès (dubang).

--- 113 ---

III. Mênggah ing khukum agami, nêdha siti (ampo) punika kalêbêt kharam (awisan). Ing măngka tiyang nginang sampun tamtu mawi apu (ênjêt) ingkang punika ugi bangsaning siti (lêmah), mila botên têbih upami nginang punika inggih kharam, kakiyasakên nêdha ampo.

Ing mangke sintên ingkang badhe dhebat rêmbag kula punika sêdhèrèk?

I.n. : Katrangan a. b. tuwin I. II. kula mufakat. Nanging kharaming nêdha apu, kula dèrèng gonah. Cobi dèn Suharti, punika mêndhêt waton saking kitab punapa? Yèn sampun têrang saking kitab-kitab, sampun têmtu kula lajêng pro.

S.t. : We lha, Bu Martini, andadak angèl-angèlan. Bab watonipun punika botên kenging kadadak. Cobi sanès dintên kula takèn mênir. Yèn sampun angsal katrangan, mangke kula bêktanipun ing papan pakêmpalan ngriki malih.[14] Sapunika sampun dalu, suwawi sami tilêm, benjing enjing mindhak karipan.

Panyuwunipun rêdaksi, dhatêng ingkang sami manjurung, sadaya panjurung kaparlokna kasêrat namung kalih pratiganing kaca, amargi ingkang sapratigan kangge anjagèni manawi wontên kapêrluanipun rêdhaksi. P. P.

--- 114 ---

Birul walidaèni.

(Kadospundi dununging pangabêkti dhatêng tiyang sêpuh kêkalih?)

Sambêtipun W.S. No. 5.

Ing bawah afdl. Nganjuk sampun sawatawis wulan punika, wontên satunggiling prayantun, Ast: wadana, ingkang kagolong cêkap (sugih), putranipun namung satunggal, putri, dhasar kagolong indah ing warni. Wiwit alit sang putri wau sampun kalêbêtakên ing pawiyatan Walandi, kasêmbuh rama ibu sami kasêmbadan mênggahing prabeyanipun. Dumugi yuswa 18 - 19 taun, sang putri sampun gêslah saking pamulangan Milo, hara ta harak pêngpêngan tênan ta! Gèk sintên kemawon ingkang botên kapengin dados sisihanipun, utawi katriman ing putri wau? Amila layak kemawon manawi lajêng wontên pintên-pintên sêrat lamaran ingkang katur ingkang rama. Tur lamaran wau botên wontên ingkang mêdal saking jalu timbre-timbre. Nanging apês-apêsipun saking tiknis. Rama ibunipun saklangkung kapengin sangêt, gèk kados punapa raosipun panggalih, yèn ingkang putra sampun lajêng pikantuk jodho ingkang sagêd timbang runtut. Saiba marêmipun. Nalika punika saking notoling panggalih, sêrat lamaran ingkang sampun dipun cocogi dening priyantun sakalihan, lajêng katawèkakên dhumatêng ingkang putra. Sarta dhawuh supados katampia. Wangsulanipun [Wangsu...]

--- 115 ---

[...lanipun] sang putri kanthi anjêngèk, nyêrik-nyêrikakên:

Bapak ibu! Kula punika sapunika sampun tiyang sêpuh sampun gadhah kawruh kathah. Dados sampun oncat saking panggalihan panjênêngan. Rumiyin kala taksih alit, dhasar putra panjênêngan, nanging sarêng sapunika kula sampun ngumur, sampun pintêr, sampun lajêng sanès putra. Mila prakawis jodho kula, dede pikiranipun tiyang sêpuh (panjênêngan-panjênêngan) nanging ingkang utami kula pados piyambak kemawon. Dados sagêd cocog yêktos kalihan nênging pamanahan kula (ingkang mêsthi nglampahi). Mungêl makatên wau kalihan dandos. Rampung anggènipun dandos, lajêng mak prut, pados pandamêlan ing birao S.S. pangapuntên salajêngipun.[15]

Kocapa, ingkang katilar, kados punapa kemawon raosing panggalihipun. Harak tansah kadosdene dipun obori latu.

Mila pamanggih kula, langkung parlu sangêt, ajênging sadhèrèk kula wanita punika: kêdah mawi lêlambaran pranatan agami. Amargi wanita kasêbut ing nginggil punika, saupami mangrêtosa agami, sarta purun angèstokakên, sampun tamtu botên badhe purun murang sarak ingkang makatên wau.

Wassalam. R. Suharti, Sragèn.

--- 116 ---

Tekadipun Wanita ingkang Klèntu.

Sambêtipun W.S. No. 4.

Têrkadhang wontên malih, putrinipun saking H.I.S. klas 7 kakungipun saking sêkolahan ăngka II ugi. Sêkalihan wau tindak dhatêng pêkên, sarêng mèh dumugi korining pêkên, putrinipun ngandika makatên: ora pêrlu mas mèlu aku mlêbu pasar, tunggua kene bae. Ora, jêng, aku arêp mèlu. Ana apa, ta, mas, thik parlu mèlu. Ana gawene, jêng-jêng. Aku rak wis kăndha, ta, aja mèlu. Apa arêp nêmoni sobate kênthêl, nèk kaya ngono aku wurung têtuku, ora mangan ritèk mêngko. Kakungipun thêngêr-thêngêr kèndêl kemawon, sarêng sampun purun kantun putrinipun malêbêt pêkên kanthi birai solah-bawanipun, sakêdhap sakêdhap, anggigit lathi. Pramila priyantun putri malêbêt pêkên, botên kêrsa tindak kalihan kakungipun, awit kakungipun ragi sêpuh yuswanipun, utawi ing pêkên kathah para jêjaka ingkang sami mundhut rokok, dados pênggalihipun wanita ingkang klintu wau kagungan pênggalih lingsêm awit kenging dayaning jaka-jaka ingkang macak gajah utawi gasiyus, dene anggènipun nilar kakungipun wau, supados kanyana dening para jaka, mênawi awakipun punika sanès garwanipun priyantun kakung wau, lan malih supados kanyana yèn awakipun punika taksih

--- 117 ---

lêgan. Putri wau sasampunipun balănja, pêpundhutanipun katitipakên tiyang sade klobot ingkang kathah jakanipun, sasampunipun lajêng murugi kakungipun sarwi ngêndika makatên: mas, têtukonku gawanên ya mas, ayo mèlua aku. Sêsampunipun têtumbasan kaangkat kakungipun ragi kèthèr utawi ragi ribêd, putri wau ragi kirang sêrantos, têmahan lajêng ngêndika cara Wêlandi mawi dipun mirêng-mirêngakên para jaka wau Ayo, dan! Beetje vlugger asjzblieft! En zoo gauw op. sêsampunipun kaangkat, putrinipun lembehan sasakecanipun, ingkang kakung turut wingking sarta ambopong têtumbasan, bilih kakungipun badhe anjèjèri, putrinipun rêrikatan, lajêng nitih dhokar têrus kundur ing dalêmipun, yèn sampun masak-masak kakungipun kapurih ngrencangi, yèn botên kalêrêsan marentahipun lajêng marêngut, têrkadhang yèn sulaya purun mara tangan.

Lah makatên ragi kirang prayoginipun manawi wanita ngantos anêrjang kados makatên, mêsakakên kakungipun, punapa botên makatên kangjêng ibu.[16] Suwawi, ta, mugi kagalih. Para wanita masih kathah ingkang dèrèng ngajèni kakungipun.

Wasana sêdaya atur kawula, para maos kêrsaa paring pangapuntên. Kakarang dening kawula tiyang mardika.

Wara Kusdiyah. Malang.

--- 118 ---

Gagasan.

Awit saking kiranging kasagêdan, ing sadèrèngipun kula ngaturakên punapa ingkang dados pikajêngan kula, langkung rumiyin manawi wontên têtêmbungan ingkang klintu kula nyuwun gunging pangaksama dhumatêng para maos.

Para maos masthinipun badhe botên kakilapan, tumrap kawontênanipun margi-margi ing jaman rumiyin, sadaya katingalipun langkung awon tinimbang ing wêkdal punika (sapunika langkung sae tinimbang kala rumiyin) makatên punika punapa sababipun, saking pangintên kula, manawi botên kalintu bab punika ingkang dados sababipun botên sanès namung:

1. Saking pamarsudinipun ingkang ngatur, inggih punika ingkang ngatur saya dangu saya mangêrtos, ingkang dipun atur mindhak saya sae.[17]

--- 119 ---

2. Saking kathahipun ingkang ngambah utawi nglangkungi, punika sampun masthi, tumrap margi punapa kemawon, sanadyan margi rajakaya (lurung) manawi asring dipun dandosi saha asring dipun ambah, ugi saya sae kanggenipun ingkang ngambah.[18]

Ing sarèhning sampun têrang bab kawontênanipun margi-margi ingkang kula aturakên ing nginggil. Makatên ugi bab gagasaning manungsa, manawi asring pikantuk pitêdah saha asring kangge anggagas, saya lami inggih saya ngrêtos bab ingkang dipun gagas lan ingkang dipun têdahakên. Amargi saking punika sangêt ing panyuwun kula dhatêng panjênênganipun para pangripta, mugi panjênênganipun karsaa benjing ing taun 1924, punika ngêdalakên Wara Susila, ing sabên minggu, botênipun inggih ing dalêm sêdasa dintên sapisan, supados enggala sumorotipun Wara Susila dhatêng sadhèrèk kula para wanita, ing saupami panyuwun [pa...]

--- 120 ---

[...nyuwun] kula punika kalêksanan, saiba bingahing manah kula ingkang tanpa upami.[19]

Kajawi saking punika, ing sarèhning sadhèrèk kula para wanita punika racakipun botên sinau ing pamulangan ingkang inggil, mila saking atur panyuwun kula, mugi kaparênga panjênênganipun pangriptaning: W.S. karangan-karangan punika botên dipun sêkarakên, sukur manawi karangan ingkang dipun sêkarakên punika dipun têrangakên têgêsipun, satunggal-tunggalipun têmbung, awit ing pamulangan limrahipun botên dipun wulang têmbung Kawi.[20]

Pun lare bodho, Rusmani. Cêpu.

--- 121 ---

23 Sapar 1853 (1341) taun: 1, 5 Oktobêr 1923.

Tuwan (Pangeran) mugi nêdahakên kita ing margi ingkang lêrês.

Pangripta Pangarsa S. HADIWIJATA.

Para Pangripta Rini SOEKATI, SOEKARMI, MISS. SADJIJAH, Soeparmini S. H. W.

Wissa[21] sarta Jurucitra Ab. Siti Sjamsijah.


Tuwanggana (dan di tempat lain) (kembali)
Tuwanggana (dan di tempat lain)
kenging (kembali)
kenging
§ Kasinggihan pangandikanipun bok ayu, nanging samubarangipun tiyang èstri punika pancèn tinitahakên kaot sadrajat kalihan tiyang jalêr mila tiyang-tiyang è[èstri] manawi nêdha hak kadosdene hak-hakipun tiyang jalêr, saèstunipun inggih kirang mungguh margi lajêng nama nêdha ingkang dede lêrêsipun. (kembali)
§ Kasinggihan pangandikanipun bok ayu, nanging samubarangipun tiyang èstri punika pancèn tinitahakên kaot sadrajat kalihan tiyang jalêr mila tiyang-tiyang è[èstri] manawi nêdha hak kadosdene hak-hakipun tiyang jalêr, saèstunipun inggih kirang mungguh margi lajêng nama nêdha ingkang dede lêrêsipun.
§ Punika paribasan ing donya kemawon, kangge upaminipun makatên, tiyang èstri karabi tiyang jalêr lajêng dados priyantun, punika tiyang èstri lajêng: suwarga nunut, kosokwangsulipun manawi tiyang èstri ingkang jalêr dados priyantun lajêng kaundur utawi kapocot kapriyantunanipun, punika tiyang èstri lajêng nama: naraka katut. Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Punika paribasan ing donya kemawon, kangge upaminipun makatên, tiyang èstri karabi tiyang jalêr lajêng dados priyantun, punika tiyang èstri lajêng: suwarga nunut, kosokwangsulipun manawi tiyang èstri ingkang jalêr dados priyantun lajêng kaundur utawi kapocot kapriyantunanipun, punika tiyang èstri lajêng nama: naraka katut. Suparmini S. H. W.
murang (kembali)
murang
§ Dados kacêmplungipun naraka inggih saking awoning ngamalipun. Sup. S. H. W. (kembali)
§ Dados kacêmplungipun naraka inggih saking awoning ngamalipun. Sup. S. H. W.
§ Tumrap tiyang ingkang kadunungan iman, manawi ngèngêti wontênipun juru sêratipun Pangeran malaekat kêkalih ingkang kapatah nyathêti kalakuanipun manungsa, makatên malih bèndhêlan sastra cêtha ingkang ing benjing minăngka saksi mursid dhatêng satunggal-tunggalipun manungsa sasampunipun dintên kiyamat ingkang ing ngriku badhe wontên pangadilan gaib saking ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung piyambak, saèstu lajêng [la...]
--- 109 ---
[...jêng] saya ngatos-atos sangêt gêsangipun, wasana ing manah masthi gadhah raos, bilih kêdah namung sumarah bêkti ambangun turut dhatêng dhawuh parentahipun Pangeran dalah utusanipun. Nanging tumrapipun tiyang ingkang lacut utawi botên kadunungan iman, wontên pêpèngêt kados makatên wau masthi malah namung anggêgujêng, amargi pangucapipun makatên: besuk sapa sing wêruh, cobi kula aturi ngyêktosi, tiyang ingkang gadhah pangucap makatên wau masthi têbih sangêt purun bêkti dhatêng Pangeran sarta ambangun turut dhatêng paprentahaning agaminipun, amargi ing manah kothong botên wontên imanipun prakawis akirat (dintên kiyamat utawi dintên piwalês). Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Tumrap tiyang ingkang kadunungan iman, manawi ngèngêti wontênipun juru sêratipun Pangeran malaekat kêkalih ingkang kapatah nyathêti kalakuanipun manungsa, makatên malih bèndhêlan sastra cêtha ingkang ing benjing minăngka saksi mursid dhatêng satunggal-tunggalipun manungsa sasampunipun dintên kiyamat ingkang ing ngriku badhe wontên pangadilan gaib saking ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung piyambak, saèstu lajêng [la...]
--- 109 ---
[...jêng] saya ngatos-atos sangêt gêsangipun, wasana ing manah masthi gadhah raos, bilih kêdah namung sumarah bêkti ambangun turut dhatêng dhawuh parentahipun Pangeran dalah utusanipun. Nanging tumrapipun tiyang ingkang lacut utawi botên kadunungan iman, wontên pêpèngêt kados makatên wau masthi malah namung anggêgujêng, amargi pangucapipun makatên: besuk sapa sing wêruh, cobi kula aturi ngyêktosi, tiyang ingkang gadhah pangucap makatên wau masthi têbih sangêt purun bêkti dhatêng Pangeran sarta ambangun turut dhatêng paprentahaning agaminipun, amargi ing manah kothong botên wontên imanipun prakawis akirat (dintên kiyamat utawi dintên piwalês). Suparmini S. H. W.
§ Kangge ing Surakarta ingkang kalimrah: dhi, manawi dipun dwilinggakakên inggih lajêng: dhi dhi. Sup, S. H. W. (kembali)
§ Kangge ing Surakarta ingkang kalimrah: dhi, manawi dipun dwilinggakakên inggih lajêng: dhi dhi. Sup, S. H. W.
inggih (kembali)
inggih
10 tamtu (kembali)
tamtu
11 têtiyang (kembali)
têtiyang
12 wontên (kembali)
wontên
13 mathukipun (kembali)
mathukipun
14 § Saèstu: inggih dèn rara, katranganipun saking mêniripun dèn rara, kula ajêng-ajêng sangêt. Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Saèstu: inggih dèn rara, katranganipun saking mêniripun dèn rara, kula ajêng-ajêng sangêt. Suparmini S. H. W.
15 § Bab punika ing wingking insya Allah badhe kula damêlakên wawasan ingkang tawis panjang. P. P. (kembali)
§ Bab punika ing wingking insya Allah badhe kula damêlakên wawasan ingkang tawis panjang. P. P.
16 § Inggih Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Inggih Suparmini S. H. W.
17 § Agami Islam (sirotal mustakim), punika inggih margi, margi dhatêng kawilujênganing kalanggêngan, tur sampun masthi lêrêsipun, dening iyasanipun Pangeran Ingkang Maha Kuwaos, sarta agami Islam punika manawi dipun lampahi, masthi dados karilanipun Pangeran, sarta dumugi ing ngayunanipun. Ewadene kawontênanipun têtiyang Islam ing tanah Jawi, ingkang kathah limrah sami dados cacadan, saking punapa, saking kirang marsudi utawi nêtêpi agaminipun, sarta ingkang nacad punika pancèn dèrèng sumêrêp dhatêng kakekating agami Islam. Dados tiyang nacad dhatêng agami Islam ingkang namung ningali kawontênaning tiyang ingkang anglampahi, punika kenging binasakakên: tiyang wuta maripatipun anênacad dhatêng barang ingkang kêdah sinatmata ing mripat. Ing măngka kakekatipun agami Islam punika sagêdipun kasumêrêpan kêdah kanthi paningaling manah, inggih punika anyumêrêpi pranatanipun [prana...]
--- 119 ---
[...tanipun] (ingkang kasêbut ing Kuran sarta kadis) kanthi suci sarta wêninging panggalih (ngakal) dados manawi dèrèng makatên, sampun karsa nacad dhatêng agami Islam, punika tăndha wuta paningaling manahipun. Amila sumăngga para sadhèrèk Islam sami nyumêrêpi sarta nêtêpi agami Islam kalihan samasthinipun. (kembali)
§ Agami Islam (sirotal mustakim), punika inggih margi, margi dhatêng kawilujênganing kalanggêngan, tur sampun masthi lêrêsipun, dening iyasanipun Pangeran Ingkang Maha Kuwaos, sarta agami Islam punika manawi dipun lampahi, masthi dados karilanipun Pangeran, sarta dumugi ing ngayunanipun. Ewadene kawontênanipun têtiyang Islam ing tanah Jawi, ingkang kathah limrah sami dados cacadan, saking punapa, saking kirang marsudi utawi nêtêpi agaminipun, sarta ingkang nacad punika pancèn dèrèng sumêrêp dhatêng kakekating agami Islam. Dados tiyang nacad dhatêng agami Islam ingkang namung ningali kawontênaning tiyang ingkang anglampahi, punika kenging binasakakên: tiyang wuta maripatipun anênacad dhatêng barang ingkang kêdah sinatmata ing mripat. Ing măngka kakekatipun agami Islam punika sagêdipun kasumêrêpan kêdah kanthi paningaling manah, inggih punika anyumêrêpi pranatanipun [prana...]
--- 119 ---
[...tanipun] (ingkang kasêbut ing Kuran sarta kadis) kanthi suci sarta wêninging panggalih (ngakal) dados manawi dèrèng makatên, sampun karsa nacad dhatêng agami Islam, punika tăndha wuta paningaling manahipun. Amila sumăngga para sadhèrèk Islam sami nyumêrêpi sarta nêtêpi agami Islam kalihan samasthinipun.
18 § Manawi têtiyang Islam punika anggènipun sami nêtêpi agaminipun kalihan samasthinipun, agami Islam masthi saya katingal mancorong tumrap ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng khakekatipun. Dados tiyang ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng khakekating agami Islam punika, sagêd ugi lajêng sêdya nyumêrêpi sarta nglampahi agami Islam, dening katarik kasaenaning têtiyang Islam ingkang sami kêncêng nêtêpi agaminipun, ingkang ugi sampun kenging winastan andandosi utawi ngambah margi- (agami) [(a...]
--- 120 ---
[...gami)] nipun kalihan samasthinipun, amila pêpuji kula para sadhèrèk Islam mugi sami sagêda nêtêpi agaminipun kalihan samasthinipun. (kembali)
§ Manawi têtiyang Islam punika anggènipun sami nêtêpi agaminipun kalihan samasthinipun, agami Islam masthi saya katingal mancorong tumrap ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng khakekatipun. Dados tiyang ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng khakekating agami Islam punika, sagêd ugi lajêng sêdya nyumêrêpi sarta nglampahi agami Islam, dening katarik kasaenaning têtiyang Islam ingkang sami kêncêng nêtêpi agaminipun, ingkang ugi sampun kenging winastan andandosi utawi ngambah margi- (agami) [(a...]
--- 120 ---
[...gami)] nipun kalihan samasthinipun, amila pêpuji kula para sadhèrèk Islam mugi sami sagêda nêtêpi agaminipun kalihan samasthinipun.
19 § Panêdhanipun adhi punika ing mangke inggih kula mupakatakên dhatêng para lêngganan W.S. zie ing wastra rangkêpan ingkang kawitan. (kembali)
§ Panêdhanipun adhi punika ing mangke inggih kula mupakatakên dhatêng para lêngganan W.S. zie ing wastra rangkêpan ingkang kawitan.
20 § Bab punika sarèhning sêrat Uni Mumpuni, Mardiatma, sarta Pitutur Jati (maongidotul kak), nama sampun dados karangan ingkang kasêkarakên macapat, sarta sampun nama kapacak ing W.S. dados inggih kula lajêngakên. Ewadene sasagêd-sagêd badhe kula rêksa sarana kula rampingakên sawatawis, supados sampun ngantos wontên têmbungipun Kawi ingkang angèl sangêt. Amargi kula piyambak manawi nyuraos sêrat sêsêkaran utawi ngarang piyambak, ingkang kathah Kawinipun botên kalimrah kangge, punika inggih botên rêmên. Namung kemawon papèngêt kula dhatêng pun adhi, mugi sampun cuwa, amargi manawi sampun kulina, sêlot-sêlotipun masthi malah têrang sangêt nyuraos karangan ingkang mawi kasêkarakên tanpa mawi têmbung-têmbung Kawi ingkang angèl punika. P. P. (kembali)
§ Bab punika sarèhning sêrat Uni Mumpuni, Mardiatma, sarta Pitutur Jati (maongidotul kak), nama sampun dados karangan ingkang kasêkarakên macapat, sarta sampun nama kapacak ing W.S. dados inggih kula lajêngakên. Ewadene sasagêd-sagêd badhe kula rêksa sarana kula rampingakên sawatawis, supados sampun ngantos wontên têmbungipun Kawi ingkang angèl sangêt. Amargi kula piyambak manawi nyuraos sêrat sêsêkaran utawi ngarang piyambak, ingkang kathah Kawinipun botên kalimrah kangge, punika inggih botên rêmên. Namung kemawon papèngêt kula dhatêng pun adhi, mugi sampun cuwa, amargi manawi sampun kulina, sêlot-sêlotipun masthi malah têrang sangêt nyuraos karangan ingkang mawi kasêkarakên tanpa mawi têmbung-têmbung Kawi ingkang angèl punika. P. P.
21 Wisesa (kembali)
Wisesa