Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 066–099)

Judul
Sambungan
1. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 001–034). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 034–066). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 066–099). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 099–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 132–165). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 165–198). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 198–231). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 231–264). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 264–297). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sasampunipun Sang Feizi angapalakên rapalan wau mawi lugunipun têmbung Sanskrit, lajêng ndangu dhatêng Sang Siddha: "Punapa lêrês makatên, punapa taksih wontên lêpat kula."

Sang Siddha ragi rangu-rangu ing galih anggènipun badhe amangsuli, ananging sarêng nyawang gurunipun, Sang Kulluka, ingkang mèsêm anganthuki, sawêg amangsuli tatag kanthi pantês: "Lêpatipun namung sawatawis, malah namung sapele kemawon." Sang Siddha lajêng mangsuli ngapalakên rapal wau ing larikan ingkang kantun piyambak kalihan nglêrêsakên kêdaling pakêcapanipun satunggal têmbung ingkang kaanggêp taksih lêpat.

Sang Feizi amangsuli kanthi bingahing galih: "Yèn makatên kula inggih sampun ragi lêga, suwawi sampeyan inggih kula aturi ngandikakakên apalan Bhartrihari kula mirêngakên, sawatawis sampeyan rak inggih tamtu wontên ingkang apil ta."

Sang Siddha kèndêl ngèngêt-èngêt sakêdhap lajêng ngapalakên mawi têmbung Sanskrit, jawinipun:

Sakèhe kang urip,
iku nganggo lair,
nanging sanyatane kang lair,
iku kang mung ninggal jênêng,
marang turune ing akir.

--- 67 ---

Sang Feizi nuntên ngandika kalihan gumujêng: "Ha, ha, yèn makatên sampeyan wontên ing Kacmir kajawi basa Sanskrit inggih sinau sanèsipun malih, malah sampun ragi majêng dhatêng kawruh pangonggrong."

Sang Siddha nyuwun priksa: "Pangonggrong kadospundi, punapa asma paduka sarta asmanipun raka paduka Sang Abul Fazl ingkang sampun kawêntar ngantos dumugi panggenan ingkang têbih-têbih ing Indhustan, sarta tamtu kemawon inggih dumugi ing panggenan ingkang têbih-têbih ing Pèrsi turun-tumurun badhe dipun supèkakên, utawi botên dipun aji-aji dening turun kita ing têmbe."

Sang Feizi ngandika malih: "Inggih, punika botên gampil kasupènipun, sanadyan botên ngantos tumrap ing tindaking pakartinipun, ananging ingkang tamtu tumraping pandamêlanipun ingkang botên sagêd sirna, kadosdene pandamêlipun Sêrat Akbar-Namêh, ing sêrat punika kakang mas nyorahakên babading paprentahanipun Sang Ratu Agung Akbar, punika benjing lajêng dados buku. Pandamêlan sarta kadhungsangan kula ical kemawon yèn kasamèkakên kalihan pandamêlipun sêrat wau. Namung sakêdhik, sarêng kula maos sêrat wau, kakang mas nate kula èngêtakên, bilih pangalêmbananipun dhatêng Sang Nata Akbar ragi kêsangêtên, awit sang nata taksih kalêbêt sipating manungsa, ingkang ugi kadunungan cacad kados bangsaning manungsa sanèsipun, awit saking punika, ing têmbenipun kakang mas sagêd gampil angsalipun corah dening winastan ilon-ilonên, utawi malih malah dipun wastani angonggrong sang nata. Ananging kakangmas botên karsa nggêga atur kula, anyuda pangalêmipun dhatêng Sang Prabu Akbar, wangsulanipun dhatêng kula: "Yèn aku ora kêna ngandhakake apa anane pamikirku mungguh kaanane sang nata, kang dak anggêp luwih saka ratuku, yaiku kang mbêciki aku, sarta mitraku kang tuhu sêtya, luwih bêcik buku kabèh mau daklêbokake ing gêni bae."

Sang Feizi nuntên ngandika malih: "Awit saking punika samangke sampeyan mangêrtos yèn ingatasing buku wau sampun botên kathah-kathah ingkang karêmbag, punapa malih tiyang sagêd angyêktosi dhatêng Sang Nata Akbar, bilih pangalêmbananing mitranipun ingkang sakalangkung pinitados, tumraping sang nata, sanadyan botên kapangandikakakên, inggih badhe rêna ing galihipun."

Sasampunipun kèndêl botên pocapan sawatawis, Sang Siddha nuntên ngandika: "Dhuh Sang Minulya Feizi, kula mugi kalilana nyuwun priksa barès."

Wangsulanipun Sang Feizi: "Tamtu kemawon kenging, makatên malih kula inggih sagêd njawab pitakenan sampeyan kalihan têmên-têmên."

--- 68 ---

Sang Siddha ndumugèkakên têmbungipun: "Sapunika ingkang badhe kula suwunakên priksa makatên: nalika kula sadaya wau sami ngginêm Sang Nindyamantri Abul Fazl, kula kèngêtan pangèngêt-èngêtipun sang mantrimuka kala enjing wau dhumatêng kula. Sang mantrimuka ngèngêtakên dhatêng kula kawontênaning para cidra ingkang tansah ngubêngi Sang Nata Akbar. Mênggah ing paduka ingkang kathah pangrêtosipun, punapa sayêktosipun inggih kagungan pangintên bilih ing ngriki taksih wontên tiyang ingkang tanpa ngrêmbag sarta ambêg druhaka sakaitan kamipurun dhatêng ratu agung aluhur ambêg marta utama kados panjênênganipun Sang Nata Akbar, punapa inggih yêktos makatên."

Sang Feizi amangsuli: "Iyah, tumrap kakang mas, ing pundi-pundi ugi wontên para cidra, ananging ingkang makatên punika sampun padatanipun nayakaning praja, saya malih satunggiling pêpatih, sampeyan sampun sumêlangan, sampun mirisan, salêrêsipun têtiyang ngriki inggih botên awon sangêt-sangêt, ing sabotên-botênipun inggih botên gêndhêng, yèn ta lajêng puruna nekad ngêtohakên awakipun."

Sang Kulluka anyêlani matur sarêng kanthi satêngah nêtah: "Sang Feizi, pamanggih paduka ingkang tanpa panyana pisan-pisan dhatêng awoning sanès, punika mracihnani saening panggalih paduka ingkang tanpa kinintên, ananging paduka punapa botên mawi nggalih piyambak bilih pangandika tuwan wau asring matosi, kados ta tumrap priyayi neneman kados Sang Siddha, ingkang dèrèng kathah têpa tuladhanipun, sagêd ugi nuntên dhatêng gumampil tanpa pangatos-atos."

Sang Feizi amangsuli: "Kula rak inggih botên ngakèn supados sampun gumampil, tanpa pangatos-atos, pikajêng kula namung supados piyambakipun sampun ngantos lajêng miwiti ngrêmbag gagasan warni-warni, prakawis cêcêngilaning kraton tuwin praja. Ananging kêdah tatag sarta ingkang lêjar anggèning nglampahi kawajibaning ngagêsang, makatên punika wiwitan kula sadaya sarta kula sadaya ingkang nglampahi makatên rak inggih sagêd dumugi, tiyang ingkang wiwitanipun sugih panyana-nyana, ing wêkasanipun sagêd ugi lajêng botên andêlan dhatêng sintên-sintêna, malah ugi lajêng botên sagêd ngandêl dhatêng kakang mas piyambak, sarta dhatêng kula."

Sang Siddha amangsuli kalihan bingah tur mawi anyawang kalihan tatag ing pasêmoning wadananipun Sang Feizi ingkang katingalipun sumèh sarta lêga, makatên têmbungipun: "Punika botên pisan-pisan. ing sagluguting kolang-kaling kula botên gadhah kuwatos babar pisan dhatêng pangandhut pasatron paduka, makatên malih paduka sampun angajêng-ajêng pisan-pisan dhatêng panyidra sarta sèdhènging manahipun tiyang kados

--- 69 ---

kula ingkang sakêlangkung ngaji-aji dhatêng kaurmatan tuwin pamitran paduka."

Sang Kulluka awicantên malih kalihan sêrêng: "Ngèngêtana têmbung punika, punapa malih èngêta yèn manungsa punika botên pisan-pisan sumêrêp sabarang ing sadèrèngipun winarah, ingkang tamtu nggadhahi daya dhatêng kamanuhanipun ingkang lajêng cêkak amastani bilih punika pikajêngipun ingkang mardika."

Sang Feizi nuntên ngandika kalihan pitêmbungan kados adat ingkang lêga wêdalipun, makatên: "Sapunika sampun miwiti ngginêm kasarjanan. Sampeyan sampun priksa yèn makatên punika kalêbêt panunggilanipun kasênêngan kula, sanadyan kasarjanan kula nggagas samubarang ingkang dèrèng kasumêrêpan wau dèrèng sagêd lêbêt; manawi mitra kula Sang Sarjana Kulluka marêngakên, suwawi dilahipun sami dipun sulêd, sabab sampun wiwit pêtêng, lajêng sami mungkul nggagas kawontênanipun ingkang kasêbut ing Sankhya sarta ing Vedanta, ing bab punika mitra kula Kulluka punjul yêktos. Namung owêl dening botên sagêd ngaturi rawuh dalêm Sang Nata Akbar ingkang namung kalihan salimrahipun kemawon, supados sang nata sagêd njênêngi paginêman kula sakalihan. Ingkang makatên punika pancèn kapinujon malih tumrap sampeyan dalêm sang nata ingkang nganggêp bilih pirêmbagan kawruh kasarjanan, sanadyan babagan ingkang sêpi piyambak, mêksa langkung nêngsêmakên tinimbang pasamuan ingkang langkung samua."

Wangsulanipun Sang Kulluka: "Botên wontên ingkang ngungkuli rênanipun manah kula, kajawi namung pirêmbagan prakawis kasarjanan kados ingkang paduka ngandikakakên, inggih punika, kados ingkang sampun kalampahan rumiyin. Ananging sapunikanipun kangge kula sampun mangsanipun madal pasilan, nyuwun pamit, awit Sang Siddha benjing-enjing ing wanci umun-umun kêdah sampun cumawis ing pagiliran, pêrlu anggiliri padamêlan têtindhihing prajurit, punapa malih kula piyambak sanadyan sampun dalu, taksih badhe nata kapêrluan sawatawis kathah ingkang kêdah rampung sadèrèngipun kula mangkat, mangka pangkat kula sampun katamtokakên benjing êmbèn, mila mugi kaparênga wiwit sapunika kemawon kula ngalad-aladi ngaturakên gênging panuwun kula dhatêng pambojakrama paduka."

Sang Feizi amangsuli: "Kula inggih kêdah nglilani." Kalihan animbali abdi ingkang pinatah nguntapakên para tamu mêdal ing jawi.

Salêbêtipun Sang Siddha kalihan gurunipun sampun badhe kerid mêdal dening abdi, Sang Feizi taksih ngandika malih dhatêng Sang Siddha kalihan pracaya ing galih: "Sanadyan kula angalang-alangana [anga...]

--- 70 ---

[...lang-alangana] dhatêng kajêng sampeyan Sang Siddha, kalawau kula sami gêginêman prakawis ingkang tanpa pangatos-atos, mugi kajagia, ewadene tiyang neneman kados sampeyan, têrkadhang kojuripun sagêd kajlungup, saya malih ing kraton kados kraton kula punika, dene yèn ngantos kêlampahan sampeyan manggih karibêdan mugi lajêng dhatênga ing panggenanipun Feizi kemawon, bokmanawi piyambakipun ugi taksih sagêd angluwarakên saking bêbaya." Tanpa mawi angêntosi atur wangsulanipun sarta atur panuwunipun Sang Siddha, Sang Feizi sampun sêlak mêngkêrakên saha lajêng wangsul lumêbêt ing kamaring dalêm malih.

Ing salêbêtipun Sang Siddha tindak wangsul dhatêng pamondhokan, panglocitaning galih, bilih wiwitipun tumapak anglampahi kapêrluaning gêsangipun, botên badhe kêkirangan tiyang ingkang mitulungi rêmbag tuwin ingkang ngawat-awati, kados ta: tumrap rêmbag ingkang pêrlu sayêktos, dhatêng sang atapa ing parêdèn ingkang kasarjananipun amumpuni; tumrap rêmbag ingkang botên patos agêng, dhatêng sang limpad ing budi pakêrti sarta ingkang kathah kanggêpipun, inggih punika Sang Feizi; dene ingkang langkung inggil malih inggih punika sang nindyamantri ingkang sampun kawêdal sih palimirmanipun, punapa malih kasagahanipun sang nata agung ingkang kinuwasa piyambak. Badhe punapa malih ingkang dipun pikajêngakên?

--- [71] ---

IV. Sultan Akbar.

Sarêng enjingipun sang prajurit ênèm Siddha sampun nampèni prentah tuwin pêpacak tumrap prajurit ing golonganipun, saking lurah Mansabdaripun upsir para rajput wontên ing salah satunggaling alun-aluning bètèng, lajêng sumêrêp têtela bilih pandamêlanipun ing kuwajiban manawi botên mangsa pêrang kawical cêkapan kemawon, botên angèl botên patosa awrat; upsir lêlurahipun Siddha punika kêras ing paprentahanipun, sarta ngèstokakên sangêt dhatêng pamêrdining prajurit, ingkang makatên punika tumrapipun golongan prajurit rajput wau pancèn asring langka, ananging sanadyan makatêna tumrap muridipun Sang Kulluka pancèn sampun kamanuhanipun, mangka mênggahing Sang Siddha piyambak pamêrdi sae wau kaanggêp botên kenging pisah saking pangrèhing prajurit. Dene sanèsipun kêras dhatêng kuwajiban tuwin ngèstokakên dhatêng pamardining kaprajuritan. Mansabdar lêlurahipun wau, ingkang kala punika ngulungakên bulu-bulu pêthak wuluning kuntul dhatêng Sang Siddha, minangka cirining pangkatipun Sang Siddha kanthi tandha wijanging pandamêlan ingkang kaêtrapakên wontên ing bulu-bulu wau, Sang Mansabdar pancèn têtela tiyang ingkang inggil sêsêrêpan tuwin alus ing bêbudènipun, awit sampun katawis kemawon, sanadyan kêras ing kuwajiban, ewadene botên tilar tanduk manis. Makatên malih ndulu polatanipun para karerehanipun ingkang kala punika katêpangakên dhatêng Sang Siddha, andadosakên gênging pirêna ing galihipun, mèh sadaya sami sinatriya neneman, ingkang katingalipun kêndêl-kêndêl, sarta sagêd-sagêd numpak kapal, panganggenipun endah sarwa gumêbyar kados pangiridipun, dêdêg pangadêgipun mrajuriti, ulatipun padhang sumunu dening kaberagan tuwin kawantêran.

Sang Siddha tampi dhawuhipun têtindhihing prajurit supados nindakna panggladhining prajurit kêkapalan ingkang dipun tindhihi, ngiras pantês ngatingalakên kapintêranipun numpak kuda tuwin damêl gumunipun ingkang sami sumêrêp dhatêng pamardining pangajaran ingkang tumrap ing kuda jalêr têtumpakanipun. Sabakdanipun nggladhi prajurit, samênggah Sang Kulluka wontêna, sampun tamtu kemawon marêm ing manahipun [manah...]

--- 72 ---

[...ipun] sumêrêp panganggêping para pangagêngipun dhatêng kasagêdaning muridipun. Sasampuning gladhi sawatawis sêsarêngan kalihan golongan prajurit sanèsipun, salomprèt tumuntên kaungêlakên minangka têngara yèn panggladhining prajurit ing dintên wau sampun rampung sarta suka aba bibar.

Sang Siddha tumuntên masrahakên kuda tumpakanipun dhatêng Vatsa ingkang ngêntosi bêndaranipun wontên ing salah satunggaling glèdhègan alun-alun, saha Sang Siddha lajêng lumampah nuju dhatêng salah satunggalipun patamananing karaton, ingkang tumrapipun para upsir ingkang sami kalênggahanipun kalihan Sang Siddha. Dumugi ing patamananing pura, sang sinatriya sumêrêp satunggaling kênya mêdal saking margi ngiringan ingkang ingapit-apit wit-witan ing turut pinggiripun, murugi dhatêng sang witaradya, nitik panganggenipun kados para nyainipun tiyang ingkang pinantês, para nyai wau sasampunipun nyêlaki Sang Siddha, mawasakên sawatawis, lajêng matur pitakèn, têmbungipun: "Bêndara, punapa paduka punika dede Sang Sinatriya Siddha ingkang dèrèng lami rawuh ing ngriki saking Kacmir?"

Wangsulanipun ingkang kapitakenan: "Iya, aku iki Siddha, kowe kaya wus wêruh mênyang aku."

Para nyai wicantên "Kula piyambak dèrèng sumêrêp, ananging sang putri ingkang ngutus kula ingkang maringi priksa dhatêng kula mênggah ing kawontênan paduka, sang putri kapengin ngandika sakêdhap kalihan paduka, punapa paduka marêngakên ing panuwunipun wau?"

Sang Siddha apitakèn: "Bêndaramu iku sapa?"

Para nyai amangsuli: "Dhuh, bêndara, mugi linêpatna ing dêduka, kasirnakna ing saru siku, asmanipun bêndara kula ing wêdal punika kaparênga taksih kula kêkêr, sang putri piyambak ingkang badhe mêdharakên, samangsa paduka marêngakên saha kêsdu angrawuhi. Yèn paduka sampun amarêngakên, sang putri angêntosi rawuh paduka ing dalu punika, paduka kaparênga rawuh ing wanci jam nênêm wontên ing sacêlaking masjid ngrika punika.'' Nalika cariyos makatên para nyai kalihan anêdahakên dhatêng satunggaling gêdhong mompyor sarta endah ingkang dumunung ing papan inggil ing sawingkinging pakêbonan. Payonipun tajugan pinarada, mênaranipun ingkang kadamêl sela marmêr pêthak, kasorotan padhanging srêngenge katingal gumêbyar saking katêbihan. "Paduka kula êntosi ing ngrika, saha lajêng kula irid."

Sang Siddha rangu-rangu ing galih saha ngupados wangsulan, batosipun: "Apa wong nekat golèk-golèk." Ing kalawau Sang Siddha èngêt dhatêng Iravati. "Apa wong sakuthon." Kalihan èngêt dhatêng pangèngêt-èngêtipun Sang Abul Fazl.

--- 73 ---

Para nyai apitakèn malih kalihan nyawang èsmu ngina dhatêng Sang Siddha, têmbungipun: "Lo, punapa satunggiling satriya kados paduka, ngantos kêkilapan dhatêng ingkang badhe linampahan, bilih ingaturan sapocapan sakêdhap kemawon dhatêng satunggiling putri. Pangajêng-ajêng kula: paduka rak inggih botên miris ing panggalih ta, bêndara?"

Sang Siddha amangsuli sêmu sêrêng katawis abrit ing netya: "Miris, apa kang marakake kowe nduwèni wajib ...." Dumugi samantên Sang Siddha amênggak pangandikanipun, wusana wangsulanipun makatên: "Iya bênêr olèhku mangga mara mau tumrape ing kowe nganèh-anèhi, dene sababe ora pêrlu korêmbug manèh, êntènana bae ing wayah kang wis ditamtokake mau ana ing sacêdhaking masjid."

Tiyang èstri wau amangsuli: "Inggih prayogi." Saha sasampunipun tapsila manthuk lajêng kesah mêdal ing margi ingkang dipun lampahi ing nalika dhatêngipun.

Ing kalawau rêmbagipun Sang Siddha punapa botên prayogi kacoba sêsingidan dipun kodhol lampahipun, supados ing sasagêd-sagêd sumêrêp sintên badhe lêlawananipun sang sinatriya wau. Ananging Sang Siddha lajêng kemawon mangrêtos bilih sêdyanipun wau botên badhe tumindak, sabab tamtu kemawon para nyai kengkenan wau sampun njagi pakèwêdipun, sanadyan Sang Siddha botên sagêd kapiturutan sêdyanipun, saha botên patos lêga raosing galih dhatêng sakathahing nalar ingkang rinêmbag, saha dhatêng saliranipun, ewadene sang sinatriya inggih mêksa nglajêngakên tindakipun, kalihan angêntosi badhe kadadosanipun ing dalu, botên dangu tindakipun sang sinatriya lajêng dumugi ing palataraning karaton ingkang salugu.

Sanadyan pasang rakitipun palataran sarwa rêgêng, ewadene wontên kaanan ingkang tumandukipun ing mripat botên nêngsêmakên malah njêlèhakên, kados ta: margi-margi lêncêng tanpa ewah sipat-ipat ing wit-witan lêlajuran, sadaya sami jinobin ing sela cêndhani sêsanglingan amancawarni, saya malih blumbang-blumbang ingkang ingapit-apit tembok andhap awig ing pakirtyanipun, ingkang toyanipun mili ing saantawisipun wit-witan anjog ing blumbang sanèsipun malih, ingkang ugi ingapit-apit tembok sela marmêr, ingkang ing têngahipun sinung umbul munggul ing toya warni-warni wujudipun. Dene ingkang saya amêwahi damêl kêmbaning paningal punika margi-margi ingkang limit babar pisan, ingapit-apit wit-witan lêlajuran ing pinggiripun, sarta ing ngrika-ngriki kathah ingkang kadhudhukan ing papan ingkang botên waradin. Sanadyan makatêna, ewadene tumanduking paningal mêksa anujoni, wêwah malih sanadyan makatêna ing ngriku hawanipun tansah ayêm ing ngandhaping wit-witan ing ngrika ngriki panthan kêtêl godhongipun, ing ngandhaping wit-witan

--- 74 ---

kadunungan bangku-bangku marmêr minangka paninisan ingkang anêngsêmakên manah.

Kacariyos sasampunipun sang andon lampah ragi dangu anggènipun mlampah-mlampah wontên ing ngriku tanpa kêpêthuk ing tiyang satunggal-tunggala, dumadakan sumêrap tiyang jalêr linggih ing ngriku. Saking pangintênipun sang andon lampah, tiyang taksih wanci satêngêh[1] sêpuh, dêdêg pangadêgipun botên inggil, sarwa santosa, pundhakipun wiyar, dhadhanipun jêmbar birawa. Andulu warnipun tiyang wau sang andon lampah kêdudut ing manah kumacèlu badhe sumêrêp, tanpa sumêrêp ingkang dados sababipun. Mênawi ndulu panganggenipun kenging katêmbungakên botên beda kalihan para abdi kraton ingkang Sang Siddha dumuginipun samantên sampun anrênyuhi, paraeanipun kacukur klimis kados ingkang kathah-kathah, polatanipun sabar, mungguh sarta padhang, warninipun botên kalêbêt bagus, nanging inggih botên kalêbêt awon, warnining pangangge botên miyambaki namung dhasaripun kemawon badhe tênunan èdi, dene ingkang minangka pasrèn, kajawi ukiraning pêdhang pinatik ing sêsotya ugi kancinging lêlêmpitanipun srêban tinrapan intên agêng mawa praba kumênyar. Mênggah ingkang nujoni ing galihipun Sang Siddha punika dede pasrèning pangangge tuwin bagusing warninipun tiyang wau, namung prabawaning dêdêg pangadêg tuwin ulat, punika têka pinanggih ugi wontên ing saliranipun Sang Pinandhita Gourapada, nanging mêksa agêng prabawanipun ingkang pinanggih ing Sang Anyar Katon punika, ingkang ngatawisi bilih ingkang kadunungan prabawa makatên punika botên sadhengah kawula, malah mèh namung dumunung ing ratu agung nyakrawati, ewadene Sang Siddha namung angintên yèn Sang Anyar Katon punika wau botên sanès inggih namung bangsaning abdi dalêm ing kraton kemawon, utawi têtindhihing prajurit, sabab Sang Siddha botên mirêng yèn ing salêbêting karatonipun Sultan Akbar pinuju wontên ratu ingkang lêrêp, mênggah Sang Akbar piyambak, rak inggih botên gampil ratu agung nyakrawati ambaudhêndha cêcêlakan ing sadhengah tiyang makatên, saya malih lênggah piyambak wontên ing bangku ing salêbêting patamanan ingkang kenging dipun ambah têtiyang ngamanca. Sarêng Sang Siddha badhe langkung ing ngajêngipun Sang Anyar Katon kalayan urmat ingkang botên kawêdal ing pawicantên, dumadakan Sang Anyar Katon wau anguwuh namanipun Sang Siddha sarta tanpa ngadêg tanpa bêbuka lajêng kemawon pitakèn, punapa Sang Siddha sampun nyumêrêpi dhatêng wadya karerehanipun (rajput)?"

Sang Siddha ragi gumun ing galih, bokmanawi sadhengaha inggih kêpengin sumêrêp sintên Sang Anyar Katon wau. Ing wusana wangsulanipun Sang Siddha anginggihi, ing salajêngipun [salajêng...]

--- 75 ---

[...ipun] Sang Anyar Katon tumuntên anêrangakên: "Kula sumêrêp pangkat sampeyan saking bulu-bulu kuntul punika; sarèhning kula sampun nyumêrêpi piyambak dhatêng kanca panunggilan sampeyan para upsir, sarta sampun sumêrêp yèn ing wêktu punika badhe dhatêng ing nagari ngriki pêrlu anindakakên padamêlan sampeyan, pramila mênggah ing kula botên angèl sagêd kula lajêng sumêrêp mênggah sampeyan punika sintên. Kadospundi punapa sampeyan sênêng dhatêng pangkat sampeyan punika, suwawi kacariyosna tumuntên."

Sanadyan pitakenan wau panampinipun Sang Siddha wêdalipun kadosdene dhawuh, botên saluguning pitakenan, punapa malih wêdalipun ugi ragi dipun samun anggènipun Sang Anyar Katon kados nganggêp pawicantênan kalihan karerehanipun, ewadene Sang Siddha amangsuli kalihan andhap asor makatên: "Mênggah pangkat ingkang kula sênêngi punika dhumawahipun dhatêng kula kados kanugrahan sajati, kadospundi mênggah botên kula luhurna, badhe botên narimah dhatêng ingkang misudha, sarta dhatêng nata agung."

Sang Anyar Katon awicantên malih: "Dhatêng Sang Nata Agung, inggih ta sampun, nanging kula badhe pitakèn punapa dhatêng sampeyan punika pêrlu suwita dhatêng Sang Nata Agung, punapa namung sapele sagêda badhe tumut angsal wêwênang ingkang kinaot tumrap ing kuwajiban miturut ing pangkat sampeyan kemawon?"

Sang Siddha amangsuli pasaja: "Dhuh tuwan, punika pandangon ingkang angèl jawabanipun, punika kula ragi kanggêg ing manah kula botên sudhia wangsulan dhatêng pandangon ingkang makatên, pramila botên kathah-kathah sagêd kula ngaturakên wangsulan ing sakala punika. Pêrlu inggih kalih pisan, inggih suwita ing Sang Nata Agung, inggih badhe tumut angsal wêwênang ingkang kinaot tumrap ing kuwajiban miturut ing pangkat kula. Mênggah saking pangajêng-ajêng kula inggih sagêda kula suwita ing Sang Nata Agung kalihan sêtya tuhuning manah, miturut ing kaurmatan tuwin kuwajiban kula. Ingkang makatên punika pangintên kula sampun têmtunipun kemawon, awit sampun dados pikajêng kula piyambak angabdi ing sang nata."

Sang Anyar Katon awicantên malih: "Punika wangsulan ngatos-atos namanipun, pitakèn kula wau namung badhe sumêrêp mênggahing sampeyan dunungipun têmbung kaurmatan lan kuwajiban, manawi dipun ulur kathah sangêt pikajênganipun."

Sang Siddha amangsuli: "Tumrapipun ingkang kathah-kathah inggih makatên, nanging tumrapipun kula botên, namung kula pêndhêtakên suraos ingkang cêkak aos kemawon, sarta

--- 76 ---

ingkang manggèn têgêsipun, tumrapipun kula piyambak, kaurmatan tuwin kuwajiban punika kados ta: Upami kula dhinawuhan nindakakên pandamêlan ingkang gèsrèk kalihan kapêrluanipun nagari wutah rah kula, sanadyan ingkang ndhawuhi dhatêng kula Sang Nata Akbar piyambak, inggih botên kula lampahi, inggih punika ingkang kula wastani kaurmatan tuwin kuwajiban kula, manawi botên makatên, kula inggih trimah nyaosakên wangsul sadaya sih wilasa dalêm Sang Nata Agung ingkang dhumawah dhatêng kula, anggèn kula kinaot lan ingkang kathah-kathah angsal wêwênanging kuwajiban."

Sang Anyar Katon wicantên njurungi: "Kasinggihan ingkang makatên, ananging kadospundi ta, mulabukanipun, dene sampeyan têka kawêdhar damêl upami ingkang makatên punika, ngantos kados sayêktos Sang Ratu Agung kagungan karsa punapa-punapa ingkang damêl kapitunan sampeyan tuwin bangsa sampeyan."

Sang Siddha sakêdhap mangu-mangu ing galih sarta dangu anggènipun amangsuli kalihan èngêt kala wicantênipun kalihan ingkang paman sang adipati ing Allahabad, ananging botên dangu Sang Siddha katêtêg-têtêgakên galihipun, sarta sasampuning tatag anyawang dhatêng Sang Anyar Katon ing sakubêngipun tuwin ing netya ingkang katingal lêjar, Sang Siddha tanpa bêbuka sarta tanpa sudhiya nuntên pasaja apitakèn: "Punapa panggalihipun Sang Nata Agung Akbar botên angkara murka?"

Sang Anyar Katon awicantên kalihan suwara tuwin polatan ingkang damêl sumisihipun Sang Siddha wontên ing bangku, makatên têmbungipun: "Kalawau wicantên sampeyan kanthi pangatos-atos, ananging wêdaling pitêmbungan sampeyan sapunika ingkang makatên, kalairakên wontên ing karatonipun Sang Nata Agung Akbar tur dhatêng tiyang ingkang sampeyan babar pisan dèrèng têpang, punika pangraos kula sampun nekad sangêt."

Sang Siddha amangsuli sarèh: "Yêktos, kula botên têpang kalihan sampeyan, ananging sanadyan kula sapunika mirêng utawi botên dhatêng nama tuwin pangkat sampeyan, ing wêkdal punika botên kula manah sarêng kula sumêrêp sampeyan. Kula sumêrêp mênggah ing netya, mirêng mênggah ing pamirêngan, punika kemawon sampun cêkap. Satunggaling sinatriya ingkang taksih neneman, tur taksih bodho tanpa pasujanan kados kula punika, ingkang namung matur barès ingkang kanthi jujuring manah, botên pisan-pisan yèn ta sampeyan karsa nyidrani utawi damêl wisuna, sabab wêdharing pawicaranipun ingkang sampeyan wastani nekad tanpa dugi-dugi punika namung katarik dening pracayanipun dhatêng sampeyan mirid kawontênanipun ing sampeyan kados ingkang sampun kula aturakên."

--- 77 ---

Kapandukan pitêmbungan ingkang barès makatên, Sang Anyar Katon katingal saking ujwalaning netya èsmu rêna ing galih, ananging botên kawahya saking sêngsêming ambêg kumalungkung, lugu mêdal saking lêganing manah rahayu tuwin suci, sanadyan Sang Anyar Katon wau pancèn inggih kulina mirêng têmbung pangonggrong, sarta inggih rêna manawi mirêngakên têmbung pangumpak, ananging pitêmbungan wau pancèn lugu mêdal saking manah ingkang botên kanthi pangangkah, inggih makatên punika ingkang tandah dados kajêngipun. Sang Anyar Katon tumuntên wicantên malih kalihan anyèlèhakên tanganipun wontên ing pamidhanganipun Sang Siddha, wêdaling swara langkung alon tinimbang ingkang sampun, ing tingal katingal lêjar, ing netya sêmu sumèh sumanak gapyak tanduking pamicara, têmbungipun: "Punika namung têmbung salugunipun kemawon, cariyos sampeyan wau, sampeyan cariyos yèn pracaya dhatêng kula, sanadyan sampeyan dèrèng têpang kalihan kula, kalêstantuna pracaya dhatêng kula dumuginipun yèn sampeyan têpang kalihan kula, sapunika kula mangsuli mênggah kawontênanipun Sang Nata Agung Akbar. Pangintên sampeyan Sang Nata Akbar punika panggalih dalêm angkara murka, punika lêrês, kula inggih ragi têpang, sanadyan botên patos têpang sae kados pangajêng-ajêng kula, sarta kula inggih ngrujuki yèn panjênênganipun punika kagungan watak angkara murka, angkaranipun tanpa watês, malah tanpa marêm, ananging angkara murka kadospundi, punapa pangintên sampeyan sayêktosipun angkara murkanipun wau namung melik saya mindhaka jêmbar karatonipun sarana mbudidaya angêndhih karajan-karajan satêtiyangipun kinumpulakên dados satunggal lan talatah nagarinipun sang nata ingkang jêmbaripun kalangkung-langkung tuwin sampun kangelan sangêt pangêrèhipun punika. Punapa Sang Nata Akbar inggih botên marêm ing galih dhatêng angsal-angsalanipun; sampeyan sumurupa, siti warisan dalêm Sang Nata Akbar saking ingkang rama punika sayêktosipun mèh namung karajan ing Agra tuwin ing Dèlhi, sanèsipun punika namung sakêdhik utawi babar pisan botên wontên malih têtilaranipun ingkang rama Humayèèn ingkang tansah nandhang sangsara tuwin tampi cobaning Pangeran kalangkung-langkung, dene ing sapunika bawah dalêm gumêlar wiyar ngantos dumugi ing kikisipun nagari Pèrsi dumugi ing buntasipun Bênggala sarta talatahipun nagari Dekkan tuwin Golcanda, kadospundi pangraos sampeyan yèn ta Sang Nata Akbar taksiha badhe nêlukakên sanès jajahan malih, kados ta upaminipun ing nagari sampeyan: Kacmir ingkang têbih dunungipun, ngantos kados pakarêman, utawi kados murwata kalihan waragadipun, dene sabên satêlukan kemawon waragadipun têka inggih sampun kathah. Ewadene têrkadhang [têr...]

--- 78 ---

[...kadhang] inggih wontên sababipun ingkang murugakên Sang Nata Akbar kapêksa ngêndhih dhatêng karajan têtangganipun, bilih karajan wau matosi sangêt tumraping tata têntrêming kawulanipun, yèn kalampahan makatên, Sang Nata Akbar tamtu inggih kêdah tumandang mêrangi, sanadyan sang prabu pancèn rêmên nyarungakên pêdhangipun wontên ing warangka, utawi rêna bilih karajan ingkang ngubêngi nagari dalêm Sang Nata Agung utawi karajan-karajan ing nagari bawah dalêm sang prabu mawi tata têntrêm sarta rukun, ananging sadaya wau ugi botên ngicalakên pangaran-aran yèn turunipun Sang Babêr sarta Tamêrlan mila sayêktosipun inggih angkara murka, sanadyan ta ingkang sampeyan wastani angkara murka wau mênggahing têgês wontên gèsèhipun kalihan ing salugunipun tumrap ingkang dipun lampahi ing sang nata. Mênggah angkara murkaning panggalih dalêm sang prabu, - Sang Anyar Katon anggènipun ngandika makatên punika katingalipun ing netra, ingkang adatipun jênjêm, nuntên ndumugèkakên pangandika, - "Ing sapunika sarta ing rumiyinipun, nalika taksih mêmpêng yuswanipun, punika botên namung dening kabujung saking anggènipun badhe mangun karaton panjang-apunjung agêng panguwasanipun, ananging ingkang langkung pêrlu mbudi arja karta tuwin kamajênganipun para kawula ingkang angênggèni, ingkang kapracayakakên dhatêng sang nata dening ingkang sipat luhur, sanadyan kuwasanipun ingkang kula wastani sipat luhur wau samar-samar, nanging inggih namung saking dipun mangêrtosi sarta dipun jajagi kemawon. Sang Nata Akbar mbudidaya murih tataning kawontênanipun sêsrawungan tuwin panggêsanganipun para bangsa, angadili pasulayanipun, anyirnakakên panganggêp bedanipun bangsa warni-warni tuwin pasulayanipun, awit wontên satunggiling bangsa sok gadhah panganggêp yèn bangsanipun langkung mulya, langkung luhur tinimbang bangsa sanèsipun. Ambudi sampun ngantos kalantur-lantur wontên pasulayan bab agami, sarta nyêgah dhatêng para pangagêng ingkang ambêg kumawani tuwin ambêg angkara ngroda paripêksa. Sang Nata Agung sampun mbudi murih gêsangipun têtiyang golonganipun bangsa kriya, sarta amêncarakên kasugihan tuwin karaharjan dhumatêng sadhengahing têtiyang bumi, anênangi kamajênganipun kawruh tuwin kagunan. Amêmulang kawula dalêm nggayuh dhatêng tata cara alus tuwin mbudi pêncaring guna pangawikan wau, ingkang tumraping kawula dalêm kêtingal anujoni, dene sami kêtingal mêmpêng ing pamarsudinipun; suwawi ngandikaa ing sawantahipun kemawon bilih sadaya pamardi tuwin pambudi wau kêkathahên sangêt tumraping tiyang satunggal thil. Yèn sampeyan pitakèn ingkang makatên, kula inggih botên badhe mbantahi, inggih mila kêkathahên sangêt.

--- 79 ---

Ananging panggayuh dhatêng pambudidaya ingkang linangkung punika kalêpatakên dumèh botên sagêd ginayuh. Dene sagêdipun ginayuh babar pisan ingkang ngantos sampurna, punika kula akêni kalihan sarjuning manah, bilih ingkang makatên dede pangangên-angên dalêm Sang Nata Akbar, kados bab punika Sang Nata Agung sampun botên kêkilapan dening sampun kêrêp anrênyuhi ing lêlampahan. Sampun pintên taun kemawon anggènipun Sang Nata Akbar mindi budi saha tumindaking damêl awrat, tuwin tansah mangun pêrang ingkang pêrlunipun namung ngandhêmi pambudinipun nggayuh dhatêng ingkang sinêdya wau, ananging gèk taksih sapintên kemawon laminipun linampahan, kadumugènipun Sang Akbar dhatêng ingkang sinêdya."

Sang Siddha anggènipun mirêngakên ginêmipun Sang Anyar Katon kanthi urmat tuwin pakering, dene Sang Anyar Katon ing salêbêtipun paginêman lajêng ngadêg saha salêbêting sêrêng mongkoging panggalih angunjukakên astanipun, ananging sarêng sampun sarèh lajêng kaêdhakakên malih kalihan kêtingal kêmba ing galih, sarta mastakanipun ingkang wêwangunanipun amot kasarjanan linangkung lajêng katungkulakên ing jaja ingkang nutupi galih mawa sêsumuk ing pambudining kautamèn.

Ing sakala wau tumraping ingkang mirêngakên, inggih punika Sang Siddha, ingkang ugi lajêng tumut ngadêg, sampun botên gadhah pangintên malih, bilih rencangipun wawan ginêm punika sampun botên wontên malihipun kajawi Sang Nata Agung piyambak. Ewadene pangintên ingkang makatên punika karêmbag botên mèmpêr yèn ta pangandikanipun sang nata, dene kawêdal dhatêng satunggilipun tiyang neneman tur taksih enggal ingkang nêmbe kemawon sumêrêp, awit saking rangu-ranguning manah wau Sang Siddha gadhah niyat lajêng badhe barès kemawon pitakèn namanipun ingkang wawan ginêm wau, kasaru kamirêngan swaraning tiyang lumampah ing sacêlaking ngriku ndhatêngi. Tiyangipun inggil ragi rungkuk-rungkuk, panganggenipun pasaja, botên ngèngêt-èngêti, namung ragi miyambaki dene ngingah brewok kêtêl saha cêmêng. Dhatêngipun tiyang wau lajêng mêdhot paginêman. Sang Siddha botên sagêd lajêng ndumugèkakên pitakèn malih.

Sang Anyar Katon tumuntên anguwuh dhatêng namanipun ingkang dhatêng: "Abdal Kadir." Wêdaling panguwuh sêmu pangunandika tinimbang mratelakakên dhatêng Sang Siddha sarta sakêdhap wau Sang Anyar Katon katingal sêmu rêngu ing netya. ewadene mêksa sinamun ing ulat manis, manohara tanduking pamicara dhatêng ingkang nêmbe dhatêng, inggih punika ingkang pêparab Abdal Kadir Badaoni, sarta ing salêbêting pawicantênan, Sang Anyar Katon ngiras asung sasmita dhatêng Abdal Kadir

--- 80 ---

sampun ngantos kajoderan yèn saliranipun wau (Sang Anyar Katon) ing salugunipun Sri Narendra Akbar piyambak.

Abdal Kadir Badaoni sasampunipun tampi sasmitanipun sang nata anggènipun maspadakakên dhatêng Sang Siddha ingkang sadhatêngipun Abdal Kadir ragi nisih sawatawis, kalihan ulat angkuh ambêg ladak awit sirah dumugi ing suku, saha lajêng ngungkurakên Sang Siddha tanpa sapocapan. Mênggah pangrêngkuh ingkang makatên punika botên nggumunakên, bilih adamêl jaja bang mawinga-winganipun sang sinatriya Indhu, dening Siddha botên kuwawi ngampah mubaling pancadriya, satêmah badhe majêng njèjèri Abdal Kadir pêrlu apitakèn mênggah pikajênging patrap ingkang makatên wau, sampuna lajêng kacandhêt dening Sang Anyar Katon sarta wicantên: "Sampun ta, sampun, sang sinatriya, patrapipun mitra kula Abdal Kadir ingkang nganèh-anèhi punika sampun ndadosakên muring sampeyan, tumanduking patrap wau botên lugu dhatêng sampeyan malah babar pisan botên. Mila kula sagêd namtokakên, awit sampun padatanipun, manawi piyambakipun sumêrêp tiyang Indhu tamtu botên rêna, sabab pangraosipun têtiyang Indhu punika damêl wisunaning agaminipun."

Kalihan nyawang dhatêng Abdal Kadir Sang Anyar Katon ndumugèkakên pitakèn: "Rak inggih makatên ta Abdal Kadir?"

Abdal Kadir mangsuli: "Salugunipun inggih makatên."

Abdal Kadir lajêng nolèh dhatêng Sang Siddha saha wicantên malih: "Kula sayêktosipun botên gadhah kasêngitan dhatêng sampeyan, awit têpang kemawon botên kalihan sampeyan, ananging ingkang kêlangkung-langkung kula sêngiti punika bangsa tuwin talêr sampeyan, nglawani dhatêng bangsa sampeyan, punika kuwajiban kula ingkang suci. Kula nglawani bangsa sampeyan, kula sêngit kidih-kidih tanpa kêndhat dhatêng bangsa sampeyan, mênggah kasêngitan kula wau botên sabab saking botên purun nganggêp bangsa sampeyan ingkang kathah-kathah kados manungsa, namung jalaran bangsa sampeyan ngêgol-êgoli pêncaring agami kula, sarta damêl kêmbanipun Sang Nata Agung anggènipun anggilut dhatêng agami kula. Bangsa sampeyan mungkir dhatêng Allah, mêmoyoki nabi kita utusaning Allah, bangsa sampeyan ngangkah ngêndhih dhatêng kita têtiyang panutaning nabi kita,[2] sarta mracondhang bangsa kita ingkang

--- 81 ---

supados bangsa sampeyan angsala pangkat tuwin kalênggahan, ingkang pêrlunipun badhe nyantuni ingkang sinêbut Allah, ingkang kajawinipun Allah sampun botên wontên Allah malih, sarta dhatêng sawênèh ingkang sanyatanipun nggêlarakên Asmanipun, sarana Allahipun tiyang Indhu ingkang palsu, sarta para gurunipun ingkang nasar kabêlasar. Milanipun, inggih milanipun kemawon kula gêthing dhatêng sampeyan, kula sêngit dhatêng sampeyan, pramila sampeyan badhe kula lawani ingkang ngantos babar pisan, sabab sampeyan botênipun tanpa agami inggih tiyang ingkang nêmbah brahala, cêkakipun inggih tiyang ingkang nasarakên têtiyang alit sarta nggodha ngrêncana ing sang nata. Namung punika sabab sampeyan botên sanès kajawi tiyang murtad."

Sang Anyar Katon mirêng panguman-umanipun Abdal Kadir dhatêng Sang Sinatriya Siddha katingal marêngut ing netya ingkang katampenan mangka sasmita pamathêting wicantênipun Abdal Kadir satêmah kèndêl, saupami sampuna kapênggak, tamtu kemawon têmbung ingkang badhe kaucapakên dening Abdal Kadir damêl kabrongotipun Sang Sidhha sanadyan manahipun kasarèh-sarèhna kados punapa kemawon. Suprandene Abdal Kadir sasampunipun kèndêl sawatawis, mêksa nglajêngakên wicantênipun, ingkang lajêng kapêdhot dening Sang Anyar Katon kalihan wicantên sarèh, têmbungipun: "Pangraos kula, pawicantênan kula têtiga punika, manawi makatên caranipun botên migunani sarta botên damêl sênênging manah. Sampun tamtu kemawon mitra kula Siddha inggih badhe amangsuli sarta amabêni dhatêng pawicantênanipun sumitra Abdal Kadir, sami ugi kalihan kula ingkang botên cocog babar pisan kalihan ginêm wau. Ananging manawi kula botên klintu, dhatêngipun mitra Abdal Kadir punika, botên pêrlu pados pasulayan ingkang tanpa paedah makatên, ananging pêrlu ngginêmakên bab ingkang pêrlu tumuntên linampahan. Yèn makatên badhe kula ladosi ginêm, yèn botên inggih sampun andum wilujêng, sanès dintên kula ajêng-ajêng kapanggih malih."

Sasampunipun Sang Siddha tumungkul urmat, ingkang kathah tujunipun dhatêng Sang Anyar Katon, dene dhatêng Abdal Kadir namung manda-manda kemawon. Lajêng kesah saking ngriku. Sakesahipun Sang Anyar Katon ingkang salugunipun punika sang nata akbar piyambak, lajêng ndangu dhatêng Abdal Kadir makatên têmbungipun: "Abdal Kadir, apa kang sira adhang-adhang manèh saka ing panjênêngan ingsun?"

Unjukipun Abdal Kadir: "Ingkang sinuhun, sadhengaha tamtu sampun sumêrêp, manawi ingkang wawan sabda kalihan Siddha punika wau Sang Nata Agung Akbar piyambak, kajawi piyambakipun ingkang sawêg mêntas kemawon dhatêng ing karaton dalêm ing Agra ngriki. Ingkang sinuhun, mênggah pisowanipun

--- 82 ---

abdi dalêm kawula wontên ingarsa dalêm nata binathara, kabujung saking kuwajibanipun abdi dalêm kawula, ingkang gadhah pangowêl dhatêng panjênêngan nata, botên kabêkta saking pamrihipun abdi dalêm kawula piyambak, utawi pamrih sanèsipun. Mênggah ...."

Sawêg dumugi samantên lajêng kapêdhot sigêg dening pangandikanipun Sang Nata Akbar makatên: "Ingsun wus nguningani karêpira, pangangsa-angsa marang kapêrluanira dhewe, iku mungguhing sira ora pisan-pisan nduwèni, apamanèh angayomi marang liyane uga ora. Ewadene panjaluk ingsun, sathithik-thithik bok ya sok duwea, bokmanawa sapisan êngkas ingsun uga bisa nuruti, ing samêngko arang bisane utawa babar pisan ora bisa. Utawa manèh ingsun wani namtokake badhe sira arêp rêrêmbugan karo panjênêngan ingsun prakara agama. Miturut ubaling pitêmbunganira mau, kaya-kaya wis ana sulake mungguh babare kang sira calathokake. Bok iya saiki kang rada sarèh pikirmu, aja bangêt-bangêt brangasan ing calathumu prakara mbêcikake marang agamamu dhewe. Ya wis mêsthine wong iku kudu dhêmên sarta trêsna marang têkade dhewe, ananging yèn kanthi pangina bangêt-bangêt marang liyane, iku pamrihe ora nggêlar kawruhe supaya tinurut ing liyane, malah ndhêdhêr wiji kasêngitan kang awoh pasulayan."

Abdal Kadir amangsuli: "Inggih mila makatên, pisowanipun abdi dalêm kawula wontên ing ngarsa dalêm punika katarik saking pakèning kapracayanipun abdi dalêm kawula, inggih punika agami kawula ingkang nyata suci tanpa kamomoran, mila panuwunipun abdi dalêm kawula, wontêna kaparêng dalêm anglilani abdi dalêm kawula gadhah atur sakêdhap." Aturipun kalihan ulat mathênthêng. "Manawi dados kaparêng dalêm, ingkang badhe abdi dalêm kawula aturakên punika parlu sangêt."

Sang Nata Akbar amangsuli sumèh: "Iya bêcik, ing sabisa-bisa bakal ingsun tampani aturira, sarta ingsun saguh ora bakal nggêgujêng marang pituturira, anggêre ... aja nganti kêbangêtên."

Wangsulanipun Abdal Kadir: "Kajawi saking karsa dalêm, prakawis pangrêmbag kêsangêtên utawi botên, punika namung gumantung dhatêng ingkang mastani, aturipun abdi dalêm kawula inggih badhe abdi dalêm kawula angkah ingkang sabar wêdalipun. Mênggah kadêrêngipun manah kawula badhe munjuk pasaja ing ngarsa dalêm punika, saking rumaosipun abdi dalêm kawula kaabdèkakên ing nata, pramila sumêngka pangawak braja pêrlu munjuk wontên ing ngarsa dalêm adhapur ngèngêtakên, dening sêpên saking basa lêlamisan, kajawi lugu mêdal saking manah suci, ngèngêti wajibing kawula ingkang ambêk utami rumêksa ing gusti, têmahan ical was sumêlanging manah, bilih tampi sêsiku agêngipun dêduka

--- 83 ---

dalêm sang nata binathara ingkang mangka pangauban kawula. Dene ingkang badhe kawula unjukakên wontên ing ngarsa dalêm punika pawartos ingkang kawula mirêngi, inggih punika para kawula dalêm bangsa Islam sajati, sampun lami sami botên rêna sangêt dene bangsa kapir warni-warni, inggih punika têtiyang Indhu sapanunggilanipun ingkang botên kalêbêt gegolonganipun tiyang Islam, tuwin bangsa Yahudi, tampi sih wilasa dalêm angsal manah wontên ing wêwêngkonipun nagari dalêm ngriki, punapa malih para ingkang sami kumlewa dhatêng agami Islam, kados ta satunggal Abul Fazl malihipun têtiyang mungkir dhatêng Allah, kados ta: satunggal Feizi, kalih pisan sami angsal sih dalêm, pinaringan panguwasa saha pangkat ingkang agêng saha inggil piyambak, kados sampeyan dalêm sampun langkung nguninani. Ewadene ingkang dèrèng kauningan, punika kadadosanipun awit saking sabab ingkang kawula unjukakên wau, têmahan ing têlênging karaton dalêm ngriki, cêlak sangêt kalihan kadhaton dalêm, wontên golonganing tiyang sami sakait nêdya ngangkah botên kenging botên dhatêng rêbah saha risakipun karaton dalêm. Makatên wau manawi karsa dalêm tansah mbangkang botên kaparêng nuruti panuwunipun ingkang adil sangêt dhatêng kawula dalêm bangsa Islam ingkang nggadhahi kak angsal sih dalêm kinaot dening rumaos kados minangka sêsulihing mitranipun trahing Tamêrlan jaman kina-kina. Makatên malih dèrèng lami abdi dalêm kawula mirêngakên wontên ing pakêmpalan wau kemawon têka sampun adamêl ndharodhoging srandunipun badan kawula, manawi kawula ngèngêti bilih para kanggêp sarta pinarcaya ing gegolonganipun kawula dalêm bangsa Islam ugi kiyat anglawani, sanadyan kalihan satunggiling nata agung kados panjênênganipun Sang Akbar pisan, manawi lajêng kabantu dening para pangagêng ingkang angkara murka sarta têtindhihing wadya tatra ingkang njontong manahipun, kados kathah kemawon ingkang makatên punika. Sanadyan ing kadhaton nagari Agra sami ugi kalihan ingkang taksih pinanggih ing talatahipun tanah Indhustan."

Sang Nata Akbar ragi botên sabar, tumuntên ndangu: "Mungguh kang dikarêpake para mulah karo kang ngguyubi iku bae apa? Apa para mulah sagêguyubane ora marêm, iya padha olèh kamardikan longgar bangêt ingatasing pamikire lan rêrêmbugane, kêna ing sakarêp-karêp, apamanèh kêna nglêbokake Islam wong seje agama, sapira-piraa ing sabisa-bisane, apa tau ingsun pêpalangi. Dene ana kang ora mulung saka atine dhewe, iku dudu karsaningsun, ora kêna pinêksa ing pangidhêpe, wis padha duwe tekad dhewe."

Abdal Kadir amangsuli: "Inggih botên pisan-pisan, saya botêna makatên, saiba tangisipun dumugi ing swarga. Ananging punapa pigunanipun kamardikan, bilih sanès-sanèsipun tiyang,

--- 84 ---

bilih bangsa warni-warni ingkang botên pracaya dhatêng agami Islam babar pisan sami kemawon wêwênangipun kalihan ingkang bangsa Islam, punapa malih kawula dalêm bangsa warni-warni ingkang dede bangsa Islam, dumunung ing kadhaton, ing wadya tantara, tuwin ing gêgolongan pandamêlan warni-warni, punika damêl najisipun bangsa kawula. Sapunika punapa angsal-angsalanipun pangasta dalêm ing agami Islam ingkang mangka badaling Allah ing bumi."

Sang Nata Akbar angandika: "Lah saiki wis mêncungul manèh ugêr-ugêring rêmbug kang lawas kae. Sira sapanunggalanira iku kang mung bênêr dhewe, sabab saka iku, mulane kabèh kudu dikalahake, kalêbu ingsun uga, apa kang malang-malang putung, kang rawe-rawe rantas. Apa ta sababe, dene têka mung sira sapanunggalanira kang kadunungan bênêr, wong Yahudi, Indhu, Kristên lan liya-liyane wis ora duwe bênêr kabèh."

Abdal Kadir amangsuli: "Sabab saking pangandikanipun nabi kita Muchamad Rasullulah Salalahu Ngalai wasalam, sarta sabab ...."

Sawêg dumugi samantên lajêng kapêdhot ing pangandikanipun Sang Akbar makatên: "Sabab panjênêngane kang priksa, liyane ora, ya bêcik, ananging kaya para padri kang padha têka saka ing tanah kulon, saka ing tanahe bangsa Frankên uga padha têmên-têmên sarta burus budine ora beda kaya sira, uga padha nduwèni nabi kaya kita, malah yèn ora kliru padha sok pinundhi kaya Allahe, sanadyan ingsun uga durung pati têrang, nanging nabine mau luwih sêpuh karo nabi kita, utawa manèh bangsane wong Yahudi, kang ora pisan-pisan arêp nênga marang liyane Nabi Musa. Lah samêngko para bangsa Indhu kene bae kang isih padha nggilut marang agama Brahma kapriye, kang layang-layange akèh tur wus tuwa isih diaji-aji saprene, layang-layang pêpundhèn kang wis tuwa bangêt, kang surasane wis mèh ora ana kang mangêrti, malah nganti padha golèk pangêrtine marang para wicaksana lan para pêndhita kang wis sinêbut suci, malah kitab Torèt, kitab Injil, Koran kabèh dadi siji lagi bisa lawan layang tuwa-tuwa piwulange bangsa Brahma mau. Ing sauwise bae kapriye, ingsun wong kang kalumrah, kang kawruhe marang kitab-kitabing para nabi mau mung sathithik bangêt, ora nganti sapara atuse, banjur gêlêm mancasi sarta ngarani, yèn sawijining agama wêwênange luwih lan agama liyane."

"Ananging sampeyan dalêm rak inggih ginulawênthah saha kaprêtêk ing piwulanging agami Islam." Atur unjukipun Abdal Kadir kaduk purun saking kulina.

Sang Nata Akbar ngandika: "Iya bênêr, iku pitakon kanthi lêlandhêsan kang makolèhi tumrap wong kang sanyata ngrasuk sawijining agama, ewadene iya iku kudu lêlendhean marang

--- 85 ---

pangawruhe lan pasaksène dhewe, sanadyan wong mau apa disranèkake, apa diislamake dening bapakne. Ananging uga ora pêrlu ditakokake mungguh kang dadi tekadku, wong liya praduli apa, ngamungna bae ingsun sawijining ratu kang marentah sarta mbawahake karatoning para ratu liyane, iku kudu ngèngêti yèn wong kang kaparentah sarta kabawah mau para bangsa kang rupa-rupa agamane, padha panganggêpe olèhe pinarentah lan kêbawah, kudu uga dipadha wêwênange ingatase pangrêngkuh lan pangayoman ingsun. Pitakon mau, dhuh ngandêla, mitraningsun sinarawèdi, sira wis mêsthi ora bisa njawab, yèn anggonira arêp mêruhi barang mung sira wêruhi ing sasisihe bae, ambêk wuta ing sisih liyane."

Abdal Kadir wicantên malih: "Ananging sampeyan dalêm kêdah ngèngêti bilih tumindaking pamanggih ingkang kados panggalih dalêm wau mutawatosi, tumanjanipun ingakathah botên kula rêmbag, namung tumanjanipun ing bangsa kawula Islam, anuwuhakên pangancam risaking karaton tuwin kaprabon dalêm."

Sang Nata Akbar amangsuli kalihan mèsêm ing sêmu ngina: "Ingsun wis nandhingi liyane panuntuning bangsanira kang nunggal agama kang padha muring, sarta kang jarene ngancam marang panjênêngan ingsun."

Abdal Kadir wicantên sêmu sêrêng sarta nyawang ing tingalipun sang nata: "Sanèsipun, o, inggih lêrês sanèsipun, inggih punika sawênèhing bêbaya ingkang sampun kacawisakên dening bangsa ngamanca tumrap ing sampeyan dalêm, ananging wontên sanèsipun malih, dene têtiyang ngamanca, manawi wontên kulawarga dalêm piyambak ingkang mrêngkang, wiwitanipun sêsidhêman, salajêngipun ngêblak, utawi manawi pamrêngkang wau dipun bêbaluhi, utawi malih kabantonan dening sawênèh ingkang taksih kalêbêt ing golonganipun têdhak turun dalêm piyambak, manawi putra dalêm ...."

Sang nata mêdhot pitêmbunganipun Abdal Kadir sarta ngandika sarwi kagèt: "Putraningsun. Salim?"

Atur wangsulanipun "Inggih putra dalêm, kados-kados inggih botên langka, awit sampun kêrêp kemawon kita mrangguli gêgolonganipun ingkang nurunakên kita, utawi ingkang têdhak turunipun ratu ing saubênging nagari kita, sasampunipun congkrah sami kadang, lajêng têluk dhatêng pamarentah kita."

Sang nata: "Yèn mangkono apa sira duwe pangira yèn putraningsun Salim bisa sakait lan para kang lara atine banjur ngraman. Kaya-kaya mêngkono iku maksude gunêmira mau."

"Kawula nuwun inggih makatên." Atur wangsulanipun Abdal Kadir. "Makatên punika sawêg pangintêning abdi dalêm kawula piyambak, sagêd ugi putra dalêm wau kenging pambujukipun para pinisêpuhipun agami, ananging unjuk kawula punika botên namtokakên, yèn samangke sampun kalampahan."

--- 86 ---

Sang nata ngandika: "Pamikir ingsun, yèn mula têmênan bakal kaya mangkono kadadeane, masthi tumindake putraningsun Salim ora yèn saka braine mênyang agama, awit kang dadi kasênêngane mung ngombe anggur alus-alus, nyawang wong wadon kang ayu-ayu, luwih saka ngrêmbug prakara Koran lan nabi kita. Ewadene pituturira mau uga ora ngilangake panrimaningsun marang sira, sarta pituturira mau banjur kajujuga bae pêrlune, pancèn bisa ngurang-ngurangi têmbung-têmbung kang mirungga, yèn besuk manèh ana pituturira kang kaya mangkono, bakal ingsun tarima, awit pitutur kang mangkono mau bisa ngèlingake supaya rada jaga-jaga, lan ngulat-ulatake kawulaningsun ing kene. Saiki mung têkan samono bae, padha andum salamêt." Sang nata lajêng jêngkar kalihan mèsêm, ingkang kadulu saking ulat liringipun sêmu nggêgujêng dhatêng Abdal Kadir ingkang kantun anggana nggagas dhatêng pikantukipun ingkang kaginêm wau.

Abdal Kadir ngunandika gumrêngêng nggathikakên untu: "Subkan Allah, ora kêbênêran olèhku nindakake, pangiraku pancèn bisa gawe gêtaping panggalih dalêm, barêng aku anggêpok Sang Salim sarta bisa nyarèhake panggalih dalêm saka unjuk priksaku mau, ananging wusanane kabèh-kabèh mau mung tinampanan dhapur njawil, olèh-olèhane pancèn supaya sang nata mitulungi mênyang bangsaku, malah bakal ngalang-alangi bangêt, barêng mirêng utawa banjur kagungan kintên yèn sawênèhing bangsaku sakait karo putra dalêm sang nata mrêngkang ing ratu. Utawa manèh bokmanawa panggalih dalêm malah wis ngugêmi aturku mau. Subkan Allah, Subkan Allah. Eh, kapriye aku iki mau ta, tak sêngguh aku iki sarjana, jêbul olèhku nindakake rêmbugku kaya wong gêmblung mangkene. Ah, apa iya tabêriku makolèhake marang agamaku suci iku bisa saranta, gene sang nata kae têka arang bangêt kusung-kusunge, kêrêp sabare, sapira bae pakolèhe, ngluwihi aku kabèh."

Mênggah kasabaranipun Sang Nata Akbar wau punapa inggih lugu têmên-têmên sayêktos kados pangintênipun Abdal Kadir, mênggah wontêna ingkang sumêrêp nalika tindakipun Sang Akbar angadhaton, ingkang wangun-wangunipun wontên ingkang ginagas sarta rinaosakên, mustakanipun tumungkul mriksani ing ngandhap sarwi gèdhèg-gèdhèg, bokmanawi inggih pitakèn makatên wau.

Salêbêtipun sang nata manggihi Abdal Kadir ing kamar kadhaton ingkang namung kambah dening tiyang pinitados, sampun wontên tiyang jalêr ingkang ngêntosi, ingkang botên kalêbêt ing pangintênipun Abdal Kadir, saupami sumêrêpa, saiba lajêng kemawon dados êmpan-êmpan ubaling muringipun, inggih punika Sang Brahmana Kulluka ingkang ngêntosi [ngên...]

--- 87 ---

[...tosi] rawuhipun Sang Nata Akbar, linggihipun tumungkul mandêg ing jogan kados wontên ingkang ginagas, ngantos kados botên keguh sakêdhap-kêdhapa ningali mompyoring rêrêngganing kamar ingkang wiyar tur isis, utawi ningali polataning jawi ing patamanan-patamanan ingkang nêngsêmakên manah, ijêm royo-royo, sêkar-sêkar pating talenok kanginan ebahipun kados widadari sami jêjogedan, nggodha badharipun sang brahmana anggènipun tansah tumungkul kèrêm ing panggagas, ananging inggih botên sapisan punika kemawon anggènipun Sang Brahmana Kulluka amanoni ingkang sarwa nêngsêmakên wau. Botên dangu lêtipun saking wawanipun pangandika Sang Nata Akbar kalihan Abdal Kadir lajêng wontên abdi jagi ingkang dhatêng nggugah sang brahmana saking pitêkuripun, badhe kairid malêbêt dhatêng ngarsanipun sang prabu.

Salêbêtipun sang brahmana, sarta sasampunipun sang nata anampèni urmatipun kalihan sêmu trêsna sumèh ing netya, sang nata nuntên ngandika: "Ingsun bungah, dene bisa priksa ing sira manèh, lan ingsun ngarêp-arêp sira nggawa kabar bêcik saka ing nagaranira."

Sang Brahmana Kulluka amangsuli kêmba: "Kawula nuwun inggih, sinuhun, pangangkah kawula inggih sagêda ngaturakên angsal-angsal pawartos, nanging pisowan kawula punika kuciwa, sanadyan pawartos ingkang botên patos pêrlu, botên kawula umpêtakên sakêdhik-kêdhika kados dhatêng tiyang sanès. Kapracayan dalêm sang prabu dhumatêng kawula, utawi kapêrluanipun nagari kawula piyambak ingkang sampun kawula yêktosi, punika ingkang mêksa kawula botên sagêd ngunthut punapa ingkang kawula sumêrêpi."

Sang Nata Akbar angandika alon: "Ingsun uwis mangêrti, rak iya kandhanira lawas kae ta, mêtu manèh, bab sêsatroning gêgolongan, pasulayaning prasanakan, anak nglawan bapa, sadulur lêlawanan padha sadulur, ing kana ... padha bae karo ing ngêndi-êndi."

Sang Brahmana Kulluka amangsuli: "Kawula nuwun, sang nata, bab ingkang makatên punika sampun têrang sangêt. Nalika Sang Prabu Nandigupta ratu ingkang kagungan hak mêngku kaprabon, lolos saking kalanganing lêlawananipun sadhèrèk, sarta lajêng kauja kemawon karsaning sadhèrèkipun tanpa dipun lawani, kala samantên kawula sadaya sami gadhah pangintên bilih badhe wangsul lulus tata têntrêm. Ngantos lami inggih tata têntrêm sayêktos, para kawula sami marêm ing manahipun dhatêng paprentahan ingkang tumindak, botênipun inggih sampun sami sênêng, sarta sampun botên wontên ingkang ngrêmbag dhatêng ewah-ewahan paprentahan enggal, ugi ing wêktu punika tumrapipun kawula nagari inggih botên wontên ingkang ngrêmbag dhatêng ewahing tatanipun paprentahan, ewadene [ewa...]

--- 88 ---

[...dene] krêkatipun têtiyang gêgolongan sampun wiwit ngabên-abêni rêrêsah enggal malih, sarta wangun-wangunanipun sampun tata-tata badhenipun ura-uru malih, dene bokmanawi ingkang kasangêtên punika ... ananging kawula inggih botên sagêd sumêrêp saking golongan ing pundi sangkanipun, ingkang kawula unjukakên kêsangêtên punika wau, para putraning nata ingkang tumuntun utawi dangu-dangu nêmpuh byat ngraman, nglawan ingkang rama, sarta ingkang wangun-wangunipun inggih lajêng pisah-pisah piyambak-piyambak, tamtu sami tumindak botên saking karsanipun piyambak, kajawi têrangipun mbêbaluhi, sintên, punika ing samangke kawula taksih katambêtan."

Sang nata amangsuli sabda kêkah lan ngrampungi: "Kapriye-kapriyea iya sakarêpe, pamrêngkane katindakake dhewe utawa ora, ewadene kaya-kaya pêparikane lawas wis wiwit manèh, bakal kêdadeane bae kapriye, manawa ora dialang-alangi kang tamban. Kaya kang kêlakon jaman biyèn, gêgolongan warna-warna padha samêkta ngraman. Ura-uru sajroning nagara mêmungsuhan padha rowang, kang banjur nggêmpal-gêmpal nagaranira, sarta ing kiwa têngêne banjur nganakake rêrusuh sejene manèh, rêrusuh iku saya kurang bêgjane manggon ing sajroning kikis nagaranira, banjur nyoba nglanjak marang seje panggonan, malah kang masthi banjur mlêbu mênyang ing tlatah nagaraningsun, banjur njarah rayah nagara sarta kawulaningsun, angancam yèn ora pasok dhuwit angobong-obongi pêrlu kanggo pêpulih kelanganing rajadarbèke ana ing omahe, mulane saiki ingsun maringi priksa ing sira, babar pisan têrang tanpa ewuh-pakewuh, supaya sira bisa sumurup kang tamban, aja kongsi ora saranta. Kasamêktaning nagara sarta kawulaningsun kudu dak èstokake, mêngkono mau wis ora bisa sarana aris, kudu kalayan rodapaksa. Lah, sapira bae kangelan lan waragade, ingsun kudu nglumpukake wadyabalaningsun manèh, banjur dak angkatake mangalor, supaya bisa mulihake tata têntrêming kana, kang luwih pêrlu tumraping langgênge kaslamêtaning para kawulaningsun. Luwih prayoga numpês manèh sakèhing susahing begal maling kècu tinimbang kawulaningsun bakal nandhang kapitunan, mung murih lêstarine arja kartaning nagara sarta kawulaningsun bae."

Mirêngakên pangandikanipun sang nata ingkang êdak-êdir nyênyumbari makatên wau, Sang Brahmana Kulluka ingkang watakipun sarèh kanthi prayitna, saha sanadyan sang brahmana ering dhatêng sang nata, ewadene mêksa botên sagêd ngampah muringipun, sêsumuking manah kawistara ing ulat pêtêng, langkung abrit tinimbang ing pakulitaning muka ingkang dhasaripun sampun abrit dening kêbênteran saking andon lampah

--- 89 ---

utawi sanadyan botên tumuntên amangsuli dening kaprayitnaning manah, kasêlak sang nata ngandika malih, dening tampi pasêmoning ulatipun Sang Kulluka.

"Pangapuranira, dhuh, Sang Brahmana Kulluka, bokmanawa pangandikaningsun mau gawe rêngating pikirira. Kaya sira utawa ingsun wis mangêrti, yèn pangandikaningsun mau karsaningsun ora nêdya ngina marang wong ing nagaranira kang bêcik, utawa marang sira dhewe, apadene marang ratunira saiki, utawa marang nayakane, mung mligi marang kêparat para cidra, kang luwih gawe kapitunane wong ing nagaranira dhewe, tinimbang ing nagariningsun, nanging saora-orane iya mutawatiri tumrap nagaraningsun, mulane njaga tumulare rêrusuh mau iya lan têtêp dadi kuwajiban ingsun, ing sabisa-bisa bakal ingsun estokake. Saka karsaningsun marang sira, bok iya sira tulungi ing sabisa-bisa, aja kongsi panumpêse rêrusuh mau mêtu saka ingsun, yèn mêngkono wis kêna sira pasthèkake, samangsa-mangsa ana rêrusuhing nagaranira, ingsun mung bakal ngèrèni bae panjiyat ingsun marang sira."

Sang Brahmana Kulluka wicantên: "Kawula pracaya dhatêng dhawuh pangandika dalêm, namung kemawon manawi botên sagêd ngêndhak manah sungkan, punika namung jalaran saking pasangan nistha ingkang pantês tampi pangipat-ipat, ingkang sapunika dipun pasangakên malih tumrap nagari sarta ratu kawula, botên saking pangancam-ancam ingkang dipun tumrapakên dhatêng nagari tuwin ratu kawula, sarta botên saking lêlêrêsan, atur unjuk kawula wau sanadyan pancèn kawula botên rêna nglairakên, ewadene kêdah kawula akêni. Mênggah ingkang kangge umpêtan panyidra wau punapa namung ing Kacmir kemawon, ing sanèsipun nagari botên, sarta punapa botên pisan-pisan kalêbêt pangintên bilih ing karaton dalêm, tuwin ing wêwêngkon dalêm ingkang cêlak, malah ingkang kalêbêt santana dalêm, manawi wontên ing sakuthon damêl rêsah botên namung panguwaosipun nagari kawula kemawon, inggih ugi dhatêng panguwasa dalêm."

Sang Nata Akbar ndangu: "Kapriye iku mau, saka kira-kiranira kapriye?"

Sang Brahmana Kulluka amangsuli: "Bokmanawi atur kawula ragi kêlajêngên, ginêm kawula kêladuk. Ananging atur kawula wau sawêg kintên-kintên, kawula gadhah pangintên. Dene manawi pangintên kawula wau mlèsèd kados pangajêng-ajêng kawula, pangintên kawula wau sawatawis tamtu wontên nyatanipun, putra dalêm sang pangeran adipati ... Sang Salim."

Sang Nata Akbar angandika sêmu kêjot: "Apa Salim kocap manèh, apa dhèwèke iya sêsangkutan bab iku?"

--- 90 ---

Sang Kulluka ndumugèkakên wicantên: "Ingkang katindakakên putra dalêm Salim malih, kawula botên sumêrêp, namung katitik saking tandha-tandha sawatawis, sanadyan dèrèng patos têrang, ewadene sampun dados sabab kamipurun kawula munjuk ing sampeyan dalêm. Manawi nalar wau têtela sêpên kayêktosanipun, punika ingkang langkung prayogi, nanging ugi botên wontên awonipun bilih kaawasakên ingkang sayêktos."

Sang nata ngandika: "Aku uga bakal kêlakon, ananging tumêkane saiki lagi dadi kira-kira sarta bisane kêlakon durung ana tandha saksine, mulane pangrêmbug sarta tumindake aja nganti kusung-kusung bangêt, ananging iya wis kêna sira pasthèkake manawa bab panjawilira marang ingsun mau bakal ora nglirwakake panitiningsun, samangsa ingsun kêtêmu manèh lan sira, masthi uwis tumêka ing mangsane ngrampungi rêmbug lan tumindak, samêngko aja nganti tanpa gawe dhisik panjagane. Ing sadurunge sira lunga saka ing kene, ingsun bakal maringi priksa ing sawatara pêrlu tumrap ing sira dhewe, ingsun mau kêtêmu lan ngandika karo muridira."

Sang brahmana eram amangsuli: "Kadospundi, punapa Siddha, sintên ingkang nglantarakên?"

Ora ana kang nglantarake, wangsulanipun sang nata. "Ingsun kêtêmu ing dhèwèke ana ing patamanan kana, banjur mangêrti yèn Siddha, sarta banjur ingsun ajak pagunêman. Sira rak iya wus sumurup, yèn uwis kêrêp bae ingsun nindakake mêngkono."

"Punapa piyambakipun botên sumêrêp bilih wicantênan kalihan ratu ingkang kinuwasa?"

"Masthi bae ora, sarta iya ora ana sulak-sulake yèn duwe panyana. Iya sira kandhanana, besuk bae ingsun paringi priksa dhewe, ananging sira masthi kêpengin ngrungokake kapriye kaanane Siddha, ingsun rêna bangêt marang dhèwèke, iku bocah cikat, tumêmên, kêna ingsun pracaya. Mung bokmanawa kadhang-kadhang rada kurang pangati-ati sarta rada akèh blakane ...."

Sang brahmana: "Punapa inggih kawêdal ingkang botên pantês tumrap sampeyan dalêm?"

Sang nata mangsuli kalihan gumujêng: "Iya sawatara yèn ta dhèwèke ngêrtia marang kang diajak gunêman. Ananging sira kang têtêg bae, sabab nalika ingsun elikake yèn wêtuning gunême rada kêsusu, dhèwèke banjur njaluk pangapura, kang ndadèkake lêganing panggalih ingsun. Mung tumêka samono bae ingsun wis maringi priksa yèn dhèwèke gawe marêming panggalih ingsun, saupama ora mêngkono, iya durung ingsun alêm. Sira rak iya wus sumurup marang padatan ingsun, ora rêna nimbang kaanane wong kang lagi mêntas bae ingsun uningani, prayogane bae sira ngandhanana, kudu njaga aja kongsi ngilangake kaanan kang bêcik. Ing samêngko

--- 91 ---

ingsun bakal manggalih prakara sejene, mulane ingsun ora bisa nggendholi sira luwih suwe manèh."

Sang Kulluka lajêng pamit mêdal kanthi pakering urmatipun. Sang Akbar taksih amawasakên kalihan rênaning panggalih. Sang Kulluka tiyang ingkang têbih sungsatipun kalihan sang prabu mênggah ing pangkat tuwin kalênggahan, punapa malih mênggah ing agami kalair sarta mênggahing bangsanipun, ewadene jujur saha rakêtipun pawong mitran anglangkungi, saking dening sang nata angajèni sarta ngrêngkuh mitra. Dene Sang Kulluka ingkang tansah bakuh prasêtyanipun dhatêng sang prabu sampun kapracaya ing wados.

Pangandikanipun Sang Nata Akbar: "Sêtun dhèwèke kang kêna tak jagakake, dhèwèke ora goroh, sarta wis wajibe. Wis pira bae kang nyêdhaki dhèwèke, mêksa durung padha olèhe wêwênang ingaran mitra kang tandha saksine kaya prasêtyane lan pracayane marang ingsun."

__________

--- [92] ---

V. Têpangan Enggal kalihan Têpangan Lami.

Dèrèng watawis dangu ing wanci ingkang sampun katamtokakên anggèning ngêntosi Sang Siddha wontên ing sacêlaking masjid, kasaru sumêrêp dhatêngipun abdi èstri ingkang sampun sêmadosan kalihan Sang Siddha kacariyos ing ngajêng dhatêng amurugi. Sarêng sampun kêpanggih, lajêng ngaturi sang sinatriya kerid lumampah anglangkungi margi-margi ingkang kaapit-apit ing wit-witan sarta margi alit-alit têtêrusanipun, ngantos dumugi ing sacêlaking pagêr banon inggil, ingkang wontên korinipun bêbuntêlan alit lajêng dipun êngakakên. Sarêng kalih pisan sampun malêbêt, kori-kori lajêng kakunci kalayan pangatos-atos, lajêng lumampah malih anglangkungi margi ingkang kaapit-apit wit-witan adhaliah tuwin sanès-sanèsipun katingal rungkud, dumugi ing sawarni siti sungsun katanêman wit jêram kêprok, sarta ing ngriku wontên umbulipun kathah, sami ngwêdalakên toya ing pancuran, manawi kasawang saking banon wingking griyanipun ingkang wontên ing ngriku alit, nanging pèni pangrakitipun, ngraosakên, dene peranganipun griya ingkang sanèsipun botên kêtingal, jalaran kalingan ing wit-witan angrêmbuyung. Sang Siddha lajêng kerid dening abdi èstri turut undhak-undhakan mêdal ing jrambah ingkang mênga kemawon dhatêng kamar ingkang ing ngajêngipun mênga babar pisan, dene abdi èstri sasampunipun angirid sang sinatriya dumugi ing kamar ngriku, lajêng têrus lumêbêt kalingan salah satunggaling gêgubah.

Wondene ingkang wontên ing kamar ing sisihipun, satunggaling wanodya taksih neneman asêsareyan wontên ing dipan, patrapipun gumluwèh andudut manah, pangagêmanipun cara Pèrsi sarwa pangaji pinantês sruwa-sruwi turut. Sasampunipun kaaturan priksa rawuhipun tamu, sang wanodya lajêng jumênêng saking pasareyan mêthukakên saha ambagèkakên ingkang nêmbe rawuh, punapa wanodya wau mênggahing warni kalêbêt ayu, Sang Siddha botên sagêd mutusi bab punika kalihan lêrês, parejenganipun botên mathis, pasaliranipun alit tipis, ananging tingalipun ingkang kêdunungan manik biru nigan blêkok ngrêspatèni, kalingan tibing

--- 93 ---

panjang alus kados bênang sutra tumêngging tawang, anggadhahi sêmu sumaruwe ndudut manah, makatên malih tutukipun ingkang sawatawis ragi kêwiyarên, ugi sêmu gadhah pikajêngan sanèsipun kêjawi namung nyêdhahi mirêngakên pangandikanipun kemawon. Utawi malih sanadyan pasaliranipun alit tipis, ananging inggih sruwa-sruwi turut, mangka krakêting pangagêman sêmbêt ing sawatawis panggenan saya wela-wela andêngangani mênthêking wêwangunanipun peranganing salira. Dene ingkang sakêlangkung ngèngingi galihipun sang sinatriya, punika wênêsing jangga mêmplak alus pakulitanipun, tuwin pambayunipun ingkang prasasat namung katutupan sapalih katingal gumana pêthak maya-maya mawa teja, ebah ingkang pranaja dening wêdaling uswa mêmbat-mêmbat kados badhe jêbol-jêbola saking tatampingipun. Sang wanodya ngagêm sangsangan mutyara murni, pinulêtakên ing jangga kulmèwèr dhumawah ing wonga-wonga, patut lan sênênipun ingkang sarwa katingal, saya damêl tratabipun ingkang sumêrêp. Makatên malih pangarasanipun pêthak rêsik sulak jambon manda-manda. Sang sinatriya dèrèng nate mrangguli tumraping tiyang èstri sanèsipun, sanadyan ingkang pêthêk pakulitanipun. Sang wanodya ingkang dèrèng kasumêrêpan namanipun, nuntên ngandika, ingkang wêdaling swara sêdhêp manis manuhara, sanadyan upaminipun polatan ingkang dipun sumêrêpi dhatêng sang sinatriya kados ingkang sampun kawêdharakên ing nginggil dèrèng ngengingi, mirêng wahyaning pangandikanipun kemawon sampun katitih anglês galihipun: "Dhuh sang sinatriya, sangêt ing atur panuwun kula, dene panjênêngan lajêng mituruti panuwun kula karsa rawuh ing ngriki. Bokmanawi panuwun kula ragi kirang urus, ananging manawi panjênêngan sampun kula aturi priksa sababipun, bokmanawi pangajêng-ajêng kula botên badhe panjênêngan wastani ingkang makatên."

Sang Siddha amangsuli: "Manawi kula botên nurutana paminta ingkang makatên, bokmanawi badhe kenging pangaran-aran botên ambêg satriya. Makatên malih, dhuh sang duhita, saupami kula sumêrêpa ing sadèrèngipun, dhatêng gambaripun sang kusuma ingkang kêparêng nimbali dhatêng jasad kula, sampun tamtu kemawon kula saya botên saranta angêntosi wêktunipun sowan kula mriki."

Sang wanodya manthuk lirih amangsuli têmbunganipun Sang Siddha, ingkang têtela namung kaanggêp têmbung umpak-umpaking tatakrami kemawon. Sang wanodya nuntên ngandika: "Kula nyuwun pangapuntênipun sang sinatriya, bilih wontên kalêpatan kula, saking patrap kula ingkang kaduk purun angaturi rawuhipun sang sinatriya, botên katarik saking wigatos kula piyambak, nanging saking kapêrluanipun [kapêrluan...]

--- 94 ---

[...ipun] tiyang sanès, inggih punika mitra kula, wanodya ingkang kula trêsnani têrusing manah. Lare èstri mitra kula sinarawèdi wau sampun lami kêpêksa minggat saking Agra, pêrlu anyingkiri pitênah ingkang katandukakên dhatêng piyambakipun dening sawênèhing para agêng tuwin para kinuwasa. Kesahipun têbih saking ngriki, pados pangungsèn ing nagari panjênêngan ing Kacmir, sapunika piyambakipun badhe kula cariyosi, ingkang pêrlu sangêt tumraping badanipun; ananging dumugi sapriki kula dèrèng sagêd manggih rekadaya murih dumuginipun ingkang botên mawi kuwatos, sabab sadaya kengkenan ingkang kasudhiyakakên dhatêng kula wontên ngriki, botên kenging kula pracaya. Dumadakan kadospundi, botên susah kula têrangakên, - kula mirêng yèn panjênêngan rawuh wontên ing Agra ngriki kalihan guru panjênêngan rumiyin ingkang abêbisik Kulluka, sarta mirêng malih yèn ki guru wau tumuntên wangsul malih dhatêng Kacmir, kula lajêng gadhah panggraita, botên wontên malih ingkang langkung pitados kula pasrahi wêwados, kajawi namung panjênêngan, tamtu botên badhe pisan-pisan ngicalakên ajining satriya ingkang sagêd ambundhêli wêwadosing liyan, asma panjênêngan kula inggih sampun sumêrêp, mila sêpên was sumêlanging manah kula nyuwun pitulungan ing panjênêngan, kalêganana manah kula. Dhuh sang sinatriya, sêrat punika kaparênga ambêktakakên dhatêng mitra guru panjênêngan, ingkang lajêng nampèkakên dhatêng mitra kula ing Kacmir. Mênggah suraosipun sêrat: kula suka sumêrêp ingkang pêrlu dipun sumêrêpi dhatêng mitra kula. Punapa panuwun kula punika badhe ngawrat-awrati dhatêng panjênêngan utawi dhatêng kyai guru Kulluka?"

Sang Siddha kêraos lêga ing galih mirêngakên ngandikanipun sang wanodya, dados kapêrluanipun sadaya wau namung sapele bab prakawis ambêktakakên sêrat ingkang têtela tanpa kalêpatan, dene maksudipun ingkang kasêbut ing sêrat, Sang Siddha botên pêrlu ngrêmbag, ewadene tingalipun sênadyan lêga ing galih, sêmu-sêmunipun satêngah botên karaosakên. Wontên ingkang damêl gêlaning panggalihipun, dene kawontênanipun ing pêpanggihan sêpên saking rêraosan prakawis sakuthon, punika andadosakên rênaning panggalih. Ananging punapa kumênthusipun Sang Siddha wau sagêd kaarêm-arêman dening kanyatahan, bilih pawicantênan wau botên wontên titikipun basa raras karasikan. Sarêng makatên Sang Siddha lajêng kasêsa ngaturi katamtuan dhatêng sang wanodya, bilih sakêlangkung sarju anjibahakên pambêktaning sêrat wau dhatêng gurunipun, sarta sang guru Kulluka inggih badhe botên makèwêd. Kula punika sang wanodya [wa...]

--- 95 ---

[...nodya] asung sasmita dhatêng abdi èstri ingkang lajêng ngadhêp angaturakên barang tingkêman ingkang mawi katangsulan songa sutra sarta kaêcap kalêmpit kadosdene panglêmpiting sêrat.

Sarêng abdi èstri sampun kesah, sang wanodya ngandika malih: "Mênggah ungêlipun ngalamat, panjênêngan priksa piyambak, dhatêng tiyang sanès, botên dhatêng mitra kula piyambak, bokmanawi nama punika panjênêngan inggih sampun têrang."

Sang Siddha amangsuli: "Inggih sampun tamtu kemawon, jalaran kula sampun asring ambêbêdhag kalihan lare jalêr ingkang gadhah nama punika."

Sang wanodya ngandika malih: "Milanipun makatên, kajêngipun ingkang nyukakakên dhatêng mitra kula piyambakipun, supados mitra panjênêngan ki guru Kulluka botên sumêrêp dhatêng tiyang sintên lugunipun sêrat punika, pêrlunipun kajêng kula ingkang makatên punika, sampun ngantos wontên tiyang sanèsipun malih ingkang tumut-tumut magêpokan wêwados punika, kajawi namung ingkang sampun sumêrêp sapunika."

Sasampunipun kèndêl sakêdhap, sang wanodya lajêng ndumugèkakên ngandika malih: "Pangajêng-ajêng kula, supados cariyos kula dhatêng mitra kula ingkang kasêbut ing sêrat wau sagêda maedahi ing piyambakipun, awit sayêktosipun kula mêsakakên sangêt dhatêng mitra kula, anggènipun kados tiyang wontên ing bucalan, mêsakakên têmên, kesahan sajangkah kemawon botên jênjêm manahipun, ewadene mêksa asring kula mèrèkakên, dene piyambakipun ngantos sagêd dhatêng ing nagari panjênêngan, ing nagari ingkang mulya kados makatên, ingkang sampun kula waos cariyosipun sarwa sae, ananging kula mêksa badhe nyuwun priksa sakêdhik, têmênipun kemawon, punapa cariyosipun punika botên asring kêladuk, apêsipun ragi karêngga?"

"Mênggahing kula," - wangsulanipun Sang Siddha, - "Dipun wantos-wantos guru kula sangêt-sangêt, manawi cêcriyosan sampun ngantos langkah saking kikisipun kapantêsan tuwin kayêktosan, ananging kula kalihan guru kula tansah angsal pamanggih yèn cariyos ingkang panjênêngan ngandikakakên punika taksih ngandhapipun nyamut-nyamut kalihan kayêktosanipun. Sampun lêrês ing jajahan ngriki kawontênaning pêpolatanipun alam inggih endah, punapa malih ing pinggir-pinggiring lèpèn Jumna anêngsêmakên, èdi tuwin mompyoring kadhaton-kadhaton, saha pasanggrahan-pasanggrahan, sanginggilipun nagari kula, ananging bab kawontênaning pêpolatan ing rêdi-rêdi tuwin ing jurang-jurang, saha ing wana-wana, punapa malih pasabinan, ingkang nêngsêmakên [nêngsêm...]

--- 96 ---

[...akên] wontênipun ing ngrika kathah, ing ngriki kirang, mila tumrapipun ing panjênêngan tamtu pakèwêd anggènipun badhe ngintên-ngintên."

Sang Siddha ingkang kala punika lajêng kodhêng kagagas ing galih dening kèngêtan dhatêng nagarinipun, sarta kasêngsêm ningali dhatêng rêsêpipun ingkang mirêngakên, ingkang ing kala punika warninipun tumanduk ing Sang Siddha katingal ayu linangkung, kabêkta saking sêsêg sarta manising paginêman, ical cacad-cacadipun sang wanodya dening katutupan têmbung: ... sê ... nêng. Ngantos ngicalakên cariyosipun Sang Siddha bab kaendahanipun wana-wana, rêdi-rêdi, jurang-jurang tuwin pasabinan ing Indhustan ingkang misuwur ing jagat kados taman Pirdos ing jaman kina-makina. Nitik saking manising pawicaranipun ingkang ambukani cariyos, ingkang sapunika gêntos mirêngakên, saha kala-kala mandêng dhatêng sang sinatriya anèm ingkang taksih sarwa kiyat, makatên malih saking ulatipun ingkang lajêng gêntos nyariyosakên, kawistara bilih sakalih-kalihipun sami katuju rêna ing galihipun.

Ing wusana sang wanodya lajêng andêngangak sarwi ngandika: "Anggèn kula anggendholi panjênêngan sampun kêdangon, bokmanawi sampun nglanggar saking kaparênging panggalih panjênêngan, panuwun kula satunggal malih, bab pêpanggihan kula sakalihan punika, ngèngêti kapêrluanipun mitra kula, prayogi kadamêl wados kemawon, mangka pêpanggihan kula kalihan panjênêngan ingkang prasasat namung salapan, punika inggih botên sêsangkutan kapêrluan agêng."

Sang Siddha angandika: "Tumrap ing panjênêngan tamtu kemawon botên, nanging tumraping kula langkung agêng kapêrluanipun tinimbang pangintên panjênêngan."

Sang wanodya ngandika malih sarwi gumujêng: "Kula yêktos-yêktosi: panjênêngan bangsa Indhu punika botên beda kalihan bangsa kula, inggih sagêd luwês anggènipun ngêcakakên pitêmbungan dhatêng bangsa èstri. Sapunikanipun inggih sampun dumugi samantên kemawon, ingkang pêrlu taksih badhe kula aturakên sakêdhik, awit kula taksih rumaos kasambutan dhatêng panjênêngan, yèn ta botêna kula aturakên, sampun tamtu mêngahing kula taksih rumaos kuciwa, kados botên angajèni dhumatêng piandêl panjênêngan, saupami kula sampun têpang makatên, taksih badhe tansah panjênêngan anggêp kados tiyang ingkang dèrèng nate wanuh dening panjênêngan dèrèng priksa dhatêng kawontênan kula. Pramila kula inggih botên gadhah pakèwêd, janji tansah kadamêl wados, ngakên nama sarta dunung kula, ingkang salajêngipun sapele kemawon. Nama kula Rezia, bapa kula tiyang Armênier, ingkang dhatêng gêgramèn wontên nagari ngriki, [ngri...]

--- 97 ---

[...ki,] kula enggal kaimah-imahakên kalihan sudagar ing kitha ngriki, sugih, nanging sampun ragi sêpuh, sampun lami piyambakipun among dagang dhatêng nagari Pèrzie sarta lajêng têrus mangilèn. Sampun lami kula botên mirêng mênggah kawontênanipun, ing salajêngipun kula manggèn ing ngriki punika, panjênêngan priksa piyambak, sêpên nyênyêt makatên. Sanadyan ugi botên kapêthalan kabingahan tuwin kasênêngan ingkang têntrêm saking ramenipun ing jawi. Sapunika panjênêngan sagêd marêm ing panggalih, dene priksa sintên tiyangipun ingkang sampun panjênêngan labêti rêkaos, sanadyan ing salajêngipun kula kalihan panjênêngan bokmanawi botên sagêd pêpanggihan malih."

Sang Siddha pitakèn: "Dhuh sang wanodya, têka nganèh-anèhi, gèk punapa kemawon sababipun dene botên sagêd pinanggih malih, saking pangintên kula botên wontên ingkang ngalang-alangi, pêpanggihan kula kalihan panjênêngan, bokmanawi kula kadhangkala sagêd ngaturakên sawatawis bab kawontênanipun nagari ingkang sapunika dipun dunungi mitra panjênêngan, bok bilih sagêd nênangi rêsêpipun panggalih panjênêngan nguningani kawontênanipun ing nagari wau."

"Yèn makatên", - wangsulanipun Rèzia, "kula inggih botên badhe nampik babar pisan dhatêng kêsagahan panjênêngan wau. Bilih panjênêngan ing salah satunggaling dalu wontên wancinipun ingkang sêla, kula prayogèkakên paring kabar dhatêng kula bab prakawis pangintun kula sêrat punapa botên manggih pakèwêd, kalihan malih punapa kintên-kintên wontên unthutipun sae. Bokmanawi wontên ing ngrika-ngrika panjênêngan sagêd kêpanggih kalihan rencang kula èstri, lajêng maringana priksa kemawon, benjing punapa sagêd panjênêngan mêrtamu malih dhatêng pondhok kula ingkang nyênyêt punika."

Sang Siddha amangsuli kalihan gogoh-gogoh ing paningsêdipun badhe ngandhut sêrat ingkang kapêrcayakakên dhatêng saliranipun, sarta tata-tata badhe pamit wangsul rumiyin, têmbungipun: "Kula matur nuwun kapundhi: pamrayogi panjênêngan wau."

Abdi èstri pinitados, ingkang sarana sasmita lajêng kêtingal malih, angirid sang sinatriya mêdal ing jawi turut margi ingkang dipun langkungi nalika mlêbêtipun ing ngriku. Dumugi ing dalêm Sang Siddha taksih dangu jumênêng wontên ing sangajênge èmpêripun kamar kalihan anggagas ningali dhatêng lèpèn ingkang mili ing ngandhap, inggih punika têrusanipun lèpèn ingkang nyirami têlêsing bètèng karaton ing Allaahabad sarta ingkang wêwayanganing warnanipun Sang Putri Iravati ingkang tuhu nêngsêmakên ngilo-ilo ing toyaning lèpèn, [lè...]

--- 98 ---

[...pèn,] yèn ginagas lumembaking toya kados ambêkta pamudyarjanipun sang sutrêsna, kumricikipun kados pamirêngipun sang putri ambêbisiki gênging katrêsnan tuwin kalulutan. Enggal-enggal sang sinatriya mundhut madhaliyun ingkang isi gambar pêpêthaning warninipun Sang Iravati saking tembok kinuswa lajêng lênggah ing galdri, ngantos dangu sang sinatriya ngiling-ilingi gambar pêpêthan wau, polatanipun sang kusumaning ayu putri Indhu tiningalan kados asung sutrêsna. Ananging wontên anèhipun malih, manawi kèdhêping netra tumingal amanoni suyasa-suyasa ingkang endah-endah, tuwin patamanan-patamanan ing pinggiring lèpèn, lajêng kêtingal sanès warni ing padoning tingal, warninipun sintên, ingkang gadhah solah tingkah anêngsêmakên manah, dêdêg pangadêg ngronje (ramping) netra biru anigan kuntul, suwara bêning cumêngkling, larut galihipun kèlu ingkang mirêng pijêr badhe mirêngakên, inggih punika sang ayu bangsa Armenier Rezia. Magêpokan punapa Sang Siddha têka kêgagas ing manah dhatêng Rezia, tamtu botên magêpokan punapa-punapa. Ananging punapa ta awonipun tumrap sang wanodya bilih namung kawastanan ayu mêrakati kemawon dening sang sinatriya. Sang Siddha rak inggih botên mawi punagi dhatêng Sang Putri Iravati kêdah amastani awon sarta botên nêngsêmakên manah dhatêng pawèstri makatên.

Kacariyos enjingipun, taksih enjing, ing ngajêng palataraning dalêmipun Sang Sinatriya Siddha sampun wontên ingkang cêluk-cêluk, têmbungipun: "E, apa bêndaramu durung wungu, mara tilikana, apa wis kêna dak regoni mara dhayoh?"

Sawêg kemawon Vatsa badhe anglampahi pakènipun ingkang dhatêng, kêsaru Sang Siddha piyambak, ingkang sawêg tata-tata badhe tindakan, sarêng mirêng swaranipun Sang Parviz, kapenakanipun Sang Abdul Fazl, lajêng tindak dhatêng palataran ngajêngan, tamunipun ingacaran lumêbêt ing dalêm.

"Punapa panjênêngan tampi pandamêlan?" Pitakènipun Sang Parviz.

"Kalih dintên botên tampi," wangsulanipun Sang Siddha.

"Yèn makatên kalêrêsan, sapunika nuju sêla, panjênêngan bokmanawi karsa amêng-amêng dhatêng sajawining kitha."

"Kula sakêlangkung bingah, mila inggih sawêg sêla. Amêng-amêng dhatêng pundi?"

Sampun tamtu kemawon dhatêng Fattipur Sikri, kadhaton dalêm sang nata ing sajawining kitha. Sabên tiyang kemawon ingkang sawêg nêmbe nêdahakên ing panjênêngan dhatêng tlatah ing ngriki, sampun mêsthi badhe nêdahakên panjênêngan mrika."

--- 99 ---

"Kula sampun pasrah kemawon dhatêng panuntun panjênêngan ingkang rumêngkuh dhatêng kula. Ananging kula nyuwun pangapuntên sakêdhap kemawon, panjênêngan kula aturi lênggah piyambakan rumiyin, guru kula Sang Kulluka mangke badhe mangkat, mila kula badhe ngaturi wilujêng sakêdhap."

 


satêngah. (kembali)
§ Ingkang nama ngêndhih utawi ndhêsêk punika ingkang ndhatêngi punapa ingkang dhinatêngan, têmbungipun Abdal Kadir ragi kuwalik, manawi bangsa Arab dhatêng Indhustan badhe mêncarakên agami Islam, ingkang wusananipun têtiyang Indhu lajêng kêndhih, kathah ingkang lajêng ngrasuk dhatêng agami Islam, nilar agaminipun piyambak. Punika ingkang nama ngêndhih Abdal Kadir punapa Sang Siddha? KARTADIRJA. (kembali)