Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 198–231)

Judul
Sambungan
1. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 001–034). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 034–066). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 066–099). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 099–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 132–165). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 165–198). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 198–231). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 231–264). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 264–297). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 19-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sang Rezia ingkang kagèt, nyat jumênêng saking dhipan, anguwuh: "Êlo! nyawa kula Siddha, têka elok, kula kintên panjênêngan sampun mangkat dangu."

Sang Siddha amangsuli kalihan sêmu sarèh: "Rezia-Gulbadan, sapunika kula sampun sumêrêp dhatêng karsa panjênêngan. Panjênêngan anjalomprongakên dhatêng kula, kalihan tiyang ingkang damêl sae dhatêng kula wontên ing ngriki, panjênêngan anjalomprongakên, sanadyan sakecaning lêlampahan kula botên sadaya saking piyambakipun, ewadene kathah pitulunganipun dhatêng kula, mila pantês kula tarimah, pintên banggi sagêd malês kasaenan, pikantukipun jêbul tampi wêwalês, kula rêsahi sêsêngkêranipun dening panjênêngan ingkang nasarakên. Dhatêng kula ing ngriki malih punika, namung pêrlu ngaturi kantun wilujêng, kula kapêksa nilar panjênêngan dening nglabêti kaurmatan, sanadyan kula inggih rumaos pancèn botên sagêd kesah saking ngriki, manawi botên kalihan panjênêngan. Benjing enjing angkat kula, yèn sagêd malah ing dintên punika, salajêngipun badhe botên sumêrêp nagari Agra malih sarta dhatêng panjênêngan."

Sakêdhap[1] netra kemawon, tanpa ngêntosi têlasing pangandikanipun Sang Siddha, sêsêngkêranipun Sang Feizi sampun mangêrtos dhatêng sadaya nalar ingkang dèrèng sarta ingkang botên dipun pangandikakakên. Ing ngajêng Sang Rezia pancèn sampun nyatakakên têrang, bilih kalulutipun sampun mangkat saking Agra kalihan para prajurit karerehanipun, pramila kala wontên karamean inggih sêpên ing pakèwêd anggènipun

--- 199 ---

badhe mêdali, anggêripun ngagêm krukub wadana ingkang primpên, bokmanawi wontên ing patingalan lajêng konangan dening Sang Siddha, ingkang botên pangling dhatêng Sang Rezia, sarta wontên ingkang nyariyosi dhatêng Sang Siddha mênggah lugunipun. Nalar punika kêdah wontên katranganipun, ananging sang wanodya ing galih botên pêrlu ing wêkdal punika ngudi katêranganipun, makatên punika dede gêlaripun Sang Rezia, pramila kacupêt samantên kemawon. Ing samangke asrana tanduking liringipun netra ingkang mêmalad driya, ingkang sasêdhetan kemawon sampun tumanjêm naratas ing jêjantungipun sang sinatriya, sang wanodya sarwi nguncupakên asta minggah kalihan ngasih-asih dhatêng kalulutipun, têmahan lajêng tanpa krêkat ambruk andhawah ing dhipan tanpa ngandika punapa-punapa sarwi wadananipun ngrungkêbi ing kajang sirah.

Sang Siddha tumungkul dangu nyawang dhatêng giliging pasaliranipun sang wanodya ingkang sumèlèh mêlasasih adamêl kodhênging galihipun sang sinatriya, malah tansah trataban sumêrêp lêkêring salira gilig sruwa-sruwi turut adamêl trênyuhing manahipun tiyang muring. Êm! Têka kados makatên. Dèrèng nate Sang Siddha sumêrêp lurusing saliranipun Sang Rezia ingkang mêmalad driya kados ing kala punika. Kalanipun Sang Siddha sampun kêncêng ing galih badhe nilar piyambakipun, tanpa mawi kapanggih malih ing wingking. Sang Siddha rumaos botên badhe kêsupèn dhatêng kalanipun sumêrêp wêwarnèn ingkang andudut manah punika, têmahan bingung ing galih, pundi ingkang linampahan, ing batosipun kados wontên rêmbag ingkang diya-diniya: enggal lungaa sing adoh, enggal bae, wis ora susah konalar manèh, enggal-enggal lungaa, yèn nganti talompe mêsthi kasèp anggone arêp ngoncati rêrupan nêngsêmake, kang sêmune wus ngoncati.

Ing kala punika sang wanodya tumuntên dhêngakakên mastaka sarwi nisihakên rema ingkang mêmak alus mindha sutra ngrêmpyo nutupi larapan, sang wanodya nuntên angusapi wadananipun kalihan asta ingkang tan sinêdya, ebahipun damêl sêngsêmipun ingkang sumêrêp, sang duhita kados mêntas wungu saking sare kêpatos, utawi kados tiyang ingkang mêntas kêsambêt, botên èngêt dhatêng wiwitan tuwin wêkasan. Têmahan Sang Siddha tumuntên ngandika: "Rezia! Kalilana kula taksih mastani makatên. Sampun damêl awrating manah kula, anggèn kula badhe nilar panjênêngan. Mila ta kula mawi pamitan dhatêng panjênêngan, awit kula gadhah pangintên, kesah tanpa pamitan dhatêng panjênêngan punika, raosing manah kados dede patraping satriya; dene badhe pêpisahan kula kalihan panjênêngan, punika botên kenging botên.

--- 200 ---

Panjênêngan kêdah nglilani, saking botên sumêrêp kula, katêmahan kula ngantos ngrisak pitêpangan, ingkang linangkung pambojakramanipun dhatêng kula, kêsaenanipun mitra, kula walês kalihan tindak asor, dene sapunika kula sampun sumêrêp ing kawontênanipun, manawi anggudèl bingung kula lajêng-lajêngakên patrap kula, punika lampah ingkang langkung awon."

Rezia amangsuli alon kalihan narimah ing galih, têmbungipun: "Lêrês karsa panjênêngan punika, kula botên maoni, kula ingkang sampun ngraosakên sangêt, manawi pêpisahan punika kêdah linampahan, botên kenging botên, sampun lami ing sadèrèngipun panjênêngan ngandikakakên, kula sampun gadhah raos ajrih, sampun gadhah pangintên, ananging ngantos lami tansah kula angge samudana dhatêng panjênêngan. Dhuh sang sinatriya! Ing sadèrèngipun panjênêngan nilar dhatêng kula ing salami-laminipun, panuwun kula: mugi kamirêngna atur kula sakêdhap, supados panjênêngan sampun ngantos èngêt dhatêng kula kalihan sangêt cêlaning galih ing salaminipun, sumangga kamirêngna atur kula, punika botên minangka panglawan, namung dhapur nyuwun pangapuntên ing panjênêngan dhatêng lampah kula. Kula kagalih anjalomprongakên, mila yêktos, malah kêrêp panjênêngan kula jlomprongakên, malah wiwit nalika panjênêngan priksa dhatêng kula sapisan. Ing nalika panjênêngan mêntas kemawon rawuh ing Agra, kula sampun kêpêthuk kalihan panjênêngan, ananging panjênêngan botên priksa dhatêng kula, warni panjênêngan adamêl rumêgêping manah kula kêlayu anêpangi, ingkang lajêng wêwah-wêwah saking panusung kula pawartos mirêng bab kawontênan panjênêngan, ing salajêngipun saking kiranging pangatos-atos kula, lajêng damêl rekadaya lêlantaranipun sagêd nêpangi dhatêng panjênêngan. Mênggah kalêksananipun pangangkah kula ingkang tanpa rinêmbag panjang wau, lajêng kula tandukakên sarana awad-awad kintun sêrat dhatêng Kacmir mêdal ing panjênêngan, dene pêrlunipun namung sagêda apitêpangan kalihan panjênêngan, mugi sapintên lena kula ingkang sampun nasarakên kula sêngsêm dhatêng panjênêngan, punika sampun botên susah kula aturakên, awit kula kalihan panjênêngan sampun sami nyumêrêpi. Ing ngajêng kula botên sumêrêp pisan-pisan, bilih wontên gêgayutaning pamitran satuhu panjênêngan kalihan Feizi, ananging kados punapa kemawon kagètipun manah kula, sarêng kula sumêrêp pitêpangan panjênêngan kalihan Feizi botên namung têpang limrah kemawon, nanging ingkang pantês ingaji-aji. Samantên kula kêdah anggadhahi manah kêncêng saha wêntala mêdhot têtangsuling katrêsnan kula kalihan panjênêngan, ananging sapunika [sapu...]

--- 201 ---

[...nika] kula blaka: Manah kula kêndho, botên wêntala, botên tega, apês kados limrahing manahipun èstri ingkang trêsna, ingkang rêmênipun kêlangkung dhatêng priya ingkang dipun sênêngi, sagêd ugi makatên. Kula kuwatos manawi pisah kalihan panjênêngan, ingkang jalaran saking kapêksa dening ngèngêti dening ajining salira, pramila kula inggih lajêng kèndêl kemawon. Awit saking punika, ing sadèrèngipun pêpisahan panjênêngan kalihan kula ing salaminipun, dhuh nyawa kula, ingkang kula tênga-tênga, mugi ingkang agung pangapuntên panjênêngan dhatêng tiyang èstri ingkang apês ing budi, labêt saking gênging katrêsnan kados kula punika."

Sang wanodya tumuntên angulungakên astanipun kados minta sêsalaman, kalihan rangu-rangu ing galih ing sêmu kagok ajrih, bokmanawi Sang Siddha taksih duka botên tinampenan; malah Rezia lajêng andhawah malih ing kajang sirah kalihan ing netya katingal acum sarta lêsu, ing netra prêmbêng-prêmbêng mêdal êluhipun, pating parêntul kincling-kincling kados barliyan rinonce.

Sang sinatriya ing galih taksih tansah ngêmbat badhe kêdadosanipun, êmbat-êmbatan ingkang angèl sangêt putusanipun, mangka sampun kaslêpêk kaslêpêk, sangêt, dene dadakan, punapa dipun lajêngakên, nêmpuh byat anglabêti rêmên dhatêng wanodya darbèking mitra pêpêthingan. Èngêt ajining salira ngungkak kaurmataning mitra. Punapa anis aking praja anilar wanodya ingkang dados woding galih, ingkang ing kala punika kawimbuhan ngalênthrihing[2] salira, mêloking wadana kaduk mungur-mungur dening rudahing galih, wêninging jangga kawuryan sumorot kados andaru sulak ijêm wênês amardapa, saya damêl indhakipun ayuning warni, andudut gambiraning galihipun sang sinatriya mindhak sêngsêm kadosdene ngrangkul-ngrangkula angrêrêmi dhatêng ingkang kawêlasasih, nanging taksih kanggêg, ing batos: "Apa ta tak tinggal. Ah mêmêlas têmên, barêng nangis mungur-mungur saya mundhakake ayuning rupa, lho! Mripate! Lambene! Drijine! Tangane! Olèhe lurus, awake olèhe gilig, dêdêge dene sêdhêngan têmên, pranajane mungal, diênggo mingsag-mingsêg obahe alon andudut ati, lêlewane bok iya wong sajagad ditumplak: mangsa anaa sing madhani Rezia." Ing wusana salêbêtipun Sang Siddha taksih nyawang dhatêng sang wanodya kaêjum-êjum, awit pucuking rema dumugi ing pucuking jêmpol suku tanpa cacat mênggahing paningalipun sang sinatriya, dumadakan sang wanodya nglirik ningali dhatêng Sang Siddha kadospundi sulaking netyanipun, pêthuk tingal sami tingal, sang sinatriya kasabêt ing liring kados pêjah ing salêbêting gêsang, ngalumpruk tanpa bêbayu. Ing wusana Sang Siddha botên sagêd mênggak ardaning [ar...]

--- 202 ---

[...daning] galih kèlu dhatêng panasaran, têmahan Sang Rezia botên namung kacêpêng ing astanipun ingkang kaulungakên badhe asung salam kemawon, malah lajêng rinangkul gapyuk ingarasan rambah-rambah, cinêcêp ing lathi kaduk grêgêt-grêgêt suruh langkung saking padatanipun. Sang Siddha tumuntên angandika: "Nyawa! Gusti kula Rezia, Rezia manik mundrining pun kakang, dene kados makatên raosing manah kula, kula botên sagêd gêsang tanpa panjênêngan, kawontênan kula botên sagêd lêstantun, manawi botên kalihan panjênêngan, sanadyan pandamêl awon, tindak nistha, manawi kalihan panjênêngan: ical dosa kula."

Kapara yêktos ngandikanipun Sang Siddha botên dora, dede têmbung lêlamisan. Sasampunipun Sang Siddha ambêlakakakên gênging sihipun dhatêng Sang Rezia: angungkuli gêsangipun, angungkuli ajining salira.

Lêlampahan ingkang dumadakan pinanggih botên kinintên ing ngajêng, punika asring botên gampil sampunipun, makatên malih Sang Siddha satêngah kisruh, satêngah taksih ngraosakên kabêgjan, ingkang botên kenging kinintên, satêmah nyampahi sangêt dhatêng saliranipun, satêngah malih ugi berag ing galih salêbêting andon lulut ingkang andrawasi. Sarêng sampun sawatawis badhe wangsul mêdal, nylimpêt mêdal ing margining pakêbonan ingkang ing urut pinggiripun katanêman wit-witan, sampun badhe ngêngakakên kori kabutulan ing pakêbonan, Sang Siddha gumun ing galih sumêrêp dumadakan ing korinipun kados wontên ingkang ngêngakakên saking jawi, botên dangu lajêng katingal wontên dêdêg pangadêging tiyang jalêr anjangkah ing pakêbonan, tiyang wau ing sanalika botên sumêrêp ing Sang Siddha, lajêng nolèh badhe nginêp kori, dumadakan botên sinêdya, Sang Siddha mawi nyapa, ingkang sanalika damêl nolèhipun tiyang jalêr ingkang lumêbêt. Baya sintên kemawon tiyang jalêr wau, punapa Sang Feizi piyambak? Gêgêtunipun Sang Siddha lidhahipun kados kabêthot-bêthota, dening rumaos klintu sangêt tanpa ngatos-atos, ananging sampun kasèp.

Tiyang ingkang lumêbêt apitakèn: "Kênèng sibat! Kowe gawemu apa: ana ing kene?"

Sang Siddha sarêng mirêng, botên pangling dhatêng pamirênganipun Sang Pangeran Salim, makatên malih dhatêng jênggêrêngipun salira ingkang katingal wontên ing pêtangan rêpêt-rêpêt.

Sang Siddha amangsuli bêngis: "Pangintên kula, kula ugi anggadhahi wêwênang sami kalihan paduka: anyuwun priksa kados têmbung paduka."

Sang Siddha sarêng mirêng swara kumrompyang sampun nyana manawi Sang Pangeran Salim nggrayang agêmipun

--- 203 ---

pêdhang, dene Sang Siddha inggih lajêng enggal-enggal nyandhak dêdêring pêdhangipun. Sarêng sang pangeran anjangkah watawis kalih tindak, lajêng priksa saha botên pangling dhatêng Sang Siddha, wusana agêmipun pêdhang ingkang sampun kaunus lajêng kasarungakên malih, saha lajêng ngandika kalihan enggaring galih, ingkang andadosakên gumunipun Sang Siddha, makatên têmbungipun sang pangeran: "Êlo! Jêbul mitra kula Siddha Rama, ta, rak konangan kula, anggèn sampeyan andon lampah ing wanci dalu, ananging tiyang neneman kados sampeyan, kadhang kala inggih prayogi, sampun ajrih manawi kula wadulakên. Punapa malih sampeyan botên susah ambutaajêngakên dhatêng kula, bokmanawi sumitra inggih sampun sumêrêp, yèn kang dados têlênging manah sampeyan, inggih punika wanodya kang têtela mêntas sampeyan tilar punika wau: ragi magêpokan kalihan kaniyatan kula prakawis kawruh kridhaning praja; milane piyambake asring kula purugi kanthi sêsidhêman sangêt, têrkadhang anggèn kula wicantênan kalihan piyambake kula samun ing wanci dalu, ananging ing wanci dalu punika prayogine kula botên siyos dhatêng kemawon rumiyin, awit kula mangêrtos, yèn piyambake ing wêktu punika bokmanawi ragi kirang rêna pirêmbagan prakawis kang rèmèh-rèmèh kalihan kula."

Sasampunipun Pangeran Salim ngandika makatên, lajêng mêngkêrakên Sang Siddha saha tindak murugi kori alit bêbutulan ingkang kamargenan kala mlêbêtipun, sarta sasampunipun ngêdalakên Sang Siddha, korining bêbutulan pakêbonan lajêng kainêb malih dening sang pangeran kalihan satiti. Sang pangeran tumuntên ngandika dhatêng Sang Siddha makatên: "Bokmanawi sampeyan lajêng wangsul mantuk, purug sampeyan ngiwa, lampah kula kosokwangsul: nêngên."

Sarêng sang pangeran sampun badhe tindak, mawi mêwahi pangandika: "Pêpanggihan kula kalihan sampeyan punika sami kangge wados kemawon, ingkang sumêrêp namung kula kalihan sampeyan, awit punika kapêrluan kula kalihan sampeyan."

Sang Siddha mirêngakên kalihan kèndêl kemawon, botên sumêrêp badhe atur wangsulanipun, awit ing batos taksih ngungun, dene kados makatên kêdadosanipun. Tanpa ngandika malih sang pangeran lajêng ngical ing pêtêngan, dene Sang Siddha taksih dangu lêngêr-lêngêr wontên ing ngriku kados kaluhuran sabda.

Sang pangeran angandika piyambak grundal-grundêl kalihan enggal-enggalan: "Dumadakan wong mau maedahi tumrap ing iku, aku banjur bisa wêruh wêwadine kang gêdhe bangêt kapêrluane tumraping aku ... wong wadon pêngawak ula ing kana kae iya bakal katêkêm ing tanganku."

--- 204 ---

Ing sanèsipun dintên salah satunggaling piandêlipun sang pangeran, mubang-mubêng ing sajawining pasanggrahan padununganipun Rezia, piandêl tumuntên kèndêl wontên ing pojokan sêpên, sarta wicantênan kalihan rencangipun èstri Sang Rezia inggih Gulbadan. Botên dangu awis-awisanipun tumuntên kêdadosan, rencangipun èstri nyagahi nyariyosakên wêwadosing bêndaranipun, awit sang pangeran tamtu sagêd ambayari langkung saking Rezia sakalihan Sang Siddha dados satunggal. Dalunipun rencang èstri lajêng lumêbêt ing karaton amanggihi pitadosipun sang pangeran, inggih lajêng pêpanggihan, rencang èstri ngulungakên dêlancang lêmpitan kalih iji, wujudipun kados sêrat, sarêng rencang èstri sampun nampèni yatra bêsêl, lajêng enggal-enggal wangsul dhatêng dalêming bêndaranipun. Lêt sadintên saking punika Pangeran Salim lajêng tindak dhatêng Allahabad, namung mawi pandhèrèk sawatawis.

Kacariyos ingkang wontên ing kadhaton Allahabad, nyêpên awit sawêg nandhang sungkawa, dene sampun lami botên nate mirêng kawontênaning pacanganipun, inggih punika Sang Putri Iravati. Ing ngajêng dèrèng dangu kalihan rawuhing pacanganipun wontên ing nagari Agra, Sang Iravati sabên-sabên kèngêtan, kinintunan sêrat rambah kaping kalih, ingkang ngêwrat suraos kathah-kathah mênggah gênging katrêsnanipun, kamathêman, sarta sêtyanipun ingkang tanpa gingsir. Sasampunipun sêrat kalih wau, pacanganipun lajêng pêt klampêt botên nate kintun sêrat malih, mangka Sang Iravati mirêng cariyosing têtiyang sanès, manawi pacanganipun wilujêng bagas kasarasan wontên ing nagari Agra, wêwah tampi kanugrahan mindhak-mindhak asalipun sihing sang nata agung. Punapa kemawon sababipun anggènipun lajêng kèndêl botên ngabari punapa-punapa punika. Sang putri tansah anggagas, ing galih mêlang-mêlang sangêt, kêtar-kêtir ngèngêt-èngêt dhatêng ingkang lêbih[3] dunungipun, bêbasan ginagas saya karaos, sinupèkakên saya ngalela, nglangut galihipun kados nyawang wêkasaning cakrawala ingkang tanpa têpi, saliranipun sang rêtna lêsu nglêntrih tanpa krêkat, yèn ta kaênuta kemawon sampun masthi anggingsirakên panggalih. Ananging Sang Iravati sabên-sabên badhe kawon kalihan dayaning panggagas, lajêng ngêndhakakên sarana pinabênan ing galihipun, dene taksih mantêp pêrcaya dhatêng sih susêtyanipun Sang Siddha ingkang sampun kêlair.

Ing satunggaling wêktu, ing nalikanipun Sang Iravati sawêg satêngah anggagas kalihan ambikaki buku ingkang nate kawaos kalihan pacanganipun, ing nalika sang putri lêrêp wontên ing Kacmir, dumadakan abdinipun èstri ingkang sêtya anama Nipunika: dhatêng angregoni anggènipun sang rêtna

--- 205 ---

sawêg anggagas. Dhatêngipun kalihan ulat pêtêng sajak wontên ingkang karaosakên susahing manah, wangunipun ngandhut pawartos ingkang botên sakeca kamirêngakên, ing ngajêng kados enggal-enggal amatura, ananging lajêng kanggêg, ing batos kados nanting awakipun, punapa matur, punapa prayogi botên kaaturakên kemawon? Iravati priksa abdinipun dhatêng awangun kados makatên, enggal andangu: "Kapriye? Kowe arêp tutur apa? Tak kira kowe anggawa kabar ala!"

Nipunika alon matur: "Walèh-walèh punapa, gusti, kawula botên ngakêna inggih sampun kasèp, yèn ta kènginga cangkêm kawula: kawula gêmbok ingkang ngantos botên sagêd mênga, ananging rumaos kawajiban kêdah matur, sampun ngantos paduka botên uninga dhatêng kabar ingkang kaceriyoskên dhatêng kawula kalawau. Kabar wau ragi magêpokan salira paduka, mila kawulaa botên purun namung kèndêl kemawon, kêdah pasaja ngaturakên punapa pamirêng kawula ing paduka."

Sang Iravati dhawuh: "Nipunika! Nuli enggal tuturna, aja nganti ana kang ko sumpêt, aku wis kudu ngrungokake kang bakal ko kandhakake."

Abdi èstri Nipunika tumuntên ngaturakên saking cariyosipun satunggaling prajurit ingkang dhatêng saking Agra, piyambakipun mirêng kawontênanipun Siddha sawatawis, wiwitipun aturing Nipunika taksih dipun samun, tumuntên langkung cêtha, ing salajêngipun wutah sadaya, ngantos dumugi ing nalikanipun Sang Siddha wangsul saking pêpanggihan kalihan garwanipun Sang Feizi, lajêng konangan dhatêng Sang Pangeran Salim. Tumusing aturipun abdi èstri tumrap Sang Iravati kados ingkang andadosakên kuwatosipun Nipunika ing ngajêng, sabab sarêng Sang Putri Iravati sampun rampung anggènipun mirêngakên aturipun abdi èstri, Sang Iravati lênggahipun kados sumlêngêrên amandêng ing ngajêngipun, ngantos sampun dangu kèndêlipun matur abdi èstri Nipunika, sang putri dèrèng mangsuli pangandika, ing wusana sang putri lajêng nyat jumênêng saking palênggahanipun kalihan andangu dhatêng abdi èstri, wêdaling têmbung botên saranta, botên kados adatipun: "Sapa kang ngandhani mau kabèh mênyang kowe? Prajurit kang kandha iku sapa? Tutura sablakane bae, aja nganggo ingar-ingêr atur mau. Wis mangêrti kowe?"

Nipunika matur alon: "Dhuh gusti kawula sang witaradya! Kadospundi sagêd kula nasarakên ing paduka, mênggah tumrapipun ing kawula botên wontên pêrlunipun, tiyang ingkang nyariyosi dhatêng kawula, punika abdinipun sang pangeran adipati anom ing Agra."

--- 206 ---

Iravati ngandika sêrêng: "Yèn mêngkono, kabar mau goroh kabèh, aku wis mangêrti bangêt nalare prakara iki." Sang Iravati amêwahi pangandika ing batos: "Dene têka nistha têmên lantarane." Tumuntên nglajêngakên pangandikanipun dhatêng ingkang abdi: "Iya, wis bêcik bae, Nipunika, ora dadi ngapa. Kuwe tak anggêp batur bêcik, sarta bangêt ing panarimaku mênyang kowe, olèhmu wis ngabari mênyang aku; kang iku aku ora pisan-pisan gajêg-gajêg ing pangguguku mênyang kandhamu, kang tumêkane ing aku ing ora liya mung saha kêdah-kêdahmu ngètokake olèhmu milu ngrasakake kang dadi karêntêging atiku. Ananging barêng aku wis wêruh asale kabar mau, aku ora ngandêl. Mara saiki aku tinggalên dhewe dhisik, sarta kowe besuk manèh wis aja nganggo lêlanggatan bangêt karo wong kang ngandhani kowe iku."

Sanjata karênah ingkang kaincêngakên, angèngingi ing Sang Iravati sayêktos, sanadyan sang putri sampun sagêd ngarêm-arêmi panggalihipun piyambak sarta manahing abdinipun, awit sarêng abdi èstri sampun kesah, Sang Iravati taksih andumugèkakên lênggah dangu kalihan sangga uwang saha ngèngêt-èngêt, punapa kabar punika sagêd ugi sayêktos, punapa botên. Ing wusana sang putri lajêng kraos têtêg malih galihipun. Ananging sarêng sang putri sampun sawatawis dangu mêdal saking kamaripun, wontên ing salah satunggiling jrambah ing kadhaton, sang putri kapêthuk kalihan Sang Pangeran Salim, sang putri inggih ragi kagèt, awit botên kamirêngan rawuhipun malih wontên ing nagari Allahabad, mênggah wontênipun nalar ingkang sêsangkutan kalihan Sang Siddha, punika sampun cêtha, botên wontên sanèsipun malih tiyang ingkang damêl rekadaya ngwontênakên kabar pangawon-awon dhatêng Sang Siddha, kajawi sang pangeran, pêrlunipun nêbihakên pamitranipun Sang Putri Iravati kalihan Sang Siddha Rama. Sang putri amangsuli taklimipun sang pangeran ingkang andhap asor kalihan manthuk mêntêlungakên mastakanipun, ing sêmu kêmba saha batos nyamahi dhatêng pandamêlipun sang pangeran.

Sang pangeran murugi sang putri kalihan ngandika: "Sang Putri Iravati tamtu kemawon gumun, dene kula sampun dumugi ing kadhaton ngriki malih; mangka pirêmbagan kula kalihan sang putri, ingkang sampun kêlampahan, ingkang kantun punika adamêl aliting manah kula, sampuna kula lajêng sagêd wêling dhatêng abdi panjênêngan supados andumugèkakên dhatêng ing panjênênganipun sang putri, awit kula piyambak botên sagêd ngaturakên bab ingkang kula sumêrêpi, sarta nêrangakên kawontênanipun ingkang

--- 207 ---

kathah-kathah, pramila kula rêmbag: langkung prayogi lêlantaran ing abdi panjênêngan kemawon."

Sang putri amangsuli botên ngatingalakên dukanipun, sarta tanpa tèdhèng aling-aling têrus têrang pangandikanipun: "Kula sampun mangêrtos sangêt, sang pangeran lajêng nandukakên pangawon-awon, punika sarèhning pangrêrêpa panjênêngan dhatêng kula sampun botên tumama, mangka pakarti ingkang kados makatên punika pancèn têbih saking pangintên kula, punapa malih tumandukipun saking sang pangeran, pancèn langka nyawang dhatêng kaluhuran paduka."

Sang pangeran amangsuli: "Punapa? Pangawon-awon? Manawi pangawon-awon, sayêktosipun mila inggih sarana ingkang nistha sangêt, ingatasipun kula anandukakên pangangkah ingkang ngantag-antag murih sagêdipun kalêksanan sêdya kula. Ananging sanadyan makatêna sêdya kula, pangintên kula pancèn kalal sarta botên mirangakên, malah namung sapele sangêt, awit manawi botên wontên nyinanipun kanyataan, kadospundi panjênêngan sagêdipun pitados kabar angin ingkang sapele?"

Sang putri èsmu kêjot, pangandikanipun ragi sêrêng: "Kadospundi? Nyinaning kanyataan? Karsa paduka kadospundi?"

Sang pangeran amangsuli alon: "Pikajêng kula: nyina ingkang dados tandha saksining kanyataan, ingkang botên kenging dipun selaki malih, sanadyan akim ingkang anjalimêt satiti sangêt, inggih mêksa botên sagêd ambatalakên saking kanyataan wau. Sang putri bokmanawi ngyêktosi sêratanipun Sindha."

Sang Putri Iravati amangsuli: "Sampun botên mawi gajêg-gajêg malih."

Sang Pangeran Salim ngandika: "Sumangga kula aturi mriksani sêrat punika."

Mênggah ingkang kaparingakên priksa sang pangeran dhatêng sang putri punika: sêrat kêkalih ingkang dipun colong dening piandêlipun Gulbadan inggih Rezia, sarta katumbas dening pinitadosipun sang pangeran. Sêrat wau sêratanipun enggal-enggalan, suraosipun ngêwrat têmbung raras karasikan, kanthi panyêbut warni-warni sarta tandha-tandhaning sih-sinisihan, sawatawis mawi dipun sêlani uran-uran sakêdhik, sarta sakêdhap-sakêdhap mawi nyêbut ing namanipun Rezia, pamaosipun sêrat sadaya Sang Putri Iravati kalihan kasêsa, anggènipun maos dipun wongsal-wangsuli, sêratipun kawolak-walik, dipun priksani ing wolak-walikipun, ngantos sêratipun dhawah saking asta, sang putri botên èngêt, kalêngêr, mèh kemawon ambruk, sampuna sang pangeran mawas;

--- 208 ---

lajêng enggal-enggal kapitulungan sinanggi ing asta saha lajêng sinarèkakên ing dhipan ingkang dunungipun botên têbih saking ngriku.

Sang Iravati punika sanadyan putri taksih nêdhêngipun diwasa, sarta sanadyan gênging katrêsnanipun dhatêng pacanganipun, kenging dipun basakakên tanpa watês, ing galih tanpa miris, tanpa andhradhat, labêt saking sang putri taksih kadunungan rahipun bangsa ingkang santosa ing budi kala ing jaman rumiyin, turuning prajurit linangkung. Botên ngantos dangu sang putri lajêng gregah wungu emut malih saha lajêng ngajêngakên sang pangeran kalihan amandêng ing tingalipun sang pangeran kalawan panggah.

Pangandikanipun Sang Putri Iravati: "Takdir kula sampun kapancasan, punika kula sampun nganggêp dhatêng lêrêsing pawartos ingkang dumugi ing kula. Tiyang sanès sampun andarbèki manahipun kalulutan kula, ingkang ing waunipun dados gadhahan kula, kula piyambak, botên wontên malihipun, yèn makatên inggih sampun, namung pêjah ingkang kula èsthi. Dhuh sang minulya pangeran pêpundhèning tanah Indhustan sadaya! Ratu ingkang angrèhakên samukawis kawontênan! Kajawi namung manahipun satunggaling pawèstri ing Allahabad ingkang paduka botên sagêd mêngkoni, paduka mugi sampun kagungan pangintên manawi awit saking pamriksa paduka bab kawontênanipun tilas pacangan kula wau, lajêng badhe angsal margi anggèn paduka badhe amêngkoni manahing èstri wau. Mugi sampun kagungan panggalih, manawi kaantêpaning manah kula lajêng nglokro, sabab kapêdhotan kaprasêtyanipun tiyang ingkang kula trêsnani, punika botên pisan-pisan, nêdya kula êntosi wangsulipun têmbung kaprasêtyan wau."

Sang Pangeran Salim angandika kalihan gumun ing galih: "Kadospundi, kêkasihipun sang putri ingkang sampun têtela lampah sèdhèng nyidrani dhatêng sang rêtna, panjênêngan sampun katilar mungkur gangsir, têgêsipun sampun tega sarta lila panjênêngan kadarbe ing sanès, dene panjênêngan taksih rumaos botên uwal saking pamêngkuning pacangan panjênêngan, sarta botên karsa mirêngakên cariyos kula, inggih botên dados punapa, bokmanawi benjing manawi pangèngêt-èngêt panjênêngan dhatêng ingkang sampun, sampun mêndha, saha ing wêkasanipun ical babar pisan; punika panjênênganipun sang putri sawêg karsa mirêngakên dhatêng cariyosipun tiyang ingkang langkung rêmên dhatêng sang putri, rêmênipun anglangkungi panguwasa, anglangkungi kaurmatan, inggih punika tiyang ingkang botên wontên saminipun, sagêd nyaosi kamuktèn tuwin kawibawan dhatêng sang putri."

--- 209 ---

Sang Iravati amangsuli alon kalihan angampêt-ampêt bênduning galih, amêksa sagêdipun tata wêdaling pangandika, makatên têmbungipun: "Sang pangeran ingkang tuhu kinuwasa, paduka botên mangêrtos dhatêng pikajêng kula, bokmanawi inggih botên andungkap, paduka botên mangêrtos dhatêng pikajênganipun tiyang èstri Indhu satuhu, ingkang dèrèng katunggilan ing wêwatêkan pambêktanipun sanès bangsa, wêwatêkanipun tiyang èstri Indhu ingkang salugu: beda sangêt kalihan wêwatêkaning pawèstri ingkang paduka kulinani. Kados-kados ingkang paduka wastani utawi kados-kados ingkang dipun wastani ing ngakathah, ingkang nama bêgja linangkung tumraping tiyang èstri, punika ingkang tampi sih, sagêd dados garwaning nata kinuwasa. Punapa malih paduka inggih kagungan panggalih, manawi nêdahakên tan prasêtyaning kêkasih dhatêng pêpacanganipun, punika sampun cêkap kangge anyirnakakên pangangên-angênipun tiyang èstri dhatêng pacanganipun ingkang cidra ing jangji rêmên dhatêng sanèsipun."

Sang pangeran ngandika: "Punapa tandha saksi wau botên sampun anyêkapi sangêt?"

Sang Iravati amangsuli: "Tumraping tiyang èstri Indhu ingkang satuhu: botên makatên, kita tiyang èstri Indhu sami botên sumêrêp dhatêng papenginan kaluhuran, samangsa mawi anggêpok dhatêng kuwajiban tuwin ajining badanipun, kita tiyang èstri Indhu tansah prasêtya dhatêng lakinipun, utawi sami ugi dhatêng pacanganipun, ingkang sampun kaklêmpakakên badhe dados lakinipun, sarta katitipan têmbung kasagahan, sanadyan sampun sumêrêp bilih kasusêtyanipun tiyang èstri wau, têmahan winalês ing cidra, mênggah kumrakêting tiyang èstri ing Indhu dhatêng tiyang jalêr ingkang dipun trêsnani punika tanpa watês. Punapa paduka dèrèng nguningani, bilih kathah kemawon têtiyang èstri ingkang nglabêti pêjahipun ingkang jalêr suka lila tumut pêjah lêbur dados awu wontên ing pancaka pambêsêman? Tekad ingkang makatên punika sampun namung kaanggêp tuwuh saking kawruh gugon tuhon, utawi saking pangraos ingkang kêladuk kemawon, utawi malih punapa paduka dèrèng nate mirêng cariyos ingkang kasêbut ing kitab suci kita, sarta dêdongengan lêlampahaning satriya ing jaman kina, ingkang nyariyosakên bab kawontênaning pangidhêpipun tiyang èstri dhatêng semahipun ingkang tan prasêtya? Paduka tamtu sampun mirêng cariyos lêlampahanipun ingkang rahayu ing budi Damayanti, sapunika kula matur, mênggahing kula sasagêd-sagêd, inggih badhe ngemba-emba Damayanti. Dene pacangan kula Siddha Rama nilar dhatêng kula, rêmbag kula kados Damayanti ingkang murugakên Siddha nyidrani ing

--- 210 ---

jangji nilar dhatêng kula punika dede kajêngipun piyambak, saking pakartinipun Kali ingkang arda murka ngangslupi ing piyambakipun, saha anggèndèng manahipun dhatêng pandamêl awon. Dene Sang Siddha piyambak, ingkang damêl kasusahan kula kados makatên, dene manawi kedananipun Siddha dhatêng èstri wau sampun gumingsir, awit Nala sampun wangsul, Siddha inggih wangsul dhatêng kula malih, kapanggih kalihan kula malih sampun rêsik, ical sakathahing awon, piyambakipun lajêng ngyêktosi dhatêng kula, bilih kula sagêd anjagi dhatêng ajining namanipun, anglangkungi piyambakipun."

Sang pangeran kèndêl sawatawis dangunipun lajêng ngandika malih: "Kula inggih nayogyani dhatêng karsanipun sang putri, angêntosi wangsuling pacangan panjênêngan, sanadyan ingkang makatên punika damêl cuwaning manah kula sangêt, ananging manawi sang putri andhahar atur kula: sampun ngeca-eca ing galih, ngajêng-ajêng wangsulipun, anggêgaa cariyos kula, awit kula sampun paham dhatêng èstri ingkang anggubêd pacangan panjênêngan punika, kula piyambak inggih rêmên dhatêng èstri wau dumuginipun sumêrêp kula dhatêng panjênêngan. Kula sampun ngyêktosi, sarta sagêd namtokakên, bilih tiyang sampun rêmên dhatêng piyambakipun, tamtu botên sagêd uwal ing sadangunipun, dèrèng wontên katrêsnan dhatêng sanèsipun, ingkang linangkung saha ingkang langkung suci ambirat dhatêng dayaning manah rêmên saha trêsna wau. Dhuh sang putri! Andhahara atur kula, kula dèrèng nate sumêrêp tiyang èstri ingkang sagêd damêl sêngsêmipun tiyang jalêr kados Gulbadan, ananging kula inggih dèrèng nate mrangguli wanodya ingkang langkung rahayu ing galih saha langkung adi: kados panjênênganipun sang putri."

Sang Putri Iravati amangsuli malih: "Dhuh sang pangeran, kula kalilana matur nalangsa nyuwun sih kawêlasan paduka, sanadyan badhe panuwun kula punika tumrap paduka kados damêl-damêl, ewadene panuwun kula, kula kalilana nyuwun nyarèhakên rêmbag kula sakêdhap, awit sasampunipun kula mirêngakên nalar sadaya wau, raosipun manah kula kêdah miyambak anyarèhakên rêmbag. Satunggaling prajurit sinatriya kados paduka, kula pracaya manawi botên badhe ambalak dhatêng atur panalangsanipun tiyang èstri ingkang sawêg manggih karibêdan kados kula punika."

Sang pangeran mangsuli pangandika: "Dhuh sang putri, kula botên badhe nêtêpi ing pangaran-aran panjênêngan punika, manawi ta kula botên tumuntên miturutana pamundhutipun sang putri; malah mênggahing pangraos kula, ing wêkdal punika manawi kula sêngkak-sêngkakakên

--- 211 ---

panuwun kula dhatêng sang putri, kêjawi namung badhe tanpa damêl, inggih ugi badhe mitunani dhatêng kula; sapunika kula miturut ing karsa panjênêngan."

Sêsampunipun ngandika makatên, sang pangeran nuntên mêngkêr jêngkar saking papan ngriku, tindakipun lêsah amarlupa.

Sarêng sang pangeran sampun botên wontên ing papan ngriku, sanadyan Sang Putri Iravati ing kalawau santosa ing panggalih sarta panggah anggènipun amabêni dhatêng sang pangeran, sapunika larut kakiyatanipun, sarta lajêng ndhawah wontên ing rêsban, astanipun kagêm anutupi pasuryanipun kalihan muwun sênggrak-sênggruk kêlara-lara. Anggènipun nyarèhakên panggalih sang putri botên ngantos dangu, lajêng njênggirat nilingakên, jalaran mirêng swaranipun tiyang lumampah ing sacêlaking papan ngriku. Botên dangu Sang Adipati Salhana kêtingal murugi ingkang putra ngandika sarèh alirih botên kados adatipun. Têmbungipun sang adipati: "Anakku, ênggèr, aku wis wêruh kang dadi pamikirmu, nganti tumungkul bae dening susah; kang lagi kowêruhi saiki iku aku wis wêruh ing biyèn, prakara sèdhènge Siddha ana ing Agra wis konangan ing aku dhewe, ananging kabèh mau isih tak ênggo wadi mênyang kowe, olèhku arêp ngandhani yèn wis têkan mangsane wajibku kandha. Ing saikine kowe wis wêruh kabèh. Aku mêsthèkake yèn kowe, saiki mangêrti dhewe, kudu ngèlingi ora mung mênyang ajine awakmu dhewe, nanging uga mênyang ajine wong tuwamu sakulawarga, mulane lèrènana panggagasmu marang priya kang wis mêdhot kasaguhane, nêdya angrakêtake awake karo turunan kita sarana jêjodhoan, tur pamêdhote lantaran laku nistha."

Sang adipati sarêng priksa Sang Putri Iravati badhe mangsuli, tumuntên ndumugèkakên pangandika, têmbungipun: "Aja mangkono ênggèr, anakku, rungokna kandhaku, ngandêla mênyang aku, aku milu ngrasakake kêsandhungmu watang ing wêktu iki, wêlas bangêt mênyang kowe; mulane aku ora kêna kêtlompèn, kudu ngèlingake mênyang kowe mungguh kang dadi wajibing turunane lêluhur kita kang minulya, iya iku rumêksa mênyang ajining awake sarta bêciking jênênge, supaya aja nganti gawe kusute lêluhur kang jalaran saka kowe. Kêjaba iku aku iya arêp nuturi mênyang kowe pisan; sanadyan isih wadi, aku iya uga wis mêruhi. Sanadyan kang wis dak wêruhi sarta kang bakal dak kandhakake mênyang kowe iki ora bisa tumuli mulihake tatune atimu, ananging ing wusanane iya bakal bisa nglêjarake pikirmu. Ing têmbe kowe bakal nêmu kêmulyan lan

--- 212 ---

kaluhuran, iya iku kang dadi pêpenginane sadhengah wanodya ing satlatahing Indhustan kabèh; kamulyan lan kaluhuran iku kowe kang bakal bisa mêngkoni. Bênêre wis lawas olèhku duwe pangira yèn Sang Pangeran Salim kagungan karsa marang kowe; barêng kapinujon ngandikakake kang gêpokan awakmu, banjur blaka mênyang aku, yèn Sang Pangeran Salim rêmên mênyang kowe, lan kapengin mundhut garwa mênyang kowe."

Sang Putri Iravati amangsuli: "Kula inggih sampun sumêrêp."

Sang Adipati Salhana andangu: "Kapriye wêruhmu?"

Sang Iravati: "Sang pangeran piyambak ingkang ngandika dhatêng kula, bab ingkang paduka ngandikakakên wau, malah inggih sawêg punika wau."

Sang Salhana: "Lah kapriye atur wangsulanmu?"

Sang Iravati: "Karsanipun sang pangeran ingkang pantês ingaji-aji wau kula tampik."

Sang Salhana ngandika kalihan cingak, sarta gumun kanthi duka: "Kapriye, apa, kotampik, apa kowe baring tanpa pikiran?"

Sang Iravati: "Pangintên kula botên, taksih jangkêp, pramila kula tampik, kula taksih pêpacangan kalihan Siddha."

Sang adipati: "Iku ora ndadèkake sabab apa-apa, kowe rak isih wênang milih, wong durung dadi bojone."

Sang Iravati: "Mila inggih makatên, ananging kula sampun supaos kaprasêtyan kula dhatêng piyambakipun, botên sumêdya cidra ing jangji, mangka Siddha inggih dèrèng nguwalakên kula saking kasagahanipun."

Sang Adipati Salhana: "Sanadyan kang mangkono iku tumrap dhèk biyèn bisa uga ana bênêre, nanging saikine wis ora; dhèwèke rak wis mêdhot kaprasêtyane, iku surasane iya wis nguwalake kasaguhanmu."

Sang Iravati: "Bokmanawi rêmbagipun tiyang sanès ingkang kaprêtêg ing kawruh sanèsipun kados sêsêrêpan kula inggih makatên. Ananging sêsêrêpan kula, angawisi nindakakên pandamêlan kados ingkang paduka karsakakên punika; dene manawi pangêrtos kula punika wau angalang-alangi karsa paduka, punika kalêbêt ing têtahan paduka piyambak, sabab tampi kula pamêrdi ing kawruh ingkang makatên wau inggih saking paduka. Kêjawi punika botên badhe kula damêl wados, kula matur têrus têrang, manawi kula taksih rêmên dhatêng Siddha pacangan kula; kula badhe botên sagêd rêmên dhatêng sanèsipun."

Sang adipati ngandika malih: "Pancène ora pêrlu gêpokan catur prakara dhêmên; mung Sang Pangeran Salim kang asih mênyang kowe, iku wis cukup; dene dayaning sihe sang pangeran [pa...]

--- 213 ---

[...ngeran] mau kêna koênggo numrapake kakarêpanmu; ananging jêbul ora kopilih, mung jalaran saka lumèngkèt marang panêmu kêdlarung, sarta kamoran hawa nêpsu, dhêmên marang wong kang wis ora trêsna. Pikirên kang têmênan kang kotampik iku; samangsa kowe tansah mogok mêngkono bae, kêna dak arani ambêguguk ngutha waton, panduwamu mênyang karsane sang pangeran tanpa kopikir dawa, mung kocukêngi bae, prasasat sang pangeran wis nawani mênyang kowe karaton kang ing ngalam donya mèh tanpa ana timbange, karsane sang pangeran kudua kalawan panyampah, mung saka ngukuhi impèn, pangira-kira bae."

Sang Iravati mangsuli dinamêl sarèh, ananging ingkang rama sangsaya duka jaja bang awinga-winga; têmbungipun sang putri: "Bokmanawi inggih kula ingkang klintu, ananging pangarêm-arêm paduka punika botên badhe damêl kanyuting manah kula, malah kasagahanipun sang pangeran piyambak ngungkuli paduka, ewadene botên badhe ewah ingkang kula antêpi."

Sang Adipati Salhana amangsuli: "Yèn mangkono kowe ngalawani karêping bapa; saka pangrasaku iku ora cocog karo kawruh Wulangrèh kang kougêmi; ing Wulangrèh malah nyêbutake, yèn anak kudu manut marang wong tuwane, iku kalêbu kuwajiban kang dhisik dhewe."

Sang putri: "Inggih lêrês makatên. Ananging manawi kuwajiban wau botên cocog kalihan kuwajiban ingkang langkung utami, inggih kêdah ngalampahi ingkang utami. Kula inggih sakêlangkung susah manah kula, dene botên sagêd manut miturut ing sakarsa paduka, ewadene kula matur malih: kula botên kenging sarta botên sagêd gumingsir saking tekad kula."

Sang Adipati Salhana: "Ananging kowe mangêrtia, yèn bapa iku duwe wêwênang sarta kuwasa anjiyat anake wadon supaya manut yèn ana pêrlune."

Sang putri: "Kula inggih sampun mangêrtos sangêt, ananging kula inggih sampun sumêrêp manawi pamêksanipun dhatêng kula badhe tanpa damêl, sabab manawi kula kenging kapêksa kêdah purun kapundhut garwa Sang Pangeran Salim; saking pamêksa wau inggih badhe ical aji kula dhatêng sang pangeran, sarta botên badhe gadhah daya ingkang kenging kula angge numrapakên kêkajêngan kula. Ingkang makatên punika sang pangeran sampun mangêrtos sangêt, milanipun botên anggalih badhe njiyad dhatêng kula. Saupami sang pangeran badhe karsa njiyat, ngrodapêksa dhatêng kula, kados botên susah lêlantaran ing paduka. Pangeran rinajaputra ing Indhustan badhe gêgêntosipun Sang Ratu Akbar botên badhe kirang panguwasa nandukakên karsanipun tumrap [tu...]

--- 214 ---

[...mrap] ing kula utawi paduka; ing sakarsa-karsanipun tamtu dados."

Sang Adipati Salhana duka gêtêm-gêtêm mirêngakên aturipun ingkang putra, sarta botên saranta kalihan anggigit-gigit rawisipun. Sang adipati grêgêtên sangêt, dene karsanipun namung pinabênan dening satunggaling wanodya kemawon, ingkang ing waunipun pancèn èstri mbangun turut sarta andhap asor. Ing sapunika panganam-anamipun karsa ingkang dakik-dakik, ingkang tansah dados woding panggalih, pangajêng-ajêngipun ingkang muluk-muluk, risak dening panduwanipun putri ingkang anggêga karsanipun piyambak, botên miturut ing karsaning rama. Sang adipati waunipun sampun nyupêna, botên namung dados ratu karerehan kemawon, nanging sampun ngasta pangkat ingkang luhur piyambak ing sangandhapipun sang nata agung, dados pêpatih wontên ing nagari Agra anyêlaki dhampar, prasasat salira nata marentahakên nagari jalaran saking dayanipun ingkang putra Sang Putri Iravati; agêng panguwasanipun, angrèhakên sakathaing kawula tuwin karaton-karaton bawah Agra, botênipun atas asmaning sang nata agung, inggih malah kinuwasakên sayêktos."

Sasampunipun sang adipati kèndêl sawatawis dangunipun, saha ngajêngakên ingkang putra kalihan sêmu nantang, lajêng ngandika malih: "Iya; yèn kowe wis ora ngrungokake pitutur bêcik, sarta ora wêdi rinudapêksa, apa iya ora wêdi supataning wong tuwa."

Sang Iravati mêksa amangsuli: "Kasusahan ingkang kula têmah sampun awrat sangêt sêsanggènipun, têka badhe paduka wêwahi dados tikêl kalih; ewadene ing sasagêd-sagêd kula, inggih badhe kula kiyatakên, sagêd nglampahi sampun ngantos kasulayah dening gênging kasusahan ingkang kula sandhang. Dene kula pêksa ambruk, botên kuwawi nandhang, inggih sampun pasthinipun."

Sang adipati ngandika, wêdaling pitêmbungan kêmba, pamirênganipun ragi sêmu ngina: "Kowe kêndêl bangêt, utawa iya ko wanèk-wanèkake, aku iya ngandêl, yèn kowe ora wêdi mênyang awakmu dhewe, ananging apa pamopomu iku ora bakal gawe wisunane Siddha, kang pangakumu ko trêsnani, apa awit saka lumuhmu manut, iku ora bakal andadèkake kêbrangase galihe Sang Pangeran Salim, kang pamalêse ora tumanduk ing kowe, tumanduk ing Siddha?"

Pangandikanipun sang adipati ingkang kantun punika kados-kados ngèngingi[4] panggalihipun ingkang putra, èngêt badhe sangsaranipun Sang Siddha kados bibrah nalaripun, Sang Iravati anjunjung astanipun minggah saha lajêng kadhawahakên malih tanpa krêkat, mêstakanipun andhêngkluk

--- 215 ---

mungkul ing jaja, sang adipati anywang[5] putranipun kalihan mèsêm tuntung sêngit, ing batos kalêgan dene unggul pangandikanipun: sagêd amaranani galihipun ingkang putra. Batosipun sang adipati mênang pabênipun, ingkang putra kawon, panglawanipun cabar, têlas kakiyatanipun, nglêmpuruk tanpa krêkat.

Sarêng sampun kèndêl sawatawis, sang putri lajêng andêngangak saking tumungkulipun, jaja mungal, sarta tatag amandêng tingalipun ingkang rama, saha lajêng ngandika, wiwitipun wêdaling pangandika gajêg-gajêg, nanging têtêg wêdaling pamirêngan, têmbungipun Sang Rêtna Iravati: "Kangjêng rama! Ingkang mêntas paduka ngandikakên punika wau: siya, durcara, kula mèh botên anggêga, manawi pangandika paduka wau yêktosan; ananging sênadyan punika wau, pinangka pangancam sayêktos, ewadene inggih botên badhe ngêndhakakên manah kula, sarta botên sagêd ngundurakên manah kula, anggèn kula ngugêmi kuwajiban utami, ingkang sampun cinithak ing manah kula, badhe kula antêpi, sanadyan pêjah saking lêlabêt sae. Samênggah sami wontênipun kalihan Sang Siddha sarta piyambakipun sumêrêp, manawi kula gajêg-gajêg, punapa malih mungkir kasagahan kula, pêrlu kangge mitulungi awakipun saking sangsara ingkang badhe tinêmah, piyambakipun tamtu badhe nyampahi sarta wajib ngipatakên dhatêng kula, gêsang kula badhe kula kurbanakên dhatêng Siddha, gêsang kula dados gadhahanipun, nanging ajining badan kula ingkang dede gadhahanipun, mila pantês kula labêti ngugêmi kasagahan kula ingkang sampun kawêdal dhatêng Siddha, ingkang lèrègipun inggih anjagi dhatêng camahing nama kula, icaling ajinipun badan kula, sampun kula andhêmi, pêjahipun Siddha inggih pêjah kula, sampun takdir kula: manusa botên sagêd nyingkiri pêpêsthèn, kajêngipun: pamalêsipun katamakakên dhatêng tiyang ingkag botên lêpat, malah mangsa badhe mikantukana, sang pangeran inggih botên, paduka inggih botên, sêtun paduka malah badhe kelangan putra istri satunggal, sadhèrèk paduka badhe kelangan putra jalêr satunggal, ing wêkasan pangangsa-angsa paduka dhatêng kaluhuran, inggih badhe tanpa damêl. Ewadene paginêman kula punika, kula punggêl dumugi samantên kemawon, mindhak kula wêkasanipun kula badhe kêsupèn pangaji-aji kula dhatêng bapa. Namung sakêdhik malih ingkang badhe kula aturakên. Rama, paduka kula aturi anggalih ingkang panjang, kula punika putra paduka, lare èstri turunipun lêluhur paduka piyambak, ingkang botên purun rinudapêksa, botên kagetan, saking anggènipun ngugêmi [ngu...]

--- 216 ---

[...gêmi] ajining badan tumrap tiyang jalêr ingkang dipun trêsnani."

Sang Salhana taksih nyawang putranipun sakêdhap, ingkang jumênêng ngajêngakên ingkang rama tanpa mêndhak, dêksura, wangunipun kados mèh nantang-nantanga.

Ing kala punika lajêng santun lêlampahan. Putri ingkang waunipun kumawula, sapunika katingalipun amarentah, bapa ingkang katingalipun ambêg manut, tanpa mawi ngandika punapa-punapa, Sang Adipati Salhana lajêng mêngkêrakên putranipun, saha lajêng enggal-enggal tindak ngesahi ing sêmu duka marêngut ing netya dening cabar karsanipun.

__________

--- [217] ---

XI. Para Têlik.

Gêntos ingkang kacariyos, ing ngajêng sarta saubêngipun toko-toko tuwin griya-griya ing salah satunggiling pêkên ingkang langkung alit ing nagari Agra ing sapinggiring lèpèn, lampahipun tiyang ingkang warni-warni panganggenipun, ing wanci badhe sirêp surya elur saha sarèh sangêt, kados adatipun. Ing ngrika ngriki para ingkang sami kasukan dhadhu sami linggih wontên ing jrambah blak-blakan, saha wontên ingkang manggèn wontên salêbêting kamar, linggihipun angubêngi piring pamutêran dhadhu kalihan nekad atotohan.

Ing ngrikanipun malih para saradhadhu saking golongan prajurit warni-warni, sami suka-suka minum, wontên ingkang ngombe anggur, wontên ingkang minuman ingkang muroni. Ing sawênèhing panggenan wontên tiyangipun ingkang nyêpên kalihan tilêm, bokmanawi supêna ngraosakên kanikmatan ingkang sidhêm pramanêm, saha namung sawatawis mangsa dangunipun, dening ragi kathah panyêrètipun candhu. Wontên malih ingkang katingal, inggih punika têtiyang Islam sawatawis kathahipun, panganggenipun sarwa macak, ingkang kala-kala inggih sae tumut ngraosakên kasênênganipun têtiyang Indhu ingkang têntrêm sarta rakêt pitêpanganipun. Têtiyang Islam sawatawis wau sami gêginêman lirih saha pêrlu kalihan kancanipun. Têmbunging salah satunggalipun para têtiyang Islam, ingkang sêngguhipun gumêdhe dhatêng kancanipun: "Ali, lêrês sampeyan, awonipun Sang Nata Akbar saha ingkang ngadhêpi ing karaton saya andados, gèk pandamêl ingkang botên adil, kados punapa kemawon ingkang katindakakên ing salêbêting kadhaton, kula sampun sumêrêp yakin, sabên dalu ing salêbêting kadhaton dipun wontênakên parêpatan ingkang rêmbagipun anyênyamahi Allah. Kalawingi watawis têngah dalu, kula lumampah turut kadhaton. Mangga, kintên sampeyan, kula sumêrêp punapa, sadaya candhela ing kamar-kamar dalêm sang nata kapadhangan ambalêrêngi, sadaya kapadhangan ing dilah mubyar sarta lilin dumunung ing pakakèn agêng-agêng, sadaya wau pêthèk sampeyan badhe kagêm kapêrluan punapa? Punapa ing kadhaton wontên pista ingkang [ing...]

--- 218 ---

[...kang] asring dipun wontênakên dening limrahing ratu? Yèn sampeyan pèthèk makatên, punika lêpat, sumitra. Ing ngriku tanpa wontên swaraning tiyang, nyênyêt kemawon, kajawi kala-kala kamirêng suwara sêsindhenan agrong, angrumpaka salira dalêm sang nata agung; saking cariyosipun yasan dalêm sang nata: rumpakan ingkang sinawung ing têmbang makatên punika langkung saking satunggal, ananging sanadyan suwaranipun inggih sakeca kamirêngakên, ewadene pancèn botên tumut-tumut kalihan agami kita yasanipun nabi kita ingkang pantês ingalêmbana."

Ingkang dipun cariyosi pitakèn: "Lah, artosipun kemawon punapa? Yusuf!"

Yusuf amangsuli: "Mênggah pikajêngipun kula botên sagêd nyariyosakên kalihan têrang, sagêd kula cariyos namung têmtunipun padhang-padhang sarta sêsindhenan punika, sêsangkutan kalihan piwulang enggal, ingkang badhe kabangun wontên ing ngrika tinimbang agami Islam, kawruh wau sampun kawulangakên dhatêng para pinitados dalêm sang nata, punika rak inggih namung panêmbah dhatêng brama utawi dhatêng srêngenge kemawon, wêwarahipun ingkang pêrlu-pêrlu angsalipun sang nata saking kawruh agaminipun têtiyang Pèrsi ing jaman kina, sarta saking para ingkang botên ngrasuk agami Islam ing nagari ngriki."

Ali apitakèn: "Salugunipun punika pangidhêp punapa, kula inggih nate mirêng tiyang ingkang cariyos makatên, nanging kula botên sumêrêp yêktosipun: punika punapa?"

Yusuf wicantên malih: "Ingkang gumathok: kula inggih botên sumêrêp, ananging têmtunipun kemawon inggih awon sangêt, tandha saksinipun: kathah para tiyang Islam sajati ingkang kidih-kidih, punika kalêbêt ugi Sang Abdal Kadir, tiyang alit gêgêdhuging agami Islam, ingkang pancèn katingal sangêt wontên ing ngarsa dalêm sang nata. Dene ingkang kula sumêrêpi, ing wêktu ingkang kantun punika, kula mrangguli kawontênan ingkang damêl botên jênjêming manah, nglangkungi ingkang sampun kula cariyosakên dhatêng sampeyan wau. Sumangga kagaliha kemawon, dèrèng patos lami punika kula sumêrêp tiyang mlampah sêsingidan sangêt saking kadhaton, wangunipun kados ajrih manawi konangan ing tiyang, tiyang wau tamtunipun sampeyan sampun têpang, punika sawênèhing tiyang, manawi sampeyan nuju kêpêthuk lajêng murugakên anjêkut dhatêng badan sarta mêngkorogakên wuluning githok. Èh, namanipun kados Gorakh makatên, karanipun sang yogi."

Yusuf taksih andumugèkakên wicantênipun, ananging suwaranipun ingkang kalawau sampun klêsik-klêsik, sapunika [sa...]

--- 219 ---

[...punika] dipun lirihakên malih. Têmbungipun: "Pangintên sampeyan, tiyang wau kula sawang kados punapa, blakanipun kemawon, manawi piyambakipun punika dede setan, inggih lampahing setan, sang nata sampun karsa paguyupan kalihan manungsa kados makatên."

Dumugi samantên Yusuf kèndêl, botên wicantên sawatawis dangunipun, namung nyawang mitranipun ingkang dipun ajak wicantênan kalihan ulat muring, dumadakan lajêng alok lirih kalihan anudingi blêgêring tiyang lumampah turut ing pinggir lèpèn, têmbungipun: "Lah, punika lo! Tiyangipun. E, bok ya kablêbêga ing kali Jumna pisan, wong pangawak dhêmit kaya mêngkono kuwi."

Mila inggih sayêktos, ing ngriku sang pandhitaning agami Durga ngatingal malih sarta murugi dhatêng panggenan gêgolonganing têtiyang Indhu tuwin Pèrsi, ingkang sawêg sami rame gêginêman.

Salah satunggaling tiyang Pèrsi wau wicantên: "Kula cariyos dhatêng sampeyan, sapunika kita sampun botên kenging sarta botên sagêd nyabarakên langkung dangu, dene agami kita ingkang suci: tansah pinoyokan, ngèdhèng kemawon kalihan Feizi kalihan Abul Fazl, kajawi ingkang langkung inggil, punika botên kula ginêmakên, wêwah malih kula botên mangêrtos, dene sampeyan sabangsa sampeyan sanès kalihan kula, têka sagêd têmên têntrêm, dene ing ngriki kaangkah molak-malikipun, sarta sirnanipun samubarang ingkang salaminipun kita sarta sampeyan sêngguh suci."

Tiyang Indhu ingkang dipun ajak wicantênan amangsuli: "Kita dèrèng ngantos dumugi samantên, dene Sang Nata Akbar kalihan pinitados dalêm, sampun botên anggilut malih dhatêng koran sampeyan, punika sampun têrang sangêt, makatên malih inggih dèrèng kalêbêtan agami kita Indhu, dene prakawis gègèr-gègèran, sarta damêl risak, kula dèrèng mirêng babar pisan, kabuyutan kita utawi malih masjidipun bangsa sampeyan: taksih, botên ewah, punapa malih têka botên wontên tiyang ingkang munasika dhatêng lampah-lampahing agami kita, malah bangsa sampeyan têtiyang Islam rumiyinipun botên liya damêlipun namung nganiaya sarta nguya-uya dhatêng bangsa kita têtiyang Indhu kemawon."

Tiyangipun Pèrsi amangsuli sêrêng: "Sampun salêrêsipun kemawon. Sabab bangsa sampeyan punika turunipun ...."

Sawêg dumugi samantên kasaru dhatêngipun prajurit bangsa Pèrsi, anyêlani sarta misah ingkang sami darêdah, têmbungipun: "Èh, ca, bok sampun dêrdah, makatên punika murugakên kita botên sagêd ngalajêngakên ... "

Dèrèng ngantos rampung ginêmipun prajurit ingkang dhatêng, tiyang Islam bangsa Pèrsi ingkang muring katanggor

--- 220 ---

wêwangsulanipun tiyang Indhu ingkang nylakuthak, lajêng kaawe.

"Inggih sampun." Wangsulanipun tiyang Pèrsi ingkang kaawe saha lajêng kesah kalihan kancanipun sawatawis, sarta prajurit Pèrsi ingkang ngawe mêngkêrakên tiyang Indhu.

Ing kala punika Sang Pandhita Gorakh inggih lajêng tumut-tumut wicantên, têmbungipun: "Kêbênêran, Mobarik, kowe ana ing kono ngegla pasulayan bisa matiri, wong Indhu kang akèh isih nisih dhêmên mênyang sang nata agung, aja nuli-nuli kogêgasah, apamanèh saiki aja ko udi manut dhisik, ing buri gampang, bakal padha ambalik, yèn wis ketok salin telake. Anane yèn kowe saiki undhake kapriye?"

Mobarik amangsuli: "Mansabdar kita, ingkang kathah sampun sami manut, samangsa-mangsa sampun tampi tandha sasmita, inggih lajêng ambalik dhatêng kita, ingkang sami mangkat nindhihi para prajurit, manawi sampun kalêrêsan mangsa kalanipun, wontên ing ngriki inggih lajêng kemawon ambalik, dene ingkang taksih wontên ing Agra ngriki inggih makatên ugi mênggah para wadya andhahanipun, para Mansabdar sampun namtokakên manawi badhe manut."

Wontên malih tiyang kalih sanèsipun malih ingkang nilingakên sangêt dhatêng paginêman wau sarta lajêng nunggil ingkang sami wicantên, dene nitik saking tataning kurmat-kinurmatan kados inggih kalêbêt tiyang golongan pinitadosipun têtiyang ingkang sami wicantênan wau, saya sangêt têtiyang kalih wau anggènipun mirêngakên, sarêng Sang Pandhita Durga Gorakh wicantên malih kalihan suwara lirih, têmbungipun Gorakh Sang Yogi: "Ing dina kang kapungkur iki, sisih golongan kita: ana owah-owahan rantaman kang owahe mau dianggêp pêrlu, mungguh panggêbug kita mênyang kraton, ora susah nganggo ngêntèni yèn Sang Nata Akbar wis têkan ing tanah bang lor, awit bisa kêlakon uga, yèn pêrange sang nata ana ing bang lor mênang, sanadyan wadyabalane iya nganggo kalong mati utawa tatu ana ing pêpêrangan. Sawênèhing kabar saka ing Kacmir sok nuwuhake watir, yèn sang nata agung unggul jurite, yèn kabar mau banjur sumêbar bisa gawe girising atine para kang wis anggolong mênyang sisih kita, ing sabanjure kita ing kene angèl bangêt tumindake, utawa malah babar pisan ora bisa tumindak, mulane nalar iki kudu ditambanake tumindake, anggêre sang nata wus adoh têkane, wis kadohan baline mênyang Agra manèh, ora cukup mung dilakoni ing sawatara dina, rêrantaman kita iki banjur nuli ditindakake. Samangsane Sang Pangeran Salim wis diundhangake jumênêng ratu agung angêsur kaprabone ingkang rama, sarta wis

--- 221 ---

rinêksa kalawan santosa, iku wis tanpa kêna kinira manèh, para wadyabala kang padha lara atine, iya bakal ambalik mungsuh Sang Akbar, yèn ora mangkono tumindake kang durung lawas iki kawêruhan, têtela kêkêncêngane para wadyabala durung kêna dijagakake bangêt, beda karo yèn wis ketok ana ancêr-ancêr kang jumênêng, para wadya kang ambadhagêl atine masthi bae banjur akèh ngandêle, yèn mêsthi bakal katurutan ing karêp kita. Mulane jaga-jagaa, Mobarik, kowe kanca liyane iya mêngkono, supaya kanca kita bisaa tumuli kajawil, aja nganti kasèp, kang supaya banjur bisa samêkta milu nindakake rêrantaman kang wis dirêmbug ditambanake tumindake mau."

Sasampunipun andumugèkakên sêmadosan sanès-sanèsipun, para ingkang sabiyantu wau lajêng sami andumugèkakên lampahipun piyambak-piyambak.

Sarêng têtiyang wau sampun sami pêpisahan, tiyang kêkalih ingkang nunggil kalihan kancanipun kantun piyambak, inggih kesah saking ngriku, sarêng sampun sawatawis têbih lampahipun, salah satunggalipun tiyang kalih wau cariyos dhatêng kancanipun ingkang satunggal, têmbungipun: "Punika kabar pêrlu."

Wangsulanipun ingkang satunggal: "Inggih nila yêktos, manawi kula botên klintu, bab punika, manawi dipun aturakên tumuntên sagêd anggampilakên panggalih dalêm Sang Nata Akbar, owêlipun dene kula kalihan sampeyan botên sagêd lajêng tumuntên nglapurakên dhatêng Sang Abul Fazl, awit kita kêdah ngêntosi manawi sampun têngah dalu, manawi sowan dhatêng dalêmipun Sang Abul Fazl sapunika, kados-kados langkung matosi, makatên malih kula gadhah pangintên, ing wanci punika Sang Abul Fazl sawêg wontên ing ngarsa dalêm sang nata, mila badhe botên sagêd kapanggih."

Ingkang wicantên sapisan amangsuli: "Pangrêmbag kula, langkung prayogi kula kalihan sampeyan sampun ngantos dangu-dangu têtunggilan, yèn sampun lingsir dalu kemawon sami kapanggih malih wontên ing dalêmipun Sang Patih Abul Fazl."

Sasampunipun satunggilipun asung salam dhatêng satunggilipun, lajêng mlampah mêdal ing simpangan, kancanipun taksih andumugèkakên mlampah-mlampah turut ing pinggiring lèpèn.

Sanadyan ing dalu ingkang sampun kêlampahan, manawi miturut pamirêngipun Yusuf tuwin kancanipun kathah ingkang nunggil agami, bilih ing kamaring kadhatonipun Sang Nata Akbar ingkang gawat, wontên pangrêmbag prakawis ingkang najis sarta ingkang anggêgêtêri, punapa malih Sang Nata Akbar winastanan botên sanès kajawi namung

--- 222 ---

sakuthu, apêsipun kalihan setan; ewadene ing dalu punika tumrapipun tiyang Islam ingkang kêncêng ing agami, yèn namung mirêngakên ing sakêplasan, inggih botên wontên pangrêmbag ingkang damêl sêriking manahipun, ananging manawi tiyang wau sagêd tumut mirêngakên urutipun ginêm, tamtu kemawon wontêning pangrêmbag wau inggih damêl gangsuling manahipun.

ing dalu punika Feizi, Abul Fazl sarta brahmana ingkang mêntas dhatêng saking tanah êlèr anama Kulluka sami ngadhêp ing sang nata.

Sang nata andangu dhatêng pêpatihipun Abul Fazl makatên: "Apa durung ana kabar saka têlikira, Abul Fazl?"

"Kawula nuwun, awit ing kala winginipun dèrèng." Atur unjukipun Sang Abul Fazl. "Kawula inggih ngajêng-ajêng dhatêngipun têlik kawula wontên ing griya ing wanci lingsir dalu punika, saking pangintên kawula, para têlik inggih sagêd angsal pawartos enggal sawatawis."

Saka pamikirira, rak ya nyêdhihi mênyang ati, dene tansah linadenan ing wong kang pakartine mung nêlik mênyang wêwadine wong liya bae, kêna ngapa sarana kang mangkono iku ora kêna di tinggal?"

Atur unjukipun Sang Nindyamantri Abul Fazl: "Kawula nuwun, gusti, pancènipun, nuwun inggih tindak awon, ananging saking kapêrtêk ambujung pêrlu, ingkang wêwinihipun saking kawruh ingêring praja ingkang kêlampahan ngriki, sarta ingkang kados-kados sampun botên kenging dipun ewahi malih, para ingkang kasakitan manahipun, lêrêsa utawi botêna, botên anggadhahi sarana kangge amulihakên saking manahipun, tumrap ing nagari ingkang panguwasanipun sadaya kacêpêng ing tiyang satunggal. Dene tiyang satunggal wau ngrêmbag, bilih saking manah wau botên maton, têtiyang ingkang ngangsa-angsa pados kajèn kèringan sarta kabêgjan, punika inggih sami ngangge têlik utawi sêpiyun minangka dêdamêlipun kangge ing kapêrluwanipun ingkang winados, têtiyang ingkang kangge dêdamêl wau têka inggih gampil kemawon purunipun anglampahi."

Sang Nata Akbar angandika sarèh: "Kaya-kaya, kang wis kalakon ingsun iya ora tau ambalèkake atur unjuke, kawulaningsun, ora tau ora karsa mirêngake atur pangrêsulane, dene yèn mula bênêr paturane, ing sakuwasa-kuwasaningsun, ingsun iya ora wigih-wigih ambudi olèhe ngadil."

Sang Abul Fazl munjuk sarèh: "Kawula nuwun, gusti: inggih manawi mila lêrês paturanipun. Ananging sintên ingkang anggalih lêrês lêpating paturan, namung sampeyan [sam...]

--- 223 ---

[...peyan] dalêm sang nata piyambak kalihan pêpatih tuwin para nayaka."

Sang nata ngandika èsmu mèsêm: "Lah mungguh sakarêpira bae kapriye, kita ing kene iya uga wis krungu anane pangrèh praja, lan wonge ing bagean ing jagad liyane, kang beda karo pangrèh praja ing kene, ananging kaanan mungguhing kawruh lan padatane saiki utawa dhèk biyèn isih beda babar pisan, kapriye bae bisane nagara-nagara bawah ingsun kang wonge bangsa rupa-rupa iku diwènèhi panguwasa pribadi. Utawa manèh nitik saka wêwatêkan lan tatacarane, apa iya wis kêna diêndêlake."

Sang Abul Fazl nuntên munjuk: "Kasinggihan pangandika dalêm, sadaya wau inggih sampun lêrês, kalawau kawula inggih sampun munjuk, manawi caranipun pangrèh praja ing ngriki inggih pancèn dèrèng dipun ajêng-ajêng utawi dèrèng kenging dipun ewahi. Dene kawula ngaturakên prakawis ingkang anggêpok dhatêng tataning pangrèh praja wau, namung badhe ngatingalakên, manawi bab panganggenipun têlik utawi sêpiyun wau pancèn punika sarana ingkang botên kenging katilar babar pisan, ingkang pêrlunipun kangge ngalang-alangi pandamêl ingkang badhe kadadosan langkung sangêt, dene bab prakawis têtiyang ingkang limrahipun dipun namakakên langkung asor: têlik utawi sêpiyun, punika patraping pandamêlanipun sarta yèn karêmbag kalihan kapêrluanipun, pancèn nuwun inggih botên masthi asor sangêt, kados pangaran-aranipun, punapa malih tiyang kêkalih ingkang lugunipun kawula gêpok punika, sanadyan ugi kenging ing pangaran-aran têlik, ewadene pancèn têtiyang ingkang têmên manahipun, sarta kenging pinitados jawi lêbêt, punapa malih inggih têtiyang ingkang kajèn ing sêsaminipun. Inggih lêrês anggèn kawula angganjar pantês, ananging lêrêsipun inggih botên pêrlu, sanadyan botên mawi kaganjar, tiyang kêkalih wau inggih sêtya anglampahi, punapa malih tiyang wau inggih sampun ngatingalakên saening pandamêlanipun, sarta sampun sami sagêd ngonangi silipipun Sang Salhana, Adipati Allahabad, makatên malih ingkang ugi sami kemawon ajinipun, sagêd sumêrêp dhatêng purug-purugipun Gorakh Sang Yogi, ingkang winados.

Sang Feizi anyambêti, bokmanawi ragi bandhol utawi nyogok, têmbungipun: "Inggih Gorakh punika, sarjana ingkang sampun lami, ugi angsal sih dalêm sang nata, ing nalika piyambakipun sagah amêdharakên wêwados piwulang yoga, ananging sasumêrêp kula botên kathah nyatanipun."

Sang Nata Akbar mirêng wicantênipun Sang Feizi dhatêng Sang Abul Fazl ragi katingal abrit pasuryanipun, ing sêmu ragi lingsêm, awit kèngêtan manawi sang nata ingkang botên

--- [224] ---

Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 198–231): Citra 1 dari 1
Sang Abul Fazl, pêpatih ing Agra ingkang limpad ing budi sarta wicaksana nalika panjênênganipun Sultan Akbar

--- 225 ---

kirang kasarjanan tuwin kasujanan, sanadyan namung sakêdhap, inggih mèh kemawon kaledhêng kaapusan dening Sang Yogi Gorakh, ingkang têmahanipun sagêd karêgêm ing tanganipun. Sang Brahmana Kulluka waspada, manawi ginêm punika badhe kèndêl, pramila kalêrêsan ing tangguhipun, Sang Kulluka anglajêngakên nyambêti: "Punika sayêktosipun owêl sangêt, mila lêrês, Gorakh Sang Yogi pancèn sampun kapitados sangêt-sangêt, tilas murid kula Sang Siddha Rama inggih sampun nate nyariyosi dhatêng kula lampahipun Gorakh sawêtawis, Sang Siddha ngosikakên kita kêdah ngatos-atos, dene sêsêrêpanipun Sang Yogi Gorakh dhatêng piwulang ing kina pêpiridan saking dêdongengan, ingkang ing sapunikanipun sampun kathah ingkang kapiran, mila inggih langkung kathah tinimbang sêsêrêpan kita dhatêng kawruh wau."

Sang Nata Akbar nuntên ngandika lêjar, wêdalipun ing sêmu kados bingah dening mênang wontên ingkang nglêrêsakên karsanipun, mênggah pangandikanipun dhatêng Feizi: "Ta, rak ya mula ana bênêre pangiraningsun, awit sumitra Kulluka bae kang wis akèh sêsurupane mênyang kawruh kasarjanane bangsa brahma, iya nganggêp yèn piwulang yoga, kang padha kêrêp digunêmake iku pancèn ora rèmèh."

Atur unjukipun Sang Feizi: "Kawula inggih purun anggêga kalayan sênêng, bilih piwulang yoga punika kathah isinipun ingkang pêrlu-pêrlu. Saya manawi mitra kula Sang Sarjana Kulluka ingkang sampun kita mirêngakên kathah sêsêrêpanipun ingkang pêrlu kita sumêrêpi nganggêp, kawula inggih ndhèrèk anggêga, ananging kawula mêksa badhe pitakèn dhatêng sumitra kawula Kulluka. Têmbungipun Sang Feizi dhatêng Sang Kulluka: "Sumitra Kulluka, kaparênga kula nyuwun priksa, mênggahing sumitra, saking piwulang kita bab kawruh yoga, punika angsal-angsalanipun sumitra punapa? Sasumêrêp kula kawruh wau kajawi namung ngêwrat sêsêrêpan ingkang kablingêr ing prakawis gaib, botên wontên malih, inggih punika ingkang mancèni dhatêng para panutanipun prakawis panunggilaning manungsa ingkang botên langgêng kalihan maha wontên ingkang sipat langgêng, punika anglêngkara, wêkasan kadadosanipun namung kados kawruh panênungan ingkang anggujêngakên kemawon, utawi mungguhipun: dipun wastani kawruh sulap kemawon."

Sang Kulluka amangsuli: "Punapa inggih, awonipun kados makatên? Pangintên kula bab piwulanging patanjali botên kados makatên, sanadyan kula inggih botên anggêga manawi kawruh wau ngêwrat kasunyatan sajati, prakawis kumpul saha minggahipun sipat ingkang mawi wêkasan (botên langgêng) dhatêng sipat ingkang tanpa wêkasan (langgêng) [(lang...]

--- 226 ---

[...gêng)] inggih punika saking ing gêsang kita dhumatêng ingkang Maha Wontên. Mênggah pitêdahipun yoga[6] ingkang makatên punika manawi botên mawi katimbang kalihan pitêdahing kawruh sanèsipun, inggih botên kablingêr sangêt-sangêt, dene manawi piwulang wau mawi ngupadosi lantaran babar pisan gêsang kita, ingkang dados tujuning pikajênganipun piwulang yoga, dalah sarêmbag kita inggih sagêd nunggil, punika piwulang yoga wau inggih mila nasar, kados ta: awit saking kawruh panunggilanipun sipat kêkalih wau; pamoring manungsa ingkang awujud sukma, luluh nunggil dados satunggal kalihan sipat ingkang tanpa wêkasan, upami kados gêndhis nunggil ing kilang, utawi sarêm nunggil ing toya sagantên, ananging awit saking ingkang makatên punika ing salugunipun, manawi mila sagêd ing wêkasanipun anglêbur awakipun pribadi. Pramila tumraping kula, piwulang wau kados-kados botên sadaya kenging dipun bucal, inggih punika saperangan, bab paugêraning panggraita ingkang mangka têturutanipun kawruh wau, punapa botên kenging dipun anggêp nyata, bilih manungsa punika awit saking rumaosipun rupak ing budi botên sagêd anggayuh dhatêng ancêr-ancêring pangawikan ingkang langkung inggil dunungipun tinimbang kalihan inggiling dunungipun ing samangsa piyambakipun karaos badhe dumugi ing wêkasanipun, ing mangka pêpancèning wêktu namung sakêdhap sangêt kangge anggayuh babar pisan dhatêng pangawikan ingkang limrah sarta ingkang langkung inggil, anggêripun pangawikan wau botên namung kèndêl wontên ing pangêrtos ingkang kothong kemawon, ananging ingkang kêdah mirid saking gêsanging manungsa, gêsang ingkang langkêp sarta santosa, punapa malih mirid saking kawruh kagunan, tuwin saking panimbang, ugi tumraping manungsa ingatasing sêsrawunganipun kalihan sêsamining manungsa tuwin bangsanipun piyambak. Sapunika pitakèn kula: "Punapa ingkang kenging panjênêngan damêl langkung inggil kalihan kawruh bab panilaripun badan kita ingkang mawi wêkasan tuwin kolon, manjingipun dhatêng badan kita sajati, dhatêng ingkang limrah, inggih punika sangkaning daya gêsanging manungsa sarta ingkang kêdah dipun inggahi, punapa punika sagêd kagayuh sarta dumugi ing panggenan ingkang sinêdya sayêktos."

Sang Nata Akbar ngandika: "Lah, iku lho, têtêmbungan kang gathuk lan panggalih ingsun, ananging pamikir kang mau iku bab pamungkire marang budi kolon, kawruh

--- 227 ---

kasarjanan kang luwih tuwa, liyane iya uga nganggo sinungan surasa bab pamungkire marang budi kolon mau, mangkono maneh piwulang anyar kang digêlarake para utusan Injil saka ing tanah kulon ana ing kene, uga ngêmot ing bab iku. Ewadene apa wis ora ana apa-apa liyane manèh, kang kêna diênggo ancêr-ancêr panujune pamikir kita manungsa, luwih-luwih pamikir bab kasarjanan. Kaya apa bae bênêre lan sapira bae dhuwure pamungkire marang pangrasa kita pribadi. Yèn mula mangkono, kawruh mau mulangake apa marang kita prakara gêgayutane kang salawas-lawase lan tanpa wêkasan tumraping samubarang lan sawiji kang mrasuk lan mêngkoni ing ngakèh."

Unjukipun Sang Brahmana Kulluka: "Kawula nuwun, sang nata, saèstunipun nuwun inggih mila makatên. Satunggaling sarjana badhe batal pangaran-aranipun sarjana, manawi botên sagêd mastani, bilih bab gêgayutan wau sarta bab pangraosing ngagêsang ingkang piridanipun saking gêgayutan wau, tuwin tumindakipun wulangrèh punika minangka katujunipun ingkang rinêmbag. Ananging sintên ingkang sagêd ambatang cangkriman ing donya punika kalawan sanyata?"

Sang Feizi amangsuli: "Tamtunipun botên wontên tiyang ingkang sagêd ambatang, ewadene atur kula punika namung tumrap ing sapunikanipun, dene benjing ing wingking bilih sampun kêlampahan pintên-pintên atusan taun, bokmanawi wontên kawruh ingkang kenging kadamêl ular-ularing pambatang wau. Punika ing samangke, malah dumuginipun ing benjing, tangèh ing wingking-wingking, botên sagêd dipun nyana, punapa kita botên sagêd marêm rumiyin dhatêng pitêdah ingkang sampun dipun mupakati dening para sarjana sujana ing jaman kina-kina tuwin sêsampunipun, sarta ingkang sampun dipun têrangakên langkung cêtha dening satunggalipun, utawi kirang cêtha dening sanèsipun, bilih ing alam jêmbar punika wontên gêsang ingkang kawitan, ingkang langgêng sarta tanpa kawitan, ingkang mêngkoni gêgayutaning mula wêkasanipun samukawis, ingkang botên kenging botên kêdah dipun wêngkoni dening gêsang, inggih punika gêsang sarta ingkang sipat wontên, ingkang minangka paugêran ingkang inggil piyambak, ingkang ugi dipun wastani paugêran pêncaring tumuwuh, saking tataran ingkang andhap piyambak gêsangipun, dumugi ing tataran ingkang tansah saya langkung inggil. Punapa malih kita piyambak punika, punapa, kita manungsa, kados ta: "Samukawis ingkang ngubêngi kita, ingkang mangka tandha kaanan tuwin wangsitipun ingkang namung asipat satunggal, ingkang sipat gêsang sarta sipat wontên, ingkang

--- 228 ---

ugi pinasthi ing sakuwasanipun, ambantu pêncaring tumuwuh dhatêng sadhengahing kitiranipun piyambak, manawi sampun saya langkung têrang saha tansah langkung cêtha raos-pangraos kita dhatêng pangêrtos, ingkang inggil piyambak, punika budi èpèh utawi kolon inggih punika bêbudèn cupêt, inggih lajêng sangsaya kapêngkêr saha lajêng saya andungkap sarta nyêlaki dhatêng budi rahayu angrêmbag dhatêng kaharjaning sêsaminipun tiyang, sarta gêgolonganipun tuwin arja kartaning nagari."

Sang nata ngandika malih: "Wis bênêr kandhanira iku, Feizi, ananging kaya mêngkono-mêngkonoa kae, apa atinira iya wis maram,[7] apa iya sira kadhang-kadhang ora duwe kapengin marang liyane kang luwih samono?"

Atur unjukipun Sang Feizi: "Kasinggihan dhawuh timbalan dalêm. Salêrêsipun dhatêng bab pangêrtos satunggal wau, ingkang kalimrahipun namung kèndêl wontên ing pangangên-angên inggih mila botên marêm-marêm. Kita kêdah nyumêrêpi kawruh wau, dalah rêroncèn sarta mangêrtos mênggah panganggenipun. Kita kêdah ambudi dhatêng kawruhipun gêsang ingkang tanpa wêkasan wau, saha gêgayutanipun sarana tandha saksi kawontênan ingkang kathah-kathah, malah sadaya kemawon ingkang sêngsêm dhatêng kawruh wau, inggih kêdah sami ambudi dhatêng sêsêrêpanipun."

Sang nata ngandika malih: "Sira durung pati mangêrti marang pitutur ingsun, dene kang wus sira kandhakake iku, iya wis ingsun klumuhi, ewadene pancène kang ingsun pitakokake, iya iku: kang sira kandhakake kang Maha Ana iku, têlanjêre ana ing jasad kita pribadi, apa dumunung ing kaanan kang luwih dhuwur lan sampurna panggraitane?"

Atur wangsulanipun Sang Feizi: "Panggraita, pamanah, punika sami sipat pêpancènipun ingkang maha wontên, kadosdene ingkang limrahipun kita wastani jad, utawi sanèsipun malih ingkang sipat rowa. Kêkalihipun kêlair saha kawêdharipun saking ewah-ewahan, ingkang winastanan kawontênan, kadospundi sagêdipun sipat pêpancèning sawênèhing jasad sagêd ngiras dados têlanjêr utawi kawitanipun sipat pêpancèning sawênèhing jasad wau."

Ing kala punika lajêng kèndêl ing sawatawis dangunipun, sang nata ngupados wangsulan, ananging lajêng kèndêl botên ngandika punapa-punapa, namung gèdhèg-gèdhèg.

Sang Abul Fazl tumuntên mangsuli dhatêng Feizi makatên: "Sadhèrèk kula, pamêdharing kawruh panjênêngan punika, pangraos kula kados-kados inggih sampun maton sayêktos, ewadene dèrèng damêl marêming manah kula, makatên ugi saking pangintên kula, dèrèng sagêd damêl lêganing panggalih dalêm sang nata, mênggah pikantuk panjênêngan utawi [u...]

--- 229 ---

[...tawi] kita sadaya saking sêsêrêpan ingkang maha wontên sarta ingkang maha gêsang, punika punapa?"

Sang Feizi amangsuli kalihan mèsêm, têmbungipun: "Inggih botên kumêdah pikantuk punapa-punapa, namung anggêripun nyata kemawon: sampun cêkap, dene manawi mila nyata, inggih kêdah sampeyan akêni, sanadyan botên damêl marêm saha lêganing manah sampeyan. Kados kalawau kula sampun mitêdahakên dhatêng sampeyan, manawi sêsêrêpan kula pancèn inggih wontên pikantukipun sayêktos, sarta wontên pigunanipun ingatasing tiyang gêsang, jangji anênangi ing pambudi kita dhatêng sêsêrêpan ingkang kita anggêp sae sarta nyata. Yèn sampun makatên punapa ingkang sampeyan pikajêngakên malih?"

Sang Abul Fazl amangsuli malih: "Yèn makatên kula inggih kawon, ananging ingkang kula aturakên punika botên tumrap kula piyambak kemawon, sarta botên tumrap kita sanèsipun, punapa malih inggih botên tumrap dhatêng para ingkang dèrèng kathah pangêrtosipun, ingkang botên mangêrtos dhatêng sadaya wau, ewadene rumaos kabêtahan sumêrêp dhatêng kawruh ingkang sawatawis langkung, sarta langkung inggil katimbang kalihan pamanggih angsal-angsalanipun ing sabên dintên, punapa ing sasagêd-sagêdipun, sêsêrêpan ingkang namung kèndêl wontên pangangên-angên wau, botên kenging rinekadaya murih kaanggêpipun ingakathah."

Sang Nata Akbar ngandika: "Sumitra Abul Fazl, iya wus ambelani mêdharake pitutur ingsun, kang wus rambah-rambah ingsun galih dhewe mungguh saka pamanggih ingsun mau mangkene: apa wus ora bakal kêlakon anganggit pasêmon anyar tumraping kawruh kang diwêdharake dening Feizi iku mau, pêrlune nguripake manèh kawruh kang biyèn-biyèn, kang ora dianggit dening sawatara para kang ngadêgake agama dhewe, ananging kang mêtu saka luguning rumpakan agama, iya iku kang sinawung ing rumpakane sawiji-wijining bangsa dhewe-dhewe."

Sarêng sang nata sampun kèndêl anggènipun ngandika sakêdhap, Sang Feizi tumuntên amangsuli: "Kados kawula sampun mangêrtos ingkang dados karsa dalêm, manawi kawula botên kalintu, kados punika inggih tumrap piwulang enggal, ingkang sampun dados karsa dalêm badhe kalimrahakên ingakathah; malah sawatawis sampun kalimrahakên dhatêng para pinitados sawatawis. Punapa inggih makatên?"

Sang Nata Akbar amangsuli: "Iya nyata, mula mangkono, bênêr aturira, ing samêngko mumpung kêbênêran wêktune, ingsun lilanana amêdharake bab iku ing sabanjure marang sira Feizi, uga marang sira Kulluka, ingsun isih kêpotangan katêrangan akèh, mula iya kapanujon, dene ing wêktu iki kabênêran [ka...]

--- 230 ---

[...bênêran] karo kang padha digunêm, ingsun banjur olèh dalan anggon ingsun arêp mêdharake panêmu ingatase kang gêgayutan kalawan kang padha digunêm mau. Mara padha rungokna: Mau ingsun kaya wus ngandikakake, wus lawas anggon ingsun anggolèki pambangun kang mangka pamêdhar kang kanthi nalar tumraping pangawruhing agama, kang ngiras pantês bisa gawe marême para sarjana sujana lan para kang kurang dhuwur kawruhe, ing wêkasane sawatara undhakan kawruh kang wus lawas ingsun golèki, iya iku saka pangawuningan marang panggraitane wong Pèrsi dhèk biyèn-biyène. Saya luwih manèh saka ing pangandhare para pasindhèn dhèk jaman kuna, sumitra Kulluka, kang angandharake sarana têmbang anggitan kapujanggan, kang ingsun arani iku bab prakara pangidhêpe mênyang srêngenge lan gêni, sarta bab pangathik-athike kaananing padhang lan panas kang kêrêp katon ing paningal, ing wiwitane bokmanawa kaya-kaya ora têrang sarta ruwêd, ananging yèn wus kasatitèkake iya isi kanyataan kang minulya, iya iku kanyataan ing jaman kang kari-kari, bokmanawa saka kêdadeyane bakal anjunjung kawruh kanyatane kang linuhur." Sang nata andumugèkakên pangandika kalihan tindak sawatawis jangkah dhatêng jrambah ingkang ngêblak, ing sasisihipun kamar sarta nudingi srêngenge ingkang kala punika saking sakêdhik sampun badhe anslup ing cakrawala. Pangandikanipun sang nata: "Padha sira tontona, iku lho! Pangawaking pêpadhang lan urip kabèh ing jagat iki kang mawa praba kumênyar, wis awit arêp ninggal kita, sesuk iya bakal bali manèh kalawan angetokake prabane kang nêlahi. Wong ing jaman kuna-kuna kang wus turun-tumurun padha angaji-aji srêngenge iku kayadene Allah, nganti yèn nonton tumênga banjur sujud. Dene tumraping wong waskitha ing jaman samana: dianggêp pasêmon sangkaning urip kabèh, ing jagat kang linuhurake dhewe. Saka srêngenge pangawaking pêpadhang iku wêktuning daya kang têmbus lan manggon ing isèn-isèning jagat kita iki kabèh, kang wêktune adhapur kaanan rupa-rupa tanpa wangên. Apa iya dudu dayaning pêpadhang lan dayaning panas kang marakake urip ing samubarang, tapa daya rong prakara iku iya tanpa ana kêdadeyan. Saka ing pêpadhanging srêngenge, ing padhanging rêmbulan lan lintang, ing padhanging kilat, ing gêni, kang kita dadèkake ana ing luwêng, lan saka ing padhanging êrèk kang kita êmpakake, kita bisa wêruh tumuli kalaire dayaning kaanan mau kabèh, kala-kala wêktuning nyupangati, kala-kala anggêgirisi lan ngrusak-ngrusakake. Mangkono uga ing sajroning lêmah, ing thukulan, ing manungsa lan kewan, ing banyu lan sajroning hawa (swasana), iya kadunungan daya padhang lan panas, sanadyan [sa...]

--- 231 ---

[...nadyan] daya mau iya ora sabên-sabên katon ing paningal ana ing sajroning samubarang mau. Saiki cêkake, kaanan apa kang ora tansah katon ana ing samubarang mau kalawan rupa-rupa trap-trapane. Apa satêmêne iya ora mangkono, apa iya mung kêna kanggo ing pangaran-aran gagasan ing rumpakan bae, samangsa daya mau kita ênggo pasêmon anane sawiji lan anane urip kang sira andharake iki mau, Feizi. Ing saikine Sumitra Abul Fazl kang iya uga kalêbu ingsun pitakoni, ora mung mupakat mênyang panêmu iku, ananging malah dhèwèke kang ngèlingake marang ingsun, supaya kawruh piwulang ingsun anyar, yèn ora prayoga ingaranan kawruh anyar, iya kawruh cangkokan saka kawruh piwulang kang luwih tuwa, kudu nganggo dikanthènana tandha saksi kanalaran, kang tumrape marang wong akèh kanggo nglèlèr lan mêruhi, apa iya pangandhar kang nganggo tandha saksi kanalaran mau ora kêna kanggo gêgêntine kawruh piwulang kang isih gugon tuhon, kang akèh-akèh, kang saikine isih kaprah diêndêl dening kang akèh-akèh? Piwulang anyar mau pêrlu dijênêngake, sabab kanggo ambedakake karo piwulang liyane. Sanadyan jênêng iku ora tau ana kang bisa nyakub babar pisan marang surasane kang dijênêngake, ewadene saka pamikir kita dijênêngake: Tauhid ilahi, kaya-kaya wis manggon. Mungguh têgêse: Allah mung sawiji, yaiku kang Maha Ana lan kaanane. Dene rêrangkèn lan prabot-prabote kang katon ingakèh, tumrape kang Maha Ana iku wis ora ana. Kajaba yèn anggonira ngatonake angluhurake marang kang sipat ana sarana pasêmon angluhurake srêngenge ing sajêrone wayah awan lan ing wayah bangun esuk, lan ngluhurake wayah padhang ing wayah têngah wêngi, mung kalawan caturan lan rowangira, lan rêrêpèn pangalêmbana kang pantês iku mung kêna diarani ngluhurake kalairan bae. Dene liya-liyane manèh," makatên karampunganipun sang nata.- "Tumêkane ing saiki kala-kala wis tau ingsun prayogakake ing sira sakarone, ananging durung tau ingsun babarake marang sira. Saiki kaya-kaya wis tumêka ing mangsane kang prayoga. Mara saiki unjukna kang prasaja bae mungguh rasane pikirira kapriye?"

 


Sakêdhèp. (kembali)
ngalêntrihing. (kembali)
têbih. (kembali)
angèngingi. (kembali)
anyawang. (kembali)
§ Yoga punika piwulangipun agami Brahma ing kina nêm warni: ingkang satunggal. (kembali)
marêm. (kembali)